Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09-19, #634

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09-19, #634. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-09-19, #634. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 75, 6 Jumadilawal Taun Je 1862, 19 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [1169] ---

Ôngka 75, 6 Jumadilawal Je 1862, 19 Sèptèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Mêsjid Yama

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaripun mêsjid Yama ing Bombai, Indhia Inggris. Dipun tingali ngajêngan.

--- 1170 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Ewahing Paprentahan

II.

Petruk: Kang Garèng, rungokna saiki, tak banjurne caritaku ing bab pasrah-pasrahan paprentahan ing tanah Indhonesiah kene. Nanging papane saiki tak pindhahe ana ing Wèltêprèdhên, yaiku ing sêtatsiun Gambir. Kira-kira jam 7 ing ngarêp sêtatsiun kono, sing adate kêbak: motor taksi, dhokar, sarta slop jalinggring, pupur lamatan, dhisayang-sayang ...

[Grafik]

Garèng: Sikak, omong têka nganggo mompar-mampir mêngkono. Kenene anggone ngrungokake andêngongong nganti ngêthok cêngêle, konone jêbul sakêpenake dhewe bae.

Petruk: Kang Garèng, bok aja calak-calak bangêt, rasane nganti mak cêngkêlêk, tujune ilatku rada kêncêng, ajaa rak sida katut tak êlêg têmênan. Ing kala samono ing ngarêpe sêtatsiun mau wis disadhiyani musik militèr sing bakal ngunèkake lagu Wilhèlmês manawa tuwan bêsar anyar rawuh. Mangkono uga prajurit jaranan sing bakal anggarubyug tindake tuwan bêsar iya wis sadhiya ana ing kono. Lan aja lali kreta titihan dalêm ingkang wicaksana, uga wis cumawis. Dene ing dalan sing bakal diliwati tuwan bêsar, yaiku saka sêtatsiun tumêkane dalêm guprênur jendral, ditatani baris prajurit dharat turut pinggir kiwa têngên. Mungguh anane wong sing padha mrêlokake nonton, pating drêjêl, pêpêt rapêt prasasat kaya dhawêt kurang santên.

Garèng: Hara, Petruk kiyi, nèk agawe pêpandhingan kuwi le ora mèmpêr sathithik-thithika, sêtun-sêtun rak mêngkene, dadi rada luwês: wau ta, uyêging tiyang ingkang sami nonton, lir pendah kadya ... toko obral.

Petruk: Wiyah, kok banjur seje sing dirêmbug, wis tak banjurne bae caritaku. Ing kala samono para luhur sing kajibah mapag rawuhe tuwan bêsar, wis padha sadhiya ana ing sêtatsiun, kabèh-kabèh uga padha ngagêm kabêsaran. Yaiku para panggêdhening prajurit dharatan lan prajurit lautan, Jendral Cramer lan Jendral Laut Osten. Wadhuh, Kang Garèng, pangagême jendral lo-

--- 1171 ---

[Grafik]

1. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana lami tuwin enggal, bidhal dhatêng gêdhong rad kawula.

[Grafik]

2. Malêbêt ing gêdhong rad kawula. 3. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana enggal mêdhar sabda.

[Grafik]

4. Miyos saking gêdhong rad kawula. 5. Nitih kareta wangsul dhatêng pura.

--- 1172 ---

ro kiyi, le padha pating krilap, pating pêncorong, hla wong êmase iya pating trèmbèl kêbak têmênan. Mulane iya ora kêna dipaido, ta, yèn ing sajêroning atiku tansah angunandika mêngkene: wèh, panganggo kaya mangkono kuwi mendah gadhène, kiraku cukup kanggo tak pangan salawas-lawase.

Garèng: We, pangunandika kaya mêngkono kuwi rak pangunandikane bangsaning mantri dhudhuk. Ora, Truk, kajaba para jendral loro mau, apa isih ana manèh sing kajibah mêthuk kuwi.

Petruk: Iya ana Kang Garèng, yaiku: pangarsane polêksrad, Tuwan Meyer Ranneft, pangarsane pangadilan luhur, Tuwan Mr. Dermout, pangarsane para panggêdhening dhepartêmèn, Tuwan Van den Bussche, lan isih ana manèh para luhur liya-liyane. Wah, Kang Garèng, nalikane aku andêlêng èdi pènining pangagêmaning para luhur mau, aku kok kogêl bangêt nyang kowe, jalaran, saupama kowe bisa mèlu nonton, saka andêlêng pangagêm-pangagêm sing pating pêncorot pating pêncèrèt mau, jalaran saka kablêrêngên, kiraku ambalèbèking matamu bisa angot manèh.

Garèng: E, iya pancèn wong kurang ajar, barêng kogêl nyang sadulur tuwa, duwe pamrih supaya larane lawas bisa angot manèh. E, pancèn iya: wis bêgjane awak mami, hi, hi, hi, tan tulusna, ha, ha, hi, ha ...

Petruk: Hara ta, kok banjur andadak ngasmarandana mêngkono, wis, tak banjurne manèh. Barêng sêpure wis têkan ing sêtatsiun Gambir kono, sarta tuwan bêsar sagarwa putra utawa manèh para pandhèrèke wis padha mêdhak, para sing padha mapag mau banjur padha ngaturi sugêng lan pambagya, sauwise banjur padha lêrêm sadhela ana ing kamaran sêtatsiun kono. Nalika iku uga musik kang sadhiya ana sajabaning sêtatsiun, ngunèkake lagu Wilhèlmês, wadhuh, Kang Garèng, suwarane anggone: ulêm, ngêngrêng, sêmangêr, galik-galik turut usuk ...

Garèng: Wayah, ana suwaraning musik kathik galik-galik turut usuk, nèk kaya ngono kuwi rak suwaraning waranggana upamane.

Petruk: Nèk rumasaku ing kala samono suwaraning musike pancèn iya galik-galik lan sêngklik-sêngklik têmênan. Ora antara suwe tuwan bêsar lan garwa, kadhèrèkake ajudhane miyos saka sêtatsiun banjur nitih kreta pêthukan mau, dene para pandhèrèke kabèh padha nitih motor. Kocapa lakuning kreta, kajaba ngarêp buri ginarubyug ing para prajurit jaranan, ing kiwa têngêne kinapit-apit dening para opsir loro cacahe. Wah, Kang Garèng, sari lan ngêngrênging sêsawangan ing kala samono angelingake aku nyang caritane kyai dhalang, yèn lagi nyaritakake Nata Ngastina kondur ing kêdhaton kake,[1] yaiku mangkene: tindakira sang nata, kadhèrèkakên para cèthi, badhaya, manggung, lir pendah kadya pangantèn diarak. Anggone nyaritakake ing sajabaning kadhaton mangkene: ubaling para wadyabala lir pendah kaya gabah dèn intêri, lan umyanging wong nonton lir pendah kadya ... kodhok ngorèk.

--- 1173 ---

Garèng: Hara, kok banjur carita kaya dhalang kurang sajèn mêngkono. Wis, Truk, tumuli banjurna caritamu, mung bae aja susah nganggo: mampir, mas, mampir, yêm, mundhak andêdawa carita bae.

Petruk: Iya, Kang Garèng. Dhèk mau aku lali nyaritakake, yèn jêngkare tuwan bêsar saka sêtatsiun, mriyêm sing disadhiyakake ing sacêdhake kono, diunèkake uga rambah kaping sêlikur: dhal, dhil, jêblis.

Garèng: Wiyah, nèk kaya ngono kuwi rak suwaraning wong ambêdhil sing nganggo pêdudan kae.

Petruk: Mara, kêpriye-kêpriye kok tungkul kaliru bae. Lakuning kreta mau nuju nyang dalêm guprênur jendral. Satêkane ing ngajêngan dalêm kono, musik sing disadhiyakake diunèkake lagu Wilhèlmês manèh.

Garèng: Wayah, Truk, sajake esuk kuwi ing Batawi kok panèn Wilhèlmês.

Petruk: Hara, kandhane anggonku carita ora kêna mompar-mampir, nanging omongku pijêr kok sêlani bae. Mêdhake tuwan bêsar anyar saka kreta mau ana ing undhak-undhakan dalêm sisih ngarêp, sarta banjur dipêthukake karo tuwan bêsar sing arêp lèrèh saka kalênggahane. Wah, Kang Garèng, angrêse têmune tuwan bêsar loro-loro kiyi kêna diupamakake kayadene têmune nata ing Mandura karo Sri Bathara Krêsna. Anggone le rajin lan ngêngrêng bangêt. Mungguh sing padha cumawis ana ing dalêm guprênur jendral kono para luhur sawatara, yaiku: mudha pangarsa sarta para warganing rad India, lan para utusan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta lan ing Ngayogyakarta. Sauwise padha pitêpangan lan bage-binage, kabèh mau banjur budhal tindak nyang polêksrad.
Kang Garèng, minôngka mungkasi rêmbuge kiyi, kaya prêlu nyaritakake kaanane ing polêksrad sawatara. Sajêge aku dititahake ana ing jaman padhang kiyi, aku durung tau mêruhi tumplêke para luhur Lônda Jawa kaya ing nalika samono. Thik kabèh mau padha mangagêm kabêsaran. Aku ora bisa nyaritakake siji-sijine, cêkake nang pandêlêngan pancèn iya katon sêmruwêng têmênan. Kira-kira jam 8.15 pangarsa polêksrad ambukak parêpatan, kanthi andhawuhake nyuwun lèrèhe tuwan bêsar lawas, sarta jumênênge tuwan bêsar anyar, sauwise banjur matah warga polêksrad papat, kang kajibah mêthukake tuwan bêsar loro-lorone mau. Jam 8.30 thèng, tuwan bêsar loro mau rawuh, sinambut ing suwaraning Wilhèlmês. Sauwise banjur tumindak srah-srahane paprentahan. Mungguh sêsorahe tuwan bêsar karo-karone kaya sing wis kapacak ing kajawèn kang kapungkur. Jam 9 padha bubaran.

Garèng: Wah, Truk, kiraku iya rame bangêt. Ora, Truk, wong jaman saiki kiyi sok dhêmên nganggo têmbung anyar, ing sarèhning kala samono bal-balan akèhe para luhur sing padha kumpul, lan kêrêpe rêrungon musik lagu Wilhèlmês, apa ora kêna migunakake têmbung: obral ...

Petruk: Hus, aja sok kurang ajar. Wis, wis, rêmbuge padha dilèrèni samene bae dhisik.

--- 1174 ---

Panggulawênthah

Wulang punika Limrah sabên Tiyang Mangrêtos, Nanging Prêlu dipun Ambali

Sambêtipun Kajawèn nomêr 74.

1. Lare punika botên prayogi sangêt dipun gêbag, dipun ciwêl, dipun jèwèr, dipun srêngêni ingkang sangêt lan sapanunggilanipun, awit mindhak kulina dhatêng gêgêbag, ciwêl, jèwèr, srêngên, lami-lami lajêng botên ajrih ing tiyang sêpuh, botên têdhas ing wuruk, wusana lare ingkang makatên wau ing têmbe dados tiyang ingkang watak andablêg. Dados tiyang sêpuh botên prayogi anggêbag utawi kêrêp anyrêngêni dhatêng anakipun.

[Grafik]

Lare-lare ingkang sami tampi wulangan badhe lumêbêt dhatêng sêkolahan.

2. Kathah kemawon lare botên purun dipun kèngkèn, sabab pinuju kasêngsêm dolan. Sawênèhipun tiyang sêpuh manawi mrangguli anakipun pugal makatên lajêng angarih-arih sarana têmbung ingkang sae, sarta sagah angepahi arta utawi têtêdhan. Tindakipun tiyang sêpuh makatên punika botên prayogi sangêt, awit anglantih manahipun lare lumampah epahan, satêmah sêpuhipun sungkan kecalan bau suku sakêdhik, manawi botên katingal têrang epahanipun.

3. Lare punika botên prayogi dipun dolani kewan, kados ta: pêksi, jangkrik, kinjêng, kupu, tuwin sapanunggilanipun. Awit kewan wau lajêng kangge dolanan sasênêngipun ngantos sakit satêngah pêjah. Lare ingkang kulina dhatêng lêlampahan makatên punika, benjing sêpuhipun badhe dados tiyang ingkang botên pisan-pisan gadhah ambêg wêlasan.

4. Lare punika prayogi sangêt dipun awisana anggêbag ing sasamining tumitah, kados ta: anggêbag kancanipun dolanan, anggêbag kewan, lan kaawisana amrusa barang, upami: ngêpruk kursi, gêndul, piring lan sapanunggilanipun. Awit manawi kalajêng gadhah watak makatên, benjing sêpuhipun mêsthi ambêg aniaya.

--- 1175 ---

5. Lare ingkang matuh dhatêng lêlampahan kados ing bab 3+4 kados ing nginggil wau, benjing dadosipun tiyang sêpuh botên pisan-pisan gadhah watak wêlasan, ingkang kaangge namung budi angkara drêngki utawi ambêg siya, kados ta: purun misakit kewan, amitênah tiyang supados sakit utawi kasusahan, purun natoni tiyang, purun ngobong griya, trêkadhang mêjahi pisan, cêkakipun botên wêgah anglampahi pandamêl siya.

6. Lare punika sampun sok dipun mirêngi têtêmbungan kasar utawi saru, kados ta: pêpisuh, sasaminipun. Dados manawi tiyang sêpuh badhe wicantên mawi kapêksa ngêdalakên têtêmbungan kasar utawi saru wau, utawi mêmisuh sasaminipun, kados ta srêngên dhatêng tiyang, utawi pinuju gêgujêngan, kajagia sampun ngantos kapirêng ing lare, awit manawi ngantos kapirêng, prasasat mulang dhatêng lare wau. Rèhning kêpirêng têmbung kados ingkang kasêbut ing nginggil, punika lajêng sok dipun angge sêkar lambe, têgêsipun: sabên cêcariyosan inggih kajarag dipun êmori têmbung kasar wau, misuh sapanunggilanipun lajêng katêmbungakên, saebah krêntêgipun kanthi ngêdalakên têmbung saru. Dumugining sêpuh ingkang makatên punika inggih botên ical, wêkasan lajêng dipun gêthingi ing tiyang.

Lare alit punika sampun sok dipun ajrih-ajrihi ing jampi, kados ta: mêngko yèn kowe andhugal dak jamoni. Utawi yèn wontên lare nangis lajêng dipun ajrih-ajrihi makatên: iya mêngko yèn ora mênêng dak jamoni, utawi yèn wontên lare nêdha lajêng dipun apusi makatên: aja ênggèr, iku jamu. Makatên sasaminipun. Ingkang makatên punika lare wau sok lajêng anggadhahi manah bilih jampi punika sagêd anyakiti, utawi aniwasi, satêmah manahipun matuh ajrih ing jampi, wusana manawi lare wau pinuju sakit, angèl jampèn-jampènanipun. Trêkadhang malah botên purun babarpisan, labêt saking ajrihipun dhatêng jampi. Lare ingkang makatên wau dadosipun tiyang sêpuh inggih lajêng sugih cacad utawi sugih sêsakit. Makatên ugi tiyang ingkang ajrih dhatêng jampi dhoktêr utawi ajrih dhoktêr, punika sababipun botên sanès inggih nalika alitipun kulina dipun ajrih-ajrihi ing dhoktêr, utawi jêjampining dhoktêr. Pramila supados lare wau kêndêl dhatêng jampi sarta dhatêng pamulasaraning dhoktêr, kajawi botên kenging kaajrih-ajrihan, kêdah linantih kalayan alus murih purunipun ngombe jampi, sampun dipun siksa kados ta: dipun cangar sapiturutipun, awit patrap makatên punika nyakitakên dhatêng badanipun lare. Mênggah prayoginipun tiyang sêpuh angrumiyini nêdha, utawi ngombe jampi wau minôngka tuladha, sasampunipun lajêng wicantêna yèn raosipun eca, utawi anyolahakên badanipun ingkang amratandhani yèn bingah, sênêng, sêgêr jalaran mêntas ngombe jampi wau. Lare ningali patrap wau mêsthi lajêng kapengin, satêmah lajêng purun nêdha utawi ngombe jampi wau kalihan gampil. Ing têmbe dadosipun tiyang sêpuh, lare wau kêndêl jampi, satêmah badanipun sagêd sêgêr kasarasan.

Dukat, alias Sukardi, Banyumas.

--- 1176 ---

Raos Jawi

Panglocitaning Pêksi Umbaran

[Sinom]

rêsmi rarasing bawana / mindha kang sinom sumêmi / mung sarwa mawèh pirêna / janma tan wênang maoni / parandene pinanggih / tuwuhing cipta tan sarju / jatinira kang nyata / cipta kang datan marêmi / mung kadarbe ing manah angôngsa-ôngsa //

tan kadi kang wus narima / kang asipat pêksi-pêksi / kang samya sêsabèng tawang / nalikanira kuliling / ngambah rêsiking langit / uning asrining pandulu / datan antuk rubeda / sadaya rinaras bêcik / cocog lawan rarasing rasa mardika //

duk rayyan[2] mencok anèng pang / sinambi ngocèh ngêcuwis / ngraras lêlagon sakeca / kang kadi angucap ririh / dhuh asrining kang sari / kang pêpanthan amalêtuk / kongasing gandanira / karasa sêdhêp nêrusi / kang sanyata anrus rêsmining kang warna //

tan pilih papan kuciwa / sanadyan nèng parang curi / ing kala pambabarira / gônda myang adining warni / sarwa angrêspatèni / tan ana kuciwanipun / kaanan kang mangkana / maringsun têmah ngênani / tuhu lamun kawasanirèng wisesa //

ingsun rumasa kacaryan / marang rêsmining wanadri / kèbêkan sagung sawangan / sun ambah tan nguwatiri / kobèting papan yêkti / nênungtum kuwating bayu / ing saparan kawasa / jêmbaring jagad sun goni / kene kana mung karya lêga sakeca //

myang kawasèng diwangkara / kang môngka dewaning ari / mêmulas adining warna / tan pae ngêmbani rukmi / dayane angênani / mring angganingsun tumêmpuh / sirna atising angga / mung nabêt angêt nêrusi / tumanêming krêkat angangkati karya //

sulak padhanging raditya / kang wèh tôndha tanpa srênti / wiwit kala purwanira / duk lagya ngujwala tipis / tabêtira katawis / kadi nyakêti sumusul / mêmèngêt mring pra nendra / lamun ujwalaning rawi / wus sumirat ngajak amurwèng raina //

ing kala ingsun umiyat / pasêmoning bagaspati / duk sumirat têmbing wetan / sun tômpa sukaning ati / ingsun anambramani / kang tuwuh sing manah tulus / swaraningsun duk enjang / jatinira angrêrêpi / adinira sirat kang lagya umimba //

sun muji kawasanira / ajêg datan pilih asih / wusing baskara makantar / kawasa anundhung mami / mrih umèngêt rijêki / kamurahaning Hyang Agung / kang gumlar ing pasaban / nèng sabin tanapi têgil / myang ing wana aglar datan kêkurangan //

pituduhing diwangkara / sarwa prasaja sadêmi / tan pisan ambeda-beda / sadaya kang dèn padhangi / rasa dèn kawasani / têmahan wèh sêling-surup / awit dupi sun nêba / anèng wêwêngkoning janmi / sinarêngtu[3] kang darbe tan suka rila //

ingsun ginusah awadhag / binandhêm tega nglarani / sakala ingsun kêbuka / rumasa luput kapati / kadi tan darbe isin / mung waton kaduga nêmpuh / mring darbèking manusa / kang dahat dèn pêtri-pêtri / kang dèn anggêp tan pae kadi kancana //

luput ingsun saya krasa / aran tindak anggêgampil / dene nora abêbakal / tan dêdana panas pêrih / banjur suka ngrusuhi / têmah ingsun oncat mabur / ngambah saparan-paran / tan kurang kang makolèhi / samadyaning wana samubarang ana //

wuse ingsun katog saba / sinrang pa-

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1177 ---

nasing hyang rawi / sun oncat ngayom angraras / adine kang alas iki / ingsun ngiras salisik / pamayu-ayuning wulu / kang garing kapanasan / kanthi aris angêntèni / gumiwanging surya kang tuhu kawasa //

môngka samôngsa wus oncat / sun wênang sêsaba malih / kongsi diwasèng raditya / duk arsa umanjing bumi / kadi nyêluk mrih mulih / mangkono ingkang tinêmu / lêlakon sabên dina / kang têtêp tan owah gingsir / ing salami mung sumendhe kang kawasa //

ambalèni sun angraras / maring adining wanadri / nadyan godhongane pisan / mung tuwuh sarwa ngrêsêpi / salami mung ngayomi / wèh kapenaking awakku / lan uga aran ngrêksa / mring tuwuh ing tindak sisip / kang samôngsa tuwuh dadya sambekala //

[Grafik]

yèku mungsuh satruningwang / sato kang mangarah pati / nanging dupi sun araryan / nèng soring taru kang wilis / rapêtira nyamari / mêmagêri karahayun / tanapi êpang-êpang / kang sanyata mikuwati / dhangan rila sun pencoki tan sawala //

dhuh adining jagad raya / sadaya mung angênani / kadi ta kang wêwayangan / kang anut lakuning uwit / tan sulaya salami / têmah ngayêmi tumuwuh / sanggyaning thêthukulan / lir dèn mongi ing salami / datan pae rarasing kang yayah rena //

sambada lan kang dèn eman / tuwuhira ngrêspatèni / sanadyan kang rêrungkutan / sêdyanira mung mrih bêcik / sanadyan uwit êri / lamun kalamangsanipun / ambabar sêkarira / araras umalês kang sih / mrih sinawang kang ngrasa milu ngrêrêngga //

dene sabawaning wana / kang tuhu anggêgêtêri / kumarasak tanpa mêndha / pokahing pang ngêgèt-gèti / nyata lir nyasmitani / kawasaning wana agung / datan wêgah dèn ambah / nadyan sato mêmêdèni / mung rinasa kadi pawongmitranira //

mangkya sun ngrasa karênan / katamaning maruta ris / kang anut lakuning môngsa / andayani mawèh bêcik / têmah mangkya nungtumi / mring tuwuhing rasaningsun / sanggyaning sukaningwang / anênuntun maring eling / èngêt maring kawasanira Hyang Suksma //

dènnya anggêlar kaanan / sangkêp datan nguciwani / dene kaliruning tômpa / pangira kang mawèh sisip / mung saka tan dumugi / mring kaelokaning laku / upama andungkapa / maring kawasaning Widhi / sakabèh mung tinêmu sarwa prayoga //

sumarma ingsun samangkya / mung srah bodhoning pamikir / datan kudu ngeka-eka / kumawani anggagahi / ngênut lêpasing budi /

--- 1178 ---

kang adhakan mawèh luput / awit lêpasing cipta / tuhunira mung minihi / parikudu wênanga darbe kuwasa //

dene panarimaningwang / kang tuwuh ciptaning ati / mung ngucap sukur tan pêgat / pinaringan murah luwih / winênang amêruhi / miwah angrungu sadarum / kang tinêmu sanyata / sakabèh ingsun saksèni / tan minihi owahing kaananira //

Jagading Wanita

Olah-olahan Prasaja

Ulam loh

Ulam loh punika ingkang nama pêpilihan, inggih ingkang sakêdhik êrinipun. Dene pangolahipun namung sumôngga karsa, pêpaking bumbu namung badhe andadosakên miraos. Dipun gorèng namung dipun pêcaki sarêm asêm, mathuk. Dipun olah mawi santên-santênan, miraos. Dipun bumboni kecap-kecapan, eca. Nanging ugi wontên kalamangsanipun ulam loh koncatan bumbu, têgêsipun wontên ulam, botên wontên bumbunipun. Punapa dipun bucal, eman-eman.

Ulam loh punika sayêktosipun ugi sagêd mathuk namung dipun abêni sambêl, ulamipun sarana dipun bakar. Tuwin sarèhning ing nginggil sampun kacariyosakên koncatan bumbu, bumbunipun cêkap: lombok jêmprit dipun ulêg kalihan sarêm, dipun duduhi toyaning jêram pêcêl. Sampun inggih namung makatên punika, kenging kangge abên ulam wau, ulamipun namung dipun tutul-tutulakên ing duduh, ing ngriku cêtha raosipun.

Punika kenging kacobi, nanging mathukipun manawi nuju kêpranggul wontên ing papan kêpêncil, upaminipun nuju wontên ing purug. Abên kados makatên punika manawi kalêrêsan sagêd dipun tandhingakên kalihan sêkul sacêthing.

Balur kutuk.

Balur kutuk punika nyatanipun lawuh asor, manawi dipun ajêngakên wontên ing meja dhahar, adhakan dhawah ing pinggir. Mila murih sagêd ragi manêngah, kaolaha makatên: kabakara rumiyin, lajêng dipun dhêplok ngantos lêmbat, êrinipun dipun bucali. Lajêng ngracika bumbu: brambang, bawang, laos, gêndhis sakêdhik, lombok jêmprit, botên mawi sarêm, awit pun balur sampun pangawak sarêm. Bumbu wau kaulêg, manawi sampun lêmbat dipun sok ing wajan mawi lisah sakêdhik, wusana dipun cêmplungi balur ingkang sampun dipun dhêplok lêmbat, manawi sampun kêmripik lajêng kaêntas.

Lawuh ingkang kados makatên punika sanadyan sapele, asring damêl kacelikipun ingkang dhahar, dening dipun wastani abon, piduwunging raos nêdha balur, manawi sampun kêlajêng kalêbêt sarêngan sêkul kathah.

--- 1179 ---

Pohung.

Pohung punika têrang sangêt bangsaning pala kêpêndhêm ingkang botên pantês dipun raosi dening priyantun martegan, têgêsipun priyantun ingkang sugêng sakeca. Nanging inggih punapa awonipun saupami dipun olah kados ing ngandhap punika:

Pohung ingkang sampun godhogan, dipun iris-irisa cêkapan agêng alitipun, lajêng dipun pêcaki sarêm gêndhis bawang, kagorèng ing lisah klêntik, ngantos garing.

Manawi kalêrêsan, pohung ingkang dipun makatênakên punika, ragi nyakecakakên ilat.

Kulit malinjo.

Kulit malinjo punika tumrap ingkang botên mangrêtos namung kangge wêwahing pawuhan, saking botên kanggenipun. Nanging cobi:

Milihana kulit malinjo ingkang abrit-abrit, kagodhoga ing toya nyêmêk-nyêmêk, dipun bumboni sarêm, salam, kacolok gêndhis. Sasampunipun tanak, kagorènga ing lisah kalêntik. Raosing kulit malinjo ingkang kados makatên punika, adhakan nuwuhakên pitakenan: punika punapa gangsir.

Cabuk.

Cabuk punika ampasing wijèn ingkang dipun damêl lisah, warninipun cêmêng. Saking cêmêngipun wau ngantos asring dipun sambut kangge marabi namaning lare èstri pun cabuk, tamtunipun lare nama cabuk punika inggih botên jêne pakulitanipun. Dados sanadyan têtêdhan, cabuk punika pantêsipun inggih namung kapering. Pangolahipun:

Maruda klapa anèm, lajêng dipun ulêd kalihan cabuk, bumbunipun sarêm, gêndhis jawi ingkang kêladuk, lombok jêmprit dipun ulêg, dipun mori godhong jêram purut karajang lêmbat, kêmangi. Sadaya dipun ulêd, lajêng dipun lintingi ing godhong pisang, dipun garang. Manawi kadadosakên adèn, dipun mori sungsum.

Sarèhning dhêdhaharan ingkang sami kapratelakakên ing nginggil punika sarwa sapele, prayogi kaanggêpa jampi kemawon, kenging kacobi, botên prêlu kawigatosakên.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar kawontênanipun sêrat-sêrat ingkang dipun tôndha tangani dening têtiyang 2000,000, ingkang sampun sami anayogyani karukunan donya.

--- 1180 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab kathahing têtiyang Jawi sami gêlèkstèl.

Kala ing jaman rumiyin manawi tiyang Jawi lajêng gêlèkstèl - têmbung punika asli saking basa Walandi "gelijkgesteld", mênggah têgêsipun wèntèh: kasamèkakên, nanging dening bangsa Jawi têmbung gêlèkstèl wau lajêng dipun têgêsi: lumêbu dadi Walanda - punika sanak sadhèrèkipun asring sok botên rila babar-pisan. Malah botên langka kemawon ingkang sagotrahipun lajêng botên purun ngakên malih dhatêng tiyang ingkang gêlèkstèl wau. Ing wusana pamanggihipun sawênèhing bangsa Jawi, bilih tiyang ingkang makatên punika prasasat kados "gagak awulu mêrak", badhe kêmpal kalihan bangsaning gagak, botên kraos lan botên marêm, jalaran angrumaosi ing samudayanipun sampun wontên ing sanginggilipun. Nanging manawi badhe kêmpal kalihan bangsanipun mêrak, inggih botên sagêd lêga manahipun, jalaran, sanadyan panganggenipun sampun sarupi mêrak tus, wanda, wujud punapadene pakarêmanipun taksih gagak lugu. Dados gêsangipun dipun anggêp lajêng nama: kapiran-kapirun.

Lo, ingkang kula aturakên punika ing jaman rumiyin. Bilih ing kala samantên têtiyang sami anggadhahi panganggêp ingkang makatên, punika pancènipun botên kenging dipun paibên, jalaran ing kala punika caranipun gêlèkstèl sajak kêdah kompleet sayêktos, têgêsipun botên ngêmungakên ngrasuk busana cara Walandi kemawon sanadyan sadayanipun kêdah ngemba Walandi grès, dalasan namanipun Jawi kemawon sajak ugi kêdah dipun bucal saha lajêng kêdah dipun gantos nami Walandi. Upaminipun kemawon: tiyang nama Ndara Harjadibrata, ingkang atêgês: saening lampah, punika kadhangkala sok lajêng dipun cara Walandèkakên, inggih punika upaminipun: leven goed. Sarêng dados Walandi naminipun wau inggih lajêng dipun gantos: Meneer Levegoed. Tiyang ingkang suwau nama Petruk, sarêng dados Walandi dipun gantos Petrus. Nama Nalagarèng dipun santuni: Nulgaren. Malah wontên ingkang panyantunipun nama anggêripun suwaraning nama wau sampun sajak amlandèni, inggih sampun cêkap. Kados ta: nama Krama dados Kromme, Wagiman, "i" nipun dipun icali, dados Wagman lan sasaminipun.

Ing sarèhning bangsa Jawi ingkang gêlèkstèl wau, nama tandang-tanduk tuwin gêsangipun sampun ngemba Walandi tulèn, sakathahing bangsanipun lajêng sami anggadhahi panganggêp, bilih tiyang wau sampun ngêmohi dhatêng bangsanipun. Amila ingkang kathah-kathah inggih lajêng dipun sêngit. Langkung malih manawi ing gêlèkstèl wau anggadhahi watak "bunglon," têgêsipun manawi pinuju kêmpal kalihan bangsa Walandi, sok cêmêri-cêri dhatêng bangsanipun piyambak ingkang dipun tilar wau, sabên-sabên kawêdhar ungêlipun: "Dat is Inlaandher sèg', Nanging manawi kalêrês purun kêmpal kalihan tilas bangsanipun, lajêng kawêdal têmbungipun: "Aku kiyi rak ya wong Jawa. Anggone aku mêngkene kiye satêmêne rak mung kanggo sêtiyar bae. Ning bakune bangsa Walanda kuwi rak ... "

Mangga tiyang makatên punika punapa botên nama namung badhe ngupados pêndhok kemawon aliyas mencla-mencle.

Mênggah pamanggihipun tiyang bilih sintêna kemawon ingkang gêlèkstèl lajêng dados Walandi, punika sajatosipun kalintu. Dene ingkang nama sampun dados Walandi punika tiyang ingkang sampun "genaturaliseerd", têgêsipun kasagêdan tuwin tata-caranipun inggih kêdah sampun nyamèni Walandi, sanadyan wujudipun dèrèng, nanging samudayanipun rak sampun mlandèni.

Dene ingkang dipun wastani gêlèkstèl wau, ingkang dipun samèkakên kalihan Walandi rak namung wêwênangipun, nanging bakunipun inggih taksih Jawi; dados inggih botên prêlu kêdah gantos nama kados Walandi, botên prêlu tata-caranipun ngêplêki Walandi, lan inggih botên kumêdah-kêdah anêdha ... ham upaminipun.

Mênggah wontênipun tiyang Jawi lajêng sok gêlèkstèl, têgêsipun ngudi supados wêwênangipun dipun samèkakên kalihan Walandi, punika kados-kados wontên lêrêsipun. Jalaran wêwênangipun bangsa Walandi punika kathah ingkang amujudakên panjagi tumrap kawilujênganing gêsangipun, ingkang kapacak wontên ing anggêr-anggêr. Kados ta: tumrap katêntrêmaning tiyang gêgriya, punika mênggahing bangsa Walandi ing reglement op de strafvordering (pranatan bab anuntut prakawis) wontên bab-bab ingkang amêmacuhi dhatêng para ambtenar ingkang kajibah pados katêrangan, botên kenging anglanggar wêwênangipun tiyang utawi angganggu-damêl dhatêng katêntrêmaning tiyang gêgriya.

Manawi nitik wontênipun artikêl kasbut nginggil, ingriku cêtha, bilih griyaning bangsa Walandi punika botên kenging dipun sawiyah. Sanadyan griyaning Walandi gombal pisan, ingkang sok kêrêp kemawon anggadhahi tindak main burêng, ewasamantên pulisi, sanadyan anggadhahi pandakwa dhatêng Walandi gombal ingkang sampun kasumêrêpan tindakipun botên sae wau, botên badhe lajêng grusah-grusuh main anggledhah kemawon. Ananging anggènipun ngupados katêrangan inggih sarana margi ingkang alus sarta ngatos-atos sangêt.

Mênggahing tumrap bangsa Jawi, punapa botên wontên pranataning anggêr-anggêr, ingkang sêdyanipun angayomi dhatêng katêntrêmaning tiyang gêgriya wau? Inggih sampun têmtu wontên. Inggih punika ingkang kasêbut ing anggêr kukum (Strafwetboek)

--- 1181 ---

bab 167. Punika wontên ingkang kintên-kintên mungêl makatên:

Sing sapa wani lumêbu utawa dumunung ana ing omah, ing kamaran utawa ing pakarangan duwèke wong liya kang digêdhègi utawa dipagêri tanpa nganggo palilahe kang duwe, iku manawa wis ditag marang kang duwe ora banjur gêlêm lunga, wong mau ginantungan paukuman kunjara lawas-lawase sangang sasi utawa dhêndha kèh-kèhe têlung atus rupiyah.

Dados mirit suraosing anggêr-anggêr punika, tumrap têtiyang bumi ingkang botên lêpat, ingkang botên nandhang dosa, punapa dene ingkang botên kasangkut ing prakawis punapa-punapa, botên prêlu ajrih utawi kuwatos, bilih anggènipun gêgriya wau botên dipun ayomi dening ingkang wajib. Amila sintên kemawon ingkang wanuh-wani lumêbêt dhatêng pakawisan, langkung malih dhatêng salêbêting griya tanpa mawi idinipun ingkang gadhah, kêdah ingkang ngatos-atos. Jalaran tan trimahipun ingkang gadhah wau, sagêd anjalari angsaling paukuman kados ingkang kasbut inginggil.

Nanging angèling nagari badhe nata tata-têntrêming praja, murih gampilipun tumrap ingkang wajib, satêmah ing anggêr-anggêr kukum ingriku lajêng mawi dipun wêwahi ungêl-ungêlan: manawi prêlu ingkang wajib kenging lumêbêt ing pakawisan saha ing salêbêting griya tanpa idinipun ingkang gadhah.

Mênggah ingkang kinajêngakên ingriki, ingkang wajib punika tiyang ingkang kasampiran panguwasa dening pamarentah, kados ta: lurah dhusun, mantri pulisi, assistent-wêdana, minggah-minggah dumugi ingkang bupati tuwin resident.

Wontênipun wêwahan anggêr kukum kados ingkang kapratelakakên inginggil wau, kajawi murih anggampilakên lampah pangrêksa ingatasipun katêntrêman umum, pamarentah sampun pitados, bilih para priyayi wau têmtu sampun sami jêmbar wawasanipun utawi cêkap panindakipun, têgêsipun saupami badhe anindakakên anggledhah griya, ingkang wajib wau têmtunipun inggih botên grusa-grusu sapurun-purunipun piyambak, nanging têmtu sampun dipun wawas lan dipun manah ingkang langkung panjang.

Ingajêng sampun kula aturakên, bilih ingkang wajib manawi prêlu kenging lumêbêt ing pakawisan utawi ing salêbêting griya tanpa palilahipun ingkang gadhah, punika kangge anggampilakên, awit manawi lajêng dipun cara kadosdene bangsa Walandi têmtu badhe rêkaos sangêt tumindakipun. Jalaran kawuningana, sanadyan bangsa Walandi pisan, manawi dipun galih dening ingkang wajib prêlu kêdah dipun gledhah upaminipun, ugi kenging. Amung kemawon panggledhahipun wau, kêdah dipun tindakakên dening officier van Justitie utawi hulp-officier van Justitie, inggih punika Assistent-Resident. Sabotên-botênipun inggih kêdah dening ambtenaar Walandi kanthi ngêmban dhawuhipun officier utawi hulp-officier van Justitie wau. Tumrapipun têtiyang pribumi, ingkang makatên punika kados badhe angèl sangêt tumindakipun. Tumrap têtiyang pribumi ingkang dêdunung wontên ing salêbêtipun kitha, kados botên sapintên rêkaosipun, nanging mênggahing têtiyang ingkang manggèn ing dhusun ingkang têbih saking kitha, kados botên badhe gampil sagêdipun tumindak kanthi sae.

Nitik wontênipun ingkang sampun kaandharakên inginggil, anggènipun nagari ngawontênakên ewah-ewahan ing anggêr kukum murih ingkang wajib manawi prêlu kakengingakên lumêbêt wontên ing pakawisan utawi ing salêbêtipun griya tanpa mawi palilahipun ingkang gadhah, punika namung badhe anggampilakên lampahing kapolisèn, lan bokmanawi ugi murih sakêdhiking wragad. Dados krêsaning pamarentah ingkang makatên wau, inggih botên kenging dipun wastani botên sae, sanadyan ugi botên kenging dipun wastani sampun sampurna. Amung kemawon emanipun, dene ing donya punika têtiyangipun botên sadaya sami pintêr, lan botên sadaya sami sae manahipun. Makatên ugi para ingkang sami kasampiran pangawasa. Ingkang punika sok lajêng wontên kemawon ingkang migunakakên wêwênangipun wau lajêng kangge pitênahan. Kados ta: saupami anggadhahi pandakwa awon sakêdhik dhatêng tiyang, inggih tanpa taha-taha malih lajêng main anggledhah griyanipun kemawon. Malah kadhangkala sok sagêd kalampahan, saking judhêgipun anggèning ngupados katêrangan tansah botên angsal damêl, lajêng nindakakên pitênahan, upaminipun makatên:

Ethok-ethokipun anggledhah dhatêng salah satunggiling griyanipun tiyang, nanging sajatosipun simpên butamal wontên ing griya wau. Salajêngipun butamal punika dipun panggih piyambak saha lajêng kangge satunggiling bukti mênggahing kalêpatanipun tiyang ingkang dipun gledhah wau.

Kajawi saking punika taksih kathah conto-conto pitênahan, ingkang sagêd dipun pigunakakên jalaran wontênipun wêwênanging para ingkang gadhah pangawasa kados kasbut inginggil.

Tumraping bangsa Walandi tindak ingkang makatên punika mokal sagêdipun kalampahan, jalaranipun botên sanès inggih saking ungêling anggêr-anggêr ingkang kasbut wontên ing art. 5, 24, 31, 91 saking Strafvordering wau.

Lo, punika sawêg salah satunggal wêwênangipun bangsa Walandi ingkang awujud panjagi tumrap kawilujêngan tuwin katêntrêmanipun tiyang gêgriya. Kajawi punika taksih kathah malih. Amila rak inggih botên anèh ta, bilih sok lajêng wontên bangsa kula ingkang nekat lajêng gêlèkstèl. Mênggah wêwênangipun bangsa Walandi sanès-sanèsipun; botên prêlu kacariyosakên ingriki, jalaran botên sande manawi wontên punapa-punapanipun, ingkang pikantuk plerokan bênggala botên sanès inggih namung pun PÊNTHUL.

--- 1182 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Bab tumindaking tiyang anggantosakên.

Nalika parentah nindakakên papriksan bab cara-caraning tiyang siti ing tanah Jawi tuwin Madura ingkang anggantosakên, pinanggih bilih ing Malang sisih kidul, wontênipun tiyang ingkang mangrêtos caraning nicil sambutan dhatêng pagadhean namung sakêdhik.

Ing bab punika murih kasumêrêpan ing ngakathah, dados tiyang botên badhe kecalan barang, sagêd tumindak nicil dhatêng pagadhean, lan malih supados bab punika kawigatosakên pangagêng tiyang siti, ing sapunika dhirèktur babagan arta praja anggalih prêlu mrasabênakên dhatêng para gupêrnur Jawi Kilèn, Têngah tuwin Wetan, punapa malih gupêrnur Ngayogya tuwin Surakarta, supados ing sabên pakêmpalan ondêr dhistrik utawi dhistrik adamêl sêsorah saprêlunipun. Bilih tatanan wau sampun kasumêrêpan ing ngakathah, tamtu badhe botên kathah barang ingkang kalajêng bur, awit ambayar sarana nicil, punika atêgês ngenggalakên panggadhe, ingkang anggantosakên angsal sêrat enggal, isi kêkantunaning arta sambutan, sintên kemawon sagêd nindakakên makatên, waton dèrèng kalangkung ing watês. Tumindaking panicil wau sagêd saking sakêdhik-sakêdhik, ngantos gampil dipun sahi, nanging pambayaring cicilan botên kenging kirang saking f 0.10.

Rêgining lisah pèt mandhap.

Miturut pawartos, ing sapunika rêgining lisah pèt kaandhapakên f 0.25 sabên saêblèg.

Kuli kawangsulakên.

Kapal Spilbergen ingkang mêntas dumugi ing Surabaya ambêkta wangsul kuli tiyang jalêr 137, èstri 24 tuwin lare 9. Sadaya wau asli mêntas nyambut damêl wontên ing papan pêlikan arêng sela ing pulo laut, ingkang sapunika sampun katutup. Dumuginipun ing Surabaya, têtiyang wau sami dipun papanakên wontên ing pos ing Tanjungperak. Insêpèktur padamêlan mariksa kawontênanipun têtiyang wau saha maringi sangu kangge mantuk dhatêng dhusunipun piyambak-piyambak. Têtiyang wau asli saking Malang, Dhampit, Kêdhiri, Blitar, Madiun tuwin Panaraga.

Pêpajênganipun sarêm ing Jawi Têngah.

Miturut pawartos, pêpajênganipun sarêm ing Jawi Têngah ing salêbêtipun wulan Agustus kapêngkêr, tumrap sarêm buntêlan wontên f 341.128.-, tumrap rêmukan f 1.071.-. Pêpajêngan sarêm buntêlan tuwin rêmukan ing wulan Januari dumugi Agustus 1931 wontên f 2.766,407. Dene taun kapêngkêr kados pêpetangan wau f 2.829.266.

Rawuh dhatêng panggenanipun tiyang Baduwi.

Tuwan dhirèktur pangrèh praja tuwin gupêrnur Jawi Kilèn, kalampahan sampun rawuh dhatêng panggenanipun tiyang Baduwi ing Cibeo, Lêbak. Kathah priyantun pangrèh praja bôngsa Walandi tuwin Jawi ing Bantên, punapadene golongan pakaryan wana ingkang gêgayutan, tumut andhèrèkakên. Mênggah wigatosipun anggèning rawuh wau namung prêlu badhe ngawuningani kawontênanipun bôngsa Baduwi, ingkang kawontênanipun taksih sarwa prasaja, tuwin nguningani pakampungan ingkang misah kalihan pakampungan sanès-sanèsipun.

Angsal sêsêbutan Zijne Hoogheid

Kawartosakên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ing Surakarta, tuwin Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, ing Ngayogyakarta, sami angsal sêsêbutan Zijne Hoogheid.

Kantor pangêcapan kabêsmèn.

Kawartosakên, kantor pangêcapan Goen Tay ing Garut kabêsmèn, latunipun mrèmèn dhatêng sanès panggenan. Kapitunanipun ingkang sami kabêsmèn f 13.000.-, tumrap kantor pangêcapan punika kapitunanipun f 10.000.-, botên dipun tanggêlakên.

Lotre agêng sampun têlas.

Wontên pawartos, lotre agêng ingkang sawêg kemawon kasade, ing sapunika ingkang kasade ing Eskomto Batawi tuwin Wèltêprèdhên sampun têlas. Makatên ugi ing Bandhung inggih sampun têlas. Kintên-kintên tumuntên kagêbag.

Odhènsi.

Benjing dintên Rêbo tanggal 7 Oktobêr jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngawontênakên odhènsi wontên ing pura Konêngsêplèin. Sintên ingkang badhe sowan, kêdah ngaturi sêrat dhatêng ajudan dalêm ing sadèrèngipun tanggal 3 Oktobêr, kanthi mratelakna nama ingkang têrang tuwin sanès-sanèsipun, punapadene ingkang dados wigatosing sowan wau.

Kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Saking kaparênging parentah, kawrat ing kêkancingan, nyingkirakên lid Partai Republiek Indonesia dhatêng Dhigul, 1. Suteja, wakil haltêsèp N.I.S. ing Karangjati, Cêpu. 2. Danuwirya, alias Birham, kondhèktur N.I.S. ing Surakarta. 3 Ngadiman, alias Rêsawiyana, montir, Purwarêja. 4. Sunarya, alias Sunar, ing Surabaya. 5. Marjana, guru ing Marabahan, Borneo. 6. Munandar, klèrêk kantor kadhastêr ing Banjarmasin. 7. Sarosan,

--- 1183 ---

juru gambar ing Ngayogya. Sadaya taksih manggèn ing pakunjaran Gang Têngah, Batawi.

Dhoktêr palsu.

Ing Surabaya wontên bôngsa Eropah ngakên dados dhoktêr, ingkang sampun dipun anggêp kônca dening dhoktêr sanès, tuwin sampun angsal lêngganan, nanging dangu-dangu kasumêrêpan manawi sanès dhoktêr. Lajêng kacêpêng ing pulisi.

Wontênipun barang-barang dagangan ingkang malêbêt.

Miturut cathêtan, wontênipun barang-barang dagangan partikêlir ingkang malêbêt dhatêng tanah Jawi tuwin Madura, ing wulan Agustus 1931 wontên 95.395 ton, rêgi f 27.368.000.-, ing wulan Agustus 1930 wontên 107.526 ton, rêgi f 40.170.000.-. Januari dumugi Agustus 1931 wontên 977.270 ton, rêgi f 255.592.000.-, Januari dumugi Agustus 1930 wontên 1.205.305 ton, rêgi f 375.373.000.-.

Pasitèn muncul enggal.

Kantor opsêrpatorium ing Batawi tampi palapuran, bilih sacêlakipun pulo saêlèripun tanah Papuah, sagantênipun pinanggih cèthèk pintên-pintên panggenan. Pasitèn wau awujud sela agêng asli saking jêblosan rêdi, nanging botên kasumêrêpan asli saking pundi. Saupami saking Jêpan, botên mèmpêr, awit toyanipun botên mili mriku, bab punika kakintên asli jêblosan saking dhasaring sagantên. Katrangan ingkang langkung cêtha dèrèng wontên.

Museum ing Malang.

Kawartosakên, kintên-kintên benjing wulan ngajêng, museum barang kina ing Malang badhe kabikak. Barang-barang kina ingkang dipun pitongtonakên ing ngriku botên ngêmungakên barang-barang ingkang asli panggihan ing Malang, nanging ugi kaklêmpakaning barang-barang asli anggènipun tumbas Malangsche Museum Vereeniging, sami barang Indhu Jawi. Lan ugi Tuwan A. Hille Ris pangarsa Malangsche Museum Vereeniging badhe nyambuti barang-barangipun, makatên ugi Tuwan L. Prillwitz ingkang sampun anglêmpakakên barang ing salêbêtipun 30 taun, ugi badhe nyambuti. Benjing bikakipun ugi badhe mitongtonakên paklêmpakaning dhuwung.

Ing bab komunis.

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn, bab sêratan sêsorah Komunis ing tembok-tembok. Ing sapunika pulisi sampun sagêd nyêpêng bôngsa Tionghwa nama Tan Set Kit, ngakêni rumiyin sampun nate sêsorah bab Komunis wontên ing Tiongkok. Sanadyan ungêlipun wau dèrèng kenging kapitados, nanging têrus katahan, saha kapriksa langkung titi.

Tilpun saking Batawi dhatêng Medhan.

Kala dintên Sênèn kapêngkêr wanci jam 6 sontên, kantor agêng tilpun ing Batawi nindakakên cobèn-cobèn tilpun dhatêng Medhan, tumindakipun sae. Rêmbagan sapisan dipun wiwiti dening pangagêng pakaryan pos Tuwan van Leeuwen rêmbagan kalihan Ir. Einthoven ing Medhan. Salajêngipun, Gupêrnur Sumatra pasisir wetan kalihan dhirèktur pangrèh praja. Gupêrnur Acèh kalihan gupêrnur Jawi Kilèn. Jendral Cramer kalihan Kronèl Behrends tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih. Wusana pungkasanipun para jurnalis tanah Jawi kalihan jurnalis Sumatrah.

Patih Sêmarang kèndêl.

Kawartosakên, Mas Samadi, patih Sêmarang, wiwit benjing tanggal 3 Oktobêr ngajêng punika kèndêl saking anggènipun jumênêng patih, saking panyuwunipun piyambak.

Sêsakit rajakaya congor tuwin tracak.

Wontên lêmbu-lêmbu pragatan ingkang asli saking Jawi Têngah tuwin Jawi Wetan tansah pinanggih wontên ingkang sakit congor tuwin tracak, kasumêrêpanipun wau sarêng sampun dumugi ing panggenan, tuwin wontên malih tuwuhing sêsakit sarêng sampun manggèn sawatawis dintên. Dene limrahipun pinanggih wontên ing lêmbu ingkang asli mêntas dipun êwrat wontên ing grêbong sêpur. Ing sakawit kakintên jalaran saking ing grêbong sêpur wontên wijinipun sêsakit, nanging sarêng kapriksa botên. Kewan ingkang sakit wau dagingipun kenging katêdha, nanging puhanipun botên.

Eropah.

Dumuginipun ing purug Sang Gandi.

Londen 13 Sèptèmbêr (Aneta-Nipa-Extra). Sanadyan Inggris nuju jawah dêrês, hawanipun asrêp sangêt, mêdalipun Sang Gandi saking oto taksih cawêtan, lajêng malêbêt dhatêng papan pêpanggihan, amanggihi para mitranipun. Kintên-kintên wontên tiyang sèwu ingkang kathah sami bôngsa Indhu ingkang sami ngêntosi wontên ing Jawi. Para bôngsa Indhu sami mangangge kabangsan, sadaya prêlu sami mêthuk, dipun aturi kêmbul bujana saking pamahargyanipun bôngsa Indhu tuwin Inggris, Sang Gandi dipun agêm-agêmi sêkar. Sang Gandi badhe mêdhar sabda ing radhio.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 1126 ing Banjaran.

Jilid I Patjarmerah rêgi f 0,60

Jilid II Litjin sebagai beloet f 0,60

Jilid III Beloet kena randjau f 0,65

Jilid IV Beloet kena randjau f 0,65

Dados 4 jilid tamat rêgi f 2,50.

--- 1184 ---

Wêwaosan

Dhêndhaning Angkara

44

XVII. Sèlèhing panarimah.

Sedanipun sang putri ingkang prasasat andadak, punapadene ngajalipun Senapati Abdullah, saèstu adamêl ngêrêsing manah. Saha manawi dipun raosakên kanthi angèngêti dhatêng lêlampahanipun, namung badhe nuwuhakên raos mêmêlas. O, dene rumêksanipun sang putri dhatêng kautamèn têka ngantos adamêl tiwasing sarinipun[4] piyambak. Mênggah tuwuhing manah pamurina, gampilanipun lajêng sagêd amastani, jalaranipun saking Abdullah. Nanging tumraping lêlampahan ingkang sampun kalajêng, punapa malih lêlampahan ingkang sampun pinanggih kados makatên, tiyang wajib anutup, sampun angraosi malih, awit mênggahing tiyang ingkang sampun nilar jaman karamean, yèn ta upami anggadhahi dosa, kenging tinampi kados sampun ngêsrahakên dosanipun, namung wajib angsal pangapura. Ing ngriki prêlu nyêlani cariyos sakêdhik ingkang prayogi tinrapakên wontên ing dongèng, inggih punika ngajalipun Senapati Abdullah, sajatosipun sampun anêtêpi janji, jangkêping pêpetangan umuripun namung kantun kawan taun, punika kenging kangge pamarêm tumrap ingkang nêdya murinani dhatêng Abdullah.

Kacariyos sasedanipun sang putri, parêkan lajêng anjêlèh sarosanipun, swaranipun ngantos ngèbêki kadhaton. Botên dangu sang prabu rawuh kadhèrèkakên ing bupati caos, kanthi ngandika kasêsa: Ana apa, ana apa. Parêkan dèrèng ngantos munjuk, sang prabu sampun uninga piyambak saha ngandika kanthi karônta-rantaning panggalih sinarêngan lênggah wontên sacêlaking layonipun sang putri: Dhuh nini, dene sira nganti nêmahi mangkene, kapriye jalarane. Lo, kang gumalinting ana ing dagan iki sapa. Mara bocah wadon, sira pratelaa kang cêtha, kapriye mulabukane, dene nganti ana lêlakon kaya mangkene.

Parêkan: Kawula nuwun, abdi dalêm kawula botên sumêrêp sakawitipun, sumêrêp-sumêrêp tiyang jalêr punika sampun malêbêt ing gêdhong ngriki, lajêng wawan pangandika kalihan gusti radèn ayu. Adhuh, kawula botên sagêd ngaturakên panjang-panjang, namung sagêd ngaturakên, pangandikanipun gusti radèn ayu sakalangkung mêmêlas, raosipun tansah tumanêm wontên ing manah kawula. Gusti, tiyang jalêr punika nama Abdullah.

E, e, e, e, dadi iki wong-wongane kang wanuh karo nini putri. Sasampunipun ngandika makatên, sang prabu lajêng nyêlaki mayitipun Senapati Abdullah, ingkang kumurêp wontên sacêlaking sampeyanipun sang putri, rainipun dipun brengkal kalihan angandika: Nyata bagus, guwayane isih katon manthêr, mung kaya wong turu. Bocah wadon, sira pratelakna sathithik, gunêm apa kang sira anggêp wigati, nalika karone iki padha têtêmonan.

Kawula nuwun, mênggah kawigatosaning ginêm ingkang cumathêt wontên ing manah kawula, namung bab kasêtyanipun sang kalih-kalihipun. Gusti radèn ayu ngandika, luwung sedaa, tinimbang ngambah ing kanisthan, ingkang wosipun angluhurakên asma dalêm nata. Gusti, sanadyan pun kakung têka inggih samantên, namung ngêtut pangandikanipun sang putri, manawi sang putri seda, nêdya botên kantun, têka inggih katêmahan sayêktos. O, gusti, hi ...

Wis bocah wadon, aja nangis. O, lêlakon, lêlakon, tinêmune têka kaya mangkene. Nayaka.

Nayaka: Kawula nuwun, kula.

Gilo kaya mangkene tinêmune gustimu radèn ayu.

Hêm, kawula dèrèng lêga manawi dèrèng nacah-nacah bangkenipun tiyang jalêr punika, têka ngina têmên dhatêng tiyang sapraja.

Lo, lo, aja-aja. Luput bangêt anggonira duwe panêmu mangkono iku, sapira mungguh susahing panggalih ingsun, nyumurupi tiwase nini putri. Nanging ingsun mêksa kagungan marma angapura marang sakabèhe. Ing saiki wis ora ana ucap ing bab kaluputan, awit saupama ingsun nganakake pikir kang gawe ora narima, mung bakal dadi jalaran tuwuhing piduwung ing salawas-lawase. Wêlasana kang wus padha dadi layon.

Dhawuh pangandika nata ingkang kados makatên punika, araos kados nyirêp kanêpsoning nayaka, malah lajêng santun raos tumut wêlas dhatêng ingkang ngajal, ngantos ambarabak abela tangis. Wusana lajêng nyundhul atur: Kaparêng dalêm nata lajêng kadospundi.

Sarèhning kasusahan iki kasusahan ingsun, ingsun iya kang wajib kajibah anggalih kacukup ing sakabèhe. Nanging sarèhning patine bocah lanang iki ana sajroning kadhaton, ing mêngko ingsun pasrahake sira, upakaranên saprayogane. Lan saka kaparêng ingsun, mayite bocah lanang iki kuburên ana daganing kubure nini putri.

Kawula nuwun, sandika. (Badhe kasambêtan)

--- 197 ---

Nomêr 50, taun I

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu.

Sêrat Katur Rama Sêbul

Nuwun, rama, wontêna karsanipun rama, macak batanganipun cangkriman ingkang kasêbut ing Kajawèn no. 69 sukur lêrês, botênipun, pambatang kula kapriksan ing ngakathah, mênggah pambatang kula makatên:

1. Pathokanipun saking kothakan têngah ingkang malang lan ugi ingkang mujur. Ing dalêm sakothakipun kêdah 1/5 x 65 = 13. Kothakan ngajêng lan wingkingipun ôngka 13 gunggungipun kêdah 13 x 2 = 26, makatên ugi kothakan ing nginggil lan ngandhapipun. Sapunika lajêng ngupadosi cacah kalih-kalih ingkang gunggungipun ngênêm likur, inggih punika: 1-25, 3-23, 5-21, 7-19, 8-18, 9-17, 10-16, lan 11-15. Ingkang sampun kangge ing soalan: 2-24, 4-22, 6-20, lan 12-14.

[Grafik]

2. Sangang kothak ing têngah, niga-niga malang utawi mujuripun gunggung kêdah isi 13+13x2 = 39. Mila kothakan ing nginggil kêdah isi 39-(14+24) = 1. Mêngandhapipun ingkang kiwa kêdah 39-(12+24) = 3. Ingkang têngên kêdah 39-(2+14) = 23 lan ngandhapipun 13 lêrês, kêdah 39-(12+2) = 25.

3. Cacah ngalih-ngalih ingkang gunggungipun ngênêm likur kantun: 5-21, 7-19, 8-18, 9-17, 10-16 lan 11-15, kothakan salarik nginggil piyambak kantun ngisi 65-(4+20) = 41 kapadosakên tigang cacah, inggih punika: 8+16+17 = 41, pamasangipun ing kothakan larikan nginggil piyambak sêsakecanipun, waton sampun uwal kalihan cacah jodhonipun ingkang kêdah kapasang ing kothakan larikan ngandhap piyambak. Mila botên kenging pêthal, murih gunggungipun ngênêm likur.

4. Cacah ingkang jêjodhon kantun: 5-21, 7-19 lan 11-15. Larikan kiwa piyambak kantun ngisi 65-(4+6) = 55. Ugi kapadosakên tigang cacah saking cacah wau, inggih punika: 21+19+15 = 55. Pamasangipun ing kothakan ugi sêsakecanipun, waton cacah jodhonipun kaisèkakên ing kothakan kiwa piyambak.

Dadosipun: larikan nginggil piyambak sagêd wujud: 4+17+16+8+20, 4+16+8+17+20; 4+8+

--- 198 ---

17+16+20, 4+17+8+16+20, 4+8+16+17+20, 4+16+17+8+20, pamasangipun cacah jodhonipun sampun ngantos kalintu, kapasang ing ngandhap piyambak. Kothakan sanga ing nglêbêt kêdah wujud: botên ewah. Wusana namung punika sagêd kula ambatang, langkungipun botên sagêd. Rama Sêbul, kula matur nuwun.

[Grafik]

Putra pun Sukèsi, Magêlang.

Batangan iki lan sing uwis, wis nyukupi kanggo katrangan karêping cangkriman. Liya-liyane ora dipacak manèh.

Pak Sêbul.

Mantêp ing ati, bisa dadi

IX

Kaping pate: sing lêmbah manah, yèn ana wong kang kaluputan marang kowe, sanajan agawe sêriking atimu utawa agawe kapitunanmu pisan, apuranên kanthi trusing atimu. Lan kang kaping limane: sing gêmi, nastiti lan ngati-ati, aja anduwèni watak ngêbrèh. Uwis, le, pituturku kabèh iki èstokna, ambokmanawa ing têmbe ana kamurahaning Pangeran marang kowe.

Wangsulane Suhardi: Iya êmbok, pituturmu kabèh iku arêp dak simpên ing atiku, lan dak lakoni kanthi têmên-têmên.

Enggaling carita, saiki Suhardi wis kalakon mèlu Mas Kaji Umar sudagar ing Kauman, ing sajroning ngèngèr Suhardi tansah ngeling-eling marang pituture êmbokne lan dilakoni kanthi têmên-têmên.

Mas Kaji Umar saya lawas saya trêsna marang Suhardi, amarga nyipati dhewe marang kapintêran, kaprigêlan burusing atine. Pangrêngkuhe marang Suhardi kayadene pangrêngkuhe marang anake dhewe, malah saiki Suhardi diajari nyudagar.

Kacarita, barêng Suhardi wis wayah diwasa, dikukup dening Mas Kaji Umar diolèhake anak kaponakane dhewe, diwènèhi pawitan sacukupe kanggo madêg nyambut gawe dhewe, ing têmbe Suhardi bisa dadi sudagar sugih, bisa mitulungi marang wong tuwane sarta sadulure lan malês kabêcikan marang mitrane.

Sumadi, Sala.

Tamat.

--- 199 ---

Ambêbungah Bocah

Kaya apa bungahing bocah sing kalêgan atine, dhasar anake wong cukup, wah, atine mêsthi banjur gêdhi.

Nanging satêmêne gêdhening ati bocah sing mung saka diugung, ora ana gunane babarpisan, awit mung bakal gawe ora bêcik. Lan manèh tumrape jaman saiki, ngugung bocah iku wis mèh ora kêlumrah, dadi upama anaa, bocahe dhewe ya wis ngrasakake rikuh. Nanging tumrape wong tuwa angganjar utawa ambungahake bocah, malah akèh, mung pangganjar lan anggone ambungahake mau mêsthi nganggo jalaran sing makolèhi.

[Grafik]

Ana bocah kakang adhi, isih cilik wis padha sêkolah, sêkolahe maju, bapakne kêlair muni mangkene: Le, besuk yèn kowe padha munggah kêlasmu, padah tak tukokake sêpedhah rodha têlu. Pêngên anggonmu sinau.

Janjine bapa mau pancèn rada dadi pangugung, nanging sarèhne karêpe bêcik, iya ora dadi ngapa.

Cêkake kalakon, bocah loro mau padha bisa munggah, bapakne banjur nukokake sêpedhah têmênan. Wah bocah loro mau banjur krang-kring ana nglatar, suwe-suwe mênyang ratan.

Bocah-bocah kancane dolan, barêng wêruh, padha andalongop ngingêtake, ana sing ngêruh-ruhi: Wah, padha arêp mênyang ngêndi kuwi, ya. Yèn aku duwe sêpedhah kaya ngono, sênêng bangêt. Ora madhang aku ya gêlêm.

Bocah loro sing nunggang sêpedhah ora mangsuli, mung pijêr krang-kring bae, karo mêcucu, saka bungahe. Dene bocah-bocah liyane suwe-suwe padha anggrubyug karo surak-surak.

Barêng anggone nunggang sêpedhah wis kêsêl, sing nunggang lèrèn, bocah liya-liyane padha nyêdhak, ana sing dêmok, ana sing ngêlus-êlus, sawênèh ana sing nêmbung kapengin arêp nunggang sadhela bae.

Ana bocah takon mangkene: Wah, lemu tuku pira, ya.

Sing duwe mangsuli: Iki sing nguwèhi bapak, ganjaran saka anggonku munggah klas.

Bocah sing takon mau satêmêne bocah ora munggah klas. Barêng krungu wangsulan ngono banjur kliwir-kliwir lunga.

Bocah-bocah, aja mung kapengin mênyang ganjarane bae, elinga yèn ganjaran iku iya têgês pituwas anggone nglanoni mêmpêng sinau. Mula sinaumu pêngên.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. kae. (kembali)
kae.
2. raryan. (kembali)
raryan.
3. sinarêntu. (kembali)
sinarêntu.
4. sariranipun. (kembali)
sariranipun.