Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-03, #228

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-03, #228. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-11-03, #228. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 30-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 88, 19 Jumadilawal Taun Alip 1859, 3 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1509] ---

Ăngka 88, 19 Jumadilawal taun Alip 1859, 3 Nopèmbêr 1928, Taun III.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Ing Plorês

[Grafik]

Sumăngga para maos manggaliha piyambak, mriksanana gambar ing nginggil punika, ingkang pating krêthap pêthak-pêthak punika margi.

--- 1510 ---

Raos Jawi

Tuwuh tuwin Tumujuning Pikajêngan.

Badanipun manungsa wontên peranganipun ingkang aosipun agêng sangêt ngungkuli perangan sanès-sanèsipun, inggih punika păncadriya.

Păncadriya kêdadosan saking perangan gangsal warni, 1. paningal, 2. pamirêng, 3. panggănda, 4. pangraosing ilat, 5. pangraosing daging. Sadaya sagêd anglêbêtakên kanthaning barang ingkang mujudakên gambaring angên-angên. Gagasan ing pangangên-angên sagêd ngebahakên raosing manah ingkang lajêng nuwuhakên pikajêngan.

1. mripat sumêrêp gêbyaring wêwarnèn ingkang mencutakên. Ing pangangên-angên tuwuh gagasan warni-warni ingkang nênangi raosing manah. Sakala manah mulung dhatêng endahing gêbyar kasarêngan tuwuhipun pikajêngan badhe andarbèni wêwarnèn wau.

2. kuping mirêngakên swara ingkang nganyutakên. Swara wau nuwuhakên gagasan ingkang damêl kêjoting manah. Ebahing manah gêntos anjalari wontênipun pikajêngan badhe ngêmat-êmatakên ecaning pamirêng.

3. irung kenging gandanipun ambêt ingkang amrik arum ngambar-ambar. Gambaripun barang ingkang mawa gănda arum wau cumêtha ing pangangên-angên mujudakên gagasan. Margi gagasan punika, manah kraos ebah. Kêjoting batos numusakên pikajêngan badhe nyakêti utawi anggadhahi barang wau.

4. ilat kenging raosing gurih. Gagasan ingkang wontên ing pangangên-angên ngemutakên dhatêng têtêdhan ingkang nunggil raos. Wasana ing manah mêdal pêpenginanipun ingkang ngwontênakên pikajêngan badhe ngraosakên têtêdhan ingkang nunggil raos wau.

5. badan kraos arip, lêsu, lungkrah tuwin aras-arasên. Gagasanipun lajêng ambèn ginêlaran lèmèk alus, katumpangan bantal êmpuk, manahipun kêpengin tilêman. Sakala wontên pikajêngan badhe ngasokakên badan.

Tuwuhipun pikajêngan punika kasababakên raosing manah, ingkang anjalari ebahing manah sagêd andadosakên raos, punika gagasan ing pangangên-angên. Tuwuhing kăntha ing pangangên-angên, margi saking wêwarnèn ingkang mlêbêt, nglangkungi păncadriya.

Kêrêp kemawon kêlampahan raosing manah bèncèng kalihan budi, jalaran beda nêripun. Raosing manah kêdadosan saking hawa nêpsu, purugipun ngênêr dhatêng kamurkan. Budi saklangkung awas, botên ngrujuki tindak dhatêng piawon, pramila ing batos wontên păncakara rame. Raosing manah kêdêrêng badhe ngoyak idham-idhamaning aluamah. Budi sarosa ngalang-alangi. Manawi pikajênganipun kêndho, ingkang dipun turut têmtu raosing manah. Pitêdahing budi botên karèwès, wêkasan ngubal-ubal hawa nêpsu.

Pikajêngan sagêd katuntun raosing manah, ugi sagêd dipun kêmudhèni budi. Pikajêngan ingkang anut [anu...]

--- 1511 ---

[...t] raosing manah punika botên têmtu sae, jalaran kalamăngsa raosing manah sagêd cêngkah kalihan pathokaning kasaenan. Anjoging pikajêngan ingkang ngêtutakên raosing manah kados makatên, kenging katêmtokakên lumèrèg dhatêng kalangan awon.

Wangsul pikajêngan ingkang kapadhangan budi, têmtu ngajak murugi karahayon, awit budi mawi nimbang pundi ingkang sae, pundi ingkang awon, budi waskitha botên badhe nuntun pikajêngan kaênêrakên dhatêng tindak maksiyat. Budi wêning nyingkiri ingkang awon, nyakêti ingkang sae. Budi padhang awas dhatêng tujuan sae, mangrêtos lampah ingkang awon. Budi jujur, botên purun nêdha timbanganipun raosing manah, margi rasosing manah kêrêp anjlomprongakên awis-awis kenging kangge gondhelan. Pikajêngan ingkang miturut pitêdahing budi awas, têmtu saenipun.

Milanipun kula sadaya sadèrèngipun nindakakên pikajêngan, kêdah lan wajib nimbang rumiyin. Raosing manah ingkang nuwuhakên pikajêngan, kêdah dipun titi priksa saèstu, cêngkah kalihan pitêdahing budi punapa botên, manawi pinanggih botên salaras kalihan budi waspada, pikajêngan kêdah pinêpêg.

Wontên ugi pikajêngan ingkang kagiring budi tuwin raosing manah. Padhanging budi gumêbyar sumorot, nylorongi musthika ingkang karêgêm ing kautamèn. Raosing manah kumêjot nuwuhakên raos katrêsnan. Pikajêngan ingkang lairipun saking katrêsnan sarta katuntun padhanging budi, lampahipun ngênêr dhatêng tujuan utami. Upaminipun apikajêng anggayuh dhatêng kasampurnan, jalaran ngênut wêninging budi saha katarik ing katrêsnan dhatêng Pangeran ingkang Maha Luhur. Inggih makatên punika ingkang dipun wastani unggul-ungguling pikajêngan.

Ing kabatosanipun manungsa punika wontên daya kalih warni, ingkang nguwaosi prakawis pikajêngan, inggih punika budi sarta raosing manah. Pikajêngan punika mardika, kenging pasrah dhatêng budi lajêng manut sapitêdahipun, kenging ugi sumarah dhatêng raosing manah, ngladosi sapanêdhanipun.

Budi wêning madhangi margi dhatêng kautamèn, nanging raosing manah dèrèng têmtu ngajak murugi karahayon. Manawi kêjoting manah kêdadosan saking ubaling hawa nêpsu, pungkasaning pikajêngan ingkang ngênut têmtu sangêt anggêgirisi.

Sadaya tiyang ingkang kanggenan budi waspada têmtu sami ngakêni wontênipun pathokaning kasaenan sarta paugêraning kautamèn tuwin anggêring karahayon. Sarèhning kula sadaya sami kadunungan budi ingkang cêkap awasipun kangge ambedakakên awon lan sae, pramila kêdah sami purun ngakêni wontênipun pratingkah awon lan tindak sae. Sanajan pikajêngan punika mardika kenging nampik utawi milih, ewadene ingkang dipun awratakên kêdah ingkang sae, margi kadadosanipun tindak rahayu beda sangêt kalihan wasananipun pratingkah awon. Wohing sae botên sagêd pait raosipun, wohing awon botên sagêd mawa raos ingkang eca. Sae botên sagêd numusakên awon, awon [a...]

--- 1512 ---

[...won] botên sagêd nuwuhakên kasaenan. Awon narik dhatêng karisakan, sae nuntun dhatêng karahayon. Satunggal-satunggaling manungsa punika wajib anjagi wilujênging awakipun piyambak-piyambak, milanipun sampun dumèh pikajêngan punika mardika, lajêng nandukakên pikajêng sakarsa-karsa, punika klintu sangêt. Èngêta pundi ingkang damêl rahayu.

Sarèhning manungsa punika sèkèng, ringkih, dados sanajan mangrêtos rèhing kasusilan, pikajênganipun asring botên anggêga swaraning budi, kalamăngsa anut raosing manah ingkang cêngkah lan budi. Gondhelan budi punika mila sok asring angèl sangêt, ngantêpi pitêdahing budi kadhang-kadhang awrat saèstu, wêkasan pikajêngan nulung dhatêng raosing manah. Botên nama sêpele sagêd ngêkahi rêmbagipun budi, nglirwakakên pangiming-imingipun raosing manah. Sintên ingkang kêndho pikajênganipun têmtu tansah dados gêdibal raosing manah. Sintên ingkang ambatur raosing manah tanpa mrêduli padhanging budi waskitha, nama botên ngênggèni dating manungsa, wasana ngasorakên drajating jalma.

Măngka kêrêp kemawon kêlampahan kula sadaya kêdah anggêga pakèning budi, ngungkurakên raosing manah. Saupami pikajêngan kêndho, pundi ingkang kangge badhe dipun ênut, budi punapa raosing manah. Ingkang têmtu inggih raosing manah punika. Yèn makatên lajêng nama kawon juritipun, anggènipun prang tandhing kalihan badanipun piyambak têtêp kasoran, margi purun dhatêng raosing manah ingkang bèncèng nêripun kalihan budi.

Ingkang nama jatining kaprawiran punika botên têguh timbuling kulit, atosing balung sarta kiyating bayu, nanging kawantêraning pikajêngan kêncêng ingkang sagêd mêpêrakên kakiyatanipun raosing manah, ingkang purun ngiloni budi samăngsa budi kalihan raos manah sami drêdah usrêk-usrêkan margi slencoh ing kêkajêngan. Ingkang sinêbut prajurit prawira punika sajatosipun tiyang ingkang sabên-sabên sagêd mêpêrakên ubaling hawa nêpsu, milaur anut prentahing budi, sanajan kêdah ngurbanakên raga.

Kêncênging pikajêngan punika tumraping agêsang botên kenging kantun. Sintên ingkang sumêdya nglênggahi drajating kamanungsanipun, kêdah kanggenan kêncênging pikajêngan, jalaran tanpa punika manungsa botên kuwawa nanggulang dêrêngipun raosing manah ingkang ngajak nêbihi kautamèn. Para sarjana utawi para winasis punapadene para alim, anggènipun sami sagêd muluk ing sêsêrêpan, kalok kondhang namanipun, sagêd dados kaca brênggalanipun tiyang kathah, punika botên namung jalaran saking landhêpipun pikiran utawi padhanging pandulu, nanging ugi saking kêncênging pikajêngan. Botên wontên malih kajawi kamantêpan utawi santosaning karêp ingkang badhe mitulungi amrih kabuling panjăngka.

Nglêlantih utawi anggêgulang pikajêngan supados kiyat, kêncêng, santosa, mantêp, punika nama prêluning prêlu. Sintên ingkang santosa saèstu pikajênganipun, têmtu sagêd dados janma kinaot. Nanging kadospundi caranipun tiyang anggladhi kiyating pikajêngan.

R.J. Găndasumarja. Guru H.I.S.

--- 1513 ---

Bab Têtanêman

Jagung Oncèr.

Sanajan wujudipun beda kalihan salimrahing jagung ingkang katanêm ing sabin utawi ing patêgilan, tanêman satunggal punika têtiyang tani sami mastani jagung oncèr utawi jagung canthèl. Kilap punapa sababipun kirang mangrêtos. Malah sawênèh namung nyêbut: canthèl.

[Grafik]

Tanêman canthèl ing bawah Klathèn.

Ing dhusun ngadhusun ugi sampun wontên tiyang sawatawis ingkang sami nanêm, ananging namung kadamêl sambèn utawi kaanggêp namung sak pasrèn tumrap têtanêmanipun ing măngsa usum palawija. Ingkang makatên wau kabêkta saking piyambakipun gadhah pamanggih yèn canthèl punika kirang prêlu katanêm, kajawi saking punika rumaos èwêd pangolahipun, rêkaos pandamêling warni bêrasan. Pramila bab punika kados prêlu kasêrat ing udyana ngriki, ambokbilih sagêd dados wêwahing sêsêrêpan sakêdhik tumrap kănca tani ingkang gadhah panganggêp kados makatên wau.

Ing măngsa katiga utawi rêndhêng jagung oncèr punika tansah sae kemawon katanêm, janji panggaraping siti sampun lêrês, tuwuhipun ugi lêma, malah kangge tumpang sari kalihan kacang brol inggih prayogi. Mênggah wujudipun saèmpêr wulenan pantun, namung kaot agêng tur akas sarta las-lasanipun bundêr, warninipun abrit cêmêng. Yèn sampun dados bêrasan kawastanan: uwos jagung oncèr, manawi kaêdang raosipun eca, kumênyil apulên kados dangdangan wos kêtan, malah kenging dipun damêl tape sarana dipun ragèni ugi saya miraos. Dene yèn namung kaêdang thok sagêd dados gajuling sêkul, pratikêling pangêdang mawi kapususan botên beda kalihan nandangi uwos pantun.

Sapunika badhe nêrangakên bab rekanipun murih anggampilakên panggêntang, inggih punika ingkang dipun wêgahakên dening têtiyang kasêbut nginggil :

--- 1514 ---

Jagung oncèr sasampunipun kaundhuh, sadumugining griya têrus kacêlupa ing toya wedang mumpal-mumpal ingkang sadèrèngipun sampun kasadhiyakakên, bakda kacêlup ing wedang sawatawis mênit têrus kaêpe ing latar, patrapipun kados ngêpe godhong sata (untingan kacanthèl-canthèlakên ing anjang-anjang), punika yèn sampun garing sayêktos gampil pambêbakipun kadadosakên wos. Dados pratikêl makatên wau gênahipun murih gampil kapisah ing dhêdhak kalihan bêrasanipun. Sipat badhe kagêntang kêdah kaêpe rumiyin. Pramila têtiyang tani ingkang sampun kula sumêrêpi, anggènipun sagêd mastani angèl utawi èwêd pangrimatipun wau jalaran dèrèng sumêrêp pratikêl punika.

Dene yèn badhe ngingah kangge wiji kêdah katarang ing sanginggiling pawon, murih tansah kêpêgan, dados botên gampil kambah ing ama bubuk, awit jagung oncèr makatên adhakan ama punika. Mênggahing pananêm ingkang sae punika sarana kagêjig, ing măngsa kalima, mathuk kangge tumpangsari kalihan jagung limrah ing sabin punapa patêgilan, langkung prayogi malih katanêm sapinggiring pagagan, urut pinggir kadamêla sawatawis kêrêp kemawon, punika sagêd dados panulaking angin sawatawis, murih tanêman gaga botên gampil rêbah, awit jagung oncèr punika witipun kalêbêt kiyat. Dene ing gêjigan wau manawi thukulipun katawis angrêmbuyung kathah, sae kabêdhola ingkang kêra-kêra, kakantuna 2 utawi 3 uwit kemawon, mangke sagêd subur tuwuhipun, wohipun mêntês-mêntês.

Ing wasana sanajan bab punika nama namung kawruh sapele, nanging mêksa kula udhokakên, jalaran kula piyambak kêrêp mrangguli kănca tani ingkang dèrèng kenging winical lêrês panindakipun, punapadene ingkang kula udhokakên ing ngriki punika kanthi wêwaton nyipati piyambak. Samantên ugi tansah kasrah sumarah ing karsanipun para pangripta.

Nirasa Niti Atmaja.

Tumpang, Malang.

Panggulawênthah Lare

Watak Sum'ah.

Mênggah têmbung sum'ah wau, piridan saking têmbung Arab, têgêsipun: lumaku dèn rungokna. Tumandukipun sumarambah ing wêwatêkaning manungsa, bilih manungsa, ingkang kalêbêtan watak ingkang kados makatên wau, măngka botên enggal kaudi murih sudanipun, ingkang adhakan namung badhe manggih piduwung ing wingking. Ingkang makatên wau inggih botên gampil anggènipun nyirnakakên. Langkung-langkung tumrapipun lare neneman, ingkang sawêg ambabar ponang sari (birai), wah gampil sangêt tuwuhipun watak ingkang makatên punika, bilih botên santosa imanipun makatên, kenging

--- 1515 ---

katêmtokakên langkung angèl anggènipun badhe ngicali.

Mênggah ingkang dados titikanipun tiyang ingkang radi kandêl sum'ahipun punika makatên: upami nêmbe wontên salêbêting pakêmpalan, măngka ing ngriku lajêng katingal anggènipun sontan-santun gagrag, ingkang sarana nyuwara sora (murih kamirêngan ing akathah) tuwin pasanging sêmu murih kawastanana …. Dados galèthèkipun sadaya ingkang kalairakên wau, awit pasajanipun, nanging ingkang kathah amêngku pikajêng, ingkang ancasipun namung dhatêng pangalêm. Inggih lêrês pangalêm wau badhe ngêtingalakên pasêksèn ingkang dados lêlabêtan utawi kasaenanipun, nanging rak pangalêm ingkang mêdal saking pikajênganipun piyambak, ingkang sarana botên kadamêl-damêl, punika inggih wontên prayopginipun, sarêng pangalêm ingkang tuwuhipun saking pandamêling badan pribadi, saha ingkang katingalakên wau, dèrèng kinantên dados tumujuning manah ingkang dipun ênêr, harak tuwas anggènipun pathênthang-pathênthêng punika. Saminipun tiyang ambalang pêksi, bilih sagêd patitis inggih rumaos karaos sakeca, sarêng manawi lêpat, harak namung badhe manggih kiyu kemawon. Makatên punika wujuding sum'ah ing lesan, sarêng sum'ah ingkang tumrap lageyaning sarira, limrahipun kawastanan pamèr.

Mênggah sum'ah ingkang adhapur pamèr punika makatên, upami nêmbe lumampah, nalika wontên ing panggenan ingkang samun, inggih barès saha kanthi sasakecanipun, sarêng dumugi ing panggenan ingkang andadosakên sêngsêming manahipun, punapa malih upami ing ngriku nêmbe wontên ingkang dados tumujuning manah dhatêng wanita, gragap sinipi anggènipun tata-tata angudi murih sampun kuciwa, ing sakawit lampahipun kêthêthêr-kêthêthêr, sarêng makatên lajêng santun jênggilang-jênggilêng, makatên punika inggih kagolong sum'ah ingkang langkung kasar, ewasamantên inggih sampun kagolong alus, awit pandamêl makatên wau sampun dipun kayang sayêktos, mila botên kawistara. Tuwin malih saking pangraosing manahipun, botên pisan-pisan gadhah pangintên bilih kawiyak dadosipun ingkang sapele punika. Nanging tumraping tiyang ingkang landhêp dhatêng kridhaning sêmu, harak tuwas kaèsêman ing batos.

Mênggah thukuling watêk makatên punika, wiwitipun nalika taksih lare ugi sampun gadhah, kabêkta saking panggulawênthahing tiyang sêpuh kirang mandhês, mila dados tiyang sêpuh punika pancèn agêng têtanggêlanipun. Awit saking punika, mila langkung prayogi nalika taksih lare kaudi murih sampun ngantos katuwuhan ing watak ingkang makatên wau. Jalaranipun punapa, botên sanès, kathah-kathahing tiyang sêpuh wau, bilih anakipun nêmbe gadhah kasagêdan mindhak sakêdhik kemawon, lajêng kasêsa anggènipun ngalêmbana, tuwin katrêsnanipun dipun katingalakên, dados lare manahipun lajêng măngkog agêng, dangu-dangu bilih makatên patrapipun, botên badhe sagêd suda, malah saya wêwah, dumugining diwasa lajêng kaladuk, awit ing ngriku sampun wontên dhêdhasar ingkang makatên.

--- 1516 ---

Mila utaminipun, sanadyan trêsnanipun para sêpuh dhatêng lare wau botên badhe kenging katêbihna, nanging sasagêd-sagêd sampun dipun katingalakên dhatêng lare ingkang dipun dhawahi ing trêsna, mindhak murugakên pêpêtêng dhatêng bêbudèning lare.

Wasana mênggahing andharan kula ing nginggil wau, sampun kagalih nyaruwe dhatêng pratingkah, nanging sajatosipun namung kangge ular-ular dhatêng panyêgahing watak sum'ah.

Nyuwun gung samodra pangaksama.

Kula pun

S. Sukawiyata.

Pamong siswa, Kuwukan, Kudus.

Panglipur Manah

Wilujêng Dumugi 80 Taun.

[Mêgatruh]

Ngalanguting cipta tanpa pêgat tumus | nêrusi rasaning ati | umèngêt ing sanggyanipun | lêlakon kang wus kawuri | maksih cêtha tanpa pêdhot ||

kang pinangguh rasaning janma wus sêpuh | kalanira angèngêti | tabêt lêlakon ing dangu | têmah bangkit angênani | ngoncati rasaning kêmpong ||

warna-warna kaanan kang wus tinêmu | yèn mèngêt kala prihatin | sêsêging uswa kêwêtu | nyut krasa tumus ing ati | têmah lungguh dhêlog-dhêlog ||

yèn umèngêt kala manggih suka nutug | kêwiyak èsêming lathi | kang anggugah rasèng kalbu | kumênyut ngeling-elingi | kadi maksih cakêt katon ||

apan kadi ananira kang tinêmu | janma kang wus lalu warsi | ngumur wolung puluh taun | pinanggya prajèng Walandi | têtêp lulus kadang karo ||

kang sajuga Cornelis ing aranipun | Carandus ingkang sawiji | jatinira kadang iku | kêmbar kang mèh plêk ing warni | nanging padha lamun adoh ||

dahat tutug dènira kêkadang iku | dupi nuju amarêngi | têtêp wolung puluh taun | pêpanggihan kadang kalih | sami angsung karahayon ||

samya rapêt traping asta dènnya tundhuk | tabikan têrusing ati | linut ing polatan sarju | kèbêkan rasaning ati | maring sanggyaning lêlakon ||

yèn ginagas laku wolung puluh taun | yêkti ngêlangut kapati | marma dupi kalanipun | kadang kêkalih kapanggih | nuju arinira wêton ||

pan wus tamtu anggagas lêlakonipun | duk kalane maksih alit | ingêmong ing bapa biyung | tansah ayêm angayomi | angupaya karahayon ||

ing salami para kadang tansah kumpul | ngênggoni jaman raywalit |[1] tan wêruh ananing butuh | mung kulina sênêng ati | kongsi kêtumanên maton ||

dupi antuk rumaganging cipta tuwuh | wiwit kêcakan ngoncati | sarasèng trêsnaning karuh | dening kêsuk ing pamardi | dêdalane dadi uwong ||

dyan kêtungkul pamardinira ing kawruh | kang wajib dipun wêruhi | tan liya sadaya iku | mung dadi sarana yêkti | jalaraning kadang pêdhot ||

dupi ngambah jamaning diwasa tuhu | mung ngèngêt badan pribadi | kayaparan dadinipun [dadi...]

--- 1517 ---

[...nipun] | mrih widadaning pangudi | têtêp ingaranan uwong ||

wusing têtêp ingaran wong kang wus ngumur | yèku têtêp anglakoni | ngupadi kaskakayèng idhup |[2] mung tansah kêtungkul mligi | gusthi ayuning lêlakon ||

saya adoh traping kadang miwah karuh | tan pisan kongsi pinikir | lan wruh rasa cobanipun | têtêping suka myang sêdhih | ingkang lumintu kalakon ||

yèn kêpêthuk rasanirèng suka nutug | apan lumrah dènnya lali | saya kêpulêt kêpasuk | rasa kamuktèning ati | tan eling purwaning lakon ||

nanging lamun nuju kataman tan sarju | tanapi susah ing ati | saya kalamun kêpanduk | rasaning duhkita jati | nyuting tyas asring kawiyos ||

[Grafik]

umèngêt mring kadang tuwin mitra karuh | awit rasanirèng batin | rinasèng antuk bêbêndu | kang măngka marganing eling | tan linglung maring lakon |[3]|

pan kadyèku rasaning lêlakon iku | lumaku gilir gumanti | lir tanpa wêkasan tuhu | kang tinêmu jroning urip | mung susah lan karahayon ||

dene lamun wus têtêp rasaning kalbu | kêbuka nêdya mêmikir | nglanguting lêlakonipun | jroning wolung dasa warsi | sayêkti kêndho ing batos ||

kadi iku janma karo kang winuwus | tuluse dènnya ngrênggani | wus kongsi dangu ngalangut | yêkti tungtum ngrumasani | cakêt marganirèng layon ||

èsêmira kawuryan manis kumênyut | dènnya samya kaki-kaki | maksih pinarêngkên kumpul | têmah wèh oyaging ati | ngudi sampurnaning lakon ||

yogya emut mring sanggyaning laku luput | dinohna godhaning ati | ywa kongsi anggung kêtutup | tan mèngêt dènnya wus wanci | cakêt dènira murwèng don ||

yèn rinaras rasanirèng janma sêpuh | ing kalanira pinanggih | lan janma kang babag umur | kumênyuting tyas katawis | mêmèngêt maring lêlakon ||

beda lamun srawungan lan anak putu | tuwuhing tyas mung nganani | mring rasa dadining sêpuh | cukup mulang mituturi | wus tamtu tinrimèng batos ||

bêbasane ujaring wong tuwa iku | tumraping para taruni | mung ingalap brêkahipun | mrih sawabe amimbuhi | ing rahayuning pra anom ||

marma tuhu janma karo duk [du...]

--- 1518 ---

[...k] kêtêmu | kumêbutira ing ati | kêrasa rasa satuhu | dene tinêmune ugi | lir ngoyag rasaning batos ||

nanging tuhu nama aktun[4] bagya agung | pantês tinulad linuri | dènnya nêmu bagya nutug | kongsi wolung dasa warsi | aran kumpul kadang katon ||

Jagading Wanita

Lumuh Sêpuh.

Kajênging tiyang punika manawi dipun turutana, utawi purun ngakêni, pancèn botên purun sêpuh. Tiyang ingkang sampun wiwit plêtik-plêtik mêdal uwanipun, lajêng cacapan, purih cêmêng. Tiyang ingkang sampun ompong, lajêng yasa untu palsu, gêlaripun namung murih manawi nglêthak balung supados taksih klêthuk-kalêthuk. Ingkang suda pandulunipun, lajêng ngangge kaca mripat malah brêgas.

Sapunika kantun mrihatosakên ngalunthunging kulit, kadospundi. Puluh-puluh kuwawia mêmamah, awasa pandulunipun, punapadene rambutipun anyambêr lilèn, nanging manawi kulitipun ngalinthing, mêksa ambrêbês mili.

[Grafik]

Sampun kuwatos, sapunika ing Amerikah sampun wontên pirantos kangge ngênèmakên kulit, kados ing gambar. Tiyang ingkang rainipun sampun pating jêngkêrut, manawi dipun trapi pirantos wau, tuwin dipun kukusi dayaning jampi, kulitipun lajêng lumêr malih.

Sanadyan ing ngriki dèrèng wontên, nanging tumrap para kulit ngalinthing sampun ragi ayêm, awit samăngsa ing ngriki wontên, tamtu lajêng andadosakên kulit prêlu.

Nanging sayêktosipun, sadaya punika mawi watês, ingkang sampun tuwuh saking pathokan kodrat. Upaminipun, tiyang ingkang wancinipun birai, punika dipun pênggaka, inggih botên kenging, awit ing ngriku pancèn nuju angênggèni jamanipun wanci birai, nyandhang kêdah brêgas, badan kêdah dipun kisik. Dene ing benjing manawi sampun wancinipun ngambah jaman sêpuh, botên usaha dipun pênggak, inggih badhe nglêpèh piyambak.

Ewadene manawi wontên tiyang sampun sêpuh kêtingal brèsèt, nyandhang ngangge kêdah sarwa sae, tuwin wêdhak pupuripun kêtingal dados pêpaès, punika kajawi ragi marojol, inggih kenging dipun wastani: ora nyêbut.

--- 1519 ---

Rêmbagipun Sêmar, Garèng lan Petruk

Bab Ewah-ewahaning Pangangge.

Sêmar : Wayah, panganggoku anyar kiyi rasane nyang awak, kok le mak srêg kapenak bangêt, ora nyana ora ngimpi, yèn bêsusku iki katêmu tuwa. Nèk aku ngilo, dak sawang-sawang rupaku kiyi kok rada mèmpêr, yèn jumênênga bêndara kolèktur, tur kolèktur sing duwe simpênan dhuwit nyang ngêbang apês-apêse sapuluh èwu rupiyah. Lho, sanajan tuwaa kae, wong tuwa kiyêng, sajake dadi katon barêgas, mungguh, kathik dhèmês. Wayah, pancèn nyata, padha-padha panggawe, ngalêm awake dhewe kuwi mungguhing aku sênêng bangêt, awit yèn ana kuciwane mêsthi tak liwati. Coba, sarèhning wis macak ngene kiyi pantêse iya banjur manggung, e, nganti kaya kutut: èh hêm.

[Grafik]

Bêcik dhewe macak cara Landi | nanging ora tinggal têngêr Jawa | mlipis ikêt-ikêtane | kuncung nyongat mandhuwur | wêwirone salawe sisih | cêkokan mănda-mănda | nadyan tuwa bêsus | sêtèlane êjas bukak | dhasi abang kacune sumlêmpit mingip | rumasa kaya jaka ||

E dene ora ana sing nyênggaki | wis ngiras-ngirus tak sênggakane dhewe | kêmbang nanas | kêmbange wong ati panas | siwa-siwa nadyan tiwas | waton bisa nyandhang brêgas | hèh-hèh-hèh | kok nyamlêng rasane ||

Bukan main yang sêkarang ini | saya sudhah bisa jadhi Blandha | sêpatunya thiyèt-thiyèt | sapa orang yang tahu | mêsti tidhak ngira sêkali | jika lu guwa Sêmar | sêpêrti yang dhulu | têtapi Sêmar modhelan | tambah lagi barang dhikit bisa not-nit | pèndhèk Sêmar jêmpolan ||

E toblas-toblas | nganti kêlepyan yèn aku kiyi wong Jawa | lagi kêsasaban jas calana bae | banjur arêp lali | cara Mlayu didhandhanggulakake | yah iya tak sênggakane pisan | kêmbang obi | kêmbang orang main mati | tak prêduli asal sêpêrti priyayi | adhuh le gandêm nyang pikiran | jajal sak pada manèh ||

Kliling-kliling dalan diidêri | milang-miling golèk sêsawangan | manawa ana bêjane | dilalah thumuk-thumuk | ana răndha ngutangi dhuwit | jangjine kêna ngêmplang | kathik isih imbuh | masrahake jiwaraga | la rak kojur apa kuwat anglakoni | wong bêgja numpa-numpa ||

Samono wong ki yèn lagi bêgja, mula bêcik disênggaki kêmbang năngka, wong wis tuwa cara Lănda, dhasar nyata, êmoh mati yèn kênaa, dudu mênus, lo mak bêdhêngus kaya si Garèng, majua mrene thole.

Garèng : (Ngunandika: salah siji panêmuku kiyi mêsthi bênêre, êmbuh Rama kiyi lagi mêndêm kacubung, êmbuh ana răndha sing arêp diarah, anggone macak [ma...]

--- 1520 ---

[...cak] têka dikayang bangêt, nganti patut upama ditongtonake ana ing sêtèlêngan, utawa mèlu pamainan kêmidhi jaran, sarana diwarak-warakake: bulus kawak kang bisa tata jalma). Kula nuwun, Rama, sêmbah bêktinipun ingkang putra ipun mugi konjuk ing ngarsanipun panjênênganipun.

[Grafik]

Sêmar : We la, apa mêntas panèn, ipun apa, kok rindhil ipune mêngkono. Iya bangêt ing panarimaku, thole, dene kowe wis asung bêkti mênyang aku. (Sêmar lajêng angunandika: hêm, têka anggumunake, barêng aku katon brêgas ngene, Garèng sanalika banjur salin salaga, banjur ngendahake nyang wong tuwa, tur katon ngajèni bangêt, mulane pancèn iya bênêr bangêt, wong kuwi kalane isih ênom, kudu sing ngudi têmênan nyang pangane, amrih ing têmbe burine aja dadi gawene anak putu, awit sing akèh, wong kuwi, apa manèh yèn sathithik-sathithik anduwèni drajad, sok isin yèn wong tuwane katon nistha. Yèn ditiliki, wong tuwane mau ora kok banjur dipapanake nyang jêro ngomah, nanging ana ing papan sing kiwa, upamane bae ana ing langgar, sabab ganjarane sok watuk, mundhak ngêgèt-êgèti putu-putune sing padha lagi turu. Kosokbaline, wong tuwa sing gagah, kuwi iya ana ora kapenake, awit, durung mati, anak-anake wis sok padha rêgêjêgan, marga padha rêbutan bakal tinggalane. Mara, apa iya ora kojur). Ora, Rèng, mungguhing sawanganamu, kapriye aku macak mêngkene kiyi. Apa iya wis pantês.

Garèng : O, inggih mila sampun ngaumudhani, sampun katingal brêgas sayêktos, upami Rama krêsa rawuh ing pêkên, têmtunipun adamêl bibaring têtiyang sadean ing ngriku saèstu.

Sêmar : E, sêmbrana, la nèk mêngkono kuwi, aku rak katon kaya wong edan arêp ngamuk. O, Thole, Garèng, anakku, gèr, kowe tak kandhani, anggonku macak brêgasan mangkene iki, satemene saka olèhku arêp ngênggoni jamane. Jaman saiki kiyi jaman bêcik, jaman brêgas-brêgasan, dadi yèn aku ora manganggo mangkene, têmtune aku banjur ora katon uwong. Hara, coba dak manganggo sing sarwa ala, mêngko rak iya banjur disawiyah-sawiyah bae. Beda karo nèk aku mrabot kaya ngene kiyi, apa manèh aku ana ing Batawi, sabên kusir sadho angundang aku iya mêsthi: tuwan. Mula aja kasliru surup mungguh pakolèhe wong nganggo apik, aja banjur kok arani awis ngaum mudhani, o, kuwi ora bênêr, jalaran sing diarani kaum mudha: kuwi sajatine dudu panganggone, dudu pacakane, satêmêne mung dumunung ana pikirane utawa ing atine. Sanadyan aku wis macak barêgas mangkene, [mangke...]

--- 1521 ---

[...ne,] nanging yèn atiku utawa pikiranku mung murih kapenaking uripku dhewe, iya dudu kaum mudha, kosokbaline wong kang manganggo cara kuna, tur sarwa ala, nanging yèn atine utawa pikirane bangsa migunani ing ngakèh, ya kuwi sing jênêng kaum mudha sajati, ora mung pulasan kaya aku kiyi.

Garèng : Mênggah pangandikamu sadaya punika, pancèn inggih lêsêr. Kula piyambak inggih mêntas andadosakên pangangge wontên panggenanipun Jiran, kalilana kula mantuk rumiyin, prêlu badhe mangangge anggèn-anggèn kula enggal. Manawi Rama uninga anggèn kula macak, sampun têmtu klêngêr sêpuh sayêktos.

(Badhe kasambêtan).

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Wontên pawartos, konggrèsing para wanita Indhonesiah badhe dipun adani wontên ing tanggal 22 dumugi 24 Dhesèmbêr, manggèn wontên ing dalêmipun Tuwan Jayadipura Ngayogya. Adêging konggrès wau saking paguyubaning pakêmpalan Wanita Utama, Wanita Katolik, Aiyah (golongan Muhamadiyah èstri), Wanita Mulya (golongan Walfajri èstri), P.N.I. Wanodya tuwin peranganing putri J.I.B. Jong-Java lan malih Pemoeda Indonesia.

Up bêstiring J.I.B. gadhah panuwun dhatêng pamarentah supados angicali buku-buku waosan tuwin taman pustaka ing pamulangan gupêrmèn, ingkang wontên suraosipun ngrèmèhakên agami Islam tuwin tiyang siti. Ing bab punika sampun dumugi ngastanipun parampara prakawis tiyang siti, saha badhe ngawontênakên kumisi mriksa buku-buku wau. Saking usuling golongan Islam, angajêngakên Radèn Sasrasugănda, supados dipun pilih dados kumisi.

Wontên pawartos, kontrakipun Kon. Ned. Ind. Luchtvaart Mij. kalihan pamarentah sampun dipun tapakastani dening Tuwan Nieuwenhuis wêwakiling matsêkape wau, tuwin paduka dhirèktur pakaryan praja Tuwan de Iongh.

Pakêmpalan wanita Indhonesiah: Putri Indhonesiah ing Ngayogya badhe ambikak kursus pangajaran Staatsrecht, ingkang dados guru mistêr Suyudi, manggèn ing pamulangan Taman Siswa.

Satunggiling dhusun bawah Kulonpraga, wontên sawênèhing tiyang sakit ewah, jalaran saking sangêtipun anggèning sakit bêntèr, mêjahi biyungipun piyambak tuwin anatoni sadhèrèkipun jalêr èstri, ingkang sami taksih alit.

Ing Surabaya mêntas wontên ès lilin, ingkang dipun priksa ing dhoktêr. Miturut papriksan, ingkang dipun angge ès wau toyanipun kirang sae, amargi toyanipun sanès toya lèdhêng, ing dalêm 1 sèntimètêr kubuk, pinanggih wontên baktèrinipun 1.000.000-3.000.000. Mila mèmpêr saupami ès lilin wau sagêd anjalari tuwuhing sêsakit: ambêbucal rah umbêl, kolerah tuwin tipês. Wontênipun papriksan wau, jalaran ing Surabaya kathah tiyang sakit, ingkang jalaran saking mêntas nêdha ès lilin.

Notaris Roeloffs Valk ing Batawi, kasumêrêpan kirang sae tumindaking padamêlanipun, tuwin ing sapunika sampun angakêni ing kalêpatanipun, nanging dèrèng kasumêrêpan pintên cacahing arta ingkang kasalingkuhakên, amargi sawêg dipun priksa ing akontan. Ing sapunika rad pan yustisi sampun nyêkorês Tuwan Roeloffs Valk laminipun 6 wulan, tuwin angusulakên dhatêng pamarentah supados dipun kèndêli, dene ingkang dipun calonakên, kandhidhat notaris Andela ing Malang.

Sawatawis dintên malih, Radèn Ayat, ing Madiun, badhe ngêdalakên kalawarti basa Jawi. Manawi sagêd tumindak sae, lajêng badhe dipun dadosakên kabar padintênan.

Wontên pawartos, ingkang bupati ing Brêbês, ingkang kagantung kalênggahanipun, badhe angsal pangapuntên, saha katêtêpakên malih.

Radèn Hasan, Patih Purwarêja, katêtêpakên dados bupati ugi ing Purwarêja.

Radèn Surasna, administrasis, amtênar kantor algêmènê sèkrêtari, kaangkat dados rèpêrèndharis ing kantor ngriku ugi.

--- 1522 ---

Kapala sêkolah ăngka kalih ing Plêngkung, Magêlang, nalika badhe nglintokakên mandhat balănja gunggung f 550.- ical wontên ing margi, lajêng lapur dhatêng ingkang wajib, sapriki dèrèng pinanggih. Guru-guru ing pamulangan ngriku kêpêksa dèrèng nampèni arta balănja ing wulan Oktobêr.

Tiyang nama Atmasumarta ing dhusun Krênêkan, kaondêran Polanharjo, Klathèn, kacêpêng ing pulisi, jalaran mêca badhe dados ratu adil, saha sampun ngirup tiyang tigang dasanan, wontên ingkang dipun sagahi badhe kadadosakên pangeran.

Ing Pakalongan sampun ngadêg saksi P.P.P.K.I. saking kêmpaling B.O. Pakalongan P.S.I. Batang tuwin P.N.I. Pakalongan. Ing Ngayogya saking kêmpaling B.O., P.S.I. tuwin P.N.I. Ing Cianjur saking kêmpaling pakêmpalan Pasundhan kalihan P.S.I.

Kala tanggal 29 Oktobêr, ing Surabaya wontên parêpatan sarekat kaum buruh, dipun dhatêngi ing tiyang kintên-kintên 2000. Pangarsa Kaji Muhamad Abas Marjuki mêdharsabda, maos sêtatutên, suraosipun anggolongakên sadaya kaum buruh, tuwin namung kangge băngsa Indhiya kemawon, botên ngêmori pulitik. Lajêng dipun sambêt ing Tuwan Onarja, Sukiman tuwin sanès-sanèsipun. Sarêng tuwan Tan Bogwan tuwin Kwèking Cwan mêdharsabda, dipun pênggak ing pulisi.

Kala tanggal 27 wulan Oktobêr jam 5.45 pasakitan nama Ganjil, ingkang kadakwa dados panuntun komunis tuwin durjana koyok ing Padhang, sampun kaukum gantung wontên salêbêting pakunjaran ing Padhang.

Tuwan Gonggrijp insêpèktur tuwin Tuwan Wasta amtênar boswèsên, ingkang sami kautus pamarentah dhatêng Dhilipènên, sampun dumugi ing Sêmarang, wontênipun ing ngrika badhe mahamakên ing bab pakaryan kajêng. Wangsulipun badhe wontên ing wulan Januari.

Kala ing dintên Sêtu kêpêngkêr ing Middelbare Landbouwschool ing Bogor, damêl pèngêtan, kathah ingkang sami rawuh. Gêgayutan kalihan pèngêtan punika, dhoktêr Boorsma tilas dhirèktur sakawit, ingkang sapunika wontên ing nagari Walandi, tampi bintang opsiring oranyê nasao.

Kala tanggal 27 wulan Oktobêr pabrik sirsêtop ing Ngagêl Surabaya anjêblug, wuwunganing pabrik ngantos jêbol, karisakan sangêt. Punggawa Walandi wontên ingkang kataton satunggal, punggawa tiyang siti pêjah satunggal. Sapunika padamêlan sampun tumindak malih.

Kala Ngahad kêpêngkêr panitya pamulangan B.O. ing Ngayogya, saèstu ngawontênakên karamean taunan ngiras mèngêti adêging pamulangan B.O. sampun 15 taun.

Los ampas pabrik gêndhis ing Gunungsari, Surabaya, kêbêsmèn, ing ngriku isi ampas 1.500.000 K.G. latu lajêng sirêp dening pitulunganing pompa motor pabrik, karugianipun kathah.

Kala ing dintên Jumuwah kêpêngkêr, pangadilan landrad ing Bandhung angrampungi prakawisipun pasakitan Marta, ingkang kadakwa damêl ura-uru komunis kala samantên. Pasakitan kaukum 6 taun kunjara, nyuwun apèl.

Ing bawah kabupatèn Sragèn tuwuh sêsakit rajakaya, ingkang dipun wastani surra, sampun kathah lêmbu ingkang tiwas. Minăngka panulakipun sêsakit wau, wontên lêmbu pintên-pintên atus ing wêwêngkon kadhistrikan Gêmolong tuwin Masaran, sami dipun suntik surra.

Bang Kabangsan ingkang nêmbe kabikak wontên ing Surabaya, punika andhilipun kabagi f 1500,- f 500, f 250,- tuwin f 100,-

Sawênèh kaji ing Rancaèkèk, ingkang mêntas kêbêsmèn, wontên artanipun kêrtas ingkang katut kêbêsmi f 50.000.

Radèn Mas Suryapranata, pangarsa pangrèh agêng punggawa pagadhean, dipun patah pangrèh agêng, sêsorah dhatêng para warga, dipun wiwiti saking Karanganyar, Bandhung, Cicalengka, Batawi, Cirêbon, Pakalongan, Sêmarang lajêng wangsul dhatêng Ngayogya malih. Ingkang kasorahakên pakêmpalan P.P.P.H. botên tarimah ing bab tatanan balănja.

Ing sacêlakipun Cipoyum, Priyangan, mêntas wontên sima agêng kalêbêt ing kala. Kajawi punika ing sacêlakipun kabudidayan ing Pasirjawa, inggih wontên sima kêkalih ingkang katingal, saha lajêng dipun udi murih kacêpêngipun.

Ing Cianjur mêntas wontên bikakan sêkolahan Taman Siswa, êpangipun pamulangan Taman Siswa ing Ngayogya. Ingkang dados pangarsanipun Radèn Mas Yakin.

Wontên pawartos, punggawa nagari ingkang sami wontên ing Dhigul sami kaparingan wêwahan balănja. Kajawi balănja ingkang mêsthi, kapetang wiwit tanggal 1 Januari 1927, ugi sami angsal wêwahan sabên wulan tumrap asistèn wadana f 60.-. Juru sêrat ăngka I f 15.-. Mantri pulisi f 17.50. Pulisi agèn utawi rêsèrsê f 15.- juru sêrat f 10.- tuwin pambantu sipir f 15.-

Gupêrnur ing Jawi Wetan mêntas amradinakên sêrat sêbaran, suraosipun, sintên ingkang rumaos botên narimah ingatasing inggah-inggahan pangkat, supados aprasaja gadhah atur, sampun ngantos ing bab makatên wau dipun êwratakên ing sêrat budhêg, awit tindak prasaja makatên punika nama sanès pandamêl awon, tamtu badhe angsal katrangan. Dene manawi dèrèng narimah tampi katrangan saking pangagêngipun, kenging nyuwun katrangan dhatêng pangagêng ingkang langkung inggil.

--- 1523 ---

Wêwaosan

Sêrat Jaka Pitutur.

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta.

8

Sudarsana sagah, lajêng sami pêpisahan. Ing wanci sêrap dumugi Magêlang anjujug ing kampung Kauman, ing ngriku dumadakan kêpanggih tiyang èstri sêpuh mêntas tumbas lisah pèt, Sudarsana lajêng pitakèn: Êmbah, kula nyuwun pitakèn, griyanipun Radèn Ngantèn Sulastri Sindupraja punika pundi.

Tiyang èstri sêpuh botên mangsuli, nanging tansah anyawang dhatêng Sudarsana, raosing manah gadhah wêlas sarta asih, tiyang èstri sêpuh lajêng mangsuli: Iya aku kang aran Radèn Ngantèn Sulastri Sindupraja, dene omahku kuwi ngarêp, yèn kowe arêp mênyang ngomahku, ayo ta. Sudarsana sasampunipun lumêbêt ing griya lajêng dipun linggihakên ing salu sarta dipun pitakèni, nama, pinăngka lan sêdyanipun, inggih lajêng kawangsulan salêrêsipun, nama Sudarsana, asli saking griya Miskin ing Sêmarang, nêdya ngupados padamêlan, dene anggèning anjujug ing ngriku punika awit saking pitêdahipun rare jaka ing Têmanggung ingkang pangakênipun taksih putu piyambak, tiyang èstri manthuk-manthuk kalihan anyawang wujudipun Sudarsana, wontên kraos ing manah dhatêng Sri Têmon ingkang sampun ical rumiyin. Sudarsana dipun sêgah nêdha, nanging anggèning nêdha botên patos doyan, amargi badanipun karaos sumêr-sumêr bêntèr. Rampung anggèning nêdha sawatawis lajêng kapurih mapan tilêm, sarêng enjingipun Sudarsana botên sagêd tangi saking patilêmanipun, jalaran badanipun bêntèr karaos kakên sadaya, cêkakipun Sudarsana sakit bêntèr sabab saking katandhêgan kêsêl, wontên ing patilêman namung kèndêl kemawon botên purun sambat, badhe sambat dhatêng ingkang gadhah griya, ajrih, rumaos dede sanak, malah dhatêng-dhatêng adamêl susah, mila pêpuntoning manah lajêng kèndêl kemawon. Ingkang gadhah griya sarêng sumêrêp bilih Sudarsana sakit bêntèr, tansah dipun cêlaki, dipun pijêti sarta dipun komprès sirahipun, anjalari lajêng mêdal karingêtipun. Sudarsana sagêd karingêtên ngantos kêkotos kados tiyang adus, jalaran saking punika badanipun lajêng karaos ènthèng, salêbêtipun tigang dintên sampun saras babarpisan, mila Sudarsana sangêt anggèning narimah dhatêng nyai sêpuh.

Sudarsana sasampuning saras badanipun, lajêng tuwuh susah raosing manahipun, amargi artanipun sangu sampun têlas, saya malih ngupados padamêlan tansah botên angsal, mila lajêng cariyos dhatêng nyai sêpuh badhe nêmpuh byat lumêbêt dados militèr. Nyai sêpuh mirêng cariyosipun Sudarsana punika lajêng carocosan êluhipun sarta wicantên: Ênggèr kowe aja dadi militèr, militèr iku iya bêcik, dadi pangajaran gêdhe tumrap bocah nom, nanging kowe wis tak suwunake pagawean marang tuwan sèkrêtaris ing Ngayogyakarta, dhèk wingi mêntas tindak saka Magêlang kene tuwi garwane. Nalika isih dadi aspiran kontrolir têpung bêcik bangêt marang aku, kangjêng tuwan iku rêmên bangêt nênuntun panggawe bêcik marang wong kang duwe kalakuan bêcik, mula kowe yèn wis kêtampan didadèkake pambantu juru tulis, sing srêgêp, sing ngati-ati, aja sêmbrana, lan sing tumêmên. Pagawean iku tumrap bocah kang lagi-lagi tapak nyambutgawe, ora beda wong bêbojoan, yèn ora kabênêran sapisan, ing pamburine iya ora kabênêran, sanadyan olèha pagawean manèh, sing akèh tanduking ati kêmba, utawa gêla, anggone gêlêm anglakoni iku saka puwungan utawa saka kapèpèt. Mula kowe sing mêntas, aja lecekan, sarta kowe ana ing Ngayogyakarta tak titipake sadulurku nak-sanak, jênêng Kaji Muhamad Ibrahim, ana ing kampung Bintaran, sesuk kowe mangkata, prakara sandhang pangan kowe aja kuwatir wis tak tulis ana layang iki, mula layang iki aturna marang kaji sanakku iku, liya dina kowe banjur tak tututi mênyang Ngayogyakarta.

Sudarsana botên ngintên pikantuk pitulungan samantên agêngipun saking nyai sêpuh, mila ingatasing kasaenan punika lajêng cinathêt salêbêting sanubari botên badhe kasupèn ing salaminipun.

Sudarsana saèstu dhatêng Ngayogyakarta anjujug ing kantor karesidhenan, rêrêmbagan kalihan tuwan sèkrêtaris sawatawis lajêng pamitan badhe ngupadosi Kaji Ibrahim dhatêng kampung Bintaran. Sudarsana dipun êtêr upas kantor dhatêng griyanipun Kaji Ibrahim, ing ngriku lajêng kalêbêtakên ing pandhapi, sêrat ingkang saking Radèn Ngantèn Sulastri Sindupraja lajêng katampèkakên dhatêng Kaji Ibrahim, sarta lajêng kawaos tamat. Kaji Ibrahim pitakèn: Jênêngmu sapa, lan biyèn asli saka ngêndi.

Sudarsana mangsuli: Nama kula Sudarsana, rumiyin saking Sukaraja. Salêbêtipun mangsuli punika tansah dipun sawang dening Kaji Ibrahim.

Kaji Ibrahim kèngêtan dhatêng cirinipun Sudarsana rumiyin, gadhah toh dumunung wontên dhadha, pamanggihipun: bab ciri lajêng dipun pitakèkakên: [pi...]

--- 1524 ---

[...takèkakên:] Coba dèn, kowe bukaka klambi aku arêp wêruh dhadhamu. Sudarsana ugi lajêng mituruti ambikak rasukanipun. Kaji Ibrahim sarêng sumêrêp têrang botên kalèntu bilih punika Sudarsana rumiyin, sanalika êluhipun lajêng carocosan, sarta enggal lajêng nyariyosi ingkang èstri, ingkang èstri sarêng mirêng lajêng nangis galolo. Prakawis punika sarèhning botên wontên prêlunipun ingkang saupami Sudarsana dipun jarwani. Mila lajêng namung ginêgêt kemawon dening kaji jalêr èstri, sêdyanipun kapupu kapêndhêt anak. Wondene Sudarsana ingkang pancèn botên ngrêtos dhatêng kênthang kimpulipun jalaraning kaji sami nangis punika, wontênipun namung gumun nanging botên kamanah. Salaminipun wontên ing ngriku manahipun ayêm, sênêng, amargi kauja sandhang tuwin têdha dening kaji jalêr èstri. Punapadene wontên ing kantor karesidhenan dipun kasihi dening tuwan sèkrêtaris, jalaran saking sarêgêp tuwin satiti dhatêng padamêlan, para kănca-kancanipun ingkang nunggil sapadamêlan ugi sami trêsna, amargi Sudarsana purun ngawon lampahipun satindak, ujaripun sakêcap.

Ing satunggiling dintên ing Ngayogyakarta wontên balapan kapal, para prayantun măncanagari kathah ingkang sami rawuh mirsani, dalah Radèn Purnama ingkang sampun pènsiun ugi dhatêng ing ngriku, anjujug ing griyanipun Kaji Ibrahim ing kampung Bintaran. Sasampunipun bage-binage kawilujêngan, kaji Ibrahim cariyos bilih Sudarsana sapunika tumut ing piyambakipun, têtelanipun wartos ingkang saking Bok Prabakartika nêrangakên bilih sampun katêdha ing kolerah punika dora, Sudarsana têrang taksih gêsang sarta sapunika sampun nyambutdamêl dados pambantu juru sêrat wontên ing kantor karesidhenan Ngayogyakarta.

Radèn Purnama mirêng wartos punika agêng manahipun, padamêlanipun suda satunggal, kantun ngurus Sri Têmon, sawêg anggagas rekadaya punapa ingkang kêdah linampahan, ing ngriku Sudarsana katingal dhatêng saking kantor lajêng lumêbêt ing griya. Radèn Purnama lajêng pitakèn: Lare jalêr ingkang lumêbêt ing griya punika wau punapa Sudarsana, warninipun têka kados jambe sinigar kalihan Sri Têmon.

Kaji Ibrahim: Inggih punika wujudipun Sudarsana sampun samantên agêngipun, kula manawi sumêrêp rupinipun, lajêng kèngêtan dhatêng êmbokipun.

Radèn Purnama: Sanès ingkang kula rêmbag, kala wingi kula tampi sêrat saking Adicăndra mratelakakên bilih wêkdal punika piyambakipun wontên ing Surakarta manggèn ing griyaning pamitranipun wontên ing kampung Kêparèn, wontên ngrika namung gangsal dintên lajêng mantuk dhatêng Banyumas, dene wontênipun ing ngriku prêlu etang-etangan arta wade, kalihan sudagar wade ing Nglawiyan, mantukipun saking Surakarta benjing êmbèn punika langkung ing Ngayogyakarta ngriki, manawi kula kaur dipun purih nyêgat wontên sêtasiyun Tugu, amargi kangên sangêt, jalaran sampun lami anggèning botên kêpanggih. Ingkang punika bilih sampeyan dhangan, Sudarsana punika badhe kula cariyosakên bapakipun, manawi ngêntosi sanès dintên, kula kuwatos manawi lampahipun botên kalêrêsan kados punika.

Kaji Ibrahim: Punika nyumanggakakên, kula amung andhèrèk kêrsa sampeyan kemawon. Sasampunipun makatên, Radèn Purnama pamit mantuk. Sigêg.

Ing satunggilipun kamar griya pasipêngan, ing Tugu wontên satunggiling prayantun putri satêngah sêpuh dalah putranipun èstri prawan agêng kintên-kintên sampun ngumur 18 taun. Prayantun punika sampun răndha jalaran tinilar pêjah dening ingkang kakung sampun kalih taun kapêngkêr, prayantun putri wau nama Radèn Ngantèn Padmasari, limrahipun ing ngriku dipun sêbut Radèn Ayu Padmasari, putranipun nama Radèn Rara Sitisari. Prayantun putri punika sajatosipun Sri Têmon ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, piyambakipun tumut Radèn Mas Padmasari laminipun sadasa taun, salêbêtipun samantên taun anggèning jêjodhoan sae atut runtut botên kirang satunggal punapa, ing wusana radèn mas wau dumadakan kataman ing sêsakit pès, anjalari dados lan ajalipun. Sapêngkêripun ingkang jalêr, Sri Têmon dalah anakipun kuwalon inggih punika Radèn Rara Sitisari, tansah sami ngenggar-enggar ngupados sênênging manah amurih lipuripun. Sarêng wontên wartos bilih ing Ngayogyakarta wontên balapan kapal lajêng sami dhatêng sumêdya ningali. Sri Têmon saajalipun Radèn Mas Padmasari kêrêp anggagas makatên: bojo iku têtela pêparinging Allah, kanggo sajêge urip, măngka banjur pêpêgatan, banjur padha omah-omah manèh, adate ora lêstari, saka ora kêbênêran, ana sing kêbênêran, mati salah siji, yèn ora mati sing akèh iya banjur pêpêgatan manèh, sarta banjur omah-omah manèh, mangkono sabanjure, wasana dadi dhudha răndha wis ora payu dole, mula bêcike ora pêpêgatan bae, utawa pêpêgatan, ora omah-omah manèh, yèn arêp omah-omah balèn karo bojo lawas.

Nitik gagasanipun Sri Têmon punika, têtela sampun botên nêdya emah-emah malih, mokal bilih Radèn Mas Padmasari sagêd wangsul gêsang malih utawi Radèn Adicăndra dados dhudha pêpêgatan kalihan Wahyuni, nanging sarèhning kabêkta dening manah jujur sae, sarta tansah èngêt dhatêng kautamèning wanita, têgêsipun panjagining dhatêng kaurmatanipun tansah dipun èngêti kalayan madhêp, têtêp, mantêp. Sêdya ingkang dipun kiyas lăngka wau, mêksa kadugèn kalihan botên kênyanan. Dene kênyataanipun makatên:

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


raryalit. (kembali)
Lebih satu suku kata: ngupadi kaskayèng idhup. (kembali)
Kurang satu suku kata: tan linglung maring lêlakon. (kembali)
antuk. (kembali)