Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-02, #315

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-02, #315. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-11-02, #315. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-12-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 88, 29 Jumadilawal Taun Ehe 1860, 2 Nopèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1379] ---

Ăngka 88, 29 Jumadilawal taun Ehe 1860, 2 Nopèmbêr 1929, Taun IV.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Academisch Ziekenhuis ing Leiden

[Grafik]

Gambar ingkang kacêtha ing nginggil punika, griya sakit panggenanipun para sêtudhèn ingkang sami nindakakên ing padamêlanipun, ingkang wusananipun lajêng pikantuk titêl dhoktêr.

--- 1380 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Hakipun Tiyang Pribumi Tumrap dhatêng Siti (Inlandsch bezitsrecht) Egêndhom Pribumi, tuwin Egêndhom.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 87.

Kasêbut ing pranatan siti ingkang kadhawuhakên ing Sri Maharaja Nedêrlan, (Agrarisch besluit) kapacak ing ada-ada ingkang kapisan, bilih sadaya siti punika kagunganipun nagari, kajawi manawi wontên ingkang sagêd nêrangakên, bilih punika siti egêndhom, utawi egêndhom Jawi. Ingkang kamaksudakên ing ngriki, têrang bilih ingkang kawajibakên nêrangakên manawi siti egêndhom utawi egêndhom Jawi punika tiyang sanès. Manawi botên wontên ingkang sagêd nêrangakên makatên, siti punika têtêp nama siti nagari. Ananging nagari sagêd maringi hak siti dhatêng tiyang pribumi ingkang nama siti yasan utawi siti dhusun, lan sapanunggilanipun. Siti nagari wau lajêng botên nama siti lêgan malih (onvrij staatsdomein). Sanadyan siti punika taksih nama siti nagari, nanging sawêg dipun sambutakên dhatêng tiyang pribumi, ingkang botên kenging kasade dhatêng tiyang sanès băngsa. Ingkang sagêd dipun paringi hak siti inggih punika tiyang-tiyang pribumi utawi dhusun. Manawi ingkang kangge tiyang-tiyangipun, nama siti yasan. Manawi kangge dhusun, nama siti dhusun. Lampahipun sagêd kaparingan siti dening nagari, inggih punika sabab saking maris, tumbas saking kancanipun, utawi ambubak siti nagari ingkang lêgan (vrij staatsdomein).

Tiyang pribumi kajawi sagêd gadhah hak siti yasan utawi siti dhusun, ugi sagêd anggadhahi hak egêndhom Jawi (Agrarisch eigendhom). Mênggah bedanipun kalihan siti yasan utawi siti dhusun, makatên:

Siti yasan utawi siti dhusun, punika èstunipun botên dipun watêsi. Siti punika dipun perang-perang dados pêrsil-pêrsil, sabên pêrsil dipun perang-perang dados pintên-pintên siti yasan utawi dhusun, sami kalihan cacahipun tiyang-tiyang ingkang gadhah hak. Ingkang amerang-merang punggawa lanrèntê mawi landhêsan aturanipun tiyang-tiyang siti ing ngriku. Wondene perang-perangan wau botên dipun watêsi, sarta sabên tiyang botên lajêng dipun sukani gambaring sitinipun. Pramila jêmbaring siti satunggal-satunggalipun miturut pêthuk, botên têmtu cocog kalihan mêsthinipun. Trêkadhang manawi kasêbut ½ bau, kawontênanipun siti ½ bau langkung 10 iring, utawi ½ bau kirang 10 iring. Ingkang makatên wau jalaranipun botên sanès sabab botên wontên watês ingkang lêrês. Egêndhom Jawi punika sagêd pikantukipun saking pinuwunan dhatêng presidhèn landrad. Manawi kawontênanipun siti sampun dipun priksa, sarta sampun salêsih botên wontên tiyang pribumi ingkang kawratan, lajêng dipun paringi bêslit, sarta sitinipun dipun têtêpakên dening kadhastêr tuwin kadamêlakên gambaripun. [gambaripu...]

--- 1381 ---

[...n.] Makatên ugi sitinipun dipun watêsi mawi pathokan sami kalihan egêndhom. Wragadipun badhe damêl egêndhom Jawi botên kathah kados manawi nyuwun egêndhom, sabab botên prêlu lajêng tumbas dhatêng nagari botên punapa, cêkap siti yasan, karebah dados egêndhom Jawi. Wondene egêndhom Jawi punika, ugi botên kenging kasade dhatêng tiyang sanès băngsa.[1]

Bab egêndhom Eropah ingkang sampun kula têrangakên, punika ingkang utami piyambak, sabab watês-watês kêdah wontên, sarta kagambar. Sarta malih kenging dipun sade dhatêng sintên kemawon.

Sapunika kula sampun nêrangakên hak siti warni 3, inggih punika: yasan utawi siti dhusun egêndhom Jawi, tuwin egêndhom Eropah, pranatan siti nyêbutakên warni-warnining sarta beda-bedaning satunggil-sartungiling hak siti, satunggiling hak langkung kiyat tinimbang sanèsipun. Nanging sanajana makatên, èstunipun beda-bedaning hak wau, namung kasêbut wontên dêlancang kemawon. Sadaya hak punika sami kemawon tumrap dhatêng panganggenipun.

1. Siti ingkang hakipun beda-beda wau ugi sami kenging dipun tanêmi utawi dipun ênggèni.

2. Sadaya ugi kenging dipun waris.

3. Sadaya kenging dipun sade. Nanging yasan tuwin egêndhom Jawi botên kenging dhatêng sanès băngsa, ingkang maksud panjagi.

4. Sadaya manawi kakarsakakên nagari (onteigening) ugi têmtu klayan dipun tumbas.

Wontên beda ingkang prêlu tumrap hak siti warni tiga wau inggih punika: siti yasan utawi dhusun, punika botên sagêd dipun gantosakên cara Eropah (hypotheek), kajawi namung dhatêng bale arta (Volkscredietbank) dipun damêl kridhit pêrban (credietverband). Wondene manawi egêndhom Jawi kenging dipun gantosakên (hypotheek) nanging botên kenging kasade dhatêng tiyang sanès băngsa. Dene egêndhom cara Eropah punika sampun mumpuni sadaya, kenging dipun gantosakên, kasade dhatêng sintên kemawon, sapanunggilanipun.

Credietverband punika ugi saèmpêr Hypotheek. Ingkang dipun paringi wêwênang kangge damêl tanggêlan, credietverband namung bale arta (volkscredietbank) nanging sarèhning ingkang dipun patrapi credietverband punika siti ingkang botên kenging kasade dhatêng sanès băngsa sarta bale arta botên sagêd anggadhahi siti yasan utawi dhusun, amargi watoning bale arta cara Walandi (Rechtpersoon Walandi), ingkang têmtu siti ingkang kangge tanggêlan bale arta, ajinipun ugi suda. Upami pantêsipun pajêng f 800,- bale arta namung purun f 500,- utawi f 600,- manawi ingkang kangge tanggêlan egêndhom Jawi, têmtu ajinipun botên mindhak katimbang kalihan siti yasan utawi siti dhusun, nanging kemawon tiyang gadhah egêndhom Jawi sagêd anggantosakên [ang...]

--- 1382 ---

[...gantosakên] dhatêng sadhengah tiyang (hypotheek).[2] Wondene egêndhom cara Eropah punika ingkang pajêng piyambak, amargi sampun mumpuni sadaya, kenging dipun haki dening bale arta, kenging kasade dhatêng sanès băngsa, sapanunggilanipun.

Ingkang sagêd angajêngakên ajining siti yasan utawi dhusun utawi egêndhon Jawi punika, manawi wontên bale arta ingkang watonipun cara Jawi (Inlandsche rechtspersoon). Ing ngriku bale arta sagêd angajèni rêgining siti ingkang kangge tanggêlan dhatêng bale arta wau, bale arta Jawi punika kenging ngêhaki siti piyambak, dados upami nyade botên prêlu kêsêsa, sagêd pados tiyang ingkang purun tumbas kalayan pantês.

Têmanggung ping 19/10-1929, N. S.

Panggulawênthah

Papan Pangupakaraning Lare (Jeugdzorg) ing Bogor

(Candhakipun Kajawèn ăngka 87)

Andharan bab kawontênanipun papan pangupakaraning lare ing Bogor, ingkang kapacak wontên ing Kajawèn ăngka 86 lan 87 kados sampun cêkap kangge anelakakên mênggah agênging pigunanipun papan pangupakaraning lare wau. Sanadyan ingkang sagêd kapulasara wontên ing ngriku ngêmungakên lare-lare anaking băngsa Walandi ingkang umur 1 dintên ngantos dumuginipun umur 8 taun, ewadene prêlu kaandharakên wontên ing Kajawèn ngriki, pangajêng-ajêngipun botên sanès, bokmanawi ing têmbe sagêd dipun tiru dening pakêmpalan-pakêmpalan Jawi, ingkang sêdyanipun ugi badhe ngudi mulasara lare-lare ingkang pinanggih kapintên.

Ing Kajawèn ăngka 87 sampun kajangjèkakên badhe adamêl andharan sawatawis mênggah kawontênanipun nonah ingkang dados dhirèktrisê ing papan pangupakaraning lare ing Bogor ing sapunika, inggih punika nonah Bosch, sarta ing ngriku sampun kacariyosakên, bilih nonah wau sampurna ing kasagêdanipun tuwin unggul gêgayuhanipun. Dene ingkang badhe kaandharaken ing ngriki samangke, ing bab ungguling gêgayuhanipun wau, ingkang sayêktosipun angèngingi dhatêng băngsa kula Jawi, langkung malih tumraping para wanita. Mila samangke prêlu kaandharakên sawatawis punapa ingkang dipun ngêndikakakên dening Nonah Bosch wau, kados ing ngandhap punika.

Kula punika namung badhe anêtêpi bêbasan: amatra kilasa. Inggih bêbasan makatên punika ingkang dados dhêdhasaring pikiran ingkang badhe kula

--- 1383 ---

tindakakên. Sagêda anglênggahi dhatêng kagunan tuwin kawruh Jawi, tumrap pikiran, pakulinan saha tata caranipun, cêkakipun sagêda anglênggahi dhatêng samudayanipun ing sasagêd-sagêd kula.

[Grafik]

Papan patilêmaning lare-lare ingkang kapulasara ing ngriku.

[Grafik]

Para murid ing kursus B kala sawêg sami sinau olah-olah.

Niyat kula badhe angajêngakên dhatêng wanita băngsa Jawi, anuntuni ing bab kagunan tuwin kasagêdan, nanging tumrapipun wanita ingkang kêpengin badhe majêng, botên badhe kula tuntuni kawruh tuwin kasagêdan cara kilenan, punika botên. Sêdya kula sasagêd-sagêd ngêmungakên badhe nênuntun, murih wanita băngsa Jawi: nyumêrêpana, mangrêtos, sarta angrêgènana dhatêng kagunanipun piyambak, kados ta: babagan bathikan, nênun, nganam-anam, lan sasaminipun. Lan malih kawuh wetanan, kadosdene: Sanskrit Jawi, Arab, kawruh kabatosan lan sapiturutipun. Dados ingkang kula kajêngakên, sumêdya nênuntun dhatêng para wanita băngsa Jawi, sampun ngantos kawanitanipun wau namung awujud nyonyah kemawon, nanging sagêda anêtêpi kautamaning wanita Jawi ing lair batosipun, dados kêdah anyumêrêpi utawi angawaki piyambak, dhatêng bab kagunan kasagêdan cara Jawi. Jalaran saking punika kula botên gadhah niyat badhe anjuju piwulang cara kilenan, ingkang pikantukipun botên ngurakabi dhatêng kawontênaning gêsangipun, awit kawruh kilenan ingkang sampun dipun wulangakên wau botên sagêd dados dhêdhasar, beda sangêt kalihan manawi wulangan wau ngangge dhêdhasaripun piyambak. Mila saking sakêdhik wanita Jawi kêdah dipun lêbêti wulangan cara wetanan, inggih punika ingkang dados bakunipun. Miturut saking pamanggih kula, manawi wanita băngsa Jawi sampun ngancik dhatêng wulangan makatên punika, ing ngriku badhe tuwuh ing kêkiyatan [kêkiya...]

--- 1384 ---

[...tan] tuwin kaluhuranipun. Mila kula lajêng abudidaya[3] murih para wanita Jawi sagêda wangsul rêmên malih dhatêng kagunanipun piyambak. Sajatosipun, wanita Jawi punika landhêp utawi lantip sangêt panggraitanipun, anggadhahi raos dhatêng bab kagunan, ananging piyambakipun kêdah anyinau ngindhakakên tuwin anyaèkakên raosipun piyambak wau, dados para wanita Jawi kêdah purun nindakakên malih dhatêng bab kagunan, kados ta: ambathik, nênun, nyulam mawi bênang êmas, nganam-anam lan sasaminipun, sagêda wangsul kadosdene nalika sawêg luhur-luhuripun kagunan Jawi.

[Grafik]

Papan pirantosipun lare ingkang kirang saras dipun soroti ing bêntèring surya.

Cêkakipun sadaya pambudidaya ingkang sae tuwin kenging dipun tindakakên, badhe kula pigunakakên, murih para wanita Jawi sagêda anggayuh dhatêng inggiling sêsêrêpan tuwin alusing bêbudèn.

Makatên mênggah wosing pangandikanipun Nonah Bosch wau.

Luhuring bêbudènipun satunggiling wanita băngsa kilenan ingkang têmên-têmên sumêdya angajêngakên, angunggul-ngunggulakên, tuwin sumêdya ngorbanakên saliranipun, punika dados satunggiling rêmbag ingkang saklangkung wigatos tumrap băngsa kula Jawi sadaya. Nitik ingkang sampun dipun ngandikakakên kasbut ing nginggil, saha cocogipun kalihan kawontênan ingkang sampun katindakakên dening Nonah Bosch ing samangke punika, kula sadaya băngsa Jawi wajib sami atur panuwun, punapa malih kêdah sami tumut ambiyantu murih enggala kadumugèn punapa ingkang kasêdyakakên ingkang saklangkung utami wau.

[Grafik]

Gambar nginggil punika blakipun dhusun Tulungagung, Gêdhong Tatakan, Lampung.

--- 1385 ---

Jagading Sato Kewan

Istiyar Panulaking Ama Sêmut Ngrubung Têtêdhan

Para maos sampun wuninga, ing sabên griya sampun mêsthi wontên sêmutipun warni-warni, jinising sêmut alit ingkang dados ama: ngrêrubung utawi măngsa barang têtêdhan sêkul, ulam, panganan, wowohan sapanunggilanipun, langkung-langkung têtêdhan ingkang lêgi-lêgi, botên kenging lena sakêdhap netra, sêmut-sêmut atusan lajêng sêsarêngan ngrêrubung utawi mamăngsa, ngantos têmahan têtêdhan wau botên kalap utawi lajêng namung kabucal dening sampun kêbak sêmut. Dene ingkang asring ngrisakakên têtêdhan punika, adhakanipun sêmut pudhak, sêmut gatêl, sêmut gêni tuwin sêmut cêmêng rikat. Namung barang têtêdhan ingkang pandèkèkipun wontên ing lodhong katutup rapêt, punika sêmut-sêmut wau botên sagêd ngrêrubung utawi măngsa, nanging kok janji ingkang botên kalêbêtakên lodhong katutup rapêt, têmtu lajêng dipun rubung sêmut.

Istiyar ingkang kaprah kangge ngrika-ngriki, barang têtêdhan ingkang pandèkèkipun namung blak-blakan botên kasumpêt ing lodhong sasaminipun, punika adhakanipun namung dipun rambang ing toya, murih sêmut-sêmut wau botên sagêd marambat dhatêng wadhahing têtêdhan, panulak sêmut sarana rambangan toya ing piring, mangkok utawi sanès-sanèsipun, punika sayêktosipun taksih dèrèng mikantuki lan dèrèng sapintêna mênggah paedahipun. Namung jam-jaman kemawon toyanipun lajêng kataman rêgêd balêdug sasaminipun, mila bilih dede toya bêntèr, sêmut-sêmut taksih sagêd narajang anglangèni, wêkasan marambat dhatêng wadhah ngantos dumugi panggenaning têtêdhan. Kaping kalih toya sagêd wutah, anêlêsi utawi ngrêgêdi meja pandèkèkaning rambangan, kaping tiganipun bilih rambangan ingkang badhe dangu kanggenipun, sabên dintên toyanipun kêdah santun enggal ingkang bêntèr utawi rêsik, bilih botên dipun santuni anggănda kêcut sarta kenging rêrêgêd, sêmut-sêmut sagêd narajang, ngêkathahi rèbyèg.

Wondene istiyar kangge panulak sêmut ingkang prayogi sarta pikantuk, punika karambanga bubukan mrica tulèn ingkang rêsik sarta garing.

Tuladha I

Anyadhiyakna piring gêlas punapa porsêlin, utawi piring manci sasaminipun ingkang rêsik alus sarta garing, ing têngah-têngah katumpangana bokor, punapa mangkok utawi gêlas saprayoginipun ingkang kadamêl andèkèk têtêdhan, ing sakubênging bokor utawi gêlas wau, nuntên kauwur-uwurana bubukan mrica, tipis-tipisan kemawon nanging ingkang radin, panggêrusipun mrica kapara ingkang lêmbat, sampun ngantos kambêtan barang têtêdhan utawi lêgi-lêgi, têlês-têlês. Lah ing ngriku sêmut-sêmut lajêng tobat kajêngipun piyambak, botên wontên ingkang wani ngambah utawi narajang.

--- 1386 ---

Ing wêkasan barang têtêdhan ingkang kadèkèk wadhah ngriku sagêd wilujêng botên karubung sêmut, makatên malih panganggenipun mrica wau awèt sangêt botên têlas-têlas lan botên susah nyantuni, satunggal sèn sagêd kangge pintên-pintên wulan, kenging dipun pindhah-pindhah, anggêripun taksih rêsik sarta garing.

Tuladha II

Sukuning meja dhahar utawi meja kangge pandèkèkan barang têtêdhan padintênan, sami kalambarana piring utawi cawan ingkang alit-alit, nanging kêdah ingkang alus sarta garing, nuntên lambaran ing sakubênging suku meja dipun uwur-uwurana bubukan mrica kadosdene tuladha I kasêbut nginggil, punika sêmut-sêmut ugi tobat, botên sagêd marambat sukuning meja dening kapalangan bubukan mrica wau. Wusana nyumanggakakên.

Pambantu 585.

Raos Jawi

Kadospundi Mênggah Antêping Wanita lan Priya

Botên jaman purwa botên jaman sapunika wanita utawi priya punika manawi kadhasaran manah mantêp, sampun malih sakit, dumugi pêjah inggih dipun andhêmi. Kasêbut ing Sêrat Baratayuda tuwin sanèsipun ingkang sampun kula sumêrêpi, kadospundi susah tuwin polahipun Dèwi Sêtyawati, pramèswarining narendra Mandaraka, nalika ingkang raka Prabu Salya kasambut ing adilaga, wontên ing Kurusêtra, nyenapatèni sata Korawa, ing ngriku sarêng Dèwi Sêtyawati mirêng yèn raka nata seda ing paprangan, lajêng tindak madosi ing pundi panggenanipun kunarpaning raka Prabu Salya. Amung kadhèrèkakên êmban satunggal, lan ambêkta curiga, nasak-nasak bêbathang, sabên wontên rata pinariksa dipun iling-ilingi, saking anggènipun badhe priksa kunarpaning priya, sarêng pinanggih sang rêtna suduk jiwa, kocap ing sêrat ngriku atmanipun runtung-runtung dhatêng Ngendrabawana.

II. Ugi ing Sêrat Baratayuda, nalika Radèn Abimanyu kasambut ing pupuh, garwanipun Dèwi Siti Sundari saha Dèwi Ontari badhe bela, nanging Dèwi Ontari sawêg anggarbini, ila-ila botên prayogi, manawi wanita anggarbini badhe bela priya, dados namung Dèwi Siti Sundari ingkang bela suduk jiwa, samantên mênggahing wanita manawi kadhasaran manah mantêp dumugi pêjah dipun wujudi. Têtuladan antêping wanita ingkang samantên wau, upami katulad inggih utami sangêt, inggih botên ta yèn ngêplêki, blas-blês suduk jiwa, rèhning sapunika sampun botên anjaman, botênipun inggih ngirib kemawon sampun nama utami. Wosipun jaman sapunika ingkang nama mantêp punika wanita

--- 1387 ---

ingkang mungkul dhatêng kakungipun thok.

Kocap ing Sêrat Baratayuda tuwin pakêm sanèsipun, wanita ingkang kadhasaran manah botên mantêp ing priya, mangro tingal, inggih punika Dèwi Banowati, pramèswari Ngastina, sarêng raka nata seda lajêng kagarwa Radèn Arjuna, lan malih sadèrèngipun raka nata seda inggih sampun mangro tingal, sèdhèng ing priya, nanging pinanggihipun inggih botên lêstantun sadayanipun, kaluhuran, kawibawan, sarwa kacuwan. Dados botên jaman purwa botên jaman sapunika, wanita punika manawi kadhasaran manah mantêp inggih sêtyatuhu ing wacana, botên ambalenjani. Kosokwangsul kalihan ingkang kadhasaran manah botên antêpan, inggih kados Dèwi Banowati wau, botên mada endahing warni, namung cacadipun cidra ing ubaya.

[Grafik]

Kala Prabu Suyudana dhaup kalihan Rêtna Banowati, dipun patahi dening Arjuna tuwin Rêtna Dursilawati.

Mênggahing priya, antêpipun dhatêng wanita, jamana purwa, jamana madya, jamana sapunika ingkang kathah inggih namung wontên ing lathi kemawon (inggih botên sadaya priya, kula matur ingkang kathah) têmtunipun inggih wontên ingkang sabda pandhita ratu.

Ingkang kacriyos ing sêrat waosan ringgit madya, lampahan Anglingdarma, nalika pabên lan ingkang garwa Dèwi Srêngganawati, prakawis anggènipun sang rêtna nyuwun wuruk aji Suleman, botên dipun turuti, wusana lajêng beka, aluwung seda, nyêmplung [nyê...]

--- 1388 ---

[...mplung] latu yèn botên dipun turuti, măngka Prabu Anglingdarma sampun prasêtya dhatêng garwa, nyêmplunga latu, ambyura ing sagantên, badhe sarêng, cêkakipun sampun mantêp saèstu, wusananipun sarêng ingkang garwa nyêmplung latu, inggih namung nyawang kemawon, lah punika harak inggih nama prasêtya ingkang mandhêg wontên ing lathi kemawon. Dados mênggahing priya inggih anggadhahi manah mantêp lan prasêtya. Nanging ingkang kathah (ingkang kathah lo) prasêtyanipun tamtu anggadhahi têgês kados prasêtyanipun sawênèhing priya, dhatêng garwa makatên: Dhiajêng, rèhning aku lan kowe wis pinarêng jodho, aku nglairake prasêtya mênyang kowe, dhiajêng, mati aku, mati kowe, mati kowe mati ka-ku. Hêm, harak inggih kawon sapalih, prasêtya ingkang makatên punika kajawi botên adil ugi nama anggalap mênang. Măngka wanita punika manawi kadhasaran manah mantêp inggih têrusing salêbêting sanubari saèstu. Wasana tutuping orean kula punika, manawi wontên lêpat tuwin kithaling têtêmbungan, mugi sami karsa angêgungakên samodra pangaksama.

Wanodya Jawi kolot.

R.r. Siti Suharti. Sukuning ardi Marbabu.

Jagading Wanita

Jagading Priya Wanita

Ananggapi karanganipun Wara Sumantriyah, ing Kajawèn tanggal kaping 19 Oktobêr 1929 ăngka 85.

Kawistara ing panyitra Wara Sumantriyah ngêmu duka dhatêng para priya, kagalih angalang-alangi ajênging para wanita, makatên ugi têtela sangêt anggènipun mèri dhatêng priya ingkang nuju jagong ing panggenan tiyang bayèn, punapadene ing kamarbolah.

O, sabar rumiyin, mugi sampun kasêsa duka, mindhak tuna ing panjăngka. Tumindak kanthi napsu punika tangèh sagêdipun lêrês, têmtu botên sagêd sae kanthi pratitis. Kula aturi anglêrêmakên panggalih ingkang sangêt kêdhêripun, toya ingkang taksih kocak sarta buthêk, kaênêbakên rumiyin. Samawana mugi sampun andadosakên singgêt runtiking panggalih, kabêkta saking sangêting pamurina, kula atur pêpèngêt kados ing ngandhap punika.

Kawuningana sang putri, kula punika ewoning kaum kolot (Majapait), dene panjênêngan sampun têtela kaum kamajêngan saèstu kaping 1929, suwawi kapirêngna.

Sajatosipun, pamawasing priya dhatêng wanita punika, asih, wêlas lan trêsna. Pangrêksanipun pindha ngrêksa dhatêng mêmaniking mripatipun piyambak. Saèstu, botên goroh, kajagi [kaja...]

--- 1389 ---

[...gi] sangêt sampun ngantos kaplantrang, mindhak sorang-sorang. Satêmah manggih wirang. Botên kêmba tansah anyidhikara, para wanita sagêda mulya nêtêpi kasusilan. Mêdala saking bêbasan ngrubyuk kabotan tapih. Sumingkira saking pamêcanipun para linangkung jaman kina-kina. Mriksanana Sêrat Darmagandhul, kajugaga kemawon, wiwit bêdhahing kraton Majapait, satamatipun. Suraosipun têka cundhuk kalihan pangandikanipun Tuwan Petruk ing Kajawèn ăngka 84 makatên: lakirabi enak jaman saiki kiyi kudu nganggo dibawani luwih dhisik.

Dhuh para panuntuning wanita, kula mangayubagya sangêt dhatêng tindak panjênêngan ing jaman kamulyan, nanging kêdah ngatos-atos, margi ingkang badhe panjênêngan langkungi gawat sangêt, kathah bancana ingkang anggora-godha. Sampun uwas sumêlang, pamberating bancana sampun ing asta paduka, inggih punika: prayitna, wiweka, wiragnya.

Sampun cuwa kêmba, dene kataman ing pamada, kados pangandikaning priya, ingkang sampun paduka têrangakên piyambak: la kae barêng wus ngadêgake kumpulan, andina-dina namung padha grudag-grudug, cêkakakan urut dalan, makatên ugi pangandikanipun: Kaki Dhoyok, lan Kyai Bancak, ing Kajawèn ăngka 75 makatên: sing tak prihatinake kuwi tumrape prawan yèn kasusilane rada kêlepyan, kok ya ngisin-isini têmênan, tindak-tanduke bok ya rada milih papan, nèk guyu bok aja cêkakakan. Sajatine wong wadon iku nèk guyu ora kêna sêru-sêru, mèsêma bae rasane wis luwih rahayu, malah bisa anglumprukake bayu, tur kasusilane ora layu.

Wangsulanipun Kaki Dhoyok: hara coba rasakna sing bênêr, yèn wong tuwa bangêt anggone angêkêr, mêsthi akèh wong ngira ora mèmpêr, nanging yèn wong tuwa panjagane kurang santêr, sok adhakan lakune dadi kêblingêr, yèn kalakon kabanjur tinêmu kèngêr, sabên wong ngarani anggănda bangêr.

Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil mugi sampun sami salah tampi, sadaya wau namung mligi pangeman.

Wasana panuwun kula dhatêng para panuntuning wanita, mugi santosaa angrungkêbi susila, katancêpna ing cipta, pambirating talutuh sarana budi rahayu santosa. Nanging sampun lajêng enggal duka.

Priya punika sampurnanipun kanthi wanita. Kancana sampurnanipun kanthi sêsotya. Priya sanepanipun kancana, wondene wanita sanepanipun sêsotya.

Sumăngga sami kagaliha.

Kula pun, Wrêda Praja Batanakawarsa, ingkang sawêg wontên ing Jakêrta.

Sastra Adikusuma.

--- 1390 ---

Waosan Lare

Kasugihaning Tiyang Cêthil (Cariyos Hindhu)

Karanganipun Sitadèwi

V

Sarêng sampun rampung anggènipun sami nêdha, pirantosing pawon lajêng kabêkta Satyabati dhatêng ing dhusun badhe dipun asahi ing jêdhing. Sawangsulipun saking asah-asah lan adus, surya sampun badhe sêrap, badhe ocal-ocal malih sampun botên sagêd, mila Satyabati inggih botên nêdha punapa-punapa, lan sontên punika anakipun kêdah nrimah dipun bagèhi prasad saking candhi ing dhusun ngriku.

Enjingipun Dhinabandhu rumaos manggih rêribêd saèstu, manawi anggagas wragad-wragad ingkang badhe kasanggi. Sirahipun lajêng kraos mumêt, anggagas kathahing arta ingkang kêdah kawêdalakên. Salah satunggaling sênthong kêdah kapayu kangge mapanakên anakipun, pawonipun ugi kêdah dipun dandosi, utawi malih anakipun kêdah dipun sukani arta blănja padintênan tuwin dipun tumbasakên wos, lan sasaminipun. Wragad-wragad punika wau mêksa dèrèng nyêkapi sadaya. Lare ingkang cilaka punika kêdah dipun sandhangi, samantên ugi êmbokipun. Kenging punapa dene rikala bapakipun pêjah, Balahi botên kabêkta pisan. Lare punika tamtu badhe mlaratakên Dhinabandhu.

Sanajan eman-amana ingkang kados punapa, Dhinabandhu kêdah ngêdalakên arta. Salah satunggiling sênthong kapayu atêp, pawon ugi dipun dandosi. Satyabati kalihan anakipun sami ngrêsiki gêgrumbulan tuwin rêrungkudan ingkang anjalari plataran ngajêng kados wana alit, supados manawi kaambah botên nguwatosi. Panggenan ingkang pêtêng punika sapunika ugi kapadhangan dening soroting dilah kalih utawi tiga. Sarèhning Satyabati sabên dintên ocal-ocal, Dhinabandhu sapunika inggih tumut-tumut sarapan, pamanahipun, anggènipun cucul wragad sampun tikêl, dados inggih botên susah ngêngirangi ingkang botên prêlu. Namung wontên prakawis saêbab ingkang dipun têtêpi sayêktos dening Dhinabandhu, inggih punika botên nglilani pisan-pisan, bilih Satyabanti anggènipun ocal-ocal sadintênipun langkung saking sapisan, mindhak kêkathahên wragad. Lare manawi dalu botên narimah nêdha prasad saking candhi dhusun ngriku kemawon punika punapaa. Dhinabandhu dumuginipun ing wêkdal samantên ingkang katêdha manawi dalu inggih namung prasad thok. Ing bab punika Satyabati botên sagêd punapa-punapa.

(Badhe kasambêtan)

--- 1391 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Isinipun Sêrat ingkang Nama Ons Wapen

Garèng : Wah, Truk, apa kowe wis maca karangane sawijining jurnalis gêmblengan - dadi dudu jurnalis cecrekan kaya wujudmu sing ora enak kuwi - kang saikine isih ana ing Eropah. Jênênge jurnalis jêmpol kiyi - ora mung jêmpol tangan bae, nanging malah jêmpol sikil, dadi luwih gêdhêm - Tuwan Muhamad Tabrani, lan kêpalaning karangan mau disêbut: Ons wapen têgêse upama cara Jawaa: gêgaman inyong. Wadhuh Truk isining karangan mau, pancèn iya mêmpêng lan wigati têmênan, upama jêjanganan mono, kêna dipadhakake karo jangan lodhèh, yaiku jangan kang bisa ngundhakake enake wong mangan. Mung bae karangan mau, sanadyana dipadhakake karo jangan lodhèh, ning jangan lodhèh sing kurang santêne, tur wis têlung dina lali ora diêngêt, dadi rasane kajaba kurang gurih, iya wis ayit, tur ngilêr.

Petruk : We, lha, padha bubar utêkku kanggo nămpa omongmu kiyi. Ing sakawit diarani mêmpêng lan wigati, nganti dipadhakake karo jangan lodhèh, ning kok jangan lodhèh sing kurang santêne lan wis ayit tur ngilêr, lho, kuwi kêpriye karêpmu.

[Grafik]

Garèng : Mungguh karêpku, isining karangan mau nèk didêlêng saprepetan, iya sajak wigati lan pêng-pêngan têmênan, nanging nèk diwaca kanthi pikiran, têka nunjang-nunjang, kaya wong sing wis kaliwat têlu utawa patang jam anggone ngumbe kastroli, dadi mlayu-mlayu kuwatir yèn kêbobolan luwih dhisik.

Petruk : Wiyah, kok ana-ana bae sing diomong, sajake kowe kok rada jèngkèl, mara, têrangna sawatara apa sing agawe ora sênênging atimu kuwi.

Garèng : Nèk tak omongake kabèh, sanadyan kowe ngantia mrungsungi manèh, iya masa bakal cuthêl-cuthêla, karo manèh koran-koran, iya koran Walănda, Mlayu utawa Jawa, wis padha masuh - ma ne ora diwulu, lho - kabèh, mulane aku kowe ora prêlu ngrêmbug kanthi rete-rete manèh, mung siji loro sing pantês padha dirêmbug ing kene. Mara Truk, pikirên, kandhane jurnalis mau jarene kaanane koran pribumi ing kene kiyi isih asor bangêt, [ba...]

--- 1392 ---

[...ngêt,] ora ngêmungake ing bab redhaksine, nanging uga mungguh ing kawruhe dagang. Anane kacingkrangan kang mangkono mau, jarene sabab saka kêkurangane wong sing ahli bab mau.

Petruk : Yèn anane koran-koran duwèke băngsa inyong kiyi durung kêna diarani sampurna, kuwi pancèn iya nyata, nanging rak iya kudu dièlingi, yèn mungguh ing bab kuwi ing Indhonesiah kene rak lagi jênêng wiwitan, dadi rak iya mokal ta, yèn ujug-ujug banjur bisa sampurna bae. Nèk apa-apa sing wiwit ditindakake banjur sampurna bae, mêngko rak iya kalakon, ana bayi lair ujug-ujug bisa muni: owèk-owèk, anjaluk rabi. Lho, rak iya mokal ta. Dadi tumraping koran, wis mêsthine yèn wiwitane ora bisa ujug-ujug sampurna bae, nanging tansah niba tangi. Ewadene aku bisa amêsthèkake, yèn ing têmbe bakal bisa kalêksanan apa sing diancas, cêkake bisa anjajari karo koran-koraning băngsa liya.

Garèng : Rak iya mêngkono, dadi mantêp nyang pikiran. Sabanjure ing karangan kono uga angandharake kapriye kudu lungguhe koran-koran kabangsan, nanging bab kiyi ora prêlu diomong, awit koran-koran liyane wis padha anyaruwe. Aku mung arêp anjaluk rêmbugmu mupakat lan orane saka pamrayogane jurnalis mau, supaya ing Indhonesiah kene dianani koran kabangsan, kang nganggo basa Walănda.

Petruk : Koran mangkono mau bisa dadi kauntunganing para nasionalis, sêmono kuwi yèn tumindake bisa cukup têmênan, têgêse: pawitane cukup, para redhakture mumpuni ing kuwajibane, mêngkono uga punggawa liya-liyane iya kudu sing mrantasi marang apa sing kudu digarap, cêkake anggêr bisa anjajari karo koran Walănda liya-liyane, nanging nèk mung satêngah-satêngah bae, kok iya jembit, dhing. Jalaran aku dhewe dhèk biyèn wis tau ngalami, ana pakumpulan Jawa ngêtokake koran nganggo basa Walănda. Pawiyatane tur ya rada cukup, kapintêrane redhakture sêdhêng, nanging sarèhning anane korane mau durung bisa padha karo koran Walănda liya-liyane, para têlèk Jawa iya sathithik sing padha kêrsa dadi langganan, wusana sajroning sataun koran mau iya banjur andadak diaturi pènsiun bae. Wis, samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Pambantu Kajawèn ing Tumpang martosakên: benjing ing dintên Salasa Lêgi tanggal 19 Nopèmbêr 1929, dhawah dintên sidhêkah kasadha, tumrap têtiyang ing parêdèn Tênggêr sami lêlabuh dhatêng kawahipun rêdi Brama. Dintên kasêbut nginggil punika sampun katêtêpakên kanthi mupakatanipun para dhukun dhusun sadaya. Dene nalika dintên Minggu tanggal 15/9-1929 punika têtiyang ing ngriku sami ropyan-ropyan wilujêngan unan-unan.

Sanadyan têtiyang ing tanah Jawi punika kaprahipun sampun agami

--- 1393 ---

Islam sadaya, ewadene ugi taksih wontên salah satunggiling panggenan, ingkang têtiyangipun ngriku taksih anglêluri agami Kabudan, kados ta: ing Tênggêr kasêbut nginggil punika têtiyangipun taksih mantêp sangêt anggènipun angrungkêbi agaminipun Kabudan (Brahma), mila tumrap jaman samangke inggih lajêng katingal anèh.

Dèrèng dangu punika, kusir andhong nomêr 502, gêgriya ing Lêmpuyangan (Ngayogyakarta) lapur dhatêng kantor pulisi, bilih nalika nglampahakên andhongipun saking Pacinan dhatêng Têgalrêja, wontên ing bulak sarana mori piyambakipun dipun tangsuli wontên ing andhong dening têtiyang kalih ingkang numpaki andhongipun wau, salajêngipun sadaya darbèkipun, gunggung rêgi f 85.50, dipun colong dening têtiyang kalih wau.

Wah, sajakipun têka kados wontên ing gambar idhup, bokmanawi kemawon tiyang kalih ingkang nglampahakên kadurjanan kados ing nginggil wau, ragi karêm dhatêng dêdongengan pambegalan nyara Amerikah, ingkang asring dipun pitongtonakên wontên ing gambar idhup.

Saking Bandhung Aneta martosakên kados ing ngandhap punika: dèrèng dangu punika Tuwan Ds. G. J Fernhout pandhita agami Protestan, adamêl sêsorah ing bab kawontênanipun dhangsah cara gagrag enggal. Miturut pangandikanipun tuwan pandhita wau, wontênipun dhangsah ingkang makatên wau, sagêd anjalari apês-apêsipun nêrak anggêr-anggêring Allah ingkang kaping 7 lan kaping 10 ingkang kasêbut ing kitab Torèt, jalaran ing ngriku dipun sêngaja anggugah hawa nêpsu. Amila tumrap têtiyang Kristên dhangsah cara jaman sapunika sampun mêsthinipun kêdah dipun awisi.

Tobat-tobat, ewadene para wanita Jawi têka wontên ingkang tiru-tiru, bokmanawi para putri wau kagungan pangintên, bilih sagêd dhangsah punika satunggiling bukti saking luhuring drajat tuwin ungguling kawruhipun. Wusananipun têka... biyung, biyung. Para wanita Jawi mugi tansah ngèngêtana ing bab punika.

Saking Madiun sêrat kabar De Kooerier angsal pawartos makatên:

Ing griyanipun Mariyun, ing dhusun Karangpalong, ondêr dhistrik Sampong Sumarata, wontên tiyang nama Suryana dipun cêpêng ing pulisi amargi kadakwa ambudidaya badhe angrêbahakên pamarentah. Tiyang wau kabêkta dhatêng Kêdhiri saha lajêng kapasrahakên dhatêng residhèn ing ngrika.

Pêthekan, koran-koran Walandi mangke rak lajêng andakwa pakêmpalan-pakêmpalan pribumi ingkang botên-botên. Tujunipun pamarentah botên pasah dipun obong-obongi koran-koran ingkang sami jail mêthakil wau.

Ing Kajawèn ngriki kados sampun kawartosakên, bilih tumrap anyinau pameranging padamêlan antawisipun amtênar pangrèh praja Walandi tuwin Jawi, sampun dipun wontênakên komisi, para warganipun inggih punika: Tuwan Kuneman residhèn ing Priyangan têngah, Tuwan Dr. Stoppelaar asasistèn[4] residhèn ing Sêmarang tuwin Tuwan M. Muhamad Sêdiyana, patih ing Tulungagung.

Miturut sêrat kabar Java Bode, komisi wau sampun miwiti nindakakên padamêlanipun, dene rampungipun kintên-kintên 4 wulan.

Pakêmpalan wanita Katolik ing Ngayogyakarta, samangke katingal mêdal grêgêtipun, kabukti anggènipun tansah adamêl propagandhah ing pundi-pundi panggenan. Saking dayaning propagandhah wau, dèrèng dangu punika ing Munthilan tuwin ing Mêdari sampun dipun êdêgagên cabang, ingkang gunggunging cacahipun warga wontên 53. Botên watawis dangu malih ugi badhe ngêdêgagên cabang wontên ing: Klathèn, Surakarta, Sêmarang tuwin Blitar.

Măngga sadhèrèk-sadhèrèk wanita, samia tumandang sadaya, sarana sampun angèngêti dhatêng agaminipun piyambak-piyambak, ngêmungna ngèngêti dhatêng kamajênganing băngsa tuwin tanah wutah rahipun.

Benjing wiwit tanggal 23 dumugi 25 Dhesèmbêr ngajêng punika, pakêmpalan Budi Utama badhe ngawontênakên konggrès ing Surakarta, dene ingkang badhe karêmbag wontên ing konggrès wau :

1. Tanggal 23 malêm 24 Dhesèmbêr, ngawontênakên parêpatan umum, ingkang badhe karêmbag ing bab pambanguning pranatan pangrèh praja, saha ingkang badhe sêsorah: Mr. R.P. Singgih.

2. Tanggal 24 Dhesèmbêr, dipun wontênakên parêpatan winados, ingkang badhe karêmbag usul-usuling cabangipun.

3 Tanggal 24 malêm 25 badhe angrêmbag ing bab: kawontênanipun ing tanah wetanan, kawawas miturut wêwatoning kabangsan, kasorahakên dening sêsêpuhipun Budi Utama Dr. R. Rajiman Widyadiningrat.

4 Tanggal 25 Dhesèmbêr, angrêmbag malih usul-usuling cabang-cabangipun tuwin nutup konggrès.

Dene dalunipun, tanggal 25 malêm 26 Dhesèmbêr, dipun wontênakên konggrès P.P.P.K.I. ingkang kapisanan.

Wontên kabar, bilih Tuwan Dr. Natanindita, ingkang suwaunipun sampun ngêdêgakên kantor urusan dagang wontên ing Pakalongan, samangke ngawontênakên piliyal wontên ing: Pêmalang, Têgal, Cirêbon, tuwin ing Purwakêrta. Kabaripun samangke padamêlanipun wau kabagi kalih golongan agêng. Ingkang sagolongan sadaya prakawis ingkang gêgayutan kalihan pangadilan, dene ingkang ngêpalani: Tuwan Ahmad Sarip, priyantun ahli kukum. Golongan sanèsipun ing bab urusan dagang, ingkang dipun kêpalani Tuwan Dr. Natanindita piyambak.

Para sadhèrèk Jawi, sampun wajibipun kula sadaya sami ambantu pambudidayanipun priyantun kêkalih wau, murih ing têmbe sadaya sagêd kacêpêng ing băngsa piyambak.

--- 1394 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

4

[Mijil]

saya ratri sangsaya ngranuhi | kadaya-daya non | manggung maras dhêg-dhêgan driyane | nêngna ingkang datan sah makingkin | Sêkèbêr winarni | kêthumuk-kêthumuk ||

tansah mulat nganan mulat ngèri | jroning tyas kuwatos | ambok ana kang uning patrape | dupi datan ana liyan janmi | saksana umanjing | pakarangan gupuh ||

kagyat umyat nayakaning manis | mring janggêrênging wong | tumaratab gumrobyos kang riwe | sarêng cêlak cêtha ing pangèksi | têmpuking netra dwi | kumêlap dhêg-dhêg pyur ||

pindha tugu anjêngêr tan mosik | kamitênggêng karo | cêngêng mulat sang dyah gya tumolèh | Sêkèbêr ngling: baya tan arjoni | umiyat mring dasih | sêmune kaduwung ||

kadi ewa mulat mring wak mami | paran dosaning ngong | tiwasane karaya marene | têmah nora panuju ing kapti | yèn mangkono mami | kêparênga wangsul ||

ginondhelan astanya sang pêkik | umatur sang sinom | sarwi nyiwêl mring radèn wêntise | sampun lajêng age-age runtik | milamba tumolih | saking tyas supênuh ||

umyat maring kasêtyanta iki | dene boya linyok | têtêp têguh angasta jangjine | sang dyah mèsêm sarya balang liring | Sêkèbêr ngrakêti | angaras gêgêlung ||

cêngkah molah amêmanas ati | gya sinambut alon | dhasar kênya sêdhêng birahine | panggih lawan kakung langkung pêkik | marasing tyas tistis | rukêt ngupu tarung ||

ginunturan ing srênggara manis | alêsah kalêson | tan kuwawa gulawat anggane | binêkta mring sajroning jinêmrik | tansah kongah-kangih | maras jroning kalbu ||

tan winarna lêlangêning sari | kang tansah karongron | wus katulan dènta mrih brangtane | rêmak-rêmpu alêsah tan mosik | munggwing pangkonnèki | Sêkèbêr nguswa rum ||

surêm-surêm soroting kang sasi | mari amancorong | wus tumlawung kyai jakabèlèk | mratandhani mèh wanci byar enjing | Sêkèbêr lingnya ris | sarwi nguswa gêlung ||

dhuh mas mirah pêpujanku nini | kaparênga ingong | yun umentar saking wismanta gèr | ari benjang pun kakang mariki | sang kênya ngaringik | mrêngut èsmu rêngu ||

gya sinambut wau Rara Suli | sinèlèh paturon | kinakisik dyah palarapane | tansah manggung ingaras mawanti | asare kêpati | gya tinilar gupuh ||

mentar saking jroning panti aglis | wis mèh trontong-trontong | tan winarna wau ing lampahe | tan kawruhan maring liyan janmi | Sêkèbêr wus anis | saking dhusun ngriku ||

kawuwusa dupi wanci enjing | gumêrah sakèh wong | ni bok rondha umyat mring sutane | maksih mujung sêmune kêpati | dene tan ngalisik | anulya cinêluk ||

dhuh dhuh adhuh sutaningsun nini | lah tangia dhenok | aywa pijêr manggung mujung bae | lah dulunên hyang surya wis inggil | kagyat Rara Suli | tangi pungun-pungun ||

onênging tyas kadya jroning ngimpi | nulya mijil alon | mentar marang ing patirtan age | sawusira wau asêsuci | tan dangu anuli | umarak mring biyung ||

sinambraman kadingarèn nini | kongsi kabêsturon | baya sira saratri tan sare | pratandhane dene ta ngalêntrih | saking bangêt arip | sêmune alêsu ||

Rara Suli tanggap amangsuli | dhuh biyung ragèng ngong | ngantos dalu botên ngliyêp dene | sruning brata mêminta mring Widhi | têmahane dadi | aripe kalangkung ||

sukur bage anggèr suta mami | dene bêtah dhenok | tarakbrata mangkono pancène | pakolèhe iku gêdhe nini | tumungkul Ni Suli | amangsuli arum ||

marma mangkya kêparênga mami | manggèn anèng gandhok | măngka karya papaning panêpèn | Nyai Răndha rumojong sakapti | tan pisan anggalih | lamun kênèng apus ||

kawarnaa wau sabên ratri | ni rara nèng gandhok | marma langkung suka ing galihe | tan kacuwan dera akaron sih | nutug ing sakapti | Sêkèbêr angungrum ||

sapa duwe rabi ayu luwih | intêning paturon | gandês luwês mawèh gung wirage | kumaraning wanodya sabumi | èsême malad sih | amulêd mawèh kung ||

baya sira panukmaning sari | lêng-ulêngan golong | dene têka bisa murungake | wong ngumbara têmahan andasih | adhuh woding ati | kaparênga ulun ||

angumbara midêr jajah nagri | nêrusake lakon | Rara Suli sumêdhot galihe | dadya anjrit nungkêmi mring laki | dhuh panutan mami | de tega pukulun ||

nilar maring dasih ta kaswasih | paran wêkasing don | lah sumăngga kula panggihake | marang biyung yèn ta dadi runtik | pun dasih kadugi | dadi talang umur ||

saurira Sêkèbêr rum manis | adhuh mirah ingong | yèn kongsia sira panggihake | yêkti wurung sêdyaningsun nini | amung wêkas mami | benjang ingsun wangsul ||

lamun uwis katêkan ing kapti | yêkti nora linyok | Rara Suli manggung udrasane | ketang amung trêsnane mring laki | tambuh solahnèki | datansah anjêntung ||

duk samana Sêkèbêr anuli | angaras sang sinom | sawusira nulya ngulungake | uwang êmas kang sêpuluh ringgit | angandika aris | adhuh pêpujanku ||

tampanana dhuwit êmas iki | lah karyanên dhenok | apa ingkang sira karsakake | mung dasihe kaparênga pamit | ingaras mawanti | nulya mijil gupuh || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


§ Nanging sanès băngsa wontên kemawon akalipun badhe andarbèni siti makatên wau, inggih punika sarana matah tiyang pribumi (ingkang kathah gundhikipun utawi sanak sadhèrèking gundhikipun) kapurih ngakêni tumbas. Sarana akal ingkang makatên wau, sitinipun punika sayêktosipun inggih dèrèng dados gadhahanipun ingkang ambayari. Ananging kathahing tiyang Jawi botên mangrêtos dhatêng pranatan punika. Mila tiyang ingkang ambayari wau inggih lajêng kanggêp dados ingkang gadhah. (kembali)
§ Ananging mirid kawontênan, awis kalampahanipun, malah bokmanawi dèrèng nate kalampahan, ajaran: agraris egêndhom punika namung hakipun tiyang siti, manawi kangge tanggêlan nyambut arta mawi hipotik, băngsa mănca ingkang mêsthi masa puruna. Jalaran manawi ingkang nyambut botên sagêd nyaur, anggèl panyadening siti wau, sababipun băngsa mănca botên sagêd tumbas, têtiyang Jawi umumipun botên gadhah arta. Red. (kembali)
ambudidaya. (kembali)
asistèn. (kembali)