Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-06, #215

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-06, #215. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-06, #215. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 80, 20 Rabingulakir, Taun Alip 1859, 6 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1381] ---

Ăngka 80, 20 Rabingulakir, Taun Alip 1859, 6 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêphrèdhên.

Sawangan adi.

[Grafik]

Lêlêngkèhing parêdèn ing pulo Sumatra

--- 1382 ---

Raos Jawi

Dhandhanggula.

Kaurutakên Dêntawyanjananipun, sarta sabên sapada lingsa, pungkasan akalihan wêkasanipun[1] nunggil swara, nirokakên, kados kumandhang: kumandhanging swara.

1. ha: mêjao ora anyrambahi | iya kae eram kang nugraha | ana urip elok sae | eling ingkang satuhu | uning ing Hyang bisa ngawruhi | iki arang nêmaha | ala tan sinau | utawa ywa taha-taha | ana wau urun wruha apa mruhi | iku dlahan tan mlaha ||

2. na: nèng kono nora dhêmên muni | nitik kuna nawa mrih sampurna | nama uning sajatine | nekad lir gni tinunu | nurut nunggal mor nguningani | nitèni kang pramana | nata mulang sunu | nênuhoni nuli pana | nala ngênu numan kêna nara nguni | niru wruh ing wusana ||

3. ca: mêcoco coba ingkang suci | cikat mêca cara kang sakeca | cakra cakrak nora ngece | cekoh tan saru kucu | cukup cêtha Hyang Maha Suci | cinatur trang lir kaca | cara tan mêcucu | cumadhonga tan maleca | caca lucu cucut murcaca kang ruci | cinêkak wus têrwaca ||

4. ra: kang loro ro wus nora kèri | rikat sira rasa kasarira | rana-rene nora sare | rewange tanpa turu | rupa tunggal iku lêstari | rinêksa kang tan dora | rata runtut ywa ru | rumasa kèh ingkang mara | rada niru rukun arêraga kèri | rinakêt kwasanira ||

5. ka: samêngko kono klakon mriki | kibir măngka kala-kala têka | kana wruha ing samangke | ketung ingkang manêngku | kumêdah mung golèk makiki | kirane nora lăngka | kaya pa sirèku | kukupane kang jinăngka | kala laku kula blaka kaya iki | kinikis trus binuka ||

6. da: tan kodo dosa yèn tan wadi | dilalah doh-dohna mring rubeda | daya êndang moh kang dede | dene wus dadya adu | dunung ing dat ingkang dumadi | dimèn bisa widada | daya-daya dudu | duwe kêsdik kêsdu sida | dana kudu duwe ngrêda dawa ngudi | dinulu wus waspada ||

7. ta: tan mloto totohan jro pati | tita mêtu turut tlênging mata | ta tamatna bakal nate | tekad lir wruh sang ratu | tumrap lair batin nastiti | tinitik ambêg marta | tapa anak putu | tumêka tur nikmat nyata | ta kawêtu tutuk sarta tata-titi | titis trang mring sasmita ||

8. sa: tan ngoso sorah gêgirisi | sira mirsa saka sipating sa | saha muksa lir pamase | seje kang dahat mêsu | suwung sirna sing rasa risi [ri...]

--- 1383 ---

[...si] | sisip yèn nganti ngăngsa | sapa tapa bisu | supaya mung bisa kwasa | saya mêsu suwur arsa sama kongsi | sidik sah nunggal karsa ||

9. wa: nyuwowo wo nora kuwawi | wiwit wuwa wara-wara tuwa | wala-wala kwata suwe | wêweka aywa trèwu | wulangira muga suwawi | winisik kang tan cuwa | wara wêrdi sèwu | wusana kang sêpên hawa | wa kang brèwu wuwuh sarwa wala kuwi | wilujêng wah kawawa ||

10. la: kang mlolo lo ywa nganti lali | liya nala lalawara ala | lama laku tan sapele | lèrèg yèn siyang dalu | lulus alus lan bola-bali | linuru bisa lila | lara aja nglalu | lumêbu lêng dèn la-êla | lana kèlu lugu nyêlala lah nuli | linilan Gusti kula ||

11. pa: tan mopo pola wruh ing rupi | piye gape peranganing rupa | pasa murih nora supe | pêpeling wujud mupu | putusira kang samya kèpi | pinirit têpa-têpa | para angrêripu | purun ngilo wêruh apa | pana kipu purun ngrêpa padha rupi | pituduh plêk sanepa ||

12. dha: tan bodho dhoso tan dèn gladhi | dhihin nylodho dhorènge tan mudha | dhadha bau tan bêbadhe | dhengah tan nèng rêridhu | dhuwur ingkang dhêmên Hyang Widhi | dhinapuk wus dhinadha | dha tidha kang ngridhu | dhumatêng kang olah kridha | dha wus wudhu dhukun madhadha si adhi | dhinêdhês tanpa padha ||

13. ja: lir bojo jodho amung siji | jijal muji jinis mung mêmuja | jaga jênjêm mak plas seje | jerengan plêk tinuju | jumênênge jomblah sawiji | jinatèn tlênging jaja | jaya urip sarju | jumurung ingkang sinêja | japa laju jujur bêja jana aji | jinurung wus raharja ||

14. ya: mung ayo yogyanira yayi | yi kinarya ya prêlu ngupaya | ya iya kang daya-deye | yeka ingkang rahayu | yuwanaa lir kapti mtayi | yi kiyi daya-daya | ya antuka wahyu | yudabrata kaya-kaya | ya mung guyu yutun ngaya ya lir bayi | yi mriyi duwe daya ||

15. nya: tan lonyo nyoba jroning sunyi | nyidra sonya nyana lamun donya | nya yawara munya-munye | nyeda kang dahat lunyu | nyumurupi nyamlêng kang munyi | nyipati aja onya | nyata datan lênyu | nyumurupkên mring wong kênya | nya lir banyu nyuwun sih nyênyama sunyi | nyirik kang anyar ênya ||

16. ma: lir êmo mo thèthèk thèk mami | mirik dêrma mata kang tumama | maha mênêng êmoh rame | melik milu katêmu | mulang muruk marma mung sami | mituhu koma-koma | mawa ngêsing sêmu | mula ngangkah kang utama | mara nêmu mupung rêma mamung darmi | miturut mrih katrima ||

17. ga: grêk grago godha-godha agi | giris nganggo golèk kadya angga | gana gugur age-age | erohan[2] dènnya ganggu | gugup-gugup nora dumugi | ginaris mung ginêga | gara-gara lugu | gusis kabèh gur sumăngga /gatra [/g...]

--- 1384 ---

[...atra] tunggu gumun marga ga mung mugi | ginulang sarwa lêga ||

18. ba: mung babo bodho nging ngrahabi | bisa êbe beda nora grêba | baya ewuh boya darbe | beda bur tan kalêbu | bêbukane nut Kangjêng Nabi | binudi nyuba-nyuba | basa sabar klêbu | budi badal wohing coba | bawa ibu burus nyoba bapa bibi | binuka atut murba ||

19. tha: tan cotho thotholan kang mathi | thithik bathu thêthukulan cêtha | tha ywa cêpethe-cêpethe | therekan yèn cêlathu | thukul mandi unining lathi | thikil trang lir nèng motha | tha wus mari ithu | thukulane wong ing kutha | tha moh skuthu thungul pêthatha kang bathi | thikile wus waskitha ||

20. nga: andongo ngocap ambarêngi | ngijèn donga ngala-ala ringa | ngamadaka tan wruh lênge | ngene ywa rangu-rangu | ngêngurangi Allah jurungi | ngibarat kang tumênga | ngana-ngene wungu | ngusadani nora lunga | ngana dangu ngudi mênganga kang tangi | ngilo mrêm kang uninga ||

Pun Kridhasarkara.

Bab Têtanêman

Kêdhêle.

Candhakipun Kajawèn nomêr 79.

Mênggah pananêmipun wontên warni kalih, kasêbarakên kalihan dipun panjakakên. Patrap kalih warni wau ingkang sae ingkang dipun panjakakên, amargi langkung irit wijinipun, sagêd ajêg antawisipun, sarta uwohipun ing benjing langkung kathah. Măngka manawi dipun sêbarakên punika prasasat namung sadhawah-dhawahipun, awis kêrêpipun botên ajêg, kathah wiji ingkang dhumawah ing papan ingkang sanès mêsthinipun, sabab wiji ingkang kêkêrêpên thukulipun botên sae malah trêkadhang botên sagêd thukul. Ingkang sae awis kêrêping tanêman watawis sakaki pasagi, dene anggènipun manjakakên sarana ngangge gêjig, sabên sagêjigan kaisenan wiji kalih utawi tigang êlas.

Wiji ingkang sampun dipun panjakakên wau botên watawis dangu lajêng thukul, wiwit punika dumugi ing salajêngipun, tumrap pangupakaranipun ingkang rêkaos sampun botên wontên, kajawi ing wancinipun matun, rumput-rumput ingkang sami tuwuh ing sakiwa-têngêning tanêman dipun bucali, supados botên nyuda suburing tanêman. Watawis umur salapan dintên, tanêman kadhêle punika sampun wancinipun asêkar.

Ingkang dados amanipun tanêman kadhêle punika namung lodhoh kalihan ulêr. Mênggah jalaraning katrajang [ka...]

--- 1385 ---

[...trajang] ing lodhoh punika, saking kirang kalêrêsan anggènipun ngolah pasitèn kala damêl gadhangan. Dene ingkang dados tandhanipun manawi kaparag ing ama lodhoh punika, tanêmanipun sami alum ingkang dangu-dangu lajêng pêjah. Dene ama ulêr punika măngsa kadhêlenipun manawi sampun wancinipun wontên isinipun, utawi măngsa godhongipun ngantos prigis. Sarana kangge nulak ama wau, wiwit sêkar prayogi asring dipun sambangi, manawi sumêrêp ulêr utawi kupu alit-alit saèmpêr kapêr kadah dipun pêjahi.

Kadhêle punika wontên warni kalih, kadhêle cêmêng kalihan pêthak, ingkang pêthak punika manawi pantun kagolong lêbêt, umuripun langkung panjang tinimbang ingkang cêmêng, dene kaotipun wontên manawi namung sawulanan kemawon. Makatên malih kadhêle pêthak punika langkung inggil, êpangipun ngrêmpoyok kathah, mila manawi nanêm antawising uwit inggih langkung wiyar. Wujuding kadhêlenipun langkung agêng-agêng tinimbang kalihan kadhêle ingkang cêmêng. Kajawi nanêm kados ingkang kasbut ing nginggil punika, wontên malih ingkang katanêm sêsarêngan kalihan pantun gaga. Kalanipun pantun gaga sampun wancinipun matun, kalihan ngrêsiki rumput-rumputipun, ing sasêla-sêlaning tanêman dipun gêjigi kauluran wiji kadhêle. Nanêm makatên punika nama sambèn, limrah katindakakên dening para tani ingkang wêkêl sarta mangrêtos. Punika kadadosanipun mikantuki sangêt, sabab ing têmbe kalanipun pantun gaga sampun sêpuh wancinipun ngênèni, kadhêlenipun inggih sampun sêpuh, dados nama panèn rangkêp.

Umuripun kadhêle cêmêng watawis tigang lapan kirang, dene ingkang pathak langkung saking samantên. Tandhanipun manawi sampun sêpuh, godhongipun sampun jêne, ing ngandhap sampun sami garing. Pangundhuhipun wontên ingkang dipun êrit, nanging limrahipun cêkap dipun jabêli kemawon.

Manawi badhe kasade godhogan, pangundhuhipun sampun ngantos kasêpuhên, raosipun ingkang tungtung lêgi mindhak ical kantun gêmpi gurih thok. Ingkang kasade makatên, sasampunipun dipun jabêli, godhongipun dipun prithili sarta dhangkèlipun dipun kêthoki, lajêng dipun bêntèli alit-alit, uwitipun ingkang panjang dipun têkuk-têkuk supados ringkês, lajêng dipun godhog.

Manawi pananêmipun kathah, limrahipun dipun damêl wose, patrapipun makatên: kadhêle ingkang taksih uwitipun saking undhuhan, dipun êpe kajèrèng tipis-tipis supados enggal garing. Manawi sampun garing tumuntên dipun gêdhigi, inggih punika dipun gêbagi mawi lonjoran dêling utawi kajêng, ing ngandhap dipun lamabari goni utawi gêlaran. Kados makatên rekanipun angoncèki kadhêle, dene gagang ingkang sampun botên wontên isinipun, dipun kalêmpakakên kenging kadamêl kajêng bong.

Protholaning woh ingkang mêntas dipun gêdhigi wau dipun rapèni,[3] kulit sarta godhongipun sami kabur, ingkang kantun kadhêle wose, manawi taksih wontên ingkang dèrèng nglècèp saking kulitipun, pangêdhigipun kambali malih, makatên salajêngipun ngantos sarêsikipun wujud kadhêle wose.

Kadhêle punika satunggiling têtêdhan ingkang mikantuki [mikantu...]

--- 1386 ---

[...ki] sangêt dhatêng jasating badan, amargi ngêmu jasad ingkang dados bêtahipun badan, inggih punika jad pêthaking tigan (eiwitstof) sarta gajih (vet), ingih punika satunggiling jading têtêdhan ingkang dados kabêtahanipun badan, kangge gêgêntos utawi ngêjogi jad ing badanipun tiyang. Kadhêle pêthak punika isinipun jad pêthaking tigan 36 bagean, gajih 17 bagean, glêpung 14 bagean, toya 24 bagean sarta jad sanèsipun ingkang 9 bagean, minăngka têtandhingan, manawi uwos isinipun jad pêthaking tigan 1, gajih 1, glêpung 76, toya 13 lan jad sanès-sanèsipun 2 bagean.

Mênggah ginanipun kajawi dipun têdha godhogan, kadamêl lawuhan, bubuk, pelas lan sapanunggilanipun. Ingkang kathah kadamêl tempe sarta kecap. Sakalih-kalihipun sagêd dados panggaotan agêng.

Manawi sampun dados tempe, lajêng dados lêlawuhan ingkang luwêsan sangêt, warni-warninipun namung kantun manut kaprigêlanipun ingkang ngolah kemawon. Kangge jangkêp-jangkêpipun, kados wontên paedahipun kaandharakên ing sawatawis, bab pandamêlipun tempe dhêle sarta kecap, sanajan kula dèrèng kulina dhatêng bab punika.

Ha: Manawi badhe damêl tempe, kadhêlenipun dipun rêsiki rumiyin, supados ical rêrêgêd utawi krikilipun, punika dipun godhog ngantos samatêngipun. Manawi sampun matêng kawadhahan ing tenggok, tumbu utawi wadhah sanès, dipun êkum ing toya kailês, prêlunipun badhe ngicalakên kulitipun, sarta anggènipun mawi toya wau dene kulit ingkang sampun sami nglècèp sami kumambang, dados gampil anggènipun ambucal, danguning pangilêsipun manut rêsiking kulit. Manawi sampun rêsik tumuntên kaêtus, ingkang kadamêl wadhah irig utawi sanèsipun.

Manawi sampun atus saèstu, klecepan wau dipun campuri bêkatul sakêdhik sarta dipun ragèni. Sasampunipun makatên, kantun ambuntêli mawi godhong waru, plasa, pisang lan sanès-sanèsipun. Sabên buntêlan dipun tangsuli mawi mêrang, lajêng dipun wadhahi kalêrêmakên tigang dintênan, punika sampun dados tempe.

Ing sanès panggenan kula sumêrêp tempe, ingkang saking pangintên kula botên dipun buntêli makatên, katitik saking anggènipun kandêl sangêt sarta wiyaripun mèh satampah, damêl tempe punika dados bakuning panggaotan, kathah tiyang ingkang panggêsanganipun saking anggènipun damêl tempe.

Na. Tumrap pandamêlipun kecap, kula dèrèng nate nyumêrêpi piyambak, ngrêtos kola saking takèn-takèn ingkang sampun sami mangrêtos, mila lêrês lêpatipun nyumanggakakên, sukur bage sèwu wontên ingkang karsa ngandharakên, sarana wêwaton ingkang nyêkapi. Dene anggèn kula dhapur gumagah punika, lowung minăngka ular-lar jangkêping andharan.

Manawi badhe damêl kecap, rumiyinipun anggodhog kadhêle ngantos samatêngipun, lajêng dipun êpe ngantos gangsal pitung dintênan laminipun, kadhêle wau dangu-dangu anjamur mêdal jamuripun mabluk pêthak. Sasampuning cêkap dangungipun,[4] tumuntên

--- 1387 ---

dipun kosèk dipun rêsiki mawi toya. Ngantos ical jamuripun. Manawi sampun rêsik, lajêng dipun cêncêm mawi sarêm, abên sanèsipun: gêndhis kalapa sarta godhong sêre, punika wau dipun godhog ingkang lajêng ngêdalakên kecapipun. Dene ampasipun dipun wadhahi ing kalo utawi sanèsipun, supados atus kecapipun. Ampas wau kawastanan ampas kecap, taksih pajêng dipun sade.

Damêl kecap punika ugi dados panggaotan agêng, langkung agêng tinimbang panggaotan damêl tempe, limrahipun panggaotan wau kacêpêng ing băngsa Tionghwa.

K.M. Sasrasumarta.

Bètèh

Sadaya karangan ingkang sampun kawrat ing kalawarti Kajawên bab rekadayanipun nênanêm, saking rumaos kula sampun kathah sangêt, pramila raosing manah kula, anggèn kula badhe ngandharakên bab pananêm lan pandamêlipun wiji bètèh punika sampun lami sangêt. Wosipun kados ing ngandhap punika.

[Grafik]

Bètèh punika lurik, sawarni krai.

Bètèh punika wowohan ingkang sampun kaprah sangêt katanêm dening para among tani. Pananêmipun ing măngsa katiga, sarêng lan pananêmipun: krai, timun lan sêmăngka. Sitinipun kêdah milih ingkang cêngkar, kapacul utawi dipun luku, lajêng dipun grabag. Anggrabag punika anggaru ingkang botên mawi toya. Rumputipun dipun pêndhêti, kawadhahan ing kranjang mata era, kabucal ing kalèn, utawi dipun pêndhêm, sarta dipun kowaki, lêtipun satêngah mètêr. Sarampungipun kowakan, kêdah kasrantosakên kalih utawi tigang dintên, prêlunipun siti wau sagêda ayêm, nuntên kawur-wuran (katanêman) isi ngalih utawi niga. Ananging pananêmipun wiji wau kêdah dipun dèkèki awu, supados sampun ngantos kamăngsa sêmut utawi cukil (pithi). Sathukuling wur-wuran wau enjing sontên mêsthi kasiraman. Panyiramipun kêdah ngangge sarang utawi gêmbor, supados wit wau sampun ngantos putung. Bilih [Bi...]

--- 1388 ---

[...lih] tanêman wau sampun godhong tiga utawi sakawan sawêg kenging kadhangir. Urut pinggiring pasitèn wau prayogi dipun bêthèki, sarta dipun tanêmi kacang lanjaran, prêlunipun sapisan. Kangge ngrapêti bêthekan, kaping kalih sagêd mêwahi kasilipun. Lho, punika rak inggih lumayan, ta, katimbang botên katanêman.

Sajatosipun bètèh punika tanêman punika ingkang genjah sangêt, umuripun kirang langkung kalih wulan. Wohipun sakalangkung angrêsêpakên manah. Samăngsa bètèh wau sampun mambêt wangi, mratandhani manawi sampun sêpuh (matêng), têrus kenging lajêng kaundhuh. Kalêrêpna ing griya rumiyin, supados wêwah ambêtipun. Pêpajênganipun bètèh manawi katandhing kalihan sêmăngka, taksih awis bètèhipun. Panjangipun ngantos 3 1/2 d.M. agêngipun sakempol. Wangun utawi warninipun manawi taksih nèm sami kalihan krai. Kaotipun bilih sampun matêng bètèh punika jêne utawi abrit.

Pandamêlipun wiji, miliha bètèh ingkang panjang lan agêng, dipun krowoki, isinipun kawadhahan irig, kakumbah mawi godhong dêling, supados enggala ical yiyitipun. Lajêng dipun êpe ingkang garing, sarta kabuntêl pipih pêthak ingkang rêsik, prêlunipun sampun ngantos kamăngsa bubuk.

g.b.d.

Pênjalin, Kaliwungu S.C.S.

Siyam.

Bali Sisih Kidul.

[Grafik]

Ing wêkdal punika, kawontênanipun ing Bali kenging dipun wastani dados tapak patilasan kina, awit ing tanah Bali taksih kathah wêwangunan kina, mila kathah para têtamu ngamănca ingkang sami mrêlokakên mriksani kawontênan ing Bali. Ing nginggil punika gambaripun palabuhan ing Bênowa.

--- 1389 ---

Wêdharing Batangan

Sandi Asma.

Nanggapi nutipun sadhèrèk rêdhaktur ing Kajawèn ăngka 77 taun 3 ing bagean Raos Jawi.

[Dhandhanggula]

Rarasing kang pangripta mêmanis | dèn mêmanis mèt candraning sastra | ngalèmprèh mung sagaduge | bèbèrke coban cubluk | isining tyas kang adrêng kingkin | marga saka kacaryan | tata titisipun | sasmita jroning Kêjawan | tratabing tyas duk maca jrudêmung manis | arda kapengin ngripta ||

tatanira nadyan tan ngundhili | nanging kaya nora dadi ngapa | ing nyat jarag jêr katêmbèn | ngarah sandi jrudêmung | yogyanya dèn wiwiti saking | gyaning aksara ingkang | karya dhihin iku | tatananing urutira | awit saking ra lêgêna swara miring | disambung aksara da ||

ning tinaling nylêkanthuk nylakênthing | ngrat ngalela punjul ing ngapapak | mindhik-mindhik nyigêg na ge | tanapi tan pinangku | sababe wus dèn pasangi ing | gung ebrah pasangan ma | nging pasangan iku | sanalika nyigêg uga | modar mak sêg aksara sa tanpa mosik | drana si pangkon mulat ||

palarasan nulya mangku sarwi | ngaksamani ring para kang mêntas | samya anyênyigêg kuwe | mitambuh ha jumêdhul | dhumak-dhumuk linayar jlênthir | marani ya lêgêna | têngga ya disuku | padune wruh da lêgêna | rada wêdi marga wis tau matèni | nuli wa ulu prapta ||

pik-apike ulu ya mung mlênthi | samêngko gya muncul na lêgêna | tuwa tur krakêt cêthake | wintala arang têluk | ring patine liyan sing kalih | sangsarane dhèwèknya | juga kèrèn jêdhul | rupaksara ta lêgêna | marak ati wasana ngaturkên ugi | niskaraning pambatang ||

rasakêna kang santosa kwawi | dènnya nêja kêclap tan ambêkan | mastani wruh kana-kene | artine uninga trus | ya ta pêrlu sarwa nyrambahi | yuwana amung trusan | daya gênging kawruh | winisika mrih nugraha | nama cêtha cêthane wulange kaki | ta prêlu anggrahita ||

Ka: 570.

Mawi sandi: Radèn Ngabèi Marta Sastrahartana ing Ngayogyakarta Hadiningrat, minta sagunging samodra pangaksami dhumatêng para nupiksa tuwin ring sang Jurumanis.

Red.

Batangan Raos Jawi Ingkang Sinandi.

Ing Kajawèn ăngka 77. Kula maos karanganipun, sadhèrèk: Jurumanis, ingkang kasêkarakên, Jurudêmung, mawi sandi sêkar Dhandhanggula. Rèhning ing ngandhapipun karangan, wontên dhawuhipun paduka rama redhaktur, kawrat sêkar Dhandhanggula, dhawuh madosi ingkang sêsinglon sandi wau, dados kula kêpêksa sasagêd-sagêd kula padosi, kula sêrat ing ngandhap punika:

[Pocung]

ra: di ngungun yèn dèrèng nyakêpi kawruh | na: dyan singlon gawat | su: musul dènnya ngulati | mar: ma ulun kumêdah mamrih tarwaca ||

ta: ngèh lamun miriba sarjana luhung | lu: gu wicaramba | rah: ose sramèng wanadri | ing: agêsang tan mirang ginujêng liyan ||

--- 1390 ---

de: ra mamrih angudi indhaking kawruh | sa: tuhu widakda | sê: dhèrèk ba Jurumanis | dhang: an ulun myat sandi ngandhap punika ||[5]

[Dhandhangula]

ra: sakêna kang santosa kwawi | dèn: nya nêja kêclap tan ambêkan | mas: tani wruh kaanane |[6] ar: tine uninga trus | ya: ta prêlu sarwa nyrambahi | yu: wana amung trusa | da: ya gênging kawruh | wi: nisika mrih nugraha | na: ma cêtha-cêthane wulange kaki | ta: prêlu anggrahita ||

Ngaturakên gênging nuwun, dene para sarjana, utawi para sadhèrèk, sami karsa akalangan wontên ing udyana Kajawèn, prêlu paring panggugah manah ingkang sami taksih kalêmpit wontên salêbêting sanubari, kados sak kula, rèhning panggenan kula wontên têlênging wana măngka kuwajiban nênuntun manahing băngsa ingkang dèrèng tarwaca raos Jawi, pramila rêsèpipun para sadhèrèk bilih mêdal inggih kula siyar-siyarakên, dhatêng băngsa ingkang nunggil, golongan kula, supados sami anggarjita, sagêdipun gêsang sêsrawungan. Bilih wontên kalêpatan ing panyêrat kula, kula namung nyumanggakakên para maos.

Sangking lêngganan K.1176 ing Sêndhang.

Red.

[Gambuh]

Agambuh rasèng kalbu | buka gaip kang dèrèng nalawung | wungwang dene dèrèng wontên kang dumêling | lingsêm yèn tan sagêd cundhuk | wong wrêdha ujare ngomplong ||

paripêksa gumêndhung | dhungkèl dhangkèl kèlu ing pamuwus | wus kabanjur kadiparan dèn tututi | tiwas tuwas dèn gêguyu | marang ing sadulur anom ||

nămpa sêsorah rêmbug | bugang kabèh kalamun tan cundhuk | nora wurung malah bakal dèn srêngêni | mung nyuwun apuranipun | wong wrêdha kang ambêk sombong ||

bonggan gawe kalantur | tur nyatane durung wruh ing prêlu | lumuh nganggur mung anggêre waton muni | nêniwasi yèn kapatuh | tatu jêro wêkasing don ||

dolanan kawruh samun | mundhak apa ing paedahipun | pundhês bakal kaliru angrêrèmèhi | cipta lăngka kumalungkung | wo[7] nyatane durung jegos ||

Ing Kajawèn ăngka 77 wontên gêgubahanipun sang linangkung: Jurumanis, sêkar Jurudêmung, sarta mawi sandi sêkar Dhandhanggula, sarèhning ki lurah rêdhaktur karsa paring idi sintên ingkang purun madosi, ing pundi panggenanipun sêkar Dhandhanggula wau, manawi saèstu dipun parêngakên, sêkar Dhandhanggula ingkang kangge sandi wau, ungêlipun bokmanawi makatên:

[Dhandhangula]

rasakêna kang santosa kwawi | dènnya nêja kêclap tan ambêkan | mastani wruh kaanane |[8] artine uninga trus | ya ta prêlu sarwa nyrambahi | yuwana amung trusan | daya gênging kawruh | winisika mrih nugraha | nama cêtha-cêthane wulange kaki | ta prêlu anggrahita ||

Kasêbut ing nginggil manawi wontên kalintuning pambatang kula, mugi kaparingan pangaksama.

Saking kula:

Wara Manis Supraba ing Blitar.[9]

Red.

--- 1391 ---

Ulah Raga

Bedaning Larasipun Tiyang Anjêmparing.

[Grafik]

Manawi băngsa Jawi, patraping anjêmparing punika kalihan lênggah, tumrap ingkang astanipun andhêngklang kêtingal adamêl pantês. Nanging manggahing băngsa Eropah, anjêmparing punika kalihan ngadêg. Dene wos-wosipun sami manjing dados ulah raga.

[Grafik]

--- 1392 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kêkêndêlan saha Kajirihaning Lare.

Garèng : Nèk dak gagas-gagas kanthi êninging pikir, cara-carane ngupakara bocah kuwi saolèh-olèh kudu digêdhèkake anggone ngilangake kajirihane.

Petruk : Wiyah, gagasan ngajak ora omah kaya ngono kuwi, wong kowe durung tau katanggor duwe anak kaya prunanmu Si Kamprèt, mulane bisa kăndha mêngkono. Mara, sabên dinane Si Kamprèt kuwi tansah dak wêdèn-wêdèni, ewadene mêksa isih gawe susah wong tuwa bae, kaya ta: nèk bokne kabênêr nyêmbêlèh pitik, kuwi aku wis nrima, yèn dingèngèhana: gêndhing, dhadha mênthok lan pupune karo pisan, ewadene sok nganti mèh ora kêduman, ya kuwi saka dening ambêjujage Si Kamprèt mau. Upamane dhèwèke saiki banjur tak ajari kêndêl, aku rak sida mung uman cèkère thok bae.

Garèng : Hêm, wong wis nrima kok anggêre dingèngèhi gêndhing, dhadha mênthok lan pupu karo pisan, sasat pitik siji dipangan dhewe kabèh ane, Ora, Truk, ngrêtia, ati jirih kuwi sok bisa anjalari adohe mênyang tindak kang bêcik, sok nyêdhakake mênyang tindak ala, lan sok bisa andayani kabèh lêlakon kang bakal ditindakake. Mulane nèk ati sing jirih mau bisa dibuwang, wusanane banjur bisa tatag, kuwi ing têmbe bisa nuwuhake kêkêndêlan.

[Grafik]

Petruk : Kuwi aku ora cocog manèh, tuladhane rak pirang-pirang wong kêndêl sok dadi sangsara, kaya ta: Mas Arja, sapa sing ora wêruh kêkêndêlane dhèwèke. Maune rak wis kêpenak ta, dadi dara klèrêk kantor, blanjane tur iya wis nyamlêng, dilalah kacênthok karo kancane mung jalaran prakara sêpele bae, banjur pêcicil, ngêtokake kêkêndêlane sarta banjur plêk, nêmpiling kancane mau, wusanane iya banjur diaturi kondur alias dilêpas bae. Ana manèh kae lho, Radèn Mas Sarilae, kae rak iya kêndêl ta, maune rak wis enak eca gêbêg răngka mangku răndha, wong wis dadi ajung kêmis jarene. Wusanane mung dicênthok panggêdhene sathithik bae, banjur sanalika ngêtokake kêkêndêlane, sarta banjur pêcicilan, pandêlikan, cênanangan, kaya arêp ngalêthak-ngalêthaka panggêdhene, pungkasane iya banjur ngêmut driji, alias dilêpas saka pagaweane.

Garèng : Wiyah, nèk kaya ngono kuwi arane dudu wong kêndêl, ananging wong brangasan lan andalodok, [a...]

--- 1393 ---

[...ndalodok,] alias abdining mas bèi dhêmit, sabab mung arêp nguja kanêpsone bae, lan sapa wonge dhêmên ngumbar hawa nêpsune, kuwi iya banjur dadi baturing setan. Mungguh sing diarani kêndêl, kuwi dudu kuwanène anggone doyan gêlut utawa doyan anjotosi uwong, ananging kuwanène anggone anindakake kuwajibane tanpa wêdi susah lan kangelan. Kuwi kang diarani kêndêl utama têmênan.

Petruk : Tiga kali ora cocog manèh, nèk kêndêl anggone nindakake kuwajibane, diarani kêndêl utama. Rak ya pirang-pirang taun wong sing nindakake kuwajibane kanthi kêndêl têmênan, ora wêdi mênyang susah kangelan, ora wêdi mênyang lara, malah sok ora wêdi mênyang patine, ewadene kok diarani wong asor, kaya ta: tukang nyêbrot, maling, tukang ambegal lan sapêpadhane.

Garèng : Lho, tumindak kang kaya mêngkono kuwi rak dudu tekading wong kêndêl, ananging tekading wong kang kêkurangan. Mungguh sing diarani wong kêkurangan kuwi, ora ngêmungake wong kang kêkurangan pangan lan băndha, ananging iya wong kang kêkurangan: kawruh, nalar, budi lan sapêpadhane. Mulane iya ora kêna diarani tindak utama, ananging tindak asor.

Petruk : Mêngko dhisik ta Rèng, aku tak takon. Kayadene anggangsir, ambêdhah pagêr, utawa mlêbu sarana ngrusak jêndhela, kuwi kabèh rak wis dadi pagaweaning maling. Mara, kalane nglakokake kuwajibane mau, apa ora kêna diarani kêndêl bangêt, awit yèn ora kabênêran rak bisa uga anjalari sirahe diambung palu, utawa ana pangot kêsasar lumêbu ing wêtênge. Ewadene sanadyan mutawatiri mêngkono, iya mêksa ora wêdi, ananging ditrajang bae. Mara, apa ora kêndêl kuwi arane.

Garèng : Tumrap wong kang cêkak nalare, tumindak kang mangkono iku, iya diarani kêndêl, ananging sanyatane malah kosokbaline, awit uwong banjur gêlêm anindakake nyolong, nyêbrot, ngècu lan sapêpadhane, kuwi sabênêre jalaran saka jirihing atine. Jirihe mau sabab kuwatir yèn kêpêksa banjur kudu nyambutgawe kangelan, wêdi yèn wêtênge banjur kêluwèn, yèn ora nyambutgawe sarana adus kringêt, idham-idhamane wong kang mêngkono kuwi, bisaa nyambutgawe kang ora kangelan, ananging bisaa cukup pamêtune. Mêsthine rak iya ora ana ta pagawean kaya kang dadi idham-idhamane mau. Sapa sing kêpengin cukup pamêtune, iya kudu sing pêthêl nyambutgawene. Ing sarèhne wis kabanjur suthik mênyang barang gawe sing kangelan, playune ora ana manèh iya banjur nglakoni durjana. Awit wong laku durjana kuwi yèn kabênêran, anggone nglakoni kangelan sapisan, olèh-olèhane sok nyukupi kanggo pangan pirang-pirang dina, mara, pikirên bae, wong sing wêdi yèn kaluwèn wêtênge sing suthik nyambutgawe, apa ora kêna diarani wong jirih lan asor bêbudène.

(Badhe kasambêtan)

--- 1394 ---

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat kabar sanès.

Pambantu Kajawèn ing Surakarta ngabarakên, bilih kaparêng dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta, salêbêtipun taun Alip punika badhe ngramakakên putra dalêm Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, dhaup kalihan putri dalêm suwargi Ingkang Sinuwun Sultan kaping VI ing Ngayogyakarta.

Sawêg sawatawis dintên punika pulisi angropyok dhatêng griyanipun salah satunggaling băngsa Tyonghwa ing Warungmiri tuwin griyanipun satunggaling băngsa Tyonghwa, ing Nusukan, sami ing kitha Surakarta, amargi sami kadakwa malsu barang daganganipun tiyang sanès, awarni rokok sigarèt, ing wêkdal wau pinanggih rokok pintên-pintên èwu, ingkang sampun dados sarta sawêg kadamêl dalah etikètipun, nyata barang dagangan tiron sadaya. Lajêng kabêslah kangge cihnaning prakawis.

Lêt sawatawis dintên kalihan dhawahing pasamuan agêng mahargya jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII têtêp kalih wêlas satêngah taun dhawah wulan Sèptèmbêr kapêngkêr punika, kaparêng dalêm andikakakên nanêm wit ringin manggèn ing pasitèn Balapan lami, kaprênah lèr pura Mangkunagaran, kanggè pangèngêt-èngêt. Wêkdal pananêmipun wit ringin wau mawi rinêngga arak-arakan, găngsa Carabalèn sapanunggilanipun sarta dipun jênêngi ing panjênêngan dalêm kangjêng gusti piyambak (K. 585).

Kala dintên Ngahad, wanci siyang, gudhang mrêcon pabrik mrêcon gadhahanipun Tuwan Can King Hwat ing Ngastina sêtrat, Madiun kêbêsmi. Kapitunan f 19.000.- otên kalêbêtakên ing asuransi. Kasangsaran botên wontên.

Katêtêpakên dados patih ing kabupatèn Wanasaba, Mas Mohammad Tayib, patih ing Karanganyar. Dados patih ing Brêbês, Radèn Sutirta patih ing Wanasaba. Dados patih ing Karanganyar, Radèn Parwata, patih ing Brêbês.

Benjing tanggal 16 wulan punika, sampeyan dalêm ingkang wicaksana, Ingkang Sinuhun ing Surakarta badhe têdhak ing Sêmarang. Ing dintên wau badhe mriksani kapal motor Chr. Huygens. Ingkang nuju labuh ing Sêmarang. Dalunipun mara tamu dhatêng dalêmipun tuwan gupêrnur Jawi Têngah. Tanggal 17 rawuh martuwi putra ingkang krama angsal Radèn Tumênggung Sasrawadana, ingkang kabiyantokakên pakaryan pulisi ing Sêmarang. Dalunipun mara tamu dhatêng dalêmipun kolonèl P.D.A. Frankamp, Ir. Wouter Cool. Tanggal 18 kondur mampir mriksani pabrik sigarèt Mac Gillavry ing Jatirungga. Wontên ing Sêmarang nyare ing hotèl Du Pavillon.

Pasarean dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI ing Astana Utara, kathahipun têtiyang ingkang dhatêng saya kathah, ngungkuli ingkang sampun-sampun. Ing dintên Sênèn kêpêngkêr motor mabur nagari Walandi Indhia ingkang kaping kalih, sampun dumugi ing Cililitan, sêtatsiun motor mabur ing Batawi. Bidhalipun saking Palembang ambêkta tiyang numpak, nama Tuwan van der Wilk, partikêlir, badhe têrus mabur dumugi Surabaya. Dhatêngipun para pandheganing juru mabur dipun papagakên ing para pangagêng, tiyang ningali kathah.

Wontên sawênèhing murid A.M.S. ing Batawi, ingsêr-ingsêran saking Stovia, sakit. Sarêng kalêbêtakên ing C.B.Z. dipun papanakên wontên ing klas 4, Măngka ingkang sampun kalampahan, murid Stovia manawi malêbêt ing griya sakit, manggèn ing klas 2 angsal têdha klas 3, saha sarêng wontên A.M.S. murid ingsêran saking Stovia inggih dipun janji têtêp botên ewah. Wusana sarêng Tuwan Dr. Bochard dados dirèktur C.B.Z. wontên ewah-ewahan kados makatên punika. Para murid A.M.S. sami usul dhatêng dhirèktur supados murid ingkang sakit wau kapindh dhatêng klas 2.

Pawartos saking Administrasi

Langganan nomêr 2417 ing Prêmbun. Pamundhut panjênêngan gontas-gantos adrès, sangêt adamêl karepotan. Botên sagêd nglaksanani.

Langganan nomêr 1182 ing Ngayogyakarta. Yatra f 1.50 punika tumrap kwartal kaping 4 punika.

Langganan nomêr 2949 ing Kauman, Tulungagung. Pos wisêl panjênêngan f 3, katlisiban ing margi kalihan panagihan kula. Têrangipun samangke makatên: f 3, kangge kwartal 4 saha kwartal 1 taun 1929. f 1.50 ingkang nêmbe kakintun tumrap kwartal 2 taun 1929.

Langganan nomêr 2042 ing Dhiwung (Têgal), pamundhut panjênêngan kajawèn nomêr 40 taun 1927, sampun kula kintunakên nalika 1/10-28. Bab ingkang prêlu makatên, manawi taksih wontên, kula botên kawratan ngintuni sarana lêlahanan.

Langganan nomêr 698 ing Cilongok (Ajibarang). Wisêl f 7.50, tumral 5 langganan sampun katampi matur nuwun. Prayogi sanès dintên kula urus piyambak.

--- 1395 ---

Wêwaosan

Sêrat Kêmbang Jaya.

Dening Md. Dohiri.

11

[Sinom]

Nêngna ingkang parisuka | wadya Paranggurdha sami | kocapa dhukuh Banthengan | Kêmbang Jaya kang winarni | nutug dènnya karonsih | datansah rèntèng rêruntung | mangkana ri sajuga | samnya lêlênggahan munggwing | jroning panti katri samya sukèng driya ||

suka samya gêgojegan | kasaru caraka prapti | gupuh nulya ingacaran | laju malêbèng panti glis | sawusnya tata linggih | caraka nulya umatur | radèn sowan kawula | dinuta atur udani | mring rakanta Wadana Dyan Sukmayana ||

yèn mangkya raka paduka | ing palagan nandhang kanin | watawis ragi rêkasa | paduka dipun aturi | mangkya dadi sêsulih | nyenapatènana pupuh | lan malih dhinawuhan | anganti[10] mring rakanta di | Sapanyana sarênga ywa kongsi pisah ||

kagyat Radèn Kêmbang Jaya | sumuking tyas sêmu runtik | ketang trêsnanya mring raka | gumrêgut wajanya gathik | nulya ngandika aris | mring Sapanyana dhuh adhuh | Kakang Mas Sapanyana | kadiparan karsanèki | apa kakang lênggana lumakwèng prentah ||

sumaur Dyan Sapanyana | dhuh yayi mas ari mami | lamun wus condhong ing karsa | payo mangkata saiki | mênèk kasuwèn yayi | ambok dadi dukanipun | Kakangmas Sukmayana | lawan manèh paran yayi | kaanane paprangan yèn kita weya ||

nora wurung dadi rusak | Sapanyana abêbisik | mring ari dyan Kêmbang Jaya | lah ta kabênêran yayi | bokmanawa puniki | dadi marganta satuhu | supayantuk nugraha | gonirarsa mêngku nagri | marma yayi bangêt ing pamintaningwang ||

yogya lamun lumakua | ngiras-ngirus ing pakarti | Kêmbang Jaya duk miyarsa | manthuk kapranan ing galih | datan winarnèng wêngi | anulya pradandan gupuh | laju mangkat katiga | pabarisan kang kaèsthi | tan winarna katiga ing lampahira ||

wus prapta ing pasanggrahan | Carangsoka gagat enjing | laju sowan mring kang raka | Sukmayana duk udani | mring kang ari kêkalih | ingawe umajêng gupuh | kêkalih ngaras pada | kang rayi rinangkul aris | angandika Sukmayana mring ri nira ||

dhuh yayi Mas Kêmbang Jaya | lawan Sapanyana yayi | bangêt sukèng tyas manira | sira karo enggal prapti | sumêlanging tyas mami | mênèk tan mênangi ingsun | Rahadèn Kêmbang Jaya | rinangkul lungayanèki | binisikan sasat mèh datan kapyarsa ||

yayi mêne ana marga | gèn ta datansah mangudi | nanging poma kang prayitna | ywa pisan angêtarani | lair labuh nagari | nanging batinira ngrêbut | marma pamintaningwang | sira mêtonana jurit | sira măngka dadi sêsulih manira ||

dèrèng têlas wêlingira | kasaru gègèr ing jawi | horêging pra wadyabala | kêndhang gong bèri amuni | swara anggêgêtêri | sêlomprèt sêruni tambur | Rahadyan Kêmbang Jaya | anulya pradandan jurit | nitih kuda apelag busananira ||

cingak sagung para wadya | nyana dutèng Maha Luwih | têtulung kang apês ing prang | warnanên para prajurit | wiwit têmpuhing jurit | rame asurak gumuruh | balêdug ambaludag | pabaratan dèn limputi | pêtêng dhêdhêt akarya gègèring wadya ||

kunêng kang munggwing turăngga | Godhapati agêng inggil | amandhi sabêt liniga | lamun tinon angajrihi | sêsumbar gêgirisi | lah ing ngêndi warnanipun | Si Puspa Andungjaya | wong dora dursila juti | lah mêtua ing kene padha prawira ||

payo agêgandhèng kunca | takêr ludira lan mami | angadu atosing tosan | kalawan kandêling kulit | miwah pucuking lungit | singa tiwas manggih lampus | kunêng Dyan Kêmbang Jaya | anandêrakên turanggi | wus cumundhuk ing palagan yun-ayunan ||

cingak wadya Paranggurdha | umyat kang magut ing jurit | micarèng nala mangkana | sapa baya wong puniki | dene bagus ngluwihi | sasat Hyang Asmara nurun | baya wong Carangsoka | minta sraya dewa luwih | warna-warna rêrasaning pra punggawa ||

kunêng kang ayun-ayunan | Kêmbang Jaya Godhapati | Godhapati tanya sugal | sapa kang mêtoni jurit | warnanta ngrêspatèni | antêng jatmita abagus | sumaur Kêmbang Jaya | tambuh marang awak mami | iya iki Kêmbang Jaya ing Banthengan ||

Ari Radèn Sukmayana | kang kontap kotamèng jurit | Godhapati latah-latah | kalingane sira iki | mring raka ambelani | yèn kêna sun eman bagus | yogya sira mundura | eman warnanta apêkik | luwung sira dadia gamêl manira ||

sun watara kiyatira | durung sapira abayi | sumaur dyan Kêmbang Jaya | tan sudi switèng sirèki | hèh sira Godhapati | ywa bobot kiyating mungsuh | yogya sira nungkula | têmbe ingsun karya bêcik | lamun nora yêkti kari aranira ||

bramatya angayat pêdhang | Godhapati nabêt aglis | wus prayitna Kêmbang Jaya | kêkudhung parisirèki | jumêblès angênèni | pêparisira amurub | suraking mungsuh rowang | kadi ta ambêlah bumi | nyana lamun Kêmbang Jaya amor kisma ||

saking kiyating panadhah | rosane panabêtnèki | pêdhang katikêl kasingsal | sru bramatya Godhapati | pêdhang binuwang têbih | ganti nyandhak tumbakipun | muyêk watang-winatang | tangkis-tinangkis agênti | watang tikêl sêbrak anarik curiga ||

linarihan Kêmbang Jaya | trangginas dènnya ngendhani | arame udrêg-udrêgan | anèng luhuring turanggi | kêris tan migunani | anulya [anu...]

--- 1396 ---

[...lya] mancolot gupuh | tinilar kang turăngga | adharat dènnya ajurit | gantya gêlut okol ukêl lêng-ulêngan ||

ganti banting ganti dhupak | jak-jinêjak git-jinênggit | suka ing tyas kang tumingal | suraknya mawanti-wanti | lir banthèng tawan kanin | Godhapati tandangipun | agêng luhur sêmbada | Kêmbang Jaya mênang wasis | cukat trampil lir sikatan nyambêr walang ||

kalenan pangendhanira | sinaut Kêmbang Jaya glis | cinandhak dèn ikal-ikal | binanting binuwang têbih | surak pra wadya sami | gumêrah saengga gludhug | horêg ing pabarisan | Sapanyana duk umèksi | gya lumumpat akarya manising yuda ||

[Dhandhanggula]

ngikal pêdhang ingasta kumitir | Sapanyana majwèng pabaratan | gumêrah wadya surake | awas dènira dulu | Godhapati yèn mungsuh salin | maju ayun-ayunan | Godhapati nambung | hèh hèh sira bêlis laknat | kalingane Sapanyana dhalang anjing | pintêr angapus krama ||

ing samêne sira mapag jurit | găndra pira kêkuwatanira | măngsa ngêntèkna otote | yêkti yèn sira lêbur | ajur-mumur dening wak mami | lah mara tampanana | kacung piwalêsku | sira kang dadi jalaran | wirang ingsun pantês yèn nêmua pati | cinandhak limpungira ||

sumiyuting limpung mèh ngênani | Sapanyana cukat endhanira | kasingsal adoh tibane | dahat malatu-latu | Godhapati anyandhak aglis | talêmpak munggwing asta | kumitir sumiyut | Sapanyana tinalêmpak | dhininginan tinampèl astanirèki | kasingsal kontal têbah ||

rame surak lir ambêlah siti | binarunging gong bèri wurahan | suka kang umiyat kabèh | Sapanyana andulu | Godhapati rusuh ing jurit | binuwang pêdhangira | krura ngamuk punggung | nir baya anir wikara | ngungsêd ngubêr karepotan Godhapati | cinandhak gya binuwang ||

tiba krungkêp wau Godhapati | sru bramatya bali mambêg krura | gumuruh wadya surake | lir banthèng soroh amuk | Sapanyana tanggon nadhahi | agêlut lêng-ulêngan | dangu luk-pinêluk | akakah cêngkah-cinêgkah | Godhapati sarosa panyêngkahnèki | Sapanyana cinandhak ||

wus binanting binuwang atêbih | tumarutul Radèn Kêmbang Jaya | krinubut[11] ro ing pêrange | datan kewran ing pupuh | Kêmbang Jaya cinandhak aglis | sarosa wus binuwang | tibanira kantu | wangsul maju ing palagan | cincing kunca tan èngêt bêbaya pati | gapyuk ulêng-ulêngan ||

rame angrok băndawala pati | gulung-gulung gêgulung gêlêngan | gumuling-guling agêntèn | rosa pamêlukipun | Godhapati wus kinapithing | binanting gya binuwang | sinurak gumuruh | tinêtêg têngara ngangkang | kasapihing surya ing ancala manjing | samya mundur ing yuda ||

kunêng gantya winursita malih | enjangira tinêtêg têngara | kêndhang gong bèri arame | swarèng surak gumuruh | kunêng wau Sang Godhapati | wus malbèng pabaratan | sarwi ngikal lawung | maju Radèn Kêmbang Jaya | samya dharat kêkalih dènira jurit | rame swaraning surak ||

wang-winawang thik-inguthik gênti | samya wasis trampil kalihira | datanpa guna watange | aganti ngasta dhuwung | Kêmbang Jaya satuhu wasis | endha ngering manganan | Godhapati rusuh | panuduke tanpa daya | anglir nuduk wayangan awola-wali | tan ana kang tumama ||

duk umiyat Kêmbang Jaya aglis | anamakkên dhuwung paringira | Dyan Sukmayana kakange | Kyai Rambut pinutung | winawas mring jajanirèki | pinèt ing lenanira | anulya sinuduk | jaja manrus ing walikat | Godhapati ambruk andhêpani siti | palastra tanpa sambat ||

swarèng surak rame gêgêtêri | sasat kadi ambêlah pratala | binarung sêruning slomprèt | pra wadya samya bingung | dahat saking sukanirèki | jèngklèk ajêjogedan | nglêtêr pating blulung | kêplok-kêplok giyak-giyak | kawarnaa wadya Paranggurdha sami | dupi wrin gustinira ||

(Badhe kasambêtan)

Ngaturi Uninga.

Waosan Sêrat Kêmbang Jaya sawêdalan malih sampun tamat, kados para maos sampun sagêd anggalih piyambak dhatêng sêngsêming cariyos wau.

Ing satamatipun waosan Kêmbang Jaya, badhe gêntos waosan gancaran, nama Sêrat Jaka Pitutur, cariyosipun sae, tur inggih nêngsêmakên, tuwin kêtingal bilih cariyosipun wontên sayêktos, ing pangintên tamtu inggih damêl karênan.

Mugi sabara ing galih.

Red.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


wiwitanipun. (kembali)
gerohan. (kembali)
tapèni. (kembali)
dangunipun. (kembali)
§ Mawi sandi: Rana Sumarta lurah ing desa Sêdhang (ndhang). (kembali)
§ lêrêsipun kana-kene. (kembali)
wong. (kembali)
§ lêrêsipun kana-kene. (kembali)
§ Ngagêm sêsinglon bok inggih sampun, Supraba, ananging Adaninggar kemawon. (kembali)
10 anganthi. (kembali)
11 kinrubut. (kembali)