Ôngka 21, 23 Sawal Taun Jimawal 1861, 14 Marêt Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [329] ---

Ôngka 21, 23 Sawal Taun Jimawal 1861, 14 Marêt 1931, Taun VI.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Ostênrik

[Grafik]

Kalaning môngsa padhidhing, sadaya griya tuwin rêdi sami katutupan ing salju.

--- 330 ---

Bab Ringgit

Prabu Hastimurti

Prabu Hastimurti punika putranipun Prabu Basumurti, kala sinatriya nama Radèn Basusena. Prabu Hastimurti punika wontênipun ing padhalangan botên kocap, nanging ing ngriki prêlu kapratelakakên, awit Prabu Hastimurti wau, nata ingkang miwiti jumênêng ing nagari ing Gajahoya.

Nalika jaman jumênêngipun Prabu Basumurti, dhawuh dhatêng putra Radèn Basusena, kadhawuhan bêbadhe praja wontên ing dhusun Gajahoya, awit ing ngriku punika patilasanipun ingkang eyang putri Radèn Basusena nalika dipun godha ing gajah pêthak nama Gajahoya. Sang putri lajêng kagungan pêpanggil kadamêlna griya kancana jajar sanga, sagêd kasêmbadan, nanging sang putri lajêng angoncati, wusana lajêng dhaup kalihan ingkang rama Prabu Basumurti.

Radèn Basusena ngèstokakên dhawuhipun ingkang rama, lajêng kajunjung prabu anom wontên ing Gajahoya, pinaringan jêjuluk Prabu Hastimurti. Ingkang jinunjung dados pêpatih, ipe piyambak, nama Arya Basudara.

Anggènipun bêbadhe praja botên dangu dados, sakalangkung gêmah raharja, nagarinipun lêstantun nama Gajahoya. Sajatosipun mênggahing pagêdhongan, Prabu Hastimurti punika namung kajumênêngakên prabu anom, dados inggih ginadhang sumilih kaprabon Wiratha. Nanging rayi nata ugi sampun jumênêng prabu anom, jêjuluk Arya Prabu Basukèsthi, inggih rayi nata punika ingkang sumilih kaprabon ing Wiratha, dados Prabu Hastimurti botên sumilih.

Sasedaning rama, kaprabon Wiratha dhawah ingkang paman Prabu Basukèsthi. Sarêng Prabu Hastimurti kaparingan sumêrêp ing bab sedaning rama, saha ingkang paman sampun jumênêng nata Wiratha, sakalangkung anglês ing galih, kanthi rumaos lingsêm sangêt, mila botên karsa sowan, nanging ugi botên andadosakên dukanipun ingkang paman.

Prabu Hastimurti kalajêng-lajêng anggènipun puguh, botên karsa têluk dhatêng praja Wiratha, awit ngrumaosi anggènipun jumênêng nata saking anggènipun bêbadhe piyambak, wah ing Gajahoya punika patilasan têtilaranipun ingkang eyang piyambak.

Puguhing panggalihipun Prabu Hastimurti botên kenging dipun lukakên ing para sêpuh. Pêpatih nata botên kêndhat angaturakên pamrayogi, supados sang prabu sowan dhatêng Wiratha, nanging botên pisan-pisan kadhahar aturipun. Ingkang makatên punika anuwuhakên kirang sakecaning panggalihanipun para sêpuh ingkang wontên ing Gajahoya.

Kacariyos sawênèhing dintên, Prabu Hastimurti mirêng wartos, wontên dewa nama Bathara Dhanendra tumurun saking Suralaya arêraton wontên tanah Mêdhangkamulan, ajêjuluk Prabu Daneswara, kagungan wadya bacingah tuwin wadya sato wana. Sarêng anggènipun bêbadhe nagari sampun rampung, lajêng wiwit ngêngirup têtiyang kanan keringipun praja Mêdhangkamulan, [Mêdhangkamu...]

--- 331 ---

[...lan,] ngantos marèmbèt ngirup têtiyang laladan praja Gajahoya.

Ing bab punika uningan[1] ing Prabu Hastimurti, lajêng dhêdhawuh anglurugi dhatêng praja Mêdhangkamulan. Patih Basudara sarêng tampi dhawuhing gustinipun lajêng tata-tata, milih punggawa ingkang pêng-pêngan, sasampunipun mirantos lajêng bidhal, sang prabu kaparêng miyos dhatêng paprangan.

Sarêng lampahing wadya Gajahoya sampun dumugi kikis, wiwit katingal wontên barisaning mêngsah, awarni manungsa, raksasa tuwin sato galak, lajêng campuh pêrang, gêntos unggul gêntos kalindhih, nanging dangu-dangu wadya ing Gajahoya kasoran. Saunduring wadya ing Gajahoya, kagêntosan mêngsahing wadya pêpilihan, nanging inggih mêksa kasoran.

Prabu Hastimurti wiwit karaos ing panggalih, ngintên bilih paprangan punika awrat sanggènipun, ngrumaosi manawi praja Gajahoya botên sapintêna kêkiyatanipun, saupami sang prabu botên kalajêng mutungi ingkang paman, tamtu sagêd nyuwun bêbantu saking Wiratha, nanging sarèhning sampun kalajêng, dados sang prabu ngantêpi ing prang.

Prabu Hastimurti lajêng ngêdali pêrang, awis ingkang kuwawi nandhingi. Nanging wusananipun sang prabu kasoran, seda wontên ing paprangan. Prabu Daneswara anglud dhatêng Gajahoya.

Wadya ing Gajahoya sasedaning gustinipun, sami ngungsi gêsang, sêsêpuhing Gajahoya, nama Rêsi Basunanda lajêng ngungsi sowan dhatêng Wiratha, ngaturakên punapa kawontênanipun sadaya.

Prabu Basukèsthi lajêng dhawuh nglurugi mêngsah.

Kawruh Sawatawis

Ambêbêdhag

Manawi tiyang mawas kawontênan ing sajawining tanah Indhonesiah, kados ta: ing tanah Aprikah, Amerikah, Eropah sisih lèr tuwin sanès-sanèsipun, ing ngriku katingal, bilih ambêbêdhag punika dados panggaotan agêng. Ambêbêdhag ing ngriku botên atêgês melik dhatêng daginging bêbujêngan wana, ananging ingkang dipun prêlokakên sangêt inggih punika wacucaling bêbujêngan wau, lajêng kasade dhatêng para among dagang wacucal. Mênggah pigunanipun wacucal wau warni-warni, kados ta: wontên ingkang mligi kangge pasrèn salêbêting griya kemawon, wontên ingkang dipun angge kadosdene sandhangan limrah, lan wontên ugi ingkang lajêng kangge dandosan warni-warni, kados ta: pèt, kupluk, sêpatu, dhompèt lan sapanunggilanipun.

Bôngsa Èskimo sampun nama limrah mangangge sandhangan wacucal wau, amargi kajawi gêgayutan kalihan asrêping hawa ing ngriku, gêrma-gêrma ugi prêlu migunakakên sandhangan wacucal, minôngka pikat supados dipun kêmpali utawi sampun ngantos adamêl ajrihing bêbujêngan ingkang badhe dipun padosi.

Ing tanah Indhonesiah ngriki, panggaotan [panggaota...]

--- 332 ---

[...n] ambêbêdhag punika ingkang kathah namung katindakakên dening têtiyang ing pulo Niu Geneah, dene ingkang dipun padosi ngêmungakên pêksi kemawon, inggih punika ingkang dipun wastani pêksi dewata (paradijsvogel).

[Grafik]

Gajah wanan ing Aprikah.

Ing tanah Jawi ngriki ambêbêdhag punika botên mathuk manawi dipun wastani panggaotan, awit tiyang ingkang ambêbêdhag wau, ingkang kathah panggêsanganipun botên maligi saking anggènipun ambêbêdhag.

Mathukipun ambêbêdhag punika, manawi wontên ing ngriki lajêng kasêbutakên salah satunggaling kasênêngan. Limrahipun ingkang gadhah kasênêngan makatên punika, para pènsiunan militèr.

Sasumêrêp kula, ingkang asring ambêbêdhag punika, tiyang ingkang sami botên nyirik daging andhapan, jêr ing tanah Jawi punika bêbujênganipun ingkang kathah inggih namung andhapan. Sima utawi kewan sanès-sanèsipun ugi wontên, ananging lôngka.

Sawênèhing tiyang wontên ingkang mastani, bilih ambêbêdhag punika, kalêbêt golonganing olah raga, tumuju dhatêng kasarasaning badan. Wondene mênggah lêrês utawi lêpating pamanggih wau, wêkdal punika kula sumanggakakên dhatêng para maos, awit bab punika sanès ingkang dados kajênging karangan kula, prayogi kula rêmbag sanès dintên kemawon, sapunika prêlu nglajêngakên wawasan ing nginggil.

Ing jaman rumiyin, saderangipun[2] bôngsa Indhonesiah [Indhone...]

--- 333 ---

[...siah] inggil sêsêrêpanipun bab têtanèn utawi dagang, ambêbêdhag punika dados salah satunggaling panggaotan ingkang baku, pramila inggih botên anggumunakên, bilih tiyang jalêr ing kala samantên, racakipun sami anêngênakên sangêt dhatêng ambêbêdhag wau.

Ing ngriku katingal, mênggah awrating sêsanggènipun tiyang jalêr, kados ta: madosakên rêjêki anak sêmahipun, awit kajawi ambêbêdhag punika satunggaling pakaryan ingkang ambêbayani, ugi gayutan kalihan wontênipun dêdamêl ing wêkdal samantên.

Ing sarèhning kala santên,[3] bôngsa Indhonesiah dèrèng ngrêtos dhatêng tosan, pramila dêdamêlipun inggih namung trimah migunakakên pênthung tuwin bandhil kemawon. Wiwit alit mila, lare-lare jalêr sampun sami dipun sinau ngolahakên dêdamêl kalih warni wau. Mênggah wujud saha pangolahing pênthung tuwin bandhil wau, têmtunipun para maos ugi botên badhe kêkilapan, langkung-langkung tumrap para ahli pêncak.

Sasampunipun bôngsa Indhia (Indhu) angêjawi, pakaryan ambêbêdhag wau lajêng mindhak ènthèng, awit bôngsa Indhia wau sampun sami mangrêtos bab tosan. Bôngsa Indhonesiah lajêng sami dipun sukani sumêrêp bab paedahipun, lan kadospundi panggarapipun tosan punika wau. Ananging sarêng kathah dêdamêl tosan, kados ta: dhuwung, pêdhang, bêndho, arit, pacul lan sapanunggilanipun, pakaryan ambêbêdhag lajêng botên saya majêng nanging malah saya mundur, awit dhatêngipun bôngsa Indhia ing tanah Indhonesiah punika, botên namung ambêkta angsal-angsal kawruh bab tosan kemawon, nanging ugi ngajêngakên bab têtanèn, tuwin ngupakara rajakaya. Badhe kasambêtan.

Susantri.

Cariyos Kina

Pasarean Têgalarum

Ingkang sumare ing Têgalarum punika Kangjêng Sunan Mangkurat I narendra sudibya ing Mataram ingkang wêkasan. Manawi mirid babad Mataram lolosipun saking praja nalika gègèran (kraman) Trunajaya, linggaripun mangilèn. Tindakipun ingkang sinuhun saya mangilèn, sarêng dumugi ing sakilènipun Purwakêrta sapunika Noord Banyumas, kataman gêrah ngantos dados lan sedanipun. Layon kapêtak ing Têgalarum, bawah Têgal ing sapunika, ing salêbêting dhusun Lêmahdhuwur kabawah Adiwarna.

Sapunika badhe nyariyosakên patilasan-patilasan [patilasan-pa...]

--- 334 ---

[...tilasan] ingkang wontên ing bawah Banyumas, jalaran têmtu botên kocap ing sêrat babad, punika kajêng kula namung kangge pangèngêt-èngêt, sukur yèn wontên ingkang maedahi. Mirid sajarahipun sadhèrèk Banyumas, wontênipun dhusun pardikan Pasiraman, kacariyos ing ngriku panggenanipun nucèni layon. Miturut pitêdahipun tiyang ngriku wontên sapinggiring lèpèn Pasiraman, ing ngriku wontên sela ngampar dumunung wontên pinggir lèpèn. Dados nama Pasiraman mêndhêt saking anggènipun nyirami layon wontên ngriku wau. Dene sedanipun têbih saking ngriku, taksih ngidul ngetan watawis 3 pal, sapunika nama dhusun Royom, inggih ing ngriku nalika ingkang sinuhun dipun rêroyom, amargi sampun seda. Dhusun Siroyom botên pardikan, kintên kula ing suwau taksih suwung utawi taksih wana. Botên têbih saking Royom wontên dhusun nama: Lêsmana, punika ing ngriku nalika ingkang sinuhun kraos lês-lêsan, sajatosipun sumaput. Lajêng sakidulipun malih wontên dhusun nama Pancasan, punika ing ngriku nalika ingkang sinuhun mundhut ngunjuk toya dêgan, dados Pancasan mêndhêt nama saking pamancasing dêgan kagêm ingkang sinuhun, kacariyos bibar ngunjuk dêgan gêrahipun saya sangêt lan lajêng dumugi seda wau.

Nyêlani atur sakêdhik, dhusun Pancasan punika rêja, awit ing ngriku wontên êtuk ingkang lajêng kangge pasiraman, dados pasiyaranipun tiyang kathah, ananging mawi prabeya. Arta angsal-angsalanipun dados meliking dhusun, pramila katanjakakên dhatêng prêlu-prêluning dhusun, upami: pamiyaran rajakaya, krêtêg-krêtêg, sêkolahan lan lumbung dhusun, utawi sanès-sanèsipun.

Sapunika wangsul dhatêng rêmbag bab pasarean malih, punika mirit wartos ing jawi misuwuripun elok, layon namung kacapuri, tinutupan kaca leregan, lan wontên cêcariyosanipun ingkang anèh-anèh malih.

Yèn saking gagasan rula[4] wartos cêcariyosan wau botên gathuk, margi jaman samantên sampun jaman Islam. Rimatan ingkang kados makatên dados awisaning sarak.

Sumadi, Pangarasan.

Bab Tanêman

Têtêdhan Rèmèh Nanging Sok Dados Idham-idhaman

Mumpung nuju wontên sêlaning padamêlan, tinimbang anggagas ingkang ngayawara, prayogi urak-urêk damêl karangan, ngiras sinau, idhêp-idhêp anggêgêsang basanipun piyambak, sukur bage kenging laurunakên[5] minôngka slundhingan isining taman Kajawèn ingkang sangêt kula trêsnani punika.

Nanging ing sadèrèngipun kula suwun mugi sampun paring duka, awit ingkang badhe kula udhokakên [udhokakê...]

--- 335 ---

[...n] ing ngriki punika namung prakawis rèmèh kemawon, jêr kula punika tiyang dhusun, dados sêsêrêpan kula inggih cêtha botên misra sangêt. Ewasamantên kula inggih mêksa pitados bilih rara Kajawèn ugi botên badhe kawratan anyalundhingakên sêratan kula punika wontên ing angganipun.

Punapa ta ingkang badhe kula udhokakên wau ... elih tobil, jêbul namung angglèthèk: bab gundha. Kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Gundha utawi gènjèr.

Inggih lêrês gundha punika bôngsa têtêdhan rèmèh, nanging sok dados idham-idhaman, awit wontênipun mawi mangsan, pêndhak rêndhêng sapisan, inggih punika sami thukul wontên ing sasêla-sêlaning tanêman pantun, panunggilanipun wewehan, kados para maos inggih sampun sami uninga. Wit-witanipun kados saladhah toya, nanging awis ingkang kêrsa, godhongipun ijêm sulak pêthak, wangunipun mèmpêr godhong lumbu sêkaripun amarêntul saèmpêr sêkar bawang, inggil-inggilipun nyakilan, gêsangipun awor lan sukêt.

Ing wanci wisan damêl, antawisipun 11-12 siyang, mangsanipun nyai juru tani sami mantuk saking sabin, sabibar sami matun, limrahipun sami ambêbêkta, inggih punika awarni gundha wau, dipun bêngkêki kacangking, godhongipun katingal sêgêr, oyodipun ublak pêthak, labêt saking dèrèng dipun kêthoki, nanging sampun kakumbah rêsik, makatên punika têka pantês sangêt. Sawêg dipun cangking kemawon kawontênanipun gundha wau sampun menginakên.

Bokmanawi botên namung kula piyambak angèl badhe angungkiri, bilih sawarnining têtêdhan punika, dumuginipun ingkang nama rèmèh pisan, nanging yèn awis-awis kêprangkul, adhakan lajêng dados kêtêngên, punapa malih ingkang nama lêlawuhan nêdha, yèn kasringên, sanadyan aslinipun bôngsa adi tur kathah pangajinipun, inggih lajêng dados kêkiwa.

Pramila sanadyan gundha wau bôngsa têtêdhan rèmèh, nanging èstunipun pancèn sok dados idham-idhaman, kabêkta saking mawi kalamôngsa wontênipun, kuciwanipun sakêdhik dene nyai juru tani wau sok kirang lêrês pangolahipun, mila sanadyan namung kadamêl lalaban inggih sok [so...]

--- 336 ---

[...k] araos pait, awit anggèning ngratêngi sarana kaêngi, môngka lêrêsipun makatên:

Sasampunipun gundha kabucal oyodipun tuwin dipun kumbah ngantos rêsik, nuntên kacêmplungna ing manci punapa kêndhil, kasukanan toya tawa tuwin gêndhis sakêdhik lajêng dipun latoni, samatêngipun kaêntas, punika miraos sangêt kangge kuluban nêdha, sêdhêp tur lêmês, kalethokakên ing sambêl kêmiri, pêtis punapa sambêl jêram pêcêl, inggih tansah mathuk kemawon, raosipun ngungkuli kuluban sladhah toya.

Dene upami badhe kakêla, kêdah mawi dipun kêthoki sawatawis, mathukipun ngangge bumbu padha mara, sêgêr minôngka uyub-uyuban nêdha. Ulamipun cêkap gêrèh kemawon inggih sampun miraos ... lo, samantên wau tumrapipun tiyang manggèn wontên ing papan padhusunan kados kula, suwawi kula aturi nyobi, mangke êmpalipun rak lajêng kontit. Wasana sumôngga.

Biyang Gumbrêg, ing Kêpanjèn.

Kasênêngan ing Môngsa Padhidhing ing Eropah

Tumrapipun bôngsa Jawi, ingkang nama kasênêngan punika, ingkang kathah namung lèrèg dhatêng kasukan, nanging tumrapipun ing jaman sapunika, ugi sampun kathah ingkang nindakakên sênêng-sênêng sarana darmawisata tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Nanging tumrapipun ing tanah Eropah, kasênêngan ingkang bangsaning lêlangên punika warni-warni, malah mawi ngênut dhatêng lampahing môngsa, kados ta môngsa bêntèr lêlangên ing pasisir, môngsa asrêp lêlangên wontên ing pasaljon, sawênèh wontên lêlangên ngambah ing parêdèn ingkang papanipun nguwatosi. Sadaya wau têtêp namung manjing kasênêngan.

Ing karangan punika ngêwrat satunggiling lêlangên môngsa asrêp, ingkang dipun wastani lêlangên ski, dene lampahipun ingkang sami lêlangên, prêlu anginggahi rêdi.

Sayêktosipun tumraping bôngsa Jawi, bab ngambah parêdèn punika ugi sampun nama kêlimrah, nanging sèlèhipun dhatêng tirakat, botên kasênêngan.

Bab raos tirakat wau, kados para maos botên kakilapan, awit ing pundi-pundi, sabên wontên tiyang minggah rêdi, limrahipun jalaran saking kêpêtêngan manah.

--- 337 ---

Panglipur Manah

Brahmana Gêmblung

III. Wontên ing pangadilan dhusun

[Pocung]

Datan dunung kang samya winastan gêmblung / samya pêpandêngan / nanging ing tyas anggung mikir / tan tarima kalamun kongsi kalaha //

ingkang sêpuh sêrêng ngucap sêmu saguh / nah saiki nyata / sun kari angguyu hik, hik / awit sira masthi tan bisa nusula //

ingsun tanggung iki mêsthi mênang gêmblung / dènira angucap / kanthi dhadha dèn dhodhogi / nganti mak dhug tanpa kandhêg lawan kôndha //

nuli sambung kang miji sru andêlarung / sarwi jêjojogedan /[6] ing sêmu angisin-isin / wani ngina kabèh môngsa madhanana //

dènnya muwus: wis, sira iku tan pêcus / apa kang koucap / luwung cêp aja cariwis / tiwas ngucap kêcapmu nora sakeca //

watuk-watuk wong kang katêlu angguguk / wong patrap akiwa / wêwangsone nguciwani / mungguh ingwang wong mangkono mung wèh ewa //

nora rikuh dèn gêguyu sanak karuh / yèn dèn ruh-ruhana / sêrênge rinasa sêrik / bok dèn sirik aywa rêmên ngreka-reka //

nulya mlêmbung / kang kapisan adol gêndhung / wis mênênga padha / kowe padha tak kandhani / aja dhêmên adol umuk madha-madha //

wruhanamu lêlakon kang wus tinêmu / iku tampanana / dadi wulang luwih bêcik / dadi sira têtêp ingaran brahmana //

munggêl tutur kang siji muni: bok susur / karêpmu katara / rekane angarih-arih / nanging ngarah mung arsa gêmblung priyôngga //

wong katêlu ngucap sarwi linut guyu / wong yèn rekadaya / liyan kinon angiyani / yak yèn ngono enake ora kaliha //

janma sagung kang anon samya gumrunggung / sarêng rêraosan / kumrêsêk pating kalêsik / wênèh ana kang wani angucap sora //

nyata punjul lagi sapisan kapranggul / aran rada lôngka / brahmana têka pradongdi / bêbasane madu balung tanpa rasa //

ora nyêbut yèn didulu ora patut / tur yèn dèn gêmblungna / ing batine mêsthi sêrik / kêbangêtên janma kang kaya mangkana //

barêng ngrungu brahmana kang siji mlaku / marani kang kôndha / nuli mêndhêg[7] anakoni / sampun rikuh mastani gêmblung mring kula //

môngga ta nun nuntên mastanana sampun / tinimbang kang liya / kula gêmblung nomêr siji / padosana sajagad kula kang nglela //

asru nrambul brahmana kang kalih kumpul / sêsarêngan ngucap: / kula gêmblung langkung mêncit / wusing ngucap anêdha dèn wastanana //

klepat mundur wong kang ngucap nywara galur / wah botên sêmbrana / dene samya ngêsuk wani / mawèh samar maring janma kang miyarsa //

nulya umyung pra janma kang samya rubung / têmah kang brahmana / tiga pisan samya nisih / rêrêmbagan sarèh tan katara liya //

ingkang sêpuh muwus aris: adhuh-adhuh / ingsun wong têtiga / kêbacut tan wêruh isin / tinonton ing wong akèh dianggêp apa //

panêmuku

--- 338 ---

kabèh bae ayo mlaku / golèk bêbênêran / aywa mung tansah pradondi / êndi wose mundhak tan antuk wasana //

manthuk-manthuk wong kang kapindho wus mathuk / dènira angucap: / iku bênêr bisa mathis / dadya aran janma wêruh ing dêduga //

kang katêlu ngucap kang arasa nglulu / nyanga swarga pisan / ingsun datan nêdya kari / mati barêng linakon ing wong têtiga //

dyan sinaru kongsi anyabawa sêru / sira iku apa / iki aran rêmbug bêcik / sira têka kadi ngungasakên jaja //

datan luput rêmbug ingsun urut patut / kaya wong tan wikan / mring tataning tindak ngadil / kang wus têtêp tinata dening nagara //

kadi kang wus kêlumrah kêrêp winuwus / tatane ing desa / sanadyan adoh nagari / wus inganan[8] aran pangadilan desa //

kang pakantuk mrih aywa ingaran cubluk / payo wong têtiga / padha umarêk patinggi / kang winênang mariksa marang prakara //

wong têtêlu sarêngan samya lumaku / mung alon-alonan / ananging katon wigati / marma tinut janma kang samya uninga //

duk ing wau nyarêngi ing dhusun nuju / parêpatan desa / kang winênang angrampungi / prakara kang alit-alitan kewala //

lan ing ngriku ugi jinênêngan baku / brahmana têtuwa / kang nênimbang kukum ngadil / mrih ywa kongsi tuwuh rasa tan narima //

kang tinêmu sawarnaning parapadu / kang tuwuh ing desa / tanapi piutang alit / cêkap amung rukun samya anarima //

lamun nuju amariksa parapadu / umyunging patanyan / cocog lan kang dèn takoni / kaduk samya tan wigih micara sora //

marma lamun madêg pangadilanipun / janma ingkang prapta / andilir kadya ningali / tontonan kang mawèh rênaning pra janma //

tan adangu katungka brahmana têlu / sêsarêngan prapta / gumrudug kathah kang ngiring / kongsi mawèh cingaking kang samya mulat //

wontên muwus: wis ambacuta bae wus / lah iku sapa ta / dene gumrudug dèn iring / dene kongsi katon bangêt gawe gita //

dyan kadulu lamun brahmana têtêlu / ginrubyug ing kathah / lumaku rikatan sami / têmah mawèh gitèng pangadilan desa //

katon sêmu kang dahat anawung laku / nulya pra pituwa / umapag môngka ngurmati / pinrênah nèng palinggihan kang prayoga //

wusing lungguh têtanya kang pinisêpuh / lah wontên punapa / andika brahmana katri / sajarwaa sampun mawi taha-taha //

sêmu rikuh brahmana kang prênah sêpuh / alon nolih ngungak / pangadilan wus atampi / nulya nyapa mring janma sadayanira //

kabèh iku paran kang dadya sêdyamu / dene barêng prapta / apa ta sira umiring / maring para brahmana kang lagi prapta //

yèn ing sêmu kabèh bae sira iku / akaduk sêmbrana / datan nganggo sira pikir / mlêbu maring bale desa tanpa sêdya //

ayo mundur ywa padha gawe bêlawur / tatèng pangadilan / wusana sadaya sami / kalincutan undurira ngrasa gêla //

wusing samun tinanyan kamulanipun / praptèng bale desa / priniha[9] jarwa sajati / nulya murwèng atur mahyakkên prakara //

--- 339 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kawontênan ing Indramayu

I.

Garèng: Ora Truk, aku krungu têmbang rawat-rawat, nalika dina Minggu kang kapungkur kiyi kowe jarene mêntas ngiring pangantèn mênyang Indramayu, lo sing dadi pangantèn kuwi sapa, ana wong lunga kondangan têka ora ajak-ajak utawa cawe-cawe, apa kok kira aku ora bakal bisa matrapake awakku ana ing panggonane wong duwe gawe, anggonmu aku ora kok ajak kuwi. Cêkake nèk kakangmu sing mlètèng kaya leo kiyi, yèn mung dikon jagong bae, sanadyana nyang dalême priyayi gêdhe pisan, iya ora-orane bakal nguciwani utawa ngisin-isini, awit aku kiyi nèk bab tatacarane wong kondangan kuwi pancèn iya wis olèh dhêklomah têmênan, têgêse: anggonku matrapake awakku nyang sing kagungan gawe utawa manèh nyang dhayoh-dhayoh liya-liyane, iya wis undhig, apa manèh ing bab ambagi apadene panyangkinging brêkat, iya pancèn wis kampi ...

[Grafik]

Petruk: Hara, apa mèmpêr kuwi, ana bisa ambagi sarta nyangking brêkat, rumasane kok sawijine kautamaning wong jagong, sêtun-sêtun diwuwuhi pintêr andonga, hla, yèn mêngkono iya pantês saupama diaranana: jêmpolaning ... kêndhurèn. Ora Kang Garèng, mungguh pangantèn sing tak iringake ing dina Minggu kang kapungkur kiyi ora liya iya sadulurku sinarawèdi Bambang Saerun, up rêdhakturing layang kabar Siang Po ing Batawi, kang nambut silaning akrama, lamaking pramada, dhaup lan wanodya ing Indramayu.

Garèng: Wadhuh, Truk, sapisan kiyi anggonmu ngomong kawine kathik rentengan, nganti kaya wayang thithi (wayang golèk Tyonghwa). Wah, Truk, mêsthine iya rame bangêt, hla wong sing dadi pangantèn bae bangsaning redhaktuwir. Ambok iya jajal caritakna apa sing kok tongton ana ing Indramayu kuwi.

Petruk: Kang Garèng, sanyatane mono kanggone saiki aku rada ora kobêr yèn ta arêp crita akèh-akèh, awit sesuk aku kudu budhal nyang Karanganyar, Surabaya, Prabalingga, Bôndawasa lan sapiturute, lawase [lawa...]

--- 340 ---

[...se] kira-kira rong minggu, dadi saikine aku ribut bangêt ngêpak-êpaki barang-barang sing arêp tak gawa lêlungan.

Garèng: Wèthèthithèh, kathik le a ... ngê ... la ... ngut mêngkono. Lungamu kuwi têmtune rak iya gêgayutan karo pagaweyan ta, dadi lakumu mêsthine iya: on gêprangkir, alias lèkkêr kosondêr ongkos, têgêse: lêlungan, kang tanpa kelangan, nèk kabênêran, malah olèh turahan.

Petruk: Wiyah, bok aja mêlèhake mêngkono, kuwi rak nyuda kabrêgasanaku. Mêngko wong sing tak têkani utawa sing kêtêmu karo aku, rak banjur padha duwe gagasan mêngkene: Yak, arêpa pêtentang-pêtèntèng kae, wong ora ongkos dhewe, upamane wong kondangan mono, iya sing sandhangane kêmrompyong, ning barang silihan kabèh, dadi sanadyan panganggone brêgasa dikaya ngapa, sabên-sabên iya tansah lingak-linguk, nèk-nèke sing duwe barang milu jagong ana ing kono.

Garèng: Hara ta kono, kok banjur omong sing-sing mêngkono, wis, tumuli critaa bae ba[10] apa kang kosumurupi ana ing Indramayu.

Petruk: Kang Garèng, amrih aja kêdawan caritaku, tak jujug bae kalane pangantèn lanang, aku lan adhimu Makne Kamprèt, têkan ing Indramayu. Sing digawe jujugan dalêm kajêksan, wah, Kang Garèng, sanadyan aku durung tau têpung lan durung tau sumurup marang sing kagungan dalêm mau, ewasamono sadhela bae ana ing kono, atiku wis rumasa sênêng lan krasan, iya jalaran saka le urmat lan andêmênakake tangkêpe sing kagungan dalêm mau, nganti ora môntra-môntraa yèn lagi têpung bae.

Garèng: Mêngko sik, Truk, aku tak nyêlani. Mungguh sing kagungan dalêm kuwi apa watak santri, apa watak satriya. Lo, anggonku duwe pitakonan mangkono kuwi, awit watak santri lan satriya kuwi tumraping dhayoh ana gèsèhe sathithik, iya iku mangkene: tumrap santri kuwi wis jênêng wajib kudu nyubya-nyubya dhayoh sajêroning têlung dina, dene yèn wis liwat têlung dina dhayohe kok banjur malah kêpenakên jalaran kabèh-kabèh olèh gratis, lo, kuwi sing kagungan dalêm duwe wêwênang, dadi ora diwajibake, ngusir dhayohe mau, nanging pangusire iya kalayan dhêngên ormat, upamane bae mêngkene: Kalilana matur dhatêng nampeyang, dèn bèi tamu, benjing enjing kula badhe katamuan kalih pemahan, têmtunipun ing griya punika inggih badhe sêsak. Lo, kuwi nèk bangsaning dhayoh sing ora kagungan rai gêdhèg, nanging landhêp panggraitane, iya banjur ngrêti bae Jawane, sarta iya banjur: matur klilan, nèk wataking satriya, dhayoh kêna sakrêsa-krêsanya, mung gumantung ngêndi sing bêtah bae.

Petruk: Mungguh wawasanaku, tumrape sing kagungan dalêm sing tak pondhoki salawase aku lan Makne Kamprèt ana ing Indramayu mau, watak loro-lorone sajake padha kandêle. Jalaran, watak santri kuwi nyang dhayoh: 1e. kudu krama, têgêse: tondak-tanduke kudu rumakêt [ruma...]

--- 341 ---

[...kêt] lan gawe sênênging dhayohe, 2e. kudu boja, karêpe: sanadyan pasugatane ora sapiraa, nanging anggone ngacarakake kanthi lêga rila, kang agawe rahabe dhayohe, lan 3e. kudu ngrêsêpake anggone mrênahake dhayohe, karêpe ing kene paturone dhayoh uga dipikir kanthi têmênan, lo, têlu-têlune sing kagungan dalêm mau, ngênggoni kabèh, mulane aku wani ngomong yèn kagungan watak santri. Dene nèk nitik anggone diguyubi sarta dirukuni ing sadhengahing wong, kiraku nyang dhayoh ora tau kagungan bosên, mulane iya tak arani, yèn uga ngagêm wataking satriya. Blake bae rak iya wis cêtha, kuwajibaning kaislamane, anggone nindakake tanpa ana gothange, nanging nèk pancèn ana prêlune saupama diaturi Gambirsawit, kiraku iya tanpa nganggo ditarik-tarik barang dhisik.

Garèng: Iya sing kaya ngono kuwi sing diarani: priyayi tus, têgêse: ing sarèhning umume wong Jawa kuwi agamane Islam, iya ora lali anggone nindakake kuwajibane dadi wong muslimin, ing sarèhning isih jumênêng priyayi, iya ora kêna yèn banjur arêp ninggal prajane babarpisan, sanadyana diajak rame-rame angrenggong buyut upamane, iya kudu mênyat. Saya kompêlit manèh, yèn lêbar blanjan banjur têrus nyang kamar bolah ...

Petruk: Wiyah, wiyah, kok banjur kêdlarung-dlarung mêngkono omongane. Saiki aku tak ambanjurake critaku kalane ana ing Indramayu, nanging sadurunge padha lèrèn dhisik wedangan. Badhe kasambêtan.

Ulah Raga Mutawatosi

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun bôngsa Prancis ulah raga sarana ambeda banthèng. Tumrap ingkang botên anglampahi tamtu samar ing manah, nanging tumrap ingkang nglampahi namung sarwa sênêng.

Kados makatên mênggah kawontênaning tatacara satunggal-satunggaling nagari.

--- 342 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Pèrês pribumi.

Kawartos, benjing pungkasanipun wulan Marêt ngajêng punika sêrat kabar Pewarta Deli ing Medhan (ingkang mandhegani Tuwan Jamaluddin alias Adinagara) badhe ngêdalakên kalawarti satêngah wulanan, anama Abad ke XX, badhe ngêwrat bab sosiologi, kasarasan, wawasan umum saha kamajêngan rakyat. Kajawi punika ugi mawi kursus basa Inggris, basa Walandi saha basa Jêrman.

Wiwit benjing tanggal 15 Marêt punika ing Bêtawi wontên sêrat kabar enggal, anama Soeara Merdeka, ngêwrat bab kopêrasi saha bab sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan kabêtahan kabangsan.

Tuwan Mr. Sujana.

Tuwan Mr. Sujana kawisudha dados adpokat saha pokrul wontên ing Hooggerechtshof.

Toko sèkêt nêm kêbêsmi.

Miturut pawartos Aneta saking Medhan, ing Pêtumbukan wontên toko sèkêt kêbêsmi. Kapitunan kathah sangêt.

Ing Siantar wontên toko nêm kêbêsmi, kapitunan wontên 35.000 rupiyah.

Siti jugrug.

Miturut A.I.D. ing dhusun Indragiri, ondêr dhistrik Panawangan, Kabupatèn Ciamis kala dintên Ngahad ingkang kapêngkêr, bokmanawi jalaran saking kathahing jawah, wontên siti jugrug. Wontên tiyang 6 kêjugrugan, mayitipun ingkang satunggal sampun pinanggih.

Hèrlaut dhatêng Paris.

Kintên-kintên benjing tanggal 2 Mèi, Hèrlaut kanthi ringgit tuwin niyaga cacah 25 badhe bidhal dhatêng Paris, prêlu mitongtonakên kagunan Jawi wontên ing tèptunsêtèlêng.[11] Ing sanèrèngipun[12] miwit tèntunsêtèlêng, Hèrlaut badhe mitongtonakên kasagêdanipun wontên ing sanès panggenan, inggih punika mitongtonakên bêndhing-gêndhing[13] ing Indhonesiah.

Alihan dhatêng Bêngkulên.

Dèrèng dangu wontên malih tiyang sagolongan, inggih punika tiyang ingkang sami kecalan siti saha balegriya awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi, cacah tiyang 280, pangkat dhatêng Bêngkulên numpak kapal Tasman. Wontên tiyang 13 brayat saking Bagêlèn tumut ingkang sami alihan wau, nanging mawi waragadipun piyambak. Kajawi punika ugi wontên tiyang tani 4 tumut badhe nitipriksa kawontênanipun siti ing Bêngkulên.

Ing wêwêngkon Bagêlèn wontên kirang langkung tiyang 200 brayat ingkang manawi dipun waragadi, ugi purun alihan dhatêng Bêngkulên. Miturut H.N. komite Mêrapi sampun nampèni darma arta satêngah yuta rupiyah, saha miturut palapuranipun Gupêrnur Jawi Têngah, arta ingkang sampun dipun pasokakên kangge mitulungi para ingkang sami nêmahi kasangsaran awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi, ing tanggal 2 Pèbruari wontên 300.000 rupiyah.

Bupati Brêbês.

Radèn Sutirta Pringga Aditirta, samangke patih ing Brêbês, kawisudha dados bupati ing Brêbês, apdhèling Têgal. Panjênênganipun wau kapatêdhan sêsêbutan tumênggung.

Konggrès Indhonesia Raja.

Kawartos, konggrès Indonesia Raja ingkang pancènipun badhe dipun wontênakên ing Bêtawi, badhe dipun wontênakên ing Surabaya benjing pungkasanipun wulan Mèi ngajêng punika.

Stovia.

Tuwan A. Aniphah (Padhangpanjang) angsal iksamênipun perangan ingkang sapisan. Tuwan Radèn Karmawan (Bandhung) saha Tuwan J.C. Kapitan (Ambon) katêtêpakên dados Indisch Arts.

Baita Madura kakintunakên dhatêng Paris.

Wontên satunggalipun baita Madura kakintunakên dhatêng Paris, badhe kapitongtonakên benjing tèntunsêtèlêng. Agênging baita cêkapan. Baita wau wontênipun ing Paris tamtu badhe kathah ingkang ningali, awit kawontênanipun, tumrap bôngsa Eropah, kalêbêt nganèh-anèhi.

Talaga Cisaruah ambrol.

Kala malêm Rêbo kapêngkêr talaga Cisaruah, Cipanas, Priyangan, ambrol, toyaning talaga ngantos êsat babarpisan, ngantos angêlêbi margi ingkang panjangipun 70 mètêr, krêtêk lèpèn Ciwalèn larut katut toya, margi dhatêng puncak kaalang-alangan toya. Wontên tiyang ingkang tiwawas[14] sawatawis.

Griya pagantosan gupêrmèn enggal.

Wiwit benjing tanggal 1 Mèi ngajêng punika, ing Pontianak, Singkawang, Mêmpawah tuwin Sambas, badhe wontên bikakan griya pagantosan gupêrmèn enggal. Para punggawanipun kabidhalakên wontên ing wêkasaning wulan punika, kajawi pagantosan ing Pontianak, ingkang tiga sami dipun pangagêngi bêhirdhêr tiyang siti.

--- 343 ---

Tamu agung.

Badhe rawuhipun gupêrnur jendral ing Manila, tatananing lampah agêng, mawi ngawontênakên pakurmatan ing kapal-kapal pêrang ing Tanjungpriuk, tuwin baita sanès-sanèsipun, makatên ugi tumrapipun wontên ing dharat.

Asiah.

Pitakenan dhatêng Sang Gandi.

Ahmedabad 10 Marêt, (Aneta-Nipa). Nalika Sang Gandi ngayati damêl bidhal dhatêng Pandhi ing taun 1930, aprasêtya botên badhe wangsul dhatêng asrama ing Ahmedabad ing sadèrèngipun manggih kamardikan. Ing bab punika nuwuhakên pitakenanipun para juru kabar, punapa ing sapunika botên wangsul dhatêng asrama. Wangsulanipun, sagêd ugi wangsul bilih gronwèt sampun pinanggih wohipun wontên ing parêpatan. Ing sapunika narimah manggèn ing pundi kemawon, waton angsal têdha. Wontên pitakenan malih, kadospundi bilih parêpatan, al Indhiya konggrès ing Karasi botên dipun sambadani rêmbagipun dening Irwin. Wangsulanipun, bilih makatên, botên wontên tiyang badhe gadhah panêdha murih piyambakipun dhatêng ing parêpatan.

Mapag dhatêngipun Sang Gandi

Ahmedabad 10 Marêt (Aneta-Nipa). Ing dintên wau Sang Gandi wangsul saking Dhèlhi dhatêng Ahmedabad, wangsulipun wau gêgayutan kalihan wigatosing lampah kala wulan Marêt 1930 dhatêng Gandhi, nalika panjênênganipun mangagêngi prajurit manasuka tuwin panêrak ingka[15] bab undhang-undhang sarêm.

Para ingkang ngêtutakên sami bêbarisan urut ril sêpur mawi nyêbari sêkar tuwin arta dhatêng Sang Gandi, ingkang manggèn wontên ing klas tiga. Wontên satunggaling wanita Inggris misuwur nama Miss Slade ngêntosi dhatêngipun Sang Gandi, kados ngêntosi rawuhing ratu. Ombyaking tiyang botên kantên-tantênan,[16] nanging wilujêng.

Nyuwak awisan.

Bombai 9 Marêt (Aneta-Nipa). Pakêmpalaning para sudagar yêyasan barang ing nagarinipun piyambak, nyuwak awisan ingkang tumindak salêbêtipun wolung wulan, ing bab panyadening barang warni sêmbagi ngamônca ing pêkên among dagang Muljijetha, inggih punika satunggiling pêkên ngamônca ingkang atêng[17] piyambak ing Bombai. Prêlu kangge ngêdalakên tandhon barang ingkang taksih kandhêg.

Eropah.

Nata ing Albani, ingkang nuju gêrah.

Weenen 3 Marêt (Spec. B.N.). Prabu Ahmed Zogu, nata ing Albani, ingkang sapunika nuju wontên ing Ostênrik, badhe bidhal dhatêng Itali, prêlu badhe nêntrêmakên sarira, manggèn ing dalêm sadhiyan saking Sang Mussolini.

Para dhoktêr ahli sêsakit lêbêt, anyampuni anggènipun mariksa gêrahipun êlêt-êlêt sang prabu, nanging punapa pikantuking papriksan, botên kagiyarakên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2323 ing Munèng. Kajawèn tansah ajêg dipun kintun. Manawi botên dhatêng, têmtu wontên ingkang angganggu. Dhuplikat nomêr 13 saha 14/15 sampun kakintun. Nomêr 1 têlas.

Lêngganan nomêr 1628 ing Gunungsari. Inggih prayogi.

Lêngganan nomêr 4146 ing Susuhan (Jatinom), sêrat-sêrat dalah yatra f 1.45+f 0.05 = f 1.50 tumrap kuwartal punika sampun katampi. Wosipun, administrasi ingkang lêpat, jêr kintunan panjênêngan kalêbêt dhatêng bayaranipun tiyang sanès ingkang nunggil asma kalihan panjênêngan. Asarêng punika ngaturakên Kajawèn nomêr 14 dumugi 19.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2027 ing Magêlang. Ngahad Lêgi 28 Bêsar Jimakir 1850 dhawah 12 Sèptèmbêr 1920 môngsa katiga tumindak 19 dintên, wuku Langkir. Sênèn Pon, 8 Sapar Dal 1855 (lêrêsipun dintên Salasa Wage), dhawah tanggal 9 Sèptèmbêr 1924 môngsa katiga 14 dintên, wuku Galungan.

Lêngganan nomêr 732 ing Ngayogya. Sêtu Pon 26 Jumadilakir Wawu 1793 dhawah tanggal 26 Nopèmbêr 1864 môngsa Kanêm 19 dintên, wuku Galungan.

Tuwan A.K. ing Binje. Karangan bab lêbaran botên kapacak, amargi botên sapintêna bedanipun.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku kawruh padpindêr 1 iji karanganipun Tuwan A.M. Kartasudirja, ingkang dipun wêdalakên saha kasade dening toko buku M. Diwarna ing Kuthagêdhe.

Buku wau isi kawruh bab padpindêr, basanipun Jawi, sastra Latin, ukuran alit, kenging dipun kanthongi. Cacah 70 kaca, rêgi f 0.55.

Buku wau migunani tumrap para ingkang ambêtahakên.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 344 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

32

XV. Sasampunipun Prabu Tisa seda

[Asmaradana]

Apan wus kawarnèng ngarsi / wusing Prabu Tisa seda / ingkang gumantyèng pamase / ri nata Pangran Otiya / dènnya jumênêng nata / Sri Otiya laminipun / pinetang sadasa warsa //

salami jumênêng aji / kalangkung ambudidaya / marang ajênging prajane / nyantosani para wadya / myang mêmangun nagara / tanapi santosèng laku / maring para ulah kisma //

awit kang tigang prakawis / dadya baku mêngku praja / kadi kang raka tan pae / nanging mênggah jatinira / Mahaprabu Otiya / tan umirib raka prabu / ing bab tatananing praja //

dadya labêting narpati / kalokira tan sapira / mung kang nyata misuwure / sri nata dahat karênan / maring ulah agama / pantês kalamun sinêbut / nata ambêg pinandhita //

tan liya ingkang dèn udi / amung babagan agama / marma kathah yêyasane / candhi-candhi langkung endah / pinrênah angalela / amrih cêthaa dinulu / maring sanggyaning kawula //

tanapi wong môncanagri / lamun praptèng prajanira / nulya wruh mring kaanane / sanyata yèn praja Langka / ingkang jumênêng nata / ratu ing agama punjul / munjuli sasamèng nata //

lawan wus misuwur yêkti / ambêgira sri narendra / murah asih sêsamane / suka payung kapanasan / têkên kalunyon marga / paring sandhang kawlasayun / mawèh suka wong duhkita //

nênggih yasanira candhi / kang wus misuwur sapraja / ran Amustalê tunggule / datan ana kang mêmadha / dene ta dunungira / anèng Mihintila gunung / dinulu katon malela //

mangkya cinêkak ing tulis / amung pinèt gancarira / kang wus kocap sadayane / yèku kadangira nata / cacahira sadasa / sadaya umiyos jalu / kawratan jumênêng nata //

ananging sadaya sami / salami jumênêng nata / tan manggalih mring anane / ing bab paprentahan praja / wajibirèng narendra / kang dèn udi salami mung / ngudi lakuning agama //

yasa griya-griya suci / sabên papan kawaratan / marma sanggyèng kawulane / mung rumungkêb mring agama / têmah adêging praja / kêndho kasantosanipun / sinawang mawèh kuciwa //

sri nata kongsi kêlingsir / kêtungkul ulah agama / têmah pinangguh tan sae / awit wus kalêbèng tata / kalamun nama nata / mung nêru agamanipun / datan ngraharjani praja //

miwah kang kawula alit / anggung awayang-wuyungan / koncatan kasantosane / lan suda piandêlira / mring panjênêngan nata / dening tan nate kêpêthuk / kêsrambah kawasanira //

kang mangkana iku yêkti / pinangguh nèng praja Langka / sadaya pra kawulane / samya tindak andaleya / datan wruh tatèng praja / kang ulah dêdamêl lumuh / among dagang datan arsa //

amung kêtungkul ngrungkêbi / maring tataning agama / mung kadi wong tani bae / têntrêm tanpa kasantosan / gêsanging pasrawungan / tan pisan-pisan ginilut / tan wanuh mring tôngga desa //

sabên ari mung ngayati / ayasa bale agama / mung mangkana salamine / datan pisan amêmanah / maring diwasanira / yèn antuk ewuh pakewuh / tinêmpuh mêngsah prawira //

dupi kang praja kêtitik / ringkih tanpa kasantosan / têmah tuwuh tindak dede / kawula ingkang kaduga / kang nguni wadya nata / dupi samya cêtha wêruh / mring kaanan kang mangkana //

samya umadêg pribadi / nindakakên pangawasa / dadya ratu alit mangke / ngirup sakawasanira / marma ing praja Langka / dangu-dangu kathah ratu / ingkang umadêg priyôngga //

riwusing ngrasa kadugi / samya lumuh binawahna / dening nata kamulane / têmah narendra samangkya / iyèku Nara Tisa / kadang Sri Tisa ing dangu / kalangkung duhkitanira //

ing galih wus tan kadugi / mangrèh maring para nata / kang umadêg dhewe-dhewe / ing satêmah minta sraya / mring janma liyan praja / bôngsa Tamil samya punjul / kêkalih mrih têtulunga //

nyirnakna pra ratu alit / kang samya madêg priyôngga / mrih ywa dadya kalilipe / nanging tindak kang mangkana / sajatinira tuna / awit janma kalihipun / samya mumpuni ing guna //

uning salwiring wêwadi / datan samar jatinira / marang ing atèn-atène / para kang umadêg raja / datan pisan santosa / mila ing sapraptanipun / tinêmpuh tan môngga sesa //

tan antara têluk sami / riwusing mêngsah kasoran / ing mangkya santun ambêge / arsa anglut sri narendra / ingkang minta saraya / pinarjaya pisan rampung / rinêbat praja ing Langka //

risang prawira kêkalih / nulya umadêg narendra / ing Langka winêngku kabèh / umadêg kêmbang sapasang / têtêp nèng praja Langka / kongsi kalih likur taun / lulus tanpa sambekala //

dene pra kawula sami / duk kang jumênêng narendra / bôngsa Tamil kêkalihe / ing tyas kalangkung sungkawa / dening winêngku nata / kasar paprentahanipun / murka datanpa ngapura //

môngka pra kawula sami / kang asli janma ing Langka / alus-alus dhêdhasare / myang ngrasuk agama Budha / lambaran kautaman / marma nalôngsa kalangkung / rinèh janma kang mangkana // (Badhe kasambêtan)

--- 93 ---

Nomêr 23 taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu

Marang adhi: Sutasman

Aku bungah bangêt wêruh batanganmu kang kamot ing Kajawèn nomêr 13, saiba gêdhene atiku, dene têka ana bocah kang gêlêm anggatèkake lan mikir cangkriman kanggo ngasah budi kang kamot ing Kajawèn nomêr 7, dadi gênah sumurupku yèn Kajawèn iku ora ngêmungake disênêngi dening para wong tuwa-tuwa bae, malah bocah uga ora gêlêm kari amigatèkake kang kamot ing Kajawèn.

Kêjaba saka iku, rada suwe olèhku mangsuli marang si adhi, awit nalika aku ngirimake cangkriman kang kamot ing Kajawèn nomêr 7, wis dak kanthèni batangane pisan. Sarèhne wis tita ora diêmot, dadi aku kêpêksa mangsuli marang si adhi.

Bangêt bungah lan narima marang si adhi Sutasman kang gêlêm migatèkake cangkrimanku, ananging rada gêla sathithik, awit si adhi rada sêling surup ing panampane unèn-unèn kang ana ing Kajawèn nomêr 7, saupama ora kêliru, kiraku iya bisa bênêr pambatange. Ewadene yèn dak pikir manut panêmune si adhi, iya ana bênêre uga. Ananging kawruhana adhi: yèn pamacamu kurang satiti sathithik, ing Kajawèn nomêr 7 unine cangkriman mangkene: roti kang dak tutupi mangkok iki kêna kopangan, nanging aja kobukak tutupe. Ora: roti kang dak tutupi mangkok iki, kêna kok pangan ora kêna ambukak tutupe. Malah ênggone ambalèni Si Suwignya luwih têrang manèh, mangkene: Mul, kowe kêna mangan roti iki, nanging ora kêna kobukak tutupe.

Ing cangkriman mau ana bocah têlu: Suwignya, Sabar, lan Mulya, yèn nitik calathune Suwignya kang kapindhone: têrang sumurupmu, yèn sing dicêlathoni dening Suwignya: Si Mulya. Dadi Mulya kêna mangan, nanging ora kêna ambukak tutupe. Môngka Mulya duwe rewang Si Sabar. Dadi saupama Si Sabar sing ambukak tutupe, lan Si Mulya sing mangan, kêna apa ora. Kêna bae, awit Si Mulya ora nglakoni ambukak, nanging sing ambukak Si Sabar. Dadi têrange: Sing kêna ambukak kudu wong liya, sing mangan, sing dicêlathoni.

Ing wasana pangarêp-arêpku, wangsulan sathithik iki muga gawea marême si adhi.

Kakangmu: Ra.

--- 94 ---

Anggèr: Ra, batanganmu kang dhisik pancèn durung dipacak, awit karêpku ngêntèni atuse sing padha ambadhe. Satêmêne kang ambadhe akèh, nanging saupama dipacak kabèh agawe bosêne sing maca, awit surasane padha bae. Mula tumrap para kaponakanku kabèh, sumurupa, bênêring batangan kala[18] ing dhuwur mau.

Pakmu Sêbul.

Kodhok Gêmblung

Candhake Kajawèn nomêr 19.

Iki dongèng kodhok gêmblung sambungane Kajawèn dina Sêtu kêpungkur. Cêkake kodhok atine mantêp, ora wêdi manèh mênyang bango, malah anggone ana sajêroning banyu kêrêp nyenggoli sikile bango.

[Grafik]

Sawise lèrèn sawatara, kodhok calathu: Aku sida wulangên têmbangan lo, bah.

Bango: Yèn aku mulang kowe kuwi ran[19] digêguyu uwong, awit suwaraku iki èlèk, gêdhe nanging sêbah, kêrêp bae yèn aku nuju ura-ura dielikake tôngga. Seje karo kowe, suwaramu lantas bêning, yèn bêngi cêtha, kumandhange nganti kaya sundhul langit. Saka bêcike suwaraning kodhok, manungsa nganti gawe gêndhing sing diarani kodhok ngorèk, kanggo nabuhi pangantèn têmu.

Kodhok krungu têmbung mangkono mau, atine gêdhe bangêt, rumasa dhadhane nganti kaya jêbol-jêbola, ora ngrêti yèn uni mangkono mau têmbung pangonggrong, malah kodhok banjur muni: kung, anggone nyuwara dikayang.

Bango reka-reka anjumbul karo nyuwara: kagèt, aku. Wah, ana suwara athik sasat mriyêm, ning kapenak dirungokake.

Barêng kodhok nyuwara: kung sêru, akèh iwak padha têka, kaya ta: lele, wadêr pari, kutuk lan liya-liyane, kabèh banjur padha takon mênyang kodhok, ana gawe apa awan-awan nabuh gamêlan.

Kodhok mangsuli: Aku iki rak ngurmati simbah, gilo iki sikile. Kene padha namatna.

Wadêr pari: Iki rak sikil bango, manuk gêdhe amaning para bêburon ing banyu. Aja padha nyêdhak lo ca, mêngko kowe sida diuntut têmênan.

Kodhok: O, sing duwe pokal kaya ngono kuwi rak bango dudu bangsane simbah, yèn simbahku iki rak bango pandhita, kacèk mung durung nganggo kêthu bae.

Kutuk nyêlani: Kodhok, sanadyan kowe iku karo aku seje bôngsa, nanging jênêng tunggal kampung, aku wajib ngelikake, kowe aja bangêt-bangêt ngandêl mênyang bango, bêcike kuwi rak [ra...]

--- 95 ---

[...k] mung lair bae. Yèn kêduwung lo.

Bango rada krasa atine, tansah disujanani, nanging atine têtêg bae, reka-reka ora ngrungokake mênyang gunême kutuk, banjur clathu mênyang kodhok: Mas putu, wong urip iku wajib anjajah mênyang sêsurupan, aja dupèh kowe kodhok, sêsurupanmu mung ing bab kaanan sajêron banyu bae.

Kodhok: Êmbah, yèn aku iki rak wis kêna diarani wong anjajah, yèn sore plêsir-plêsir ana dharatan, nyawang omahe wong-wong akèh, nonton angsluping srêngenge.

Bango: Apa yèn kowe nuju plêsir, atimu ya sênêng, mas putu.

Kodhok: Wah, sênêng bangêt, bah. Saka sênêngku, aku yèn malaku nganti nyirig-nyirig.

Bango: Lagi ngono bae kowe wis sênêng, iba saupama kowe bisa plêsir ana ngawang-awang.

Kodhok: Kapriye bisaku plêsir ana ngawang-awang, wong aku ora duwe wulu.

Bango: Kowe kuwi ngilang-ilangake anggonmu duwe êmbah aku.

Kodhok: Apa kowe bisa anggawa mibêr aku, bah.

Bango: Bisa bangêt. Wah, cêkake sênêng kowe. Wis, anggêguyua aku, pratikêlku mangkene: anjupuka sukêt sing dawa-dawa, ubêd-ubêdna sikilku loro, mêngko ênggonên palinggihan.

Kodhok tanpa mangsuli banjur golèk sukêt, lan ditampar nganti kaya dhadhung, atine gêdhe bangêt, sajak pamèr karo para iwak, unine: Saiki aku dadi Radèn Ôntarêja, manggon ana sajêroning banyu, sadhela êngkas dadi Radèn Gathutkaca, mabur ana dirgantara.

Kutuk calathu: We lah, katiwasan kodhok, kowe.

Bango: Wis durung, kodhok. Ayo êndang mapana.

Bango anggone calathu mangkono mau sêlak kuwatir yèn si kodhok anggugu mênyang gunême kutuk.

Kodhok mangsuli: Mêngko sik, bah, tak anjukuk règênyas karo têkên dhisik.

Jothakan

Bêja karo Jirih iku padha bocah tunggal sadesa, iya dadi kancane dolan, nanging bocah loro mau lagi ora rukun, awit mêntas grêjêgan, mungguh jalarane, Bêja karo Jirih mau tau kêrêngan, Si Bêja kalah. Iya wiwit dhèk samana banjur padha nêng-nêngan.

Satêmêne tumrape Si Jirih ora niyat arêp ngênêngake Bêja, awit Jirih iku bocah lumuhan. Malah tau, Jirih kêpêthuk Bêja banjur ngaruh-aruhi: Mênyang ngêndi, Ja.

Bêja diruhruhi mangkono mau mênêng bae, dadi Jirih banjur ngrasa yèn diênêngake. Sauwise mangkono, Jirih banjur kêtêmu Saeran, kôndha mangkene: Ran, aku dijothak Si Bêja.

--- 96 ---

Saeran: Apa iya. Coba tak takonane. La kae kabênêran, bocahe liwat. Ja, Ja, kowe anjothak Si Jirih.

Bêja ora mangsuli, mung malaku karo anjêkutrut.

Saeran banjur muni manèh: Bêcik. Saiki kowe dadi mungsuhku.

Wiwit dhèk mau Jirih ditêtêpake jothakan karo Bêja, bocah loro mau salah siji, sabên kêpêthukan bocah liya, banjur kôndha, upamane Si Bêja takon mênyang bocah: aku jothakan karo Jirih, kowe milu sapa. Pitakonan mangkono mau banjur diwangsuli milu salah sijine. Sawise ngono, êndi sing tunggal golongan, ya banjur ora aruh-aruh mênyang golongan liyane. Dene sing diênggo jêjêr adêging pasulayan mau Si Bêja karo Jirih.

Bêja sabên dina tansah midêr-midêr golèk kônca. Sawijining dina Bêja lagi angon wêdhus, kêtêmu karo kancane angon, jênêng Jênthot. Bocah mau dêdêge ipêl-ipêl, sikile suku mlêbu, nandhakake yèn rosa. Bocah loro sawise ngumbar wêdhuse ana pangonan, banjur padha linggihan ana ngisor wit asêm. Jênthot calathu: Aku krungu jare kowe jothakan, Ja. Karo sapa.

Bêja: Karo Jirih. Anu ta, Thot, kowe milua aku.

Jênthot: Sapa ta panggêdhene Si Jirih.

Bêja: Si Saeran.

Jênthot: Babo. Kuwi pancèn mungsuhku.

Bêja atine gêdhe bangêt, rumasa dipanggêdhèni bocah pêng-pêngan. Banjur mundhak gêmaibe, yèn malaku diagawe-gawe. Nanging Bêja kuwi satêmêne yèn kêrêngan jirih.

Kocapa, gênti Si Jirih. Dheweke iya golèk kônca, wis olèh, nanging sing akèh mung bocah cilik.

Wis dadi adate wong jothakan, anggêr nuju kêpêthuk jothakane banjur padha mlêruk, yèn sing rumasa mênang, wani andhèhèmi, têgêse ngajak kêrêngan. Saka mantêpe anggone padha nganggêp mungsuh, nalikane jothakan mau, siji-sijining bocah nganti ora gêlêm nyêbut jênênge, mung ngarani si anu bae, orane iya ngarani wadanane.

Satêmêne jothakan kuwi ora ana bêcike, pakolèhe mung ngrênggangake karukunaning bocah. Nanging kapriye manèh, wêwatakaning bocah kuwi wis mangkono. Wiwit isih cilik, yèn kumpul lan padha bocah cilik arang rukune, lagi kumpul sadhela bae wis ana sing jêlèh-jêlèh utawa nangis. Mêngko yèn gêdhe sathithik, grêjêge wiwit nganggo pikiran, saya yèn wis sak Si Bêja utawa Si Jirih, kuwi panganggêpe anggone mungsuhan nganti kaya wong arêp pêrangan, nganggo bala barang. Sing diarani bala iku, kancane sing tunggal golongan.

Dongèng iki lagi têkan têtêping Jirih karo Bêja lagi jothakan. Suk Sêtu ngarêp disambungi.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 22, 27 Sawal Taun Jimawal 1861, 18 Marêt Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [345] ---

Ôngka 22, 27 Sawal Jimawal 1861, 18 Marêt 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Acèh

[Grafik]

Sêsawangan lautan tawar ing Burnikaul, cêlak Takengon.

--- 346 ---

Bab Ringgit

Prabu Wasanta

Prabu Wasanta punika nata ing Gajahoya putranipun Prabu Astimurti. Kacariyos nalika ingkang jumênêng nata ing Withara[20] Prabu Basukeswara, utusan dhatêng Gajahoya mundhut putranipun putri Rêsi Basudara nama Dèwi Yukti, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Basukêthi. Nanging karsa nata wau botên kasêmbadan, amargi Dèwi Yukti ical tanpa karana.

Atur makatên wau andadosakên sêling sêrêpipun Prabu Basukeswara, wêkasan lajêng andhawuhakên dêduka, Rêsi Basudara botên kaparêng manggèn wontên praja, kadhawuhan manggèn wontên wana.

Prabu Wasanta mirêng dhawuh nata Wiratha ingkang makatên wau, sakalangkung murina ing galih, awit Rêsi Basudara punika ingkang rama marasêpuh, botên lila dipun patrapi paukuman makatên. Nanging Rêsi Basudara sakalangkung ing pamambêngipun, sampun angalang-alangi kaparênging ratu, mindhak angsal bêbênduning dewa, luwung anglampahana punapa sadhawuhipun, bokmanawi sagêd angsal pangapuntên. Prabu Wasanta namung kèndêl kemawon, nanging ing batos botên narimah. Dene Rêsi Basudara kalampahan kesah saking praja.

Ing wusana Dèwi Yukti sagêd pinanggih dening Prabu Basukeswara, ing ngriku dados tôndha têmêning aturipun Rêsi Basudara, mila lajêng pinaringan pangapuntên, kalampahan Rêsi Basudara kaboyongan wangsul dhatêng Gajahoya malih.

Nanging sajatosipun Prabu Wasanta ing galih tansah botên anarimah, rumaos manawi ingkang rama marasêpuh sangêt dipun rèmèhakên, botên sumbut kalihan kalêpatanipun. Kaparêngipun Prabu Wasanta lajêng badhe ngratu piyambak, botên karsa kêrèh dhatêng Wiratha. Naning bab karsanipun wau sangêt dipun pambêngi. Ing sanalika Prabu Wasanta namung kèndêl kemawon, sarêng sampun sawatawis dintên, malah tata-tata anggènipun nêdya ngayoni praja Wiratha. Ing ngriku andadosakên sungkawanipun ingkang rama marasêpuh, lajêng andadosakên gêrah wêkasan seda.

Sasedaning marasêpuh, Prabu Wasanta saèstu ambalela jumênêng nata piyambak, animbangi nagari Wiratha, lajêng santun jêjuluk Prabu Pratipa, inggih Prabu Dewamurti, praja Gajahoya dipun lih nama Ngastina, inggih kala punika wiwitipun wontên nama nagari Ngastina.

Bab punika inggih sampun kauningan saking praja Wiratha, nanging botên dipun punapak-punapakakên, awit botên angêngirup tiyang, mila namung dipun anggêp kados lare mothah kemawon. Nanging dangu-dangu bab punika inggih dados panggalihan, Prabu Basukeswara lajêng mundhut pamrayogi dhatêng para nata ing bab pambalelanipun nata ing Ngastina. Aturing para nata mrayogèkakên supados kalurugan, upami latu mupung dèrèng kalajêng andados, gampil sirêp-sirêpanipun. Nanging Prabu Basukeswara dèrèng marêngakên, awit dèrèng wontên tandhanipun angêlar jajahan,

--- 347 ---

wusana kênthêling rêmbag, prayogi dipun sarantosakên ngantos sataun malih, manawi Prabu Wasanta mêksa puguh botên sumiwi dhatêng Wiratha, sampun sêdhêngipun dipun gêbag ing pêrang.

Dèrèng ngantos kalampahan wontên pasulayan, kasêlak Prabu Basukeswara seda, ingkang gumantos nata ing Wiratha Prabu Basukêthi. Ing ngriku Prabu Pratipa saya rumaos kadugi mêngsah praja Wiratha, awit ingkang jumênêng nata kaprênah anèm. Malah Prabu Pratipa lajêng mirêng wartos, bilih Prabu Basukêthi linggar saking praja, ratunipun dipun wakili rayi nata nama Arya Basukètu.

Prabu Pratipa lajêng utusan dhatêng praja Wiratha, andhawuhakên dhatêng wakil nata, kadhawuhan sowan dhatêng Ngastina sawadya Wiratha sadaya, badhe dipun pranata, ananging wakil nata Wiratha namung nyanggi krami kemawon.

Sarêng utusan Ngastina wangsul, saha ngaturakên wangsulanipun Arya Basukètu, Prabu Pratipa sakalangkung duka, lajêng dhawuh badhe nglurug dhatêng Wiratha, nanging dipun pambêngi, botên dipun prayogèkakên dening mêngsah praja ingkang nuju botên wontên ratunipun, nanging sang prabu mêksa adrêng ing karsa, lajêng bidhal anglurug dhatêng Wiratha.

Kacariyos Arya Basukètu inggih lajêng rêmbagan, praja Ngastina prayogi dipun lurugi punapa botên, rêmbaging pêpatih nata, prayogi dipun kintuni sêrat kemawon, ingkang suraosipun supados Prabu Pratipa èngêt. Wusana dèrèng ngantos kalampahan, kasaru sowanipun punggawa tamping, ngaturi uninga dhatênging mêngsah saking Ngastina. Ing ngriku pêpatih Wiratha lajêng undhang amêthukakên, sadumugining jawi kitha lajêng campuh pêrang sakalangkung rame, gêntos unggul, gêntos kasoran, dangu-dangu wadya Ngastina tansah kasoran, wusana Prabu Pratipa miyosi pêrang, dipun papagakên Arya Basukètu, pêrangipun rame sangêt, gêntos kalindhih, nanging dangu-dangu Prabu Pratipa kasoran, seda wontên ing paprangan, layon muksa. Sedanipun Prabu Pratipa atilar putra tiga, Radèn Dewapi, Radèn Bahlika tuwin Radèn Santanumurti.

Bab Tanêman

Katès

Rumiyin kula sampun nate ngandharakên katès, sapunika damêl karangan bab katès malih, amargi kula manggih sêsêrêpan sanès. Mirid kawruhipun para ahli tanêm tuwuh katês punika dede têtuwuhan tanah Jawi asli, ingkang kangge waton panitikipun, amargi ing wana-wana tanah Jawi ngriki dèrèng nate wontên tiyang mêndhaki katès tuwuh wontên ing satêngahing wana, beda têtuwuhan sanèsipun kados ta: jambu, pêlêm, dhuku, manggis, rambutan lan sapanunggilanipun, ing wana-wana kathah, punika titikanipun têtuwuhan ing tanah Jawi asli. Manawi dipun gagas-gagas kathah lêrêsipun, dados [da...]

--- 348 ---

[...dos] katès punika têtela bêktan saking nagari sanès. Nitik gêsangipun asli saking hawa bêntèr, pramila tumrap ngriki ingkang kathah ing pasisiran, punika nocogi gêsangipun, tur sêmunipun ugi nêdha pasitèn ingkang kathah wêdhinipun.

[Grafik]

Katès gamblok.

Katès punika wontên warni 2, katès gamblok tuwin katès sabrang. Katès gamblok punika uwitipun sagêd agêng, nanging uwohipun malah alit-alit, gantilanipun cêkak, pramila katingalipun pating gramblok, amargi wohipun kathah, riyêl sungsun timbun. Kados nami gamblok wau mêndhêt saking kawontênaning uwoh. Katès wau matêngipun langkung eca katimbang sanèsipun, inggih punika lêgi anglêg. Wontên ingkang mastani katès jawi, jalaran sampun mratah, ing pundi-pundi asring wontên, ananging manawi miturut atur kula ing ngajêng lajêng botên lêrês. Ingkang makatên punika saking pangintên kula katès wau wontênipun ing ngriki sampun dangu sangêt, dados talêring cacriyosan sampun botên katingal.

Lajêng ingkang dipun wastani katès sabrang, punika têmtunipun bêktan kantun-kantun, katèsipun agêng-agêng, gantilaning uwoh panjang, uwohipun botên kathah, uwitipun alit lan baku botên patos panjang umuripun. Uwoh wau tiningalan saking katêbihan pating grandhul, pramila wontên ingkang mastani gandhul, punika têmtu saking ngriku aslinipun.

Dados katès punika wontên ingkang mastani gandhul, punika têmbungipun cara Banyumas sapangalèr, lajêng tela gantung (tela gumantung), punika têmbung cara Surakarta. Dene katès kintên kula nami salugunipun, kilap basa punapa punika awit kula ugi dèrèng mirêng asalipun katès saking pundi.

Sapunika gantos ngraosi sadhèrèk Jawi dhatêng wowohan lugunipun botên patos amanah, ananging nanêm katès inggih sampun rêmên, jalaran paedahipun sampun sami nyumêrêpi, kados ta: kadamêl kêlanan, punika wohipun ingkang anèm. Badhe kasambêtan.

Sumadi.

--- 349 ---

Panglipur Manah

Brahmana Gêmblung

IV. Sabab-sababing Prakawis.

[Mijil]

Kang pinriksa nulya amurwani / aturira alon / kula sami brahmana jatine / sowan kula nglênggahkên prakawis / parênga ngadili / ingkang adil têrus //

ing sakawit kula tiyang katri / nèng marga kaprêgok / janma anèm prajurit pangkate / dahat urmat maring kula sami / kula tiyang katri / ing tyas nuli tuwuh //

sintên baya ingkang dèn urmati / ing prajurit anom / nulya rêbat lêrês sadayane / samya ngakên sarira pribadi / kang tinuju gati / têmah rame gupyuk //

ing wusana rêmbag kula katri / anusul kemawon / mring prajurit prayogi tinakèn / sintên ingkang nyata dèn urmati / têmah gêlêng sami / tiyang tiga nusul //

wusing sagêd kêtututan margi / janma tiga katon / kang prajurit nulya kèndêl bae / datan dangu tumuli mangsuli / kang kula kurmati / kang kalangkung gêmblung //

sakala gêr gumuya kang myarsi / rêg ambata ruboh / nulya wontên kang wacana mangke / têka anèh têmên kang prajurit / sagêd damêl gonjing / mring andika têlu //

ananging ta lajêng kadospundi / kang tinagih golong / datan gampil tinêtêpna mangke / awit mokal puruna ngakêni / sintên ingkang sudi / tiyang ngakên gêmblung //

brahmana kang ngucap angambali / ingkang alon-alon / pangadilan tan titi mriksane / atur kula rak dèrèng dumugi / sampun pun sêlani / nama munggêl catur //

yêktosipun kula tiyang katri / kula ingkang mrojol / langkung gêmblung tinimbang kang sanès / brahmana kang siji anyêlani / padosa sasasi / mung kula kang gêmblung //

bab punika apan wus kayêktin / winruhan sanggyèng wong / malah gêmblung kula wiwit lare / brahmana kang katêlu nyambungi / nanging kang nungguli / kula gêmblung nglantur //

awit nyata darahing wong baring / pan punika yêktos / pasamuwan rinungu arame / kang tan tahan kêpêksa nglungani / wêtêng dèn pijêti / atos saksat watu //

kongsi èmêng kang arsa ngrampungi / alon atêtakon / dene têka sakalangkung rame / rêrêbatan prakawis tan gati / luwung kèndêla wis / botên prêlu nglantur //

brahmana tri mandêng amucicil / juga munya songol / lah bok sampun tansah ngêndhêg bae / atur kula pan dèrèng dumugi / watêking ngadili / kêdah galih mulur //

pangarsaning janma kang ngadili / amangsuli alon / kula botên pisan ngrèmèhake / tumibaning adil têtêp pasthi / mung nyatane ugi / anggung gawe guyu //

brahmana kang kapindho mangsuli / yèn makatên yêktos / ngandikaa maton malah sae / katudinga kang kalawan titis / sintên kang sayêkti / sagêd damêl guyu //

kang pangarsa mangsuli nyêkikik / pan sami kemawon / samya damêl gujêng sadayane / kang brahmana tri samya ngèncêpi /

--- 350 ---

ngrasa tan kadugi / tinuju ing catur //

nulya matur brahmana sakawit / mila alon-alon / kamirêngna kula matur mangke / pangadilan tamtu sagêd ngadil / yèn sagêd mastani / mring kang langkung gêmblung //

aturira kang mangkana nuli / linut gujêng golong / pan mangkana pangarsa wuwuse / yèn mangkana aran datan gampil / tan prêlu mèt saksi / kang nêtêpkên luput //

dados ingkang wajib mitêrangi / tan kenging liyan wong / amung kêdah andika tri dhewe / pundi ingkang gêmblung amunjuli / lah punika pasthi / ingkang mênang ngukup //

duk miyarsa kang brahmana katri / lêga trusing batos / aturira lêga kula mangke / kula lajêng badhe jarwa sami / urut siji-siji / mrih cêtha rinungu //

kang pangarsa dahat nayogyani / nulya dhawuh alon / lah sumôngga wiwitana age / sampun mawi sônggarunggyèng galih / pangadilan ngriki / ingkang arsa ngrungu //

brahmana tri arsa rêbat ngarsi / labêt sêlak notol / arsa jarwa ing lêlampahane / nanging nulya pinrih siji-siji / urut awêwarti / ing bab gêmblungipun //

wusing tata maju kang sawiji / ing sêmu katonton / mêmpêng adrêng sasolah ginawe / linut dhèhèm kang ambanyu mili / sinambêtan nuli / ing gujêng gumrunggung //

rasaning tyas kang ginujêng mangkin / malah suka notog / awit ngrasa lamun gêmblung dhewe / nanging datan kobêr amiwiti / dening usrêg sami / wong kang nonton maju //

sanggyaning kang janma kang umiring / gumrudug prapta brol / wus tan kêna pinênggak lêbune / nulya têpung lir ngêpung kêndhuri / sêlak arsa uning / wahyaning kang wuwus //

wusing mapan samya pating klisik / myang sês sênthor-sênthor / môngka sambèn amiyarsakake / dene ingkang brahmana kêkalih / lênggahira miring / lir tan arsa ngrungu //

tan darana pangarsa ngabani / hèh hèh sanggyaning wong / ywa anggugu karêpira dhewe / piyarsakna ywa pating kalêsik / yèn datan mraduli / kalakon sun tundhung //

sira samya tan uning ing gati / tan wruh tataning wong / anggonira samya ana kene / aran anèng ngarsèng bale niti / sira datan kêni / darbe tindak saru //

lawan manèh yèn sira ngèlingi / prakara kang katon / tuwuh saka wong kang luwih kabèh / ingkang wajib sira padha wêdi / têka sira sami / wani anggêguyu //

yèn ta kongsi dèn sêrêg prakawis / sirèku kalakon / anampani patrapan agêdhe / kang ingaran kaluputan luwih / dene sira wani / samya anggêguyu //

lamun sira têtêp arsa bêcik / lan kaparêng manggon / anèng kene nrapna tata sae / aywa wani ngucap anjêgigik / wis linggiha sami / mituhua tutur //

ing sakala cêp tanpa cumuwit / upama ana dom / kang tumiba nyuwara kumlènthèng / awit saking anyênyêt kapati / kang pangarsa nuli / sasmita mrih tutur //

kang brahmana nulyarsa murwani / sarwi nolih alon / angulati brahmana kalihe / wusing cêtha wruh dènnya alinggih / nulya dhèhèm ririh / gambuh murwèng atur //

--- 351 ---

Kawruh Sawatawis

Ambêbêdhag

Sambêtipun Kajawèn nomêr 21.

Munduring pakaryan ambêbêdhag, kabêkta ugi saking cacahing bêbujêngan wana ingkang saya dangu saya kirang, amargi wananipun saya dangu ugi saya ciyut, jalaran dados nagari ingkang gêmah ripah lohjinawi. Saicalipun bêbujêngan wana lajêng kêsusul dhatêngipun bôngsa ngamônca warni-warni ingkang sami pados pangungsèn. Ngantos dumuginipun sapriki pakaryan ambêbêdhag punika lajêng botên kenging kasêbutakên panggaotan malih. Kados ingkang sampun kula pratelakakên ing nginggil, têtêmbungan panggaotan wau mathukipun lajêng kasantunan têtêmbungan: kasênêngan utawi ulah raga.

[Grafik]

Sima ingkang kasanjata dening sagolonganing veldpolitie ing Rangkasbêtung.

Sawênèhing tiyang wontên ugi ingkang gadhah pangintên, bilih kasênêngan utawi ulah raga ambêbêdhag wau sagêd sirna babarpisan, awit tumrapipun manungsa ingkang anggadhahi watak sami-sami gêsang wontên ing ngalam donya, sagêd mastani bilih mêjahi sato kewan punika kajawi botên wontên paedahipun, ugi mêmêlas. Samantên wau manawi sanès kewan ingkang adamêl kapitunan tumrap manungsa, ambêbayani, tuwin botên badhe katêdha.

Kados ingkang sampun kula andharakên ing nginggil, pakaryan ambêbêdhag punika, mênggah prêlunipun kenging kapilah dados tigang warni, inggih punika:

1. Minôngka panggaotan.

2. Minôngka kasênêngan lan

3. Minôngka ulahraga.

Tiga pisan wau saking pamanggih kula, lêrês sadaya. Pakaryan ambêbêdhag minôngka panggaotan, kados sampun cêkap anggèn kula nêrangakên, inggih punika kamelik wacucalipun.

Kajawi saking punika pakaryan ambêbêdhag punika, kenging ugi katindakakên minôngka kasênêngan, awit manawi tiyang pinuju bunêk manahipun, trêkadhang [trê...]

--- 352 ---

[...kadhang] kasusahanipun wau lajêng sagêd kabucal wontên ing wana, sarana ambêbêdhag. Miturut dêdongengan, para nata ing jaman kina punika, manawi pinuju sêkêl ing panggalih, ingkang minôngka panglêjaripun asring-asring lajêng tindak ambêbêdhag dhatêng wana. Ing ngriku sampun têrang, bilih têtingalan saha kawontênan ing salêbêting wana, asrêping hawa, sumiliring angin tuwin pangocèhing pêksi warni-warni, sagêd anglipur manah ingkang pinuju bêbêg, punapa malih manawi lajêng sinambi ambêbêdhag, susahipun ing sakala punika tamtu lajêng kalimput babarpisan dening ambujêng sato wana. Cêkakipun ing ngriku sagêd sumêrêp bilih ambêbêdhag punika pancèn kenging kangge jampi susah.

Sapunika kadospundi têrangipun, bilih ambêbêdhag punika ugi kagolong dhatêng salah satunggaling ulahraga. Môngga sami kamirêngna:

Wiwit pangkat saking griya mila, tiyang badhe ambêbêdhag punika sampun kenging kawastanan ulahraga, awit lumampahipun saking griya ngantos dumugining wana, kalihan ambêkta sanjata tuwin pirantos sanès-sanèsipun, punika têmtu sampun angêdalakên riwe ingkang botên sakêdhik. Upami tiyang sabên enjing utawi sontên asring ngulinakakên mlampah-mlampah dhatêng wana, punapa malih manawi krêsa nyangking sanjata ingkang wawratipun botên kirang saking gangsal katos, sanajana botên badhe ambêbêdhag, kula purun tanggêl, bilih tiyang wau badhe bagas saras gêsangipun.

Racakipun gêrma punika ugi landhêp pamirêng tuwin paningalipun, langkung-langkung tumrap gêrma ingkang padatanipun anyanjata andhapan, jalaran sadumugining wana, tiyang ambêbêdhag punika ingkan prêlu piyambak kêdah angêmpakakên pôncadriya kêkalih wau. Dados saking kulinanipun dipun asah, pôncadriya wau, dangu-dangu lajêng sagêd landhêp. Ing nginggil kula têrangakên, bilih gêrma ingkang padatanipun anyanjata andhapan punika racakipun awas paningalipun tuwin landhêp pamirêngipun, awit tiyang nyanjata andhapan punika limrahipun ing wanci dalu, jêr sabanipun andhapan punika ugi ing wanci dalu.

Nyanjata andhapan punika manawi sagêd kaangkah ing mripatipun, lan sabotên-botênipun kêdah kenging sirahipun. Awit andhapan punika manawi namung kataton saperanganing badan ingkang sanès kasêbut ngajêng wau, sajakipun botên kaangge raos, utawi malih ambêbayani sangêt, langkung prayogi katêbihana kemawon, amargi tamtu lajêng asoroh amuk. Pramila punika tiyang ingkang nyanjata, sadèrèngipun namakakên sênjatanipun, kêdah mènèk rumiyin utawi kêdah sampun yakin bilih sanjatanipun ingkang kapisanan tamtu badhe angrampungi. Awit manawi botên makatên, tiyang wau têmtu lajêng kapêksa pêrang tandhing kalihan andhapan.

Gêgayutan kalihan prakawis punika, pun gêrma kêdah trampil anggènipun ngolahakên dêdamêlipun landhêp, awit manawi lena sakêdhik kemawon tamtu tiwasipun, jêr andhapan punika manawi sampun mambêt obat botên kenging kangge sêmbranan malih.

Ulahraga ingkang wêkasan tumrapipun tiyang ambêbêdhag, inggih punika kêdah ngulinakakên lampah dhodhok utawi anjrunthul, kanthi botên [botê...]

--- 353 ---

[...n] ngêdalakên suwantên sakêdhik-kêdhika. Dene prêlunipun lampah dhodhok utawi anjrunthul wau, botên sanès namung amrih kaling-kalingan gêgrumbulan ingkang alit-alit lan sagêd cêlak anggènipun badhe ngêmpakakên sanjatanipun. Saking dayaning lampah dhodhok wau, otot-ototing pupu tuwin kempol, tamtu mindhak mathokol.

Cêkakipun, sasolah-tingkahig grêma wontên ing wana wau, manawi dipun sawang, namung awujud ulah raga thok kemawon.

Kajawi saking punika, ambêbêdhag punika manawi tumrap jaman kina, kenging kaangge anggulawênthah lare, supados anggadhahi watak kêndêl utawi purun dhatêng rêkaos. Ananging manawi tumrapipun wêkdal sapunika, kula kintên sampun kathah tiyang ingkang sami botên mupakat dhatêng pamanggih wau. Malah wontên ugi sagolonganing tiyang ingkang mastani, bilih ambêbêdhag punika tumrapipun lare malah nênuntun watak ambêk siya dhatêng sasamining ngagêsang. Makatên wau manawi nyikara sato ingkang migunani tumrap manungsa.

Minôngka panutuping karangan kula, kula namung nyumanggakakên kadospundi pamanggihipun para maos bab ambêbêdhag wau.

Susantri.

Jagading Sato Kewan

Bab Pêksi Putêr

Wontênipun ing padunungan kula, pêksi putêr punika kalimrah sangêt kaingah dening têtiyang, kaanjingakên minôngka kalangênan utawi ngêmungakên kangge pêpasrèning gêgriya kemawon, malah wontên ugi ingkang mahanani dados tuwuhing daya piandêl warni-warni, botên beda kados pêksi prêkutut.

Saking kêlimrahipun pêksi wau kaingah, dumuginipun ing padhusunan kemawon sok wontên tiyang arêraosan makatên: yèn wis bisa gawe omah wangun cara Palembang mêngkono, pantês-pantêse ing jrambah ngarêp kudu ana gandhulane kurungan, isi manuk putêr, apêse sapasang. Ora-orane iya prêkutut sing anggunge kêpenak lan anglêr, dadi mungguhing wong omah-omah katon ngêngrênge ...

Ingkang sampun kula sipati, tumrap tiyang ingkang ragi kacêkapan, anggèning ngingah pêksi putêr punika adhakan botên tarimah satunggal, nanging trêkadhang malah ngantos sawatawis jodho kathahipun, makatên caranipun ing padhusunan. Langkung-langkung tumrap ingkang kaduk birai ngingah, lan manggèn ing papan sêpên tur têbih saking papan rame, anggunging putêr ingkang tansah anggantêr sêsauran, punika yèn dipun raosakên, ing sêmu kados dening sasmita bilih gêsanging tiyang ingkang gadhah ingah-ingahan wau tansah kêbak katêntrêman.

Sawênèhing tiyang wontên ugi ingkang tabêri nitèni tuwin ngêmatakên dhatêng anggunging pêksinipun, punika malah sagêd cariyos bilih ngingah putêr wau manjing dados lêlintuning simpên êjam, inggih punika [pu...]

--- 354 ---

[...nika] sagêd anêdahakên wanci. Makatên punika botên anèh, amargi kabêkta saking kulinanipun nitèni pêndhak-pêndhak pêksinipun mungêl, lajêng kacocogakên dhatêng wanci nuju jam samantên-samantên, dados manawi kapinujon ing wanci dalu botên mirêng jam (kênthongan) piyambakipun lajêng sagêd ngintên-intên wanci nitik saking ungêling putêr wau. Prakawis punika pancèn kathah lêrêsipun, awit yèn wanci dalu pêksi putêr makatên sok mungêl wontên ing wêkdal ingkang ajêg.

Pramila mênggahing tiyang ngingah wau mantukipun dhatêng pamanggih warni-warni sangêt, manut dhatêng larasing kalangênanipun piyambak-piyambak.

Ing nginggil sampun kula aturakên bilih tumrap tiyang ingkang ragi kacêkapan, dhasar rêmên ngingah-ingah, paingahipun putêr botên tarimah satunggal kalih, adhakanipun langkung saking samantên, sampun têmtu kemawon sadaya wau sampun ngênggèni pêpilihan, dados inggih botên prabeda kados caraning tiyang ngingah-ingah prêkutut, kanthi amilih-milih, têgêsipun botên saking prêkutut kaingah dening tiyang, awit miturut kapitadosanipun, ngingah prêkutut punika kajawi milih ingkang anggungipun agêng lan sakeca, ugi kêdah mawi mawang-mawang dhatêng awon saening tangguh saha katurangganipun. Dados sanajan anggung agêng tur sakeca, nanging tangguh lan katurangganipun pinanggih awon, sampun têmtu botên patos pinilala, samantên ugi kosokwangsulipun.

Wondene tumrap pêksi putêr wau, mênggahing pamilih gampilanipun namung mêndhêt saking sakeca sarta agênging ungêl, jalêr èstrinipun saha ênèm sêpuhing umur-umuran. Dados pundi ingkang ungêlipun agêng wah malih sakeca, badan saras tur cêkapan ênèm sêpuhipun, punapadene jalêr, inggih punika ingkang pinilala dening têtiyang.

Putêr èstri ugi wontên ingkang purun ngingah, nanging ngadat sok kaangkah murih babaripun kemawon, inggih punika dipun jodhokakên, supados nurunakên pêksi jalêr. Lan wontên ugi ingkang kajodhokakên kalihan pêksi sanès jinis (kablastêrakên) upaminipun kablastêrakên kalihan dara, drêkuku, thêruk, tuwin sapanunggilanipun ingkang sakintên mèmpêr pawakanipun, punapadene sababag agêng alitipun.

Mênggah angsal-angsalaning ambalastêrakên putêr akalihan pêksi sanès jinis wau, manawi sagêd dados (nurunakên) inggih punika ingkang sok awis rêrêgènipun. Turuning pêksi blastêran wontên ing padunungan kula kawastanan bêkisar, upami ing ngajêng babonipun kajodhokakên kalihan dara, inggih lajêng karan bêkisar dara, yèn saking drêkuku inggih bêkisar drêkuku, makatên salajêngipun. Bêkisar-bêkisar wau sami anggadhahi ungêl piyambak-piyambak ingkang nyêbal saking ungêling bibit, dados inggih lajêng kalêbêt pêksi ingkang anèh, mila inggih awis rêrêgènipun. Tumrap padunungan kula trêkadhang pangaos gangsal wêlas dumuginipun salangkungan rupiyah. Mila makatên, botên sanès kabêkta saking anèhing ungêl lan awis sangêt wontênipun. Môngka tumrap pêksi putêr limrah, rêrêgènipuin namung saringgit, nyêngkanipun sadasa rupiyah, ing dalêm sajodho. Badhe kasambêtan.

Nirrasa.

--- 355 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kawontênan ing Indramayu

II.

Petruk: Ambanjurake dêdongenganaku apa kang tak sumurupi ana ing Indramayu, Kang Garèng, bab ijab lan têmuning pangantèn, ora prêlu tak caritakake, mundhak agawe calêgukanamu bae.

[Grafik]

Garèng: We hla, sêmbrana, dipadhakake awake dhewe bae, nèk mêntas nonton pêngantèn, nang ngomah banjur andadak pasihan manèh karo Makne Kamprèt. Yèn aku bab sing mêngkono-mêngkono kuwi, wis adoh, sèh. Sanadyana ana wanita kincling-kincling kaya gêndul, mêling-mêling kaya gêlas, rak mung kari nari kanane bae.

Petruk: Wèh, iya kuwi nèk Kang Garèng, nèk nitik lêntrêng-lêntrênge, alus-aluse, sajake iya pancèn bangsane wong alim têmênan, nanging anèhe, yèn kabênêr lêlungan nyang panggonan sing akèh dêdêlêngane kang mawa lêwês-lêwês lan kèwês-kèwês, lo, kuwi lumrahe sok ora tau lali anggone nganggo blor irêng, jarene cikbèn bisa: nyawang têmênan, tanpa konangan.

Garèng: Ut, drodhut, Petruk kiyi gênahe arêp crita apa arêp anggarap, yèn kok banjur-banjurake anggonmu anggarapi aku, aja takon dosa, sida kalakon tak labrag ... sêga wadhangmu, wis, tumuli wiwitana critamu kaanane ing Indramayu kuwi.

Petruk: Iya bêcik, Kang Garèng. Kang arêp tak critakake nyang kowe kang kapisan, yaiku: têtêpungane para priyayi ing Indramayu kono. Wah, Kang Garèng, kiyi kêna tak arani nomêr wahid têmênan, sabab mungguhing pandêlênganaku, ing kono sajake ora ana sing kagungan panganggêp putra wayahe dara bèi Malaekat Jabarail, kabèh-kabèh têtêpungane padha: sêmanak, rumakêt, lan andêmênakake. Saka dayane bêndara jêksa, yaiku priyayi sing tak pondhoki dalême, aku banjur prasasat têpung karo sakabèhing priyayi ing Indramayu. Emane dene aku ora disowanake karo ingkang bupati.

Garèng: Wèyèh, anggêpmu ki apa, kok prasasat cebol anggayuh lintang, yèn kowe kêpengin[21] [kê...]

--- 556 ---

[...pengin] têpung karo ingkang bupati kuwi. Ambok iya ngilo githokmu, kowe kuwi rak mrutu saumapane,[22] ana kok kêpengin ditêpungake priyayi luhur sahohêm. Nèk aku wis ora mupakat bangêt. Bêgja-bêgjane wong kaya kowe kuwi, nèk têtêpungan karo bôngsa luhur, bokmanawa iya mung arêp nêmbung utang.

Petruk: Ora Kang Garèng, anggonku kêpengin disowanake nyang ingkang bupati, awit miturut pangandikane salah sawijining warga rad kabupatèn ing kono, jarene dening rad kabupatèn Indramayu kuwi, saka karigênane ingkang bupati, wis pirang-pirang pagawean kang ditindakake, kang migunani bangêt tumrape wong bumi, kaya ta: nganakake kêbon-kêbon pêrcobakan nandur: pête, nanas, lan sapanunggalane, nganakake pakumpulane wong kang misaya iwak, kang dhèk biyèn prasasat wis nang cêngkêrêmane bôngsa liya, nanging saka karigênane ingkang bupati mau, saiki nganti wis bisa madêg dhewe, lan kauntungane anyukupi, kajaba iku ing kono iya dibudidaya, dianakake omah sewan yasan rad kabupatèn, kanggo nyadhiyani priyayi cilik-cilik sing blanjane isih sathithik, lan isih ana manèh budidaya-budidaya sing migunani ing akèh yasaning rad kabupatèn mau. Malah watêrlèdhêng kabare uga arêp diadani ing rad kabupatèn dhewe. Lo, ingatase ana kaanan sing prêlu-prêlu bangêt mangkono, aku têka ora bisa olèh katrangan sing luwih maton, dadi saupama aku bisa ngadhêp ingkang bupati dhewe, mêsthine aku rak bakal bisa olèh katrangan sing luwih sampurna, yaiku kang mêtu saka dhawuhe ingkang bupati.

Garèng: Wadhuh, Petruk, sing diadani dening rad kabupatèn kathik pagawean sing pênting-pênting bae, mêngko gèk kaya priyayi sing kêgêdhèn kaprawirane kae: gêlare, apamanèh yèn ana ing sangarêpe mas ajêng Klênthing, abôndha-abandhu, nanging nyang ngomah kêndhile kêrêp mêngkurêb. Karêpe: mêngko rad kabupatèn Indramayu kuwi gèk mung gêlare bae: cikat, tandang, aktip, nanging sanyatane ... utange turut pagêr.

Petruk: Miturut pangandikane warga rad kabupatèn ing ngarêp, jarene iya ora duwe utang, awit wragade apa sing wis ditindakake mau, kajaba pakumpulane wong sing misaya iwak, kuwi saka kêklumpukane turahan-turahan tuwin rantaman ing sataun-taune.

Garèng: Wèh, iya pêng-pênganane, yèn sabên taun dhuwit rantamane ora kurang, nanging malah ana turahane. Ing môngka saiki kiyi jamane mung têkor-têkoran bae, nganti nèk ora kabênêran, êmbèn-êmbèn kiyi, priyayi sing biasa sês srutu sigago, kapêksa narima sês srutu wêton Kudus aliyas rokok krètèg, priyayi putri sing kulina susur bako enak nganti kaya Prabu Menakjingga kae, kapêksa nusur bako sêmprul ...

Petruk: Wis, wis, têka banjur anggêdabrul mêngkono. Saiki tak banjurne caritane. Ing ngarêp aku ngomong, yèn têtêpungane para priyayi kuwi padha rumakêt, sêmanak sarta andêmênakake. Lo, ingatase aku mung rong dina [di...]

--- 357 ---

[...na] ana ing Indramayu, ewadene aku mêksa wis duwe sobatan pirang-pirang, kaya ta: panjênêngane sêkul opsinêr, kuwi ora môntra-môntra yèn lagi têpung bae, mèmpêre iya sadulur tunggal sakringkêl kae. Aku diplêsir-plêsirake nganggo dhilman mubêng kutha, barêng dhilmane ethok-ethoke arêp tak bayar, têka wis dibayari, aku a ... yêm.

Garèng: Iya pancèn wong ora idhêp isin. Kiraku upama mulihmu banjur arêp disangoni, kiraku wangsulanamu iya: botên, nanging tanganmu kok athungake. Ora, Truk, basane wong Indramayu kuwi apa iya cara Jawa kaya kowe aku kiyi.

Petruk: Yèn sing jan wonge Indramayu, iya bênêr omonge cara Jawa, nanging akèh bedane karo omonganamu omonganaku. Kaya ta: kabèh têmbung sing nglêgêna kuwi suwarane miring, lan uga ana têmbung-têmbung sing ora kaprah dianggo basa Jawa, kaya ta ngarani: aku mlêbu, jarene: kita manjing, lan sapiturute. Pancène mono isih akèh sing arêp tak caritakake nyang kowe, sarèhning aku kudu lêlungan, rêmbugane tak punggêl samene bae.

Rawuhipun kongsul Walandi ing Bèlgi dhatêng Weefschool lan Vrouwen-Tehuis ing Surabaya.

[Grafik]

Gambar ingkang lênggah saking kiwa manêngên: Nyonyah R.S. Sudirman (komisaris), Mr. H. van Romburgh konsul Walandi ing Bèlgi, J.F. Tuwanakotta (pursitêr), R. Kusmadi (sèkrêtaris), M. Sunjata (Bedrijfsleider), ing wingking ingkang sami ngadêg Ttuwan Dr. R. Sutama lan para murid-murid Weefschool.

--- 358 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Ewah-ewahan Mulo Taman Siswa.

Wontên pawartos, wiwit taun pangajaran 1931, Mulo Taman Siswa ing Ngayogya badhe ngawontênakên ewah-ewahan. Kawontênanipun wulangan ingkang sampun kalampahan, botên beda kalihan Mulo gupêrmèn utawi Mulo sanès-sanèsipun, ingkang angsal subsidhi saking parentah mila tumraping murid Mulo Taman Siswa gampil pindhahipun dhatêng Mulo pundi kemawon, utawi dhatêng A.M.S. Nanging wulangan ingkang samantên wau dèrèng nocogi kalihan sêdyaning Taman Siswa, ingkang badhe ngawontênakên wulangan ingkang gèsèh kalihan Mulo sanèsipun. Mênggah ewah-ewahan ingkang badhe katindakakên: a. lare-lare ingkang tamat saking pamulangan, sagêda lajêng pados têdha. b. manawi badhe nglajêngakên sinau, namung sagêd dhatêng pamulangan Taman Siswa ingkang langkung inggil, kados ta pamulangan calon guru Taman Siswa tuwin A.M.S. ingkang badhe dipun êdêgakên, saha sampun wontên ingkang calon dados gurunipun, Mulo ingkang kados makatên namung dipun wontênakên ing Ngayogya, tumrap sanès-sanèsipun dipun lêstantunakên kados ingkang sampun.

Jawah Dêrês ing Jawi Wetan.

Jalaran saking dêrêsing jawah, toyanipun lèpèn Brantas agêng sangêt, ing salêbêtipun sadasa taun kapêngkêr dèrèng nate wontên toya ingkang agêngipun ngantos samantên. Sanadyan dèrèng wontên bêna, pakaryan irigasi sampun tumindak ngatos-atos, tuwin anjagi bêndung-bêndungan.

Kabêsmèn Sumbêr Lisah Pèt.

Wontên pawartos saking Plaju, sumbêr lisah pèt ing Kêilangan tuwin ing Bajubang dipun sambêr ing gêlap, anjalari kêbêsmèn, ngantos sapriki taksih murub. Wontên punggawa bôngsa Eropah 1 tiwas, tuwin 5 nandhang tatu, nanging botên mutawatosi.

Tuwan Ir. E.H.M. Uljee.

Awit saking panyuwunipun piyambak, Tuwan Ir. E.H.M. Uljee ondêr dhirèktur dhepartêmèn B.O.W., samangke pêrlop sajawining praja, wiwit pungkasanipun wulan April ngajêng punika kaparêngakên lèrèh saking kalênggahanipun.

Iksamên Padamêlan Tangan.

Kala tanggal 6 saha 7 Marêt dipun wontênakên iksamên padamêlan tangan malih. Wanita pribumi ingkang angsal iksamênipun inggih punika: M. Andarmiyadi, M. Tismaingsih, M. Masmuwah, saha R. Siti Isbandiyah, sadaya asli saking Sêmarang.

Konggrèsipun Para Ahli Basa Wetanan.

Tuwan Dr. G.W.J. Drewes, up amtênar Bale Pustaka, angsal dhawuh supados benjing tanggal 5 Agustus ngajêng punika pangkat dhatêng Eropah numpak kapal Johan de Witt, amakili gupêrmèn Indhiya Nèdêrlan wontên ing konggrèsipun para ahli basa wetanan ing Lèdhên, tanggal 7 dumugi tanggal 12 Sèptèmbêr.

Kêbêsmèn ing Sudimampir.

Saking Banjarmasin Aneta martosakên bilih dèrèng dangu pêkên gêmintê saha toko kalih ing Sudimampir têlas kêbêsmi. Kapitunan wontên 80.000 rupiyah. Miturut tilgram saking residhèn Banjarmasin, griya-griya sauruting margi ing Sudimampir saperangan kêbêsmi. Kapitunan wontên 60.000 rupiyah.

Odhiènsi.

Benjing dintên Rêbo tanggal 15 April, wanci jam 9 enjing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kaparêng badhe lênggah odhiènsi wontên ing pura ing Bêtawi. Sintên ingkang badhe gadhah unjuk, sadèrèngipun tanggal 10 April sasampuna ngaturakên sêrat panyuwun dhatêng ajudan, kanthi mratelakna nama sapanunggilanipun saha wigatosing bab ingkang badhe kaunjukakên.

Dhatêng Nagari Walandi.

Saking Medhan Aneta martosakên: Têngku Hotêman saha Têngku Amirudin ing Dhèli saha Têngku Anwar ing Sêrdhang, benjing tanggal 16 Mèi ngajêng punika pangkat dhatêng nagari Walandi, sêsarêngan Tuwan Baron van Nagell, administratir Deli-Mij.

Inggris - Ostrali.

Miturut B.N. konsul jendral praja Inggris ing Bêtawi tampi tilgram saking ministèri prakawis sajawining praja ing Londhon bilih Tuwan C.W.A. Scott, opsir gêgana, kintên-kintên benjing tanggal 29 Marêt badhe anggêgana saking Inggris dhatêng Ostrali (prêlu partikêlir). Tanggal 3 April bokmanawi dumugi ing Surabaya.

Rêdi Awu.

Miturut pawartos Aneta saking Mênadho, rêdi Awu ing pulo Sangi (salèripun Mênadho) sampun pintên-pintên dintên ngêdalakên awu saking tigang panggenan. Toya ing kawah inggilipun mindhak kalih dasa mètêr, bêntèripun 50 grad sèlsius langkung. Têtiyang ing sakawan kampung sami ngili, kuwatos manawi rêdi wau anjêblug.

--- 359 ---

Radèn Ayu Cakranagara Seda.

Miturut pawartos Aneta, dèrèng dangu Radèn Ayu Cakranagara, warandhanipun suwargi Arya Cakranagara, tilas bupati Surabaya, seda. Layon kasarèkakên wontên ing pasarean Bataputih.

Wisudhan Asistèn Residhèn.

Tuwan G.A.W. Chr. de Haze Winkelman, suwau up amtênar apdhèling prakawis pangrèh praja tanah sabrang dhepartêmèn pakaryan gupêrmèn, samangke pêrlop sajawining praja, kawisudha dados asistèn residhèn ing Acèh pasisir wetan.

Ki Ajar Dewantara Nampik Dados Upbêstir B.O.

Kawartosakên B.O. pang Surakarta ngajêngakên sawung-sawung calon upbêstir B.O. kalêbêt Ki Ajar Dewantara. Bab punika sampun dipun condhongi ing ngakathah. Dene Ki Ajar Dewantara piyambak suka katrangan, bilih bab wau botên sagêd kalampahan, awit pranataning Tamansiswa botên ngengingakên warganing rad luhur dados warganing upbêstir pakêmpalan punapa kemawon, môngka Ki Ajar wontênipun rad luhur Taman Siswa sampun dados sèkrêtaris umum.

Ingkang Linuhung Paus Darma f 4000.-

Kawartosakên, ingkang linuhung Paus XI aparing darma arta kathahipun f 4000.- kangge darma Marapi, tuwin mratelakakên, bilih arta wau kadarmakakên dhatêng têtiyang ingkang kasangsaran, botên mawi agami. Ingkang minulya Pangeran Hèndrik, ingkang jumênêng èrêrpusitêr komite Marapi sampun angaturakên panuwun.

Karaton Surakarta Botên Saèstu Ngintunakên Juru Bêksan dhatêng Paris.

Rumiyin kawartosakên, benjing tèntunsêtèlêng ing Paris, karaton Surakarta badhe ngintuni juru bêksa. Nanging bab punika lajêng kasandèkakên, amargi tindaking up komite ing bab punika, adamêl botên cocoging rêmbag, sapisan nyuda cacahing tiyang, tuwin mastani awoning warninipun juru bêksa ingkang badhe kakintunakên, lan taksih wontên sabab-sababipun malih.

Nyirnakakên Bêbaya Madat.

Ing bab tumindaking damêl nyirnakakên bêbaya madat, kajawi katindakakên dening Dr. Kwa, ugi katindakakên dening Dr. Je Jong ing Malang, ing sapunika sampun damêl cobèn-cobèn wontên ing griya sakit sèndhêng ing Sukun, ngupakara tiyang 6, bôngsa Tionghwa 5, tuwin tiyang èstri tiyang siti 1, ingkang kapetang sampun sami sês andados. Ing Bandhung dipun sadhiyani papan kangge ngupakara tiyang sês 20, tindak punika wontênipun ing Malang katingal majêng, ing sapunika dipun dêgi Anti Opium Vereeniging.

Kantor Pangêcapan van Dorp Nyuda Punggawa

Kantor pangêcapan van Dorp ing Sêmarang, ingkang misuwur agêng, ugi badhe nyuda punggawanipun pintên-pintên dasa, tuwin salajêngipun taksih ngêlongi balanjaning punggawa 10 dumugi 20%, kawiwitan wontên ing wulan April ngajêng punika.

Asiah

Nyêmbahyangi têtiyang ingkang tiwas ing paprangan.

Syanghai 11 Marêt (K.P). Têtiyang ingkang sami tiwas wontên ing paprangan mêntas dipun sêmbahyangi manggèn wontên ing papan ulahraga ing Nanking, dipun jênêngi dening Presidhèn Syang Kai Sèk. Sang presidhèn ngantos saêjam sasampunipun bibaran, taksih kankun[23] piyambakan katingal nandhang sungkawa.

Kasangsaran Salêbêtipun Gambira.

Ahmedabad 11 Marêt (Aneta-Nipa). Jalaran saking gambiraning para ingkang mapagakên rawuhipun Sang Gandi, wontên tiyang èstri satunggal nandhang tatu sangêt, jalaran kêdhêsêk ing tiyang kathah saha kalajêng pêjah, wontên malih tiyang èstri 5 nandhang tatu.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4226 ing Bayêm, kintunan sampun kula tampi. Manawi ngantos wulanan makatên, ngalamat inggih kenging kaewahan.

Lêngganan nomêr 5365 ing Kalirahman Sri Pustaka, sapunika sampun botên mêdal malih.

Lêngganan nomêr 2095 ing Sala. Botên wontên pakèwêdipun, saugi panjênêngan sampun nyêkapi wragading pos, inggih punika: 2 sèn, sabên satunggal nomêr ingkang macak Taman Bocah.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 4028 ing Klathèn. Ing polêk almênak sampun nate macak karangan kados panjurung panjênêngan, mila botên kapacak, kauningana.

Tuwan Karsana. Bale Pustaka sampun gadhah klise kados gambar kintunan panjênêngan.

Tuwan M.A.S. ing Ngayogya. Sarèhning gambar kintunan panjênêngan sampun kasèp, botên kapacak, kakintunakên wangsul.

Tuwan A.S. Dw. ing Kencong, Jêmbêr. Sambêting karangan panjênêngan bab panggulawênthah, kakintuna rumiyin.

Lêngganan nomêr 5108 ing Nglaba. Wangsulan panjênêngan alal bahalal botên kapacak, amargi sampun kasèp, redhaksi ngaturakên gênging panuwun.

--- 360 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

33.

[Asmaradana]

Adêgira wus lêstari / bôngsa Tami anèng Langka / langkung kêncêng pangastane / datan pisan mawi mawang / mring sambating kawula / amung tinrapakên purun / akanthi tindak santosa //

bêbasan atangan wêsi / pangrêgêmira mring praja / tan samar mring sadayane / singa kang tan umanuta / tataning nata enggal / nulya tinêtêpkên luput / tinrapan kang pamidana //

lamun ana kang ngrasani / tanapi nênacad praja / dahat agung ukumane / tan pisan antuk ngapura / tindak ingkang mangkana / mung têtêp abakuh kukuh / salami tan kêni owah //

jatinira karsa aji / tindaking kang panguwasa / wus ginalih sakecane / awit wus uninga nyata / mring watêking kawula / kang kêndho lir tanpa bayu / kudu tinrapan wisesa //

awit janma ingkang ringkih / yèn tinrapakên sakeca / gampil tuwuh kuciwane / yèn dèn êmong dèn ugunga / pinangguh andaleya / ngrasa antuk bancik luhur / ngasorkên mring Kang Kawasa //

Sri Nata Tamil wus ngrêti / lan pancèn dhasar santosa / tan kêni rinèmèhake / marma dènira nèng Langka / sanadyan tanpa kônca / tan samar rinubung satru / kang nyata wus tanpa daya //

ing mangkya gantya winarni / kadangira Prabu Tisa / aran mèh sirna tabête / tan ana janma kang ngucap / atanapi ngupaya / mring warganing ratunipun / kang pancêr darbe kuwasa //

saking sadaya mung tintrim / anggung rasa kasamaran / umulat srinata mangke / sanadyan kang darah nyata / datan wani nyabawa / saking kasongan ing ratu / kang lagya unggul kawasa //

ananging wontên sawiji / kadangira Prabu Tisa / ingkang maksih kantun mangke / nama Pangeran Asela / wus dangu mêndhêm kula / malah ing mangkya wus sêpuh / tan wontên janma uninga //

wus dangu dènira sakit / cinangkêrêm pangawasa / lan wus koncatan wadyane / sadaya sarsaran bubar / malah wus tanpa warta / datan kinira satuhu / kalamun darahing nata //

Sang Asela kang ginalih / ngudi wangsuling pangwasa / amrih kêrêbat ing têmbe / sêruning pamintanira / lambaran tapabrata / tan pêgat anggung sinêru / nanging datan kawistara //

wantuning kasoran ati / yèku kasoran prabawa / lawan narendra ing mangke / panêruning kasutapan / anggung abêr kasoran / ananging wantuning atul / lan antèr datanpa kêmba //

sanadyan tumindak ririh / adangu-dangu katêkan / ing mangkya tuwuh titike / akèh janma kang uninga / kalamun Sang Asela / sanyata darahing ratu / ingkang mêngkoni ing Langka //

riwusing saya katitik / lakuning kang kaelokan / apan tinêmu nyatane / kadi ta pra wadyanira / duk pangran kaapêsan / tan pisan ana kang wêruh / sanadyan ta kêpêthuka //

malah nadyan dèn ruruhi / tan ana ingkang karasa / sang pangeran kongsi gèdhèg / ing wêkasan mung narima / sinrêtu sanggyèng janma / nanging mangkya dupi thukul / samya èngêt sanggyèng janma //

tan kêndhat prapta anggili / sumiwi lan rawat waspa / kathah-kathah sêsambate / mangkana wahyaning ucap / dhuh Gustiku Pangeran / dene têka kongsi dangu / ing mangkya lagya katingal //

nuli tulungana Gusti / rusaking kawula praja / lah rêbatên kuwasane / nata kang madêg samangkya / kang dahat nganiaya / wêlasan mring sanggyanipun / kang wus dangu kawisesa //

Pangran Asela mangsuli / ciptanira kang mangkana / muga bisaa kalakon / ingsun tan pisan kuwasa / ngrêbut kawasèng liyan / sanggyanira mung gumantung / kawasanirèng wisesa //

aturira sun tampani / muga dadia jalaran / nênangi tyasing kabèhe / rumasa yèn darbe praja / winêngku ing wong liya / ingsun amung sukur-sukur / bisaa nuli tumêka //

lêlakon lamun wus wanci / timbalira tanpa môngsa / apan wus ngalumpuk mangke / para tilas wadyanira / wangsul suyud sadaya / ngrênggêp gêgamaning pupuh / minta nulya dèn angsahna //

pangeran agêng ing galih / nulya mêpak wadyanira / nêmpuh maring praja mangke / lakunira rampak rata / singa katrajang bubar / tan ana wani umêthuk / wadya praja kagegeran //

nanging dupi samya uning / yèn kang nêmpuh Sang Asela / malah ambalik kabèhe / ambyuk angagêngkên wadya / kocap sri naranata / tan dangu kapikut rampung / tan ana wadya kang bela //

nulya samya dèn pêjahi / riwusing praja karêbat / pinulihkên tatanane / mangkya kang jumênêng nata / Mahaprabu Asela / luhuring kaprabonipun / martani janma sapraja //

nanging sanggyèng bôngsa Tamil / tan kêndhat panginanira / awit wus wruh sanyatane / kalamun bôngsa ing Langka / tan darbe kasantosan / wartanira wus misuwur / prapta ing môncanagara //

nulya wontên kang winarni / rajaputra prajèng Cola / yèku Tanjur ing samangke / kalbèng laladan Indhia / wastanira Pangeran / Helala langkung misuwur / lumurug mring praja Langka //

wadya gung anggêilani / prasamya prawira ing prang / praptanira Langka age / datan mawa srantan-srantan / tumêmpuh manjing praja / Sri Asela sinedan wus / jinegan praja ing Langka //

janma praja datan wani / ambelani ratunira / mung ngêsrahkên sadayane / têmah lulus lampahira / narendra Tamil enggal / laminira dènnya mêngku / tumindak sawidak warsa // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ôngka 25, 8 Dulkangidah Taun Jimawal 1861, 28 Marêt Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [393] ---

Ôngka 25, 8 Dulkangidah Jimawal 1861, 28 Marêt 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Nias, Sumatrah

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun griya-griya ing padhusunanipun bôngsa tiyang Nias.

--- 394 ---

Wawasan Tumrap Nagari Mônca

Praja Mêsir

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24.

Kawontênan ing jaman kina ngantos kabawahipun dhatêng karajan Pèrsi.

[Grafik]

Masjid kina ing Mêsir.

Wontênipun nagari Mêsir wiwit kina mila anggadhahi kamulyan punika botên sanès jalaran saking dayanipun bangawan Nil, ingkang sabên taunipun ing wêkasanipun wulan Juli tansah bêna angêlêbi siti ing sakiwa têngênipun. Sabên-sabên mêntas bêna makatên wau, saasating toya lajêng anilari êndhut ingkang sajatosipun dados lêmi, ingkang murakabi lan migunani agêng tumrap panggaotan têtanèn lan sapanunggilanipun, awit siti wau saking dayaning êndhut rabuk, lajêng dados loh jinawi ingkang tanpa timbangan, sadhengah ingkang dipun tanêm, tuwin sadhengah têtuwuhan sami angêdalakên asil kathah. Kajawi punika ugi awit saking kathahing ulam ing bênawi ngriku, punapa malih saking kathahing pitik iwèn ingkang sami gêsang wontên ing ngriku, kados ta: menthog, banyak, lan sasaminipun, adamêl gampiling lampahipun têtiyang mangupajiwa.

Jalaran saking ingkang makatên wau, mila botên anèh bilih nagari Mêsir dipun cariyosakên, nagari ingkang rumiyin piyambak sampun anggadhahi tatanan sae. Awit têtiyangipun sampun angrumaosi, manawi nagarinipun kêdah tata têntrêm, murih sagêda lêstantun panggarapipun sabin, anjagi supados sampun ngantos têtanêman kêkirangan toya, ngawontênakên kakiyatan kangge ananggulangi mêngsah ingkang sumêdya nêmpuh nagarinipun, lan sasaminipun. Mila inggih sampun layak kemawon, bilih têtiyangipun ing ngriku sampun sami anggadhahi pangrêtos lan miturut dipun tata dening salah satunggalipun tiyang. Sadaya kemawon, kados ta golongan prajurit, para ngulama,

--- 395 ---

kaum tani lan sapiturutipun, tanpa sawala sami ambangun turut dhatêng tiyang satunggal ingkang ngrajani wau, lan pangrêngkuhipun tuwin pangaji-ajinipun dhatêng rajanipun wau, kadosdene pangidhêpipun dhatêng Pangeran.

Kabêkta saking kawontênan ingkang makatên wau, têtiyangipun ing ngriku sami anggadhahi panganggêp, ing jagad punika ngêmungakên têtiyang ing ngriku ingkang nama manusa, dene têtiyang nagari sanès-sanèsipun kala samantên kaanggêp taksih bangsanipun tiyang wanan, amila ing jaman samantên, têtiyang ing Mêsir punika sami nyirik kêkêmpalan kalihan bôngsa sanès.

[Grafik]

Pasareanipun para kalipah ing Mêsir.

Pintên-pintên atus taun atêtêrusan, têtiyang ing Mêsir sami angundhuh wohing asilipun nagari, ingkang langkung loh jinawi wau, amangun kitha-kitha, adamêl yêyasan warni-warni tuwin dêdamêlan sanès-sanèsipun, nanging sadaya wau kapêksa botên wontên patilasanipun, jalaran saking kathahipun bôngsa-bôngsa sanès ingkang sami nglurugi saha lajêng angrisaki sadaya wau.

Nama utawi kawujudaning tiyang, ingkang sami dêdunung ing nagari Mêsir ing kala samantên, punika botên wontên tiyang ingkang sagêd nêrangakên kanthi cêtha. Nanging wontên salah satunggaling juru ngarang, ingkang nyariyosakên, bilih têtiyangipun ing nagari Mêsir kala jaman samantên, pakulitanipun cêmêng lan dêdêgipun andhap-andhap. Dene kalangkunganipun ingkang misuwur dhatêng nagari sanès, mênggahing gêgambaranipun. Nanging botên dangu kacariyosakên, bilih bôngsa wau lajêng katêlukakên ing bôngsa sanès.

Bôngsa kalih wau pintên-pintên taun sagêd gêsang asêsarêngan, inggih wiwit ing wêkdal punika, bôngsa Ègiptê sagêd kasumêrêpan babadipun ingkang ragi cêtha. Kacariyos ingkang jumênêng nata ingkang kapisan ing nagari ngriku ajêjuluk: Prabu Menes, ingkang anilar nagari Thebe saha lajêng ngadhaton wontên ing Memphis, inggih punika ingkang dunungipun samangke wontên ing sacêlakipun Kairo.

Kacariyos, ing salêbêtipun sèwu taun sasampunipun Prabu Menes wau seda, ingkang jumênêng nata ing Mêsir ngantos wontên kalih wêlas turunan,

--- 396 ---

dene dêdongenganipun botên patos têrang. Malah jêjulukipun para nata wau ugi botên badhe kasumêrêpan, saupami tanpa anilari patilasan pasarean-pasareanipun, inggih punika ingkang dipun wastani piramidhê (pyramide).

Botên antawis têbih saking Memphis kasêbut nginggil, wontên rêdi sela inggilipun 30 mètêr, ingkang panjangipun nurut lampahing banawi Nil. Inggih ing sanginggiling rêdi sela panjang wau dununging piramidhê. Gunggunging piramidhê wau sadaya wontên pitung dasa, nanging ingkang kathah sampun sami risak. Dene ingkang ngrisak wau, kala rumiyinipun bôngsa Arab, jalaran angintên, bilih ing nglêbêtipun isi rajabrana.

[Grafik]

Gambar ingkang katingal kados gumuk lancip, punika piramidhê.

Piramidhê-piramidhê samantên cacahipun wau, wontên tiga ingkang agêng saha inggilipun dumuginipun samangke têmtu taksih dipun gumuni para têtiyang ingkang sami sumêrêp.

Mênggah wontênipun piramidhê-piramidhê wau sampun kacariyosakên, bilih dados pasareanipun para nata. Nanging ing sangandhapipun wontên saistha margi-margi anjog ing kamaran, ingkang minôngka pakuburaning para kawulanipun. Ing ngriku punika kadosdene ing setragôndamayu, inggih punika panggenaning mayit ingkang tanpa wicalan kathahipun. Inggih lêrês, kathah kamar-kamaran ingkang sampun dipun risak dening bôngsa Arab ingkang melikan wau, nanging ugi taksih kathah kubur-kuburan ingkang taksih wêtah.

Bôngsa Mêsir ing jaman kina, punika botên rila sangêt manawi jisiming tiyang pêjah nganton[24] bosok, mila lajêng dipun ihtiyari, murih jisimipun wau lêstantun wêtah botên bosok, sami dipun balsêm. Dene barang gêgadhahanipun, kados ta: prabot bale griya, pangangge, dêdamêl, lan sasaminipun, sadaya sami kabêktakakên tumut kinubur. (Badhe kasambêtan)

--- 397 ---

Panglipur Manah

Brahmana Gêmblung

VII. Bramana kaping kalih, nyariyosakên lampahanipun.

[Kinanthi]

brahmana sawuse mundur / pangarsa adhawuh ririh / kula wus uning sanyata / eloking solah puniki / mangkya kularsa uninga / brahmana kang kaping kalih //

majênga aywa pakewuh / wêwartaa kang sajati / punapa ta elokira / ing kintên sagêd ngungkuli / brahmana ingkang kapisan / lah sampun majênga cobi //

brahmana kang antuk wuwus / ing sêmu katon ngèsêmi / kang dahat rasa tan rêna / mring brahmana kang sakawit / nulya majêng lênggah tata / tandya wiwit matur aris //

kula kalilana matur / nèng ngarsèng priyantun sami / ingkang ngasta pangadilan / miwah para kang mriksani / parêng paringa aksama / manawi wontên kang sisip //

rèhning kula tiyang dhusun / têbih maring tatakrami / botên kanggenan dêduga / mangkya cinakêt priyayi / wah angasta pangawasa / kawasanirèng nagari //

kang wus samya kasub kombul / kongsi ngèbêki nagari / sumrambah mring desa-desa / nadyan napan[25] ingkang sêpi / datan wontên kalangkungan / kêsrambah samyantuk adil //

pangarsa amênggak wuwus / sampun-sampun kyai amin / dene kados wong andonga / apanjang dèrèng dumugi / sampun nuntên wiwitana / cêkak kemawon kang isi //

brahmana tumuli matur / mawi linut dhèhèm ririh / ehèm hèm kauningana / ing wau sadaya sami / ngraos gawok ing wardaya / mirêng dongengan kang uwis //

kang mangkana yêktinipun / sadaya kang myarsa sami / nêtêpakên kang pangira / brahmana ôngka sawiji / ingkang tinuju ing urmat / saking prajurit taruni //

nanging mangke tamtu gumun / manawi sampun miyarsi / dongengan kula sadaya / malah trêkadhangan malik / dhawahing pangalêmbana / kula ingkang dhawah ngarsi //

makatên cariyosipun / mênggah ta kula puniki / wontênipun ing padesan / wus karam[26] brahmana luwih / lamun nuju pakêmpalan / kalangkung dipun urmati //

lênggah pinrênah nèng ngayun / tan kawon sasami-sami / awit sing tinuwa-tuwa / myang saking punjuling budi / amarêngi duk samana / kula dipun undang janmi //

têmbungipun kinèn ngêpung / ajat amêmule bumi / sarèhning kula rumasa / ingaosan ing sasami / winastan tiyang minulya / tuwin adhêdhasar suci //

môngka yèn ngatên puniku / kêmpal tiyang pundi-pundi / inggih saking môncadesa / ngalêmpak samya naksèni / mila kula wajib uga / ngêtrapkên tata prayogi //

kula nuntên badhe cukur / mung murih katingal rêsik / kula nuntên adhang-adhang / wontên sapinggiring margi / tan antara sampun angsal / lajêng kula ajak mulih //

nuntên kula purih nyukur / datan prêlu kêdah bêcik / mung waton têsik kewala / trapipun dènnya nandangi / kalangkung angarah-arah / bokmanawi saking ajrih //

ing salêbêtipun nyukur / mung tansah kula dongèngi / ing bab tindak kautaman / atanapi [atana...]

--- 398 ---

[...pi] tindak gêmi / sumêrêpa dhatêng tônja / sampun brah-brèh boros dhuwit //

juru cukur duk angrungu / kalangkung dènira ajrih / ing sêmu sampun katara / mituhu pitutur bêcik / ing wusana paripurna / kula nuntên arêrêsik //

kula sarwi cêluk-cêluk / inggih dhatêng kônca èstri / kula purih nyukanana / minôngka amituwasi / kula nuntên abusana / milih ingkang sarwa rêsik //

ing sasampunipun rampung / kula pitakèn mring rabi / mau kouwèhi pira / rabi kula amangsuli / satangsul kados wus cêkap / epah nyukur tiyang siji //

kula anjêgrêg kalangkung / kados pun dhodhog ing wêsi / gèdhèg-gèdhèg sarwi ngucap / rak cukup êmung rong kêthip / sira tan wêruh ing tônja / wong wadon tan bisa gêmi //

dhuwit kang limang sèn iku / aran gêmpalaning ringgit / apa sira tan miyarsa / yèn opahe mung rong kêthip / sirèku pancèn sanyata / lumuh bangêt nênitèni //

wis mêngko sun arsa nusul / arsa ingsun minta bali / kula nuntên engal-enggal / bidhal rikatan nututi / wusing kêtututan marga / kula sêrêng mitakèni //

he he mandhêg juru cukur / kene limang êsèn bali / juru cukur alon ngucap / nuwun kula botên ngrêti / gangsal sèn arta punapa / kula botên anampèni //

sakala manah kula: bul / lajêng sêrêng anudingi / sira wong ambêg dursila / tega têgêl anampani / apa sira arsa selak / datan rumasa nampani //

dhuwit kang saka rabiku / dhuwit wutuhan satali / opahing panyukurira / sira aywa anyelaki / yèn sira kongsi selaka / mêsthi sun sêrêg prakawis //

juru cukur mêksa kukuh / mangkana dènnya mangsuli / kiyai botên uninga / dhatêng ajining kang dhuwit / arta gangsal sèn punika / wontên petangipun ugi //

apan wus kawêcèng tutur / janma wajib anggêmèni / tan kêni brah-brèh agampang / lan malih kula puniki / gèn kula tampi epahan / nama sampun sah sayêkti //

kula nuntên tutur galur / hèh wruhanira panyakit / adat ingkang wus kalakyan / sun mung ambayar rong kêthip / lah kang limang sèn balèkna / ywa kongsi sira ngapusi //

juru cukur mêksa kukuh / sêrêng dènira mangsuli / datan gampil bab punika / wajib yèn kula labuhi / arta gangsal sèn sanyata / ugi têtêp nama dhuwit //

arta kang sampun kalêbu / anama sampun kêdaging / datan kêni pun wah-ewah / sanadyan ta kadospundi / kula andhèrèk kewala / botên nêdya nyulayani //

kula sanès lare kuncung / gampil kenging pun rêmbagi / kula sampun doyan sata / botên kenging pun gêgampil / inggih badhea punapa / kula sandika ngladosi //

awit kula botên luput / têka lajêng pun wastani / dados tiyang ngapus krama / punika datan prayogi / nadyan kula labuhana / abên bau sampun wajib //

sampun mawi rikah-rikuh / jaragan kula nglabuhi / gangsal sèn punika arta / kang sampun kula darbèni / nadyan pêcat nyawa kula / urup gèn kula nglabuhi //

ngriku kula saya murub / rumaos dipun kul yêkti / kula lajêng ngangsêg nyêlak / tukang cukur inggih wani / kula nuntên asêsumbar / tan pisan nêdya ngunduri //

--- 399 ---

Bab Ringgit

Bambang Parasara

Bambang Parasara punika putranipun Bambang Sakri, miyos saking Dèwi Sati, putranipun Prabu Partawijaya, nata ing Gujulaha, tanah sabrang. Dados Bambang Parasara punika turuning nata ing tanah Jawi kalihan nata tanah sabrang.

Miyosipun Bambang Parasara dipun rawuhi ing para widadara-widadari, Sang Hyang Naradha tumêdhak maringi nama Bambang Parasara wau.

[Grafik]

Bambang Parasara.

Bambang Parasara wiwit alit sampun dipun tilar ing para sêpuh, sakawit ingkang ibu seda, botên lêt dangu saking anggènipun miyos Bambang Parasara. Ingkang rama ugi seda sasampunipun ingkang ibu seda, dados timuripun namung dipun tênggani ing eyang, Rêsi Sakutrêm, tuwin eyang buyut Rêsi Manumayasa.

Sasedaning ibu, Bambang Parasara taksih jabang, sangêt andadosakên susahing para sêpuh, awit botên wontên ingkang nêsêpi. Anyarêngi lêlampahan, kala sedanipun Dèwi Sati, inggih punika ingkang ibu Bambang Parasara, ing Saptarga kadhatêngan nata saking Kasi, tanah sabrang, nama Prabu Ambinasa, kanthi ingkang garwa nama Dèwi Wayasi, sawêg nêsêpi putra. Wontênipun sami dumugi ing Saptarga, ngestokakên wangsiting dewa, manawi prajanipun badhe lulus, supados puruhitaa Rêsi Manumayasa ing Saptarga, mila lajêng kalampahan dumugi ngriku. Rêsi Manumayasa, ingkang kala punika sampun nama Bathara Prawa, ugi marêngakên. Ing ngriku Prabu Ambinasa mirêng tangisipun Bambang Parasara, lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi supados nêsêpana, kalampahan Bambang Parasara dipun sêsêpi, lajêng kèndêl. Sasampunipun têntrêm, Prabu Ambinasa angupadosi icalipun Bambang Sakri, jalaran kasêkêlan galih mêntas kasedan garwa, ing ngriku Prabu Ambinasa seda ing prang ambelani anggèning Bambang Sakri prang kalihan Raja Murtija.

Sarêng sampun wanci nyapih, Hyang Naradha rawuh ing Saptarga, andhawuhi dhatêng Rêsi Manumayasa, supados Bambang Parasara dipun ilani, sampun ngantos kêsêpuhên sêsêpan, mindhak botên lêpas budinipun. Sasampunipun kalampahan dipun ilani, Dèwi Yasi nyuwun pamit wangsul dhatêng Kasi, sampun kaparêngakên. Wusana botên dangu malih, Bambang Parasara dipun tilar muksa Rêsi Manumayasa tuwin Rêsi Sakutrêm, wontênipun ing Saptarga kantun dipun mong dening Dhahyang Smarasanta, wontênipun ing pawayangan, inggih punika Sêmar. Wiwit punika kawontênanipun [kawontêna...]

--- 400 ---

[...nipun] Bambang Parasara wontên ing Saptarga botên kocap wontên ing praja Wiratha, mèh kasilêb babarpisan.

Sarêng ingkang jumênêng nata ing Wiratha Prabu Wasupati inggih Basukêthi, Bambang Parasara sampun diwasa, ing ngriku wiwit dipun raosi dening sang prabu, malah lajêng tinimbalan sowan, nanging kalanipun wontên utusan nata animbali, Bambang Parasara namung kèndêl kemawon, sarwi tumungkul arawat waspa, ngantos wongsal-wangsul namung makatên kemawon, wêkasan nuwuhakên panggalihanipun Nata Wiratha, ginalih amêngku kajêng punapa-punapa. Ewadene saking rumêksanipun para utusan tuwin para sêpuh, inggih namung dipun aling-alingi kemawon.

Ciptaning galihipun Nata Wiratha tansah sônggarunggi, lajêng nyinau para wadya ulah pêpêrangan.

Ing nginggil sampun kacariyos, bilih Bambang Parasara punika ugi gêgayutan têdhak nata sabrang, inggih punika têdhak Nata Gujulaha. Kala punika ingkang jumênêng nata ingkang paman nama Prabu Partana. Sang prabu inggih sampun midhangêt warta ing bab pambalelanipun Bambang Parasara dhatêng ratu, ing batos malah angrencangi, mila lajêng têtuwi dhatêng Saptarga.

Makatên malih, Bambang Parasara ugi kagungan sadhèrèk tunggil sêsêpan, putranipun Prabu Ambinasa, nata ing Kasi. Ing kala punika sadhèrèk sêsêpan wau sampun jumênêng nata, anggêntosi kapraboning rama, jêjuluk Prabu Sadhamuka. Nalika Prabu Sadhamuka dipun paringi sumêrêp ingkang ibu, bilih kagungan kadang tunggil sêsêpan, lajêng badhe têtinjo, saha winêling ingkang ibu, Bambang Parasara kadhawuhan têtuwi dhatêng Kasi, amargi Dèwi Wayasi sampun sêpuh, sanadyan sedaa manawi sampun uninga Bambang Parasara.

Nata kêkalih wau dhatêngipun ing Saptarga sêsarêngan, saha lajêng sami sêrêp-sinêrêpakên dening Dhahyang Smarasanta, sadaya sami suka.

Saking atur rêmbagipun Prabu Partana, Bambang Parasara kaprayogèkakên têtuwi Dèwi Wayasi dhatêng Kasi, Bambang Parasara ngèstokakên.

Sarêng tindakipun Bambang Parasara dumugi laladan Kasi, kêpêthuk satunggiling brahmana agêng inggil, tinakenan ngakên nama Maharsi Wyasa, botên gadhah dunung, salaminipun namung lêlana prêlu ngupadosi badhe bapa, sintêna ingkang kuwawi nêmbadani karosanipun, inggih punika dipun akên dados bapa sajati. Sasampunipun makatên, Rêsi Wyasa nantang junjung-junjungan, sadaya sami ajrih, wusana ingkang kadugi namung Bambang Parasara, kalampahan Maharsi Wyasa kenging kajunjung, kados tanpa wawrat. Sasampunipun kaandhapakên, Maharsi Wyasa botên nêdya malês, malah lajêng ngabêkti dhatêng Bambang Parasara, wêkasan muksa, lajêng wontên cahya katingal umanjing dhatêng Bambang Parasara.

Sadumugining Kasi, Bambang Parasara lajêng sowan ingkang ibu, Dèwi Wayasi, saha salajêngipun Bambang Parasara kapuruhitakakên dhatêng para linangkung, ing bab guna kasantikan, jaya kawijayan, punapadene kasampurnan. Saking Kasi Bambang Parasara lajêng sowan ingkang paman dhatêng Gujulaha, wontên ing Gujulaha kapuruhitakakên malih, wusana Bambang Parasara uninga dhatêng sawarnining kasagêdan. Salajêngipun wangsul dhatêng Saptarga. (Badhe kasambêtan)

--- 401 ---

Kawruh Sawatawis

Caranipun Tiyang Majêngakên Sêsadean

Mênggah pêpangkataning tiyang majêngakên sêsadean, tumrapipun ing jaman sapunika sampun botên kawêkèn. Warni-warnining rekadaya ingkang sagêd nênarik dhatêng tiyang têtumbas, punika ingkang prasaja sangêt namung patrap atêtawi, limrahipun namung dipun tindakakên ing para tiyang idêr têtêdhan sapanunggilanipun. Anggènipun nawèkakên wau mawi mastani satunggal-satunggaling têtêdhan ingkang dipun idêrakên. Jalaran saking patrapipun ingkang makatên wau, sagêd nênarik dhatêng manahing tiyang ingkang mirêngakên, wêkasan sêsadeanipun sagêd pajêng. Wontên malih ing nagari Inggris, tiyang èstri ingkang nawèkakên padaganganipun, sarana nulupi jandhelaning griya mawi isi kapri. Patrap makatên punika ugi dados panarik, mriksanana gambar.

[Grafik]

Patrap makatên wau lêstantun tumindak ngantos sapriki. Dados mênggahing kajêngipun, tiyang sêsadean punika manawi tanpa tawi, inggih botên pajêng.

Sapunika mênggahipun dhatêng tiyang sêsadean ingkang dhasar, punika patraping damêl daya panarik dhatêng tiyang sanès, sarana mujudakên padagangan wontên ing padhasaran, manawi wujud têtêdhan, inggih ingkang menginakên, sabên tiyang sumêrêp lajêng kumêcêr. Yèn wowohan inggih andhasarakên ingkang sêpuh-sêpuh utawi agêng-agêng. Yèn bôngsa sêmbêt inggih ambèbèr barang ingkang warninipun sagêd nênarik manah.

Reka makatên punika sampun kalêbêt golonganing tiyang sêsadean ingkang ragi murwat, tiyang ingkang têtumbas sami dhatêng piyambak.

Sapunika nyandhak ingkang nama padagangan agêng, ing ngriku rekadayanipun warni-warni, botên ngêmungakên wontên ing panggenanipun kemawon, ugi mawi sarana maradinakên sêrat sêbaran, nglêbêtakên wara-wara wontên ing sêrat kabar. Mênggah pêpajênganing sêsadean ingkang kados makatên punika, botên namung saking dhatêngipun tiyang ingkang têtumbas kemawon, nanging ingkang kathah malah lumantar saking wêlingan.

Manawi sampun nyandhak dhatêng caraning among dagang, ing ngriku patrapipun angajêngakên padagangan warni-warni, inggih sarana andhasarakên, ngintunakên cobèn-cobèn [cobè...]

--- 402 ---

[...n-cobèn] (saupami têtêdhana icip-icip). Wontên ingkang masang gambar-gambar wontên ing margi utawi ing papan-papan ingkang adhakan dipun ambah ing tiyang kathah. Sadaya wau mênggah antuk-antukanipun botên sakêdhik.

[Grafik]

Kados para maos sampun botên kêkilapan dhatêng kawontênan ing kalanipun manawi nuju wontên pasar malêm sasaminipun. Ing papan ngriku kathah padagangan ingkang kapitongtonakên, wontên ingkang ngiras kasade, wontên ingkang kapitongtonakên thok. Tumrap tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, tamtu gawok dhatêng patrap andhasarakên ingkang kados makatên punika, awit waragadipun tamtu kathah, pikantukipun namung dipun sawang ing tiyang. Nanging katranganipun malah angosok-wangsul, awit inggih papan ingkang kados makatên punika ingkang sagêd misuwurakên dhatêng para among dagang, dening lajêng kasumêrêpan ing tiyang kathah, wah saking môncanagari, dados sanadyan ing kala punika tiyang dèrèng tumbas, nanging sanès dintên manawi ambêtahakên, sampun sumêrêp panggenanipun, lajêng sagêd mêling.

Kawontênan-kawontênan ing kalanipun wontên pasar malêm, wontên tukang dhêdhaharan ingkang mitongtonakên dêdamêlanipun dhêdhaharan, ngantos manjung-manjung botên dipun sade. Saya tumrapipun ing tanah Eropah, kados ing gambar punika, wontên dhêdhaharan ingkang dipun pitongtonakên ing padhasaran, ingkang agêng inggilipun ngantos samantên. Punika wosipun inggih namung dados panarik.

Para maos kados sampun kêrêp nguningani kawontênanipun toko-toko agêng ingkang andhasarakên padagangan wontên ing ngajêngan mawi kinurung kaca. Punika sintêna ingkang sumêrêp, tamtu karênan ningali dhatêng kawontênaning barang-barang ing ngriku. Wah ing ngriku pancèn dipun jarag tansah dipun sontan-santuni, dangu-dangu botên sande sagêd nênarik dhatêng manahipun tiyang ingkang ningali, awit kadhang-kadhang wontên barang ingkang dados panujuning manah.

Dados mênggahing tiyang among dagang punika caraning anggènipun badhe majêngakên padagangan, botên kêkirangan rekadaya.

--- 403 ---

Sêratipun Petruk dhatêng Garèng

Wiyose, Kang Garèng, wis têlung dina iki aku ana ing Karanggayam, sawijining ondêr dhistrik ing bawah Karanganyar, paresidhenan Cilacap. Mungguh apa sing tak sumurupi utawa tak rungoni ing sajêroning têlung dina kiyi, wah, Kang Garèng, pantêse wis ora beda gadho-gadho utawa sênenjong godhog kae. Amrih komplite, anggonku crita kiyi tak wiwitane saka Batawi pisan.

Mungguh panganggoku apadene panganggone Makne Kamprèt- wêruha Kang Garèng, aku kapêksa ngajak adhimu, awit jarene, yèn ora diajak, arêp ngêndhat sadina kaping sanga likur- iya rada dikayang têmênan. Kanggone aku: jas bukak dhasi ngilat baya, ikêt balangkon cara Sala, jarit parangklithik babaran Banyumas, kathik sêlope kiyèt-kiyèt sajak durung dibabar, cêkake Kang Garèng, panganggoku kala samono ora kalah saupama dipadhakake karo bêndara sèkrêtaris kalane nontoni pacangane kae, dene panganggone Makne Kamprèt, cêkake barang-barang duwèke dhewe, utawa duwèke tanggane, padha diênggoni kabèh, nganti cahyane manthêr kaya ... Ni Blorong. Lo, mangkono mungguh panganggoku lan adhimu. Dadi saupama aku lan adhimu mau diarani: priyayi sakalihan lagi anjajah desa milangi kori, ya pancèn wis mathis bangêt.

Kaanane ana ing sêpur ora prêlu tak caritakake dawa-dawa, mung rong prakara kaya-kaya iya pantês yèn kowe wajib mêruhi, yaiku mangkene: 1e. sadalan-dalan karêpku kiyi pancène mono iya nyara priyayi tus têmênan, têgêse: tindak-tandukku kudu sing prawira, sanadyane kang nyang ngomah udute narima rokok kawung bakone sêmprul upamane, nanging nèk nang paran cêkêlane iya mêsthi srutu sigago, mung bae pangudute yèn kabênêr ana wong andêlêngake, nèk ora, srutune mau iya mung kanggo cêkêlan bae. Kajaba prawira iya kudu garang, karêpe: ora prêduli ana ing ngomah kêndhile kêrêp mêngkurêb, nanging ana ing paran pambêkane kulinane mung mangan kênthang bêstik, mulane barêng mangsane mêsin wêtêng anjaluk bèngsin, aku andadak bêstèl nyang resturan dhaharan Walônda sing dakik-dakik kae, kaya ta: kênthang bêstik, omêlèt, krokèt, lan sapanunggalane, nanging bawane wêtêng Jawa, sanadyan wis ngantêm krama kênthang bêstik rong piring, ewasamono wêtênge iya isih ngêngkrik bae, têgêse: wêtênge mau durung pati jênjêm, mulane barêng têkan ing Purwakêrta banjur tak têmpilake sêga pêcêl pincukan kae. Lo, anèhe, wêtênge banjur têrus antêng bae, turne aku mung ngêntèkake ... sêpuluh pincuk. 2e. Kala samono pambêkanaku: ora ana wong anjajah kaya aku, hla wong lêlungan bakale têrus têrusan bae: Bêtawi, Cikampèk, Crêbon, Purwakêrta, Kroya, Ngayoja, Sala, Mêdiun, [Mêdi...]

--- 404 ---

[...un,] Kêrtasana ... wèyèh, sasat mandhor kondhèkturane. Wah, Kang Garèng, pambêkanaku sing pêthunthungan mêngkono mau, sanalika banjur kawêlèh bae, awit barênganaku nyêpur kuwi ana sawijining Walônda, sing wis tau midêr jagad têmênan: nang Amerikah jarene wis tau dadi muride Tom Mik (Tom Mix) nang Jêpang wis tau milu ngidêrake dodol: jintan, nang Tiongkok, wis tau sêkolah gawe bakmi karo cap jae, cêkake Walônda mau, anggone anjajah ing môncapraja mau ora mung sanyukan bae, nanging nganti wêruh kaanane ing kono kabèh. Kang mangkono mau atiku banjur mak kêndhêlong kayadene wong nang tayuban, kalane tiba gong anggone pacak gulu rada dikayang, jêbulane gonge kêlepyan, mêrga tukange gong lagi ngantuk. Mulane Kang Garèng, sanyatane ing donya kene kiyi ora ana wong anjajah, mêsthi ana sing luwih jajah, ora ana wong pintêr, mêsthi ana sing luwih pintêr, ora ana wong sugih, mêsthi ana sing luwih sugih, mêngkono sapiturute. Bêcike wong urip kuwi yèn ngôngka slamêt, rumasaa yèn awake dudu barang-barang.

Ambanjurake anggonku carita, Kang Garèng, kira-kira jam satêngah papat sêpur sing tak tunggangi mau wis têkan ing sêtatsiun Karanganyar. Ing kono aku lan Makne Kamprèt padha mêdhun. Wah, Kang Garèng, kalane aku wêruh yèn dipêthuk sang ipe, astèndana Karanggayam, nganggo motor, bungahku ora beda karo wong sing cêki iyo labas raja kae. Awit wêruha, Kang Garèng, iya bênêr Karanggayam kuwi dohe saka Karanganyar mung ana patang pal, nanging dalane munggah, thik menggak-menggok turut jurang, dadi saupama aku lan Makne Kamprèt ora olèh pêthukan, nanging kapêksa kudu ngodhok, iya satêngah dhud têmênan.

Kang Garèng, kaya-kaya ora prêlu tak critakake, yèn satêkaku ing Karanggayam aku sakloron olèh suguhan: wedang kopi susu gulane batu, pacitane: bakaran budin, criping budin lan lêmèt budin, mundhak agawe crocosan padha miyos ilêrmu bae. Sing prêlu tak caritakake saiki, kaanane ing desa-desa bawah Karanggayam.

Kang Garèng, mungguh kaanane wong-wong ing bawah Karanggayam, saka pandêlênganaku ing sajêroning têlung dina kiyi, sing jênêng sugih kaya-kaya iya pancèn lôngka, nanging sing mlarat bangêt nganti ora bisa mangan babarpisan, kaya-kaya iya ora ana. Iya bênêr sing dadi bakuning pangane wong-wong kono kuwi budin, dudu sêga, nanging rak iya ana sing dipangan ta. Jalaran saka sing mangkono mau, aku banjur duwe panêmu, yèn wong-wong ing bawah Karanggayam kuwi ora padha kakurangan pangan, nanging kakurangan ... dhuwit. Mara, pikirên bae, budin sapikul kuwi ana ing pasar onjo-onjone mung bisa payu 15 sèn. Mulane priyayi kuwi, yèn manggon ana ing desa banjur gêlêm urip kaya wong desa têmênan, têgêse: sabên dina kudu mangan sêga budin, jangane godhong budin, karo sambêl bawang thok bae, kiraku iya bisa mrênthêl têmênan. Bokmanawa iya anjupuk waton sing kaya ngono kuwi, durung suwe kiyi ana layang kabar Walônda ing

--- 405 ---

Batawi macak karangan, sing cêk aose uga andakwa, yèn balanjane asistèn wadana kuwi jarene kakehan bangêt. Nanging si tukang ngarang mau ora pisan-pisan ngèlingi, yèn pangkat asistèn wadana sapiturute kuwi salawase kudu anjaga kaluhurane sarta pangkate. Hla, nèk dadi dara sistèn, andina-dina mung narima mangan karo kluban bae, mêngko rak kalakon diparabi dening wong cilik: dara sitèn, kluban têmênan. Lo, kuwi sawijining bab sing sêpele, nanging sing sawijining asistèn wadana kudu tansah anjaga, aja nganti katon bangêt-bangêt anylêkuthise. Kajaba iku isih pirang-pirang manèh, Kang Garèng, sing asistèn wadana kapêksa kudu ambuwang dhuwit, kaya ta: yèn ana rawuhan, ingkang bupati utawa tuwan asistèn residhèn, apa iya narima disuguh: wedang godhong kopi gula Jawa karo bakaran budin, mêngko kondhitêne rak sida dadi karangabang têmênan.

Kang Garèng, nalikane aku ana ing Karanggayam, kabênêran ing asistenan karawuhan ingkang bupati karo ingkang garwa. Wadhuh, Kang Garèng, ribute asistèn karawuhan ingkang bupati kuwi, iya wis ora beda karo yèn kowe karawuhan dhirwardhêr arêp dibêslah barang-barang jalaran saka anggonmu nglowongi panicile utangmu ganêp kapat sasur sasi kae. Turna sing rawuh mau mung ingkang bupati ing Karanganyar, karêpe: sawijining bupati sing ora ngêgung-êgungake le jumênêng dadi bupati, nanging nyang para priyayine alus bangêt tangkêbe, dalasan aku bae, ingatase mung jurnalis cecrekan ngene, iya mêksa ditimbali didhawuhi ngadhêp. Rumasaku kala samono kayadene satriya saka pratapan arêp ngadhêp Prabu Yudhisthira, lakune iya nganggo ayak-ayakan barang. Ing kono aku kaparingan dhawuh pirang-pirang dening ingkang bupati sakalihan. Liya dina bae tak caritani manèh, sesuk aku nêdya ambanjurake laku nyang Surabaya.

Karanggayam 19 Marêt 1931.

Adhimu, Petruk.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan Kajawèn, administrasi Kajawèn sampun ngintuni pos wisêl kothongan kados adat, kangge pambayaran kuwartal kaping kalih 1931.

Ingkang punika tumrap para lêngganan ingkang dèrèng ambayar, satampinipun pos wisêl wau, lajêng kaparênga ngintunakên arta sakêdhik-sakêdhikipun f 1,50. Tumrap lêngganan ing tanah Jawi kasarantosakên dumugi tanggal 15 April, dene tumrap sajawinipun tanah Jawi dumugi tanggal 30 April. Langkungipun saking titimôngsa wau, manawi dèrèng ngintunakên arta, badhe botên kakintunan Kajawèn malih.

Administrasi.

--- 406 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Kumisi mariksa usul ing bab Bale Agung.

Sêdyatama martosakên, awit saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, mupakat kalihan Tuwan Gupêrnur, nêtêpakên, 1. Bandara Pangeran Arya Jayakusuma, 2. Radèn Tumênggung Nitinagara, sami dados kumisi, ingkang kapatah niti samôngsa wontên musi saking pakêmpalan-pakêmpalan, usul kawratan warni-warni, utawi usul ingkang kawrat ing sêrat-sêrat kabar, ing bab bale agung.

Pasulayanipun bôngsa Jawi kalihan bôngsa Tionghwa sami ing Pakalongan.

Sampun sawatawis dangu bôngsa Jawi ing Pakalongan pasulayan kalihan bôngsa Tionghwa, ingkang tuwuh namung saking prakawis botên sapintêna, ngantos sapriki taksih kemawon, pinanggih mèh sabên dalu wontên pasulayan, nanging namung alit-alitan. Jalaran kawontênanipun tansah kados makatên, pajagèn pulisi ngantos dipun santosani, malah residhèn ing Pakalongan nyuwun biyantu saradhadhu, kalampahan sampun angsal bêbantu saradhahu saking Mistêr Kornèlês, cacah 55 têtindhih kapitan.

Gupêrnur Jawi Têngah sampun rawuh ing Pakalongan, pikantuking wawasan pasulayan wau botên tuwuh saking pulitik utawi among dagang, kagalih botên nguwatosakên.

Siti longsor ing Sumêdhang.

Wontên pawartos saking Bandhung, kala malêm Jumuwah kapêngkêr wanci jam satêngah sawêlas, ing kabudidayan Cinangserang, dhistrik Sumêdhang, wontên siti longsor, wontên tiyang èstri 2 kurugan, nandhang tatu rêkaos, lan wontên griya 7 katut longsoring siti. Mayit ingkang dèrèng pinanggih satunggal.

Papan pambucalan enggal.

Kawartosakên, komisi ingkang dipun patah mariksa papan pambucalan ingkang minôngka lêlintuning papan pambucalan ing Dhigul, sampun mariksa satunggiling pulo ing Maloko, kaprênah sakidulipun pulo Seram.

Konggrès B.O.

Benjing tanggal 3 dumugi 5 wulan April ngajêng punika, pakêmpalan B.O. badhe ngawontênakên konggrès manggèn ing gêdhong pêrmupakatan Indhonesiah ing Gang Kanari, Batawi Sèntrêm.

Bab kasarasan ing Jawi Wetan.

Miturut pawratos saking insêpèktur pakaryan kasarasan, parentah paring waragad f 35.000.- kangge nyaèkakên bab warni-warni ingkang gêgayutan kasarasan ing Jawi Wetan, griya sakit ing Sumênêp badhe kathah ingkang dipun saèkakên, griya sakit barisan dipun tindakakên dening pakaryan kasarasan.

Papriksan sewan griya (Huurcommissie).

Rumiyin dhepartêmèn yustisi sampun tampi dhawuh, supados manah, punapa tatanan Huurcommissie prêlu dipun tindakakên malih. Bab punika dhepartêmèn ugi sampun maradinakên pandangon dhatêng para pangagêng nagari. Gêgayutan kalihan pawartos ing bab badhe sudaning balônja, tumrap punggawa golongan andhap sami nguwatosakên, botên jalaran pados sudaning sewan, nanging kuwatos manawi ing têmbe wingking sewan griya dipun indhakakên tanpa wêwaton. Bab panimbang wau dipun sarantosakên dumugi salêbêtipun wulan April ing ngriku tiyang badhe sagêd namtokakên wontên lan botênipun Huurcommissie wau.

Kawontênan ingkang nyamari.

Wontên tiyang ingkang nyumêrêpi saha nyamarakên dhatêng jugruging rêdi lambunging dhusun Rancahpanggung, dhistrik Cililin, Priyangan. Wontên pasitèn wolung bau sitinipun katingal malêkah, wiyaring plêkahan 5 sèntimètêr, ing ngriku wontên griyanipun 80 isi tiyang 100. Saking rêrigênipun priyantun pangrèh praja, têtiyangipun sampun sami kadhawuhan sumingkir.

Rêdi Marapi tumandang malih.

Wontên pawartos saking Magêlang lumantar Aneta-Nipa rêdi Marapi katingal tumandang malih, ing dintên Ngahad kapêngkêr, wiwit jam 6 enjing dumugi jam 10 siyang, kathah siti ingkang jugrug, ukus[27] abrit katingal tumuju dhatêng jurang Blongkèng, ing dhusun Batang jawah awu. Ing Munthilan dipun wontênakên parêpatan dening gupêrnur Jawi Têngah, residhèn, ingkang bupati tuwin para ahli rêdi. Dr. Hartmann mratelakakên ing bab kawontênaning rêdi ingkang kakintên adamêl bêbaya. Ngèstokakên dhawuhipun pangrèh praja, têtiyang ing dhusun Baturdhuwur, Balong tuwin Kêlampean, ingkang sampun sami wangsul saha anggarap sabin malih, lajêng sami kesah. Ing sapunika wontên tiyang 2000 malih ingkang dipun papanakên ing griya pamondhokan ing Munthilan, ngêntosi kawusananipun, kenging lan botênipun wangsul dhatêng papanipun lami. Lahar mili dhatêng lèpèn Saat, êpanging lèpèn Blongkèng, lampahipun anggrêmêt, sadintên 30 mètêr. Malêmipun Sênèn, sumpêling rêdi katingal mangangah, cêtha dipun tingali saking Magêlang tuwin Munthilan, ilining lahar katingal pating jlarèh abrit.

Pamulangan dhoktêr.

Tuwan Wahab asli saking Padhangpanjang, lulus iksamên Ind. Arts bagian kapisan ing Stovia.

--- 407 ---

Parêpatan rantaman praja kapisan.

Kawartosakên, parêpatan kapisan ing bab rantaman taun 1932 badhe katêtêpakên dhawah wontên ing tanggal 14 April ngajêng punika, ingkang lênggah parêpatan, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, rad Indhiya, para pangagêng dhepartêmèn. Kala ing tanggal kaping 14 wulan punika, sawarnining pèngêtan tuwin palapuran saking kantor-kantor paprentahan, sampun kapasrahakên dhatêng dhepartêmèn babagan arta. Mirid saking pèngêtan wau, dhepartêmèn babagan arta lajêng wiwit nindakakên pangetanging rantaman.

Pamulangan luhur pangadilan.

Tuwan Iskandar Suryaatmaja lulus dhoktoral iksamên bagian kapisan ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi.

Bikakan enggal.

Kala tanggal 22 wulan punika ing Gang Kanari, Batawi Sèntrêm sampun kalampahan angêdêgakên Studieclub Nasional Indonesia.

Sumur bur.

Sarèhning manawi ing môngsa katiga ing bawah Mistêr Kornèlês kathah tiyang ingkang botên angsal toya, dhirèktur pakaryan praja sampun amaringi palilah dhatêng ingkang bupati damêl sumur bur ing dhusun-dhusun ingkang sagêd murakabi dhatêng kiwa têngênipun.

Kawigatosan saking praja liyan.

Dhirèktur têtanèn Philippijnen badhe nyatakakên kabudidayan mêrês ingkang agêng piyambak ing tanah Jawi, inggih punika kabudidayan mêrês General de Wet, gadhahanipun Tuwan Hirschland lan van Zijl ing Cisaruah, Priyangan.

Pawartos ngayawara.

B.N. martosakên, ingkang bupati ing Banyuwangi ngaturi pawartos dhatêng Residhèn Jêmbêr, wontên wadana têtiga ing bawah Banyuwangi tampi pawartos, bilih lare-lare ingkang dipun tilar tiyang sêpuhipun jalaran saking kasangsaran rêdi Marapi, badhe sami dipun sade sarana lelang. Kalampahan kathah têtiyang sami sowan ingkang bupati utawi pangrèh praja mitêrangakên bab wau, saha wontên pawartos malih, wontên lare-lare tigang grêbong sêpur kaangkatakên saking Jêmbêr, badhe dipun lelangakên wontên ing Gêntèng, cêkakipun wartos wau warni-warni. Bab punika para pangrèh praja sampun marak-marakakên ing bab doraning pawartos wau.

Asiah.

Panduwanipun Sang Gandi dhatêng para sudagar.

Navsari. Baroda 15 Marêt (Aneta-Nipa). Sang Gandi ingkang nuju tindak dhatêng Gujerat nuwuhakên usrêganing ngakathah, amargi Sang Gandi anduwa botên karsa wawan-sabda utawi nampèni arta. Pangandikanipun Sang Gandi, ugi kaparêng nglaksani[28] ing bab punika, samôngsa para sudagar sampun angèndêli gêgayutan among dagang barang sêmbêtan kalihan bôngsa ngamônca. Nanging sarèhning Sang Gandi lumuh manggih panyeda ingkang jalaran saking anggènipun botên ngajêngi pawèwèh, kagungan usul botên migunakakên arta wau ing sadèrèngipun sudagar-dudagar[29] ngèndêli anggènipun dêdagangan barang sêmbêt ngamônca.

Lindhu ing Hongkong. Hongkong 19 Marêt (Aneta-Nipa). Ing salaladan Hongkong, têtiyang sami ngraosakên wontên lindhu, wanci jam 2.30 siyang, nanging botên wontên karisakan. Miturut pèngêtan, têbihing pusêr lindhu wau 300 mil kaprênah lèr kilèn.

Eropah.

Pamêdal praja nyênêngakên.

Parijs 20 Marêt (Aneta-Nipa). Pamêdal praja Prancis ing wulan Pèbruari gunggungipun wontên 2.890.000.000 prang, manawi dipun timbang kalihan wontêning rantaman, langkunganipun pinanggih 60.000.000 prang.

Pangeran Wales nitih mêsin mabur.

Buenos Aires 22 Marêt (Aneta-Nipa). Pangeran Wales tuwin Pangeran George ing dintên wau bidhal dhatêng Montevideo nitih mêsin mabur, dipun iring ing mêsin-mêsin mabur Argentinie. Wanci jam kalih, pangeran kêkalih wau sampun tumêdhak ing dharatan.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 3458 (R. Ng. Arjasutarya, ing Bramantakan), rèhning kwartal kalih ing ngajêng punika sampun kalajêng panjênêngan bayar, dados Kajawèn badhe kakintun têrus, dumugi 30 Juni 1931.

Lêngganan nomêr 2354 ing Pijiharja. Bausastra: Mêlayu - Jawi rêgi f 2.-, Practische Indische tolk botên sade.

Lêngganan nomêr 3134 ing Kroyah. Kajawèn Marêt, kakintun lêlahanan.

Lêngganan nomêr 5509 ing Blitar. Sampun katampi. Nuwun.

Lêngganan nomêr 5293 ing Purbanêgaran, R. Atmasukarta sampun kalêbêt lêngganan nomêr 34, Kajawèn sampun wiwit kakintun.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 10 ing Banyuwangi. Kêmis Lêgi tanggal 19 Siyam Je 1822, dhawah tanggal 6 April 1893. Sabtu Kliwon tanggal kaping 19 Sura Je 1846 dhawah tanggal 27 Nopèmbêr 1915.

Tuwan S.W. ing Têlukwetan. Taun 1833 botên dhawah Be, dhawah Wawu, dene ingkang nocogi tanggal 12 Mulud dhawah dintên Kêmis Lêgi, ing wulan Mulud taun Be 1832, Walandi tanggal 18 Juni 1902.

--- 408 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

36.

[Sinom]

kang pêksa dupi uninga / pangadilaning narpati / ing tyas wus ngrasa narima / nadyan maksih tabêt tangis / nulya tumurun sing wit / araras trap marikêlu / ngaturkên sêmbahira / myang panuwun maring gusti / dene antuk piwalês marêmi driya //

ri sampuning sawatara / pêksi anèng ngarsa aji / nulya mabur angambara / tilar don tabêting sêdhih / nata anggung anggalih / mring rasa duhkitèng manuk / wusana sri narendra / ing batos anggung mêmuji / lêstarining nênggih pangadilanira //

ing mangkya saya warata / ambêg adiling narpati / datan pilih sato janma / wênang umarêk ing gusti / nyatanira katitik / tumibaning ngadil tuhu / tan kêni winancenan / trapira kalawan titi / tumibaning pidana wèh panarima //

pinangguhira nèng praja / tumus warata nêntrêmi / nadyan sanggyaning piala / antuk piwalês marêmi / nanging sotaning janmi / tan pisan mangajab antuk / adiling naranata / awit sanadyana bêcik / tuwuh ingkang ngadil tan mêgat duhkita //

XVIII. Prabu Elala ngadili nini-nini.

[Mêgatruh]

gantya wuwus wontên janma èstri sêpuh / ingaran wus nini-nini / parandene bakuh kukuh / sanggyèng karya mitayani / sangkêp maksih balung otot //

titikipun sanadyan mangkya wus pikun / maksih panggah ulah siti / tan prêlu mawi binantu / marma gawok kang ningali / nênangi tyasing para nom //

lawan tuhu ambêgira nyai sêpuh / sarwa narima ing ati / tan pisan darbe tyas kisruh / gêsangira angênggèni / nrimah panduming Hyang Manon //

sanadyan ta bakuning pêpancènipun / mung antuk siti sakêdhik / tarima ginarap wungkul / datan pisan amèrèni / maring têtôngga kang pyah-pyoh //

dening wêruh tindak adiling pêpandum / yèn uriping janma siji / nadyan sakêdhik wus cukup / tan prêlu murka ing ati / anjôngka mrih omah gêdhong //

marma anggung salami têntrêm kalangkung / prênah sumèlèh ing ati / anggarap siti lumintu / praptaning môngsa ngênèni / maksih darbe pari tandhon //

duk samana amarêngi kalanipun / mangsa[30] na ananêm pari / nini-nini tumandang wus / kanthi tindak ngati-ati / kadi tata kang kalakon //

lamun nuju kala kang mangkana wau / tan kêndhat anggung naliti / maring têtanêmanipun / tan metung siyang myang ratri / sinambangan tanpa pêdhot //

parandene apês yèn lagya tinêmu / prapta datan pilih margi / dupi wus andungkap sêpuh / kang pari katon katitik / sêmu kamomoran kopong //

duk andulu ni tuwa ing tyas kumênyut / ngrasa lamun antuk cobi / sinuda rijêkinipun / mung wusing dangu pinikir / ing tyas mung pasrah kemawon //

awit sagung lêlakon ingkang tinêmu / kawula kari nglakoni / tan kêni kalamun mutung / tanapi nênutuh wani / mring tan adiling Hyang Manon //

malah asru dènira angucap sukur / dene maksih dèn paringi / sanadyan sakêdhik wujud / maksih kêni dèn ênèni / pantun sadaya tan kopong //

praptanipun ing môngsa panèn kumrubut / janma sarêngan ngênèni / mring sabin rame kalangkung / wangsul winot ing padhati / anggung nywara gêrot-gêrot //

mung nyi sêpuh dènira ngênèni pantun / antukira mung sakêdhik / cêkap tan mawi binantu / malah duk kalaning mulih / kang pantun cêkap ginendhong //

sapraptaning wisma sinèlèhakên wus / kanthi ngarah-arah ririh / ywa kongsi rusak myang mawut / eman dene mung sakêdhik / kêdah sarwa ngatos-atos //

enjingipun wancining sawung kaluruk / nyai sêpuh uwus tangi / rêrêsik latar kang ciyut / kinarya angêpe pari / mrih tumuli antuk sorot //

wusing katon sunaring surya tumanduk / mring sarira anggatêli / kang pantun dèn êpèni wus / wusing rampung anênggani / ing sêmu kawuryan angglong //

awit wêruh pantun kang pinepe wau / datan pisan angiribi / kadi panenan kapungkur / nanging sawusing pinikir / nulya angucap wêwangson //

mangkya ingsun wajib anyukupkên butuh / anane pariku iki / kudu nyukupi sataun / nadyan sadina sajimpit / sun tarima trusing batos //

datan ana laku kang linakon luput / yèn ngandêl adiling Widhi / marma ingsun amung sukur / dene maksih dèn paringi / kamurahan kang samono //

surêm-surêm sunaring baskara mirut / sinrang mêndhung angêmuli / linut kang angin gumrubug / angêlêm padhanging langit / nulya jawah kadi dèn sok //

nyai sêpuh kagyating tyas sakalangkung / kongsi datan kobêr mikir / kang pantun kodanan têrus / samya têlês anêrusi / kang tan kuwat samya gogrok //

sarwa sarèh nyi sêpuh ngukupi pantun / jroning tyas arasa tangis / dene mangkya pantunipun / samya têlês wênèh kentir / kathah kang nèng kisma moprok //

dhumawahing kang warsa anggung lumintu / mung kala-kala mêndhani / kongsi tigang ari têrus / têmah pari kang tan garing / pinangguh bosok akoklok //

duk ing wau nyai sêpuh dupi wêruh / kalangkung dènnya prihatin / wêkasan nangis angguguk / kanthi sêsambat drêwili / o dene pariku losoh //

baya ingsun iki tan pinarêng idhup / dene mung trima sathithik / mêksa tinêmu marucut / mangkya sapa kang nulungi / kang nyambungi urip ingong //

nyai sêpuh nulya nyut kang cipta tuwuh / pantun bosok dèn kukupi / winadhahan kêba brukut / nulya sowan sri bupati / dyan anggoyang gêntha nong nong // (Badhe kasambêtan)

--- 97 ---

Nomêr 25 taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Katur Rama Sêbul

Wiyosipun rama, kula punika kêng putra ingkang nêmbe nywara (ambêngok), ing sarèhning bapa kula punika tumut dados lêngganan Kajawèn, dados sabên bapak tampi Kajawèn lan pamaosipun sampun katam, Kajawèn wau mêsthi lajêng kalorodakên dhatêng kula (botên ngantos gothang). Dados kula inggih tumut ngraosakên lêgi lan gurihipun. Mila kula inggih mangrêtos dhatêng wêwatêkanipun Rama Sêbul, inggih punika rama manahipun sabar, asih sangêt dhatêng para lare-lare. Sagêd ngladosi dhatêng kêkajênganipun lare-lare (putra sadaya), waton botên nganèh-anèhi.

Mila ing sarèhning bapa kula piyambak punika tiyang ingkang kêkirangan (I kirang sêsêrêpan, II. Kirang = tangamil miskin), dados kula kêparênga nênêdha dhatêng Rama Sêbul utawi inggih dhatêng rama-rama ... sintên ingkang gêgadhahan. Inggih punika ing sarèhning griya kula punika awon (kathah peranganipun ingkang dêling), amargi inggih tangamil miskin wau. Griya kula punika enggal risak, sabagean agêng ingkang enggal ngrisakakên dipun kroyok ing kewan alit-alit, inggih punika: rayap. Ingkang kula gumuni punika rayap wau anggènipun enggal ngrêbda. Sontên kula saponi, enjing sampun mrambat ing gêdhèg. Enjing kula rêsiki, sontênipun kula tingali inggih sampun mrambat malih. Môngka rencangipun namung kula piyambak, dados kula rumaos repot. Kadhang-kadhang anggèn kula nyapu kirang rêsik, awit kasêlak kasèp anggèn kula mlêbêt sêkolah.

Kewan punika wau: bapak, utawi tôngga-tôngga kula botên wontên ingkang sagêd ngihtiyari murih sirnanipun. Dados kula kapêksa nyuwun sêsêrêpan dhatêng Rama Sêbul utawi dhatêng rama-rama ... sintên ingkang ngrêtos dhatêng patrap panulakipun ama rayap wau. Rama ingkang sagêd, karsaa ngandharakên wontên ing kalawarti Kajawèn utawi ing taman lare ngriki. Iba bingahing manah kula upama lajêng mak.. brol, wontên ingkang ngandharakên.

Wasana nyuwun pangaksama.

Sopyan. Anak lêngganan: Bangunsari - Pacitan.

19-3-'31.

--- 98 ---

Jothakan

Candhakipun Kajawèn nomêr 21.

Anggone jothakan Bêja karo Jirih saya bangêt, kana kene wis padha duwe golongan. Golongane Bêja mung sathithik, nanging bocahe gêdhe-gêdhe. Golongane Jirih akèh, nanging bocah cilik-cilik.

Kabênêran ing desane nuju ana wong wayangan, mêsthine bocah-bocah iya padha nonton.

Wayah sore, bocah-bocah wis padha nglumpuk, dene bocah-bocah sing lagi jothakan, wis padha grombolan.

Kocap grombolane Si Bêja, ing wayah sore mau wis padha rêmbugan, Bêja calathu mênyang Jênthot: Mêsthine mêngko bêngi aku kêrêngan karo mungsuh, ulat-ulatna, lo.

Jênthot: Aja samar, Ja, aku sing bakal anggêdhèni.

Wayah jam sanga bêngi wayange wis talu, gamêlane rame, bocah-bocah wis padha têka. Si Jirih kuwi pancèn bocah jirih, jam pitu sore wis andhisiki têka, awit wêdi yèn kêpêtêngan, nanging kandhane Mung saka nglumuhi, prêlu golèk panggonan dhisik. Kêbênêran bisa olèh panggonan cêdhak êgong, wiwit sore wis mapan linggih mlêpês, sing ora wêruh mêsthi diarani kônca niyaga.

Barêng bêngi mungsuhe Jirih, ya kuwi Si Bêja, lagi wêruh yèn Jirih ana ing kono. Bêja banjur anjawil kancane karo nudingi Jirih lan muni mangkene: Galo Si Kêndêl ana kana.

Kancane Bêja jênênge Bêra mangsuli karo ngawasake: Si Kêndêl sapa ta, aku kok durung tau wêruh.

Bêja: Kae nèh, sing linggih sandhing êgong.

Bêra: Kae rak Si Jirih.

Bêja: Hus, aja koarani jênênge, kuwi rak jothakanmu. Ayo padha dicêdhaki. Bocah loro banjur mara, mapan ana ing burine Jirih, nanging Jirih ora wêruh, Bêja banjur mapan linggih karo nyuwara: Linggih kene bae, thim, cêtha.

Jirih krungu suwara mau banjur nolèh, nanging barêng wêruh sing nyuwara Si Bêja, iya mênêng bae.

Bêja kuwi pancèn bocah anjarag ngajak kêrêngan, mung golèk dhadhakan bae, banjur calathu mangkene: Ra, iki ana niyaga anyar, linggihe kaya piyayi, patut-patute isih santanane kyai dhalang. Nanging yèn mirid anggone tansah nglirik panganan, patute iya mung bocah ... e, klèru, ... iya priyayi mriksani.

Dhisike Jirih mênêng bae, nanging sarèhne pijêr disêmoni, dadi iya mangsuli, unine disamar: Hêm, cangkêm kok gatêl bae.

Bêja barêng krungu uni ngono mau banjur ngangsêg karo muni: Ayo yèn wani mêtua nyang jaba, antêm-antêman apa bantingan.

Iya sanadyan Si Jirih sabara pisan, suwe-suwe iya grêgêtên, banjur dadi padu. Mas niyaga sing ngêgong anyêl atine, wis sat-sêt ngelikake ora dipaèlu, lan wêruh sing gawe jalaran Si Bêja . Saka grêgêtan, mas niyaga anggone [anggo...]

--- 99 ---

[...ne] ngêgong diklerokake olèh sirahe Si Bêja, nganti mak dhug.

Bêja mundur karo pringisan, nanging atine malah saya gêtêm-gêtêm, tibaning nêpsu mêsthi bae mênyang Si Jirih.

Kocapa, barêng wis jam siji bêngi, Jirih wiwit ngantuk thêklak-thêkluk. Bêja wêruh anggone ngantuk Si Jirih banjur nyêdhaki. Suwe-suwe Jirih malah mapan turu. Ing kono Bêja banjur nalèni sikile Jirih karo suwiran gêdêbog. Dilalah sing cêdhak kono tabuh gong sing lagi sumèlèh, banjur ditalèni sisihaning tali sing ditalèkake sikile Si Jirih. Sawise nalèni, Bêja banjur ngadoh.

Ora suwe gamêlan muni, wah nuju pêrangan, mas niyaga cêg nyandhak tabuh gong: gèndhêl, Jirih sikile krasa digèrèt banjur tangi, dadi udrêg-udrêgan wong loro. Wusana lagi padha wêruh yèn dipaeka ing bocah. Ki dhalang nganti nolèh dening gonge ora ditabuh.

Jirih ora sida disrêngêni dening mas niyaga, awit wêruh yèn dipaeka ing bocah. Mung Jirih ngrêti sing mangkonokake. Batine: Iki mêsthi Si Bêja.

Litnan Lobak

Padha-padha dongèng, dongèng wêton Taman Bocah iki sok ana sing anèh-anèh. Nanging sarèhning jênêng dongèng, iya ora dadi ngapa. Prêlune bèn gawe sênênging bocah.

Iki ana dongèng, jênênge dongèng Litnan Lobak, karêpe ora kok saka litnan karêm mangan lobak, nyatane lobak dadi litnan.

Dongèng iki asli saka dongènge Nyai Umuk, ing desa Manahan, Sala. Kandhane Nyai Umuk, jare dhèk biyèn ing Manahan kuwi akèh wong nandur lobak, lan ing desa kono kuwi kêrêp diambah prajurit Mangkunagaran sing baris. Yèn nuju lèrèn, prajurit mau ana sing tuku lobak, banjur dipangan karo ampyang, ampyang kuwi kacang digôngsa gula. Mungguh rasane lobak dipangan karo ampyang iku enak, bisa ngilangake ngêlak.

Kacarita ana sawijining lobak, dikanthongi prajurit mêntas baris, awit durung nganti dipangan, banjur ana aba bali mulih. Sarèhning lobak mau mung siji, satêkaning ngomah ora kanggo gawe, malah mung dibuwang bae: sêbut, gêmlethak ana pawuhan.

Si lobak dibuwang mangkono mau, atine nalôngsa bangêt, grunênge: E, awak yèn lagi kojur, dadi lobak bae ora kuwat munggah meja, malah banjur gêmlethak ana pawuhan, ora wêruh rasaning mukti. Beda têmên karo manungsa, uripe sênêng, yèn dadi prajurit cakrak-cakrak, saya yèn dadi litnan, adhuh, sapa bae sing nyawang mêsthi dhêmên, dhasar bulu-bulune rembyak-rembyak, nglarak pêdhang dawa, panganggone pating glêbyar nganti gawe sulaping mripat. Hêm, aku kok kapengin têmên dadi upsir, upama kalakona, [kalako...]

--- 100 ---

[...na,] tanggung, aku mêsthi brêgas.

Lobak bangêt anggone anggagas, nganti lali mangan, lali turu, sing diimpi-impi mung bisaa dadi prajurit, sing pangkat litnan. Anggone prihatin si lobak bangêt, ora ngrasakake kodanan kapanasan, malah awake nganti kurugan lêmah, iya ora dirasakake.

Yèn mungguha uwong, lobak mau ayake tapa, nanging sarèhning bangsane thêthukulan, satêmêne anggone ngono mau saka arêp thukul, awit barêng wis kurugan lêmah lan kodanan, awake sing dhisike wis alum, saiki banjur dadi sêgêr, perangane awak sing ngisor, mêtu oyode, sing dhuwur mêtu godhonge ijo, anggarêmbêl.

[Grafik]

Wiwit mau lobak rumasa urip. Ya, wong dongèng mono, oyode lajêr banjur ana sing cawang loro, dadi ngrupakake sikil, mung lajêre sing têmênan isih ambanjur, anjênthir kaya buntut. Ing dhuwur ana oyod sing subur banjur nyrêkèkèh kaya tangan, athik ya banjur nyêkêl pêdhang têmênan.

Barêng lobak wis dadi kaya ngono banjur muni dhewekan: Êlo, aku iki rak wis dadi litnan, iki pêdhangku, dhasar godhongku ya wis nyêpruk kaya bulu-bulu. Tangi, ah.

Lobak banjur gregah tangi. Dhèk samana isih wayah bêngi, lintange ing langit pating klêncar. Sanadyan ing wayah bêngi, iya ana soroting padhang sathithik, iya kuwi soroting lintang.

Sajêrone ana ing papan pêtêngan mau, lobak malaku pêtentang-pêtèntèng gêmaib, pêdhange tansah dicangking, nanging sarèhning durung kulina, iya kudu arêp ambruk bae, awit satêmêne kêgêdhèn sirah lan bulu-bulu. Ewadene ora suda gêmaibe, tansah mlaku wira-wiri karo nyuwara: in twe, in twe. Ya kuwi nyabawa ngetungi kang dibarêngake tumapaking sikil, kaya prajurit yèn nuju mlaku.

Nanging sarèhning tanpa kônca, lobak bangêt prihatine, unine: Ya, dadia litnan kae, yèn tanpa kônca ngene iki, jênêng litnan apa, mêsthi bakal ora ngrasakake diurmati ing kalerehan, utawa ora wêruh rasaning pêrang. Môngka mungguhing litnan kuwi wajibe kudu ngrêti mênyang aba lan wêruh ingar-ingêring tatanan pêrang, bisa ngrasakake boboting mungsuh. Balik yèn kaya ngene iki, anggonku dadi litnan bakal anggalembosi.

Wis samene bae dhisik, suk Sêtu dibacutake, nyritakake anggone Litnan Lobak nindhihi prajurit lan anglurug pêrang. (Bakal kasambung)

--- [0] ---

[Iklan]

Catatan kaki:

1. kauningan. (kembali)
2. sadèrèngipun. (kembali)
3. samantên, (kembali)
4. kula. (kembali)
5. kula urunakên. (kembali)
6. Lebih satu suku kata: sarwi jêjogedan. (kembali)
7. mandhêg. (kembali)
8. ingaran. (kembali)
9. pinriha. (kembali)
10. bab. (kembali)
11. tèntunsêtèlêng. (kembali)
12. sadèrèngipun. (kembali)
13. gêndhing-gêndhing. (kembali)
14. tiwas. (kembali)
15. ingkang. (kembali)
16. kantên-kantênan, (kembali)
17. agêng. (kembali)
18. kaya. (kembali)
19. rak. (kembali)
20. Wiratha. (kembali)
21. [Seharusnya hlm. 356]. (kembali)
22. saupamane. (kembali)
23. kantun. (kembali)
24. ngantos. (kembali)
25. papan. (kembali)
26. karan. (kembali)
27. kukus. (kembali)
28. nglaksanani. (kembali)
29. sudagar-sudagar. (kembali)
30. môngsa. (kembali)