Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05-13, #600

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05-13, #600. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-05-13, #600. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 38, 24 Bêsar Taun Jimawal 1861, 13 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [577] ---

Ăngka 38, 24 Bêsar Jimawal 1861, 13 Mèi 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing Surabaya

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika nalika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral saha putra-putrinipun dumugi ing darma Surabaya, samandhapipun nitih mêsin mabur F XIII gadhahanipun K.N.I.L.M.

--- 578 ---

Gupêrnur Jendral Enggal

Kados ingkang kawartosakên ing Kajawèn kala dintên Sêtu, ingkang dipun gadhang anggêntosi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral inggih punika paduka Tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge.

[Grafik]

Samangke wontên pawartos, opisil panjênênganipun wau kajumênêngakên gupêrnur jendral ing tanah Indhia Nèdêrlan ngriki, inggih punika wiwit benjing wulan Sèptèmbêr, salèrèhipun paduka Tuwan Jhr. Mr. A.C.D. de Graeff.

Paduka tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge wau miyosipun kala tanggal 22 Januari taun 1875 wontên ing Dhènhah, dados samangke yuswanipun 56 taun. Panjênênganipun rumiyin sinau wontên ing Rijksuniversiteit ing Utrecht. Tanggal 12 Juni taun 1900 angsal anggènipun iksamên bab ngèlmi ukum, lajêng dados adpokat wontên ing Dhènhah (den Haag).

Sasampunipun punika lajêng ngasta damêl wontên ing dhepartêmèn jajahan, dados ajung komis, minggah-minggah ngantos apangkat repêrèndharis. Lajêng pindhah dhatêng apdhèling pakaryan gupêrmèn (Gouv. bedrijven).

Ing taun 1910 pindhah dhatêng dhepartêmèn paprangan, taun 1913 kawisudha dados pangagênging kabinètipun ministêr, apangkat adminisêtratir. Lajêng dados sèkrêtarisipun Commissie voor de Indische Defensie.

Salèrèhipun Paduka Tuwan N. Bosboom ministêr paprangan, ing tanggal 15 Juni 1917 panjênênganipun wau kawisudha dados gêgêntosipun, dumugi tanggal 9 Sèptèmbêr taun 1918.

Lajêng dados dhirèktur Koninklijke Petroleum Maatschappij, wasana lajêng dados komisarisipun maskape wau.

Panjênênganipun wau botên anggolong dhatêng parte pulitik. Salèrèhipun saking anggènipun jumênêng ministêr paprangan, panjênênganipun lêlana ngidêri buwana, saha ugi mampir ing tanah ngriki. Kabêkta saking anggènipun ngasta wontên ing Kon. Petr. Mij. panjênênganipun tansah anggatosakên dhatêng kawontênanipun tanah Indhia Nèdêrlan.

Salêbêtipun dados ministêr paprangan, inggih punika salêbêtipun wontên pêrang donya, Paduka Tuwan Jhr. Mr. B.C. de Jonge. wau kêncêng anggènipun ngasta panguwaos. Wasana ing pamuji, anggènipun ngasta dados bapa babuning tanah Indhia Nèdêrlan ngriki sagêda murakabi tumrap sadayanipun.

--- 579 ---

Raos Jawi

Bab Ambanyol

Mênggahing tiyang ingkang dipun wastani lucu, punika sawênèhing tiyang ingkang sagêd ambanyol, lan pambanyolipun cêtha sanès damêlan utawi karangan, têgêsipun prasaja, dados pancèn wantah kabêkta saking dhêdhasaraning watak wantunipun piyambak ingkang asli, inggih manggèn ing pamicara punapadene wiraga (solahbawa)

Katêrangakên malih: yêktosipun inggih kathah tiyang ingkang sagêd ambanyol, nanging dèrèng mêsthi kenging dipun wastani lucu, amargi anggènipun ambanyol katawis bilih namung damêlan kemawon, (karangan) dados pancèn sanès watakipun ingkang asli, satêmah botên sagêd nênarik manahing asanès.

Sawênèhing tiyang mastani bilih ambanyol punika botên gampil. Makatên wau kapara nyata, upaminipun tumraping dhagêlan ringgit tiyang utawi băngsa têtingalan sanèsipun punika kajawi kêdah anggadhahi watak lucu, bakuning pambanyol kêdah sagêd anuju prana, inggih mênggahing wiraga punapadene pamicara, ngangkah sagêdipun adamêl rêsêping paningal punapadene pamirêng, tumrap para ingkang sami amriksani.

Pramila yèn katitik saking punika, tiyang ingkang karan lucu wau awis sangêt wontênipun. Awit samăngsa botên makatên, sanajan pambanyolipun dipun kêtog (dipun pêng), nanging adhakan malah kêtingal saru, lan lajêng dipun wastani awon, botên luwês, botên kèwês lêluconipun, dening katawis bilih dipun damêl-damêl, tur botên sagêd anuju prana, mila inggih botên sagêd nênarik manah.

Tumrapipun băngsa Jawi, wontênipun ing paringgitan, limrahipun sadaya sami mastani, lan manjing wontên ing panganggêp bilih watak lucu punika dumunung wontên ing dhagêlan têtiga punika wau, kados ta: Sêmar, Garèng tuwin Petruk. Tandhanipun makatên: sanajan sampun cêtha bilih lêluconing dhagêlan ringgit wacucal punika bakunipun manggèn ing kyai dhalang, ewadene trêkadhang inggih kathah saking antawisipun têtiyang ningali, botên patos-patos mastuk,[1] amargi ngêntosi mêdalipun dhagêlan, kapengin badhe sumêrêp kadospundi banyolanipun. Malah sawênèhipun malih ngalilir saking ngantuk, dening mirêng lêluconing kyai dhalang ingkang kaembakakên wontên ing pawicantênaning dhagêlan têtiga wau, satêmah lajêng sami gumujêng. Samantên yèn sami kapranan. Langkung-langkung tumrap ing paringgitan tiyang, sanadyan botên dipun têrangakên ing ngriki, sagêd ugi para maos, kadhangkala wontên ingkang kasêngsêm amriksaning[2] ringgit tiyang, amargi kêtarik saking dhagêlanipun sami lucu sangêt.

Kados makatên punika botên nama anèh, awit tumrap kula piyambak inggih sagêd mastani bilih lêlucon punika sok sagêd adamêl gujêng, lan gujêng punika sagêd ambirat manah ingkang pinuju susah, dados inggih wontên paedahipun.

--- 580 ---

Mangsuli rêmbag ing nginggil, saking awisipun tiyang ingkang anggadhahi wănda lucu, kathah tiyang mastani bilih lucu punika bêktaning kodrat, têgêsipun pancèn pinasthi dados tiyang ingkang lucu makatên, tandhanipun botên gampil dipun tiru. Nanging sawênèhipun malih wontên ingkang mastani pulasan, inggih punika anggèning sagêd lucu wau jalaran kabêkta saking daya kaelokaning salah satunggalipun aji-aji, kados ta ingkang winastan aji: Sêmarmêndêm, aji Pangasihan, Pangirupan, tuwin sanès-sanèsipun,[3] dados kabêkta saking brêkating ngèlmi-ngèlmi wau, sanajana tumrap tiyang ingkang pancènipun botên kêdunungan dhêdhasar lucu, waton kuwawi anglampahi inggih mêksa lajêng sagêd dados lucu. Bab ingkang kados makatên punika lêrês lêpatipun nyumanggakakên.

Ananging sawênèhipun tiyang malih wontên ingkang anggadhahi pamanggih makatên:

Yèn dipun petani ingkang saèstu, mênggah wontênipun sêsêbutan lucu ingkang asli wau kathah-kathahipun pinanggih wontên ing tiyang ingkang anggadhahi pambêkan adi makatên:

I. Botên dhiri, têgêsipun botên kumingsun.

II. Botên gadhah sakitan manah sabar, narimah.

III. Botên kumalungkung = botên ngungasakên.

IV. Botên ugungan = botên melik pangalêmbana.

V. Botên gumagus = botên anggunggung dhiri, upaminipun: sapa trêgas[4] kaya aku, sapa andhèthèng, anjlonèt kaya aku tuwin sapanunggilanipun, ananging inggih botên isinan lan botên nguthuh.

VI. Botên gumaib, gumun, kumintêr, sumugih, sumakehan lan sapanunggilanipun.

Pramila tiyang ingkang kados makatên adhakan kinalulutan ing akathah, singa mulat sami kapranan ing manah sarta kapiluyu, ingkang lèrègipun mahanani pamanahan wêlas sarta asih dhatêng piyambakipun, sanajan sasrawungan wontên ing pundi kemawon, tangèh yèn ta anggadhahana manah kêmba, inggih punika wujudipun tiyang lucu ingkang sajati. Nadyan namung wontên ing pajagongan kemawon inggih mêksa sagêd adamêl rêna, lan sasolahbawanipun tansah dipun wigatosakên ing akathah.

Lajêng kêpasuking rêmbag, dinalih yèn anggadhahi rangkêpan bangsaning aji-aji kados kasêbut ing nginggil wau.

Dene kosokwangsulipun: tumrap tiyang ingkang pancèn botên anggadhahi dhêdhasar lucu, utawi marojol saking ungêl-ungêlan nêm prakawis wau sanajan pambanyolipun dipun kêtog supados ginujêng lan rinêsêpan ing akathah, nanging adhakan malah dipun gêthing, tangèh yèn pikantuka gujêng, nadyan dumunung ing pajagongan. Langkung-langkung upami kadadosna dhagêlan wontên ing paringgitan, bêgja-bêgjanipun pikantuk panggarunêng: ah, lêluconing dhagêlane ora mranani, kajaba kurang kulina, iya dhasar pancèn dudu trahing wong lucu, dadi katara saru pambanyole. Sabab dening kurang luwês, kèwês, gandês, dadi iya ora anduwèni êngês, … tuwin sapanunggilanipun. Makatên tumrapipun wontên ing kalangan ringgit tiyang

--- 581 ---

ingkang sampun asring-asring dipun yêktosi. Pramila bab kados andharan ing nginggil punika, sagêd ugi paedah tumrap tiyang ingkang kajibah dados tukang dhapuk ringgit, dados sagêd ragi pratitis mênggahing pamilih. Kajawi saking punika inggih wontên mungguhipun malih, dening wontên têtuladaning pambêkan sawatawis ingkang kalêbêt adi, minăngka gêgaraning pangudi murih kinarêsêpan ing akathah.

Sanès rêmbag manawi kados dhagêlan ing taman Kajawèn. Sanajan punika namung wujud karangan kemawon, mênggahing pamanggih kados prayogi dipun tiru, awit pambanyolipun botên nate saru, tur botên nyêrikakên manah, nanging ngangsali. Tandhanipun kula piyambak asring mirêng tiyang rêraosan makatên: salawase banyolane Garèng Petruk iki tansah mranani,[5] lo botên ngumpak punika, lugu matur barès, mila tumrap kula piyambak inggih lajêng rumaos eman sangêt saupami ngantos dipun putungi kêkasih kula Kajawèn, sabab kèthèr pambayaranipun.

Wasana mênggah lêrês lêpating pamanggih ing bab kawontênaning tiyang ambanyol, kados ingkang kawahya nginggil wau nyumanggakakên para maos.

K. 1815.

Kawruh Sawatawis

Tulung Mênthung

Katêgêlanipun juru potang arta.

Têmbung tulung mênthung punika kalêbêt ing bêbasan Jawi, ingkang sampun limrah dipun sumêrêpi ing sabên tiyang. Mênggah têranging têgêsipun: tiyang têtulung, ing ngajêng andadosakên bingahipun ingkang dipun tulungi, wêkasan andadosakên ing kasusahanipun. Wujudipun tiyang nyambuti arta dhatêng ing sanès, sarana mawi sarêman ingkang awrat.

Manawi dipun pirid saking lampahing gêgramèn sarta tumindaking panggaotan, ingkang dados bakunipun punika băndha. Para maos mugi sampun kasupèn, têmbung băndha ing ngriki botên namung atêgês arta, nanging ingkang atêgês pawitan. Mênggah ingkang kenging kawastanan băndha, sadaya kemawon ingkang gumêlêngipun sagêd angwontênakên panggaotan, kados ta: arta, bau sarta bêbakal (matêrial), pêperangan tigang warni punika sampun nyakup dhatêng kabêtahaning panggaotan, kajawi prakawis ingkang alit-alit, gumantung wujuding panggaotan.

Tiga-tiganipun sami dayan-dinayan, têgêsipun botên kenging gothang salah satunggal, kados ta: manggaota punika botên cêkap dumèh wontên artanipun kemawon. Amargi sanajan sampun wontên artanipun, manawi botên mawi bau [ba...]

--- 582 ---

[...u] suku utawi bêbakal, inggih botên sagêd tumindak. Makatên ugi kosokwangsulipun, sanajan bau sukunipun nyêkapi, manawi botên wontên arta sarta bêbakalipun, inggih botên sagêd mujudakên panggaotan.

Arta ingkang dados pawitaning panggaotan punika dipun wastani kalampahakên, ing pangangkah sagêda mindhak kathah dening angsal kauntungan. Indhakanipun punika ingkang dipun wastani bêbathèn. Saking ngèngêti kawontênan ingkang kados makatên punika, juru potang arta lajêng gadhah pamanggih, manawi arta ingkang dipun sambutakên punika dipun piridakên kalihan tumindaking arta ingkang kangge manggaota. Anggènipun purun nyambutakên ngangkah sagêdipun angsal bêbathèn, saya kathah sarêmanipun saya kathah bêbathènipun.

Pamanggihing juru potang ingkang kados makatên punika kalèntu, namung saking anggènipun ambalithuk kukum, nyirik têmbung sarêman sarta tukang potang. Amargi botên ngèngêti dhatêng sipating panggaotan kalihan lampahing motangakên. Sanajan arta ingkang kangge manggaota punika trêkadhang pikantukipun bêbathèn langkung kathah tinimbang kalihan ingkang dipun potangakên, ewadene ing pranatan mêksa ambedakakên, saking pancèn beda kawontênanipun.

Botên sadaya juru potang arta kenging dipun wastani tulung mênthung, saugêr botên sarana sarêman ingkang pancèn awrat, langkung saking pranatanipun. Kantor bang ingkang agêng-agêng, punika inggih dados papan pasambutan, ewadene saking sarêmanipun botên kathah, manut ing pranatanipun nagari, botên kenging dipun wastani tulung mênthung.

Juru potang ingkang mêndhêt sarêman kathah, punika dipun wastani woekeraar, têgêsipun tukang nyêrot, inggih punika nyêrot artanipun tiyang ingkang dipun sambuti. Lintah, punika padamêlanipun nyêroti êrahipun kewan sanès, mila inggih dipun wastani wukêr. Makatên ugi kêmladhehan, punika gêsangipun sarana nyêrot sarining tanêm tuwuh ingkang dipun dunungi, mila têtuwuhan punika ugi dipun wastani wukêr.

Têmbungipun entar, juru potang punika dipun wastani lintah dharat, têgêsipun lintah ingkang nyêroti manggèn wontên ing dharatan.

Satunggal-tunggaling nagari watêsing sarêman punika botên sami, bab punika gumantung saking kawontênaning panggaotanipun nagari ngriku lan wontênipun pawitan. Namung tumrapipun ing tanah ngriki, agêng-agêngipun sarêman punika namung 18 prêsèn ing sataun. Mirid punika, juru potang ingkang ngrèntênakên arta langkung saking samantên, inggih lajêng kenging dipun wastani tulung mênthung utawi wukêr. Ing Indhonesiah, tiyang ingkang ngrèntênakên arta punika kathah, inggih punika: Jawi, Singkèk, Arab lan sanèsipun. Punika sadaya anggènipun mêndhêt sarêman langkung saking mêsthi, ngantos langkah saking pranatanipun nagari. Agêng aliting sarêman punika botên masthi, ing satunggal-tunggaling panggenan beda-beda, manut ing kawontênanipun, inggih punika: kathahipun ingkang motangakên sarta kathahipun tiyang ingkang nyambut. Badhe kasambêtan.

Sa-ta.

--- 583 ---

Jagading Sato Kewan

Sêgawon

Sêgawon punika, tumrapipun dhatêng băngsa Eropah, kenging kula criyosakên manjing dhatêng kalangênanipun, dados tumrap ing tanah Jawi ngriki saminipun pêksi prêkutut, pramila manawi sampun cocog, dhasar arta wontên, prakawis rêgi botên patos kamanah. Kayêktosanipun kula piyambak sampun asring nyumêrêpi wontên sêgawon ingkang rêginipun f 100,- f 200,- utawi langkung, malah ngantos rêgi f 1000,- pisan inggih wontên. Dados yèn makatên prakawis kalangênan, langkung têgês dipun wastani: kasênêngan, punika ngrika-ngriki sampun kemawon, wosipun namung ngêcèh-êcèh arta, pramila ingkang kirang mulat asring dhawah kasangsaya.

Sapunika tumrapipun dhatêng băngsa kula Jawi, ingkang ngingah sêgawon ugi kathah, ananging lugunipun botên tumancêp ing manah, katăndha dhatêng awoning pamiyaran. Malah sêgawon punika limrahipun kangge pocapan awon, upaminipun tiyang mungêl: asu dhatêng liyan, punika makna ngawon-awon utawi kasêbut misuh. Ngulinakakên mungêl awon, agêngipun rêmên mêmisuh, saking pamanggih kula botên prayogi babarpisan, margi nadyan ingkang dipun pisuhi trimah, ewadene awonipun nampêk dhatêng badanipun piyambak, pramila lajêng mracihnani bilih badanipun piyambak asor ing bêbudènipun. Kula yêktosi, tiyang ingkang alus bêbudènipun ajrih mungêl-mungêl awon, agêngipun mêmisuh, margi mangrêtos manawi badhe ngasorakên badanipun piyambak lan langkung sumêrêp manawi manungsa punika kêdah anggêlar kasaenan.

Sapunika ambuktèkakên panganggêpipun dhatêng sêgawon awon wau. Punika pinanggih ing cêcriyosan tuwin dêdongengan kina, kados ta: Prabu Menakjingga ing Blambangan, punika mirid cêcriyosan rai sêgawon, wontên ing topèng dipun wujudi rai sêgawon. Malih, ing musium Majakêrta wontên rêca, ningali wănda lan pêpacakanipun satunggiling raja sinatriya, ananging rai pinêtha sêgawon, pramila katingal mrongos, punika saking kojahipun juru kunci rêcanipun Prabu Minakjingga kasbut. Rêca wau dados pamidhangan, pramila onah-onèh dening borèh, lan ing prênah suku ambaladêr sêkar campur bawur lan mênyan ingkang sampun kobong mêthuthuk kados gumuking rayap.

Mangsuli rêmbag prakawis Prabu Menakjingga rinêca rai sêgawon. Kintên kula saking karsanipun ratu ayu (Prabu Kênya) ing Majapait. Amargi Prabu Minakjingga satru kabuyutanipun sang ratu ayu, dados dhatênging dinamêl pêpêthan makatên wau: saking pangintên kula sang prabu baku awon ing panggalihanipun, ingkang suraosipun purun-purun nêrak dhatêng wêwalêring kasusilan, utawi saking namung kabêkta sêngkêling panggalihipun ratu ayu, ingkang makna ngasorakên. Punika namung kasumanggakakên.

Lajêng malih, kintên kula para maos têmtu ugi nate [na...]

--- 584 ---

[...te] dipun dongèngi para sêpuh. Ing kina tiyang ingkang dosa nindakakên lampah ingkang binasakakên: ngrusak pagêr ayu, inggih punika cluthak, liripun purun-purun ngrêsahi bojoning liyan. Punika manawi kadêngangan, pangadilanipun ingukum awrat, kinunjara lan namung dipun adhêpi dhêdhak kanthi dipun sandhingi toya, punika saking têgêsipun sampun dipun rêngkuh sêgawon.

[Grafik]

Prabu Menakjingga

Panjang-panjanging rêmbag lajêng kèngêtan tiyang Kalang. Kasbut ing dongèng têdhak turuning sêgawon, punika saking gagasan kula têka inggih botên pinanggih nalar. Saking pangintên kula têmbung Kalang wau inggih lugu saking têmbung kalangan (ngulandara) punika manawi dipun gagapi ing cêcriyosan jaman kina ing kabudan ragi gathuk, larasipun makatên: tiyang Kalang punika turunipun tiyang ingkang gêsangipun midêr kêkalangan, têgêsipun botên têtêp padununganipun jalaran baku kaplêsit nalika wontên paprangan utawi pancèn dipun tampik kêmpal dhatêng kathah-kathahipun, ananging rèhning wontên cêcriyosan anggêpok turuning sêgawon, dados kintên kula baku tiyang ingkang botên purun tundhuk dhatêng agami. Punika mirid Sêrat Pustakaraja Purwa, ing sangajênging jumênêngipun Sri Maharaja Kano têtiyang Jawi kacariyos tatananipun sarupi kewan, dados cêkak anggènipun jêjodhoan isbatipun kados sêgawon. Sinarêng jumênêngipun Sri Maharaja Kano lajêng wiwit kapranata mawi agami Buda, lan sakala punika cinariyos wiwitipun tiyang Jawi mangrêtos udanagari, tatakrama lan sasaminipun. Rèhning têmtu wontên golongan ingkang botên manut, dados inggih golongan punika ingkang kintên kula lêluhuring têtiyang Kalang dumugi sapriki punika, margi golongan wau têmtu misah salami-laminipun, jalaran botên purun nunggil laras, punika sampun têmtu gêsangipun ngulandara midêr kêkalangan, makatên pangathik-athik kula piyambak, margi kèngêtan sawênèhing sarjana ingkang nglari asalipun băngsa Kalang marsitakakên manawi lêluhuripun tiyang Kalang punika băngsa sudra, măngka punika kula tampi băngsa ingkang nglêmpara margi botên tunggil laras adat tatacaranipun wau. Badhe kasambêtan.

Sumadi. Pangarasan.

--- 585 ---

Bab Kasusastran Jawi

Kănca-kancane.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 36.

Nglajêngakên atur kula bab têmbung kănca-kancane. Ing ngriku dayanipun panambang e namung dipun kengingakên ing têmbung ingkang wêkasan, dados têmbung ingkang wiwitan nama kalis. Umumipun ingkang têmbungipun kawitan têrang kalis ing panambang e, punika têmbung camboran, upaminipun:

Săngga uwang - săngga uwange

Sunduk kili - sunduk kiline

Găndarukêm - găndarukême

Sarèhning rêmbag punika angrêmbag swara, lagu, utawi dhongdhing sapiturutipun, dados anggèn kula pados pasaksèn inggih namung angèngêti watak-watakipun swara. Sasumêrêp kula têmbung utawi ungêl-ungêlan ingkang ingatasipun swara sami watakipun kalihan têmbung camboran, punika têmbung dwilingga salin swara, inggih punika swara a (a) ingkang kathah-kathah dumunung wontên ing ngajêng, upaminipun: ingkang dwilingga salin swara.

Kliru - klira-kliru.
Bali - bola-bali
Manthuk- monthak-mantuk
Ingkang camboran:
Kana kene
Sapa aruh
Anak bojo
Garwa putra

Dados saking panggrayangan kula lagu ingkang sami kula angge ngungêlakên têmbung: kănca-kancane, punika lagu sambutan, nanging clandestien, pêtêng, botên absah, nyambut dhatêng lagunipun têmbung dwilingga salin swara utawi têmbung camboran. Wontênipun ngantos nyambut, utawi sarèhning pêtêng, kenging dipun wastani nyêlêr lagunipun têmbung camboran utawi têmbung dwilingga salin swara wau, sakawit ingkang marahi têmtu têmbung-têmbung ingkang musabiyat: purun dipun golongakên dhatêng têmbung dwilingga salin swara, sarta inggih botên suthik kakêmpalakên kalihan têmbung dwilingga limrah. Upaminipun têmbung beda-bedane, golongan ing ngandhap punika:

Klera-klèrune panămpa,

Wolak-waliking jaman,

Beda-bedaning panêmu.

Awit saking punika atur kula, manawi pancèn wontên raosipun dwilingga salin swara, inggih ngangge lagu ingkang dumunung wontên ing têmbung: kănca-kancane. Kosokwangsulipun manawi namung dwilingga limrah: inggih ngangge lagu: kanca-kancane.

Ewadene kula sumăngga.

Cah Klathèn.

--- 586 ---

Bab Ringgit

Radèn Dewabrata inggih Rêsi Bisma

Radèn Dewabrata inggih Rêsi Bisma ugi Radèn Biwara, punika putranipun Prabu Santanu nata ing Ngastina, ingkang lajêng jêjuluk Bagawan Santanu. Radèn Dewabrata dipun tilar seda ingkang ibu nalika taksih bêbayi. Sasedaning ibu lajêng dipun bêkta dhatêng Wiratha, kasêsêpan Dèwi Găndawati, garwanipun Rêsi Parasara, saha salajêngipun sarêng Dèwi Găndawati kagarwa Prabu Santanu, Radèn Dewabrata lêstantun wontên ing Wiratha. Anggènipun Radèn Dewabrata jêjuluk Bisma, saking pêparingipun Sang Hyang Bisma, saha sasampunipun jêjuluk Bisma, Sang Hyang Bisma lajêng anitisi.

[Grafik]

Radèn Dewabrata

Sasedanipun Prabu Dipakeswara, nagari Ngastina kaparingakên dhatêng Bagawan Santanu malih, ingkang kala punika sampun jumênêng raja pandhita ing Talkăndha. Dene Radèn Dewabrata ingkang sumilih dados raja pandhita ing Talkăndha, jêjuluk Rêsi Bisma.

Radèn Dewabrata kagungan sadhèrèk tunggil rama sanès ibu, miyos saking Dèwi Găndawati, 1. Radèn Citranggana, sarêng jumênêng nata ing Ngastina jêjuluk Prabu Citranggada, 2. Radèn Citrasena tuwin 3. Dèwi Bandadari. Sarêng sampun diwasa, Rêsi Dewabrata katantun krama, nanging aturipun mopo, wusana ingkang rama namung dhawuh supados madosakên jodho ingkang rayi kêkalih.

Rêsi Dewabrata lajêng pinanggih Rêsi Abiyasa dhatêng Saptarga, matur manawi dipun utus ingkang rama madosakên jodho ingkang rayi kêkalih, ingkang sami putraning ratu. Rêsi Abiyasa paring pitêdah supados angêdêgana sayêmbara dhatêng praja Giyantipura, ing ngriku wontên putri têtiga ingkang sami putranipun nata ing Giyantipura, tunggil ibu mêdal sarêng sadintên, nama Dèwi Amba, Ambaka[6] tuwin Ambalika. Ananging putra têtiga wau gadhah sadhèrèk awarni danawa, nama Arimuka, kadadosan saking ari-ari, tuwin ditya wau kadadosan saking kawah, tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun. Sintên ingkang sagêd ngawonakên ditya wau sakadangipun, pinasthi dados jodhonipun putri têtiga wau.

Kalampahan Rêsi Dewabrata lajêng dhatêng nagari Giyantipura, sagêd ngawonakên para ditya sadaya. Sarampunging damêl saking kaparêngipun Prabu Darmamuka, inggih punika nata ing Giyantipura, putri têtiga kaparingakên, Dèwi Amba kadhaupakên kalihan Rêsi Dewabrata, Dèwi Ambika

--- 587 ---

badhe kaparingakên Prabu Citranggada tuwin Dèwi Ambalika kaparingakên Radèn Citrasena. Rêsi Dewabrata rumaos pakèwêd badhe nampik kaparêngipun Prabu Darmamuka, kalampahan dhaup kalihan Dèwi Amba, nanging namung kangge nyakecani galih kemawon, awit Rêsi Dewabrata nêdya wadat. Enjingipun Rêsi Dewabrata nyuwun pamitan kanthi ambêkta Dèwi Ambika kalihan Dèwi Ambalika. Sapêngkêripun Rêsi Dewabrata, garwanipun inggih punika Dèwi Amba, anututi, nêdya andhèrèk. Rêsi Dewabrata adhawuh supados wangsul benjing kemawon manawi sampun dumugi Ngastina badhe dipun pêthuk, nanging Dèwi Amba adrêng nêdya andhèrèk. Sarêng sang dèwi adrêng badhe andhèrèk, Rêsi Dewabrata ngajrih-ajrihi sarana ngêmbat-êmbat jêmparing. Nanging jêmparing wau lumêpas sayêktos, angengingi Dèwi Amba, seda, layon muksa kalihan tilar swara: hèh, Dewabrata, kowe mêgad trêsnaku, besuk prang Bratayuda, aku bakal malês ing kowe, aku nitis marang putri Cêmpala aran Dèwi Srikandhi, ing kono kang prayitna. Ing ngriku Rêsi Dewabrata rumaos piduwung ing galih.

Sedanipun Bagawan Santanu, Rêsi Dewabrata kajumênêngakên parampara, saha lajêng anjumênêngakên nata Rêsi Abiyasa wontên ing Ngastina, jêjuluk Prabu Krêsna Dwipayana. Salajêngipun Rêsi Dewabrata dumugining jaman Pandhawa lan Korawa, saha jumênêng guruning Pandhawa lan Korawa. Nanging danguning dangu sanadyan Rêsi Bisma punika ing galih awrat dhatêng Pandhawa, nanging sarèhning winêngku ing nana[7] Ngastina, katingalipun kados sêsêpuhing Ngastina.

Nalika prang Bratayuda, Rêsi Bisma têtêp dados sêsêpuhing Ngastina, saha kajumênêngakên senapati pisan wontên ing paprangan. Sang rêsi pancèn pinunjul ing prang, sanyata dados guruning Pandhawa Korawa, mila nalika ngêdali ing paprangan, adamêl kêkêsipun golongan Pandhawa. Gêlaripun pêrang Bisma wukir jaladri, ingkang kangge pindha karang gajah. Alun para nata, bala minăngka toya, mêngsah prajurit Pandhawa, ingkang dipun senapatèni Radèn Seta. Sang rêsi tansah unggul ing pêrang, sagêd nyirnakakên para putra Wiratha. Sarêng senapati prajurit Pandhawa santun Radèn Drêsthadyumna, gêlaripun Rêsi Bisma santun kagapati. Nalika Rêsi Bisma badhe dipun cakra nata Dwarawati sakalangkung bingah, awit badhe manggih kasampurnan, nanging lajêng dipun pèk[8]

dening Arjuna. Sarêng Rêsi Bisma prang tandhing kalihan Dèwi Srikandhi, karaos uwas ing galih, awit sampun mangrêtos bilih punika ingkang dados jalaraning tiwas, wusana kataman jêmparingipun Dèwi Wara Srikandhi. Pandhawa lan Korawa sami nungkêmi, Rêsi Bisma taksih ngantak-antak minta toya, dipun aturi dening Korawa botên karsa, mundhut toya saking Arjuna, lajêng dipun aturi toya kumbahaning jêmparing, sarêng dipun unjuk lajêng seda. Layon dipun mulyakakên dening Prabu Yudhisthira tuwin Arjuna.

--- 588 ---

Padamêlan Kriya

Tumrapipun băngsa Jawi, sarêng ngambah ing jaman ingkang dipun wastani jaman kamajêngan, tumindaking padamêlan kriya kenging dipun wastani lajêng kêsingkur. Wontênipun makatên, awit lajêng ngrumaosi, bilih kamajêngan punika namung dumunung wontên ing tiyang ingkang ulah sastra. Măngka manawi ngèngêti ajining kagunan, sanadyan kapiridna ing jaman kina pisan, padamêlan kriya punika inggih sampun dipun aosi, kados ta pandhe, sayang, tukang batu, undhagi (tukang kajêng). Malah tumraping undhagi, wontênipun ing karajan Jawi, ngantos dipun wontênakên bupatinipun, punika nandhakakên bilih kagunan wau nama kagunan yêktos.

[Grafik]

Wontênipun padamêlan kriya punika sajak botên dipun wigatosakên, kajawi ing sakawit gadhah pangraos asor, ugi gadhah pangraos, bilih padamêlan wau sanès wajibing sabên tiyang, awit tiyang ingkang sagêd nindakakên padamêlan kriya punika namung turuning băngsa kriya, punika nyatanipun pancèn inggih makatên.

Nanging sarêng wontên pamulangan kriya, pangintên makatên wau lajêng wiwit suda, awit nyatanipun, pamulangan wau botên mawi pilih lare, inggih anakipun sintên kemawon, manawi pancèn sagêd katampèn inggih dipun tampèni.

Pamulangan wau nalika sawêg tumindak sawatawis taun, kenging dipun wastani, para murid-muridipun namung saking golongan andhap, tumraping putranipun para priyantun, lăngka sangêt dipun sêkolahakên mriku.

Pamulangan kriya tiyang siti punika limrahipun namung nyinau pandhe utawi kriya (tukang bêsi kalihan tukang kajêng), pasinaonipun dipun tuntun dening guru ahli. Samêdalipun saking pamulangan wau, mênggah caraning pados têdha, lajêng sagêd tumindak kanthi sakeca, awit lajêng sagêd pados têdha botên sarana wontên ing pangengeran.

Nalika jaman kawan wêlas taun sapriki, ing Madiun wontên pandhe ingkang mawi masang namanipun wontên sangajênging pandhean, ingkang suraosipun,

--- 589 ---

pandhe mawa partisara (dhiplomah), nanging tumraping ngakathah dèrèng sumêrêp kajêngipun. Wusana têtiyang inggih lajêng mangrêtos nitik saking saening yasanipun.

Dangu-dangu padamêlan kriya punika saya dipun ajêngi ing ngakathah, lan têtiyang lajêng mangrêtos dhatêng ajining kagunan wau. Dene dumuginipun ing jaman sapunika, sintêna kemawon sagêd nyatakakên dhatêng barang yêyasanipun para murid pamulangan kriya, inggih punika kalanipun wontên têtingalan pasar malêm sapanunggilanipun. Ingkang barang kajêng, dêdamêlanipun botên beda kados dêdamêlanipun tukang kajêng băngsa Tionghwa, kados ta meja kursi sapanunggilanipun. Tumraping tukang bêsi inggih sampun ănja dêdamêlanipun, kados ta sagêd damêl kareta dhokar.

[Grafik]

Sintên ingkang nyumêrêpi dêdamêlanipun tiyang siti ingkang kados makatên punika ngalêmbana, tuwin sagêd mastani agênging pigunanipun, awit sagêd ngintên, gêsanging tanganipun tiyang sagêd dhatêng padamêlan kriya, punika gampil kangge sarana pados têdha.

Wulangan ingkang dipun tindakakên wontên ing pamulangan wau, tansah mindhak-mindhak, sadaya dipun udi saya sampurnanipun. Dalah padamêlan anam-anam ugi dipun wulangakên, malah tumraping padamêlan anam-anam kursi panjalin, ingkang limrahipun dipun tindakakên dening băngsa Tionghwa, limrahipun dipun wastani tukang kursi rotan, ugi dipun wulangakên. Ingkang sapunika sampun katingal, dêdamêlanipun murid pamulangan patukangan ing Tasikmalayah, kados ingkang kawujudakên ing gambar. Nama sampun sae.

Barang-barang wêdalan pamulangan patukangan, punika ugi wontên ingkang kasade. Ingkang tumindak ing pamulangan patukangan tiyang siti ing Batawi, kathah tiyang mêling barang dêdamêlanipun para murid, rêginipun miring, pandamêlipun rikat, awit tumindaking damêl kanthi katiti ing guru. Cara ingkang makatên punika ugi mêwahi kawruhipun ing bab caraning panyade.

Ing sapunika kados para têtiyang siti sampun kêbuka ing manah dhatêng ajining kagunan wau, awit mangrêtos dhatêng aji ingkang sagêd nocogi kalihan jamanipun.

--- 590 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Persaudaraan wiwit awoh.

Persaudaraan, inggih punika pakêmpalanipun para guru wêdalan normal sêkul, ingkang katuntun dening sadhèrèk Mas Supardi ing Purwakrêta (Banyumas) wiwit wulan Mèi punika sampun sagêd mitulungi dhatêng para warganipun, sarana nyambuti arta ingkang anakan sarta cicilanipun mayar sangêt. Sampun wontên warga 11 ingkang angsal pitulungan (P).

Dêrma Mêrapi.

Saking ada-adanipun para warga pakêmpalan: Budi Marga Rêtna ing Padhang, inggih punika pakêmpalanipun para militèr Jawi sampun mainakên ringgit tiyang. Lampahanipun Pêrgiwa Pêrgiwati, wontên kamar bolah Pordhêkok. Angsal-angsalan rêsik f 302 langkung sakêdhik. Mainipun dipun padhegani dening Litnan Denninghof-stelling. Mainipun botên nguciwani punapa malih jogèdipun Prahastha kalih Anila, pêrang Bugis, Petruk lan Garèng. Bab punika ugi kêgolong sumêbaring kagunan Jawi wontên ing tanah sabrang. (S)

Pamulangan luhur tèhnik.

Radèn Agus Prawiranata, Ibrahim, Pangeran Mohamad Jahir saha Radèn Sumarjana angsal iksamênipun insinyur.

Konggrès P.S.S.I.

Benjing tanggal 21 dumugi 24 Mèi ngajêng puni[9] Persatuan Sepakraga Seluruh Indonesia ngawontênakên konggrès wontên ing Surakarta.

Kêmis tanggal 21 Mèi: pêpanggihanipun para ingkang sami tumut konggrès saha pangrèh agêng P.S.S.I. tuwin tamu-tamu, wontên ing dalêmipun Radèn Ngabèi Rêksahartana ing kampung Kapatihan. Mawi wirèng, sumbangan saking kraton.

Jumuwah tanggal 22 Mèi parêpatan tutupan, wiwit jam 8 enjing, wontên ing abipraya. Jam 4-6 sontên, têtandhingan bal-balan wontên ing alun-alun kidul (Surakarta-Ngayogya). Jam 8 dalu, parêpatan tutupan ingkang kaping kalih, wontên ing abipraya.

Sêtu tanggal 23 Mèi jam satêngah wolu enjing mlêbêt kraton, ningali pamulangan Pamardi Putri, pamulangan Kasatriyan, Mambangul Ngulum, mêsjid Agêng, klinik Kadipala, griya miskin Wangkung, intêrnat absara, pabrik sigarèt priyayi, museum, lajêng dhatêng Sriwêdari. Jam 4-6 sontên, têtandhingan bal-balan wontên ing alun-alun kidul (Ngayogya - Bêtawi). Jam 8 dalu, parêpatan umum wontên ing abipraya.

Ngahad tanggal 24 Mèi enjing, manawi prêlu, parêpatan tutupan wontên ing abipraya. Jam 4-6 sontên, têtandhingan bal-balan (Bêtawi - Surakarta). Dalunipun nampèkakên bèkêr dhatêng ingkang mênang.

Têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana.

Kala tanggal 7 Mèi ingkang kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral saking Kudus têdhak dhatêng Sêmarang, dipun dhèrèkakên Residhèn Kudus saha Bupati Dêmak. Enjingipun têdhak mriksani papan pangupakara tiyang sakit leprah ing Palantungan.

Partai Indonesia.

Benjing pungkasanipun wulan punika Partai Indonesia badhe ngawontênakên parêpatan pangrèh propagandhah wontên ing Bêtawi. Ingkang badhe mêdhar sabda Tuwan Mr.Sartana tuwin sanès-sanèsipun.

Persatoean Indonesia.

Persatoean Indonesia, organipun P.N.I. samangke ingkang gadhah Nyonyah Sukarna. Sêrat kabar wau badhe dipun dadosakên sêrat kabar minggon. Kajawi punika ugi badhe dipun wêdalakên mawi basa Sundha, ing Bandhung, saha mawi basa Malayu, ing Bêtawi. Salajêngipun badhe dipun dadosakên sêrat kabar dintênan.

Polêk kredhit bang enggal.

Kala tanggal 29 April ingkang kapêngkêr ing pandhapi Kabupatèn Trênggalèk dipun wontênakên parêpatan, ngrêmbag bab usul badhe ngadêgakên polêk kredhit bang. Ingkang sami rawuh: ingkang bupati, asistèn residhèn, insêpèktur saha kontrolir sentralê kas tuwin sanès-sanèsipun.

Sampun dangu têtiyang ing kitha wau sami ambêtahakên bang piyambak, mila inggih kathah ingkang sami kapêksa nyambut arta dhatêng Bank Nasional Indonesia ing Surabaya. Ing bab punika ingkang bupati botên kêkilapan, kalampahan wawan rêmbag kalihan sentralê kas. Sentralê kas anocogi sêdyanipun ingkang bupati, inggih punika supados ing rêgènsêkap Trênggalèk dipun wontênakên polêk bang piyambak.

Usul ngadêgakên polêk kredhit bang kasêbut ing nginggil katampi. Kangge sawatawis măngsa pangrèhipun inggih punika: pangarsa, bupati, panitra, tuwan asistèn residhèn, warga, lan bokonsulèn, jaksa tuwin satunggiling pènsiunan mantri guru ing ngriku.

--- 591 ---

Poliklinik enggal ing Madura.

Dèrèng dangu insêpèktur pakaryan kasarasan ing Surabaya wangsul saking anggènipun tindak insêpèksi dhatêng Madura. kados ing rêgènsêkap sanès-sanèsipun, ing ngrika ugi badhe dipun wontênakên poliklinik, inggih punika ing rêgènsêkap Sumênêp 3. Ing rêgènsêkap Bangkalan 1 (ing Sêpulu) saha ing rêgènsêkap Sampang 1 (ing Kêtêgan).

Propesor Mr. B. ter Haar.

Wiwit benjing tanggal kaping 20 wulan punika propesor Mr. B. ter Haar, guru agêng ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi, kaparêngakên pêrlop dhatêng Eropah, laminipun wolung wulan.

Kursus dagang.

P.G.H.B. pang Jêmbêr dèrèng dangu ngadêgakên kursus dagang (dagang barang alit-alitan), manggon[10] wontên ing gêdhongipun H.I.S. Mardisiswa. Saminggu dipun wontênakên kaping kalih, laminipun sataun.

Adpokat jendral enggal.

Tuwan Mr. J.R.L. Jansen, opsir pan justisi ing Bêtawi, kawisudha dados adpokat jendral ing Hooggerechtshof.

Rad kawula enggal.

Kala malêm Ngahad ingkang kapêngkêr kantor panyêteman rad kawula ngawontênakên sêteman malih tumrap kiskring XI Maluku. Ingkang katêtêpakên kapilih inggih punika Tuwan De Queljoe.

P.S.I.I.

Dèrèng dangu Tuwan A.M. Sangaji tindak dhatêng Sumatra Kidul, prêlu damêl propagandhah. Kalampahan ing Mênggala, Kotabumi, Kruwe, Muaradhua saha Palembang dipun adêgakên pang P.S.I.I. Kajawi punika ing Rano saha ing Palembang dipun adêgakên pang Madjelis Oelama Indonesia. Kala tanggal 5 Mèi Tuwan Sangaji wau anglajêngakên tindakipun dhatêng Palembang nginggil, lajêng dhatêng Gêdhong Tatakan.

Residhèn Bangka.

Tuwan M. Hamerster, ing samangke asistèn residhèn ing Mênadho, kawisudha dados residhèn ing Bangka tuwin wêwêngkonipun.

Residhèn Timor.

Tuwan E.H. de Nijs Bik, samangke asistèn residhèn ing Groot Atjeh, kawisudha dados residhèn ing Timor tuwin wêwêngkonipun.

Asistèn residhèn Biliton.

Tuwan J.M.H.L. de Wilde Deligny, kawisudha dados asistèn residhèn ing Bibliton, suwau asistèn residhèn ing Padhang.

Eropah.

Sopyèt ngukum kisas dhatêng tiyang gadhah labêt.

Helsingfors 8 Mèi (Aneta-Nipa). Wontên kaptin kapal pamêcah ès nama Yoggi badhe kaukum kisas dening parentah Sopyèt ing Archangelsk. Yoggi wau dados pangagênging kapal Krassin saha mêntas nindakakên têtulung dhatêng angkatan lampah Nobile. Wontênipun badhe kaukum kisas, amargi kalêpatan sêsrawungan kalihan mêngsahipun Sopyèt. Sarèhning Yoggi golongan băngsa sanès, Sopyèt sampun suka sumêrêp dhatêng ingkang wajib ing bab badhe pangisasipun Yoggi.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 4003 ing Sidaharja, Masaran, Akad Paing tanggal 14 Sura Ehe 1820 lêrêsipun tanggal 15, dhawah tanggal 31 Agustus 1890.

Lêngganan nomêr 3658 ing Magêlang. Kêmis Pon ing wulan Dhesèmbêr 1903 dhawah tanggal 3, Jawi 13 Siyam Be 1832.

Lêngganan nomêr 5232 ing Bandhung. Kêmis Paing ing wulan Sura Alip 1843 dhawah 19 Dhesèmbêr 1912. Tanggal 2 Januari 1909 dhawah dintên Salasa Kliwon.

Lêngganan nomêr 3959 ing Sêmarang. Tanggal 16 Nopèmbêr 1891 dhawah Sênèn Wage, botên Ngahad Pon, Arab tanggal 13 Rabingulakir 1309 Jawi 13 Rabingulakir Jimawal 1821 wuku Julungwangi, măngsa kanêm tumindak wolung dintên. Ngahad Wage tanggal 25 Marêt 1917 inggih 1 Jumadilakir 1847 dhawah wuku Kuningan, măngsa kasanga tumindak 25 dintên.

Lêngganan nomêr 2099 ing Surakarta. Salasa Wage tanggal 13 Jumadilakir Alip 1835 dhawah wuku Gumbrêg, măngsa kalih tumindak 14 dintên tanggal 15 Agustus 1905.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1705 ing Banjarnagara. Sampun dados panggalih, administrasi ingkang lêpat. Pambayaran panjênêngan kalêbêt dhatêng lêngganan sanès ingkang nunggil asma kalihan panjênêngan, nanging sapunika sampun kalêrêsakên, sarta Kajawèn inggih sampun kakintun.

Lêngganan nomêr 2322 ing Tabanan. f 3.- punika tumran[11] wulan Marêt, dumugi Ogustus 1931, dados manawi panjênêngan nampi blangko, punika lêpatipun ingkang ngintunakên (kenging kagêm sanès kuwartal).

Lêngganan nomêr 924 ing Sidarêja. f 1.50 ingkang nêmbe kula tampi, tumrap kuwartal 3.

--- 592 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

9.

Sang prabu rumaos kajudhêgan panggalih, wusana pêpuntonipun namung badhe ngantêp sang putri, kaparênga milih dhatêng nata măncapraja wau salah satunggal. Kalampahan sang prabu kapanggih sang putri wontên ing kradèn ayon, saha lajêng dhawuh makatên: Nini, yèn sira wêlas marang prajanira, sira nuli kramaa, êndi nata măncapraja kang kokarêpake, ingsun kang bakal minangkani.

Sang putri ingkang salaminipun ambêg prasaja, ing kalanipun midhangêt dhawuh pangandikanipun sang prabu, botên pisan-pisan kagèt ing panggalih, lajêng matur makatên: sajatosing palakrama punika botên kenging lajêng katindakakên saking pamiyagahing liyan. Sakalangkung anggèn kula manah sirêping rêrêsah ingkang ngêpang praja, awit kula ngrumaosi manawi kula sagêd adamêl sirêpipun. Nanging mênggahing pamanahan kula, sirêpipun wau botên badhe sagêd adamêl katêntrêman, awit kabatosaning para nata sanès, ingkang botên kalêgan ing galih, tamtu saya kobar andados. Bab punika kemawon sampun ngawontênakên pamanahan kados makatên. Saya malih tumrapipun badan kula, dèrèng wontên wawasan ingkang dados panujuning manah, dados saupami kula anglampah[12] jêjodhoan ingkang botên tuwuh saking manah kula piyambak, punika kula sasat maha niksa dhatêng badan kula, kêpêksa manggèn salêbêting pasiksan, ingkang kêdah kula lampahi ing salami-laminipun.

Hêh, ngracike gunêmira iku nganti kaya wong nini-nini. Nanging kapriye manèh, kabèh-kabèh wis winêngku ing jamane, rumagange pikiranira iku wus kanthi dhêdhasar kasantosan, kanyataane bakal anjog marang kautaman, wênang ingsun amênggak mung manawa sira nêmaha marang tindak luput. Nanging sarèhning ingsun iki wong atuwanira, ing salawase ora bakal lèrèn-lèrèn, mung tansah ngudani pitutur, kang kanthi wawasan bêcik. Kaya-kaya mokal saupama nata măncapraja iku ora ana kang dadi panujuning atinira, dadi anggonira darbe pamikir durung ana kang dadi panuju, iku mung saka anggonira darbe ambêg gumêdhe, ngasorake sapadha-padha. Dene kasamaranira lêlakon kang bakal tinêmu ing têmbe buri, iku mung tuwuh saka pangira. Pangiranira kang mangkono iku, manawa sira bacut-bacutake, mung bakal nuwuhake pakewuh ing salawas-lawase, lăngka bisane nêmu kasênêngan.

Nalika sang prabu pangandikanipun dumugi samantên, lajêng kandhêg ing galih, dening nguningani sang putri muwun, wusana lajêng jêngkar kanthi tilar pangandika: Salawase sira sabên ingsun pituturi mung nyundhul tangis kang agawe kandhêging galih ingsun, hêm.

Sapêngkêripun sang prabu, sang putri namung lênggah tumungkul kalihan ucêk-ucêk tingal ingkang pindha sêsotya kinum ing toya, gêbyaripun namung surêm sawatawis, saicaling waspa, soroting tingal malah gumêbyar anêlahi, calorotipun sagêd damêl tatasing manah santosa. Wusana lajêng dipun kudang ing êmbanipun: Dhuh gustiku, dhuh gustiku. Eman sulistyaning warni panjênêngan manawi ngantos kamoran tangis, sanadyan tangis wau botên badhe ngucêmakên dhatêng sulistyaning warni, nanging pun biyung gadhah manah sumêlang, dening tangis punika dados sasmitaning panggalih sêdhih. Dhuh gusti, putri ayu, sampun sok muwun, jagad mindhak katingal surêm. Gusti sampun sok mèncêp-mèncêp, mêmanis panjênêngan mindhak saya ulêng-ulêngan.

Sang putri sarêng mirêng pangudangipun bok êmban, lajêng ngandika kamoran gujêng: Kowe yèn ngudang nganti kaya ngudang mênyang bocah cilik. Yèn dirungokake wong liya, aku rak isin.

O, gusti, pun biyung sampun kêpatuh, saking botên kêmba ngêngudang dhatêng putri ayu, sanadyan andrêmimila wêwulanan, manawi ngudang panjênêngan, badhe botên mênirên, dhuh putri ...

Uwis, biyung.

Sasampunipun ngandika makatên, sang putri lajêng jumênêng badhe tindak dhatêng patamanan. Kala samantên nuju wanci sontên, padhanging siyang sampun koncatan bêntèr, nanging soroting srêngenge taksih atilar cahya wontên ing têmbing kilèn, manukma dados candhikala, sang putri botên saèstu miyos dhatêng patamanan, namung ngungak wontên ing jandhela anadhahi sunaring candhikala ingkang raras gêbyaring cahya jêne, tumêmpuhipun dhatêng sariranipun sang putri, kados tarunging cahya arêbat unggul, nanging satêmah malah nunggil kados rêmbulan koncatan mega, katingal ngalela adamêl judhêging manah.

Ing batos sang putri anggunggung sarira, malah lajêng kawiyos pangandikanipun: Sapa kang kuwat nyawang gumêbyaring awakku kang kaya rêmbulan iki.

Kibiripun sang putri ingkang samantên wau sanalika manggih piwêlèh, ing ngriku sumêrêp, Abdullah ingkang nuju katingal lêledhang wontên ing patamanan, bagusipun ngalela awijang, kados tiyang lêlumban adus satêngahing cahya candhikala, ngantos kados ical dipun kêdhèpakên. (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


ngantuk. (kembali)
amriksani. (kembali)
§ Yak, punika rak cêpênganipun tiyang ingkang badhe ngrèntèngi. Petruk. (kembali)
brêgas. (kembali)
§ Upami kula sagêd pinanggih kalihan priyantun ingkang ngandika makatên wau, botên badhe sêmang malih, kula mêsthi inggih lajêng mak jrèng ngaturi arta sêtangsul kemawon, namung… kula inggih kêdah dipun potongakên ayam. Petruk. (kembali)
Ambika. (kembali)
Nata. (kembali)
pênggak. (kembali)
punika. (kembali)
10 manggèn. (kembali)
11 tumrap. (kembali)
12 anglampah. (kembali)