Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-02, #309

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-02, #309. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-10-02, #309. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 79, 27 Rabingulakir Taun Ehe 1860, 2 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1237] ---

Ăngka 79, 27 Rabingulakir Taun Ehe 1860, 2 Oktobêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Sawangan Nyamar

[Grafik]

Sawangan ing sacêlakipun pasisir Banyuwangi, sairik[1] kados sawangan ing tanah Eropah.

--- 1238 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Rêdi Sumbing

Sampun dados adat kalimrahan, nama-namaning nagari, lèpèn, rêdi, wana tuwin sanès-sanèsipun, ing sakawit tamtu wontên cêcariyosanipun, cêcariyosan wau lajêng dipun ugêmi ing akathah, dene lêrês lan botênipun, botên kasumêrêpan.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun rêdi Sumbing dipun tingali saking Magêlang

Ing ngriki badhe nyariyosakên sakêdhik ing bab mulabukanipun nama rêdi Sumbing. Cariyosipun kados ing ngandhap punika:

Nalika jumênêngipun nata Prabu Ajipamasa, nata ing Mamênang inggih Kêdhiri, kêrêp tindak alêlana dhatêng praja-praja ingkang kabawah ing Mamênang, awit sang prabu nêmbe jumênêng nata binathara enggal, kathah ewah-ewahaning praja, utawi kathah nata sanès-sanèsipun ingkang nêdya botên purun nungkul dhatêng sang nata, dados jumênêngipun nata Prabu Ajipamasa tansah amanggih ruwêt rêntêng, bawanipun taksih enggal wau.

Anuju satunggiling dintên sang prabu tindak pêpara, samargi-margi sang prabu tansah dipun sowani ing têtiyang ingkang sami kapêtêngan manah, sami nyuwun pêpadhang, awit sang prabu misuwur sagêd nyarasakên tiyang nandhang cacad, sagêd ambingahakên tiyang susah, têtêp angagêm kaluhuran tuwin kawasaning ratu.

--- 1239 ---

Kacariyos nalika tindakipun sang prabu dumugi laladanipun nagari Malawapati, wontên tiyang sowan ing sang prabu. Mirid waguning solah, tiyang wau botên kulina kalihan tiyang praja, nanging nalika tiyang wau dipun êndhêg lampahipun dening pandhèrèk nata, amangsuli: bilih wigatosipun badhe sowan ing sang prabu, botên kenging yèn dipun êndhêga, dados sanadyan tiyang ingkang sowan wau ragi kuciwa ing tatakrama, inggih dipun lêstantunakên.

Sadumuginipun ngarsa nata, tiyang wau dipun dangu, umatur nama Janggan Sundara, dêdunung ing rêdi Sodha, mênggah wigatosipun marêk ing sang nata, Ki Janggan mirêng pawartos, bilih sang prabu sagêd nyarasakên tiyang nandhang cacad. Sang prabu aparing dhawuh, kasambadanipun mawi pinarêngakên ing dewa. Janggan Sundara matur malih, piyambakipun gadhah anak èstri sakalangkung ayu, nanging nandhang cacad guwing, anakipun wau dipun namakakên pun Sumbing. Manawi sang prabu amarêngakên kaaturan rawuh dhatêng griyanipun Janggan Sundara, supados nguningani dhatêng warninipun pun Sumbing saha kaparênga nyarasakên.

Sang prabu lajêng rawuh dhatêng panggenanipun Janggan Sundara sapandhèrèk sadaya, Ki Janggan sangêt anggènipun angurmati. Ing ngriku Rara Sumbing lajêng dipun sowanakên ing sang prabu. Sang prabu nalika uninga sakalangkung ngungun ing galih, ing batos ngalêmbana dhatêng ayunipun Rara Sumbing. Saha sakalangkung wêlas. Wusana Rara Sumbing dipun jampèni ing sang prabu sagêd saras, saya katingal ing ayunipun.

Ki Janggan sakalangkung bingah ing manah tanpa upami, dene anakipun sagêd saras, makatên ugi sang prabu inggih sakalangkung suka sukur ing dewa, dene pinarêngakên sagêd nyarasakên cacadipun Rara Sumbing.

Jalaran saking ayunipun wau, saking kaparêngipun sang prabu, Rara Sumbing dipun êlih nama Sumbadra, kapiridakên namanipun garwa panêngah Pandhawa, dene nama Sumbing lajêng kangge ngêlih namaning rêdi Sodha, lêstantun dumugi sapunika.

Lêrês lêpating cêcariyosan wau nyumanggakakên.

Dene gambar ingkang kapacak wontên ing karangan punika, gambaripun rêdi Sumbing dipun tingali saking Magêlang. Awak-awakaning rêdi katingal anjêgêrêng sinaput ing mega sumamar. Dhusun-dhusun katingal pating prênca, kinupêng-kupêng pasabinan, anandhakakên manawi ing ngriku mirah wos pantun. Sêsawangan ingkang katingal wontên ing gambar wau, saupami dipun căndra, satunggal-satunggaling kawontênan ingkang katingal botên kêkirangan căndra. Ing ngriki namung dipun cêkak, sadaya wau amujudakên sêsawangan adi, dipun sawang saking Magêlang.

--- 1240 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Wirasating Manungsa Mêndhêt saking Kawruh Tionghwa

Sambêtipun Kajawèn nomêr 67.

Irung punika sae ingkang lêncêng andalêjêr, sarta kathah dagingipun. Irung ingkang wangunipun kados irung warak, sawêr naga, sima, menda, maesa sarta wangunipun kados rosan kakêthok (papak) sarta kados kanthong wontên isinipun, utawi kados ginjêl ginantung, jêjêg botên mèncèng, tur agêng punika sae sangêt. Manawi tiyang irungipun ing pucuk abrit utawi sêmu cêmêng, punika wahananipun asring bibrah anggèning abale griya.

Ananging irung ingkang kados irunging sagawon, utawi kados cucuking pêksi podhang, lincip bengkang-bengkong, lèng-lènganipun andhangak, gèpèng tipis katingal balungipun, punika botên sae, tiyang ingkang irungipun kados makatên punika, wahananipun rêkaos, botên wontên kadadosanipun, tur manahipun awon srakah.

Mênggah cangkêm punika ingkang sae lambenipun abrit, untunipun pêthak mênthur, lambe ngandhap kalihan lambe nginggil, sami kandêlipun, saha radin, sarta lêkoking lambe ngandhaping irung ingkang lêbêt sarta panjang wangunipun kados wulan tumanggal, utawi kados gandhewa pinênthang, langkung sae malih manawi cangkêm wangunipun pasagi.

Dene cangkêm ingkang kados cangkêm sawêr naga, sima tuwin maesa, lambe ngandhap nginggil botên anjêbèr sarta botên dongos, botên lancip, katingal parimpên, ing jawi kados wontên amping-ampingipun, punika cangkêm ingkang sae piyambak. Cangkêm ingkang wangunipun kados cangkêm babi, sagawon, maesa, tikus, sarta kados wanguning baita mangkurêp, lambe cupêt cêmêng pating jêngkêrut, lambe nginggit[2] tipis, lambe ngandhap andomblèh, untunipun katingal, inggih punika cangkêm ingkang awon. Ing kitab wirasat, wontên ungêl-ungêlan makatên, satunggal-satunggaling panggenan, kados ta: kuping, alis, mripat, irung, tuwin cangkêm, manawi wontên ingkang kadunungan căndra sae, wahananipun sok sagêd sugih singgih kathah daulatipun, ananging namung salêbêting sadasa taun. Dene salah satunggiling panggenan wau, manawi wontên ingkang kadunungan căndra awon, wahananipun rêkaos salêbêting sadasa taun.

Kuping

Mênggah kuping punika ingkang wangunipun sêgêr, inggilipun angungkuli alis, sarta lêkak-lêkokanipun jêjêg, sarta jangkêp, godhohipun kandêl, lèng-lènganipun wiyar, punika sae. Manawi kuping têngên ingkang cacad, wahananipun botên sagêd langgêng tinêngga ing biyungipun, dene manawi cacadipun wontên ing sisih kiwa, wahananipun botên sagêd langgêng tinêngga ing bapa. Manawi kuping langkung andhap tinimbang alisipun, punika wahananipun [wahanani...]

--- 1241 ---

[...pun] sok ambibrahakên têtilaraning lêluhuripun, tur sakêdhik sadhèrèkipun, wahananipun piyambak inggih kirang gangsar. Kuping punika kenging kaupamèkakên ratu, dene alis upaminipun patih, mila ingkang sae piyambak kuping ingkang sagêd ngungkuli alisipun. Ingkang makatên wau wahananipun sagêd singgih, kadunungan budi padhang, sarta gathèkan.

Kitab Ongkimsyang, nyariyosakên makatên: ji, ko, bi, it juning, putsyu, pingun, (ji = kadosdene. Ko = inggil. Bi = alis, it = satunggal, jun = dim, ing = têmtu. Put = botên, syu = tampi. Pin = mlarat. Gun = rucah). Têgêsipun: kuping kang dhuwure lan alis, bisa luwih sadim, salawase ora bisa rêkasa lan malarat. (Badhe kasambêtan)

R. Singgih. Pêkên Gawok, Surakarta.

Panglipur Manah

Raos Katrêsnaning Bapa Biyung dhatêng Anak

[Dhandhanggula]

mêmanising yayah miwah wibi | kongsi datan kêni pinindhakna | ananira datan pae | kang asor myang kang luhur | tatanira sayêkti sami | miwah kang sato kewan | ing tyas mêksa tuwuh | nadyan cipta tan sampurna | mung katrêsnan têtêpira maring siwi | tan prabeda manusa ||

marma lamun rinasa nêrusi | rasanirèng katrêsnan mring putra | baya aran wus pêsthine | nadyan ngaku tan sarju | mung katitik katon ing lair | batin têtêp tan oncat | tan gèsèh sarambut | tăndha ing kayêktènira | datan lila cinatur liyaning janmi | sanadyan anak ala ||

wus maratah salumahing bumi | suta dadya uwohing paningal | gumantil dadi atine | tan ngetang rupa bagus | awarnaa lir setan gondhil | pangrasane wong tuwa | tan kasoran bagus | nadyan putraning bandara | datan nyundhul kadi warnane Sarimin | ingkang suta priyăngga ||

marma tuwuh têtêmbungan Jawi | bêbasane kang kancana wingka | yèku măngka ngupamakke | mring kuciwaning sunu | nadyan kadi wingka upami | mêksa sawang kancana | raras sarwa bagus | sumarma lamun rinasa | amêmada sutaning liyan tan kêni | tumanduk ing tyas lara ||

awit nyata ing pangudang yêkti | nadyan sutaning wong sudra papa | wênang kinudang ing têmbe | bisa dadi tumênggung | mung minăngka pamarêm ati | mokal yèn ta kinudang | murih dadya batur | dene kasambadanira | mung Pangeran kang amurba misesani | datan kêni kinira ||

pan mangkana trêsna kang sajati | kang pinangguh anèng rasanira | wong atuwa mring anake | yêkti tinêmu mathuk | samantakna mring jaban langit | baya datan prabeda |

--- 1242 ---

marma jatinipun | mrih janma mèngêt sapadha | lamun trêsnèng bapa biyung maring siwi | tan kêni dèn imbakna ||

[Grafik]

Gambar saking kiwa manêngên, 1. putri Faiza, 2. putri Faikah, 3. putri Fewzie, 4. Pangeran Adipati Farouk, sami putra nata ing Mêsir.

mangkya marna rarasing sudarmi | kang pinisah têbih lan atmaja | yêkti karasa atine | rina kalawan dalu | kang gumawang têlêng pangèksi | namung kang tan katingal | manggung gandhul-gandhul | datan pae sutanira | anggung mèngêt rasaning pisah sudarmi | kang katon asih trêsna ||

kadi nata ing praja gung Mêsir | kang ing mangkya nêmbe alêlana | nèng Eropah jajahane | pisah lan para sunu | samya dadya wohing panggalih | yêkti tansah kawangwang | ing suwarnanipun | kana-kene datan beda | anggung mèngêt dènnya pêpisahan lami | saya dangu karasa ||

ananging ta kangjêng pramèswari | anggung mèngêt karênaning [ka...]

--- 1243 ---

[...rênaning] raka | nulya nglêmpakkên putrane | dyan ginambar ngalumpuk | kang anggambar jêng pramèswari | ingaturkên sri nata | kang andon ngêlangut | gambar kang kadya punika | yêkti têrus karasa ngayêmi ati | maring jêng sri pamasa ||

kumênyuting tyas sasami-sami | yêkti darbe cipta kang mangkana | anggung alit datan pae | lamun anon ing sunu | samya lêma awaras-wiris | dinohan sambekala | ing sasêdya tutug | kabagyan ingkang mangkana | yèn rinaras wus mawèh marêming ati | ganjaraning Suksmana ||

Tumut Murinani Bab Rêndhêting Lampahipun Kajawèn

Dèrèng dangu Kyai Lurah Badranaya (Sêmar) kalihan Garèng ngrêmbag bab rêndhêting lampahipun Kajawèn. Sanadyan rêmbag wau namung adhapur lêlucon, nanging sajakipun mranani, pancèn inggih prêlu yèn Kyai Lurah Badranaya sagolonganipun sok anglairakên pamurinaning manah ingkang kados makatên, (mriksanana Kajawèn nomêr 72), sukur-sukur yèn ingkang katabêtan anggadhahi raos kêgarap dipun dandosi, punika sadaya badhe awoh prayogi. Kajawi saking punika sanajan rêmbagipun Kyai Lurah Sêmar wau sampun kacuthêl, nanging ing ngriki kula kapêksa tumut cawe-cawe nglajêngakên, awit katarik wontênipun tiyang rêmbagan makatên: Iyatalah, wong jaman wis padhang mangkene iya mêksa isih ana begalan bae, dudu êmas picis rajabrana, nanging ambegal layang kabar.

Nanging mênggahing sajatosipun, kula wani nêtêpakên, bilih kawontênan ingkang makatên wau botên adamêl eram utawi sêriking Kajawèn, awit punika dados tăndha saksi ingkang nyata bilih Kajawèn kathah ingkang rêmên, lan ambuktèkakên malih yèn sapunika sampun katawis kathah tiyang ingkang rêmên maos, sanajan ing dhusun-ngadhusun, tandhanipun kabêkta saking sangêting kêpenginipun, ngantos dipun rencangi ambabok-babok maos, măngka talêcêring sêdyanipun Kajawèn makatên ingkang prêlu inggih namung angajêngakên waosan, murih têtiyang bumi saya jêmbar sêsêrêpanipun. Katăndha saking rêgining Kajawèn tigang wulan f 1.50 punika yèn kamanah saèstu kalihan saening wujud dalah isinipun, rak dede rêrêgèning sêrat kabar, măngka mêdalipun saminggu kaping kalih, dados ing dalêm sakwartal mêdal kaping 24-25, gèk mawi ngêmot gambar-gambar, cariyos, piwulang, kawruh, pakabaran warni-warni ingkang nyênêngakên manah, punapadene sêsêrêpan enggal ingkang mathuk dhatêng jamanipun. Punapa punika taksih kawisên kados makatên.

Cobi kapetanga prangkonipun kemawon sakêdhikipun sampun f 0.24 - f 0.25 tarkadhang langkung saking samantên. Dados rêgi rêsik namung ± f 1.25 lêngganan sagêd nampi 25 buku. Suwawi katandhinga kalihan rêrêgèning sêrat-sêrat kabar sa-Indhonesiah, punapa wontên ingkang nyamèni ing bab mirahipun… kados lăngka. Awit Kajawèn makatên pancèn yasanipun kangjêng pamarentah amrih adamêl kamajênganing kawula Jawi sadaya.

--- 1244 ---

Langkung-langkung tumrap kaum alit ing padhusunan, punika prêlu sangêt.

Lho, sanadyana makatên, pamuji kula tumrap para rêmên maos Kajawèn ingkang namung trimah nêmpil (ambabok punapa ambegal) wau, mugi èngêta bilih sawarnining kasênêngan punika kêdah kanthi arta, saratipun tiyang amangun kasênêngan punika mêsthi kêdah purun ambucal waragad. Awit yèn botên makatên, kajawi sok adamêl gêla utawi kapitunaning liyan, sisip sêmbiripun angusutakên asmanipun piyambak.

Kosok-wangsulipun, rèhning kala anu Kyai Lurah Sêmar botên karsa nyêplosakên babarpisan ingatasing tindak ingkang makatên wau kalêbêt ing kukum punapa, mila ing ngriki kula namung sagêd ngaturi ancêr-ancêr: bilih para pandheganing Kajawèn punika kenging kawastanan băngsa ingkang pêng-pêngan sadaya, malah ing ngriku kathah benggol-benggoling ahli basa ingkang ngêmudhèni, saha malih pambantunipun botên sakêdhik cacahipun, tur ing pundi-pundi panggenan wontên, dados inggih botên sakêdhik wragadipun, pramila wujuding Kajawèn botên nguciwani isi dalah kawontênanipun, ngantos kula sagêd mastani yèn kalawarti Kajawèn namung rêgi samantên punika botên awis. Lho punika sanyatanipun, botên ngumpak. Saya tumrap tiyang ingkang rêmên maos, tamtu sagêd nimbang pangaos, awit nitik saking balanjanipun ingkang sami ngêmudhèni tamtunipun kathah sangêt, pramila tinimbang dados rêmbagipun Kyai Sêmar, prayogi dados langganan kemawon tumuntên… makatên utaminipun.

Wasana nyuwun pangapuntên.[3]

Saking kula golongan kaum kaondêran ingkang kuwatos dipun caruk kêmpul dening kritikipun Kyai Lurah Sêmar sapanunggilanipun.

Lêngganan K. 1815.

[Grafik]

Sumbêr toya ing Jubêl, ingkang dipun yasani kailèkakên dhatêng Jombang utawi Surabaya, kangge toya ombèn. Ing dalêm sadintên sagêd ngêdalakên toya 1000 m3.

--- 1245 ---

Jagading Wanita

Olah-olahan Cara Jawi

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78.

Sate Madura

Pratikêlipun kadosdene olah dhèndhèng age, kaotipun: irisaning ulam alit-alit awangun sate, tuwin kasujenan (botên sapit) lan inggih ugi mawi kagêpukan, tuwin arèhipun mawi bakaran kunir kapipis lumêr, lan mawi kauworan ulêgan lombok abrit sawatawis. Patrapipun amanggang tuwin ngopyok arèh, mirida olah dhèndhèng age ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng.

Sêmur lombok.

(Punika sampun ragi kêclamoran cara Wlandi)

Lombok krupuk (lombok ingkang tanahanipun agêng sangêt) ing bongkot sacêlaking gagang kakêthoka, isi lan sontrotipun ing têngah: karêsikana mawi sogok sujèn gilig papak, kaatos-atosa sampun ngantos mêcahakên kuliting lombok, lajêng kaisenana cacahan daging kabumbonan mrica pala ingkang ngantos bêntêt, anggèning ngisèkakên kalihan mawia sogok sujèn papakan wau, murih ing pucuk sagêd kisèn. Lajêng kagorenga, lisahipun kalêntik sabagean, mêrtega: kalih bagean, bilih lombokipun wau sampun alum, lajêng kaduduhana kecap kacolok ing cokak Walandi sakêdhik, tuwin bubukan mrica pala sapantêsipun, duduh wau kaangkaha amung nyêmêk-nyêmêk, tumuntên kaungkêpa, umob kaping kalih: sampun tanak, lajêng kauwur-uwurana gorengan barambang.

Tigan pindhang tulèn.

Tigan ayam utawi tigan bèbèk, kakumbaha ingkang rêsik, lajêng kagodhoga ing santên abumbu pindhang (kluwak kapipis lumêr, sarêm traos, brambang bawang, kaulêga lêmbat. Salam laos, namung kacêmplungakên ing santên, sarêmipun ragi dipun kadukana). Manawi sampun ngatawisi badhe umob, lajêng têrus kakêbura kemawon, bilih sampun umob marambah-rambah, kenging dipun êndhani pangêburipun, tuwin kaoyoga murih kulitipun sagêd rêmak, mrasuk bumbunipun. Anggêr duduhing pindhang sampun sat, inggih sampun tanak.

P.

--- 1246 ---

Kabar Sanès Praja

Tilas Nata ing Afghanistan

[Grafik]

Ing ngajêng gambaripun Prabu Amanoellah.

Para maos tamtu dèrèng kasupèn dhatêng kawontênanipun ura-uru ing praja Afghanistan. Ing ngajêng Kajawèn sampun nyariyosakên ing bab linggaripun Prabu Amanoellah saking praja.

Jalaran saking nyarêngi ura-uruning praja, kawontênanipun Prabu Amanoellah lajêng botên patosa kocap, awit kawontênanipun pawartos namung nyariyosakên bab kawontênan ing praja Afghanistan kemawon, tumrapipun sang prabu pawartosipun namung kacêkak: sang prabu linggar saking praja sakalihan ingkang garwa.

Ing sapunika kawartosakên, bilih sang prabu wontên ing Rome, mênggah wigatosipun punapa, dèrèng kasumêrêpan, namung kacariyosakên, anggènipun wontên praja sanès punika prêlu ngimur-imur panggalih, lan botên kagungan karsa wangsul dhatêng prajanipun.

--- 1247 ---

Waosan Lare

Nagara Mirasa

XXVI. Dhauping pangantèn

[Pocung]

Rame umyung nagara ing Karangagung | wong sajroning kutha | upyêk padha angrasani | yèn ratune arêp angramakke putra ||

ngalun-alun makajangan sungsun-sungsun | ing sabên paseban | dirêrêngga sarwa pèni | nganti wuwuh tarube têkan ngarêpan ||

pating glêbyur rupaning suwiran janur | ketok rembyak-rembyak | wujude ngrêsêpke ati | disêlani godhong ringin kanggo buntal ||

iju-iju agawe sêngsêming sêmu | nganggo têtuwuhan | gêdhang matêng karo cêngkir | ora lali dikoki têbu rêjuna ||

gumarudug wong desa sing lagi tutug | anggawa gêgawan | prêlu arêp ngrêrewangi | lan masokke pajêg minăngka pasumbang ||

awit mungguh ing dhèk biyèn lurah patuh | ya pyayi nagara | kang dadi pangane bumi | awit durung ana sing jênêng balănja ||

yèn dipetung tampaning pajêge êmung | Mulud karo Pasa | dadi sataun pindho thil | liya kuwi sasate wis ora ana ||

nanging jêbul èndhèlane pating jrêdhul | mèh tanpa wilangan | nyepak nylênthik olèh dhuwit | paribasan manthêlêng dhuwite têka ||

ngono mau yèn disawang kaya kaku | wong desa nagara | sajak mung tansah pradondi | mung dadine bêkêl lêmu lurah lêma ||

bali ngrêmbug ing bab dhuwur durung tutug | ramening nagara | wiwit kurang pitung bêngi | wis anjingglang padhange kaya raina ||

barêng nuju ing tibane dina prêlu | swaraning gamêlan | kana-kene pating klêning | ing sitinggil ora lèrèn muni monggang ||

barêng surup prêlune uwis kêcakup | diyan pating glêbyar | pangantèn kêtêmu uwis | lanang bagus putrine tanpa kuciwa ||

sang aprabu ing Karangagung ing sêmu | mung sarwa kaduga | ora kêndhat amriksani | mênyang putra karo mantu ora kêmba ||

siji bagus luruse aketok têrus | candrane Arjuna | yèn ngidaka têlèk pitik | ora pèndèng ananging iya pêng-pêngan ||

uwis mathuk karo Dèwi Mênur gathuk | sêmune nyêmbadra | klêntrênge amêmêdèni | ora ana wong wedok sing ngèmpêrana ||

siji mungguh awănda prajurit saguh | satandange cakrak | sajak ambaladewani | mung bab nêpsu Prabu Wêkêl ora ana ||

garwa ayu mung cake rada kêmayu | yèn nuju ngêndikan | sapolahe kaduk nal-nil | nanging malah disawang saya prayoga ||

wise entuk sapasar nuli dipêthuk | mênyang kapatihan | diênggo nyarati ngalih | jênêng ngundhuh pangantèn bubar sapasar ||

kaya sulung wong nonton turut dalanggung | pangantèn digawa | anèng joli mingklik-mingklik | pangantène lanang padha nunggang jaran ||

mantèn sêpuh nitihe jaran anglunuh | sing nom [no...]

--- 1248 ---

[...m] rada berag | jarane pijêr sêsirig | nganti ana wong rasanan sawatara ||

ora patut pangantèn kok sajak bikut | bok ya rada sabar | besuk bae asêsirig | kêbangêtên aku nganti rada ewa ||

ing dhèk mau ana wong nolèh mêcucu | ketok ora rêna | banjur dhêdhewekan muni | rupa ngono yèn èlèk ngono kuwi ta ||

ana sambung cukup anggêpên wong gêmblung | wong dhêmên mêmada | jênêng lumrah cangkêm muni | lambe ngisor dhuwur lête ora ana ||

wis ambanjur lakuning pangantèn galur | têkaning patihan | barêngan gamêlan muni | dibarêngi êdrèl muni barondongan ||

wis malêbu mantèn loro pisan mau | nganggo pasamuwan | ramene anggêgirisi | sang aprabu sêpuh ya rawuh sadhela ||

gênti catur Bok Karya mung tansah kuwur | mulane dipisah | awit mung tansah mêcicil | awit saka bungahe ora karuwan ||

nganti kuru wiwit ana gawe mau | mung tansah trataban | mula dikok ing gon dhêlikan |[4] mung supaya atine aja rêkasa ||

wise rampung | ati lagi mari bingung | nuli mara têka | tilik pangantèn rong rakit | barêng wêruh anggalolo banjur niba ||

para mantu padha nyêdhaki sing kantu | nuli dirêrămpa | Prabu Wêkêl ngandikani | kuwi rak mung saka jujuling pangrasa ||

wis bèn tutug ora prêlu dadi rêmbug | prayoga sarèkna | mundhak kagèt ora bêcik | bakal ilang mêngko yèn uwis kulina ||

barêng esuk Bok Karya wis thênguk-thênguk | pangantène padha | ora adoh cêdhak linggih | Prabu Wêkêl nuli alon angandika ||

iya biyung patute ta kowe bingung | awit sapa ngira | ingatase asli cilik | bisa nêmu kanugrahan ora kira ||

mungguh aku iya bangêt ing sukurku | dene biyung bisa | duwe turun dadi bêcik | ora liya saka gonmu katarima ||

dadi patut kowe tan[5] sunggi tak sêbut | wong tuwa nugraha | aku ora isan-isin | ngaku biyung nadyan wong cilik balaka ||

sing angrungu padha krasa diwêwungu | sarta padha lêga | tumuli Dèwi Malathi | anyêdhaki mênyang biyung maratuwa ||

dhasar baut yèn ngandika sêmu cucud | nuli angandika | inggih yung kula sêrati | tobat yake ora tau kambon lênga ||

ting kêcêmut kabèh padha ngalêm patut | wong pancèn wis gawan | mung sarwa nyêdhakke ati | saunine wong sing ngrungu mung kêduga ||

saya atul sakabèhe gone kumpul | lan manèh Bok Karya | pikirane uwis salin | rada mèmpêr dimorke para bandara ||

barêng tutug salapan dina dirêmbug | kudu nganggo sarat | kirab ngalih gon saiki | lan tumuli iya banjur tata-tata ||

ing dhèk mau Prabu Wêkêl sing dituju | mênyang jaban kutha | iya desa Karangsari | ngiras karo tilik manise wong tuwa ||

--- 1249 ---

Rêmbagipun Bancak lan Dhoyok (Pênthul lan Têmbêm)

Bab Pandhu Botên Kenging Gadhah Tindhak Nyahak Wêwênang.

Dhoyok : Bancak tumuli banjurna, katranganmu ngarêp ika, laranganing Pandhutama, sing kudu dicêgah nyata. Bab ngabotohan wis rampung gonmu carita. Sanadyan kiyi nyata panggawe ala, sarèhning isih akèh sing padha krêsa, gonmu nyaruwe aja kêdawa-dawa. Ana têmbunge Walănda, yèku abnormal kang nama, mungguh têgêse kang nyata, tindak sing nyêbal biyasa. Sarèhning ing donya Kajawan têtela, anane wong main isih ngămbra-ămbra, dadi manawa kowe tansah amada, têmtu bakal disêbut abnormal blaka. Mula saiki banjurna, anane wulang utama, tumraping padpindêr Jawa, sing go marga junjung băngsa.

[Grafik]

Bancak : Tumrap Pandhutama nyata pirang-pirang, watak ala sing wajib kudu dilarang, kaya ta sing arane nyahak wêwênang, wajib sinirik prasasat ula wêlang.

Dhoyok : Nyahak wêwênang mungguhing panêmuku, bênêr ala nanging ora pati kliru, awit jaman kiyi beda karo dhulu, dhèk biyèn sing sabar unggul kang tinêmu. Saiki wis owah iku, kowe yèn sabar satuhu, dhêmên ngalah ing panêmu, sida go klenangan dhasmu. Contone wong desa sing butuh banyu, watake nriman nyang apa sing tinêmu, watak nyahak wêwênang disirik lugu, tandurane ya kalakon ora mupu. Mêsthine kowe wis krungu, sing kêjibah bagi banyu, mênyang sawah-sawah iku, aran mantri ulu-ulu. Prentahing irigasi mungguhing iku: pabrik, tani wajib kudu olèh banyu. Mula cara-carane ambagi banyu, kudu ditata kanthi tliti satuhu. Ning sawênèh pabrik iku, nyang nyahak wênang sok kèlu, sanadyan wis olèh banyu, sok melik nyang bagianmu.

Bancak : Bok aja dhêmên ngèmbèt sing dede-dede, ana manèh pabrik aja sok digape, badan sugih tur panguwasane gêdhe, mêngko mundhak dipleroki ing P.E.B., ngrêmbuga awake dhewe, nèk kliru tan dadi gawe, murakabi sakabèhe, tur tan sinêrik liyane. Lugune wong tuwa kudu cawe-cawe, aja nganti klakon anake ing têmbe, duwe watak nyahak wêwênang kuwe, wit nyusahke liyan lan awake dhewe. Nyahak wêwênang lumrahe, lancang tindak pangucape, [pa...]

--- 1250 ---

[...ngucape,] ora mung nêrak wajibe, ya clila-clili tindake. Mula padpindêr dianani panggêdhe, sing wajib diturut apa saprentahe, kono nglanggar prentah ukumane gêdhe, kabèh mau mung go dandani watake.

Dhoyok : Katranganamu kaya wis cêtha kabèh, pantês yèn nyahak wênang kudu dèn sèlèh. Saikine prêlu kok têrangke manèh, lêlara klêbu watak ala rak anèh. Anane lêlara ènèng donya kiyi, nèk mungguhe saka panêmuku iki, ora kêna dèn karêp lan dèn ungkiri, kabèh saka krêsaning Kang Maha Suci. Kowe dhewe wis ngalami, kala arêp disanjani, lara watuk sarta mêngi, apa ya bisa nyingkiri. Kosok-baline aku ya wis nglakoni, kêpengin lara ning sing ora kêpati, prêlune cikbèn bisa olèh pêkansi, ewadene ya tan bisa dituruti. Dadine cêtha saiki, mungguhing lêlara kuwi, dudu jênêng watak yêkti, ning ganjaraning Allahi.

Bancak : Omongmu ngono iku mula ya bênêr, lêlara ora klêbu watak ya lêsêr, ning nyatane wong lara utawa sêgêr, mung gumantung kuwarasaning didhêdhêr.

Dhoyok : Hla kiyi rak omonge wong lara owah, sing ora prêcaya nyang kwasaning Allah, wong awake lara utawa sêmringah, kok gumantung nyang kwarasan sing dipothah. Apa jênêng ora salah, lara ganjaraning Allah, kok dianggêp gone ngolah, kwarasane kurang prênah. Nèk badan bisa dijaga kanthi gênah, banjur lêlarane ora gêlêm ngambah, têmtu banjur diarani ora lumrah, yèn ana dhoktêr seda lantaran gêrah.

Bancak : Omongmu kuwi kêna disêbut nasar, bênêr lêlara Gusti Allah kang angganjar, ning kenene apa ya mung muni: biar, manusa rak wajibe kudu ihtiyar. Tuladhane wus sumêbar, kaya lêlara sing nular, yèku: kolerah, pès, cacar, sadhela wis bisa bubar. Kabèh ki rak saka dayaning ihtiyar, dadi nyang iki manusa tan kêna luwar, dene yèn wis diudi ora mayar, kuwi lagi pasrah nyang Allahu Akbar.

Dhoyok : Wong lara kudu têtămba aku ngandêl, ning sing anjalari aku banjur sêbêl, ihtiyar nyang lêlara bisane bandêl, apa kiyi dudu aran umuk kênthêl.

Bancak : Ihtiyare amrih adoh ing lêlara, kuwi pancèn ora jênêng ngayawara, ning wis dadi wajibing kabèh manusa, kudu anggatèkake kanthi sanyata. Upama dak caritakna, mungguhing pambudidaya, bisa didohi lêlara, tan bisa rampung sadina. Mula cukup tak critani sawatara, sing prêlu lan sing tumindak sabên dina, yèku panjaganing pangan lan salira. Anggonmu mangan dèn poma, kudu kanthi duga-duga, sing bêbayani dohana, awit bisa ngrusak angga.

Dhoyok : Bancak, caritamu lèrènana dhisik, aku kêpengin arêp nyêlani sithik, mangan tan duga-duga kok ora apik, kuwi aku rumasa kêcêlik. Wis kêrêp bangêt tak titik, yèn bakyumu bêlèh pitik, banjur digorèng kêmripik, tan lèrèn-lèrèn gonku nyênyamik. Dhasar sêgane liwêtan kêndhil cilik, mangane ngadhêp

--- 1251 ---

meja lungguh dhingklik, bakyumu ananduki bolak-balik, ora lèrèn-lèrèn yèn durung êntèk sasênik.

Bancak : Kuwi anjablog arane dudu mangan, blêng-blêng prasasat kayadene celengan, nyang nêpsune ora pisan bisa nahan, ngono iku rak bisa ngrusak kwarasan. Saiki wis rada awan, dijugag le dha rêmbugan, besuk manèh yèn kalêgan, rêmbugan sing babar pisan.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Ing Hotèl Arabislan Sêmarang, mêntas kangge papan konggrès pakêmpalan Nahadatoel Oelama, kathah wêwakiling pakêmpalan ing tanah Jawi ingkang dhatêng. Dhawahing pungkasanipun konggrès, dipun wontênakên parêpatan wontên ing masjid, dipun dhatêngi ing têtiyang kirang langkung 10.000. rêmbaging konggrès kajawi nyariyosakên bab sanès-sanèsipun, ingkang wigatos ngrêmbag ing bab anocogi kaparêngipun parentah badhe ngawontênakên majêlis ngrêmbag prakawis agami Islam, tuwin bab anggèning badhe ngawontênakên kursus pangajaran kangge pangulu lan badhe ngewahi majêlis agama dipun dadosakên majêlis agama Islam.

Ing sêrat-sêrat kabar sami martosakên ing bab anggènipun Gusti Kangjêng Ratu Êmas, botên saèstu ambobot, ing sapunika sampun wontên pawartos têrang bilih botên saèstu ambobot yêktos.

Katêtêpakên dados tèdhêlêk, ondêr dhirèktur dhepartêmèn pangajaran, Tuwan D. ter Laan, rumiyin sèkrêtarising dhepartêmèn wau. Dene ingkang anggêntosi dados sèkrêtaris, Mr. W.A.H. Fuchter up amtênar tèrbêskiking dhirèktur pangajaran.

Dhepartêmèn pangajaran marak-marakakên, ing taun 1930 badhe dipun wontênakên sêkrip têlêkêlir gang kangge aktê basa Malayu, Jawi tuwin Sundha. Ingkang katampèn namung sintên ingkang anggadhahi aktê guru Walandi. Bayaranipun sawulan f 5.-. Sintên ingkang badhe nglêbêti ngaturna sêrat panuwunan dhatêng dhirèktur pangajaran.

Ing kampung Cimacan, Sindhanglaya, nuju pêkênan wontên tiyang sade pindhang ulam mas, ing ngriku wontên tiyang langkung kalih dasa ingkang sami nêdha ulam wau sami mêndêm, nuntên nuntak, badan lêmês, wontên tiyang tiga ingkang kalajêng pêjah, sanès-sanèsipun lajêng kabêkta dhatêng griya sakit mawi otobis, sagêd kêtulungan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3314 ing Simalawang, lêngganan nomêr 125 ing Lêksana, lêngganan nomêr 2714 ing Kalibagor, Kajawèn nomêr 73 sampun têlas, botên sagêd ngaturi, sampun dados panggalih.

Lêngganan nomêr 3466, Radèn Ayu Ranumiharja, ing Sala, sedanipun ingkang raka sangêt andadosakên kagèt sarta prihatosing manah kula sakănca, dene sakêthi botên nyana. Wasana sarêng sampun pramana ing pamupus, inggih lajêng narimah. Mugi panjênêngan dalah putra santana tansah tinêngga ing kabêgjan tuwin kayuwanan. Prakawis rêgining Kajawèn dumugi têlasing taun punika sampun lunas.

Wangsulan saking Redhaksi

Lêngganan nomêr 2978 ing Siman. Bab pandangu panjênêngan, Kajawèn botên sagêd ngaturi katrangan, prayogi pitakèn dhatêng pundi lêrêsipun.

Lêngganan nomêr 2651 ing Kêbumèn. 1 Bale Pustaka botên sade, tuwin ing pundi ingkang wontên botên têrang. 2. Typ punika cêkakaning ungêl-ungêlan Typographie têgêsipun ingkang ngêcap.

Lêngganan nomêr 2665 ing Kadhiri. 1. Têtêmbungan ingkang kawrat ing buku, kados ingkang panjênêngan dangokakên, kajêngipun tiyang ingkang ngêdalakên buku kados ingkang dipun wêdalakên wau, manawi tanpa palilahipun ingkang gadhah kuwaos, ginantungan ing paukuman. 2. Manawi badhe ngintunakên karangan dhatêng Bale Pustaka, prayogi ngintunakên polanipun sawatawis kaca rumiyin, dados saupami botên katampèn, botên kêsukon. 3. Panyêratipun kupi kêdah namung sasisih, botên molak-malik. 4. Katampèn lan botênipun karangan, manut awon saenipun. 5. Ingkang angsal pituwas tumrap karangan ingkang dados buku.

--- 1252 ---

Wêwaosan

Sêrat Bayan Budiman

Karanganipun Mas Arjawiraga.

33.

[Mêgatruh]

awit gusti mênggahing sajatosipun | kawula angrumaosi | sampun dados tiyang sêpuh | lamun rinaoskên yêkti | mring nata mung pantês ngêmong ||

milanipun kawula darbe panuwun | mugi anyandèkna gusti | ngunduri dêrênging kalbu | kang datan antuk pakolih | gusti amba namung borong ||

nanging adrêng sri nata tan arsa mundur | nulya dhawuh maring patih | mrih sarêmbag lan pangulu | paran kang dadya panggusthi | rinêmbaga ingkang golong ||

sarêmbag wus ki patih lawan pangulu | anggusthi karsaning gusti | ki pangulu nulya muwus | awêwaton mikantuki | mung wajib datan linakon ||

awit ewuh mênggah panjênêngan ratu | ngalap wrandhaning wong cilik | nadyan sinêngkakna luhur | têtabêtira pan maksih | satêmah nuwuhkên asor ||

lawan malih apan wus kawahyèng wuwus | lumuh kang arsa nglakoni | yèn pinêksa wèh pakewuh | nuwuhkên ucap tan bêcik | têmah mêmurung lêlakon ||

wusing katur aturira ki pangulu | sri nata narimèng galih | malah sri nata ing kalbu | rasa ambiyung sayêkti | mring warăndha kang kacriyos ||

satamating carita Bayan amuwus | makatên èstri sajati | dupi tinilar ing kakung | antêpira anêrusi | winêngku ing liyan lumoh ||

awrat tunggu anèng kubur mung pitêkur | sanadyan kengisan melik | arsa pinundhut ing ratu | puguh lumuh anglakoni | tan owah rasaning batos ||

kang kadyèku aran kasêtyan kang luhur | ing tabêt tansah nêrusi | sanadyan prapta ing pungkur | ucapira katon miji | pinuji sanggyanirèng wong ||

marma tuhu nyai ingkang sagêd emut | cinathêta kongsi benjing | galih ywa kongsi kalimput | yèn kalêmpit badhe lali | pun kanthia ingkang maton ||

16. Pêpatih ingkang cidra ing ratu.

[Kinanthi]

karênaning tyas kalangkung | kang Bayan dupi umèksi | mring sêmune nyi sudagar | marma anggung ulah pikir | anumpangi dêdongengan | amrih lulus lumastari ||

pan mangkana ucapipun | maring Nyai Jenab ririh | nguni wontên nata dibya | Sri Kantarsah nagri Babil | nuju bêbêdhag mring wana | mung dhinèrèkkên ki patih ||

praptaning wana sang prabu | uninga kang kidang èstri | lagya lêlangên lan suta | katon raras anglamlami | tan pae kadi manungsa | ngeman trêsna maring siwi ||

nanging kidang dupi ngrungu | sabawaning janma prapti | ing sanalika anggiwar | datan mawi tolih siwi | mung kaburu uwasing tyas | têmah kang kari mlasasih ||

dahat trênyuh galih prabu | nulya ngandika mring patih | bapa sun dahat karasa | mring ananing kidang cilik | dene tininggal ing biyang | kang maksih wayah nusoni ||

têpaning panggalih ingsun | non kaanan kang kadyèki | upama linakon janma | yêkti susahe nêrusi | iku patih kang sayogya | kidang lit alapên nuli ||

lan sira nulia mlaku | ngupaya kang kidang èstri | dikongsi bisa kapanggya | yèn kalakon iku patih | dahat panarimaningwang | lan ambêgira nabêti ||

ki patih alon umatur | lêrês dhawuh dalêm gusti | nanging angèl linampahan | atasing sato wanadri | lêpasing palayunira | tan kenging tinut ing janmi ||

lan malih sayêktosipun | dahat kuciwa pun abdi | tan kulina wanawasa | mokal sambada ing kardi | marma ulun mung sumăngga | cumadhong dhawuh ing runtik ||

dupi midhangêt sang prabu | ing ature kyai patih | dahat dènnya kapitèng tyas | ing galih kraos nêrusi | katongton solahing kidang | kang kari mêmêlas asih ||

nuli ngandika sang prabu | kalamun mangkono patih | ingsun arsa angupaya | maring madyaning wanadri | sira tumuli balia | rumêksaa ing nagari ||

sakala patih andhingkluk | rumasa binêndon gusti | tumuli umatur nêmbah | nuwun sandika dhuh gusti | kawula arsa umentar | maring ing wana madosi ||

ki patih lumampah sampun | anjajah madyèng wanadri | anut tapaking kang kidang | ananging tan antuk kardi | ing lampah kêlunta-lunta | datan uninga kang margi ||

alaju saya kêblasuk | kongsi tapis kang wanadri | ki patih nulya umiyat | wukir sakalangkung asri | jroning tyas kalangkung rêna | nulya sumêngka manginggil ||

pucaking wukir kadulu | patamanan dahat asri | rinêngga sarwa puspita | tarap tuwuh turut têpi | angubêngi kang talaga | mancorong atoya wêning ||

ki patih suka ing kalbu | araryan siram ing warih | riwusira paripurna | nulya lênggah ngaring-aring | apan ta ki patih mulat | janma uwus kaki-kaki ||

ki patih eram kalangkung | tan pisan ngira ing ati | yèn dènnya lêlana têbah | maksih ana kang ngungkuli | malah janma wus awrêdha | ing sêmu sarèh ing ati ||

wusana ki patih muwus | rasa eraming tyas kengis | kyai kula atêtanya | andika saking ing pundi | dene kula botên nyana | bangkit prapta wontên ngriki ||

ki tuwa umèsêm muwus | pantês yèn erama yêkti | awit anggèr wong taruna | dèrèng uninga ing gati | beda kalawan wong wrêdha | katog wruh ing lara mukti ||

hèh wruhanira wong bagus | kula wus lêlampah lami | têbih tan kêni kinira | lan badhe lêlampah malih | laju lumampah mangetan | praptèng Barsakan nagari || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


sairib. (kembali)
nginggil. (kembali)
§ Tuwuhipun raosing panggalih panjênêngan wau mugi numusi dados panggalihanipun ngakathah. Red. (kembali)
Lebih satu suku kata: mula dikok ing gon dhêlik. (kembali)
tak. (kembali)