Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-07, #325

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-07, #325. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1929-12-07, #325. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 98, 5 Rêjêb Taun Ehe 1860, 7 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1539] ---

Ăngka 98, 5 Rêjêb Taun Ehe 1860, 7 Dhesèmbêr 1929, Taun IV

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Rêdi Papandhayan

[Grafik]

Gambar nginggil punika sawangan ing rêdi Papandhayan

--- 1540 ---

Bab Kasarasan

Sêsorahipun Radèn Sumadirja, Ind. Arts ing Kudus

(Candhakipun Kajawèn ăngka 97)

Sasampunipun para dhoktêr ingkang pintêr-pintêr manggihakên vitamine warni-warni ing têtêdhan wau, punika paedahipun agêng utawi migunani sangêt tumrap ingkang sakit avitaminose, scorbuut lan bèri-bèri, awit dhoktêr lajêng sagêd anjampaèni mawi têtêdhan ingkang wontên vitamine nipun.

Limrahipun kuli-kuli Jawi utawi Tionghwa ingkang sami nyambut damêl ing kabudidayan-kabudidayan, yèn nêdha sêkulipun kathah, namung kalihan sambêl utawi lombok thok, utawi janganan ingkang sampun kagodhog, awis sangêt nêdha mawi daging utawi ulam, mila lajêng sagêd andadosakên ewahing kasarasan, asring aniwasi, awit têtêdhan ingkang dipun têdha wau botên ngandhut utawi kirang sangêt vitamine nipun.

Para saradhadhu ingkang lumampah têbih ing wana-wana, limrahipun sangu uwos gilingan, prêlunipun sagêd awèt sae botên risak, amargi wos tuton botên sagêd awèt, enggal anggănda apêk jalaran dipun têdha bubuk. Daging utawi janganan ingkang kangge sangu punika ingkang sampun dipun stoom ing blèg, mila vitamine nipun sampun kathah ingkang ical, dados têtiyang wau ingkang dipun têdha kêpêksa sêkul gilingan, janganan lan daging ing blèg, dangu-dangu badanipun têtiyang lajêng sagêd sakit ingkang dipun wastani bèri-bèri wau.

Ing ngandhap punika katrangan ingkang sampun nyata.

Ing taun 1889 Prof. Eijkman, Directeur Geneeskundig Laboratorium ing Weltevreden ngingah ayam kathah dipun kandhangakên, prêlu kangge wigatosing Laboratorium. Ayam wau sabên dintên kulina dipun pakani sêkul pêthak saking griya sakit. Ayam ing kandhang wau asring sami sakit suku lan suwiwi sèmpèr lajêng kathah ingkang pêjah. Kapinujon ing satunggiling wêkdal botên wontên tirahan sêkul pêthak kangge makani ayam wau, lajêng dipun sukani gabah, enjingipun rencang ing Laboratorium badhe makani malih, ayam-ayam ingkang sami sèmpèr katingal wontên ingkang ragi ganggas satunggal kalih, sampun sagêd ngadêg. Sanès dintên kalêrêsan botên wontên tirahan sêkul malih ngantos sawatawis dintên, dados têdhanipun ayam namung gabah. Ing salêbêtipun sawatawis dintên ayam-ayam wau ingkang sakit sèmpèr kathah ingkang saras, wontên ugi ingkang pêjah satunggal kalih bokmanawi ingkang sakit sangêt. Sanès dintên sarêng wontên tirahan sêkul, ayam wau dipun pakani sêkul pêthak malih, dumadakan ayam sami sakit sèmpèr malih lan kathah ingkang pêjah.

Saking pamanggihipun Prof. Eijkman ayam ingkang sakit sèmpèr jalaran nêdha sêkul pêthak punika, saha bokmanawi peranganing sêkul pêthak ingkang gadhah daya ngiyatakên badaning ayam ical utawi botên wontên. (Badhe kasambêtan)

--- 1541 ---

Kawruh Sawatawis

Bab Sulapan

Ngèlmu sulap punika tumrapipun băngsa Jawi sampun dangu sangêt sumêrêpipun. Kala jaman taksih awis tiyang ingkang mangrêtos dhatêng ngèlmu sulap, sintên ingkang nyumêrêpi patrapipun têyang[1] nyulap, tamtu gumun kanthi ngungun sangêt, inggih sintên tiyangipun sumêrêp tiyang mujudakên arta ringgit kumrompyang wontên sangajêngipun tiyang kathah, athik manawi dipun jajakakên inggih pajêng sayêktos, iba ta sugihipun tiyang nyulap punika. Nanging sarêng dipun petani kalihan ngakal budi, lajêng sagêd manggihakên nalaripun, inggih punika saupami nyata tiyang nyulap sagêd damêl arta kados makatên, prêlunipun punapa ambarang sulap, inggih prêlunipun kangge pados têdha. Manawi tiyang sampun sagêd manjangakên pamanggih makatên, tamtu lajêng sagêd tuwuh nalaripun lan sagêd amastani, bilih sulap ingkang kados makatên punika namung saking tindak dêdamêlan.

[Grafik]

Semar ambarang jantur.

Mênggah ing bab ngèlmu sulap, punika wontên warni sakawan, inggih punika: saking kaprigêlan, saking dayaning jampi (rekadaya), saking tumindaking ngèlmu kodrat tuwin siir.

Ingkang tumindak saking kêprigêlan, mirid ing cêcariyosan sêrat, ing jaman purwa inggih sampun wontên, kados ingkang kocap wontên ing lampahan Sêmar Ambarang Jantur, lampah-lampahing kaprigêlanipun kacariyosakên makatên:

Nalika Radèn Pamade kêsayahên mêntas pêrang kalihan rota danawa ing Tirtakandhasan, padharanipun [padharani...]

--- 1542 ---

[...pun] karaos luwe, panakawan têtiga kadhawuhan pados dhêdhaharan dhatêng padhusunan. Sarèhning Ki Lurah Sêmar pakèwêd manawi namung nênêdha dhatêng tiyang tanpa sarana, lajêng gadhah reka badhe sarana ambarang jantur. Mênggah pratikêlipun lajêng nawu dhatêng lèpèn, angsal bulus, wêlut tuwin lintah. Inggih angsal-angsalanipun warni tiga wau ingkang badhe kangge sarana nyulap (anjantur), tuwin sampun kêkêthikan, nyulap godhong waru dados bulus, janur kuning dados wêlut tuwin pisang kluthuk dados lintah.

Kalampahan tiyang tiga dumugi panggenanipun Dèwi Lara Irêng ing Ngargasonya, saha dipun tanggap. Kacariyos nalika Lurah Sêmar nyêpêng godhong waru lajêng nyasmitani dhatêng Petruk kalihan sat sêt mungêl: bulus, bulus tanganipun Sêmar dipun acungakên dhatêng wingking badhe nampèni bulus, nanging dipun wangsuli dening Ki Lurah Kanthong manawi bulusipun sampun dipun sade wontên ing margi. Lurah Sêmar gèdhèg. Lajêng santun nyandhak janur kuning kalihan mungêl: wêlut, wêlut. Bapakipun Poniyah (Garèng) mangsuli: wêlut sampun dipun bakar. Punika wujudipun tiyang nyulap kabadharan, jalaran saking manggih sabab, dados kaprigêlanipun botên dados.

Nanging sarèhning tiyang nyulap punika sampun tamtu pangawak prigêl, inggih bab solah punapadene ginêm, mila gampil kemawon Ki Lurah Sêmar lajêng cariyos manawi kêbadharan, jalaran ing ngriku wontên tiyang ingkang botên suci. Sarêng dipun padosi ingkang kadhawahan peyan pun jêmunak, lajêng kapurih sumingkir. Ing salajêngipun Ki Lurah Sêmar nyandhak pisang kluthuk, kalihan mungêl: lintah, lintah. Sarêng Petruk tampi sasmita lintah, lajêng ngrogoh kandhutan, tamtu kemawon lintah dipun kandhut mêsthi napêl wêtêng, nanging mêksa dipun bêthot sarta dipun ulungakên, agêngipun sampun sajanggêl. Ki Lurah Sêmar nampèni inggih kalihan kirig-kirig tuwin wicantên andharêdhêg: hi, punika dados lintah. Lajêng dipun cêmplungakên ing pangaron, kêlap-kêlap. Sadaya ingkang sumêrêp sami bingah.

Ing ngriku têtela kaprigêlanipun tiyang nyulap punika wontênipun namung damêl bingah tuwin gumuning ingkang ningali, malah sok ngantos katingal tiyang ingkang ningali sangêt anggènipun kawon daya kalihan ingkang nyulap. Tăndha yêktinipun mênggahing bab tiyang ingkang kawon daya, kados ta tiyang sagêd mêndhêt arta saking irunging tiyang sanès, sarana dipun pithês, tur lugunipun arta wau namung pinanggih wontên ing tanganipun juru sulap. Ewadene sarêng tiyangipun dipun pitakèni: kapriye rasane. Wangsulanipun: klêlêr-klêlêr. Punika nandhakakên tiyang ingkang sampun kawon prabawa punika sok namung manut miturut sapakèn, utawi raos pangraosipun lajêng ewah.

Sulap bangsaning kaprigêlan, ugi kanthi pirantos-pirantos ingkang kangge nyulap, kados ta blèg sungsun, lading mawi pir tuwin sanès-sanèsipun.

Dangu-dangu sulap ingkang kados makatên punika dados kêlimrah sangêt, botên patos adamêl gawoking tiyang, amargi tiyang lajêng sagêd anggagas [ang...]

--- 1543 ---

[...gagas] dhatêng lampah-lampahipun, nanging tumrap nyulap ingkang tukangipun sulap prigêl, tuwin alus-alus pirantosipun, inggih taksih adamêl gumun. Malah sampun nate wontên tukang sulap, sasampunipun nyulap lajêng nyariyosakên lampah-lampahipun wontên sangajêngipun tiyang ningali, nanging limrahipun inggih namung ingkang gampil-gampil kemawon.

(Badhe kasambêtan)

Marsudi Bêksa

Kala malêm Sênèn ingkang kapêngkêr punika, pakêmpalan Marsudi Bêksa ing Batawi, ngawontênakên gêbyagan ringgit tiyang mêndhêt lampahan Sri Dênta. Sadèrèngipun ngandharakên wawasan sawatawis mênggah kawontênanipun gêbyagan wau, tumrap para maos ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sakêdhik ing bab pakêmpalan wau. Pakêmpalan Marsudi Bêksa punika pakêmpalanipun para priyantun Jawi ing Batawi, ingkang sêdyanipun ngudi kagunan Jawi ing bab jogèd, gêndhing lan sasaminipun. Mênggah adêging pakêmpalan wau kintên-kintên ing taun 1912 saking kêparêngipun ingkang bupati ing Indramayu samangke, nalikanipun jumênêng patih wontên ing Batawi. Dados adêgipun pakêmpalan wau kirang langkung sampun 17 taun. Beda kalihan pakêmpalan kagunan sanès-sanèsipun, ingkang gêsangipun kanthi kabantu dening pakêmpalan tuwin băngsa luhur liya-liyanipun, Marsudi Bêksa punika gêsangipun namung saking dayanipun piyambak, amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih gêsangipun tansah adêg-adêg antêp kemawon. Lêrês, kala rumiyin sampun sêring adamêl gêbyagan wontên ing griya kumidhi (schouwburg) tuwin panggenan sanès-sanèsipun, nanging salajêngipun pintên-pintên taun laminipun sidhêm kados botên wontên sabawanipun babar pisan. Ujug-ujug têka wontên wara-wara, ingkang martosakên, bilih tanggal 1 malêm 2 Dhesèmbêr, pakêmpalan wau badhe adamêl gêbyagan wontên ing griya kumidhi ing Wèltêprèdhên. Jalaran saking punika sampun têmtu lajêng nuwuhakên gagasan mawarni-warni, lan inggih botên nama anèh, bilih kathah-kathahing tiyang sami maibên, punapa gêbyagan wau sagêd badhe kalampahan sae, malah sawênèh wontên ingkang sajak ngece sarta lajêng kawêdal panjêngèkipun: wèh, apa ya kêna didêlêng ... makatên salajêngipun. Ing wusana mênggah karampunganipun gêbyagan wau, tumraping satunggal-satunggalipun tiyang têmtu beda-beda pamanggihipun. Nanging mênggah pamanggihipun ingkang adamêl wawasan punika - ewadene inggih botên kenging dipun ugêmi, jêr sanès bangsaning ahli jogèd tuwin gêndhing - sanadyan dèrèng sampurna, kados sampun botên nguciwani manawi kagêbyagna wontên ing griya kumidhi ing Wèlteprèdhên. Ing ngandhap punika wawasan sawatawis [sawatawi...]

--- 1544 ---

[...s] mênggah wontênipun gêbyagan wau:

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih gêbyagan ringgit tiyang wau amêndhêt lampahan Sri Dênta. Pamilihipun lampahan ingkang makatên punika, pangrèh pakêmpalan pantês ingalêmbana, awit ing lampahan wau prasasat botên ngêdalakên pawèstri. Ing sarèhning ing pakêmpalan ngriku botên wontên warganipun èstri ingkang tumut ngringgit, ingkang salêrêsipun tumrap têtiyang Jawi umumipun taksih nyolok mripat, ingkang dados èstri lajêng kapêksa tiyang jalêr. Kadospundi tandangipun tiyang jalêr ingkang ngringgit dados èstri, punika sabên tiyang sumêrêp, ingkang kathah-kathah têmtu botên sagêd mathuk, ingkang punika mila inggih utami sangêt, manawi lajêng milih lampahan ingkang kirang sangêt èstrinipun.

Mênggah wontênipun gêbyagan, manawi kapêndhêt radin-radinipun nama sampun sae. Adêgan ingkang kapisan Karaton Dwarawati. Ingkang mêdal rumiyin: Sămba, Sêtyaki tuwin Udawa, botên watawis dangu lajêng Sri Nata Krêsna miyos. Sasampunipun lajêng sami jêjogedan sêsarêngan, panjogèdipun Prabu Krêsna limrah, dene para punggawanipun kanthi jèngkèng.. jogèdipun sadaya wau sae botên nguciwani, nandhakakên panyionipun[2] dipun pêng sayêktos. Namung wontên kuciwanipun sakêdhik, dene miyosipun sang nata tanpa pandhèrèk, sajakipun dados kados ratu kere, sababipun bokmanawi inggih jalaran saking botên wontênipun pawèstri ingkang tumut ngringgit, nanging manawi namung kangge bangsaning êmban kemawon, tiyang jalêr kados inggih sampun kenging.

Adêgan ingkang kaping kalih ing kadhaton Byumapala. Sasampunipun para Kurawa sami cumawis wontên ing paseban sadaya, Patih Sintawilapa lajêng mêdal, botên dangu Prabu Sri Dênta. Ing ngriku Prabu Sri Dênta tuwin Patih Sintawilapa sami kiprah, Prabu Sri Dênta kiprahipun alus, patihipun kiprah gagahan. Kalih pisan jogèdipun sampun kènging dipun raosakên. Lêrês, ingkang dados patih panjogèdipun kadhangkala sok asring kithal, nanging mawi salajêngipun purun nêmênakên anggènipun nyinau jogèd, salêbêtipun sawulan kemawon têmtu sagêd pêng-pêngan.

Adêgan ingkang kaping tiga: gara-gara. Sêmar: kirang lêma, têmbangipun cêkapan, omongipun kêbarèsên. Garèng: dêdêgipun angsal, swaranipun pikantuk, wandanipun pantês, namung paèsipun kirang mathuk. Lêluconipun katingal sajak taksih ajrih, bokmanawi sabab dèrèng kulina. Petrukipun, cêkak aos: jêmpol.

Adêgan ăngka kaping sakawan, ing Saptapratala. Sang Hyang Ăntabuga kaadhêpan dening para putra tuwin para wayah, inggih punika: Dèwi Nagagini, Radèn Nagatatmala, Dèwi Ăntawati miwah Radèn Ăntasena, kajawi punika punakawan têtiga: Sêmar, Garèng lan Petruk, ugi wontên ing ngriku. Sasampunipun Radèn Ăntasena nyuwun pamit dhatêng ingkang eyang badhe ngupadosi ingkang ngukir jangganipun, lajêng bidhal kanthi kairid ingkang paman Radèn Nagatatmala tuwin panakawan têtiga. Wontên ing margi [mar...]

--- 1545 ---

[...gi] Radèn Nagatatmala tuwin Ăntasena sami jêjogedan, kalih pisan panjogèdipun sayêktos botên nguciwani. Mila inggih kalih punika ingkang dados sêkaripun gêbyagan ing kala malêm sênèn ingkang kapêngkêr punika.

Têmtu badhe kêpanjangên upami Kajawèn nyariyosakên panjogèdipun satunggal lan satunggalipun ingkang sami ngringgit, cêkakipun punapa ingkang sampun dipun pitongtonakên kala malêm Sênèn ingkang kapêngkêr, punika botên badhe ngisin-isinakên sanadyan kapriksanana ing sintên kemawon, saya malih manawi sagêd angewahi kakiranganipun kados ing ngandhap punika:

1. dhalangipun dèrèng andhalangi, 2. ăntawêcananipun kirang, 3. pranatanipun kirang, 4. ingkang anjogèd kêdah miturut kêprak, sampun kosok-wangsulipun, lan sapiturutipun.

Pamujinipun ingkang nyêrat punika, gêbyagan ing tanggal 29 Dhesèmbêr ing ngajêng, sagêda ngewahi punapa kakiranganipun, kanthi pangajab, sagêda langkung kathah ingkang sami nêksèni.

Ing wusana andharan sadaya wau mugi tinampia kanthi lêgawaning panggalih dhatêng para warganipun pakêmpalan Marsudi Bêksa, sampun pisan-pisan anuwuhakên raos kirang prayogi, makatên ugi panjênênganipun Radèn Surya, ingkang dados sêsêpuhipun Marsudi Bêksa, sagêda manggalih murih majêng lan misuwuring pakêmpalanipun. Amin.

Prof. Dr. G.A.J. Hazeu Seda

Para maos kados botên kêkilapan dhatêng paduka Tuwan Dr. Hazeu. Sanadyan dèrèng sumêrêp dhatêng warninipun ingkang sayêktos, inggih sampun sumêrêp dhatêng gambaripun, botênipun inggih sampun mirêng wartosipun, awit panjênênganipun wau wontênipun ing Indhonesiah jumênêng prayagung luhur ingkang sumarambah sangêt.

Miturut pèngêtan, kala ing taun 1897 panjênênganipun Tuwan Hazeu wiwit angsal sêsêbutan dhoktor, saking sarana anggènipun damêl karangan Bijdrage tot de kennis van het Javaansche tooneel inggih punika: kawontênanipun sawatawis bab wayang. Panjênênganipun wau pancèn wiwit nalika taksih dados sêtudhèn, panggalihipun katarik sangêt dhatêng bab kawruh tanah lan băngsa, lan malih pasinaonipun dhatêng basa Jawi paham sangêt.

Sasampunipun angsal sêsêbutan Dr. lajêng dhatêng tanah Jawi, tamtu kemawon tumraping panjênênganipun kawontênanipun ing tanah Jawi botên patos ngagètakên, awit sanadyan sawêg katêmbèn uninga, nanging sampun botên kêkilapan dhatêng lukat-lukitipun, malah dumugi basanipun pisan sagêd ngêcakakên.

Dr. Hazeu sadumuginipun tanah Jawi dèrèng wontên papan tumrap ing panjênênganipun, nanging botên dangu inggih lajêng wontên, dados guru wontên ing pamulangan Gijmnasium Willem III apdhèling B ing Batawi. Inggih punika wiwit taun 1898 dumugi 1904.

Kalanipun nuju măngsa liburan, panjênênganipun [panjênênganipu...]

--- 1546 ---

[...n] kêrêp mrêlokakên dhatêng Surakarta utawi Ngayogyakarta, prêlu sasrawungan kalihan para priyantun Jawi, punapadene ngudi sêsêrêpan ing bab warni-warni. Pakulinanipun manawi nuju wontên Surakarta utawi wontên Ngayogyakarta namung kalihan băngsa Jawi, ngandikanipun inggih mawi basa Jawi. Manawi wontên Surakarta kêparêng lênggah ing pahêman Radyapustaka manawi nuju pakêmpalan, saminggu sapisan ing wanci dalu. Kajawi punika ugi kaparêng rawuh ing panggenanipun priyantun ingkang nuju gadhah damêl, prêlu kangge nyatakakên ing bab tatacara, punapa malih sabên enjing kaparêng mlampah-mlampah dhatêng pakampungan-pakampungan, ing ngriku sagêd nguningani kawontênan warni-warni.

Nunggil taun 1904 Tuwan Dr. Hazeu dados Ambtenaar voor de beoefening van Indische talen. Ing ngriku panjênênganipun ngadani damêl bausastra basa Gajo. Ing taun 1907 anggêntosi Tuwan Dr C. Snouck Hurgronje jumênêng Adviseur voor Inlandsche Zaken. Ing taun 1912 jumênêng Directeur Onderwijs. Ing taun 1913 ngrangkêp adviseur ngantos sataun. Sarêng wêkasaning taun 1914 dumugi 1916 tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi. Sawangsulipun saking pêrlop jumênêng Adviseur malih, saha sarêng ing taun 1917 angsal sêsêbutan Regeerings-Commissaris voor Inlandsche en Arabische Zaken.

Kala punika wiwit majêngipun pakêmpalan pribumi punapa malih S.I. tumrap panjênênganipun Tuwan Dr. Hazeu padamêlanipun awrat sangêt.

Sarêng ing taun 1919 panjênênganipun kondur dhatêng nagari Walandi, dados guru agêng wontên ing Leiden anggêntosi Prof Jonker.

Sakonduripun dhatêng nagari Walandi panjênênganipun tansah gêrahên, malah nate kawartosakên badhe wangsul dhatêng Indhonesiah malih.

Wusana lajêng wontên pawartos, bilih panjênênganipun seda wontên ing Wassenaar jalaran saking gêrah sampun dangu.

Sedanipun paduka Prof. Dr. G.A.J. Hazeu saèstu adamêl tuwuhing raosipun akathah, sami abela sungkawa.

Botên langkung Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi rohipun sang minulya wau tinampèna sowanipun wontên pangayunaning Pangeran.

--- 1547 ---

Jagading Wanita

Trajutrêsna (Wulang Putri)

[Asmaradana]

kasmaran wanita Jawi | jaman kamajuan mangkya | rêbut sorot suprabane | kêni kinarya upama | soroting sasadara | nyunari jagading kakung | anèng antara umimba ||

kadi katêmbèn puniki | ing udyana kalawarta | Kajawèn manjarwakake | wilotama kang sambada | tamat pruhitanira | madyèng pawiyatan luhur | umarah majaning praja ||

wus bêgjane kang anulis | mêningi mêne wus tuwa | tiwas tuwas tanpa gawe | mêngku wanita wong kuna | tan bisa basa Wlănda | basa Jawa durung rampung | karême mung nosoh bêras ||

tani tanapi agêmi | gêgamane yèn tuk duka | nalăngsa srah batharane | mangimur amanohara | angir[3] pendah karuna | karênan mring rabinipun | jatining momonganira ||

têmbung momong mono yakti | tangèh lamun nandhingana | ring ardèng raka karsane | dêstun amung mamèt prana | mrênahkên prayogyanya | ing satindak bangun turut | tyas ngemba Wara Sumbadra ||

bènèh lawan cara Wlandi | mangrèh murba amisesa | ring priya sakaprabone | nèng wisma praptaning praja | umanjing madêg nata | kadya carita ing dangu | Majapait prabu kênya ||

marma wêling ulun nini | putra kula kang nèng praja | marsudi basa salire | karawitan myang petungan | manut gagraging jaman | rèhne ta andungkap sampun | putus anampi dhiplomah ||

mêne ulun manti-manti | aja ngagêm cara Wlănda | pan iku dudu warise | warismu ya cara Jawa | susila anoraga | anggêr ugêring Matarum | tinitah dadi wanita ||

karubyuk kabotan tapih | nadyan ta busana Wlănda | iku mau bêbasane | ulun tan wani pasaja | tuladhane wus cêtha | masa dadaka sirèku | kabênum dadi wadana ||

basaknea sira nini | upamane ibunira | dadya wadana yaktine | ulun bangêt kacipuhan | lamun ana brongtakan | utawa anyêpêng pandung | tamtu ulun mêgêng napas ||

dadi upas sun têmahi | samono mau yèn kêna | nanging wibinta karsane | yakti ulun pinrih nrima | nèng wisma madêg nata | dadi rahadèn tumênggung | ugungan supe prasêtya ||

ayakne ulun nyakikik | bêbasan ngluwari ujar | lah iku apa ribêde | prosès pêrbal nora kalal | ondêrsuk pandung gagal | gul-agule mundhut pêthuk | tabêt tyase tarataban ||

marmane putranta nini | enak mukti momong putra | madanani pawongane | nèng wisma ngolah salira | lalar burat tanaka | pambirat ruwêting kakung | kang kinungkung paprentahan ||

tumraping busana adi | prayoga sajak Ngayoja | barès kurès dhêdhasare | kêna uga cara Sala | iku lamun sambada | mung bènèh sêngkang mung sungu | lit panunggule sajuga ||

aja asangsangan sèntir | wiron lit culna kewala | japitan iku watake | yèn atindak kurang sajak | jêr-pijêr amêkak |[4] pinêksa miyak nyampingmu | saru dinulu ing tingal ||

lêwih sêngit mingit-mingit | yèn ramanta [ra...]

--- 1548 ---

[...manta] myat wanodya | sajak Bandhung gêm-agême | tur nyatane dudu Sundha | mung kagawa busana | iku nora pati patut | patut reclamene tita ||

nahên ta ulun papuji | benjang lamun palakrama | antuka trah danawareh | nora sugih brana arta | nanging tyase pasaja | sujana asawang sêmu | sênêning satuhu trêsna ||

pama sira nimbok nini | kêtrucut garwamu tuwa | aja mutung age-age | beda nora sapiraa | trêsnane datan lămba | têmbe kêtrima putramu | kuwat amêngkoni bawat ||

dene yèn sira ngladèni | priya mindha Dananjaya | jaman mangko wis jamake | prayoga sira taria | mundhut ampil kewala | pilihên tujuning tyasmu | wit sira ingkang kuwasa ||

aja dadak madal sumbi | sumbagane mundhak sirna | katarik wus dhêdhasare | karêm ing rèh kaprawiran | ngrurah pupur lamatan | trapsila sira dèn gupuh | musthi èsthi astha brata ||

waspadakna sira nini | pangapêsane garwanta | simpênên jro pêthi jêne | lurubana sutra sapta | abra mubyar rinêngga | têmbe ginawe têtunggul | gulangên trah saptarêngga ||

sampat ingkang wulang putri | katrap ing jro traju trêsna | măngka cundhuk palarise | sanityasa tyas mêminta | aksamèng pra nupiksa | kang kolot agalap gangsul | kulita basa ngrèh praja ||

jêjêg santosaning adil | tumraping jalu wanita | tarlèn saabiprayane | Jawa Wlănda tar prabeda | mot mêngku mangaksama | sumawana trêsnanipun | sapucuk kanaka krêsna ||

itih kang kata tiniti | ardi Sumbing dwi dasastha | arsa Anggara Kasihe | candrasa Oktobêr surya | sèwu dhomas angkanya | warsa satus sanga likur | katandhan Dêmang Ngurawan ||[5]

[Grafik]

Tamu saking Sumatra

Ing sisih punika gambaripun têngku-têngku saking Sumatra ingkang badhe anjajah tanah Jawi, kados ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn ăngka 96. Saking kiwa manêngên: Têngku Agêng Amarudin, Anwar, Otoman, Tuwan Beck, lan Saibun.

--- 1549 ---

Panglipur Manah

Ajining Biyung

Sambêtipun Kajawèn nomêr 97.

Biyung kula sapunika sawêg sakit, mlarat sangêt botên băndha botên dhuwit, ing gêsange prasasat mung kandhang langit, manah kula ngantos kados dipun garit.

Karo mèsêm sang prabu ngandika alon: saikine wêruha kowe cah wadon, mungguh uwong kang ana ngarêpmu katon, ya ratumu kang dadi wakiling Manon.

Ênya iki dhuwit dhuwit êmas tampanana, ulungêna aku tak ngombe sadhela, saulihmu biyungmu rak bungah lêga, jênêng olèh kadonyan kang ora kira.

Bocah wadon mangsuli lan dhêlog-dhêlog: nanging biyung dèrèng tamtu bingah notog, sanadyan ta tampi arta mas sasosog, taksih sêgêr ngombe toya cêgog-cêgog.

Mila kula botên badhe kela-kèlu, cipta kula ing rintên kalihan dalu, botên kêndhat namung badhe amituhu, angluhurakên biyung sanginggiling ratu.

Sanalika sang prabu kraos ing galih, ngrumaosi yèn kaluhurane kêndhih, ingatasing wong mlarat pangawak ringkih, utamane ketok yèn kêluwih-luwih.

Sang aprabu nuli nabda lan gumujêng: wis ta ayo muliha aku tak barêng, awit aku ing ati karasa dêrêng, arêp wêruh biyungmu yèn Allah parêng.

Nuli mlaku cah wadon sêmu kêsusu, sang prabu tut wingking sasat lumayu, satêkaning ngomah cah wadon angguyu, amarani biyunge karo calathu:

Gilo biyung anggonku ngangsu wis olèh, dang ombenên kêna kanggo tămba ngêleh, wise ngono biyunge dirangkul sarèh, diambungi karo isih lèyèh-lèyèh.

Dhèk samana sang prabu ing galih trênyuh, dene ana katrêsnan abangêt kukuh, nuli alon angandika aruh-aruh, lan prasaja yèn gustine ingkang rawuh.

Sabanjure sang prabu pratela cêtha, sakabèhe tanpa èwêd aprasaja, sanalika kang lara bangêt ing gita, nuli akon banyune dicaosêna.

Ing saiki sang prabu ing galih bingah, nanging uwis ilang mari ngangah-angah, nuli dhawuh abangêt paring panrimah, lan têmbene sang parbu angganjar kathah.

Ing wos-wose dongèng kang mangkene kiye, ora liya iya mung anggambarake, katrêsnaning anak mênyang biyunge, lan nyêthakke piwêlèh nyang sapa bae.

--- 1550 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Dhasar lan Ajar

Sambêtipun Kajawèn nomêr 97

Garèng : Wis, Truk, saiki caritakna dalane supaya bisa mêruhi cacade dhewe kang ăngka têlu.

Petruk : Dene dalane kang ăngka têlu sarana ngrungok-ngrungokake ing ucape satrumu.

Garèng : Wèh, lha, saya nglêmpara. Nèk dikon ngrungok-ngrungokake pangucape mungsuhe, kuwi rak prasasat dikon nyobat karo kirun wa nakirun, lha, a... pa... ku... wat, sanadyan kuwata, têmtune badane iya mênggik-mênthol bae, awit para dèn ngantèn dèn ngantèn, têmtune ya krasan bangêt anggone padha ngèngèr nyang aku, yaiku: dèn ngantèn taibasu (t.b.c) utawa dèn ngantèn cêkèk (tering). Le ora mèmpêr, ana wong kok dikon ngrungok-ngrungokake calathune satrune. Aku wis tau mlaku liwat ing tritikane satruku Si Suta. Dilalah mak slênthing aku krungu omonge Si Suta karo kancane lêlungguhan mangkene: Wah, kang, kula niki nèk kalih Mas Ngantène Nala Garèng, gih dikapak-kapakna nika, cêkake êmpun botên cocog mawon. Lha pripun ta, nèk ontên kancane sing brêgas, napa malih sugih, niku atine panas, ning nèk ontên kancane mlarat, botên duwe napa-napa, banjur nyêngès, wadhuh, Truk, kalane aku ngrungu pangucape satruku Si Suta mêngkono mau, saking anggonku ngêngkên nêpsuku, kurang sasêtrip bae pêdhot napasku.

[Grafik]

Petruk : Kang Garèng, bok aja kêbangêtên anggone nuruti karêp eblis, nanging tansah ngèlingana piwulanging agama: wong urip padha bisa amêpêr ing pamuring-muringe, lan padha awèha pangapura ing sapadhaning manusa, malah Kangjêng Nabi Isa s.a.w. dhewe, ngandikakake: yèn ditabok pipimu kiwa, pipimu têngên wènèhna.

Garèng : Truk, aku ngandêl, yèn piwulang kiyi utama bangêt, nèk rumasaku ya tunggal sèh bae, karo piwulange para sêpuh sing muni mangkene: sapa kang nrima, dhuwur wêkasane, utawa: sabar iku pambukaning lawang swarga. Kabèh kiyi ya pancèn piwulang sing plêng-plêngan, ning nèk panêmuku tumrape

--- 1551 ---

jaman saiki, sing kêna diarani jaman mata dhuwitên lan jaman mênang-mênangan, piwulang kabèh mau kok wis ora pati mathuk. Upamane bae: sêdyane arêp golèk phulus, tumandange ora cekat-cèkêt kanthi trêngginas, nanging narima lan sabar, disambi glenggang-glènggèng: dhangdhanggula utawa sinom parijatha, batine: alon-alon anggêre klakon, kiraku uripe sida kalakon nyangking têkên lan bathok têmênan. Mangkono uga yèn aku nganti ditabok pipiku kiwa, kok pipiku têngên banjur tak dhèngake, têmtune nèk jaman saiki sing nabok mau, ora kok banjur lèrèn sabab banjur kèlingan kêbrangasaning atine, nanging bokmanawa malah kêbungahên, le nabok pipi têngên ora cukup mung sapisan bae, nanging malah nganggo sèri: plak, plak, plak. Mulane nak panêmuku, kabèh piwulang kuwi pancèn ya apik, nanging anggone nindakake ya kudu angon jaman. Narima lan sabar kuwi pancèn wis dadi wajibing wong urip, nanging ya aja nganti kêladuk, awit wusanane mundhak dadi klenanganing liyan. Malah nèk aku sing tak anggêp bêcik: nèk diantêm krama ing liyan, kudu malês ngantêm wilêm dibarêngi jakob pisan.

Petruk : We, lha, kiyi rak caturaning wong sing ngajak ora omah. Wis, wis, bab kiyi padha dipunggêl samene bae, nèk dibanjurake mundhak gèsèh ing panêmu bae. Saiki tak nêrangake omongku ing ngarêp, ing bab kudu ngrungok-ngrungokake ucape satrumu. Sanyatane satrumu kuwi wis mêsthi luwih rêsik, lan luwih pratitis anggone naliti ing cacadmu. Jalaran wawasaning mitramu mungguhing tindak lakumu kuwi trêkadhang isih kaworan asih, beda karo wawasaning satrumu kang isih gêthing nyang kowe, sauga nacad nyang kowe, nêmtokake kêna kok anggêp bênêre, sarta kêna banjur kok anggêp sawijining pêpeling utawa piwulang bêcik.

Garèng : Hêm, kiraku Petruk kiyi arêp dadi majênun. Ana pangala-alane satru, kok kudu dianggêp kayadene pêpeling utawa piwulang bêcik. Ing măngka nèk jênêng mungsuh kuwi sênêngane ya golèk alaning kalakuwanamu, kaya ta unine satruku Si Suta ing ngarêp, jare aku panas karo wong sugih lan ngece mênyang wong mlarat, kuwi rak: mempeowak.

Petruk : Aja giri-giri kowe banjur ora ambênêrake pangucaping satrumu, awit paribasane ana, yaiku: yèn ana kukuse ya ana gênine. Nanging calathune mungsuhmu sing ngênani awakmu mau, banjur cocogna karo kahanane badanmu, mêngko kowe rak bisa ngalap pigunane kang gêdhe, awit kowe banjur bisa nămpa kayadene pitutur.

Garèng : Wayah, Petruk kiyi saiki sajake dadi propagandhise Malaekat Jabarail. Mara saiki caritakna dalane supaya bisa sumurup cacade dhewe kang pungkasan dhewe, yaiku kang ăngka papat.

Petruk : Anggone naliti ing alane awake mau, yèn sêsrawungan karo umuming manungsa, kudu anyawang ing saparipolahe, banjur katandhing-tandhinga karo solah-bawane dhewe, sadhengah tindak sing dilakoni manusa umum,

--- 1552 ---

kok anggêp ala, yèn kok lakoni iya ala. Lan apa sing arêp kok tindakake kudu nganggo têpa-têpa, awit bêbasane: yèn kowe kataman ing tanduk saka liyan, karasa ora sênêng, kowe iya aja sok nandukake ing tanduk mau mênyang wong liya. Wis, Rèng, rêmbug kiyi padha dicuthêl samene bae. Ing sarèhning dina sesuk kiyi aku kudu lunga mênyang Magêlang prêlu anjênêngi pamulangan calon priyayi, mèngêti umure wis sèkêt taun, mulane aku arêp pamit nyang kowe, muga-muga ana ing dalan paringana slamêt aja kurang sawji apa.

Garèng : We, Truk, apa kowe klêbu ngêbuk ta, kok arêp têka barang. O, iya dhing aku lali, kowe uga tilas murid balêstêr, sanadyan durung nganti tutug wis diaturi kondur. Wêlingku, Truk, poma sing ngati-ati, nyang kana kowe bakal kumpul dara-dara priyayi gêdhêm-gêdhêm, pêthenthang-pêthènthèngmu kuwi rada kok owahana. Sing andhap-asor.

Petruk : Bab kiyi mêsthi bakal tak ati-ati bangêt, apa ngilang-ilangake le dadi anake rama, awit sanyatane sing dadi buktine yèn priyayi utawa anak turuning priayayi, kuwi dudu dhuwuring pangkate utawa kasugihane, nanging alusing bêbudène lan andhap-asore, ewadene nèk dak aji-aji utawa dak andhap-asori, kok tidhak mau tau sêbêlah mata, mêsthine iya banjur tak êpringake, ta. Wis Rèng, kèri slamêt, aku isih arêp tata-tata barang. Saka Magêlang besuk tak kirimi pêrslahe.

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking Sêrat Kabar Sanès

Pabrik gêndhis ing Ngêlon, Jawi wetan, mêntas wontên ampas kêbêsmi ngantos 11.400 bal. Kapitunan katanggêlakên asuransi.

Kala tanggal kaping 3 wulan punika lampahipun sêpur kilat saking Batawi dhatêng Surabaya nalika nglangkungi Karanganyar sakêdhik, kêprêgok maesa têtiga têrus katlindês, ingkang kalih ajur, satunggalipun mancêlat kêcêbur lèpèn.

Kathah tiyang ingkang dèrèng mangrêtos dhatêng pêpetanganing paos ingkang kapêndhêt saking lotre. Mênggah têrangipun makatên: gunggunging arta f 2.000.000.- punika ingkang 50% kangge ambayari pamênang, ingkang 20% kangge paos, 30% malih kangge pakêmpalan-pakêmpalan ingkang angsal panduman, sasampunipun dipun cêngklok kangge waragad administrasi. Dados tiyang ingkang angsal pamênang nampèni jangkêp, beda kalihan sêtat lotre ing nagari Walandi, paosipun kapêndhêtakên saking pamênang.

Kawartosakên, Tuwan Sakri tilas wadana ing Ciawi, Bogor, miturut karampungan landrad ing Bogor, kaukum 2 taun, prakawis salingkuh. Nanging dèrèng ngantos anglampahi paukuman sampun ngajal. Tuwan Sakri wau anggènipun anglampahi pakaryan praja sampun dangu, sakawit nyambut damêl dados punggawa S.S. dados upas kumêndhan ing Sênèn. Minggah dados pambantu, lajêng mantri pulisi, ajung jaksa, asistèn wadana wêkasan wadana ing Ciawi. Saupami botên kenging prakawis, sampun mèh pènsiun. Kalampahan punika kenging kangge pêpèngêtan dhatêng para mudha.

Miturut programah, wiwit tanggal 9 dumugi 12 wulan punika, Osvia ing Magêlang damêl pahargyan adêging pamulangan sampun 50 taun, kajawi dipun wontênakên pistaning para murid tuwin tilas murid, guru-guru tuwin para tamu, ugi mawi darmawisata dhatêng Barabudhur, dipun iring wêwakiling pakaryan barang kina.

--- 1553 ---

Ing salêbêtipun wulan Oktobêr kêpêngkêr K.N.I.L.M. ambêkta tiyang numpak 1010, petanganipun: Batawi dhatêng Bandhung 331, Bandhung dhatêng Batawi 372, Batawi dhatêng Sêmarang 73, Sêmarang dhatêng Batawi 72, Batawi dhatêng Palembang wongsal-wangsul 53. Anggêgana sanginggiling kitha 109. Kajawi punika ambêkta momotan 7256 kg. tuwin pos 215 kg isi sêrat 15.000 langkung.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun Rajah Sir Annamalai Chettiar warga saking Council of States of Delhi băngsa Hindhu ingkang anjajah dhatêng Indhonesiah, ingkang misuwur sugih sangêt.

Wontên pawartos saking Sukabumi. Têtiyang kathah sami amêbêdhag sima saha kakêpung wontên ing rêdi Parang. Sasampuning pinanggih sima wau kasanjata, nanging taksih sagêd angrangsang dhatêng satunggiling tiyang ingkang sampun sêpuh ngantos gulêtan, nanging rahayu tiyang wau wilujêng, saha sima sagêd pêjah. Sima wau panjangipun saking sirah dumugi buntut 1.70 m. lan kintên-kintên ngumur 15 taun.

Nalika dintên Salasa, angrintênakên dintên Rêbo 27/11-'29 kintên jam 2 dalu, panjênênganipun ingkang bupati ing Prabalingga seda. (N).

Nalika tanggal 27/11-'29 ing sawênèhing dhusun bawah kaondêran Pakis (Tumpang) wontên tiyang sagriya sami sakit sêsarêngan. Rèhning priyantun ingkang wajib sangêt nyujanani bokbilih têtiyang wau kataman sêsakit ingkang nular saha mutawatosi, pramila sadaya nuntên kakintunakên dhatêng dhoktêr, papriksan ingkang sah dèrèng angsal kabar. (N).

Kawartosakên, bab pasulayan rêmbag ing gêmintê Batawi, ing sapunika sampun têntrêm, para warga tiyang siti tamtu badhe wangsul malih.

Kawartosakên ingkang angsal pamênang lotre Indisch Bronbeek f 150.000.- Tuwan Yap Hing Tjiang ing Têmanggung.

Miturut palapuran saking Asistèn Residhèn Purwakêrta, kathah tindak-tindak botên prayogi ingkang pinanggih ing dhepo, kuli kontrakan, Adek ing bawah Banyumas. Ing sapunika arbèt insêpèksi nindakakên pangrèh praja mariksa bab punika, punapa malih prakawis dhatêng Tuwan Balloni, ingkang nyêpêng dhepo, Adek ing Purwakêrta.

Kala tanggal kaping 23 Nopèmbêr, ing kabupatèn Brêbês ngawontênakên wiwahan jumênêngipun ingkang bupati enggal. Dalunipun mawi rêsèpsi salajêngngipun dhansah tuwin nayuban. Dalunipun malih nglajêngakên nayuban tumrap para priyantun ingkang dèrèng nayuban.

Pintên-pintên dasa têtiyang ing dhusun Grinting, dhistrik Tanjung sami kêkirangan têdha, amargi sampun botên gadhah rimatan pantun utawi palawija. Pangupajiwa ing sagantên utawi kêbon botên sapintêna kathahipun.

Kala malêm Sabtu tanggal 22/23 Nopèmbêr, Ki Hajar Dewantara mêdhar sabda wontên ing pamulangan Taman Siswa ing Kêmayoran, Batawi, dipun jênêngi ing golongan guru, kajawi punika wontên malih Tuwan Meyer Ranneft, pangarsa rad kawula, Tuwan van Dijk insêpèktur pamulangan Mulo Tuwan van der Plas saking kantor Inl. Zaken, Mr. Kluyver, saking dhepartêmèn pangajaran, Radèn Adipati Harya Suyana tuwin Radèn Mas Adipati Otaya.

Dr. Radèn Mas Marwata Mangkuwinata, katêtêpakên dados inspèktur D.V.G. manggèn ing Sumatra kidul.

Kawartosakên ing Surabaya bêntèr sangêt, jalaran sampun dangu botên wontên jawah, makatên ugi ing Tulungagung. Têtanêman kathah ingkang pêjah.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3674 ing Jêruk (Bayalali), arta f 1.50 ingkang kakintun kaping 13/8-'29 punika miturut sêratan panjênêngan ing sawingkinging sêtruk pos wisêl, kangge ambayar lêngganan nomêr 1862 (M. Adj. Natasudira ing panyadean candu Srandhakan Brosot) dados botên kangge sadhèrèk Siswasudira no. 2681. inggih punapa botên.

Lêngganan nomêr 1209 ing Babat. f 3.- punika tumrap kuwartal 3 lan 4 punika.

--- 1554 ---

Wêwaosan

Sirwenda lan Danurwenda

Anggitanipun Muhamat Dohiri

14

[Dhandhanggula]

pirabara Pasantênan benjing | nora karèh ing praja Mataram | bisaa rêraton dhewe | lah sintên tiyangipun | ingkang botên kêpengin dadi | narendra mangrèh praja | mêngku rat sawêgung | benjang kinarya warisan | anak putu supadi nora kasimpir | anggambuh têmah wirya ||

Gambuh

angandika sang wiku | lah ta anggèr paran kang kinayun | de paduka kapidêrêng nêdya balik | punapa paduka limut | pasihaning nara katong ||

ingkang dhihin pukulun | apan inggih kinadang sang prabu | pinèt ipe utawi langkung kinasih | dene kaping kalihipun | tinêtêpkên adipatos ||

lan kaping tiganipun | sapunika paduka sinêpuh | pantêsipun kenginga tinari-tari | dening putranta sinuhun | Sultan Agung kang samêngko ||

punapa kang binuru | sinantana dening ratu agung | têka dadak paduka kadêrêng melik | mulat tyas kang datan ayu | yuwanane nora mêlok ||

sang dipati umatur | marmanipun amba dêrêng ayun | umadêga ing nagri amba pribadi | jêr mangke wêwênang ulun | sinuda dening sang katong ||

duk kalane rumuhun | pinaringan jajahan kang agung | parandene samangke dipun êlongi | lah punika sababipun | mila amba kêdah mogok ||

lumuh karèh Matarum | lah punapa inggih prêlunipun | nadyan amba angrok băndawalapati | kadugi tan badhe mundur | pêjah tan mingkêd saking gon ||

sang wiku ngandika rum | yèn makatên anggèr kang kinayun | lah sakarsa pun bapa dahat tan bangkit | mambêngi karsa pukulun | jêr ing tyas sampun gumolong ||

atur kula duk wau | lugu botên nêdya ngawu-awu | amung saking kabêkta trêsna kêpati | mring anggèr kalangkung-langkung | rumaos tan wignya pêdhot ||

nanging watawis ulun | kados-kados awrat sangganipun | wit Mataram kalokèng rat tanah Jawi | kinèringan satru mungsuh | kêkah luhuring kaprabon ||

paran bisane unggul | Pasantênan tan mirib Matarum | ratu agung sudibya sura sinêkti | kakasihipun Hyang Agung | trahing maratapa kaot ||

rat tanah Jawa kêmput | sami sumiwi dhatêng Matarum | ambathara anggêpe mring narapati | pinisuka kinalulut | tinut satuduhing katong ||

pinrêp dana marta yu | ajrih asih ing pangidhêpipun | dhasar nata ambêk wiyar lir jaladri | amot ala bêcik mêngku | lêgawa lila ing batos ||

lawan malih pukulun | ing Mataram kathah prawira nung | kang kinarya agul-aguling prajurit | măngka pangajênging pupuh | dene Pasantênan mêngko ||

tan ana prawira nung | kang kinarya andêling prang pupuh | nuju ana parandene dèn patèni | patine tan darbe luput | nanging kasaput kanêpson ||

măngka watawis ulun | Danurwenda Sirwenda katêlu | Juru Taman kêni kinarya prajurit | kacihna prawiranipun | têguh prang digdaya tanggon ||

parandene linampus | lah puniku anggèr langkung luput | têka nora pinikir langkung rumiyin | kadêrêng kaburu nêpsu | samangke anggèr kêtutoh ||

upami duk rumuhun | katri pisan tan klakon linampus | bokmanawi kêni pinèt ingkang kardi | ingajak labuh prang pupuh | wuwuh santosa kinaot ||

punapa kang rinêmbug | anggêtuni barang kang kabanjur | bêbasane madu balung tanpa isi | pun bapa sumanggèng kayun | sakarsa paduka kono ||

nanging ta pêksa tutur | rèhning tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantarane unggul jurit | jêr angèl amagut pupuh | nora anggêr bae klakon ||

yèn paduka saèstu | datan arsa sumiwi sang prabu | ing wêweka kêdah dipun sampekani | dadi nora malang tanggung | ing tekad satêmah mogol ||

dene wêwekanipun | dhihin karya mrih sudirèng pupuh | ingkang măngka agul-aguling ajurit | tanapi pra wadyanipun | ingulig dimène atos ||

ingunggara tyasipun | kang supadi agêng manahipun | miwah mantêp têtêp sêtya labuh nagri | dadi bisa kukuh bakuh | kuwat nanggulang prang pupoh ||

utawi malihipun | rèhning mungsuh dudu tandhingipun | kalah gêdhe kalah santosaning nagri | marma ayya grusa-grusu | kadêrêng kudu rêrêmpon ||

yogya sarantèng kalbu | ing pambudi kinarya kang atul | ngèngêtana prajanta samangke kaki | lagya kataman bêbêndu | dêdukanira Hyang Manon ||

tinurunan pagêblug | larang pangan akèh janma lampus | dadya lamum pinêksa amagut jurit | tangèh lamun bisa unggul | tan wande tamtu malothot ||

mênèk wadyanta sampun | purna pulih kadi waunipun | nêmbe kêni ingajak amangun jurit | samantêna dèrèng mungguh | karantêne maksih abot ||

yogya paduka ngirup | Pasantênan kanan keringipun | pamrihipun santosa wadyanta kaki | nanging kudu ingkang alus | nora kajodheran ing wong ||

lamun kapirsan tamtu | têmah dadi tuwuh dukanipun | datan wande enggal ginêpuk ing jurit | tan wun dadi rêmak-rêmpu | sanggane sayêkti abot ||

lawan malih pukulun | yogya karya biting ingkang kukuh | kang kinarya nanggulang têmpuhing jurit | kinubênga jaro kukuh | jagange kinarya jêro || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


tiyang. (kembali)
panyinaonipun. (kembali)
anglir. (kembali)
Kurang satu suku kata: pijêr-pijêr amêkak. (kembali)
§ wulang kang kadi puniki | andhêdhasari dhadhakan | pra priya atine gêdhe | kêni mung măngka upama | lamun rinasa dawa | atêgês dhapur panglulu | mêmiringi para mudha || Red. (kembali)