Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09-02, #308

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09-02, #308. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-09-02, #308. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 70, 27 Mulud Taun Ehe 1860, 2 Sèptèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1093] ---

Ôngka 70, 27 Mulud Taun Ehe 1860, 2 Sèptèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Garêbêg Mulud taun Ehe 1860, ing Ngayogyakarta

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun alun-alun ing Ngayogyakarta, nalika nuju garêbêg Mulud, untaping tiyang ningali kathah sangêt, awit kajawi garêbêg, ugi nglêrêsi Sakatèn.

--- 1094 ---

Raos Jawi

Radèn

Kula maos Kajawèn ôngka 66: ing bagean kabar warni-warni wontên ingkang mungêl makatên: parentah anêtêpakên sêsêbutan radèn ingkang asli ganjaran, ugi turun-tumurun.

Kaparênging karsanipun parentah ingkang makatên wau pantês pinuji saha wajib sangêt kaluhurakên ing akathah, saya malih para ingkang asli ing aluhur lan para ingkang sami nampèni ganjaran sêsêbutan: radèn, dalah ing sapara turun-turunipun sadaya, kêdah sami angagêngakên sukur maring Pangeran, amargi pinarênging karsanipun parentah ingkang makatên wau wosipun namung nêksèkakên saking sih rumêksa mêngku karsa môngka pamardi dhatêng utamining kalakuan, liripun ingkang kasêbut Sêrat Waduaji anêrangakên: radèn. Punika têgêsipun: rohadèn = rohadian = rohadi = toya bêning. Mênggah ugêring adèn-adèning roh punika: kanyataanipun kêdah anggadhahi dhêdhasar kalakuan utami, panitikanipun saking: lêmbat bêbudènipun, lêgawa ing manahipun, andhap asor silakramanipun, polatanipun sumèh amanis, saujaripun aris, sasolah-tingkahipun sarwa rèrèh-ririh, kêpara purun dhumawah ing ngandhap, botên rêmên linggih wontên ing ngajêng, lan botên rêmên dipun gunggung wontên ing pêkên-pêkên saha ing margi-margi, asih rumêksa dhatêng sasami-sami, rêmên têtulung dhatêng para nandhang papa sangsara. Sadaya wau botên pisan-pisan mêngku pikajêng ingkang mamrih dhatêng paedahing badanipun piyambak, pêlênging sêdya namung dhatêng kalampahanipun ing jagad sagêda wilujêng, dados kautamèning kalakuanipun wau namung kangge pangupados sagêda dados marginipun pinituhu pamardinipun dhatêng kawilujênganing jagad, inggih kados makatên punika ingkang sinêbut luhur ing budi. Saha wontên malih panêngêranipun trahing aluhur ingkang kangge pameran mênawi wontên môngsakalanipun, inggih punika ambêk kaprawiran (kaprajuritan) kêndêl purun ing pêjah, mênggah wêdaling kêkêndêlan wau wontên ing ugêripun: sapisan anglabuhi nagari wutah rahipun, kaping kalih manawi badhe kenging panggodha kelut ing lampah piawon, punika prasêtya suka bingah atêmah ing pêjah tinimbang nglampahi piawon.

Awit saking punika, para radèn ingkang asli trahing aluhur ing saturun-turunipun, samantên ugi para radèn ingkang asli saking ganjaran ing saturun-turunipun, sarèhning sampun tinunggilakên golongan kalihan bangsaning aluhur, mugi sami tansah migatosna anggèn-anggèn ugêring trah aluhur kados ingkang sampun kacêtha ing nginggil, amargi wontênipun ngantos sagêd kalampahan angsal ganjaran sêsêbutan radèn, punika dhumawahing ganjaran wau inggih saking kotamèning lêlabuhanipun. Lan lajêng sagêda dados sudarsananing lampah utami, manawi [ma...]

--- 1095 ---

[...nawi] aosipun sagêd anumusi sumrambah dhatêng anak putu dumugi ngantos turun-tumurun. Saya malih para ingkang pancèn talêcêr trahing aluhur, wajib sami tansah angluhurakên asmaning lêluhuripun, dene kaluhuranipun sagêd anênarik ingkang asor, wêkasan sagêd kalampahan anunggil dados golonganing aluhur. Wusana sumôngga.

Pun K.S.

Pawartos Wigatos

Sae lan Awonipun para Sêtudhèn ingkang Nglajêngakên Sinau dhatêng Eropah

Kala tanggal kaping 21 wulan punika wontên para mudha Indhonesiah sami bidhal dhatêng nagari Walandi, 1. Radèn S. Dibyapranata, 2. Radèn Mas Ihsan, 3. Radèn Prayoga, tuwin 4. Radèn Mas Subrata Murdakusuma, sakawan pisan wau sami sêtudhèn pamulangan luhur pangadilan ing Batawi, sami badhe nglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur ing Leiden ing bab babagan pangadilan. Ing Kajawèn ngriki namung sagêd ngêwrat gambaripun para mudha wau ingkang kêkalih, Radèn Mas Ihsan, kalihan Radèn Prayoga.

Ing bab anggèning para mudha wau sami anglajêngakên sinau dhatêng Eropah, tamtu andadosakên panggalihanipun para maos, punapa mênggah sabab-sababipun, dene ing Indhonesiah ngriki sampun wontên pamulangan luhur kados ingkang dipun sêdyakakên, wah sampun sinau ing ngriku, têka anglajêngakên sinau dhatêng nagari Walandi. Sarèhning kintên-kintên wontên panggalihan ingkang kados makatên, mila ing ngriki prêlu kapratelakakên sakêdhik wawasanipun ing bab wau.

Kados para maos inggih sampun mirêng, ing sadèrèngipun para mudha punika anglajêngakên sinaunipun, ugi sampun wontên para mudha sanèsipun ingkang nglajêngakên sinau dhatêng Eropah. Ingkang makatên wau tamtu kathah para maos ingkang kapengin uninga sababipun. Sawênèh wontên ingkang gadhah pangintên, bilih jalaran pangajaran ing ngriki punika langkung angèl tinimbang pangajaran ing Eropah. Ing bab makatên wau tumrap tiyang ing Jawi botên sagêd nêksèni mênggahing lêrêsipun. Nanging pangintên ingkang kados makatên wau kados inggih wontên èmpêripun, dene sababipun, amargi pamulangan luhur pangadilan ing ngriki punika dèrèng angsal nama, dados prêlu ngudi murih katingal saha ngambar namanipun.

Amangsuli bab para sêtudhèn ingkang nglajêngakên sinaunipun dhatêng Eropah, ing ngriki prêlu mratelakakên mênggahing awon tuwin saenipun, têrangipun makatên: tumrap lare ingkang tiyang sêpuhipun kêcêkapan utawi larenipun pancèn kêncêng kêkajênganipun, punika prayogi sangêt manawi nglajêngakên sinau dhatêng Eropah, awit [awi...]

--- 1096 ---

[...t] 1. mênggahing sêtudhèn ing nagari Walandi punika tataning sinaunipun botên dipun kêncêngi kados ing ngriki, kenging dipun wastani namung dipun sakajêng kemawon, sinau utawi botên, namung gumantung dhatêng ingkang nglampahi piyambak. Dados tumrap lare ingkang gadhah kêkêncêngan sayêktos, sagêd nyêngkakakên dhatêng tumuntêning rampung sinaunipun. 2. Manawi badhe sinau basa sanès-sanèsipun, sagêd gampil, amargi ing nagari Walandi punika cêlak kalihan nagari Inggris, Prancis, tuwin Jêrman. 3. Wontên pangajaran ing ngriki ingkang wontênipun ing nagari Walandi botên dados wulangan baku. 4. Tumrap ing nagari Walandi, iksamênipun namung kaping kalih, sapisan kandhidhat iksamên, kaping kalihipun dhoktoral iksamên. Sarêng ing ngriki iksamên warni kalih wau sami ngaping kalih, lan malih tumrapipun nagari Walandi, wulangan basa botên kêgolong wulangan baku, saya malih bab basa Walandi, punika sampun botên kamanah.

Dene awonipun, nagari Walandi punika panggenaning kasênêngan, tumrap para mudha ingkang botên kuwawi ngampah dhatêng godha ingkang kados makatên wau, tamtu badhe jugar sêdyanipun.

Ing ngriki kados inggih prêlu kacariyosakên sakêdhik mênggahing bab pangajaran ing pamulangan pangadilan luhur ing ngriki, inggih punika: sinaunipun para sêtudhèn dipun taliti, dalah basa-basa inggih kagolongakên dhatêng pangajaran wajib. Dados kajawi awrat sêsanggèning wulangan, ugi katêtêpakên kêdah kêncêng sinau. Ing bab punika botên prêlu kapratelakakên panjang, awit mindhak andadosakên kêlintu sêrêp. Nanging kawontênan ingkang kados makatên wau kados sampun lêrêsipun, awit saupami botên tumindak makatên, pamulngan luhur pangadilan ing ngriki dipun wastani langkung andhap wulanganipun tinimbang pamulangan luhur ing nagari Walandi, lan badhe botên angsal nama sae.

Botên langkung, Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi para mudha ingkang nglajêngakên sinau wau, kasêmbadana sampun kirang satunggal punapa, tumuntêna wangsul dhatêng Indhonesiah ngriki lan sagêd anêtêpi kados ancasing sêdyanipun.

--- 1097 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

Sambêtipun Kajawèn nomêr 68

Asring pinanggih tiyang ingkang kenging sêsakit malariah sarêng nêdha kênini lajêng gadhah sêsakit malariah cêmêng, saha kathah para dhoktêr ngintên bilih malariah cêmêng wau saking sabab dening dayaning kênini, utawi kêladukên panêdhanipun kênini, utawi malih margi botên tahan saha botên tawar kênini, mila tiyang ingkang sakit wau lajêng kaawisan nêdha kênini.

Pamanggih makatên punika kalèntu, awit botên namung kênini kemawon, ananging ugi masuk angin (Kouvatten) dening kagèt utawi sanèsipun, lajêng ugi sagêd nukulakên lan andadosakên bêntèr cêmêng. Ananging sabab ingkang kados makatên wau sagêdipun anjalari thukuling bêntèr cêmêng, manawi ingkang sakit sampun gadhah sêsakit malariah.

Ingkang dados sabab-sababipun bêntèr cêmêng sagêd thukul, saha êrahipun tiyang ingkang sakit lajêng risak andadosakên nguyuh cêmêng, punika para dhoktêr ingkang pinunjul dèrèng sagêd anêrangakên.

Saha malih sampun têrang manawi sêsakit malariah cêmêng punika manawi nêdha kênini botên sagêd thukul, pasêksènipun bilih wontên panggenan kathah têtiyangipun ingkang kenging sêsakit malariah, têtiyang ingkang sami dipun jampèni utawi ingkang jêjampi piyambak, lajêng sagêd suda, lan tiyang ingkang katrajang malariah cêmêng ugi awis.

Sampun mêsthi kemawon langkung prayogi lan sagêd sampurna, saupami pranatan panjagi lan panulakipun sêsakit malariah: toya ingkang kèndêl botên mili dipun êsatakên, utawi kaurug, saha malih têtiyang kajagi sampun ngantos dipun cakot lêmut (têtiyang kêdah manggèn ing panggenan ingkang dipun pasangi klambu rapêt) punika têmtu langkung sae, lajêng tiyang botên sagêd kenging sêsakit malariah, awit bêntèr cêmêng botên sagêd thukul, manawi botên wontên sêsakit malariah.

Sampun kathah têtuladanipun, ing pundi-pundi ingkang kathah sêsakit malariah, manawi panjagi lan panulakipun kirang, ing ngriku lajêng kathah têtiyang ingkang katrajang sêsakit bêntèr cêmêng wau. Sagêd ugi wontên tiyang ingkang katrajang sêsakit bêntèr cêmêng ing sanès panggenan, ananging sampun têmtu ingkang sakit wau pancèn sampun gadhah sêsakit malariah, bêktan saking panggenan ingkang kathah sêsakit malariah, tôndha yêktinipun, kula sampun asring mriksa utawi anjampèni tiyang ingkang kenging sêsakit bêntèr cêmêng asli saking Juwana utawi Tayu (panggenan malariah), ingkang pancèn nêdya tirah utawi jêjampi dhatêng Kudus.

Sintên tiyangipun ingkang nandhang sêsakit malariah, môngka uyuhipun lajêng warni cêmêng, punika ambêbayani, ingkang punika prêlu sangêt kêdah enggal nêdha pitulungan dhatêng dhoktêr, awit manawi sampun kasèp sagêd aniwasi.

--- 1098 ---

Mijnwormziekte (sêsakit cacing pamêlikan).

Sêsakit cacing pamêlikan punika ing Indhonesiah ngriki sampun sumêbar ing pundi-pundi, aslinipun saking pamêlikan (mijn). Kuli-kuli ingkang sami nyambut damêl wontên ing ngriku punika sami sakit lêmês, panyambutdamêlipun kirang kiyat, lan kêtingalipun sami pucêt-pucêt. Ing sakawit dhoktêr-dhoktêr dèrèng sagêd manggihakên ingkang andadosakên sabab-sababipun sakit wau, sarêng kaudi, sêsukêripun tiyang ingkang sakit dipun priksa mawi kaca praksana, lajêng pinanggih wontên cacing-cacing sarta tiganipun cacing wau.

[Grafik]

Pamêlikan arêng sela, ing Sawahlunta, panggenaning kuli anyambut damêl.

Ing pundi-pundi panggenan pamêlikan, kuli-kuli ingkang sami sakit sarta pucêt lajêng sêsukêripun dipun priksa, pinanggih cocog saha sayêktos wontên sêsakitipun cacing wau, lan cêtha bilih pucêtipun tiyang ingkang sakit, jalaran saking cacing-cacing ingkang nyêrot êrah wontên ing ususipun tiyang ingkang nandhang sêsakit wau.

Ing tanah Eropah sampun waradin ing pundi-pundi pamêlikan, kuli-kulinipun kathah ingkang kenging sêsakit makatên wau, lajêng sêsakit punika dipun wastani beroepsziekte, dene ing Indhonesiah ngriki rèhning sêsakit wau sampun sumêbar ing pundi-pundi dhusun, lajêng dipun wastani volksziekte.

Ing Sumatra (Dhèli) panggenan onderneming-onderneming kuli-kuli kontrak, rumiyinipun kathah ingkang sami pêjah utawi ringkih-ringkih botên kiyat anyambut damêl, jalaran saking sakit cacing pamêlikan wau.

Sasampunipun pinanggih jampinipun ingkang sayêktos, lan sampun wontên pranatan kangge panulakipun, ing samangke sêsakit wau kaetang sampun mèh sirna (ical).

--- 1099 ---

Palembang

Bokmanawi para maos botên kêkilapan dhatêng cêcariyosan ing Sêrat Babad Jawi, bilih kala ing jaman Majapait ing Palembang wontên adipatinipun nama Arya Dilah, putra nata ing Majapait. Kala jaman samantên ucap kawontênanipun nagari Palembang tansah gêgandhengan kalihan tanah Jawi, awit nagari Palembang wau kêtêngên sangêt kalihan Majapait, dening gêgayutan rama lan putra, makatên malih ing salajêngipun têdhak Majapait ingkang mijil saking Palembang, inggih punika Radèn Patah, sagêd ngêsur praja Majapait saha lajêng jumênêng nata wontên ing Dêmak.

[Grafik]

Mirid cêcariyosan wau dumuginipun sapriki têtiyang Jawi botên supe dhatêng cêcariyosanipun nagari Palembang, makatên malih mênggah têtabêtan Jawi ingkang pinanggih wontên ing Palembang inggih taksih wontên.

Mênggah wujuding nagari Palembang jaman sapunika, kados gambar ing ngandhap punika, namung saperangan, kagambar saking gagana, lèpèn ingkang narajang kitha punika nama lèpèn Musi, kapal sagêd nungsung malêbêt dumugi ngriku. Dene ing sapunika ing Palembang sampun wontên sêpuripun, wontên sêtatsiunipun nama Kêrtapati, marginipun sêpur kêtingal pating jlarèh. Sêpur wau sêsambêtan dumugi Sumatra pasisir kidul, anggampilakên tiyang lêlampah dhatêng tanah Jawi tuwin kosok-wangsulipun. [kosok-wangsulipun...]

--- 1100 ---

[....]

Jagading Wanita

Kabêtahan Nêdha sarwa Prasaja

Sêkul punika: uwosa: abrit, pêthaka, anggêr tanak lan kêpara ragi pêra (akas) inggih eca, dipun lawuhana barang dhengah inggih mathuk, tur dhatêng wêtêng mangsêg, awèt tuwukipun. Pratikêlipun angliwêt akas tanak punika makatên: uwos ingkang badhe kaliwêt sapintên adat tadhahipun, katapènana ingkang ngantos rêsik, lajêng kapususana, anggêr sampun pitung ulenan (uwos kagrujug ing toya kalihan kawênyêt, lajêng kagrujug ing toya malih. Sasampunipun toya atus, kawênyêt malih ngantos rambah kaping pitu) kêndhilipun sabên badhe kangge kagêbêga, jawi lêbêt ingkang rêsik, lajêng kaisènana toya, janji uwos sakati, katoyanana 3 kobokan manci, tumuntên kaoborana. Sasampunipun umob, uwos kacêmplungna, lan kaudhaka ing solèt utawi garan irus, lajêng katutupana ing layah utawi lèmpèr, latunipun ingkang ajêg mèntèripun, manawi sampun umob malih mumpal-mumpal, kêndhil tumuntên kaandhapna, manawi sakintên sampun mênêp, lajêng katajinana, ingkang ngantos apuh. Dhèngèking kêndhil saking kailing tajinipun wau, sampun sagêd malikakên uwos ingkang wontên ngandhap, dados gêntos wontên nginggil, mila botên prêlu kaungkat, mindhak angindhakakên mêdhoking uwos: dados malopor, kirang eca, kêndhil lajêng katumpangna ing latu, manawi kêndhil têmbaga katutupana godhong pisang ingkang rapêt (kasilêpan) tumuntên katutupana layah, latu kasuruda, urubipun kaintir-intir kemawon, sampun ngantos kagêngên sampun ngantos pêjah, bilih sumubing kukus sampun sagêd tètès katingal dêrês, intiring latu sampun kenging kasirêp saking sakêdhik, bilih sampun sawatawis, lajêng kaandhapna, saha sampun ngantos kadangon botên dipun kêdhuk, mindhak intipipun nyêplok, kirang prayogi dhatêng raosing sêkul. Pangêdhukipun kêdah dipun ungkat ing solèt, tumuntên katumplak ing wadhah, sampun ngantos dipun kêruk ing enthong utawi irus, mindhak sêkulipun sêmu ajur ambanggal pating prongkol, upa-upanipun kirang kêtingal ijèn-ijèn (las-lasan).

Mênggah rigêning lêlados gathuking abên-abênan lawuh cara Jawi sapêprangkatanipun (sêtelan) cara gêmèn-gêmenan saking ngrumaosi yèn taksih balung pêking, sarwa cingkrang sarwa kirang, cèklèn kados ing ngandhap punika:

Ladosan ing wanci siyang: jangan bêning-bêningan, jangan cupang, loncom, mênir, asêm, bobor. Salah satunggal, lawuhanipun: gorengan tempe dhêle utawi bungkul, sambêlipun kukus kauworan parudan kalapa, lalabanipun kêmlandhingan. Bilih jangan cupang utawi mênir, sambêlipun mawi kaduduhan ing santên, lalabanipun kêcambah [kê...]

--- 1101 ---

[...cambah] (manawi dipun dèkèki suwiran gorengan ulam ayam, winastan pêcêl pitik, jangan mênir).

Ladosan ing wanci sontên, ugi kenging kangge siyang, bangsaning jangan kênthêl-kênthêlan, jangan lodhoh, oblok-oblok, asêm-asêm, padhamara, gudhêg, bêsêngèk, sambêl gorèng, pindhang.

Jangan londhoh, bubuk dhêle, dadar tigan, lintingan cabuk, utawi gêmbrot sèmbukan, gorengan ulam jêroan maesa utawi gorengan balur kutuk dipun gêpuk, utawi jambal, mawi krupuk utawi krècèk. Sambêlipun lombok rawit.

Jangan lodhoh, pindhang, bubuk dhêle, gorengan ulam kaabon, rambak.

Oblok-oblok, bubuk dhêle, cênggèrèng utawi tempe kripik, gorengan karese urang.

Asêm-asêm, ulam êmpal mawi ragi, krupuk, rêmpah.

Gudhêg, sambêl gorèng, bubuk dhêle, krupuk, ulam têrik garing.

Bêsêngèk, lintingan sêmayi, bandêng dipun pès bumbu mangut, sambêl lombok abrit, traosipun ingkang eca, lalaban pête utawi jengkol.

Padhamara, rambak, dhèndhèng gêpuk kaopyok-opyok lisah klêntik tulèn.

Pès-pèsan gêrèh tongkol bumbu rujak, botên kenging dipun maru lan lawuh sanèsipun.

Gorengan bandêng pindhangan, sambêlipun kuwik, ulam duduh.

Bangsaning gêgodhongan:

Pêcêl, bongko utawi pelas, gêmbrot utawi rêmpah, cênggèrèng utawi krupuk.

Gudhangan, kêmangi, mlandhing, gesekan ulam lèpèn, utawi gorengan gêrèh gatêl, bubuk dhêle.

Tomis kangkung lan thokolan, gorengan, blênyik, sambêl korèk.

Saprangkat-saprangkating thuk-thukanipun lêlawuhan (sêtelan wau) ing dalêm saladosan kêdah jangkêp, botên prayogi manawi dipun gothangi salah satunggal. Mênggah caraning pangolah badhe kapratelakakên.

P.

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XVII. Bok Karyatapa ora krasan

[Sinom]

Sang Prabu Kêsèd Wisesa / rada kêcuwan ing galih / dene mung amboyong biyang / nanging ya dipupus nuli / ayake wis pinêsthi / sing kuwat mukti mung biyung / lakune dhèk samana / kaya wong amboyong putri / saya akèh wong nonton sadalan-dalan //

sajrone mlaku [mla...]

--- 1102 ---

[...ku] ing dalan / Prabu Kêsèd mung angagir / ora tau ketok lênggah / tansah ngêmil rina wêngi / biyangne nganti risi / pijêr krungu pating klêthuk / nganti kêwêtu kôndha / aku tak turu sadhèlit / sêsudanên gonmu dhahar sawatara //

awit kupingku karasa / yèn kêrungu pating klêthik / lan uwangku krasa sayah / nyang anggonmu tansah thak-thik / Prabu Kêsèd nyêkikik / anu biyung timbang nganggur / kangge nyalamur lampah / supados nuntên dumugi / awit biyung atêbih lampah punika //

môngga ta nuntên dhahara / sampun mawi isan-isin / awit kawontênan kula / dados ratu langkung sugih / yèn biyung badhe mukti / tamtu priksa raosipun / sampun mawi sumêlang / biyunge ora cumuwit / nuli mapan anglêgèyèh lon-alonan //

ing sajrone rêm-rêm ayam / mripate pijêr anglirik / wêruh ora tau kêndhat / Prabu Kêsèd êmung ngêmil / nganti angguyu batin / bêtah têmên bocah iku / pancèn wis cilik mula / yèn mangan tanpa uwis /[1] sukur dene saiki bisa kêlêgan //

saka murahing Pangeran / anakku akuwat mukti / tak pêpuji muga-muga / bisaa têtêp lêstari / Prabu Kêsèd tumuli / nyawang êmbokne lan wêruh / yèn tansah kalisikan / nuli alon anakoni / dene biyung tansah katingal klisikan //

êmbokne nuli akôndha / iya pangrasaku iki / dipikul kurang kapenak / nganti ngêlu ing saiki / Prabu Kêsèd mangsuli / mung kirang sakêdhap biyung / ora suwe wis têkan / nagara Mirasa nuli / sakabèhe padha ketok bungah-bungah //

Prabu Kêsèd nuli nata / êmbokne diêkon mukti / pêpanganan ora kurang / apa sakarêpe dadi / nanging sing ngono kuwi / êmbok Karya ora mathuk / sabên mambu gêgandan / sing bangsane gurih-gurih / êmung ngêlu sansaya manèh martega //

yèn kêpêthuk pêpanganan / êmung pijêr kirig-kirig / malah ora pisan-pisan / agawe sênênge ati / kabèh gawe parinding / awak nganti bangêt kuru / ora tau karasa / kapengin mangan sathithik / gone mangan mung awit saka kêpêksa //

Prabu Kêsèd nganti nyapa / biyung kula botên ngrêti / mênggahing karsa sampeyan / dene botên karsa mukti / kirang punapa ngriki / dhêdhaharan sampun ngumbruk / tur sami eca-eca / padosa sanès nagari / botên wontên biyung ingkang nyamènana //

yèn badhe abingah-bingah / inggih botên kirang ngriki / punapa kang dados karsa / gampil kantun andhawuhi / ngicalna galih alit / biyung kula harak ratu / pun sêmbah tiyang kathah / ajrih sami amêmundhi / mokal sangêt biyung yèn botêna bingah //

Bok Karya alon akôndha / sinuhun aku wis ngrêti / golèka môngsa anaa / nagari sing amadhani / kabèh sarwa miranti / wong ing kene enak-enuk / butuhe kabèh têka / ora ana nguciwani / nanging mungguh aku atiku rêkasa //

rumasaku êmung êngah / aku mangan ngono kuwi / mung saka ora kulina / mêmangan sing anyir-anyir / dadi anaku iki / ing sabên dina mung ngêlu / saya yèn wêruh nata / nuju dhahar gurih-gurih / ing rasane kaya ora kuwat nyawang //

lan manèh saka rumasa / yèn manganku dudu mêsthi / jalaran ora rêkasa / kanthi nindakake wajib / kringêtku ora mili / mênyang awak krasa kaku / dadi jênêng

--- 1103 ---

ora sah / anggonku ngrasakke mukti / ora kaya urip dhèk isih rêkasa //

Prabu Kêsèd angandika / yèn makatên kadospundi / kula dados tumut susah / yèn biyung mung tansah sêdhih / bokne nuli mangsuli / priye manèh puluh-puluh / aku mukti kapenak / nanging yèn aku ngèlingi / nyang bapakmu iba anggone rêkasa //

bêcike aku ulihna / atiku mung ngrasa sêdhih / Prabu Kêsèd bangêt susah / wangsulane mung nginggihi / saka bangête sêdhih / mung mênêng karo mêcucu / nganti ana saêjam / lali ora angêngêmil / ing wusana nylamur miyos mênyang jaba //

dhawuh mênyang para bala / padha mêruhana wajib / sarèhne pranatan anyar / aja ana ora ngrêti / awit nêmbe saiki / ana pranataning ratu / lan prajurit sing jaga / mêsthi kudu amiranti / sarupaning gêgaman aja sêmbrana //

awit nagara Mirasa / ya lagi sapisan kuwi / kambah rasaning pranatan / lan manèh ngrêti prajurit / sasadyan[2] lagi wiwit / tumindake ya wis mathuk / ratune ketok bungah / samare wis rada nisih / ora kaya ratu sing tanpa kuwasa //

nanging sarèhning têmbean / watake wong kêsèd isih / nagarane tanpa swara / wong-wonge sing mlaku wajib / sagon-gon ora lali / padha ngantuk thêklak-thêkluk / akèh prajurit jaga / padha turu ngêkêb bêdhil / ing wujude kaya uwong kêsusahan //

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun bupati ing Jêmbrana, Bali, asma Idhah Gusti Bagus Nagara, nalika katêtêpakên dados bupati.

--- 1104 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ada-adaning Nagari Anggènipun badhe Paring Arta Sambutan dhatêng Panggaotan Pribumi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 68

Petruk : Ambajurake rêmbuge ing bab anane panggaotan-panggaotan bathik cilik-cilik lho, kiye rak bisa nusahake anane kopêrasi bathik sing arêp diêdêgake sarana pitulungane nagara mau.

Garèng : Hara, Petruk ki mêthakile mêtu manèh, karêpmu apa yèn ing sawijining panggonan wis dianani kopêrasi bathik, panggaotan sing cilik-cilik dikon lèrèn kabèh, têmtune dikuwatirake yèn banjur kurang pamêtune kopêrasi mau, wiyah, nèk kaya ngono kuwi rak mung arêp kêpenake dhewe bae. Nèk panêmuku maju lan mundure kopêrasi kuwi ora saka anane panggaotan sing cilik-cilik, nanging gumantung saka pratikêle sing nindakake kopêrasi mau, nèk ora mêngkono têmtune rèsturan sing gêdhêm-gêdhêm, jalaran dijori warung cilik-cilik utawa bakul sêga pêcêl, sêga gudhêg, utawa bakul sêga kluban, rak kalakon padha dhah mênir kabèh.

[Grafik]

Petruk : Lho, kok banjur dipadhakake karo rèsturan, kiyi rak bab prakara dhêdhaharan, têmtu bae bedane, kowe rak iya wêruh dhewe, carane donya kiyi wong-wonge dibagi pirang-pirang klas, ana sing kêgolong klas siji, kuwi upamane: dara-dara priyayi ning sing duwe dhuwit, hla kiyi nèk ala nganggur ngrêsake jajan, têmtune iya nang rèsturan. Klas loro upamane sing dhuwite mung-mungan, nèk arêp jajan iya nyang warung, dene sing kagolong klas têlu kuwi upamane, sing sok ora wêruh sing arêp dipangan dina esuke manèh, kuwi bisane jajan iya mung mênyang bakul idêran bae. Dadi ing kono wis ana prênca-prêncane dhewe-dhewe, balik jarit, wêton panggaotan cilik utawa wêton kopêrasi, kuwi prasasat ora ana bedane, wong saklas-klase sok gêlêm nganggo kabèh. Mulane kahanane ya beda-beda. Wis, saiki tak ambanjurake mungguhing panggaotan. Kowe têmtune rak ya wêruh dhewe, yèn panggaotan Jawa kuwi lumrahe sok ora duwe rancangan sapira

--- 1105 ---

sing ditokake lan bakal olèh-olèhane, nanging ngêmungake wêwaton rêga ing pasar. Kang mangkono mau ya bênêr bisa ngrugèkake awake dhewe lan panggaotane, nanging saya manèh tumraping kopêrasi, tindaking panggaotan bathik sing cilik-cilik mau, mêsthi bisa ngrikatake lakuning kopêrasi mau mênyang... kubur.

Garèng : Nitik katranganamu ngarêp, wis cêtha wela-wela, tumraping panggaotan bathik, ya ora pati prêlu nganakake kopêrasi kang nganggo pitulunganing nagara. Saiki sarèhning wis gênah akèh wong sing padha nindakake panggaotan bathik, bok iya nagara ambantu panggaotan sing cilik-cilik bae.

Petruk : Krêsaning nagara pancèn iya mêngkono, nanging sadurunge arêp paring pitulungan, têmtune iya kudu ditêliti dhisik, kapriye tindake panggaotan sing arêp dibantu mau. Ing ngarêp aku rak wis ngomong panggaotan Jawa kuwi lumrahe sok ora duwe rancangan apa-apa, pangêdole barange mung angon rêga ing pasar, dadi padagangane mau prasasat kêna dipadhakake karo lotre, nèk ana bêgjane iya bisa bathi, nèk ora ana bêgjane iya gampang anggone anggalinting têmênan. Lumrahe sing dianggo pawitan kuwi mung sacukupe bae, dadi nèk kabênêr rêganing barang sing diêdol suda, kuwi iya bisa nyusahake pawitane, ya mangkono kuwi sababe panggaotan Jawa sok kêrêp mêndlap-mêndlip, lan kowe aja lali, yèn polaning bathik kuwi kêrêp gonta-ganti, apa kiyi iya ora gawe rugining bathik-bathikan sing wis dadi lan sing wis ana.

Garèng : Bab gonta-gantining pola, kuwi pancèn iya ngênêg-ênêgi têmênan, nganti jarit sing wêton anyar-anyar kiyi, ilang sipate kagunan Jawa, nèk dicara Mlayu, jarit jaman saiki kiyi wis padha: blandhain, sing dianggo rêrênggan sing dilêbokake gambar-gambar: kêkêmbangan, bukèt, kewan-kewan, lan sapêpadhane, kiraku suwe-suwene jênêngane bae iya di: blandhain, kaya ta: poksêtrot, jèsbèn, kroncong. Ju...

Petruk : Wis, wis, lha kok jênêngan musik lan nyanyian banjur dikrampyang dadi siji bae. Hla saikine kowe wis ngrêti dhewe, angèle panggaotan bathik bisane olèh bathi kang nyukupi, cêkake upama sabab-sabab kang bisa agawe rugining panggaotan bathik kuwi tak caritakake kabèh, iya ora ana wusanane têmênan. Kajaba saka kabèh kuwi, nèk nagara têmên-têmên arêp paring utangan dhuwit marang panggaotaning wong bumi, murih bisane murakabi tumrape wong sing ditulungi, apês-apêse iya kudu bisa nembak carane bôngsa Tionghwa upamane: anggone motangake dhuwit.

Garèng : Yah nèk mêngkono kuwi iya wis mokal bangêt, utang nyang bôngsa Tionghwa lan sapêpadhane kuwi, wong ora nganggo rèwèl-rèwèl, nglêbokake anprah, sing nganggo ditulis kanthi nècis, sarana disêksèni lurah lan prabote desa. Apa manèh sing arêp motangake mau iya ora ngaya-aya anjaluk tanggungan [tanggunga...]

--- 1106 ---

[...n] sing pêng-pêngan.

Petruk : Kajaba kuwi bôngsa Tionghwa kuwi nèk diutangi, bisa awèh ana ing wêktune kang wus ditêmtokake, awit tumrap wong sing ora pati bisa nyêkêl dhuwit, olèh dhuwit ana ing wêktu kang wus dipêsthèkake, kuwi gêdhe bangêt pigunane, nèk tampane nganti kêgasikên utawa kasèp, kuwi sok bisa nyilakani nyang awake. Mêngkono uga bôngsa Tionghwa mau anggone ngutangi bisa ngêwèhi sapanjaluke, awit nèk anggone ngêwèhi kasithithikên utawa kakèhên, kuwi ya sok bisa nyusahake.

Garèng : Lan kowe aja lali Truk, bôngsa Tionghwa kuwi nèk motangake dhuwit, sok gêlêm koma-koma, nèk sing utang mau kabênêr olèh karugian, nganti ora bisa nyaur utange, bôngsa Tionghwa sok gêlêm ngêntèni sawatara môngsa, dadi ora banjur enggal-enggal rêpot nyang panggêdhene dhistrik dununge sing utang mau, murih tumuli enggal dibêslah barang darbèke, nanging...

Petruk : Wis, wis, kok banjur kêdlarung-dlarung ngono omonge, bab kiyi padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina yèn ana wêktune padha dibanjurake manèh. Ing sarèhning besuk tanggal 4 ngarêp kiyi aku arêp mayêng-mayêng nyang Magêlang nonton pasar malêm, mulane aku anjaluk pangèstumu bae.

Garèng : We, hla, kowe kok tega karo Pasar Gambir. Iya wis, nyangoni slamêt bae ya Truk.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Kawartosakên, benjing tanggal 8 Sèptèmbêr ngajêng punika, pakêmpalan P.N.I. ing Bandhung badhe ngawontênakên pêparêpatan umum. Ingkang badhe mêdhar sabda Ir. Sukarna tuwin Mr. Iskak.

Ing Surabaya mêntas ngadêgakên pakêmpalaning para jongos Indhonesiah, inggih punika jongosipun para Walandi tuwin Tionghwa, dipun namakakên Persatoean Djongos Indonesia, warganipun sampun wontên 150. Wancining parêpatan ing wanci dalu, ngêntosi mantukipun saking padamêlan.

Wontên tiyang èstri ing bawah Indramayu ing wanci dalu badhe adus dhatêng lèpèn Song, dipun êtêr ingkang jalêr, tiyang èstri wau sukunipun karaos dipun cakot ing sawêr, sarêng dipun suluhi kêtingal wontên sawa kakas. Ingkang jalêr lajêng badhe mêjahi sawêripun, nanging dèrèng ngantos kalampahan, tiyang ingkang kacakot anjêlèh saha ambruk ing siti, lajêng dipun gendhong ingkang jalêr, wusana pêjah wontên ing gendhongan.

Kapal Riteh mêntas bidhal saking Surabaya dhatêng Dhigul ambêkta tiyang bucalan 11, kanthi tiyang èstri 4 tuwin lare-lare 18. Angkatan punika kapetang ingkang kaping pitulas.

Nusuli katrangan kados ingkang sampun kawrat ing Kajawèn. Miturut katrangan saking ingkang wajib, kalawarti Adil Paramarta botên kakèndêlakên wêdalipun, sawêg dados pamanahan, kalajêngakên punapa botên.

Propènsial P.S.I. ing Jawi Kilèn, Têngah tuwin Wetan sampun kalampahan damêl konggrès, ing sapunika lajêng badhe damêl konggrès umum, manggènipun wontên ing Ngayogya, benjing wiwitaning wulan Dhesèmbêr ngajêng punika.

Kawisudha dados gupêrnur ing Ngayogyakarta, paduka Tuwan P.R. W. van Gesseler Verschuir, residhèn Priyangan Têngah. Dados gupêrnur ing Surakarta, padukan Tuwan J.J. van Helsdingen, residhèn ing Pakalongan.

--- 1107 ---

Kasêbut sêrat kêkancingan saking dhirèktur B.B. para priyantun ingkang katampèn sinau wontên ing Bestuurschool ing pangajaran taun 1929-1930 inggih punika: saking Jawi Kilèn: Radèn Arja Winangun, wadana tama, Sumêdhang. Radèn Tamsi Adiwinata, ajung up jaksa landrad Batawi. Radèn Otong Natakusuma, rêgènsêkap sèkrêtaris klas II Mèstêr Kornèlês, saking Jawi Têngah: Radèn Ngabèi Susmaya, asistèn wadana Gêtas, Salatiga. Mas Barun Muhamad, wadana Wêru, Rêmbang. Radèn Mas Subali, rêgènsêkap sèkrêtaris Pakalongan. Mas Markum, wadana Sumpyuh, Banyumas. Saking Jawi Wetan: Mas Juwita, Wd. Rêgènsêkap sèkrêtaris klas I Lumajang. Radèn Said Prawirasastra, wadana Panagara. Mas Marêt rêgènsêkap sèkrêtaris klas I Blitar. Mas Ngabèi Sumadikara, asistèn wadana klas I Sukasari, Bôndawasa. Mas Armani, Wd. ajung rêgènsêkap sèkrêtaris Kêdhiri. Radèn Sudarja alias Jayawinata, jaksa landrad klas I Pasuruan.

Palapuran pakaryan kasarasan mratelakakên bilih wontênipun tiyang sakit kêkalih ingkang sakit pès, ing Bandhung satunggal bôngsa Tionghwa, satunggalipun bôngsa Indhonesiah, sampun sami saras. Ingkang bôngsa Indhonesiah sampun kawêdalakên.

Ing dhusun bawah dhistrik Ciawi, Tasikmalaya, tuwuh sêsakit pès. Nanging sarèhning têtiyang ing dhusun ngriku ajrih dhatêng tataning pakaryan kasarasan, dados botên lapur. Pakaryan kasarasan ing Tasikmalaya anggèning mirêng bab punika sasampunipun kalih minggu, ing ngriku wontên tiyang 18 sami pêjah dipun kubur sêsidhêman, kakintên jalaran sakit pès. Miturut papriksan, têtela ing dhusun wau wontên tiyang 21 katrajang sakit pès paru.

Ing propènsi Jawi Kilèn botên wontên priyantun ingkang purun kaangkat dados asistèn wadana tuwin mantri pulisi ing Dhigul, môngka tumrap asistèn wadana balanjanipun sami kalihan wadana lan taksih angsal tulah malih f 100.- Tumrap mantri pulisi, balônja sami kalihan asistèn wadana, wêwah tulah f 60.- Sapunika badhe pados priyantun ing Jawi Wetan.

Kawartosakên, benjing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr ngajêng, pakêmpalan Pasundhan badhe ngawontênakên konggrès, panjênênganipun Radèn Adipati Arya Ahmad Jayadiningrat badhe mêdhar sabda ing bab konprènsi ing Genève.

Kawartosakên ing Kotaraja wontên tiyang ukuman nama Anang bin Aning, tumut patroli militèr ingkang dipun tindhihi Sir Walandi, dipun aniaya dening upsir wau. Patraping panganiaya, Anang dipun êrut wontên ing wit-witan, gêgêripun dipun gêbugi dêling, ngantos nandhang tatu ngêdalakên rah, wusana botên èngêt. Wontênipun dipun kaniaya makatên wau, amargi botên kuwawi lumampah minggah rêdi, jalaran badanipun nandhang tatu ngantos kalih wêlas panggenan, dene pundhakipun manggul bêbêktan awrat sangêt, lan malih ing wêkdal wau nuju jawah, marginipun lunyu. Bab punika lajêng kapriksa pangadilan militèr ing Kotaraja.

Wangsulan saking Redhaksi

Rêsi Rasadipa ing Bojanagara, karangan kados ingkang panjênêngan ngandikakakên punika prayogi botên kalajêngakên kemawon, amargi kawruh ingkang kêmoran jarwa dhosok, sanadyan lêrês kados ingkang dipun kajêngakên, ananging kêtingal bilih srêgipun wau botên srêg yêktos. Nuwun.

Tuwan Dalimin, ing Ngayogya. Kintunan gambar saking panjênêngan botên kapacak, awit kamanah botên sapintêna paedahipun.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar untaping tiyang ingkang sami ningali sakatèn wontên ing alun-alun Ngayogya. Manawi nuju wontên karamean makatên wau, kathah sangêt têtiyang saking môncapraja, saya manawi sampun dhawah dintên ingkang cêlak garêbêg, dipun wastani prêpêgan, ing margi-margi sampun bêntêt tiyang, ing sêtatsiun-sêtatsiun tiyangipun botên kenging pun piyak.

--- 1108 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

24.

[Asmaradana]

yèku janma kang katitik / akêkopyah kang rinenda / kang ingagnya saguh age / samana dupi ing enjang / janma samya sêmbahyang / wanci subuh gumarudug / Jibur Sabur sêsarêngan //

janma kang arsa nglakoni / mulat mung saking mandrawa / kawuryan mubyar kopyahe / samana nulya sêmbahyang / nanging wus saban-saban / ing kala sêmbahyang Sabur / nyèlèhkên kang kopyah rendan //

mung salin kêkudhung rêsik / apan nyarêngi samana / wong kang sêmbahyang pungkure / dupi anon kopyah rendan / nyut sakala dèn alap / dèn anggo srêg katon murub / mawèh gawok mring kang mulat //

mangkya janma kang andingkik / cêtha mawas kopyah rendan / nulya cinakêtan age / lan pinêdhang bêt sakala / kalèsèd tanpa sambat / riwusing sêmbahyang rampung / nulya samya sêsalaman //

kagyatira datan sipi / duk Jibur asêsalaman / lawan Sabur sarwa sae / nuli ing wuri umulat / bangke kang galadrahan / ing sakala wau Jibur / tuwuh kang osik narima //

ngira Sabur janma suci / wusana nulya bibaran / lulus tan rinasa mangke / dene kang kunarpa mangkya / uwus ingupakara / rêsik lan rampung kinubur / sudagar saya narima //

awit jatinira uning / lamun kang tiwas kêmasan / janma kang cidra tuhune / ananging ta duk samana / Saidah datan trima / nulya anglincipi tutur / mêngkêrkên ing kautaman //

[Pangkur]

Nyi Saidah duk samana / nulya maring sudarmanirèng mayit / kanthi amêdharkên tutur / Sabur kang tindak cidra / kang kadyèku kang prakara wajib katur / marang ngarsaning pradata / têmbe yêkti antuk adil //

lan malih sêdyèng Saidah / kanthi dana kadugi amragadi / apan kalampahan sampun / nênggih sudarmanira / milênggahkên ing pradata titis galur / Sabur kang kêni pandakwa / wusana pinutus nuli //

dhawuhira kyai jaksa / aturira datan pisan ngênani / yêkti tan pakolèh tuhu / awit sajatinira / tan amangguh papriksan kang bangkit cundhuk / amisesa marang dakwa / kang kinira janma juti //

wis sira nuli mundura / ing samangkya Sabur luwar sayêkti / riwusing mangkana wau / nênggih kiyai jaksa / dhawuh maring Jibur kawistara bêndu / hèh Jibur wêruhanira / rabinira nêniwasi //

awit kawistara dora / datan pantês cakêt samaning janmi / wus katitik dosanipun / cidra ambal-ambalan / marma mangkya sira tinêtêpkên kudu / ditega angawakana / sira amatrapna pati //

Jibur tan pisan lênggana / kalêksanan rabi den ukum pati / lêgawaning tyas sira nrus / lawan nuli alêga / sanggyaning kang raja darbekira Jibur / eklas linilakkên marang / Sabur datan ana kari //

Jibur nulya amardika / datan nêdya tumindak agêgrami / awit wus rumasa tuwuk / kêkêcèh donya brana / mangkya nulya dadya kyai dahat mungkul / têntrêm anèng prajanira / kôngsi praptanirèng pati //

kocap Sabur duk samana / anyarêngi nuju ing wanci ratri / wangsul maring wismanipun / dupi malêbèng wisma / anon lamun kang èstri ngêloni sunu / datan pisan-pisan ngira / kalamun suta pribadi //

awit nalika nisira / jatinira kang èstri anggarbini / ing sakala Sabur nêpsu / jaja bang winga-winga / narik cundrik kang èstri arsa sinuduk / datanapi sutanira / babar pisan pinrih lalis //

ananging ing sanalika / èngêt maring kang wêling sri bupati / narendra prajèng Dhamaskus / sanalika byar padhang / rumasa yèn arsa kajalungup luput / nulya nganti kanthi sabar / kôngsi praptanirèng enjing //

sawusira êbyar padhang / sakalangkung kapitèng tyas kang èstri / uning yèn lakinya wangsul / kanthi sajarwa nyata / jatinira lare iku sutanipun / sabur dahat dènnya suka / kanthi sukur wanti-wanti //

riwusing antara dina / Sabur marêk Nata Dhamaskus nuli / lawan rabi miwah sunu / Sabur nulya pratela / sanggyaning kang lêlampahan kang tinêmu / sri nata kalangkung suka / Sabur nulya ngabdi malih //

pan wus tamat kang carita / punang bayan nulya angucap lirih / makatên ingkang tinêmu / sucining manah nyata / datan gampil cinidra ing tindak luput / lêpating sanjata uwa / rahayu ingkang pinanggih //

lan malih sampun têtela / sanggyèng cidra nadyan linakon rêmpit / rapêta kôngsi barukut / rakitira katara / sampun nyai prayogi agalih emut / awit wus pinanggih nyata / manising tyas mikantuki //

12. Panggalihanipun nata ingkang taksih kirang yuswa.

[Dhandhanggula]

rêrêping tyas mring tindak tan yukti / kawistara katêntrêmanira / kadi nyi sudagar mangke / kaduk winulang purun / dening pêksi kang ngrasa asih / ngeman marang bandara / tan kêndhat wèh pemut / marma mangkya kawistara / têntrêmira ing wisma angrêspateni / dinohan ing rêncana //

nanging nadyan wus katon prayogi / mung sarèhning wong tindak durjana / mung lumintu pangarahe / sêdyanira tan mundur / kadi kang wus riniptèng tulis / karsanira pangeran / datan pugut-pugut / mêksa bae ingambalan / duk samana nyai tuwa prapta malih / sajarwa prêlunira //

wantuning kang mêmanahan èstri / lir kukuhing barang tan santosa / binêtahan pangoyage / Nyi Jenab ing tyas kengguh / arsa anis kalaning wêngi / riwusing rampung dandan / ing tyas mangu-mangu / pindha taraju kang ebah / binotan ing isi kang tinêmu silir / wèh giyuhing pangrasa // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. Kurang satu suku kata: yèn mêmangan tanpa uwis. (kembali)
2. sanadyan. (kembali)