Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-03, #302

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-03, #302. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-07-03, #302. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 53, 25 Sura Taun Ehe 1860, 3 Juli 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [821] ---

Ôngka 53, 25 Sura Taun Ehe 1860, 3 Juni[1] 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan ing Indhonesiah

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun têmpukaning lèpèn Barumun kalihan Bilah, ing sacêlakipun labuhan Bilik, Sumatra wetan. Lèpèn wau kenging kangge labuh kapal K.P.M. tuwin kapal Straits Settlements.

--- 822 ---

Wêdhar Sabda Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral wontên ing Polêksêrad, ing Parêpatan Wiwitan Taun

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Anglajêngakên pamêdhar sabda dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, Ingkang Wicaksana lajêng angandikakakên mênggah munduripun panyadean karèt tiyang siti, nanging kosok-wangsulipun, pamêdalipun mrica tuwin kopi robêsta saya majêng. Tuwuhipun ama kopi enggal ing tanah Sumatra, adamêl kuwatosing manah. Ingkang punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana angajêng-ajêng, sarana nyambut damêl sêsarêngan kalihan Algemeen Landbouw Syndicaat têmtu badhe angsal rekadaya kangge amêrangi ama wau.

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika mêdhar sabda.

Salajêngipun Ingkang Wicakana andhawuhakên ing bab panyadean kajêng wana nagari, punika pêpajênganipun mèh langkung 2½ yuta katimbang rancanganipun, ing môngka ingkang kathah dipun pigunakakên salêbêting praja, punika amracihnani bilih ekonomining rakyat sampun majêng, kamajênganing ekonomi wau ugi jalaran saking langkunganing arta ingkang kabayarakên dening sawatawis ondêrnèmêng-ondêrnèmêng, ingkang pamêdalipun saya mindhak kathah. Titikan sanès-sanèsipun, ingkang mracihnani, bilih karaharjaning para kawula majêng, jalaran kathahipun barang-barang lelangan gantosan ingkang

--- 823 ---

sampun kapundhut dening nagari, punika saya suda. Makatên ugi tunggakan sambutan arta dhatêng apdhèling bang tuwin bang dhusun, punika inggih saya suda.

Ing bab pambudidaya anyaèkakên kawontênanipun rajakaya tansah dipun lajêngakên, makatên ugi anggènipun amêragi sêsakit rajakaya ingkang nular. Mênggah karampunganipun kenging dipun wastani sae, ugi ing bab kawontênanipun pitik iwèn, nagari tansah amênggalih kanthi yêktosan.

Sêsampunipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng andhawuhakên ing bab kawontênanipun kawêkêlan tumrap bôngsa Eropah tuwin tiyang siti.

Mênggahing pakaryan irigasi, panggarapipun tansah dipun kiyati.

Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng angandikakakên ing bab karampunganipun cobèn-cobèn rêrêmbagan sarana radhio tilpun, ingkang anjalari wiwit tanggal 7 Januari ingkang kapêngkêr punika, gêgandhenganipun tanah Indhia lan nagari Walandi sagêd dipun umumakên. Makatên ugi angandikakakên ing bab pambikakipun pakaryan lampahing gêgana tumrap umum kala tanggal 1 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr punika.

Ngantos talêsih Kangjêng Tuwan Bêsar andhawuhakên ing bab kawontênanipun tatanan praja, inggih punika ing bab anggènipun badhe ngwontênakên tatananing prajurit dharatan tuwin lautan.

Kawontênanipun babagan arta nagari ing taun 1928 punika, miturut pangandika dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, langkung sae. Buktinipun: angsal-angsalanipun limrah langkung saking 10 yuta tinimbang kala ing taun 1927, ing môngka angsal-angsalanipun ing taun 1927 punika sampun kenging kawastanan sae. Kajawi saking punika wontên angsal-angsalan arta malih kathahipun 22 yuta saking pajêg pêrang ing nagari Walandi, ingkang sawêg katampi ing wêkdal punika. Salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lajêng angandharakên mênggah sabab-sababipun, dene pangasilan nagari ing taun 1928 sagêd langkung kathah tinimbang ing taun 1927 inggih punika saking pamêdalipun arta pajêg, punapadene arta tirahan kabudidayan nagari. Langkung malih pangasilan arta beya tuwin arta pajêging penutsêkap-penutsêkap, punika ingkang anjalari wêwahing pangasilanipun nagari ing taun 1928 punika. Gandhenganipun kalihan sadaya wau, mênggahing babagan arta nagari ing taun 1928 kenging dipun wastani sae sangêt, ingkang punika nagari lajêng sagêd amangsulakên sambutanipun ingkang botên sakêdhik.

Sanadyan pangasilan nagari ing taun 1928 anyênêngakên, nanging miturut pangandika dalêm Ingkang Wicaksana, samangke sampun kenging karaosakên, bilih rêgining pamêdalipun kabudidayan, kados ta: timah, gêndhis tuwin karèt, wiwit mandhap, ingkang makatên punika têmtu badhe kanyataan ing pangasilan ing taun 1929 punika. Jalaran saking punika nagari lajêng kapêksa matêsi rancanganipun padamêlan-padamêlan ingkang badhe katindakakên, inggih punika ngêmungakên ingkang prêlu-prêlu kemawon. (Badhe kasambêtan)

--- 824 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts. ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika miturut punapa ingkang kasêbut ing buku. Tiyang-tiyang ingkang sakit tipês ingkang limrah tôndha-tandhanipun botên têmtu sami kalihan kados ingkang kasêbut ing buku.

Asring kemawon anggènipun ngundang dhoktêr kapurih mriksa tiyang ingkang sakit wau sampun lêt watawis saminggu kapara langkung. Katingalipun ingkang sakit namung bêntèr, wêtêngipun botên malêmbung, botên mèncrèt, botên budhêg, saha pols kêndho kêncêng kêdutipun, kados polêsipun tiyang ingkang sakit bêntèr sanèsipun kemawon.

[Grafik]

Lêmut ingkang anjalari sêsakit bêntèr koming.

Dados punapa malih sanèsipun dhoktêr, sawêg dhoktêr piyambak kemawon botên sagêd lajêng nêmtokakên bilih sêsakit punika tipês punapa sanès, samantên wau manawi botên nyêkapi wêkdalipun nalika mriksa utawi angyêktosi. Dene sagêdipun mastani lêrês lan botênipun sêsakit tipês utawi sanès, êrahipun tiyang ingkang sakit kapêndhêt dipun priksa ing Laboratorium.

Ing sarèhning kita botên mangrêtos, utawi kadangon ngêntosi katrangan saking Laboratorium wau, ingkang sakit supados dipun pulasara rumiyin kadosdene tiyang ingkang kenging sêsakit tipês saèstu.

Amila sajatosipun tiyang kêdah ngatos-atos, ing môngsa wontên sêsakit ingkang nular makatên punika, kêdah ihtiar panjagi lan panulakipun, sampun ngantos kêtularan. Dene ihtiaripun: sêsakit tipês, kolerah, dhesêntri punika wijinipun wontên ing toya, pramila prêlu sangêt toya ngombe kajagia ingkang rêsik, sampun ngantos kêtularan wijining sêsakit wau. Rêrêgêd utawi sêsukêr kabucala ingkang têbih saking griya utawi sumur, prayogi dipun bêsmi kemawon utawi kasiram kalihan toya gamping.

Sayuran wowohan utawi sadaya ingkang mêntah kêdah dipun jagi rêsikipun, langkung sae botên nêdha barang ingkang mêntah.

Ingkang prêlu sangêt, tiyang ingkang saras dipun suntik vaccin tipês. Kadosdene panulakipun sêsakit cacar, tiyang ingkang saras dipun suntik vaccin cacar, punika andadosakên sagêd kalis dening sêsakit wau. Cêkakipun tumrap sadaya tiyang murih wilujêngipun prêlu sangêt ihtiar anjagi saha nindakakên panulakipun sêsakit wau, [wa...]

--- 825 ---

[...u,] punika kêdah dipun estokakên miturut katrangan saha pranataning dhoktêr kados ing ngandhap punika:

1. Toya ingkang badhe kangge utawi kangge ngombe, sadèrèngipun kêdah kagodhog rumiyin, 2. toya ingkang kangge siram kêdah rêsik, 3. ngombe susu ingkang sampun godhogan, sampun nedha wowohan ingkang mêntah, 4. têtêdhan, sêkul, ulam utawi panganan sampun ngantos dipun encoki lalêr, kêdah dipun tutupi sadèrèngipun katêdha, 5. salêbêting griya, sajawining griya utawi ing plataran kêdah rêsik, rêrêgêd-rêrêgêd dipun kalêmpakakên dipun bêsmi, prêlunipun sampun ngantos wontên lalêr. Tôngga têpalihipun dipun cariyosi supados rêrêsik ing panggenanipun, 6. ingkang saras kêdah dipun suntik vaccin tipês, 7. rencang-rencang kêdah rêsikan, sampun ngantos nyêpêng têtêdhan utawi toya ngangge tangan rêgêd.

Bab pamulasaranipun tiyang sakit.

Sênthong (kamar) kêdah ingkang kasorotan srêngenge lan sagêd angsal hawa.

Patilêman wontên kalih, satunggal kangge siyang, ingkang satunggalipun kangge ing wanci dalu.

Enjing sontên ingkang sakit kêdah dipun sibini ngangge toya angêt mawi sêpon.

Tilêmipun mawi dipun ganjêl windkussen.

Bokong lan boyok kêdah dipun gosok ngangge kamferspiritus. Sêsampunipun lajêng dipun wur-wuri talkpoeder enjing sontên utawi saprêlunipun, prêlu kangge anjagi sampun ngantos bokong utawi boyok babak ngorèng, awit manawi kangge tilêman kemawon sagêd angrisakakên kulit.

Têtêdhan ingkang kenging katêdha namung puhan lêmbu lan tigan ayam satêngah matêng (madon) sacêkapipun. Ingkang botên patos doyan ngombe puhan, puhan wau kenging dipun wori tèh, kopi utawi sêtrup sakêdhik.

Sabibaripun ngombe puhan utawi nênêdha wau, cangkêmipun kêdah karêsikana mawi toya matêng, utawi kêmu toya matêng ngantos rambah-rambah.

Sawênèhipun dhoktêr suka pitêdah, tiyang ingkang sakit kenging nêdha bubur, punika ingkang sampun kalampahan kirang prayogi, jalaran usus ingkang sakit badhe thukul korèngipun utawi sampun ngorèng, punika botên kiyat nampi têtêdhan ingkang ragi atos, kajawi manawi anggènipun ambêbucal tiyang ingkang sakit wau sampun akas, kakènging[2] nêdha bubur sakêdhik-sakêdhik.

Tilêmipun ingkang sakit kêdah sakêdhap-sakêdhap alihan, prêlunipun nyêgah paru sampun ngantos dados sakit (longontsteking).

Sêsukêr utawi uyuh kêdah dipun siram ngangge kreyolin utawi karbol, panganggenipun sêprèi, kasur, urung bantal lan guling kêdah dipun kum ngangge lysolopl 10% watawis 2-3 jam dangunipun, sadèrèngipun dipun kumbah, manawi sagêd dipun godhog utawi dipun sêtum rumiyin. (Badhe kasambêtan)

--- 826 ---

Bab Panggulawênthah

Bab Waosan Lare

Sambêtipun Kajawèn nomêr 51.

Tujunipun sampun wontên juru pangrêksa ingkang murih waosan lare punika lêstantun sae, sampun ngantos awon, inggih punika:

Nomêr satunggal, gupêrmèn, ingkang anjagi murih saening waosan lare sêkolah. Tiyang kathah inggih sampun mangrêtos sadaya bab ajinipun buku-buku wêdalan Volkslectuur ingkang kasêbar ing sabên sêkolahan ôngka kalih lan H.I.S. Saya malih kantor Volkslectuur ngêdalakên kalawarti basa Malayu Sundha lan Jawi, kangge rakyat Indhonesia. Sêrat kabar wau ajêgan wontên panggenan kasadhiyakakên kangge prêluning lare-lare, ngêwrat karangan waosanipun lare.

Pranatan ingkang makatên wau kula sukur sangêt, awit lare lajêng saya jêmbar waosanipun, anjalari dados sênênging lare.

Nomêr kalih ingkang ngêdalakên lan saening waosan lare punika pakêmpalanipun para mudha ingkang jêmbar kawruhipun, upaminipun: Pemoeda Indonesia, Jong-Islamieten Bond, Jong-Java lan sanès-sanèsipun. Ing sadhengah sêrat kabaripun piyambak-piyambak, para murid botên namung trimah maos, nanging inggih sami marsudi damêl karangan piyambak. Ingkang makatên wau dipun wastani: anggulawênthah badanipun piyambak.

Nomêr tiga ingkang sami pados rekadaya ngindhakakên kawruhipun lare sarana wêwaosan, inggih punika pakêmpalan-pakêmpalan utawi sêrat kabar-sêrat kabar agêng ingkang nêdya nênuntun lare sarana ngêdalakên sêrat kabar tumrap lare utawi buku-buku lare. Manawi tiyang nginguk ing kalangan bôngsa Walandi, têmtu badhe sumêrêp, yèn sabên sêrat kabar agêng apêsipun saminggu sapisan ngêdalakên sêrat kabar tumrap lare. Isinipun sêrat babar wau warni-warni, wontên dongengan, wontên cariyos ingkang anjêmbarakên kawruhipun lare, wontên cangkriman, malah lare umur 12 taun mangandhap sampun dipun warahi ngarang piyambak. Sarêng ing kalanganing kabangsan kula taksih awis-awis mrangguli sêrat kabar tumrap lare ingkang sumêbaripun sagêd maradini ing ngakathah. Inggih wontên sêrat kabar ingkang dados suwaraning para mudha kados ta gadhahanipun P.I., J.I.B., Jong-Java, nanging punika dados kabêtahaning para warganipun pakêmpalan piyambak.

Ingkang prêlu punika sêrat kabar lare kangge umum supados anak-anakipun tiyang alit inggih sagêda kaduman kawruh warni-warni.

Sapunika sêrat kabar kangge prêluning rakyat sampun pating jêrêdhul mrajak kados tuwuhing jamur. Pamuji kula mugi-mugi sêrat kabar tumrap lare lan buku tumrap lare kangge anakipun rakyat sagêda pating jarêdhul [jarêdhu...]

--- 827 ---

[...l] ugi. Tuladhanipun ing kalanganing bôngsa Walandi punika sampun cêtha wela-wela.

Sapunika golongan kabangsan sampun ngêdalakên sêrat wulanan, wasita, kangge para guru lan para rama ibu. Kula badhe nyuwun priksa sakêdhik, benjing punapa lairipun sêrat kabar lare ingkang adhêdhasar kabangsan, kula golongan èstri sagah ngrencangi ngarang, awit pangrêksaning lare punika dados wajibing golongan ibu ugi.

Wasana punapa atur kula sadaya kula sumanggakakên dhatêng para sadhèrèk.

Siti Maryam.

Jagading Wanita

Kawruh Ambathik (Nyêrat)

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52

Ngèngrèng polan

Ingkang nama polan, punika panyêratipun manut pola ingkang sampun dipun damêl lêmbaran, limrahipun sinjang sêmèn-sêmènan, latar pêthak utawi latar cêmêng.

Patraping panyêratipun tiyang mola, kêdah manggèn papan ingkang nawangakên padhang, pola dipun tèmplèkakên ing mori dipun êdomi ing dom bundhêl, pola wontên ing jawi. Wayanganing sêratan ing pola lajêng dipun sêrat. Manawi pamolanipun sampun kacakan sadaya, pola lajêng dipun pêndhêt, dene salajêngipun cêkap nêkuk mori ingkang sampun dipun sêrat, dipun pola malih, sairib kados patrapipun mola sakawit, bal-tumimbal ngantos dumugi sakêmputing mori sadaya.

Mênggah ing gampilanipun tiyang ngèngrèng polan ingkang kados makatên punika sampun nama sae, nanging tumrap tiyang ingkang sampun nama sagêd, pamolanipun wau taksih mawi ngewahi mêndhêt pantêsipun, upami wontên jêjêring sêratan kêkêrêpên utawi kosok-wangsulipun, punika dipun wangun malih, makatên ugi tiyang mola punika ingkang prayogi kêdah mangun sêratanipun ing pinggir sacêlaking seretan, kaangkaha sampun ngantos kêbênggangên kalihan seretan utawi sampun ngantos kêmèpètên, inggih manawi sinjangipun latar pêthak, botên katawis, awit têbih cêlakipun kalihan seretan lajêng kêsamar ing unthêr utawi tembokan, nanging manawi latar cêmêng, katingal awonipun.

Ngèngrèng rujagan.

Ngèngrèng rujagan punika padamêlanipun tiyang ingkang sampun sagêd nyêrat, awit sêratan rujagan punika tanpa pola, dados ingkang nyêrat sampun sagêd nganggit piyambak, mila badhe botên kêkirangan anggèning damêl lêluwêsan.

Ngèngrèng manut garisan.

Ngèngrèng ingkang kados makatên punika, namung kantun [kantu...]

--- 828 ---

[...n] ngênut lampahing garisan, nanging lugunipun inggih padamêlanipun tiyang ingkang sagêd ngèngrèng rujagan.

Isèn-isèn.

Sêsampunipun rampung anggènipun damêl ngengrengan, lajêng dipun isèn-isèni. Isèn-isèn punika: sawut, cacah gori, cêcêg, sisik, sisik mêlik, tuwin wontên sanès-sanèsipun malih, nanging mênggah isèn-isèn sêratan kina, limrahipun namung kados makatên wau.

Badhe kasambêtan.

Kawruh Sawatawis

Bab Ulam Wêlut

Nyambêti andharanipun sadhèrèk Sukarman, G.b. Jrakah S.C.S. ing Kajawèn nomêr 49, bab ulam wêlut. Sanajan andharan wau sampun nyêkapi, ananging kula kapêksa badhe urun-urun sawatawis. Ulam wêlut punika pancèn satunggiling ulam ingkang raosipun botên beda kalihan ulam lele.

Dene pamêndhêtipun ulam wêlut wau, kajawi kapancing karogoh lan katêlik ugi kenging kasuluh mawi oncor ing wanci dalu.

Dene patrapipun nyuluh makatên: 1. ambêkta oncor, awit ulam wêlut wau limrahipun manawi dalu sami saba ngupados têtêdhan, nanging manawi kêsorot padhanging oncor lajêng kèndêl tanpa ebah kados lamur. 2. ambêktaa wilah kadamêl kados pêdhang. 3 ambêktaa kêpis kangge wadhah ulam wêlut wau, dene wilah wau pirantos kangge mêdhang wêlut ingkang kenging soroting oncor. Pandamêlipun pêdhang botên kenging landhêp, jalaran manawi landhêp wêlutipun sagêd pêdhot, wusana manawi kasade anyudakakên rêgi.

Ing nginggil wontên sêsêbutan têlik, têlik wau têgêsipun wuwu alit, pirantos kangge misaya ulam wêlut, punika sadaya langkung gampil malih.

Patrapipun makatên: manawi gadhah têlik kintên-kintên sadasa iji, ing dalêm satunggal têlik kasukanana cacahan cacing sakêdhik, manawi sampun kapasanga ing sabin ingkang pantunipun sawêg wiwit mêtêng, awit yèn pantun sampun wiwit mêtêng manawi kasuluh tamtu lajêng sami putung, amargi kaidak-idak, dene pamasangipun têlik ing wanci sontên, enjingipun dipun pêndhêt, ing dalêm têlik satunggal, yèn ing papan ngriku pancèn kathah wêlutipun, sagêd angsal sadasa iji.

Pangupakaranipun ulam wêlut wau, kabèthètana lajêng dipun dhêdhêgi supados sagêd rêmuk êrinipun, lan kakumbaha ingkang rêsik, dene ingkang agêng prayogi kadhèndhènga lajêng kaêpe ngantos garing, wusana kagorèng garing, raosipun eca, dene manawi kathah tunggilipun kenging kasade ing pêkên kados andharan ing Kajawèn nomêr 49.

Wusana yèn wontên lêpat lan kiranging têmbung: nyuwun gunging samodra pangaksama.

Sastradisana L. 1246.

P.h.c.I. Weltevreden.

--- 829 ---

Raos Jawi

Gugon Tuhon

Bab gugon tuhon punika mèh pinanggih ing nagari pundi-pundi, dene ingkang limrah koruping tiyang dhatêng gugon tuhon punika ngandêl dhatêng brêkahing kayu watu, kewan tuwin sanès-sanèsipun, wontên ingkang dipun anggêp sagêd damêl sugih, damêl kasarasan, sagêd suka kadrajatan, tuwin sanès-sanèsipun.

Tumraping kuburan, punika mèh limrah sabên wontên kubur ingkang dipun anggêp kramat, inggih lajêng kathah tiyang ingkang sami dhatêng pados brêkah, ingkang makatên wau botên patosa klintu, awit ingkang dipun têdhani brêkah wau sanès kuburipun, nanging ingkang sumare, dipun alap brêkahing lêlabêtanipun kala dèrèng ngajal, ewadene inggih nama dèrèng lêrês.

[Grafik]

Wit Kalapa ing Lawongan, Mênadho, ingkang kala rumiyin dipun anggêp kramat.

Saya malih tumrap tiyang ingkang nêdha brêkahing sato kewan, kados ta nêdha brêkahing sagawon, awit kaanggêp sagêd dados dhukun, amargi kêtitik sagawon wau sok anglampahi siyam. Wontên malih maesa ugi sagêd dados dhukun, punika pinanggih wontên ing tanah Priyangan, cara-caranipun makatên: ing satunggiling panggenan wontên maesa sampun dipun alasakên, kadospundi jalaranipun botên têrang, sumêrêp-sumêrêp sampun dipun anggêp dhukun dhatêng têtiyang kathah. Lampahing nêdha jampi, tiyang kêdah nyadhiyakakên pangombèn wontên ing papan pasabanipun maesa wau, manawi toya wau sampun dipun ombe, sisanipun lajêng kangge jampi, dene samôngsa kewan wau dèrèng purun ngombe, inggih taksih dipun êntosi kemawon.

Wontên malih anganggêp kramat dhatêng wit-witan, namung

--- 830 ---

kamanah jalaran saking eloking wujud, kados ta ing Mênadho wontên wit kalapa galêganipun dhoyong ngantos nalosor kados ngambang ing toya, punika dipun alap brêkahipun dhatêng têtiyang kathah, sangandhaping wit kangge adus. Nanging dangu-dangu lajêng cabar, amargi têtiyang mangrêtos, bilih wit kalapa wau inggih limrah wit kalapa kemawon, malah lajêng kangge pêthangkrikan lare.

[Grafik]

Wit kalapa êpang ing Kalitidhu.

Makatên ugi ing Kalitidhu, Rêmbang, wontên wit kalapa êpang gangsal, punika inggih pancèn anèh, nama mrojol saking kêlimrahaning wit kalapa, punika tiyang lajêng asring klintu sêrêp, wontên ingkang nganggêp bilih wit kalapa wau sanès sabaènipun. Tular-tumularing wartos lajêng dumugi ing pundi-pundi, saha lajêng nuwuhakên tiyang sami nêdha brêkah warni-warni, nanging wusananipun cabar malih, inggih namung dados kalapa limrah, kaot gadhah kaelokan, dening kawontênanipun nyalênèh.

Wontên malih gugon tuhon ingkang ragi anggumujêngakên. Kacariyos kala rumiyin wontên prayagung luhur ing Surakarta badhe yasa dalêm, kajêng ingkang badhe kangge saka guru mêndhêt kajêng jati saking wana ingkang sakalangkung wêrit, nanging jalaran saking agênging kajêng, nalika dipun gèrèt badhe kabêkta dhatêng kitha, mogok kemawon, sanadyan dipun kathahi tiyangipun, mêksa botên ebah. Wusana wontên tiyang sêpuh cariyos, cobi kajêng wau kapurih numpaki talèdhèk, awit talèdhèk punika sok dados sarana agar. Yêktos, sarêng wontên talèdhèk linggih sanginggiling kajêng wau tuwin wiwit mangkur: sêkar pangkur gawe gela... sawêg anjêngèk kemawon, lajêng gêmlidhig. Nanging gugon tuhon punika manawi dipun manah panjang, satunggal-satunggaling gugon tuhon gadhah kajêng piyambak-piyambak, wontên ingkang lèrègipun anjog ing kabatosan, wontên ingkang dhatêng piandêl, wontên malih lèrèg dhatêng rekadaya. Gampil-gampilan ing bab mogoking kajêng saka guru, punika bedanipun punapa kalihan majênging tiyang têtumbas dhatêng papan sêsadean, ingkang luwês paladosipun.

Sarèhning ing jaman sapunika, nama jaman padhang-padhangan, tiyang sampun sumêrêp sulaking jaman kamajêngan, botên kenging dipun balithuk ing kaelokan, awit mangrêtos bilih tindak makatên punika kalintu. Lan ugi mangrêtos pundi ingkang nama gugon tuhon yêktos utawi ingkang sanès, mila bab makatên punika namung kasumanggakakên.

--- 831 ---

Waosan Lare

Sadulur Tunggal Suson

XXIII. Entèking carita

[Dhandhanggula]

uwis têntrêm bêcik ing saiki / ora ana wong sing ora bungah / barêng wis ana ratune / sabên wong rubung-rubung / mêsthi ana sing angrasani / mênyang ratune anyar / ngalêm bagus tulus / lan panggalihane jêmbar / kêtitike barêng luwar Surawani / sarta olèh ngapura //

malah ora suwe Surawani / bisa olèh pagawean lawas / bali dadi pyayi gêdhe / iya iku tumênggung / mung saiki watake salin / nganggêp sapadha-padha / nadyan nyang wong mikul / dirêngkuh wis ora beda / nanging mungguh tindak sing mangkono kuwi / malah luwih utama //

awit lumrah wong ing ngêndi-êndi / watakane yèn digalap mênang / wis gênah mêsthi êmohe / dene yèn dirèh alus / lan kêladuk dikulit daging / mêsthi malah rumasa / wêdi tênan têrus / kabèh mau wis kanyatan / ing sang prabu apa manèh Surawani / padha wis ketok cêtha //

dene mêngko sing bangêt kêtitik / ing bungahe kajaba sang nata / patih ya ngono anane / dene saiki rampung / pêpêtênging nagara nyingkir / atine wong wis padhang / drêngki jail larut / mula ing batin ngêngudang / mênyang gusti kang kagungan galih luwih / kuwat disêmbah-sêmbah //

wise têntrêm nuju wayah bêngi / sang aprabu kaparêng lênggahan / nanging piyambakan bae / sing ngandikan malêbu / ora liya mung kyai patih / Palih uga kalilan / malah tanpa ewuh / awit pancèn kasêntana / sanadyana Palih pangkate mung cilik / nanging kêcakêt nata //

ketok gone trêsna mênyang gusti / rina wêngi mung tansah rumêksa / mèh ora ana pisahe / dene kalane mêtu / mung nyalinthut agolèk angin / sang prabu ngono uga / trêsnane kalangkung / sabên Palih ora ana / banjur bae iya dhawuh anggolèki / yèn suwe dadi duka //

kêrêp bae Palih didukani / nanging ora ketok angrêsula / malah bungah ing atine / mantêpe krasa têrus / kacarita dhèk bêngi kuwi / sang prabu lênggah ngandhap / cakêt lan kang ibu / rèhning amburu sakeca / kangjêng ratu lênggah karo dipêtêki / sing mêtêki bok inya //

angadhêpês ki patih alinggih / ora pati adoh lan sang nata / Palih ladèn rana-rene / ing kono sang aprabu / angandika ketok kêdugi / saiki wis kalêgan / wa ing panuwunku / ibu biyung uwis ana / lan manèhe aku têtêp ing saiki / anggêntèni jêng rama //

yèn tak pikir lêlakonku kuwi / dawa bangêt nganti kaya crita / wiwit saprana-saprene / lagi bisa kêtêmu / kyai patih nyêla nginggihi / kang nama lêlampahan / manawi pun urut / tamtu dados kaelokan / tiyang ngantos botên sagêd angrampungi / manawi dèrèng môngsa //

--- 832 ---

cobi bilih amarêngkên gusti / kula badhe anjèrèng carita / kenging kangge dongèng têmbe / nanging cariyos lugu / kula botên mawi akumbi / awit ngraos sadaya / kawontênanipun / kenging kangge tôndha nyata / lêlampahan kang dadosipun prayogi / rak kaparêng sadaya //

kangjêng ratu gumujêng nyêkikit / kèndêl lênggah karo angandika / aku arêp kowayangke / wis ta kono sing cucud / alon nyêmbah kiyai patih / gusti namung minôngka / pamuji rahayu / awit sadaya lampahan / yêktosipun yèn ta pun titi prayogi / sagêd manjing ing têpa //

kados putra dalêm ing rumiyin / wontênipun ngantos kalampahan / tilar nagari yêktose / mung galih kirang landhung / malah nuntên lajêng mutungi / lêrês kêtingal lêga / sajak nurat-nurut / nanging mênggah kabatosan / yêktosipun gusti botên sagêd kumbi / têrus botên narima //

malah saya karaos ing galih / kalampahan ngantos nêdya nglawan / mila apês ing dadose / wusana sarêng sampun / nama katog nglampahi sakit / tumuntên sagêd luwar / nama sampun rampung / dumugi mangke punika / jêng sinuhun kêwêngan galih utami / lulus jumênêng nata //

mila gusti mung wajib pun puji / mugi putra dalêm alulusa / têntrêm ayêm panggalihe / awit namaning ratu / yèn ngantosa ebah ing galih / lajêng sangar sadaya / mèsêm sang aprabu / nuli alon angandika / bênêr kabèh uwa caritamu kuwi / aku ya wis rumasa //

kyai patih wiwit manèh nuli / dene mênggah ingkang sampun limrah / sami kemawon wontêne / inggih kang nama ibu / dhatêng putra kang sanès mêsthi / mung tansah mêmêngsahan / ing salaminipun / nanging yèn pun manah panjang / yêktosipun manah kang makatên gusti / pinanggihipun lêpat //

awit mênggah lêlampahan mêsthi / ing salami tansah ewah-ewah / botên têtêp salamine / saya kang tindak luput / ewahipun kalangkung gampil / nama piwêlèh nyata / mila ing bab wau / nadyan botên matur kula / nyatanipun sampun kauningan sami / kula namung sumôngga //

êmung mèsêm kangjêng pramèswari / kyai patih ambanjurke crita / dene êmbok inya kowe / anggonmu nêmu luput / saka bangêt gonmu ngakoni / nyang gusti dhèk samana / rasaning atimu / mung kowe dhewe sing kwasa / mula lagi luwar têkane saiki / tampanên lan panrima //

dene mungguh kowe iku Palih / katrêsnanmu mênyang ing bandara / pancèn ya tênan nyatane / nanging sok ketok thukul / melikanmu kapengin luwih / upama aja sasar / duwe ati suwung / ora kanggo ing abahan / nanging bêgja dene kêcakêt lan gusti / kang kagungan kuwasa //

sampun têlas dongèng kula gusti / dados mênggah lampahan sadaya / sagêda atindak sae / dene manawi luput / rumaosa ingkang nêrusi / awit yèn ta lumuha / ngrumasani luput / inggih dipun padosana / ing salami môngsa amanggiha bêcik / gusti punika nyata //

guwayaning polatan nêrusi / pajagongan ketok kêbak rêna / nuli ngandikan banjure / nganti mèh êbyar esuk / kyai patih mundur tumuli / sorote kang pêpadhang / wis madhangi kêmput / pêpêpêtênge kabèh ilang /[3] cocog kaya ing êntèke dongèng iki / ngono cuthêling crita //

--- 833 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Èwêd Pakèwêding Pangkat Pangrèh Praja

VI.

Garèng : Truk aku iya prêcaya bangêt, yèn sing dadi lurah bangsaning wong burêng, ora bakal gawe tata têntrêming desa, nanging kosok-baline malah bisa ngrusak desane. Ewasamono ana golonganing wong, sing dianggêp dening wong-wong desa sawijining klilip gêdhêm bangêt, têgêse: nèk dicêdhaki nyathèk, nèk didohi nyambit kotoran, ya kuwi: tukang kêlah lan para ahli wèt sing padha ngênggoni titêl: pokrul, ning: bung.

[Grafik]

Petruk : Ewadene sawênèh ana sing nyalahake priyayi anggone nanggulangi anane tukang kêlah utawa pokrul bambu mau, sarta banjur dianggêp priyayi jail, priyayi opèn lan sapêpadhane. Anggone priyayi ngêngèl-êngèl tindaking wong-wong kang mêngkono mau, rak sabab saka wêlase marang wong desa, sing gampang blithuk-balithukane, dadi ora kaya gagasane sawênèhing wong: priyayi sumêdya ngalang-alangi wong golèk pangan. Kêpriye carane tukang kêlah utawa manèh pokrul bambu anggone nindakake praktike ana ing desa, ing kene ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, têmtune sabên wong wis padha sumurup kabèh.

Garèng : Mulane aku iya rada maido nyang kandhamu: wong bodho bisa kêpilih dadi lurah, apa mung supaya dadi pakanane tukang kêlah utawa pokrul pêtung bae.

Petruk : Pancèn mula iya mêngkono. Tukang kêlah utawa manèh pokrul bambu, kuwi iya sok agawe susahing wong desa, mêngkono uga lurah sing bodho, kuwi iya sok digawe dolanan. Mungguh têrange mangkene: lurah sing bodho kuwi sok ora ngrêti mênyang wêwênange dhewe kang wis kapacak ana ing Inl. Reglement. Lha iya kêpriye, maca bae ora bisa. Dadi yèn diapusi utawa diancam dening tukang kêlah utawa bangsaning pokrul mau, kang pancène ora andadèkake barang-barang nyang awake, kuwi mung tiba wêdi thok bae, wusanane saka gilapên, bisane mung banjur anggrègèli bangsaning rini bae. Iya bênêr anane saiki iya

--- 834 ---

akèh lurah sing pancèn: ngrêti nyang wajib, pintêr, têmên lan sapadhane. Nanging jalaran saka pranatan pilihan mau, rak iya akèh ta lurah sing dadine kayadene têlung rupa sing wis tak kandhakake ing ngarêp. Lumrahe lurah sing kaya kono kuwi iya catho-catho anggone nindakake kuwajibane, satêmah sing digawe gul-gul, sing digawe nutupi kabodhoane mau, anggone: main munjung.

Garèng : Lho, omongmu kiyi nyulayani karo omongmu ngarêp. Kandhamu lagi anu, priyayi jaman saiki, kuwi blanjane cukup, kapintêrane pêng-pêngan, wète iya nyoplok, mulane aku iya wis mupakat, yèn saikine ora krêsa nampani: bêras kêtan, pitik kêbirèn lan sapadhane, sanadyan kiraku iya isih rada dhêg-dhêgan upama punjungane mau, awujud: gula 10 dhacin, bèndhi utawa motor, saikine kowe ujug-ujug ngomongake lurah sing: main munjung. Nèk ngono dadi isih ana bangsaning punjungan kuwi.

Petruk : Sabênêre ngono iya isih ana, mung bae punjungan mau ora awujud: dhêdhaharan, dhuwit, utawa barang sing èdi-èdi, ewadene priyayi sing wis kulina dipunjung mêngkono kuwi, rumasa: nglênyêm, mongkog amêthunthung, nganti sok lali nyang purwaduksinane, yaiku punjungan: sêmbah.

Garèng : Wah, Truk, bab kiyi pancèn gawat bangêt, ora ngêmungae priyayi Jawa bae, sanadyan para amtênar Walônda iya akèh sing padha karêm nyang sêmbah dhodhok kuwi. Mulane kira-kiraku iya angèl bisane ilang, awit rasane sajake pancèn iya: sêgêr, gandêm. Ewadene nèk para luhur Jawa kêncêng krêsane nêdya ngilangi sêmbah dhodhok, kiraku iya bisa kalakon ilang têmênan. Nèk para luhur Walônda bribik-bribik wis amiwiti. Kabare paduka tuwan guprênur ing Jawa Wètan, wis kirim sirkulir marang bawahan para amtênar Walônda kabèh, supaya aja padha krêsa diurmati dening sosorane Jawa sing cara Majapaitan kuwi.

Petruk : Para luhur Jawa iya wis ana sing ora krêsa disêmbah, nanging nèk cara gudhige mono isih blêntèng-blêntèng bangêt. Anèhe kuwi mangkene: nèk isih apangkat dara hèlêp, carik, tumêkane mantri, dadi durung wancine disêmbah, kuwi idham-idhamane: sêmbah dhodhok kudu diinglangi,[4] awit wis ora mathuk karo jamane, nanging barêng wis dadi astèndana, ana lurah bawahe nyêmbah, gagasane banjur owah sasêtrip: lho, kok enak, lho, kok lèkêr, kok nikmat. Barêng dadi wêdana, ora mung lurah bae, nanging priyayi-priyayi cilik, hèlêp tumêkaning mantri iya padha nyêmbah, kuwi owahing gagasane banjur têkan rongpuluh sêtrip bae: wah, gandême, wah, sêgêre. Suwe-suwe banjur kulina disêmbah ing priyayi-priyayi sing luwih èndhèk pangkate timbang salirane. Wusanane nèk ana priyayi liya sowan sing ora nyêmbah, panggalihe banjur ora rêna, banjur tansah kêgubêl ing amarahe, satêmah wêtune dhawuhe, utawa manèh pangandikane ora [o...]

--- 835 ---

[...ra] sarana panggalih kang wêning. Tumrap sing ala atine wong sing ora nyêmbah mau, banjur dianggêp wong kurang ajar, wong sing wani marang panggêdhe, wusanane sok banjur mêtu pitênahe. Kang mangkono mau nagara wis nguningni, mulane tansah andhawuhake ilange cara urmat sing wis ora mathuk karo jamane kiyi, dadi krêsaning nagara ora nêdya arêp ngowahi apa sing wis dadi tata carane bôngsa Jawa, nanging arêp ngudi ilange lêlakon sing ganjil mau.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Kala tanggal 17 wulan punika ing Grêsik mêntas wontên griya kabêsmèn, ngantos têlas 300 wuwung. Griya-griya ingkang kêbêsmi wau ing kampung Kroman, sacêlaking pêkên Grêsik, ingkang andadosakên jalaraning kêbêsmèn, wontên tiyang èstri sampun sêpuh lamur, anggodhog wedang, latunipun mrèmèn lajêng ambêsmi nipah. Kapitunanipun f 50.000.-. Muhamadiyah nyêbarakên sêrat, ingkang suraosipun nêdhakakên tulung dhatêng sêsami, ugi lajêng tumindak wontên komite sanèsipun.

Kala tanggal 22 wulan punika wanci sontên, pêkên taunan ing Bandhung sampun kabikak, ingkang mêdhar sabda paduka dhirèktur lanbao.

Ing apdhèling Gunungkdul kêkirangan jawah, tanêman ing môngsa katiga sami botên tuwuh, andadosakên kuwatosing parentah saha tiyangipun ing ngriku.

Saking panêdhanipun upsir yustisi ing Batawi, Levensverzekering Mij. Indonesia ing Bandhung katêtêpakên palit, miturut papriksaning yustisi, botên wontên sadhiyan arta, môngka arta saking para ingkang nanggêlakên ajêg pambayaripun.

Miturut pawartos kawat saking Dhênhah, Paduka Tuwan Couvreur kaangkat dados lid rad pan Indhi.

Radèn Mèmèd Sastra Adiprawira katêtêpakên dados Adjunct Taalkundige ing Bale Pustaka.

Komite pasar malêm Tiyonghwa ing Surakarta mêntas parêpatan, waragadipun kakintên wontên f 30.000-, dene sadhiyan arta sampun wontên f 40.000-. Pasar malêm wau badhe manggèn wontên alun-alun lèr, wontên ing tanggal 28 Sèptèmbêr dumugi 14 Oktobèr. Bêbathènipun rêsik, ingkang 50% kangge phon pasar malêm, ingkang 35% kangge urun adêging T.H.H.K. tumrap pamulangan T.H., 15% malih kangge pakêmpalan-pakêmpalan amal tiyang siti. Adpisuring komite Tuwan J.W.T. Kiliaan nêdhakakên, supados pakêmpalan amal Eropah ugi angsal panduman.

Kawartosakên, ingkang angsal pamênang lotre f 150.000 Tuwan Tirtakusuma, up mantri apyun rèsi ing Prigiradja, Riouw. Nanging wontên pawartos malih botên.

Wontên pawartos, ingkang angsal pamênang lotre f 100.000 têlas[5] agèn pèl pulisi ing Têgal nama Narub, sapunika manggèn ing Comal. Nanging panumbasipun barandon tiyang sadaya.

Wiwit bikakipun krêtêg ing Praga, S.S. saking Ngayogya dhatêng Watês, ragi suda asilipun. Ugi ajêng wontên oto bis ingkang lumampah saking Ngayogya dhatêng Sêntolo, saya benjing manawi sampun wontên oto bis ingkang dhatêng Watês utawi Purwarêja, tamtu adamêl suda.

Kala tanggal kaping 20 wulan punika ing kampung Andhir, Bandhung, wontên tiyang tiga katrajang sêsakit pès, sami malêbêt ing griya sakit Juliana, wontên kalih malih ingkang ngajal, asli saking Citêpus, tuwin satunggal asli saking Gr. Postweg. Toko Tiyonghwa Haij Hong ing pasar sêtrat dipun tutup ing pulisi, jalaran kêtularan saking toko Haij Hong ingkang manggèn ing Cikakak. Ing tanggal 21 sontên, ing toko wau wontên tikus dhawah. Enjingipun tôngga têpalih ing toko wau sami kapriksa ing dhoktêr.

Pawartos saking Administrasi

Agèn nomêr 965 ing Sala. Lêngganan nomêr 2932 kapetang wiwit, 1/5-'29. Dados tumrap kwartal tiga punika namung kirang f 1.-.

Lêngganan nomêr 1731 ing Banyumas. Wajibipun, agèn botên amung ngupados langganan thok, nanging inggih kêdah nanggêl, utawi nglêbêtakên yatra bayaranipun, dados langkung rumiyin panjênêngan kêdah nglêbêtakên bayaran saking priyantun sakawan, = f 6.- lajêng sagêd gratis satunggal.

--- 836 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

7.

[Gambuh]

nulya awawan rêmbug / datan pisan mawi rikah-rikuh / wusing tutug janma èstri ambundhêli / têtali ingkang kinandhut / tumuli malih ginembol //

dene wicalanipun / pan wus jangkêp kawan dasanipun / yèku têgês dènnya nèng gigiring èsthi / wus bangkit awawan rêmbug / ping kawan dasa lawan wong //

janma èstri amuwus / hèh wruhanta sirèku ywa gumun / pan wus kaping patang puluh sun ngapusi / marang guru lakiningsun / tanpa mingsêt saka ngênggon //

wis ta balia gupuh / janma mudha tan sawalèng tuduh / nulya nrancag minggah malih marang uwit / dupi èsthi tangi turu / bidhal mlampah alon-alon //

sasampuning puniku / janma jalu kang manah tan lulus / nulya ical raosing tyas sônggarunggi / awit tiwas-tiwas bingu /[6] tanpa pakolih sayêktos //

tuwuhing cipta mulur / sanadyan ta pawèstri puniku / dèn taliti tinêngga ing sari ratri / yèn nêdya cidra ing kakung / sayêkti gampil kemawon //

lan malih janma wau / datan pisan samar jroning kalbu / awit darbe pêpujan musthika luwih / warni sêkar adiluhung / lawan pangangge kinaot //

minôngka tôndha tuhu / mung binêkta ing sapurug-purug / ing samôngsa kang sêkar alum katawis / tanapi panganggenipun / yèn kongsi ical sayêktos //

punika tandhanipun / yèn kang èstri darbe tindak luput / kacarita samana dènnya lumaris / praptèng praja arja langkung / kang jumênêng ratu anom //

sapraptanirèng ngriku / janma wau nulya unjuk-unjuk / mring sri nata marma kalilan tumuli / umanjing mring praja laju / tanpa mawi walangatos //

dupi sowan sang prabu / amarêngi ing katiga nutug / sanggyaning kang taru-taru samya aking / nanging sang prabu andulu / maring sêkar langkung gawok //

iyèku sêkaripun / janma ingkang nêmbe prapta wau / dyan andangu sri narendra paran marmi / dene sêkar kang dinulu / maksih katon rompyoh-rompyoh //

tan pisan katon alum / têka beda lan sadayanipun / kang kêkaywan ing praja sadaya aking / janma kang prapta umatur / sinuhun mênggah kang yêktos //

sêkar amba pukulun / apan dadya pratôndha linuhung / lamun sêkar kawistara sêgêr asri / nênggih gusti semah ulun / têtêp rahayu ing batos //

tan cidra manahipun / sêtyanipun maring amba têrus / duk samana agumujêng sri bupati / alon pangandikanipun / iya sukur yèn mangkono //

nanging sajatinipun / dahat datan rêna galih prabu / pan tinampi janma iku kumaluwih / marma ing sapêngkêripun / janma saking ngarsa katong //

nulya nimbali gupuh / maring wadya maksih anèm bagus / mrih anggodha mring rabining wong ing ngarsi / dikongsi sagêd kapilut / mokal yèn datan kalakon //

apan tumindak sampun / angèstokkên ing dhawuh sang prabu / sapraptaning don sacêlaking pawèstri / nulya mèt wanodya sêpuh / murih anjarumi lakon //

apan kalampahan wus / nyai tuwa prapta wismanipun / nyi sudagar kang dhêdhasar ati suci / nampi marang tamunipun / kanthi lêgawaning batos //

nyai tuwa wus tutur / gatinira apan ta ingutus / maring priya anèm kang bagus ing warni / apan nêdya ngajak wanuh / nyai tuwa môngsaborong //

nyi sudagar ing sêmu / datan pisan kawistara rêngu / mung ing batin nêdya mèt upaya sandi / lan dadya atôndha tuhu / kasêtyan ingkang kinaot //

mrih kauningan kakung / nulya nabda mring wong kang dèn utus / umatura yèn dahat sun arsi-arsi / dupi nyi tuwa wus mundur / nyi sudagar nata alon //

angrukti ênggon samun / kang adhapur luwêng mawa tutup / dahat rêmpit mawa kancing kang kinunci / samana duk tamu rawuh / ingacaran malbèng kono //

awating èstri wau / amrih gampil yèn badhe kapangguh / wusing manjing kang tamu nulya kinunci / amung cinukupan butuh / têdhanira datan towong //

kacarita sang prabu / dahat dènnya tansah ngayun-ayun / dene kongsi dangu tan ana pawarti / nulya dhawuh kinèn nusul / wong kang kêni pinitados //

nanging wusananipun / tan prabeda lawan kang rumuhun / samya nunggil kalêbêt mungging piranti / janma kalih pating thrênguk / anèng luwêngan amanggon //

nulya malih sinusul / datan pae kadi kang rumuhun / wola-wali kongsi ping sakawan sami / blang-blêng pan sami kêcêmplung / nong jêroning luwêng growong //

dahat putêk sang prabu / dyan nimbali mring patih linuhung / dhinawuhan têngga salêbêting puri / ywa kongsi ana kang wêruh / katindakna wadi yêktos //

patih sandika matur / nulya bidhal singidan sang prabu / dupi prapta dununging pawèstri julig / dyan nyabawa: kulanuwun / lan malêbêt alon-alon //

apan ing ngriku nuju / nyi sudagar lungguh anèng ngayun / dupi uning ugi wus tan samar yêkti / kalamun iku sang prabu / nuli ingacaran alon //

lah môngga ta priyantun / punapa ta ingkang dados kayun / dene mawi sudi mara tamu ngriki / kula sangêt sèwu nuwun / môngga sampun ewah-ewoh //

mlêbêt mawon inggih: nun / lênggah wontên jawi kirang mungguh / botên sae yèn ngantosa masuk angin / môngga mlêbêt ngriki sampun / rapêt botên walangatos // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. Juli. (kembali)
2. kenging. (kembali)
3. Lebih satu suku kata: pêpêtênge kabèh ilang. (kembali)
4. diilangi. (kembali)
5. tilas. (kembali)
6. bingung. (kembali)