Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-12, #291

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-12, #291. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-06-12, #291. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 47, 4 Sura Taun Ehe 1860, 12 Juni 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasisir nagari Ambon

[Grafik]

Plabuhan nagari Ambon punika nêngsêmakên, manggèn wontên ing papan ingkang botên kêtingal saking sagantên agêng, awit manggèn ing têluk ingkang kakupêng ing rêdi. Ingkang kacêtha ing gambar punika sagantên ing sacêlaking plabuhan, wontên baitanipun pamisayan ulam gadhahanipun bôngsa Tionghwa. Dados ing ngriku punika kathah pawêdaling ulam ingkang dados panggaotan agêng.

--- 726 ---

Raos Jawi

Nêdha Eca lan Tilêm Sakeca

Têtêmbungan kalih prakawis, nêdha eca lan tilêm sakeca punika pinanggihipun adamêl kasarasan. Limrahing tiyang tamtu nindakakên ing bab kalih prakawis wau, malah wiwit sangkaning lare ugi sampun dipun gulang makatên punika, upaminipun ing wanci enjing, siyang tuwin sontên, tiyang sêpuh tansah ngudi kêcêkaping têdhanipun lare, utaminipun mawi dipun titi prayogining têdhanipun. Ing bab tindak makatên punika manawi sagêd ajêg, tuwin pun lare botên tansah mal-mil kalêbêtan punapa-punapa, tamtu eca panêdhanipun, wêkasan damêl kasarasan.

Makatên ugi bab tilêm sakeca, punika ugi gumantung wontên pakulinan utawi pamardi, tilêmipun ajêg ing wanci, danguning tilêm ugi ajêg jamipun. Manawi tiyang sagêd nindakakên makatên, tilêmipun tamtu sakeca. Amargi ajêging wanci wau sampun ajak-ajak piyambak, upami mapanipun tilêm jam sadasa, sabên sampun jam sadasa inggih lajêng thêklak-thêkluk, malah trêkadhang sawêg ngajêngakên jamipun kemawon, sampun wontên jalaran angob, makatên ugi ingkang nglampahi ugi sampun mangrêtos, tuwin adhakan mungêl: apa wis jam sapuluh ta, o hahêm. Tamtu kemawon tiyang ingkang kulina nindakakên makatên wau manawi tilêm sakeca angalepus.

Sapunika nyariyosakên kosok-wangsulipun, pundi marginipun sagêd nêdha eca manawi panêdhanipun botên tata, upaminipun tansah anggliyak ngêmil kemawon, bibar sarapan, wontên cênggèrèng dipun krêmês, pisang kangge sambèn, lha, lajêng ngêlak, dipun ombèni, wedangipun botên lêgi, dipun êmuti gêndhis, mangke cangkêm lajêng kraos kêcut, bingung malih. Prêlu takèn kônca wingking, punapa dèrèng wontên ingkang kenging dipun icipi. Sarêng sumêrêp wontênipun sawêg krupuk, lowung, dipun sambi têlas sapiring, dipun ombèni malih tamtu. Wusana sarêng wanci nêdha siyang lajêng mungêl: wêtêngku têka rada kurang kapenak. Nanging sarêng dipun tawèni ngombe kastroli, wangsulanipun: wong mung sajak kaya masuk angin. Tamtu kemawon nêdhanipun wanci siyang botên tumônja. Sarêng lèyèh-lèyèh wêtêng kraos sêbah, wêtêng tansah dipun êlus-êlus. Sêbahipun sawêg mêndha sakêdhik, sampun kêsundhul wanci ngombe wedang, ing ngriku wontên pitakenan malih: apa ora ana klêthik-klêthike, ya. Sarêng dipun wêdali: klêthik, sruput, klêthik sruput hi-k. Wusananipun dumugining sontên nêdha inggih namung klewa-klewa. Lajêng pundi ingkang nama nêdha eca.

Makatên ugi tilêm, taksih sontên sampun tilêm, tanginipun ing wanci enjing mawi dipun gugah, awit sampun ngênthong-ênthong, mangke bibar nêdha siyang sampun kapengin tilêm, tangi mèh sêrap ensoporêt. Tamtu kemawon tiyang kados makatên [ma...]

--- 727 ---

[...katên] punika malah dados tiyang pangawakan ngantuk, wujudipun kados tiyang karipan jêg-jêgan, sanadyan lêmaa, inggih anggalêmbus.

Gêntos nyariyosakên caraning nêdha eca tuwin tilêm ingkang sakeca yêktos, inggih punika têtêdhanipun pancèn eca, dhasar anggènipun nêdha luwe, punika tumônja sangêt. Makatên ugi tilêmipun, tamtu kemawon ugi tata, awit nama sampun sagêd nata anggèning nêdha, tamtu sagêd nata tilêmipun.

Sayêktosipun bab nêdha eca lan tilêm sakeca punika tansah dipun padosi ing tiyang, malah tumrap para luhur ing Eropah, ngêmatakên sangêt ing bab tindak makatên punika, kados ta ambêbêdhag, lêlangèn tuwin sanès-sanèsipun. Malah dèrèng patosa dangu, putra nata ing Inggris mêntas tindak ambêbêdhag wontên ing wana tanah Aprikah. Ing ngriku nalika sang pangeran kasok sayah, lajêng kèndêl dhahar kalihan ingkang andhèrèk, kados gambar nginggil punika, sang pangeran ing sisih têngên, ngantos kêwêdal pangandikanipun, dèrèng nate dhahar ingkang ecanipun kados makatên. Ingkang makatên punika têtela bilih nêdha sasampuning nyambut damêl rêkaos, punika miraos sangêt. Kados para maos ugi wontên ingkang sampun nate ngraosakên bab kados makatên punika.

[Grafik]

Andharan ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, nama manjing dhatêng kasarasaning lair, dene batosipun, ugi kêdah nêdha eca lan tilêm sakeca, awit manawi botên sagêd nindakakên makatên, kabatosanipun badhe botên saras, mila prayogi nindakakên raosing manah, murih sumêrêp raosing têtêdhan botên eca dados eca, tilêm ing papan kuciwa tuwin kirang inggih sakeca. Manawi tiyang sagêd nindakakên kados makatên, bokmanawi sampun nama kêthêmêk-kêthêmêk wiwit tumapak ngambah margi ingkang lêrês.

--- 728 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46.

Tiyang èstri ingkang nêmbe gadhah anak punika prêlu sangêt sabên dintên sagêd ambêbucal. Lan malih jalaran kirang ebahing badan, kêkathahên linggih utawi kêkathahên ebah ngantos sayah, ugi botên sae dhatêng toya susu.

Manah sabar, sênêng lan lêga murugakên bancaring toya susu. Kosok-wangsulipun susahing manah, biyung sugih nêpsu, amêsthi toyanipun susu namung sakêdhik. Biyung ingkang muring utawi kagèt manahipun botên sae manawi nêsêpi anakipun, toya susu ingkang nalika punika sampun anglêmpak badhe mêdal, prayogi dipun bucal kemawon sarana dipun pêrês utawi pompa.

Ingkang limrah biyung ingkang sawêg nêsêpi punika botên anggarapsari, ananging wontên ugi ingkang wiwit lajêng anggarapsari, manawi anggènipun gadhah anak sampun lêt 6 utawi 12 minggu.

[Grafik]

Lare ingkang sampun sawatawis ngumur kalantih kaêdêgakên.

Manawi biyung sampun wiwit wawrat malih, prayogi kèndêla anggènipun nêsêpi anakipun, makatên ugi anakipun inggih sampun kenging dipun sapih manawi sampun umur 7-8 wulan. Awit manawi sampun 7-8 wulan limrahipun toya susu saya dangu saya suda botên nyêkapi dhatêng lare. Nalika punika lare wiwit kenging dipun têdhani bubur cuwèr kacampuran gêndhis sakêdhik, dipun ombèni puhan utawi susu blèg kalihan tajin.

Nyapih lare makatên botên kenging dipun kagètakên, prayogi dipun êlon-êloni, kados ta, wiwitipun dipun dulang bubur sapisan sadintên, lajêng kaping kalih sadintên, wêkasan kaping tiga sadintên, nanging inggih kala-kala taksih dipun sêsêpi, manawi sampun umur 9 wulan dumugi sataun kenging dipun têdhani bubur akas lajêng sêkul lêmês utawi tim lan sop janji botên kêmomoran pêpêdhês.

Pitêdah sae tumrap lare alit umur 1-2 taun utawi langkung.

Nyukani dolanan lare umur sataun utawi kalih taun punika kêdah kapilihakên ingkang kakintên botên ambêbayani, awit limrahipun punapa-punapa ingkang dipun cêpêng lajêng dipun êmplok.

Barang cet-cetan lan ingkang gampil lunturipun, barang timah, wacucal kewan, barang ingkang pinggiripun landhêp, barang ingkang sagêd kolu lan sapanunggilanipun, [sapanunggilani...]

--- 729 ---

[...pun,] botên sae kadolakakên lare alit.

Manawi sampun jangkêp umur sataun utawi kalih taun lumampah, lare punika limrahipun sampun wiwit sagêd wicantên lan lumampah. Manawi lare wiwit badhe lumampah botên prêlu dipun tulungi, prayogi dipun êculakên kemawon manut kêkiyatanipun piyambak, anggêripun dipun awat-awati sampun ngantos dhawah. Lare alit ingkang sinau lumampah prayogi kalantih ngadêg cêpêngan gêritan. Pandamêlipun: nanêma pathok kajêng gilig, lajêng dipun sloboki dêling, ingkang sisihipun buntêt, ing nginggil wau dipun dèkèki gocekan. Gocekan wau sabên dipun gocèki lare lajêng mubêng, larenipun kêpêksa tumut tumindak malampah.

Lare ingkang umur 3 taun têtêdhanipun sampun kenging dipun samèkakên kalihan lare ingkang sampun diwasa.

Manawi lare nêdha daging prayogi tiyang sêpuh nyukani piwulang supados daging wau dipun mamah ingkang lêmbat rumiyin sadèrèngipun dipun ulu.

Têtêdhan ingkang dipun bumboni kêcut lan ngêmu lisah, botên prayogi dipun têdha lare, gêndhis lan têtêdhan ingkang lêgi kenging dipun têdhakakên, ananging botên kenging kêkathahên utawi kêkêrêpên, awit sadaya têtêdhan ingkang araos lêgi punika anyuda dhatêng kajêng nêdha lan ugi sagêd nyakiti wêtêng.

Nêdhani lare alit ingkang umur sataun dumugi kalih taun punika kêdah ajêg mangsanipun, botên sae sakêdhap-sakêdhap dipun têdhani warni-warni, kados ta lare jajan botên trimah sapisan kaping kalih, punika wadhukipun tansah botên kèndêl, wontên ing griya inggih nêdha malih, punika sagêd anuwuhakên sêsakit ing wadhuk utawi ing usus.

Ombèn-ombèn ingkang sae tumrap kasarasaning lare inggih namung toya ingkang rêsik, sampun kagodhog. Ombèn-ombèn ingkang mawi alkohol, bir, anggur ingkang ngêndêmi botên sae kaombe ing lare, makatên ugi wedang bubuk lan tèh dèrèng kenging lan botên sae dipun ombèkakên lare ingkang dèrèng diwasa.

Ing pakampungan utawi ing margi-margi kêtingal kathah lare ingkang sami udut, malah inggih wontên tiyang sêpuh ingkang nglintingakên rokok kangge anakipun, punika botên sae sangêt, awit udut punika ambêbayani dhatêng lare.

Tiyang sêpuh kêdah têlatos anggènipun angrêsiki untunipun anak, supados anakipun wau ing têmbe sampun ngantos sakit untu.

Untu ingkang sakit botên kenging kangge mamah têtêdhan ngantos lêmbat, lan têtêdhan ingkang botên lêmbat pamamahipun, wontên ing wêtêng angèl ajuripun. Têmahan andadosakên sêsakit.

Mila lare kêdah dipun kulinakagên[1] ngrêsiki untu, badhe tilêm tangi tilêm kêdah kêmu. Sukur mawi sikat untu. Makatên ugi prêlu sangêt lare alit punika dipun kulinakakên wawratan ajêg mangsanipun, ingkang sae enjing jam 6-7, sontên jam 4-5.

Badhe kasambêtan.

--- 730 ---

Tanah lan Tiyangipun

Ujungan inggih dipun Namakakên Sabêt

Ing padunungan kula ing Purwakêrta, ingkang dipun namakakên ujungan, punika: kêkêrêngan sarana gêbagan ngangge barang ingkang sagêd adamêl sakit utawi tatu ing badan. Ingkang gêbagan wau namung tiyang satunggal amêngsah sami satunggal, dados inggih kenging kula wastani kadosdene pêrang tandhing, sarta tumindakipun wontên ing sangajênging tiyang kathah sarana pranatan, wah malih dipun tingali ing tiyang kathah.

Dene ingkang sok kêkêrêngan sarana ujungan wau, limrahipun lare jalêr ing padhusunan, dumugi ing wanci jêjaka, têtiyang ingkang sampun semah, punapa malih ingkang sampun sêpuh umuripun, botên nate wontên ingkang sami ujungan.

Barang ingkang kangge gêbag-gêbagan wau dipun wastani: rancak. Tumrapipun ingkang lare alit, ingkang kadamêl rancak punika pang-pang alit utawi carang, agêngipun kintên-kintên sajênthik tangan, panjangipun kintên-kintên saasta. Dene tumrapipun ing lare jaka limrahipun rancak wau pênjatos, murih sampun gampil tugêl (wulêd), agêngipun ingkang limrah sajêmpol tangan, dumugi sajêmpol suku, panjangipun kintên-kintên saasta langkung sakêdhik. Rancak-rancak wau kêdah kadamêl sami panjangipun, sarta sasagêd-sagêd milih ingkang sami agêngipun.

Kêkêrêngan sarana ujungan punika, namung katindakakên dening tiyang dhusun, bangsaning priyantun sami botên purun, dados inggih katindakakên dening tiyang ingkang sêmunipun botên anggadhahi isin dipun tingali ing tiyang kathah. Ingatasipun sawêg kêkêrêngan.

Mênggah ingkang anjalari tiyang sok kêkêrêngan sarana ujungan punika, botên ngêmungakên prakawis ingkang prêlu kemawon, sanajan prakawis rèmèh inggih kêrêp anjalari tiyang dados sami ujungan, kados ta upaminipun: lare utawi jaka pinuju ningali ringgit, nayuban, sapanunggilanipun, ing ngriku saupami sulaya têmbung sakêcap kemawon kalihan kancanipun ningali, lajêng sami pabên, wêkasan salah satunggal nantang ngajak ujungan. Para jaka ingkang sok sami ujungan limrahipun jalaran sami rêbatan talèdhèk. Ananging tiyang nantang ngajak ujungan wau botên sanalika punika lajêng sagêd sami ujungan, limrahipun nêtêpakên dintên sanès, lan ingkang limrah mêndhêt dintên Jumuwah Kliwon, kintên-kintên kemawon tiyang dhusun mastani dintên wau ingkang prayogi piyambak kangge ujungan, dados panantangipun tiyang wau dhatêng mêngsahipun makatên: yèn kowe pancèn nyata bocah lanang lan wani marang aku, ayo besuk Jumungah Kliwon kang cêdhak iki padha ujungan ana ing ara-ara cêdhak kali sawetan desa. Kajawi limrahipun nêtêpakên dintên kasêbut nginggil, ujungan punika botên sagêd katindakakên saêkal sasampunipun tantang-tantangan, sabab kêdah ngawontênakên rancak tuwin kêdah [kê...]

--- 731 ---

[...dah] wontên pirantos sanès-sanèsipun, ingkang wontênipun kêdah sarana dipun damêl, mangke badhe kula têrangakên ing ngandhap, sarta malih satunggal-satunggaling tiyang ingkang badhe mêngsahan ujungan wau kêdah ngupados botoh rumiyin, inggih punika tiyang ingkang mathok kangge ngawat-awati ingkang badhe mêngsahan, punika botohipun dipun wastani: wlandang, dene ingkang sami mêngsahan ujungan, dipun wastani jago.

Mênggah wlandang punika, limrahipun milih salah satunggaling sanak utawi kuwanuhan ingkang sakintên trêsna, sarta sasagêd-sagêd tiyang ingkang sampun kulina ujungan, wah malih misuwur ing kêkêndêlanipun. Dene jago-jago wau sadèrèngipun dumugi ing dintên ingkang sampun katêtêpakên kangge pêrang tandhing ujungan, limrahipun sami ngupados isarat dhatêng dhukun-dhukun, utawi dhatêng panggenan ingkang wingit-wingit, prêlu ngalap brêkah murih mênang anggènipun pêrang tandhing, trêkadhang wontên ingkang pados dhukun ngèlmu kêdhotan, nêdha isarat murih botên kraos sakit dipun gêbag, makatên sasaminipun.

Dene tatanipun anggèning ujungan, sarta sandhang panganggènipun jago, kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

Ing dintên Jumungah Kliwon ingkang sampun katêtêpakên, sarta wanci ugi sampun katêtêpakên, jago sawlandangipun pisan sami dhatêng ing ara-ara utawi sabin suwung ingkang badhe kangge pêrang tandhing, kairing ing wadyabalanipun piyambak-piyambak, inggih punika sanak sadhèrèk utawi kuwanuhan, sarta ugi tiyang-tiyang ingkang namung prêlu ningali kemawon. Têtiyang wau ingkang kathah sami ambêkta têkên pênjatos utawi sanès-sanèsipun, kangge sadhiyan bokmanawi ing ngriku tuwuh wontên rêrêsah pêrang kroyokan, inggih badhe tumut angroyok. Ing ngriku jago lajêng dipun panganggèni dening wlandangipun piyambak-piyambak, inggih punika: clana cêkak sadhêngkul, ubêt-ubêt sinjang, pungkasanipun kaklèwèrakên ing pupu kiwa dumugi ing dhêngkul, sarana kaplintir utawi kapuntu, supados sagêd nadhahi gêgêbag ingkang dhumawah ing pupu kiwa wau. Tangan kiwa kabuntêl ing sinjang dumugi ing sikut, pungkasaning sinjang wau kaklèwèrakên, ugi dipun plintir utawi dipun puntu, prêlu kangge makèwêdi sawatawis dhatêng lampahing gêgêbag (rancak) ingkang badhe ngèngingi badan sisih kiwa utawi dhadha. Lajêng tangan kiwa ingkang kabuntêl wau kalêbêtakên ing bumbung dêling dumugi ing sikut, utawi kranjang anaman dêling. (Badhe kasambêtan)

Pun Supardan - Purwakêrta.

[Grafik]

Lêlangên têtabuhan Sundha, ingkang kapitongtonakên nalika Pacific Science Congress, ing Batawi.

--- 732 ---

Wulang Sae

Wulang Sinawung Wangsalan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46.

19. Jae wana (puyang) kayangan Hyang Kamajaya (Cakrakêmbang) aywa uyang têmbe nyakramanggilingan.

20. wadung pari (ani-ani) wuni rambat dèn wastani (mrica) nitènana wêcane wong wicaksana.

21. kawis pita (maja) sinjang jajaning juwita (kêmbên) aja bêndu yèn durung sampurnèng sêmu.

22. bokor siti (cuwo) isining sawo rinêpi (kêcik) gawe cuwa bêcike jaba kewala.

23. wêlut wana (ula) jênang gula kang ginita (glali) ngarêp liya buri tan lali ngalela.

24. Pêthit mina (kèpèt) kêkèpèting bôngsa satwa (buntut) sèwu wisa buntut arit watakira.

25. janur gunung (arèn) gêndèr arèn kang tinimbung (rinding) wong wis gêthing kêpêthuk bae mêrinding.

26. sapi wana (banthèng) kayu lonthèng wadhah kadga (rôngka tima) aja ngèthèng wus maha ngrangkani krama.

27. balung balur (êri) suluring pare cinatur (gragèh) paribasan igèh lêgan mrih momongan.

28. jarwa purwa (wiwit) witing bakul nambut karya (pawitan) apawitan luput pisan kêna pisan.

29 Bandhul jala (tampang) panggonane Arya Sena (Mamênang) lamun gampang mung sarwa tumiba mênang.

30. niring mala (ruwat) sêsawat kadung pamulat (kliwat) lamun angèl agawat kaliwat-liwat.

31. rèhing ranu (ombak) tambak sasabing pandulu (warana) nora kêna tinambak rajabarana.

32. wohing pocung (kluwak) pangawag nglirwakkên dunung (bingung) ywa piduwung awak lara ati bingung.

33. kêndhang cilik (kêtipung) pongge nôngka isi nyamplung (bêton) mumpung durung tontonên ing sawang-suwung.

34. sawi janur (gawar) panawaring tyas baliwur (sinamur) yèn kabanjur nora luwar pitung umur.

35. lêmah bêngkah (têla) têlaga wukir pawaka (kawah) ngalanadhah balawah anyumur wutah.

36. puspa wisa (rawe) lawe panêpunging wastra (bolah) solah lirwa wêwekane salah môngsa.

37. sumur wana (bêlik) wong melik tindak culika (dursila) yèn kêbêlik dursila kêna pidana.

38. apit muka (pipi) rasa kepi jroning nendra (ngimpi) nora pira pialane tan gêgawa.

39. sarung jagung (klobot) boboting kapuk jinunjung (ènthèng) abot ènthèng sinôngga-sôngga priyôngga.

40. rêsi yaksa (Bagaspati) tigasing pang ron ngrêmbaka (tutuh) bagus brêgas rêspati ngruntuhkên trêsna.

41. singa toya (baya) ubaya andhêging sastra (pada) sun ubaya lêbur ing pada paduka.

42. jaring mina (jala) jaladara murwèng warsa (mêndhung)

--- 733 ---

aja lali sandhung jêkluk dèn elingna.

43. tirta wrêksa (tlutuh) runtuhing ron kamarutan (kleyang) matuh wirang larang godhong kang kumleyang.

44. godhong ênom (pupus) puspita cidrèng wicara (wangsalan) pangapusing wêwangsalan wus palastha.

45. burat muka (pupur) purwaka mrih arjèng praja (tata) paripurna pranata mandara swara.

P.

Kawruh Sawatawis

Bab Ayam

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46.

Patrapipun: sabên babon wau nigan, lajêng kapêndhêta, tuwin lajêng kasêsêlna, ing pataranganipun babon ingkang angrêm (kalimpèkna) makatên salajêngipun sabên dintên, ngantos sakatogipun anggèning nigan. Manawi babon êndhog-êndhogan wau, sampun ngantawisi badhe angrêm, lajêng kaguyanga ing toya lêri, ingkang ngantos klumut, lajêng kabilasana kaguyang ing toya tawa, lajêng kaumbara. Sarana kareka makatên, babon wau watawis 7-10 dintên ingkang kathah lajêng purun laki malih. Ing salêbêtipun makatên wau, môngka wontên babon ingkang nusul nigan malih, kadamêla makatên. Kadugia: babon tukang angrêm wau, sagêda ngêngrêmi tigan 25, dumugi 30.

Ing dalêm 15 dintên, tigan ingkang dipun êngrêmi sakawit, tamtunipun sampun nêtês. Makatên ugi tigan ingkang dipun susulakên ing sabên dintên, tamtu inggih sagêd nêtês, sabên dintên 1. ngantos têlasing tiganipun. Manawi kuthuk ingkang sakawit sampun umur 2 utawi 3 dintên, ing wanci dalu kapêndhêta, kapurih momong sawung kabincih, ingkang sampun kasadhiyakakên, dene rekanipun makatên.

Ing wanci sontên, amêndhêta sata eca, kintên wontên sakêmiri kaêkuma ing toya wantah kemawon, wontêna satêngah cangkir. Ing wanci sêrap mangsanipun ayam sami mapan tilêm, anyêpênga sawung kabincih satunggal, kaombènana toya wênyêdan sata wau sasendhok agêng. Sawung wau lajêng kasêngkêrana ing sêngkêran sawung, ingkang ragi kobèt, nanging ing ngandhap mawi kalambarana ingkang sakintên sagêd angêt (bago sasaminipun) watawis jam wolu sontên wau, kuthuk ingkang nêtês sakawit kapêndhêta saking patarangan, lajêng kasêsêlna ing sawung kabincih ingkang dipun sêngkêri wau, tamtu lajêng purun kemawon andhêkêmi, makatên salajêngipun sabên sontên, kuthuk ingkang sampun ragi rêncang kapêndhêt sarta kasêsêlakên ing sawung kabincih, ngantos satêlasing kuthuk sapatarangan, bilih sampun têlas anggènipun angrêm babon wau, inggih lajêng kaguyanga ing lêri kados ingkang [ing...]

--- 734 ---

[...kang] kaangge êndhog-êndhogan, lajêng kaumbar.

[Grafik]

Patraping makani ayam ing kandhang.

Ing enjingipun, sawung kabincih wau tamtu lajêng purun momong kuthuk-kuthuk ingkang dipun wêngkoni, tuwin inggih purun mungêl: kruk, kruk, kados babon. Katingalipun cêtha, manawi dipun kêpyuri têtêdhan (mênir tuwin sanèsipun) sawung wau tamtu anucuk mênir kanthi mungêl kruk, kruk, kasukakakên dhatêng kuthukipun, saistha mulang saha nêdahakên têtêdhan, kuthukipun inggih lajêng nêdha.

Manawi kuthuk ingkang kantun piyambak sampun umur 7-8 dintên, sawung wau kenging kaêculakên saking sêngkêran (punika ingkang nyênêngakên manah) tamtu lajêng saba cêcèkèr krak-kruk, madosakên têtêdhan anakipun ingkang undha-usuk agêngipun, sampun botên beda kalihan babon ingkang momong anakipun. Dene manawi badhe wontên bancana, kados ta: wontên pêksi gagak, srigunting, wolung sasaminipun, ingkang mabur ing dirgantara, inggih punika ingkang asring niwasi kuthuk, sawung wau tamtu prayitna, anakipun sami dipun sasmitani, sarana mungêl: kuk, kuk. Kuthuk-kuthuk lajêng sami andhêsêl ing bapakipun, andhêlik, lajêng kajagi dipun dhêkêmi barukut.

Supados ayam wau botên saba têbih-têbih, têdhanipun kêdah kajagi, sakêdhap sakêdhap kêdah dipun kêpyuri uwos, gabah, sawontênipun. Ingkang langkung prayogi, katêdhanana bungkil, makatên anggènipun nêdhani: amêndhêta bungkil prongkolan, kintên-kintên agêngipun sakluwak-kluwak, kapasang dipun tlècèk-tlècèk ing tritis angubêngi griya utawi kandhang. Ayam dalah kuthukipun manawi sumêrêp tamtu enggal angroyok nucuki, tur sagêd awèt, murugakên lêma, punapa malih lajêng botên saba têbih. (Badhe kasambêtan)

M. ng. Citrasantana.

--- 735 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XVII. Palih diutus anggolèki kangjêng ratu

[Mêgatruh]

kacarita nagara ing Tanjunggunung / nadyan win[2] têntrêm saiki / nanging sêmu isih suwung / saka ing karaton sêpi / sing jumênêng isih lowong //

parentahan anèng patihan gumantung / kabèhe para bupati / tumindak ing wajib nurut / ditindhihi kyai patih / sarwa bêcik sing kalakon //

dhèk saman sawênèhing dina nuju / jêng pangeran adipati / lênggah lan ki patih kumpul / kang angadhêp Radèn Palih / silane malêpês manggon //

kyai patih nyang pangeran alon matur / kapriye ta kangjêng gusti / bok uwis jumênêng ratu / apa ta sing diêntosi / dadi tumuli kalakon //

awit nyata nagara yèn komplang iku / pakolèhe ora bêcik / gampang nganakake rêmbug / tumrap wong sing kurang pikir / mundhak kaya sing kalakon //

jêng pangeran ngandika karo tumungkul / iya wa uwis tak pikir / nanging rasaning atiku / abot bangêt anglakoni / bêcike ya alon-alon //

awit mungguh uwa rasaning atiku / yèn eling lêlakon iki / kaya ta bab kangjêng ibu / priye anane saiki / lan manèh priye si êmbok //

yèn tak gagas lêlakon sing ngono mau / ora ngêpenakke ati / mung lagi anggagas biyung / atiku wis ngrasa sêdhih / saya manèh wuwuh mêngko //

mêsthi bae yèn ora dipikir landhung / bisa kapenak nglakoni / ananging wa mungguh aku / luwung disarèhke dhisik / alon anggêre kalakon //

wong jênênge lêlakon uwis kêbacut / ya mung diudi bèn pulih / yèn pancène mungguh biyung / upama ngrêti Si Palih / rak isih bisa angêmong //

aku dhewe ora ngrêti dene biyung / pisahan karo Si Palih / môngka wis tak wêling galur / priye ta dhèk biyèn Palih / mara ta kôndhaa kono //

durung matur Palih sêmbahe wis sungsun / saka atine kuwatir / didukani ora wurung / wise nyêmbah andharindhil / nuli matur alon-alon //

ing rumiyin saking pakènipun biyung / kula kapurih nututi / tindak dalêm inggih nurut / ing wusananipun gusti / ngriki kantun ngrika lolos //

kyai patih mèsêm lan alon sumambung / saikine aku ngrêti / dadi pisahe dhèk anu / Palih pancèn duwe wajib / jêbul nêmu seje lakon //

nanging mungguh satêmêne ora kliru / awit upama lêstari / sapa ta sing bisa wêruh / yèn radène dadi patih / rak bisa ketok ngêthongkrong //

tanpa uni Palih mung linggih tumungkul / tangan tansah uwak-uwik / kyai patih isih sambung / môngka maune wis bêcik / ketok cêdhak karo kraton //

iya iku kêcakêt lan kangjêng ratu / êmbuh dene

--- 736 ---

banjur melik / awake dijunjung luhur / lan sadhela wis ngicipi / disêmbah wong sedhak-sedhok //

ora ngira yèn êmung saumur jagung / uwis rêsik dibabadi / malah yèn miturut kukum / bênêre ditali goci / lan disingkirke sing adoh //

mak taratab atine Palih kumêpyur / kangjêng pangran adipati / iya uninga ing sêmu / yèn ngêmu duka ki patih / mula nyêla sumalonong //

pancèn nyata Palih tansah slura-sluru / tindake anyêyamari / nanging tinunggu rahayu / ajaa mangkono mêsthi / rak wis dhèk biyèn dikêthok //

nanging uwa satêmêne ngrêti aku / mungguh anane Si Palih / ora yèn karêpe mau / kanthi sampurna dipikir / mung saka bangêt le kothong //

bisane mung mrana-mrene milu-milu / sabên ana ingip thithik / atine tumuli ambyuk / ora mikir ika-iki / mung anggêr nuli kalakon //

ing mulane uwa mungguh panêmuku / ayake uwis pinêsthi / mungguh Si Palih ing besuk / ora bisa anglakoni / olèh pangkag[3] gêdhe ketok //

bênêr ora uwa panêmuku mau / amangsuli kyai patih / lêrês dara ora luput / kono rasakêna Palih / kuwi bakal ora lidok //

anu dara mungguh saka panêmuku / ing bêcike diboboti / ing saiki Palih kudu / kon lumaku anggolèki / aja nganti bali kothong //

yèn dhèwèke pancèn ngêmên-mênke laku / wis mêsthi isin yèn bali / yèn baline mung ngalênthung / pangeran nuli nganthuki / karo angandika alon //

iya Palih aku mundhut ing gawemu / anggolèkana sing titi / si biyung lan ibu ratu / aja pisan-pisan mulih / antêpana aja goroh //

lan wêruha Palih mungguhing lakumu / aku ya labuh prihatin / gonku kurang mangan turu / muga dadia pamuji / nêmonana karahayon //

lan manèhe aku ngêntèni lakumu / komplanging nagara iki / ya ngantia pirang taun / aku lumuh anggêntèni / yèn kabèh durung nèng kraton //

wis mangkata Palih slamêta lakumu / dhèk samana mundur Palih / maripate arawat luh / bangêt karasa ing ati / rumasa lupute notog //

kyai patih tansah nyawang kaya gêtun / sauwise adoh Palih / kyai patih nuli matur / dara mungguhing Si Palih / batine bangêt kêraos //

iku bêcik upama ditômpa jujur / nanging yèn mirid ing titik / bênêr ora kuwat luhur / dadi mung bisa nglakoni / pangkat cilik uwis katog //

awit nyata melike sok gampang thukul / buri ora dielingi / dadine yèn ana prêlu / sok tinêmu nguciwani / cacad gêdhe mungguh kraton //

nanging rèhning jênêng palihaning luhur / iya kudu dielingi / waton wis wibawa cukup / dara kuwasa anggalih / yèn ana rêjaning lakon //

dhèk samana têtêp jêng pangeran lulus / nèng patihan angêntosi / wartane utusan mau / kocapa lakune Palih / kaya pucung golèk ênggon //

[...][4]

--- 739 ---

lan ala, mulane wong diwajibake urmat lan angaji-aji marang priyayi pangrèh praja kang ambawahake, kuwi dikuwatirake nèk-nèke kêtanggor kabawah priyayi kang ala atine, kuwi sok bisa mitênah marang wong bawahe.

Garèng : Gandrik putune Kyagêng Sela. Omongmu kiyi sajake kok rada kêladuk, apa ing tanah Jawa ora ana pangadilan, têka bisa ana lêlakon pitênahan mêngkono.

Petruk : Ing bab kiyi pamarentah ora kêna disalahake, anggone nganakake pangadilan iya wis cukup, mung bae pamarentah kuwi rak ora bisa nindakake dhewe kabèh, nanging sawiji-wijining paprentahan, wis ana sing makili dhewe-dhewe, sing kudu wajib diprêcaya mungguhing adile, bênêre panindaking paprentahane, sucining panggalihe kang gêgayutan karo pangkate lan sapadhane, mulane wong dadi priyayi iya kudu disumpah dhisik, dene ana kang jêrohane ora bênêr, kuwi mung gumantung sing dadi priyayi.

Garèng : Iya wis ngrêti aku saikine, nèk dipikir dawa, iya pancèn bênêr kandhamu mau, dadi cêkakane pangkat ing donya kene kiyi, sing kajèn kèringan kang nomêr siji, iya pangkat pangrèh praja, nanging sing aku ora ngrêti, ingatase pangkat mau kajèn kèringan, tur blanjane iya sapêthuthuk, kênang apa têka akèh sing ngêmohi, tandhane sêkolah plêdhing (O.S.V.I.A) kuwi, arang-arang bocah sing gêlêm lumêbu mrono.

Petruk : Prakara kiyi pancèn iya akèh sabab-sababe, liya dina bae padha dibanjurake rêmbuge.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên toko Tionghwa têtiga ing Sangayudan tuwin Cantikan, Surabaya, tokonipun dipun galedhah ing pulisi pinanggih wontên pil cacah 33, 69 tuwin 40 dhus, ingkang dipun sade kadosdene jampi, miturut papriksan, pil wau mawa morpini.

Miturut pawartos, angsal-angsalanipun pasar malêm ing Bogor wontên f 19.000.-. Ingkang kangge waragad têlas f 12.000.- dados angsal bêbathèn f 7.000.- Wontêning waragadipun ngantos samantên, ingkang kathah kangge waragad dilah, têtingalan, gêmintê bêlastêng tuwin anglintoni kapitunaning pakêmpalan balapan kapal, ngantos f 1000.- Sarèhning angsal-angsalanipun rêsik namung samantên, mila sêdyaning B.H. damêl griya kasarèhakên.

Ing Ancol, Batawi, wontên tiyang manggih rongkongan tiyang ingkang sampun gogrog wontên sangandhaping kajêng pinggiring margi alit. Mirid papriksan kakintên wontênipun ing ngriku sampun pintên-pintên wulan, dene mirid cumplung, kakintên cumplunging bôngsa Eropah. Ing pang kajêng sanginggiling rongkongan wau wontên suwekan kacu nuwuhakên pangintên, bilih pêjahipun sarana anggantung, ananging inggih taksih pêtêng.

Gunggunging tiyang ingkang tiwas jalaran sakit pès ing Bandhung wontên sakawan. Dene tiyang ingkang sanga ingkang asli saking griya ingkang kêtuwuhan sêsakit pès sakawit, sami wilujêng.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2225 ing Lombang, Indramayu, kangge kwartal 3 namung kantun ambayar f 1.-

Lêngganan nomêr 3029 ing Randhublatung, yatra f 3.- sampun katampèn, kangge anglunasi kwartal 3 lan 4.

Lêngganan nomêr 1866 guru ing Purwasata, Purwakêrta. Pamundhut panjênêngan dhiplikat nomêr 23, sampun têlas.

--- 740 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arja Wiraga

1.

[Dhandhanggula]

angraras kang carita mrih manis / amèt saking dêdongengan kina / Bayan Budiman arane / nguni pinangkanipun / nênggih saking carita Pèrsi / mangkya winangun Jawa / sinawung ing kidung / mung amrih gampil winaca / awit rarasing kang carita prayogi / pinèt suraosira //

nanging lugu dongengan maligi / kang araras mrih dadya pêpalang / umèngêt mring tindak dede / aywa kongsi kabacut / lacut maring rèh kang tan yukti / kang carita pinêtha / dongèng campur bawur / saenira aran lôngka / amung lowung kalaning sêla sinambi / winaca mrih sakeca //

kocap nênggih praja Ngajam nguni / amisuwur dahat arjanira / kongsi têkan kana-kene / murah sarwa tinuku / kang adagang sarwa pakolih / miwah têntrêming praja / wus sumêbar komuk / dinohan barang prakara / marma kathah para dagang kang agrami / dêdunung prajèng Ngajam //

nênggih wontên sudagar sawiji / kang misuwur aran Ki Mubarak / linuwih kasugihane / nanging kuciwanipun / dene datan adarbe siwi / ing wusana katêkan / parmaning Hyang Agung / kang môngka sarananira / mrih sêmbada rasa ciptanirèng ati / anêbara dêdana //

ki sudagar lêga trusing ati / nulya nêbar agung dananira / tanpa wilangan cacahe / warata sanggyanipun / pêkir miskin kawratan sami / wusana tumus nyata / pujining sawêgung / dupi wus antara warsa / kasêmbadan nyi sudagar anggarbini / bagus amiyos priya //

ki sudagar suka jroning ati / anon maring sutanira priya / bagus waras sarirane / gêsangira dumlundung / lan dinohan godhaning sakit / nênggih sinung pêparab / Ki Koja Maimun / dupi sawusing antara / têtêpirèng umur gangsal wêlas warsi / kinèn apalakrama //

dhaup lawan sutaning wong sugih / apêparab nênggih Siti Jenab / dahat pinunjul warnane / cahyanira sumunu / kadi lintang kang panjêr enjing / nanging diwasanira / Ki Koja Maimun / datan tinunggu ing bêgja / patrapira dènnya ulah laku grami / tansah nandhang pituna //

wus rineka laku warni-warni / datan pisan amakolèhana / amung larut tanpa gawe / kadya toya binêndung / kang adhadhal mung sirna kentir / ing wêkasan Ki Koja / mung lungguh anjêtung / tan kêndhat dènnya anggagas / mring lakuning pêpasthèn adiling Widhi / kang wus têtêp tumiba //

kacarita nuju wanci enjing / Ki Maimun lumaku mring pasar / anindakkên pakaryane / mung jroning cipta gêmpung / awit tiwas dènnya nglakoni / môngsa ambrêkahana / ing pikantukipun / samana dupi wus prapta / anèng pasar pinarpêkan janma sarwi / nawèkakên kukila //

warna bayan anêngsêmkên ati / ki sudagar kêtarik ing manah / marma alon pitakène / apa pêksinirèku / nyata arsa sira dol yêkti / yogya sira mintaa / kang mèmpêr lan wujud / janma kang darbe kukila / nabda alon linut ing gujêng amanis / mung sasakecanira //

yèn andika pitakèn sayêkti / rêginira nênggih sèwu dinar / têtêp botên kirang mangke / Kyai Koja angguyu / lawan alon angêmèk-mèki / ing kandhinira arta / lan gèdhèg tan sarju / pan ing ngriku sanalika / kapiyarsa swaraning bayan umuni / acêtha wela-wela //

ki sudagar bok dipun ajêngi / sapintên ta arta sèwu dinar / bok ginalih lan pedahe / kyai wruhanta besuk / ing sayêkti sagêd amanggih / kabêgjan langkung kathah / tikêl kaping sèwu / benjing kula sagêd mêca / sakathahing laku kang dèrèng pinanggih / sampun ta kapundhuta //

dhuh kiyai kula matur yêkti / mênggah wêca pangawikan kula / sagêd uning sadèrènge / jroning sadasa dalu / ingkang maksih têtêp ginaib / mênggah kula wus gamblang / ing sadayanipun / cobi ta kayêktosana / tigang ari malih ing nagari ngriki / wontên sudagar kathah //

kang pinangkanipun saking Babil / ambêbêkta barang dêdagangan / kalangkung-langkung kathahe / yèn ta andika sarju / kapundhuta sadaya mêsthi / ing benjang antuk bagya / bathi tumpuk-tumpuk / tikêling bêbathènira / kang sayêkti manjing liruning wak mami / rêgi kang sèwu dinar //

sanalika ki sudagar kongkih / anut marang sawêcaning bayan / pan tinuku sarêgane / mangkana kang tinêmu / wêcanira bayan nêtêpi / riwusing têlung dina / pan katon gumrudug / sudagar kang samya prapta / mawa sakèh dêdagangan èdipèni / sadaya tan kaliya //

sanggyaning kang barang adi-adi / wus tinuku marang Kyai Koja / lawan cêkaking critane / wus dèn dol tikêl-têkuk / bathinira kêluwih-luwih / yèku têtêp ing wêca / ing sadayanipun / ing wêkasan andrêbala / pêksi bayan pan dahat èn êmi-êmi / cakêt salaminira //

duk samana ing ari sawiji / ki sudagar nuju maring pasar / kêpapag janma asade / pêksi menco abagus / kang wus bangkit atata janmi / nulya tinuku uga / lan binêkta mantuk / sinandhingkên môngka rowang / lawan bayan sêngkêranira tan têbih / tansah awawan sabda //

datan kêndhat pan ing sabên ari / ki sudagar anggung rêrêmbagan / lawan kukila kalihe / tan pae rarasipun / rêrêmbagan samining janmi / ganti-ganti carita / kongsi rame gupyuk / critanira warna-warna / ingkang dahat mawèh rêsêpirèng ati / maring katiganira // (Badhe kasambêtan)

--- 65 ---

Nomêr 17. Taun V.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Dongèng Pak Urtak.

Sambungane Kajawèn nomêr 34.

[Asmaradana]

yèn mêngsahe olah nginggil / tênggoke nuli didugang / olah ngandhap dipun kèpèt / dene ta yèn wontên mêngsah / olahipun plajêngan / trêngginas pan lajêng mabur / nyangkêrêm guluning mêngsah //

kados rikala rumiyin / Radèn Arya Gathutkaca / mothol gulu buta gêdhe / lan manawi wontên mêngsah / sirah brondhol ing êlar / kinêmpit sarosanipun / mêngsah lajêng pêcicilan //

sudagar saya kapengin / nuli nêmbung nyang Pak Urtak / wis kuwi têkakna kene / kira-kira rêga pira / apa nganti atusan / Pak Urtak sumambung alus / sajak gêla nuli ngucap //

dhuh bandara saupami / kula kados panjênêngan / tamtunipun botên wande / sawung dados darbèk kula / siyin êmbah ngandika / jagoku tak dol nêm atus / sak bil ora kêna kurang //

bandara kula aturi / sawung punika blastêran / asli babon sing parêdèn / besan lan pêksi garudha / nêtês sawung punika / mila yèn rêgi nêm atus / kados sampun nama mirah //

ki sudagar katêtangi / kelud rêmbuge wong nasar / ora dipikir mèmpêre / nuli manthuk sarta kôndha / wis nuli dang têkakna / tak êmpingi têlung atus / ganêpe suk yèn wis têka //

Pak Urtak barêng nampani / dhuwit têlung atus reyal / bungah tangane angèwèl / sapungkure ki sudagar / Bok Urtak muni sugal / wong lanang kowe kapatuh / gêdobrol tanpa dinalar //

Pak Urtak mangsuli lirih / wis bokne aja sumêlang / janji kowe murub bae / sesuk kowe nyanga pasar / kêtêmua sing dhasar / iwak pitik iwak manuk / kabèh têbasên wulunya //

aku tak angrakit-rakit / gawe bêthèk lan kurungan / sing kira ngidap-idapke / aku duwe sêsimpênan / thithik dhuwit rusakan / arêp tak wuwuhi wulu / bèn mèmpêr jago têmênan //

têkan samono anuli / mardawa mêdhot kalimah / takon apa ta têgêse / thithit thuwit kok rusakan / wulu kêna ditambah / Si Sidik nuli asambung / iku jênênge manukan //

sing dianggo bagor goni / dèn reka nganggo cucuk bang / kanggo ambarang biyène / sing kudhung ngêmut sêmpritan / thuwit thuwit swaranya / Samina nuli sumambung / wis ta tutuge rungokna //

Ana sambungane.

Pak Gathot, K. 4781.

--- 66 ---

Tatkramane Wong Mangan

Mungguh tatakramane wong mangan iku tumraping bocah, waton akèh lan ora nisa, wis apik. Awit bocah kang akèh pamangane, iku wêtênge warêg, banjur ora gas-gasan, awake dadi tinêmu waras. Dene ora nisa, bêcike dening ora ana pangan kang kêbuwang.

[Grafik]

Yèn cara Jawa kuna, ngajari bocah mangan iku bêbarêngan, dene kang diarani bêcik, kang patrape mriyayi, ing sajrone mangan kang tumindak mung tangan têngên thok, kanggo muluk, kanggo nyuwil iwak lan liya-liyane, awit dhèk jaman samana durung ana carane mangan nganggo sendhok. Pamangane tumungkul, mung ngingêtake ajange dhewe, ora kêna jlalatan mênyang ngêndi-êndi. Yèn ana kang wani ngingêtake lawuhing tôngga, disrêngêni. Patrap kaya ngono mau jênêng tatakramane wong mangan. Nanging sarèhning kang disinau kaya ngono mau bocah cilik, tinêmuning grêjêg sok rêbutan prakara lawuh, utawa sok sirat-siratan jangan. Nanging tumrap tatakramane, nganti saprene isih ana kang nganggo. Sawise mangkono banjur kêsundhul tatacara kulonan, caraning mangan nganggo ngulinakake sendhok porok lan lading, tumrape kang durung kulina, ketok bangêt anggone kidhung. Dene rasaning tatakrama mangan akèh bedane karo tatakrama Jawa, kaya ta yèn cara Jawa wong mangan nganti êntèk, iya iku piringe rêsik, diarani saru, bêcike kudu kang nisa. Môngka tumraping cara kulonan, wong mangan iku kudu diêntèkake, yèn nganti nisa diarani ora tata. Nanging tinêmune ana ing jaman saiki, cocog karo ananing bocah, watake mung sarwa kudu ngêntèk-êntèkake. Malah tumraping bocah kang lagi sumêga, ing kalane mangan ora ewuh ngêndhokake sabukan.

Ana manèh tatakrama manganing bôngsa Tionghwa, iku kudu prigêl ngolahake cukit, nontona gambar. Yèn nganti kidhung anggone nindakake banjur dadi gêguyon, dianggêp wong kang durung bisa mangan.

Dadi yèn ngono sawiji-sawijining bôngsa iku tatakramaning mangan beda-beda, lan yèn padha ngugêmana bênêre dhewe-dhewe, mêsthine mung padha poyok-poyokan. [poyok-po...]

--- 67 ---

[...yokan.]

Gambar Idhup

Tinêmume ing jaman saiki, paribasane sabên uwong mêsthi wêruh kang diarani gambar idhup, lagi bocah bae, yèn diturutana, niyate mung arêp ngajak nonton gambar idhup.

Mungguh gambar idhup iku anane warna-warna, ana kang kanggo tontonane wong tuwa, ana kang kanggo bocah. Kang kanggo tontonane wong tuwa, iku ngêmot lêlakon kang pancèn agawe sêngsêm, ana kang ing gambar wau ngêmu kawruh. Tumrap kang mêngku kawruh iku sok ditontonake kanggo bocah sêkolah. Ana kang maligi dipitontonake kanggo kawruh kawarasan, iku kêna ditonton ing sabên uwong, malah mung lêlahanan bae, lumrahe ditindakake dening pakaryan kawarasan, kaya ta bab lêlara pathèk, pès, cacar lan liyane.

[Grafik]

Dene tumraping bocah, yaiku kang isih kapetung bocah cilik, iku gambare dianakake dhewe, upama caraning layang dianani kanggo wacan bocah. Mungguh kang dijukuk bangsaning dêdongengan, lumrahe dêdongengan Walônda. Ana kang mung dhapur lucon, waton kang gawe guyuning bocah.

Ing môngsa iki ngêmbyahing wong-wong kang ngêtokake gambar idhup tinêmu ing nagara ngêndi-êndi, yèn dhisike Amerikah, Inggris, Jêrman, lan liya-liyane, dene ing saiki Tiongkok, Jêpan, malah ing Turki iya uwis milu gawe, lan sanadyan ing tanah kene iya wis ana kang gawe.

Lucuning lucu, kang bisa agawe guyu, iku kang jênêng Tuwan Caplin. Wah iku sapolahe mung gawe atosing wêtêng.

Jalaran saka lucune mau, sing siji-sijining nagara kang ngêtokake gambar idhup iya gawe Caplin, têgêse gawe wong lucu. Kang wis tinêmu ing Jêpan, akèh kang mèmpêr. Ing Turki barêng ngêtokake gambar idhup, iya gawe Caplin, mungguh wujuding Capline kaya kang kacêtha ing gambar. Coba sawangên, lucu apa ora.

Dadi mungguhing bocah, wajib padha wêruha, yèn nonton gambar idhup iku ora sabên gambar kêna ditonton, aja kliru surup, ngarani yèn anggone mênggak wong tuwa, mung saka ora olèh. Bêcik nontona kang pancèn kanggo bocah.

--- 68 ---

Pangkur

sangêt kapengin kawula / dhatêng taman bocah badhe ngêmpali / ning sangêt kuciwanipun / de tan sagêd cangkriman / ngarang têmbang punapadene tan pêcus / tangèh yèn dipun gapea / mring bocah-bocah kang wasis //

mung saking dêrênging manah / nadyan dados gêguyon anglampahi / kapêksa kawula gêbyur / madyaning taman bocah / ciptaning tyas mung ulun karya run-urun / mrih sagêde kêkêmpalan / lan para bocah winasis //

tan liyan atur kawula / mring paduka matur nuwun sakêthi / de paduka karsa tulung / ngêwrat sêrat kawula / ingkang tangèh wontêna paedahipun / dêstun mung ngêbaki papan / ingkang datan migunani //

Cangkriman

1. ana makluk nora mingsra / mawa wisa luwih ambêbayani / sênêng môngsa bôngsa lêmbu / wani môngsa mring janma / kewan iki kêrêp bisa anyalamur / lan manungsa nunggal papan / yèn nyokot ambilaèni //

2. ana uwong bêbakulan / dagangane akèh bocah kêpengin / bakul iki yèn lumaku / sikile loro lumrah / lamun lèrèn sikile dadi sêpuluh / yèn bakule mapan dhasar / sikile luwih salosin //

3. ana dêdongenan kewan / jênênge mung kawan wanda ngewuhi / yèn sinêbut kalih ngayun / lir wong ngundang wanita / yèn sinêbut kalih uga ingkang pungkur / kaya wong ngundang wong lanang / sêbut kabèh omah kali //

4. ana tukang ngukur barang / mung patrape iku anèh kêpati / yèn amrih padhane dhuwur / kang cêndhèk ingêlongan / kang wus dhuwur bangêt malah dhundhung-undhung / supaya dhuwure padha / yèn tan mangkono tan dadi //

5. ana tulis mung sawanda / yèn sinêbut sapisan tanpa arti / sastra iku nganggo suku / yèn pindho panyêbutnya / sastra iku duwe têgês bôngsa balung / yèn sinêbut kaping tiga / kang nyêbut ingkang duwèni //

6. ana grêma cacah lima / yèn bêburu siji tan kêna kèri / yèn nyêkêl ingkang diburu / mung lara kang tumandang / de kang têlu kudu milu kaya batur / yèn nubruk barêng wong lima / kewane malah tan kêni //

Katrangan.

1. Lêmut malariyah. | 2. Bakul ès pikulan kang pinuju dhasar lungguh dhingklik. | 3. Yuyu kangkang. | 4. timbangan (traju). | 5. Ku, kuku, kukuku. | 6. Wong dhidhis tuma sirah.

Jonggala. Watês, Ngayogya. Lêngganan nomêr 5119.

Catatan kaki:

1. kulinakakên. (kembali)
2. wis. (kembali)
3. pangkat. (kembali)
4. Hal. 737-738 hilang. (kembali)