Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06-13, #606

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06-13, #606. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-06-13, #606. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 47, 26 Sura Taun Je 1862, 13 Juni 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [721] ---

Ăngka 47, 26 Sura Je 1862, 13 Juni 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Tiongkok

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar margi ingkang anjog pasareanipun para nata têdhak Ming. Sakiwatêngêning margi kêbak rêrênggan ingkang mujudakên kalangkunganing yêyasan kina.

--- 722 ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Enggal

Ing Kajawèn nomêr 38 sampun ngêwrat gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Jhr. Mr. B.C. de Jonge gupêrnur jendral ingkang jumênêng sapunika.

Ing nginggil punika gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wau sakalihan tuwin putrinipun kêkalih.

Miturut pawartos, rawuh dalêm ing Batawi benjing ing wulan Sèptèmbêr.

KANGJÊNG TUWAN INGKANG WICAKSANA punika, kalêrês pripean dalêm paduka Jhr. Mr. Dr. H.A. van Karnebeek, tilas ministêr jajahan. Sami anggarwa putri darah Wassenaer van Rosande.

Panjênênganipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana punika, sampun kaping kalih anggènipun manggih lêlampahan ingkang ngêgètakên. Sapisan, kala ing taun 1917, nalika wontên lowongan ministêr paprangan, kathah para luhur ingkang pantês sumilih jumênêng ministêr, babarpisan botên wontên pangintên, bilih panjênênganipun sagêd jumênêng ministêr, nanging wusananipun, wahyuning kaluhuran dhumawah ing panjênênganipun, up amtênar ingkang taksih anèm.

Kaping kalihipun inggih jumênêngipun ing sapunika, punika inggih mrojol saking pangintên.

--- 723 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Botên Têpang Nuwuhakên Gêgêthingan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46.

Petruk: Ora, Kang Garèng, sabênêre anggonku ngudhal-udhal ing bab kagunan utawa tatacarane băngsa Sundha, kuwi gandhènge karo pambudidaya para mudha ing jaman saiki anggone arêp manunggalake rasa kabangsan antarane băngsa-băngsa ing tanah Indhonesiah kene. Nèk diwawas sagêbyaran, apa sing bakal tak kandhakake kiyi, sajake iya katon mung sapele bangêt, nanging yèn dipikir-pikir têmênan, sajatine uga kalêbu dadi kabutuhan gêdhe ingatase ancas anggayuh manunggal mau.

[Grafik]

Garèng: Wathah thithah, sajake kok pênting bangêt, Truk. Nanging sing arêp kok omongake kuwi, rak dudu sing dadi karêmane wong Sundha andina-dina kae, ta, yaiku: lungguh ngeple-eple ana ing lincak, karo thuwat-thuwit ngunèkake sulinge.

Petruk: Hara, kok banjur ngece mêngkono. Anane wong Sundha sok sulingan nganti andina-dina, kuwi sapa wêruh, nèk-nèke lagi anggagas warna-warna, dadi ora beda karo kowe aku, yèn cara Sundhane lagi: ngalamun, kae, mungguh cara Jawane: lagi linggih amêndongong anggagas-gagas: wah, saupama aku dibênum dadi bêndara komis, dhasar pangantèn anyar. Kondur saka kantor nyangking prêtêpèl, dipêthukake dhiajêng, sing banjur nampani prêtêpèlku sarta kăndha mangkene: Mas, mas, le kondur kok êlat[1] têmên, ta, nganti sêmur, jangan lodhèh, sambêl, padha adhêm kabèh.

Garèng: Wiyah, nèk omong kuwi bok aja ngayawara ngono, nèk sêmur utawa jangan lodhèh, iya pantês, ana kalane isih panas utawa adhêm, balik sambêl, kuwi salawase rak iya adhêm ajêgan. Wis, wis, saiki tumuli têrangna apa sing arêp kok kandhakake kuwi.

Petruk: Lo, mangkene, Kang Garèng. Sanyatane mungguhing samêngko aku kabèh kiyi isih ana ing sajroning laku apêpincangan, têgêse: tindaking budidaya manunggalake rasa kabangsan sing adhakan sarta prêlu kudu ditindakake, kuwi [ku...]

--- 724 ---

[...wi] durung katut dirêmbug, kaya ta upamane: aku kabèh băngsa Jawa, têka durung padha gêlêm amigatèkake mênyang basa-basane băngsa Sundha, sing agêgayutan karo lakuning budidaya manunggalake rasa kabangsan mau, kosokbaline, băngsa Sundha mênyang băngsa Jawa uga mangkono.

[Grafik]

Garèng: E, dadi arêpmu, băngsa Jawa lan băngsa Sundha kuwi sabisa-bisa kudu tular-tularan ing bab basane dhisik. Wah, iya ora bisa, Truk, iki jênêngane rak banjur marojol ing kodrat. Sabab nèk miturut kodrat, dadi nèk miturut kalumrahane, siji-sijining băngsa kuwi dhêmên ngukuhi duwèke dhewe sing dianggêp bêcik, nèk duwèking liya iya diapkir bae. Kaya ta: mungguhing ikêt-ikêtan, nèk wong Jawa wêruh ikêt-ikêtane wong Sundha, anggone ewa turut ula-ula nganti têkan ngisor pisan, jarene: dêksura, dumèh sinome ketok. Nèk wong Sundha wêruh ikêt-ikêtane wong Jawa, jarene muni mangkene: wèh, wong Jawa kuwi pancèn dhêmên malsu, wong gênah ora duwe rambut bae, nèk ikêt-ikêtan burine nganggo disubal êndhog asin, bèn diarani rambute dawa. Hara, lagi kaya ngono bae wis poyok-poyokan, apa manèh yèn nganti nyandhak basane. Siji lan sijine mêsthi ngukuhi apike basane dhewe-dhewe. Kaya ta băngsa Sundha yèn ngarani basane dhewe, mêsthi iya: alus, tatakrama, lan ngombak-ombak nganti anglêr dirungokake. Kang kaya mangkono kuwi wong Jawa iya ana sing anocogi, kanthi muni mangkene: Pancèn iya nyata, yèn basa Sundha kuwi alus, lan angombak sagara, kapenak bangêt dirungokake, nanging sing ngomong iya kudu wong Sundha sing ... ayu kae.

Petruk: Yak, sing alus lan apik kuwi rak banjur wonge ayu. Ora, Kang Garèng, anggonku mrayogakake siji lan sijine kudu padha migatèkake basane, kuwi mangkene: timbangane aku kabèh andadak lunga puruhita adoh-adoh, nyang tanah-tanah mănca, arak luwih utama anyinau basane sêdulure dhewe, kaya ta: basa Sundha, Bali, Madura ...

Garèng: Ora cocog, Truk, yèn mangkono panêmumu. Apa wong Jawa racak-racake mung dikon mangan balănja sêsasine f 7.50 tumêkane f 10.-, yaiku dadi jongos utawa tukang kêbon. Sing cara Landane cas-cus kaya klêpon dicêplus, nèk wong Jawa ing jaman malèsèd kiyi [ki...]

--- 725 ---

[...yi] mung ditari arêp diblănja sêsasi f 15.- jarene, apa manèh yèn ora mêmpêng anggone ngudi nyang basa mănca, yaiku basa Walănda, mêngko rak kalakon dadi mantri ukur dalan nganggo nyangking bathok lan têkên têmênan.

Petruk: Lo, sing tak karêpake basa mănca, kuwi dudu basa Lănda. Wis mêsthine yèn wong Jawa kanggone saiki kudu ngudi nyang basa Lănda, kadar saiki sing lagi mênang. Ora mung kanggo golèk pangan bae, nanging iya kanggo ngudi kawruh kang luwih dhuwur. Sing tak arani basa mănca kuwi, upamane bae basa: Indhu, Inggris, lan sapiturute, lo, kuwi wong Jawa kêrêp bae nyilih paribasan utawa unèn-unène băngsa mănca mau. Kaya ta: Time is money jupuk basa Inggris, utawa basa ngamănca liya-liyane kang banjur kêlumrah. Saikine katimbang ngênggoni têmbung-têmbung băngsa adoh-adoh mau, ambok ya golèk nyang basane sadulur-sadulure dhewe bae, yaiku basa Sundha, Madura, Bali. Jalaran, rak iya akèh bangêt têmbung-têmbung sing ing basane dhewe ora ana, nanging bisa kêtêmu ing basane băngsa salah siji mau. Dadi têrange pisan, bisaa basane bangsaku patang băngsa kuwi, padha kasumurupana, samăngsa-măngsa prêlu, cukupa amigunakake utawa nganggo, ora susah nganggo cêthunthungan nyilih-nyilih têmbunge băngsa mănca. Nanging rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Wara-wara

Ngaturi uninga dhumatêng para maos, wiwit sapunika, tumrap ngobrol dintên Sabtu, dipun êcap mawi Sastra Latin. Mênggah prêlunipun, supados isinipun langkung kathah, tuwin supados sagêd kawaos ing para maos ingkang botên sagêd dhatêng Sastra Jawi. Lan malih sarèhning ing pêthikan pakabaran inggih sampun kathah kêsêlan Sastra Latin, kados ing bab punika sampun botên adamêl pakèwêd.

Wusana ing bab wau mugi andadosakên kaparêngipun para maos sadaya.

Red.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 901 ing Margayasa. Arta f 2.- punika ingkang f 0.50 kangge bayaran wulan Juni punika. Awit panjênêngan lêngganan kapetang wiwit 1 Marêt.

Lêngganan nomêr 5369 ing Pagêrsari (Magêlang). Panjênêngan lumêbêt dados lêngganan rumiyin ing wulan Dhesèmbêr 1930. Arta f 3.- ingkang sampun kula tampi, cêkap kangge lêngganan dumugi wulan Mèi kapêngkêr, dados wulan Juni punika panjênêngan dèrèng bayar. (f 2.- kangge Juni dumugi Sèptèmbêr).

Lêngganan nomêr 4300 ing Têmon. Lêngganan nomêr 1809 ing Sidadadi. Mila makatên awit, anggèn panjênêngan sami lumêbêt dados lêngganan, botên nyarêngi wulan tumapaking kwartal (no. 4300 wiwit wulan Marêt, 31 no. 1809 wiwit wulan Juni 30).

--- 726 ---

Jagading Sato Kewan

Sawêr Gêgayutanipun kalihan Cêcariyosan Jawi tuwin Kasarasan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 46.

Băngsa Indhu juru panutut sawêr, punika limrahipun sawêr ingkang dipun ingah dipun angge têtingalan, ingkang gambaripun kados ingkang sampun kawrat ing Kajawèn kapêngkêr. Tamtu kemawon patrap ingkang kados makatên punika adamêl gawokipun tiyang kathah, awit limrahipun sawêr, punika dipun ajrihi utawi dipun gigoni ing tiyang. Kajawi kangge têtingalan makatên, juru panutut sawêr punika ugi sade jampi kangge panulaking băngsa wisa. Caranipun anawèkakên jampi, mawi anglairakên pitêmbungan ingkang sagêd anênarik utawi gawoking manah, ucapipun makatên: Sawêr ingkang kula cêpêng punika sawêr mandi, manawi nyakot ambêbayani sangêt. Nanging sampun kuwatos, kula sadhiya jampinipun, kenging kangge nawa mandining sawêr wau, tur rêginipun mirah sangêt. Sintên ingkang botên pitados dhatêng ungêl kula, kenging nyatakakên, măngga sintên ingkang purun kula cakotakên ing sawêr punika, mangke lajêng kula jampèni, manawi botên mantun, sampun ambayar rêgining jampi.

Limrahipun tiyang kathah, mirêng ginêm kados makatên wau lajêng katarik ing manah, tiyang ingkang tumbas lajêng byuk-byukan, nanging botên wontên ingkang purun nyatakakên dipun cakotakên ing sawêr. Nanging inggih malah prayogi ingkang makatên, awit saupami wontên tiyang ingkang purun dipun cakotakên ing sawêr yêktos, punika pinanggihing lêlampahan wontên warni kalih, inggih punika manawi sawêr wau pancèn sanès sawêr mandi, panyakotipun inggih botên dados sabab punapa-punapa, lah, lajêng punapa pigunanipun jampi ingkang dipun sade, têtela namung atêgês ngapusi. Dene manawi sawêr wau têtela mandi, punika botên kenging kadamêl sêmbranan, ambêbayani sayêktos.

Bab wisaning sawêr ingkang nama mandi, kados para maos sampun kêrêp mirêng pawartosipun, kados ta tiyang dipun cakot ing sawêr mandi, botên dangu lajêng ngajal, botênipun makatên, badan inggih lajêng abuh sadaya.

Saking cariyosipun tiyang ingkang sampun nate ngalami, ing tanah Bantên punika kathah sangêt sawêripun ingkang mandi. Nanging inggih sampun dados kalimrahan, ing pundi panggenan ingkang kathah sawêripun mandi, inggih wontên dhukunipun sawêr. Mênggah pinanggihipun tiyang ingkang dipun cakot ing sawêr, punika warni-warni, wontên ingkang tiwas, wontên ingkang katulungan, tuwin wontên ingkang andadosakên sakit dangu. Dene tumrap ing[2] katulungan, punika botên ngêmungakên jalaran saking kapitulungan jampi, ugi wontên ingkang sarana dipun kêthok ing sanginggiling peranganing tatu, limrahipun ingkang pinanggih ing driji.

Dêdongenan tiyang dipun cakot sawêr lajêng dipun kêthok drijinipun, punika kathah, malah wontên sawênèhing cêcariyosan makatên: wontên [wontê...]

--- 727 ---

[...n] tiyang darijinipun dipun cakot ing sawêr, sarèhning tiyang wau sampun mangrêtos, darijinipun lajêng dipun kêthok, wusana kalampahan saras, botên kirang satunggal punapa. Kacariyos tiyang wau sarêng sampun saras, sumêrêp kêthokaning dariji gumluntung ing siti, warninipun cêmêng. Tiyang wau sêmbrana, kêthokan dariji dipun pêndhêt kagathukakên kalihan bujêlaning dariji, ing ngriku wêtêngipun lajêng karaos sênêp, wusana andadosakên ngajalipun. Bab punika sanadyan namung adhapur dongèng, nanging kengi[3] kangge miridakên ing bab mandining wisa sawêr.

[Grafik]

Kandhang sawêr ing Aprikah.

Mirid kawontênaning sawêr ingkang kados makatên punika, têtela bilih ambêbayani, mila parentah ingkang wajib inggih tansah ngudi ing bab rekadaya panulaking wisa sawêr. Tumrap nagari Siyêm wontên kandhang pangingahan sawêr mandi, ingkang prêlu dipun pêndhêt wisanipun kangge nyuntik panulak wisa sawêr. Mênggah pinanggihipun, sarêng sampun wontên tindak kados makatên, wontênipun tiyang ingkang tiwas jalaran dipun cakot sasêr[4] mandi kathah sangêt sudanipun.

Mênggah caranipun mêndhêt wisa, sarana ngangapakên cangkêming sawêr lajêng dipun lêbêti pirantos. Dene tumrap [tu...]

--- 728 ---

[...mrap] tiyangipun juru nyêpêng sawêr, badanipun sampun tawar kataman wisaning sawêr, awit sampun dipun suntik, mila sanadyan dipun cakot inggih botên punapa-punapa.

Sarèhning bab tiyang dipun cakot sawêr punika èwêd caraning nindakakên pitulungan, jalaran saking mutawatosi, prayoginipun manawi wontên tiyang dipun cakot ing sawêr, tumuntên kabêktaa dhatêng dhoktêran. Badhe kasambêtan.

Wulang Sae

Piwulanging Tiyang Sêpuh dhatêng Putunipun

Wontên tiyang nami êmbah Sabarun, ngandharakên lêlampahanipun piyambak dhatêng putunipun, nami Paniti, wicantênipun: Gêndhuk, Paniti, genea awakmu dak sawang-sawang kok cêkikrak-cêkikrêk. Apa kadhêmên. Yèn mangkono enggal golèka jamu, saiki wis ana pil malariah, mandi bangêt kanggo tămba malariah.

Paniti: O, êmbah, panjênêngan punika têka botên priksa bêtahipun tiyang nèm, kula punika manah bêtah, kok dipun kintên kasrêpên. Cobi kagaliha: Dintên punika kula kêdah ambayar sambutan dhatêng polêk bang f 5.- singkèk mindring f 5.- bang dhusun, f 2.- dados f 12.- Măngka kula wau enjing kilak ulam bandêng f 10.- angsal ulam 200 iji, kula bêkta dhatêng pêkên, bêrahanipun mikul, saking babagan dumugi pêkên f 0.25, jajan kula f 0.25 pêsapon f 0.04, gunggung arta kula mêdal f 10.54, sarêng ulam wau kula sade namung pajêng f 6.- dados kula tuna f 4.54, ta, kadospundi êmbah, kula rak bingung.

Sabarun: Mulane aku kiyi ewuh, arêp dak paido mêngko sêrik atimu, la rak dadi jênêng wong tuwa dahwèn. Mulane kowe dak dongèngi kaananku biyèn, mêngkene lakune wong jaman 70 taunan saprene, wong tani sawise anggarap sawahe banjur nganggur sawatara sasi, wayahe panèn parine disimpên dhewe kanggo sadhiyan pangan. Yèn arêp balănja bahmu wedok banjur nutu, bêrase ditêmpurake nyang pasar 5 kati, payu 20 dhuwit, iku diblanjakake bumbu kang 10 dhuwit. Kang sapuluh dhuwit kanggo nukêl lawe (tuku lawe), olèh 1 uwêt. 20 pasaran wis kêna ditênun dhewe, dadi sarungku, 20 pasaran manèh dadi klambiku, mangkono sabanjure, dene panganggone bahmu wedok mau klambi kêbayak tênunan, diwènèhi klanthe (lirune bênik), dadi ora tuku dom kaya saiki, kêmbêne diiras pinjungan. Dadi ora usah tuku kotang, tapihe lurik ya tênunane dhewe, sabuke cukup angkin, ora sêtagèn. Aku yèn nyumbang sadulur duwe gawe cukup bêras, wêdhus, utawa gêdhene kêbo, nanging rêgane kêbo isih murah, iya iku kêbo siji mung f 20.-

--- 729 ---

Jaman iku isih durung ana wong sênêng manganggo rêrênggan mas intên, kajaba para luhur. Uripe wong sênêng-sênêng ora duwe utang, barêng têkan jaman saiki padha rusak nuruti ati murka, bingungmu kogawe dhewe. Wong wis duwe susuk kondhe salaka, kêpengin kang êmas. Banjur kok rewangi utang-utang, kira-kira rêga f 10.- kok utang nganti rêga f 15,05 nicil, sabên dina f 0,43, 35 dina lagi pundhat. Nanging durung nganti pundhat banjur kogadhèkake, mung payu f 6.- kanggo totol rugimu dodolan. Barang mau ilang ing gadhèn. Barêng cicilan kang durung pundhat mau ora bisa nicil, kowe banjur utang nyang bang desa. Barêng utang mênyang bang desa ora bisa ambayar, dioyak-oyak lurah, kowe banjur utang nyang polêk bang, ngaku kanggo pawitan, bakulan bandêng, la, saka malèsète jaman saiki utangmu bang banjur ora bisa nicil, dioyak-oyak agèn bang, saka bingunge atimu wani utang marang singkèk mindring. La kuwi rasakna, pêpenginan barang pangaji f 10.-, dadi ngămbra-ămbra, sisip sêmbire, kowe banjur duwe lara kêmatus, mulane saiki ênggèr, yèn laramu utang kuwi ora kok taraki utawa sarana têtămba gêmi lan ngirit, iku ora bisa waras. Lakumu paribasan nirua lakuning cèlèng (ngênêr), pangiritmu cèlèngngana, tirua laku kuna, aja melik kang dudu gêgayuhanamu.

Paniti: O, inggih bah, sasagêd-sagêd kula badhe niyat anjampèni sakit kula, kula sampun kapok nandhang sakit utang.

Piwulang ing nginggil punika lowung kangge pêpèngêt dhatêng para ingkang taksih kapengin pangangge sarana nyambut, ingkang awrat rêginipun.

Wasana lêrês lêpatipun kula nuwun samodra pangaksama.

K. No. 3022

Pawartos Wigatos

Jiyarah Minggah Khaji

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 46)

Minggah kula sakănca saking palabuhan dhatêng kapal Sembilan mawi numpak sampan layar, linggihipun sami tumumpang sanginggiling barang-barang, kados nalika dhatêngipun, wontên ugi ingkang sami numpak sêtumbargas sewan, saking katranganipun Walandi punggawaning kapal Sembilan cacahipun khaji ingkang numpak kapal punika wontên 1184, punggawa Walandi 57 Jawi 12, dados gunggungipun ingkang numpak sadaya wontên 1253. Kapal Sembilan punika palkahipun wontên 8, kabikak sadaya, ingkang 4 nginggil 4 ngandhapipun, dados sungsun mangandhap. Sênthongan 8 punika kangke[5] jamangah 1184 sabarangipun sadaya, lan sadaya tiyang saking tanah Jawi, mandhapipun ing Tanjungpriuk sadaya. Raosipun wontên salêbêting sênthongan inggih ungkêb sangêt, langkung-langkung ingkang pikantuk panggenan ing sênthong [sê...]

--- 730 ---

[...nthong] bagian ngandhap, ungkêb lan bêntèripun sangêt.

Cadhonganipun têdha matêng limrah kados nalika pangkatipun, namung cadhong toya kabagi waradin dening punggawa kapal, botên kaêjor kados nalika pangkatipun.

[Grafik]

Sawanganing griya tembok ing Judah.

Sasampunipun têtiyang ingkang numpak tumata panggenanipun, enjingipun, inggih punika ing dintên Kêmis tangal 19 Dulkijah, sadaya pas lan tikèt, tuwin tiyangipun kapriksa satunggal-satunggal dening tuwan agèn ing Jedah saha kapriksa kasarasanipun dening dhoktêring kapal Sembilan, pamriksanipun ngantos jam 11 siyang sawêg sagêd rampung. Kintên-kintên jam 2 siyang kapal Sembilan bêdhol jangkar, wiwit pangkat layaran, purugipun mangidul, urut pasisir sagantên abrit, toyanipun cêthèk sangêt, dhasaripun katingal cêtha, wujud sela karang pating cringih, lampahing kapal karindhikakên sangêt, sadaya tiyang ingkang numpak kraos sênêng, awit lampahipun kapal antêng ngantos 4 dalu 4 dintên. Ing dintênipun kaping 5 kalêrês ing dintên Sênèn, lampahipun kapal wiwit anêmpuh samodra agêng, kapal Sembilan wiwit rongèh lampahipun, agobag-gabig, sakêdhap, ebahipun manêngên, sakêdhap mangiwa, sadaya tiyang ingkang numpak karaos ênêk wêtêngipun, ingkang badanipun ringkih lajêng sami mabuk laut, ewasamantên para jamangah khaji botên sapintêna ingkang sami mabuk, kathah ingkang tansah sami rame-rame, mêmuji sukur ing Pangeran, dene ngibadahipun khaji sampun kasêmbadan, sagêd anglampahi kanthi sampurna, lan mêmuji sukur malih dene sampun tinakdir sami sagêd sowan ngadhêp ing kubur dalêm, Kangjêng Nabi Muhammad s.a.w. ing nagari Madinah, makatên punika kandêling tekadipun sadhèrèk ingkang sami jiyarah khaji. Badhe kasambêt.

R.H.M. Muhtar, Sukaraja (Banyumas)

--- 731 ---

Layon Dalêm Gusti Kangjêng Ratu Kêncana

Ing Kajawèn nomêr 45 sampun ngêwrat pawartos cêkakan ing bab seda dalêm Gusti Kangjêng Ratu Kancana ing Ngayogya. Murih têrangipun ing ngriki mratelakakên lampah-lampahipun sawatawis.

Gusti Kangjêng Ratu Kancana punika pramèswari dalêm suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana VII. Seda dalêm yuswa 72 taun wontên pasanggrahan ing Ngambarukma, ing dintên Sabtu tanggal 30 Mèi. Suwargi Gusti Kangjêng Ratu Kancana punika marasêpuh dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta tuwin Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara.

[Grafik]

Saseda dalêm, layon dalêm lajêng kabêkta malêbêt dhatêng kadhaton. Ing dintênipun Sênèn layon kasarèkakên dhumatêng pasarean nata ing Imagiri.

Ing sadèrèngipun bidhal kathah para tamu agung ingkang nglayat dhatêng kadhaton, kados ta paduka gupêrnur ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Timur, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, wêwakilipun Jendral Mayor van Maurik, pangeran-pangeran ing Surakarta, tuwan-tuwan partikêlir tuwin sanès-sanèsipun.

Bidhaling layon kajawi ginarubyug ing para putra santana, prajurit tuwin para abdi dalêm ing Ngayogya, ugi ginarubyug ing prajurit saking karaton Surakarta tuwin prajurit Mangkunagaran.

[Grafik]

Mênggah lampah-lampahipun, layon miyos saking srimanganti kidul dipun urung-urung ing prajurit saking karaton Surakarta, dipun sambati[6] upacara sanès-sanèsipun, kintên-kintên sadaya wontên tiyang 2000.

Samargi-margi tiyang ningali pêpêt-pipit wiwit saking kadhaton ngantos dumugi Imagiri botên wontên sêlanipun. Kawontênan kados makatên punika sampun limrah dados padatanipun băngsa Jawi, manawi wontên băngsa luhur sampun yuswa seda, sami mrêlokakên ningali, tumănja ngalap brêkah.

Ing wanci sontên sawêg rampung sumare. Botên langkung Kajawèn dhèrèk mêmuji mugi arwah dalêm ingkang sampun suwargi, tinampèna wontên ngarsanipun Pangeran.

--- 732 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Wawasan kawontênanipun congres Istri Sedar.

Kala dintên Minggu ingkang kapêngkêr pakêmpalan Wanita "Istri Sedar", ingkang wiwit tanggal 14 dumuginipun tanggal 7 ing wulan punika adamêl congres wontên ing Bêtawi ngriki, ngawontênakên parêpatan umum ingkang wêkasan. Ingriki kula botên badhe adamêl verslag ing bab kawontênanipun rêmbag-rêmbag ing parêpatan ngriku, kadar udyana Kajawèn namung satunggiling kalawarti, ingkang namung kawêdalakên saminggu kaping kalih. Sanadyana kula andamêl verslag kanthi enggal-enggal sarta jangkêp, ewasamantên sowanipun verslag wau dhatêng para maos inggih têmtu sampun kasèp. Amila ingriki kula namung badhe adamêl wawasan sawatawis mênggah kawontênanipun parêpatan ing dintên Minggu punika.

Miturut wara-wara, bikakipun parêpatan sampun katêmtokakên jam 9. Sanadyan ing kala punika wiwit enjing jawahipun anggrêjèh tanpa wontên kèndêlipun, jam 9 thèng ing papan parêpatan, inggih punika ing gêdhong pêrmufakatan ing gang Kênari, sampun katingal kêbak dening kathahipun ... para priya, ingkang sami mrêlokakên dhatêng prêlu amirêngakên wêdhar sabdanipun para gembong-gembong ing pakêmpalan 'Istri Sedar" wau. Dene cacahipun para wanita ingkang sami mrêlokakên dhatêng, punika botên wontên sapragangsalipun cacahipun para priya, ngantos wujuding parêpatan botên mèmpêr-mèmpêr manawi punika parêpataning wanita. Pancènipun makatên inggih nama anèh, dene para priya kathah ingkang sami mrêlokakên anjênêngi parêpatan wau; ing mangka sadèrèng-dèrèngipun congres dipun wiwiti, wontên salah satunggiling jurnalis ingkang gadhah usul dhatêng pangrèhipun pakêmpalan, bilih wontên wêkdalipun anyukanana palilah dhatêng salah satunggiling kaum priya adamêl sêsorah ing bab lênggahipun para wanita ing agami Islam. Usul wau botên katampi, saha dipun wangsuli makatên: sadaya ingkang sami anjênêngi parêpatan kaèngêtakên: botên kenging pitakèn, botên kenging nêdha katrangan tuwin botên kenging mapali rêmbag. Upami dipun blakakakên makatên, wangsulan punika rak anggadhahi suraos: "Kowe kabèh ambêgogoka ana ing kono; nèk mêngko takunèk-unèkake, tak pisuhi, sanadyan takêngkuk-êngkuk pisan, iya kudu mung "nun inggih sêndika" bae. Bokmanawi kathahing para priya ingkang sami mrêlokakên dhatêng wau namung kapengin badhe anêksèni sapintên krodhanipun para jêjêndhuling pakêmpalan wanita, ingkang ngrumaosi sampun "sedar" wau. Nanging lucunipun, dene ingkang kathah rayi-rayinipun têka sami dipun tilar wontên ing dalêm, bokmanawi dipun kuwatosakên, bilih rayi-rayinipun lajêng sami "angistri sedar".

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih miturut wara-wara, bikakipun parêpatan sampun katêmtokakên jam 9, nanging ing sarèhning ing kala punika jawahipun tansah anggrêjèh, bokmanawi inggih lajêng kirang sangêt wontênipun motor sewan, dhokar sewan tuwin tumpakan sewan sanès-sanèsipun, amila sanadyan jam 9 ing papan parêpatan sampun kêbak, inggih mêksa botên kenging dipun paibên, bilih dhatêngipun pangarsaning pakêmpalan sawêg jam 9 langkung 25 mênit. Ewasamantên kula têka lajêng kèmutan cariyosipun kyai dhalang makatên: "Wau ta, sasampunipun para wadyabala sami andhèr sumewa, sang nata lajêng miyos, dipun ayap ing para badhaya, para cèthi tuwin parêkan, lir pendah pangantèn binayang karya."

Sasampunipun pangarsa mapan lênggah, sanalika parêpatan inggih lajêng kabikak. Ingriki pantês ingalêmbana mênggah ing kawêgiganipun pangarsa, inggih punika Nyonyah Suwarni Pringgadigda, anggèning amêdharsabda, dene wontênipun jawah wau dipun anggêp kadosdene pasêmoning trajangipun pakêmpalan "Istri Sedar"; inggih punika sanadyan jawahipun dêrês, ewasamantên parêpatan mêksa dipun lajêngakên. Mênggah pikajênganipun prasêmon wau, anandhakakên bilih pakêmpalan "Istri Sedar" botên badhe mundur sanadyan badhe wontêna pêpalang ingkang ngalang-alangi dhatêng trajangipun.

Sasampunipun panitra maos sêrat-sêrat kintunan, pangarsa lajêng anyêdhahi dhatêng Nonah Bordah supados amêdharsabda. Mênggah wosing sêsorah makatên: ingriku angandharakên, bilih sadaya kawontênan punika botên wontên ingkang langgêng, sadaya têmtu mawi ewah gingsir, sanadyan jagad, babad, agami tuwin sapiturutipun. Makatên ugi kawontênanipun bangsa wanita ing gêsang sêsarêngan inggih ugi ewah-ewah miturut kalamangsa utawi jamanipun. Cêkakipun pamêdharsabda ingriku lajêng ambèbèr wawasanipun tumrap jalêr dhatêng èstri kanthi anêrangakên, bilih pangrêngkuhipun tiyang jalêr dhatêng tiyang èstri punika kadosdene raja dhatêng kawulanipun. Ingkang makatên punika pamêdharsabda amrayogèkakên supados enggal-enggal dipun sirnakakên. Salajêngipun juru sabda angawon-awon dhatêng wontênipun cara kolot, kados ta: wontênipun pingitan, anyêlir lan sasaminipun. Makatên ugi wontênipun ing bab wayuh, pêgatan, kawin pêksan, bab lakirabi ingkang taksih kênèmên, ugi dipun oncèki ngantos rêsik.

Mênggah saking andharanipun juru sabda sadaya wau, pancèn inggih sampun salêrêsipun sarta inggih anjamani. Ananging sadaya wau rak botên kenging yèn ta dipun tindakakên sarana bêrgadagan sakdêg

--- 733 ---

saknyêt, têmtunipun inggih kêdah ragi ngulêrkambang sakêdhik. Manawi nitik kawontênanipun samangke, sadaya wau kados-kados rak sampun kathah sangêt ewahipun, kados ta: cacahipun tiyang jalêr ingkang anganggêp èstrinipun kadosdene rencang, punika samangke rak sampun suda sangêt; punapa malih tumraping têtiyang ingkang sami angsal pangajaran, punika kenging dipun wastani prasasat langka. Malah saking dayaning ewahipun jaman samangke tiyang èstri ingkang anganggêp priyanipun kadosdene dhatêng jongosipun, ugi sampun wontên. Dene wontênipun lare èstri dipun pingit tumrap ing jaman samangke kados sampun awis sangêt; dalasan para luhur kemawon, ingkang kala rumiyin angêkêr sangêt dhatêng putri-putrinipun, samangke ugi sampun kenging dayaning jaman botên anindakakên malih. Malah sawênèh wontên ingkang saking anggènipun daya-daya badhe anêtêpi jamanipun, sok lajêng kaladuk anggèning mêrdikakakên putrinipun, ngantos sagêd kalampahan wontên satunggiling putri ngupados jodho piyambak tanpa mawi idinipun tiyang sêpuh, dumèh sampun anocogi dhatêng pamanahipun. Makatên ugi bab sanès-sanèsipun, punika manawi kapandhing kalihan kawontênanipun kala sadasa taun ingkang kapêngkêr, kados rak sampun kathah sangêt ewahipun. Dene ewahipun dèrèng sagêd adamêl pamarêm, punika sanès sabab ingkang wigatos, jalaran sadaya-sadaya manawi tumindakipun kanthi grusah-grusuh, ingkang kathah wohipun sok botên eca katêdha. Amila inggih kêdah tumindak kalayan sarèh, namung ingkang sagêd amranani.

Samangke ngandharakên sawatawis sêsorahipun sadhèrèk Suwarni Pringgadigda. Mênggah wosipun makatên:

Têtiyang èstri sagêda anggadhahi wêwênang tumut angrêmbag tatanan praja tuwin anggadhahi wêwênang tumut lêlumban wontên ing jagad kapolitiekan. Salajêngipun juru sabda anuntên nyukani wawasan dhatêng parêpatan mênggah wontênipun ebah-ebahan kaum putri ing tanah Inggris ing kala rumiyin, punika ngantos kalampahan para putri wau saking kakêning manahipun sami ambalangi griya-griya parlement, dalêmipun para minister lan sanès-sanèsipun. (Yak, iya mêdèni. Corr.).

Sasampunipun juru sabda ngandharakên sêdyaning pakêmpalan "Istri Sedar", inggih punika ambudidaya supados para kaum wanita drajadipun sagêda angsal panganggêp manusa ngantos 100%. Tumrap samangke "Istri Sedar" botên tumut lêlumban dhatêng politiek, sanadyan trajangipun dhatêng kabangsan. Sasampunipun nyariyosakên kuwajibaning wanita wontên ing salêbêting griya tuwin wontên ing sajawining wangon, juru sabda lajêng anêrangakên ngantos talêsih ing bab babadipun pakêmpalan cooperatie ing nagari Inggris. Punika sagêdipun lêstantun kadumugèn ing sêdyanipun, botên liya ugi saking pambantunipun para kaum putri.

Makatên mênggah wosing sêsorahipun sadhèrèk Suwarni. Ingriku kados prêlu kacariyosakên, bilih sadhèrèk Suwarni sayêktos satunggiling wanita ingkang saklangkung micara. Emanipun dene sadhèrèk wau sajakipun ragi karêm sangêt dhatêng ... ngoncèki awoning têtiyang jalêr. Ewasamantên minangka tutuping atur kula punika, sanadyan andharanipun juru sabda putri kêkalih wau ing lahir ngontog-ontog kawêdhar pangerang-erangipun dhatêng trajangipun kaum priya, ingkang dipun anggêp angasorakên drajating kaum putri, nanging kula sadaya kaum priya kêdah botên kenging lajêng umob panggalihipun, malah katampia kalihan sênêng lan wêninging panggalih, sabab sadaya andharanipun sang pamêdhar sabda wau maligi nêdya ngrêmbag dhatêng kasoraning para kaum ibu sagêda angsal kaluhuran ing samêsthinipun.

Dene bab wontên sawatawis kaladuking andharanipun sang juru sabda, punika kaum bapa kêdah angêgungakên samodra pangapuntên, jalaran sadaya kawontênan punika, wiwitipun têmtu sok wontên ingkang dèrèng lêrês lan sae tumindakipun. Mila saangsal-angsal para kaum bapa sami amitulungana dhatêng ancasing kaum ibu ingkang utami wau, sukur-sukur sagêd kasêmbadan dados kanca kenging kaajak ngêmbat ruwêd-rêntênging praja, kadosdene ingkang dados pangajapanipun pakêmpalan "Istri Sedar" punika.

PÊNTHUL.

Pawartos saking Rêdhaksi

Tuwan A ing Sumatrah. Paramasastra karanganipun Mas Ngabèi Dwijasewaya, ingkang sade toko: N.V. voorheen H. Buning. Ngayogyakarta. Sêrat Paramasastra Spraakkunst en taaleigen van het Javaansch, deel II. Karanganipun Tuwan J. Kats, ingkang sade Boekhandel Visser & Co. Bêtawi, rêginipun f 2.30.

Tuwan Ting Sing Giok ing Baturêtna. Karangan panjênêngan sampun dumugi, sawêg kapriksa.

Redhaksi tampi panjurung katandhan nama: Timun. Panjurung wau botên kapacak, sapisan botên mratelakakên nama lugu, kaping kalih karangan wau suraosipun mangsuli dhatêng karangan ing sêrat kabar sanès, lêrêsipun kêdah kapanjurungakên dhatêng sêrat kabar ingkang ngêwrat ing bab wau.

--- 734 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah

Pirantos kangge mêndhêt madu.

Ing dhusun Kradenan, Kuthawinangun, Kêbumèn, wontên tiyang damêl pirantos kangge mêndhêt madu saking tala tawon. Pirantos wau prasaja sangêt, damêlanipun gampil, wragadipun sakêdhik. Anggènipun sami kalihan pirantos wêdalan dhêpartêmèn têtanèn, madu ing tala sagêd kacêpêng, tur tala sarta gananipun botên risak.

Pamulangan Taman Siswa ing Kêdhiri.

Awit saking ada-adanipun para priyantun guru, benjing wulan Juli ngajêng punika ing Kêdhiri badhe dipun wontêni pamulangan Taman Siswa, ing kampung Pandhean, calon murid sampun kathah.

Kuli ingkang kaantukakên dhatêng tanah jawi.

Salêbêtipun wulan ingkang kapêngkêr kuli ing Dhèli ingkang dipun antukakên dhatêng tanah Jawi, awit saking dayanipun măngsa malèsèt, wontên 1590.

Lotre enggal malih.

Parentah ngidini panyuwunipun pangrèh pêkên taunan ing Surabaya, ngawontênakên lotre barang, pangaos 25000 rupiyah, kabage dados 10.000 lot, rêgi nyaringgit. Panggêbagipun dipun têmtokakên dhawah tanggal 11 Oktobêr 1931.

Kangjeng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

Sarêng sampun wontên ing Bêtawi sawatawis dintên, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral kaparêng têdhak dhatêng Cipanas, dipun dhèrèkakên algêmin sèkrêtaris saha ajudan-ajudan.

Prahara ing Pêkalongan.

Angrintênakên tanggal 8 Juni ingkang kapêngkêr ing Pêkalongan wontên prahara agêng, dangunipun sajam. Wontên griya sawatawis risak, kathah wit-witan sami sol.

Radèn Adipati Arya Wiranatakusuma.

Wontên ing konprènsi pangrèh praja ing Priyangan têngah dèrèng dangu punika, Radèn Adipati Arya Wiranatakusuma, bupati ing Bandhung, ngumumakên karsanipun anggènipun badhe lèrèh saking kalênggahanipun. Samangke sampun pindhah dalêm, dhatêng Pêngalengan.

Rêsèpsi ing dalêm kabupatèn ing Kêdhiri.

Dèrèng dangu ingkang bupati ing Kêdhiri, Radèn Tumênggung Muladi, ngawontênakên rêsèpsi wontên ing dalêm kabupatèn, prêlu têtêpangan, jalaran ingkang bupati wau taksih enggal. Tamunipun kathah, ingkang kathah băngsa Walandi.

Kwiksêkul Walandi.

Dhirèktur dhepartêmèn pangajaran amarak-marakakên dhatêng para dhirèktur H.B.S. 5 taun saha P.H.S. ing Bêtawi, bilih para ingkang gadhah dhiplomah H.B.S. 5 taun utawi dhiplomah P.H.S. kenging nglêbêti kwiksêkul Walandi ing Surabaya, Bêtawi utawi Bandhung. Saugêr bijinipun basa Walandi sakêdhik-sakêdhikipun 6, dipun papanakên wontên ing klas ingkang inggil piyambak, dados salêbêtipun sataun sagêd rampung sinaunipun.

Tangsi pulisi ing Mênggala.

Ing Mênggala, Lampung, dipun wontêni tangsi pulisi enggal. Kala tanggal 5 Juni ingkang kapêngkêr tangsi enggal wau dipun bikak, dipun èstrèni para pangagêng ing Lampung.

Rêdi Awu.

Sampun sawatawis wulan punika rêdi Awu ing pulo Sangi, lèr Sêlèbês, ragi nguwatosakên. Tiyang ingkang sami manggèn ing sukunipun rêdi wau sami kadhawuhan pindhah dhatêng panggenan sanès. Rêdi wau sampun kaping pintên-pintên anjêblos, ing taun 1641, 1711, 1856 saha 1892. Ingkang ambêbayani inggih punika talaga ing puncak, lêbêtipun 170 mètêr, kirang langkung isi toya 45 yuta mètêr kibik.

Bayaran sêkolah ing liburan Pasa.

Kawartos, parentah anêtêpakên, benjing malih murid pamulangan pribumi gupêrmèn salêbêtipun liburan Pasa dipun kengingakên bayaran sêkolah.

Pakêmpalan panulak wukêr ing Medhan.

Benjing tanggal 17 Juni ngajêng punika ing Medhan badhe dipun wontêni pakêmpalan panulak wukêr.

Konggrèsipun para ahli ukum.

Benbing[7] tanggal 29 wulan punika para ahli ukum ing tanah Indhonesiah ngriki badhe ngawontênakên konggrès ingkang kaping kalih wontên ing pamulangan luhur pangadilan ing Bêtawi. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana kaparêng ngèstrèni konggrès wau.

Tukang damêl arta palsu.

Dèrèng dangu pulisi opsinêr ing Kisaran (Sumatra pasisir wetan) angsal pawartos bilih ing Sêrbangan wontên tiyang sawatawis sami ngabotohan mawi arta palsu. Pulisi lajêng anggropyok, kalampahan sagêd nyêpêng tiyang kalih saha ambêskup arta rupiyahan san [sa...]

--- 735 ---

[...n] saha têngahan palsu, pangaos f 40.50. Tiyang kalih wau sami ngakên.

Botên lêt dangu pulisi lajêng anggropyok malih dhatêng ing kampungipun têtiyang wau ing Bandar Salipah. Ing ngriku pinanggih pirantos kangge damêl arta palsu. Wontên tiyang tiga kacêpêng, băngsa Malayu, taksih darah salah satunggilipun sultan ing Sumatra pasisir wetan.

Ing Kisaran ugi wontên tiyang katahan, kadakwa damêl arta talenan saha kêthipan palsu.

Margi-margi saha irigasi ing tanah sabrang.

Paduka Tuwan van Buuren, dhirèktur dhepartêmèn B.O.W. mêntas tindak papriksa dhatêng Borneo kidul wetan Sêlèbês saha Bali. Miburut[8] katranganipun Paduka Tuwan van Buuren dhatêng wêwakiling Aneta, margi agêng saking Banjarmasin, nglangkungi Martapura saha Amuntai ing wêwêngkon Hulusunge, Borneo kidul wetan, samangke sawêg dipun dandosi. Margi wau badhe dipun lajêngakên dumugi Samarindha, mawi simpangan dhatêng Balikpapan saha Tanah Grogot. Susukan Sêrapat ingkang anjog dhatêng Kuala Kapuas dipun wiyarakên saha dipun lêbêtakên. Margi Kluwah-Tamianglayang sampun mèh rampung. Margi Nêgara- Kêndhongan taksih awon. Prakawis irigasi ing wêwêngkon Hulusunge samangke sawêg dipun padosi sakecanipun, ing ngriku kêkathahên toya. Sabin-sabin ing wêwêngkon Gowah, Sêlèbês, wiyaripun kirang langkung 35.000 bau. Ilèn-ilènipun badhe dipun dandosi. Margi saking Makasar dhatêng Mangkutanah samangke sagêd dipun langkungi mawi oto, ing Sêlèbês têngah. Dèrèng dangu margi enggal, Mamasah-Palewali dipun bikak kangge umum. Margi saha irigasi ing Bali kathah ingkang sampun dipun saèkakên.

Griya gangsal wêlas kêbêsmi.

Kala tanggal 5 Juni ingkang kapêngkêr ing dhusun Têrutung (Sumatra pasisir kilèn) wontên griya gangsal wêlas kêbêsmi. Kapitunan kirang langkung wontên 10.000 rupiyah. Griya-griya wau botên dipun tanggêlakên.

Rêdi Gêdhe.

Têtiyang ingkang sami manggèn ing sacêlakipun rêdi Gêdhe ing Priyangan sami ajrih, jalaran dipun kabarakên rêdi wau ragi nguwatosi, sarêng dipun priksa dhatêng băngsa ahli rêdi, katêranganipun botên wontên punapa-punapa.

Mohamadiyah Bayalali

Benjing wulan Juli ngajêng punika Mohamadiyah Bayalali badhe ambikak pamulangan kados ing ngandhap punika:

1. Kopsêkul, ing kitha Bayalali, kangge lare èstri wêdalan pamulangan, ăngka II sanadyan botên tamat, saha wêdalan pamulangan dhusun. Wulanganipun mawi basa Walandi sawatawis, lan ugi dipun wulang padamêlan èstri, upaminipun: ocal-ocal, nyongkèt sapiturutipun. Bayaran sakêdhik-sakêdhikipun 1 rupiyah.

2. Pamulangan dhusun (volksschool) ing Pênggung, ing Musuk, ing Tumang saha ing Tawangsari.

Kursus hanacaraka.

Tuwan Sastrasilarja, ing Kulur, Dhistrik Têmon, bawah Ngayogyakarta, ada-ada ngwontênakên kursus hanacaraka, dipun namakakên N.I.A.S. (Nedya Ichtijar Angoedi Sastra) ingkang katampi dados murid namung tiyang sêpuh ingkang dèrèng sagêd maos saha nyêrat.

Pakêmpalanipun para punggawa pulisi pribumi.

Benjing tanggal 5, 6, saha 7 Sèptèmbêr ngajêng punika pakêmpalanipun para punggawa pulisi pribumi badhe ngawontênakên konggrès wontên ing Sêmarang, ngiras mèngêti adêgipun pakêmpalan wau jangkêp sadasa taun.

Asiah

Raja Husèn seda.

Raja Husèn, tilas raja ing tanah Arab, ramanipun Raja Phesal saha Èmir Abdullah, kala tanggal 4 Juni ingkang kapêngkêr seda. Raja Husèn wau kala taun 1916 wontên ing Mêkah ngundhangakên mardikanipun tanah Arab. Ing taun 1924 panjênênganipun sèlèh kaprabon, jalaran dipun êsur Sultan Ibnu Saod, raja ing Nèjêd.

Kraman ing Burmah.

Dèrèng dangu prajurit Indhia campuh prang kalihan kaum kraman ing Burmah. Kaum kraman ingkang tiwas saha tatu wontên satus, dene prajurit parentah botên wontên ingkang tiwas.

Pêrangan kalihan bangsanipun piyambak ing Tiongkok.

Prajurit parentah, wolung bragada, sami pacak baris wontên ing sacêlakipun Yicang, ing kikisipun Unan saha Kwangtung. Dene prajurit Kanton anggènipun pacak baris botên têbih saking ngriku, lêt kalih dasa mil. Dumuginipun tanggal 9 Juni dèrèng campuh.

Eropah

Pakêmpalanipun para băngsa (Volkenbond).

Panityanipun pakêmpalan para băngsa prakawis margi-margi badhe ngintunakên tiyang ahli sawatawis dhatêng Tiongkok, prêlu mitulungi parentah Tiongkok anggènipun mranata margi-margi toya, saha ngawontênakên pahêman kawruh yêyasan (Techniek). Tiongkok punika warga pakêmpalan para băngsa badhenipun mêndhêt tiyang ahli saking nagari ingkang netral, ingkang botên gadhah kabêtahan wontên ing Tiongkok, upaminipun Jêrman.

--- 736 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

18

IX. Tinêmpuh ing pakèwêd.

Kawontênanipun praja Ngêsam ing sapunika, kados wontên salêbêting cangkriman, pangintênipun tiyang kathah, botên wontên ingkang nocogi, mila botên wontên tindak ingkang titis tumraping lêlampahan punika.

Mênggahing nata Ngêsam, ing sapunika namung judhêg, dening panêmpuhing mêngsah saya ngangsêg, lan mirid saking pangangsêging mêngsah wau, sampun tamtu kasantosanipun anglangkungi, awit punika tamtu nata ingkang pinunjul piyambak. Saking judhêging panggalihanipun sang nata, satêmah namung mêmpên wontên ing pasarean kemawon. Saya judhêg malih sarêng sang prabu mirêng bilih ing kadhaton dipun ambah ing tiyang jalêr anèm, punika sintên.

Tumrapipun nata ing Bagêdad, sarêng kalampahan sagêd ngangsêg dhatêng praja, ing galih inggih lajêng rangu-rangu, awit ing praja katingal nyênyêt kemawon, botên wontên titikipun punapa-punapa. Mila sang prabu inggih namung kèndêl nyabarakên panggalih, angèngêti saking sampun botên wontên èwêd-pakèwêd.

Sapunika wangsul nyariyosakên, Abdullah tuwin sang putri ingkang nuju pêpanggihan wontên ing patamanan, sang putri tansah mandêng dhatêng Abdullah ingkang taksih kamitênggêngên, wusana lajêng nyundhul pangandika: Abdullah, wantêring unimu agawe tratabing atiku, kaluhuranku nganti kasoran dening prabawamu, awit aku ngrêti, kowe mêsthi têgêl agawe tiwasing awakku.

Abdullah mungêl piyambakan kalihan ngucêg mripatipun: Aku iki ngimpi apa mêlèk. Unimu kang kaya mangkono kuwi ora pantês koucapake ana ngarêpanaku, awit unimu iku ora agawe guyu. O, putri, saiki lagi cêtha panduluku, kowe kang ana ngarêpanaku.

Saiki kowe arêp apa: Abdullah.

Abdullah mangsuli sêmu nalăngsa: Putri, sêrênging atiku ora ana kang bisa tumiba ing kowe. Warnamu bisa agawe luluhing kanêpsonku. Iya kapriye manèh yèn pêpasthèning awakku mung samene. Putri, aku ora kuwat ngêmong kowe. Aku ngrumasani yèn sumêngka bangêt.

Kuwi uni apa Abdullah, dene nglantur ora ana pêdhot-pêdhote. Karêpmu bae kapriye. Yèn kowe pancèn bisa minangkani kaya kasaguhanmu dhèk biyèn, sêdyamu mêsthi kalakon.

Aku wis mangrêti mênyang gêlaring lêlakon kabèh. Mêmanising putri putraning ratu, iku mung tinêmu lêlamisan, e, saupama mêmanise mau ora agawe apêsing awakku, aku mêsthi bisa agawe piwalês minăngka dhêndhaning kaluputane.

Hèh, Abdullah wong kang kakehan gunêm, aku ora bisa nglairake têmbung pangalêmbana tumrap luwêsing gunêmmu, awit dêrênging gunêmmu kang arasa sêrêng, salawase iya mung bakal isi têmbung pamiluta. Wis, bab iku ilangana, aku mung arêp wêruh sabênêre kapriye.

Abdullah mangsuli kalihan andhingkluk: O, putri, jalaran saka dêrênging panjalukmu, aku kêpêksa nglairake, kowe iku cidra: putri.

Cidra kapriye, Abdullah.

Putri, kowe arêp krama karo nata Bagêdad.

Sang putri nalika mirêng ucap makatên wau sangêt ing dukanipun, wadananipun ingkang sawang rêmbulan lajêng katingal abrit, wusana ngandika kalihan kêcoh: Huh, he, Abdullah, ucapmu kang tanpa pangarah-arah, bisa agawe nêpsuku, awit unimu kang kaya mangkono mau têgês angrèmèhake bangêt mênyang awakku. Wis, Abdullah, saiki kowe mêtua, gawemu apa ana ing kene. Sang putri sasampunipun ngandika makatên lajêng badhe wangsul.

Abdullah nalika sumêrêp sang putri badhe tindak, tanganipun surawean gajêg-gajêg, kados badhe anggondhèlana, nanging Abdullah kandhêg dening kawêngku ing tatakrama, dèrèng kasampiran wêwênang ingkang samantên, wusana lajêng wicantên alon: Putri, mandhêga dhisik, ta. Uniku mau rak jênêng durung kowangsuli.

Yèn aku mangsuli unimu, dadi aku kêpêksa koêkon ngucap ucap-ucapan kang aku êmoh ngucapake.

Ta, mandhêga dhisik. Têgêse warta mau apa ora nyata.

Abdullah, salawase aku mung duwe uni sapisan, kasêtyan ya mung sapisan.

Putri, apa kasêtyanmu isih kaya kasêtyanku.

Pitakonmu iku kêpêksa tak anggêp lêlucon, Abdullah, têgêse aku kêpêksa angguyu. Kowe sumurupa, putri iku salawase ora owah ucape.

Adhuh, putriku. (Badhe kasambêtan)

--- 141 ---

Nomêr 36 taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Narima Nêmu Bêgja

Sambungane Kajawèn nomêr 45.

Banyak diijolake pitik.

Yèn mungguh wong lumrah, carane ijol-ijolan kuwi mêsthi golèk undhakan, nanging yèn Pak Klênthêng ora, jaran dadi sapi, sapi dadi wêdhus, saiki wêdhus dadi banyak. Samono mau ya ora kêna diluputake, awit mungguh kasênênganing uwong kuwi beda-beda, ana uwong sing luwih dhêmên tikus tinimbang sapi, nanging rak ya jênêng angguyokake. Kaya Pak Klênthêng mau, wah, barêng duwe banyak, rumasane wis kaya duwe băndha gêdhe bangêt, banyake banjur dibopong, êndhase tansah diêlus-êlus, yèn guluning banyak monglang-manglung, dianggêp kaya pacak gulu. Yèn nyuwara ngok, kêling, dianggêp kaya sindhèn, banjur disênggaki. Nanging nyatane, patrape Pak Klênthêng sing kaya ngono mau malah digêguyu ing wong akèh.

Suwe-suwe ana bocah nyêdhaki karo takon: Banyakipun punika badhe dipun bêkta dhatêng pundi rama.

Pak Klênthêng banjur ngingêtake, wêruh sing aruh-aruh mau bocah, mirid basa-basanane, gênah yèn bocah wêruh tatakrama. Pak Klênthêng banjur mangsuli: Arêp tak gawa mulih nak, banyak iki mau anggonku ijol-ijolan karo wêdhus gèmbèl.

Bocah: Wathuh, arak inggih kathah rêgining menda rama.

Pak Klênthêng: Pancèn ya mangkono nak. Nanging kowe ngrêtia, banyak kuwi wis wiwit kuna mula pancèn gêdhe bangêt gawene, kaya ta dhèk jaman purwa, tau dadi titihane midadari, ya kuwi Dèwi Basundari.

Bocah: Punapa sapunika inggih kenging panjênêngan titihi, rama.

Pak Klênthêng: E la, bocah iki ngajak dhebat-dhebatan. Kowe sumurupa, banyak kuwi yèn diingu ana pomahan, didohi ing durjana maling juti, kadidene wong ngingu asu, sabên ana klebating jalma manungsa, mêsthi banjur nyuwara kêling-kêling, kuwi ora beda kaya patrape asu jugug, dadi ngingu banyak kuwi rak sasat ngingu asu kang ora mêkruhi. Anggone muni Pak Klênthêng mau dikawèk-kawèkake, saka rumasa yèn gunêman karo bocah ngrêti basa.

--- 142 ---

Bocahe mau pancèn ngrêti, malah banjur gawe têmbung blondrongan, unine: Tiyang inggih sawêg têlèkipun kemawon, manawi pinanggih saênggèn-ênggèn inggih anggatêli.

Pak Klênthêng: Kuwi lagi têlèke, wis ana gawene. Saiki êlare, wah yèn digawe nulis, ngalahake pèn wêton toko. Saya êndhoge, yèn dicêplok, siji bae wis sapiring, dipindhang ya enak, didadar ya nyamlêng. Apa kowe wis tau mangan êndhog banyak, nak.

Bocah: Dèrèng nate. Nanging kok sajak botên kadugi nêdha.

Pak Klênthêng: Kuwi rak saka durung tau. Mênyanga ênggonku, tak suguh cêplok êndhog banyak.

Bocah: La, banyak panjênêngan punika rak jalêr, rama.

Pak Klênthêng: Besuk sing ngêndhog bojone iki. Saya nak, banyak kuwi yèn diopor.

Bocah: Inggih ngênêg-ênêgi rama. Bocah mau sawise muni ngono banjur lunga.

Pak Klênthêng dhêlêg-dhêlêg, rumasa digêguyu bocah, nanging ya malah anggêguyu gênti, garunênge: Bocah kêmajon kuwi, dikandhanana apa-apa iya mung anggêguyu. Wong wis gênah dikandhani pigunaning banyak kaya ngono jare. E, gus, anggawa pitik. Pitikmu arêp kogawa mênyang ngêndi.

Bocah anggawa pitik: Ajêng kula sade, wa.

Pak Klênthêng: Kene, tak ijoli banyak, ya.

Bocah: Kula ênggih purun.

Pak Klênthêng: Na iya, nya banyakku gawanên, wis, dolên nyang pasar. Barêng bocahe wis lunga, Pak Klênthêng clathu dhewe: Bocah kok gampang apus-apusane. Pitik kuwi nèk ngêndhog, rak, we, sasat ngêndhog êmas. Cêkake wong ora doyan êndhog pitik kuwi padhane wong mati. Wis, saiki mulih, mampir pasar sadhela.

Bungahing Bocah Ora Kêna Dikira-kira

Ana bocah nangis, dinêng-nêngi ora gêlêm mênêng-mênêng, wong sing nulung nganti wêgah. Suwe-suwe ditogake bae.

Watake bocah doyan nangis, barêng ditogake malah banjur anggiyêng kaya rêbab, sanadyan wis ora ana êluhe, iya isih ambrêngêngêng bae.

[Grafik]

Bocah mau sajêrone nangis, wêruh ana kodhok, tangise banjur grag-grêg mandhêg, suwe-suwe malah banjur mênêng, andhodhok tanggung namatake kodhok, sabên kodhoke mancolot, bocahe milu anjondhil, karo ngêtutake saparaning kodhok. Saka bungahe malah banjur surak-surak.

Kaya mangkono uriping bocah cilik.

--- 143 ---

Bab Lare Lêlados

Kajawèn ăngka 37 ing bagian Taman Bocah wontên pitakènipun Mas Suripta, murid pamulangan ăngka II ing Ungaran, ngupados sêsêrêpan bab pratikêlipun lare lêlados, angladosi tamu tumrap pasamuwan gadhah damêl sapanunggilanipun. Saking pamanggih kula piyambak, sanadyan lupiya-lupiya lare lêlados punika sampun kathah, kalampah ing pundi-pundi, ewadene botên kirang lare lêlados ingkang kuciwa dhatêng sêsawangan, makatên punika kabêkta saking dhêdhasaring lare: 1. kirang prigêl, 2. kirang wiyar têbanipun kêkêmpalan kalihan priyantun, 3. lumuh takon atêtiron, pinanggihipun asring damêl kusud utawi ngirangakên tatakrama wontên ing pasamuwan, mila lêrês pancèn prêlu dipun giyarakên ing Kajawèn ngriki, supados sagêd dados pêpiridanipun lare-lare ingkang ambêtahakên. Kula wiwiti kados ing ngandhap punika:

Pasamuwan gadhah damêl sasaminipun ingkang mawi nyêdhahi tamu, punika agêng alit raosipun sami kemawon, sami nama angurmati utawi angaosi tamunipun ingkang pinarak ngriku. Mênggah sakawitipun, wontênipun lêlados ing pasamuwan, têmtunipun panggenan para luhur, lajêng dipun tulad para priyantun, lajêng dipun tulad malih para sadhèrèk pakampungan mandhapipun ing padhusunan. Botên ngêmungakên adining rêrênggan, miraosing sêgah sapanunggilanipun ingkang dumunung kaurmatan utawi angaosi tamu, nanging dalah lare-lare ingkang lêlados pisan, inggih kawical dados paraboting kaurmatan ugi.

Sapunika bab patrap pratikêlipun lare lêlados ingkang nama sae botên damêl kusud utawi kuciwa tumrap pasamuwan ngriku. Lare-lare ngladosi tamu, kêdah sami manganggea sandhangan ingkang sarwa rêsik lan pantês, makatên malih pamatrapipun ngangge-angge, kêdah ingkang sarwa prasaja. Nanging sampun pisan-pisan mangangge ingkang katingal dêksura tumrap ing pasamuwan utawi pajagongan, inggih ugi sampun mangangge sandhangan sarwa rêgêd, lêthêk sasaminipun ingkang sagêd damêl kirang rêsêp dhatêng sêsawangan, sampun kasupèn kêdah sruwalan (ngangge kathok).

Bilih jagonganipun lênggah dhepokan (botên kursèn) lare lêlados kêdah sagêd lampah dhodhok, langkung-langkung ingkang bagiyan ngajêng, kêdah ingkang sampun prigêl samudayanipun. Ambêkta tadhahan isi ladosan, patrapipun kasanggi ing tangan kiwa têngên, tadhahan kapandhi inggilipun sampun ngantos kirang saking watês saantawising dhadha. Bilih sampun cakêt kalihan palênggahan tamu-tamu, lajêng wiwit lampah dhodhok, kalihan taksih nyanggi tadhahan isi ladosan wau, panyanggining tadhahan kaumbulakên malih kapara inggil ngantos dumugi watês rai, sadaya wêkdal wau kêdah botên kenging tilar nastiti lan ngati-ati. Dumugi sangajênging cakêt lênggahipun tamu ingkang tinuju, tadhahan kasèlèhakên ngajêng nuntên ladosanipun kacaosakên sumèlèh ngajênging pinarakan piyambak-piyambak. (Badhe kasambêtan)

P.K. 585.

--- 144 ---

Tabêri ing Gawe

Candhake Kajawèn nomêr 45.

[Pocung]

Wong yèn bingung nganti kaya bapak pucung | cake ora eca | cêthane kaya si klinci | golèk bêcik malah nêmoni cilaka ||

dhisike mung golèk sambèn trima lowung | barêng wis tumindak | nganti ngrêkasakke ati | ing bêngine awake karasa sayah ||

ing dhèk mau klinci satangine turu | ngalawèr anggagas | mungguh lakuning wong urip | nomêr siji mung prakara golèk pangan ||

dadi luput yèn wong nrima anjalêbut | lan lumuh tumandang | kang sakira dadi kasil | ing lumuhe aran wong anjarag tuna ||

wise tutug panggagase nganti jêdhug | klinci nuli mangkat | tumindak kaya dhèk wingi | adhang-adhang ana sapinggiring dalan ||

nuli wêruh ana kewan aruh-aruh | lah ayo kisanak | bok aku kopitulungi | rêsikana sêpatuku iki coba ||

nuli ngathung anjaluk nuli ditulung | truwèlu akăndha | bisa têmên anglakoni | kowe iku jênêngmu arak kêmăngga ||

milu-milu ing ombyake jaman maju | nganggo sêpatonan | kang ora ragad sathithik | bok ya trima kaya adat sing wis kuna ||

apa sirmu patrap kang mangkono iku | dudu kaborosan | ngatase wong urip ringkih | waragade rak jênêng ora mainan ||

kaya iku sikile kabèh wêwolu | koênggoni padha | nganti nywara pating thriyit | apa cukup waragad sakêna-kêna ||

barêng krungu kêmăngga muni lan nêpsu | kowe iku apa | mung waton kêduga muni | anênacad mênyang laku kêlumrahan ||

nadyan aku nganggoa sêpatu wolu | aku ora nyambat | lan bakal ora nglong-longi | prêlu apa kowe dahwèn waton kăndha ||

amêcucu truwèlu karo angguyu | aku ora nacad | têmêne mung saka giris | anandangi pagawean ora lumrah ||

tak pitutur rungokna lan ati jujur | ing sakawit ana | jago kang sikile trincing | kon anyikat sêpatune aku mada ||

pamadaku ing batin karo angguyu | dene mung amayar | nyikati sêpatu pitik | mung tak garap sadhela ora rêkasa ||

nanging jêbul esuke ana jumêdhul | si gajah sing têka | sikil papat kon ngrêsiki | wêgahku mung saka angèlingi cacah ||

wuwuh-wuwuh ing saiki aku wêruh | sikilmu sing têka | sêpatonan papat sisih | dadi tikêl lan sikil sing aku wêgah ||

[Grafik]

dadi aku ora niyat arêp nêpsu | wis kene prènèkna | klicni nuli anandangi | ngarah-arah ora agawe rêkasa ||

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


têlat. (kembali)
ingkang. (kembali)
kenging. (kembali)
sawêr. (kembali)
kangge. (kembali)
sambêti. (kembali)
Benjing. (kembali)
Miturut. (kembali)