Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-07, #638

1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-07, #638 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-10-07, #638 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn

Ôngka 80, 24 Jumadilawal Taun Je 1862, 7 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [1249] ---

Ôngka 80, 24 Jumadilawal Je 1862, 7 Oktobêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Pambikakipun Staten-Generaal

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri nitih rata karajan, nalika badhe rawuh ing Ridderzaal anjumênêngi pambikakipun Staten-Generaal.

--- 1250 ---

Pawartos Sajawining Praja

Pasulayan Jêpan kalihan Tiongkok

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 79)

Ing sadèrèngipun nyambêti pawartos ing bab pasulayanipun praja kêkalih Jêpan lan Tiongkok, kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn kapêngkêr, ing ngriki nyêlani katrangan sakêdhik ing bab kawontênanipun kapitan bôngsa Jêpan nama Nakamura, ingkang nêmahi tiwas wontên ing laladan Tiongkok. Punika sasampunipun nêmahi tiwas, anuwuhakên pasulayaning pamanggihipun praja kêkalih wau, Jêpan anganggêp Kapitan Nakamura punika satunggaling militèr, ingkang wajib angsal pangaji-aji dening golongan sanès. Nanging tumrap Tiongkok anganggêp satunggiling sêpiyun, botên wajib angsal pangaji-aji kados kajêngipun Jêpan. Lan malih kala punika Kapitan Nakamura botên mangangge militèr tuwin botên ambêkta sêrat ingkang dados pratandhanipun militèr.

Pêpucuking pêrang kados ingkang sampun kacariyosakên, botên kenging tinampi, bilih tindakipun Jêpan punika namung ngarah apa, upaminipun tiyang kasukan lajêng bali kasut. Nyatanipun sarêng wontên pasulayan kados makatên, Jêpan lajêng ngêrigakên bala ngangsêg dhatêng Harbin, wadya Jêpan lajêng dados agêng dadakan, ngantos adamêl kagètipun praja Tiongkok. Dene nyatanipun, tindakipun Jêpan ingkang makatên wau lajêng katingal wigatosing kajêngipun, inggih punika anjagi margi sêpur Chinese Eastern Railway ingkang anggampilakên marginipun Ruslan gêgandhengan asta kalihan Tiongkok.

Sampun tamtu kemawon tindakipun Jêpan ingkang kados makatên punika anênangi dhatêng kasabaranipun Tiongkok, tuwin jamanipun sampun santun, bôngsa Tionghwa botên namung angalepus tilêm, malah lajêng wontên ucap: aluwung ngurbanakên jiwa 20 yuta tinimbang kecalan Mansuriyah.

Bab makatên punika tumraping tôngga watês, ugi kêpêksa amigatosakên, bêbasanipun kados dolanan lading, sisip sêmbiripun sagêd ambêlèr tanganipun piyambak, mila Ruslan inggih lajêng ngêmori bab punika, suka sumêrêp dhatêng Jêpan tuwin Tiongkok, bilih Ruslan botên sagêd namung badhe ngèndêlakên pasulayan punika, ugi kêdah tumut cawe-cawe.

Ing sapunika gêntos Polkênbon, sarêng pinanggih wontên lêlampahan kados makatên, ugi ragi gumun dhatêng Jêpan, dene têka botên lajêng mratelakakên tumuntên ing bab lêlampahan ingkang pinanggih ing Mansuriyah. Kalampahan bab punika lajêng dados rêmbaging para wêwakil karajan ing Polkênbon, prêlu ngrêmbag sampun ngantos kalajêng-lajêng ing bab pasulayan punika. Nanging wêwakil Jêpan tuwin Tiongkok, anggèning nêrangakên sabab-sababing prakawis, sami kanthi kêrot-kêrot, wusana inggih tansah dados rêmbag rame kemawon, saha rêmbag wau dipun dumugèkakên dhatêng Amerikah [A...]

--- 1251 ---

[...merikah] Sarekat.

Sasampunipun makatên, Polkênbon lajêng ngudhal rêmbag ing bab-bab prakawisipun Jêpan kalihan Tiongkok, satunggal-satunggalipun nagari wau nêdha supados angsal panimbang kanthi ngadil.

Nanging wantunipun sampun nama pasulayan, sanadyan rêmbag ingkang badhe andadosakên kawilujêngan punika sawêg nêngah-nêngahi tumindak, nanging prakawis rêrêmpon inggih lajêng, wadya Jêpan têrus ngangsêg dhatêng margi sêpur ingkang anjog dhatêng Monggali.[1] Malah salajêngipun sagêd malêbêt dhatêng Monggoli, makatên ugi golongan wadya Tiongkok, sanadyan sabara pisan, inggih mêksa lumawan, ngantos adamêl pêpêjah sawatawis kathah.

Sarêng wadya Jêpan sampun angêbroki Mukdhên, senapati Jêpan ingkang ajêjuluk Jendral Honyo, lajêng ngatingalakên panguwaosipun, nanggêlakên kawilujênganing rakyat ing ngriku, nanging sadaya wontên panguwaosing Jêpan, sintên ingkang nêdya lumawan badhe dipun ukun[2] awrat. Makatên ugi Jêpan u[3] botên tilar kaprayitnan, tansah mulat dhatêng tindakipun Ruslan.

Parentah Tiongkok sarêng sampun manggih lêlampahan kados makatên, lajêng andhawuhakên waradin dhatêng rakyat, supados sami migatosakên dhatêng kawontênan ing wêkdal punika, saha ambiyantua sêsarêngan dhatêng tumindaking parentah anggènipun nanggulangi panêmpuhipun Jêpan.

[Grafik]

Bêbaya bêna ing Tiongkok.

Mênggah kawontênanipun nagari Tiongkok ing wêkdal punika kenging dipun wastani sawêg manggih cobi agêng, sapisan, sampun dangu ing Tiongkok tansah pêpêrangan kalihan bôngsa piyambak, botên wontên sampun-sampunipun, kaping kalih lajêng kadhatêngan bêbaya bêna agêng, ngantos adamêl pêpêjah yutan, pasitèn ingkang botên kamêdalan prasaksat tanpa wicalan, punapa malih karisakan [karisa...]

--- 1252 ---

[...kan] sanès-sanèsipun. Wusana ingkang kaping tiganipun lajêng tinêmpuh ing mêngsah santosa, ingkang panêmpuhipun sampun mapan.

Sarêng sampun wontên lêlampahan prajanipun tinêmpuh ing mêngsah, lajêng kêpêksa sami èngêt, bêbasan tiyang tunggil darah punika manawi dipun jiwit karaos tumut sakit.

Samantên rumiyin.

Raos Jawi

Bedaning Raos

Raos pangraosing tiyang punika beda-beda, sanadyan wontêna ingkang sami, inggih sawêg panuju kemawon, mangke inggih lajêng beda malih, nanging ing ngriki botên badhe nyariyosakên beda-bedaning pangraos ing bab satunggal-satunggalipun tiyang, namung badhe nyariyosakên bedaning pangraos kala ing jaman sèkêtan taun kalihan jaman sapunika.

Ingkang kaandharakên ing ngriki ing bab raosing dêdongengan, pinanggihipun ing kala jaman samantên, limrahipun namung bangsaning jalêr dhaup kalihan èstri, dêdongenganipun mêndhêt Dèwi Limaran kalihan Radèn Putra. Dèwi Limaran punika Dèwi Candrakirana, dene Radèn Putra punika Radèn Panji, dados lêlampahanipun mêndhêt saking jaman Jênggala.

Dêdongenganipun mêndhêt lêlampahan pêpisahanipun putra lan putri wau. Putrinipun dhawah sangsara, wusana sagêd pinanggih kalihan Radèn Putra malih. Dene sangsaraning putri wau mawi malih warni utawi santun nama, ingkang wêkasanipun badhar.

Dongengan ingkang kados makatên punika, tumrapipun ing kala jaman samantên inggih sampun nama sae, sagêd damêl sêngsêmipun ingkang sami dipun dongèngi.

Kajawi dongèng kados makatên punika, wontên malih dongèng ingkang dipun anggêp lucon, nanging lucon wau limrahipun bangsaning lekoh. Ewadene tumrapipun kala jaman samantên, dêdongengan sadaya wau dipun anggêp sae kemawon.

Limrahing dongèng punika dipun tindakakên dening tiyang sêpuh èstri, limrahipun biyung, kangge andêdongèngi lare alit badhe tilêm, dados manggèn wontên ing patilêman, dipun wastani kêlon.

Raosing dongèng wau, bokmanawi kala jamanipun samantên dèrèng katanjakakên dados wulang ingkang atêgês andhêdhêri wiji, namung lugu nama dongènging lare, prêlu kangge sarana nilêmakên.

Kawontênan ingkang kados makatên punika, manawi dipun wawas kanthi pêpiridan panggulawênthah, saèstu nyamari sangêt, awit ing ngriku kathah sangêt ucap-ucapan ingkang botên pantês, saya malih tumraping lare alit, saya botên pantês [pantê...]

--- 1253 ---

[...s] tumut ngucapakên. Nanging wontên anèhipun sakêdhik, tumraping lare ingkang dipun dongèngi kala jaman samantên, manahipun taksih suwung sangêt, sanadyan kêpêthuk ing têmbung crêmêdan inggih sajak botên patos dipun wigatosakên, sanadyan tumuta ngucapakên pisan, inggih botên punapa-punapa. Beda ingkang pancèn sanyata ginêm carêmêda[4] salugu, ingkang botên kauworakên ing dongèng, punika cêtha awonipun.

Bab makatên punika wontên tôndha saksinipun sakêdhik mirid saking cariyosipun tiyang èstri ingkang mêningi dêdongengan kala jaman samantên kacocogakên kalihan jaman sapunika, punika ngrumaosi gumun piyambak, kados ta lare kala jaman samantên nirokakên dongèng bangsaning crêmêdan wau têka inggih sakeca kemawon, nanging sarêng ing jaman sapunika, babarpisan sampun botên kadugi anglampahi. Katrangan makatên punika miturut saking wicantênipun tiyang ingkang nglampahi piyambak.

Bab carêmêdan punika sampun kacariyosakên salugunipun lucon, mila pinanggihipun kajawi wontên ing dongèng, ugi limrah dipun tindakakên ing badhut utawi luconing dhalang. Mila lêluconipun inggih kêrêp ngambah dhatêng crêmêdan.

Nanging pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, sampun malih ingkang nama carêmêdan, sawêg ginêm ingkang raosipun kasar kemawon sampun botên dipun ajêngi. Punika cêtha manawi dados tandhaning ajêngipun kasusilan, lan sadaya wajib kêdah sami nyumêrêpi, têgêsipun botên mawi pilih tiyang, amargi manawi dipun trajang lajêng manggih ucap botên sae. Malah sampun nate wontên lêlampahan tiyang gadhah damêl mawi pasamuan ringgitan, dhalangipun sae, dipun rênani ing para tamu, nanging sarêng ngêdalakên lucon, kêtrucut carêmêdanipun, ing ngriku para tamu lajêng anjingkat kados kagèt, kêlampahan kathah ingkang lajêng wangsul. Wiwit punika dhalang wau lajêng dipun cirèni botên pantês dipun tanggap ing para priyantun.

Manawi ngèngêti ajênging kasusilan ing jaman sapunika, lajêng cêtha sangêt wujuding tata ngadat ingkang sampun botên pantês dipun lampahi malih. Awit saupami tata ngadat ingkang sampun botên salaras kalihan jamanipun wau dipun tindakakên, lajêng sagêd nuwuhakên raosing akathah, ingkang araos anggigoni.

Nanging sarèhning kasusilan punika pancèn satunggiling lampah ingkang kenging dipun wastani wêrit, tumindakipun inggih pancèn angèl sayêktos, awit mênggahing kasusilan, nyatanipun botên sagêd pisah kalihan kasusilaning batos. Nyumanggakakên.

Ha.

--- 1254 ---

Panarik Raos Têtanèn

Ingkang pinanggih ing jaman sapunika, sawarnining papan têtingalan ingkang umum dipun tingali ing tiyang kathah, kados ta Pasar Gambir, Sakatenan, pasar malêm tuwin sanès-sanèsipun malih, mawi dipun êdêgi papan ingkang kangge mitongtonakên ing bab lampah katabêrèn, têtukangan, têtanèn tuwin taksih wontên sanès-sanèsipun malih, wosipun sadaya wau murih nênangi dhatêng manahipun têtiyang ingkang sami ningali. Dados sanadyan ningali, ugi wontên pigunanipun.

[Grafik]

Kados ta ing bab anam-anam, punika ing jaman rumiyin, limrahipun namung dados kagunanipun tiyang padhusunan, nanging sarêng wontên cara mitongtonakên padamêlan kados makatên wau wontên ing pasar malêm sapanunggilanipun, sagêd nênarik dhatêng manahipun têtiyang ingkang sami ningali. Wêkasan kathah ingkang niru, jalaran saking kadugi, dening gampil.

Bab nênun, rumiyinipun ugi makatên, nanging sapunika ajênging padamêlan nênun kenging dipun wastani enggal sangêt, wah sagên[5] nindakakên kanthi pirantos ingkang sampurna.

Makatên ugi kawruh têtukangan, sintên ingkang nyumêrêpi ing padhasaran kalanipun wontên têtingalan, tamtu gawok, dening kawontênanipun sarwa mêpêki, bab patukangan punapa kemawon.

Ing nginggil punika ngêwrat gambar asil têtanèn ingkang dipun pitongtonakên wontên salêbêting Jaarmarkt ing Surabaya. Sadaya mawi katrangan ingkang mikantuki tumrap para ulah têtanèn.

--- 1255 ---

Kawruh Padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 78.

Ka. Bab Gêndhing

Satunggal-satunggaling gêndhing kanggenipun wontên ing pawayangan wontên tatananipun piyambak-piyambak, awêwaton adêganing ringgit ingkang adhakan, utawi kajumbuhakên kalihan kawontênaning ringgit nalika nandhang susah, sakit, bingah, sapiturutipun.

Ing ngandhap punika namanipun gêndhing slendro ingkang kêlimrah kaangge ing pawayangan:

1. Gêndhing talu. Gêndhing talu punika gêndhing golongan manyura, ingkang kêrêp kangge: 1. cucur bawuk, 2. miling, 3. lambangsari, 4. gêndrèh, 5. montro.

Punika sadaya sami dhawah ladrang srikaton, lajêng katawang suksma ilang, dhawah ayak-ayakan manyura, têrus plajêngan manyura, suwuk.

2. Gêndhing jêjêr. Pamatrapipun kados ing ngandhap punika.

Gêndhing krawitan kangge jêjêr sapisan, wêdalipun raton kadhawahakên gong laras nêm alit. Sadèrèngipun ngêdalakên raton wau, parêkan (nyai tumênggung kalih) kalampahakên mangiwa, nancêb ing paseban sisih kiwa majêng manêngên, sumêmbah tumungkul, sasampunipun makatên, ratu katancêbakên wontên ing têngên ing palênggahan. Parêkan mêdal mangiwa, dhapur kautus nimbali punggawa ingkang kakarsakakên ngadhêp, lajêng wangsul kaprênahakên sawingkinging raton ing gêdêbog paseban, nyêmbah tumungkul. Nuntên katungka punggawa, putran utawi tamu ingkang sarêng mêdal. Lampah ingkang kados makatên wau ngantos satunggal satêngah gongan, dados tancêban ingkang kantun piyambak mêdalipun sasampuning kênong 1. kalihan anêsêgakên gêndhing. Panjanturipun wontên antawising kênong satunggal kalihan gong. Anggènipun andhawahakên ladrangan, yèn sampun têlas ucap-ucapan, saking gong laras nêm ingkang botên anglèrèg dhatêng laras têngah.

Gêndhing krawitan kangge jêjêran punika sok dipun bukani saking ayak-ayakan. Dene lampah-lampahipun makatên:

Kawiwitan saking ayak-ayakan manyura, irama kêndho, botên mawi ngêlik, lajêng kasuwuk, têrus dhawah krawitan, irama kêncêng, sabibaring kênong 1 têrus kasêsêgakên, salajêngipun mirsanana krawitan ing nginggil. Dados panatanipun ringgit-ringgit wontên salêbêting ayak-ayakan wau.

Tumrap gêndhing kabor ingkang kangge jêjêran sapisan, wêdalan tuwin tancêbing ringgit, têturutanipun kados ingkang tumrap ing gêndhing krawitan. Panjanturipun saking ngajêngakên kênong satunggal, gong laras gangsal. Anggènipun nginggahakên gêndhing ugi saking ngajêngakên kênong satunggal, gong laras gangsal. Gêndhing

--- 1256 ---

lajêng dhawah ladran krawitan, ngantos suwuk, kasambêt pathêt nêm agêng, têrus ada-ada girisa.

Ingkang tumrap gêndhing kawit, lampah-lampahipun kados gêndhing kabor. Anjantur utawi andhawahakên wontên ing gong laras gulu.

Panganggenipun.

1. Jêjêr Bathara Guru, Ngamarta, gêndhing: kawit.

2. Jêjêr Ratu Ngastina (Kurupati), gêndhing: kabor minggah ladrang krawitan.

3. Jêjêr sanèsipun: 1 lan 2: gêndhing: krawitan minggah ladrangan.

3. Gendhing tamu salêbêtipun jêjêr (ugi kawastanan: babak unjal).

Pamatrapipun:

Gêndhing babak unjal punika gêndhing ladrangan. Ngajêngakên kênong satunggal kasêsêgakên, kênong tiga tamu utawi kengkenan kawêdalakên, kênong satunggal malih sampun kasirêp. Ringgit ingkang dhatêng wau enggal katancêbakên. Manawi tamu katongan utawi para luhur tuwin pandhita, ratu ingkang jinêjêr kabêdhol dhapur angurmati, kasarêngan kalihan wêdalipun tamu. Wangsulipun nancêp ugi kasarêngakên. Sadèrèngipun nancêb punika ingkang katamuan ngacarani lênggah. Sasampunipun nancêb gêndhing tangi malih (ungêling gôngsa kados manawi botên kajantur). Watawis sagongan kasêsêgakên, dumugi ngajêngakên kênong satunggal kajantur malih, lajêng ucap-ucapan. Watawis tiga, sakawan gongan ucap-ucapan têlas, gêndhing wangsul tangi malih ngantos suwuk.

Lampah ingkang kados makatên punika ugi tumrap tamu ingkang botên mawi dipun kurmati, dados ratu ingkang jinênêr botên mawi kabêdhol.

Gêndhing babak unjal sanès-sanèsipun ngantos dumugi wanci laras manyura, lampah-lampahipun sami kados wontên ing jêjêran sapisan.

Panganggenipun:

1. Tamu ratu Ngamarta, gêndhing: ladrang mangu.

2. Nangkula Sadewa, gêndhing: ladrang kêmbang pepe.

3. Arjuna, gêndhing: ladrang srikaton.

4. Baladewa, gêndhing diradamêta, moncèr.

5. Adipati Karna, gêndhing sobah, pêksi kuwung (saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun P.B. X).

6. Arya Sangkuni, gêndhing lere-lere.

7. Kôngsa, gêndhing ladrang rêmêng, sobrang, diradamêta.

8. Jalasêngara, gêndhing erang-erang.

9. Pandhita Durna, gêndhing ladrang koncèn.

10. Patih sabrang, gêndhing sobrang, palupuh.

11. Danawa, pêksi, gêndhing sobrang, palupuh.

Dene ingkang kangge srambahan:

Yèn ringgit gusèn: sobrang, gupuh-gupuh

Yèn ringgit kêdhondhongan: ladrang rêmêng

Yèn ringgit thêlêngan: moncèr, palupuh.

Yèn ringgit gabahan, putrèn: kêmbang pepe, wêling-wêling, sawunggaling, lan sanès-sanèsipun ingkang patut kalihan wujuding ringgit.

Ing Kajawèn ôngka 78 ingkang kapêngkêr punika, bab ada-ada taksih wontên kirangipun, inggih punika: 16. ada-ada manyura wantah, 17. manyura jugag, 18. manyura alit, 19. manyura agêng. Kajawi punika sadaya kêkirangan tuwin ingkang cèwèt-cèwèt ing karangan punika, benjing yèn kalêksanan dados buku badhe kapatitisakên malih.

--- 1257 ---

Jagading Sato Kewan

Kêrapan

Sanadyan dèrèng nate tindak dhatêng Madura, kula pitados, saking gêthok tularing pawartos, sadhèrèk Jawi Têngah têmtu sampun kathah ingkang mirêng têmbung Madura: kêrapan. Kêrapan punika balapan lêmbu. Rèhning têtingalan kêrap wau mêngku pedah agêng ingatasipun pamiyaran lêmbu tur pasang rakitipun, tumrap sadhèrèk Jawi Têngah, têmtu kathah ingkang dèrèng dhamang, ambokmanawi botên wontên awonipun Kajawèn macak andharan kula bab wau, saking gagasan kula sapisan badhe wêwahing sêsêrêpan, jalaran lajêng sagêd nguningani kawontênan sanès praja, kaping kalihipun mahanani jêmbaring polatan tuwin kawruh, punika pikantukipun ingkang kêsdu maos andharan kula wau.

[Grafik]

Kêrapan ing Madura.

Sapunika kula pucuki ngrêmbag lêmbunipun. Manawi badhe dipun wêdalakên wontên ing pasamuwan kêrap, lêmbu-lêmbu wau dipun pacaki brêgas, raosing manah kaemba dipun pangantènakên, utawi kaemba senapati badhe mangsah ing prang, katôndha bidhalipun saking griya ginrubyug dening tiyang sapangiringipun, dipun jajari rontèk 6 sasisih utawi langkung, lajêng tabuhan botên kasupèn malih, samargi-margi kaungêlakên kanthi surak-surak, punika ingkang murugakên rame tuwin sêmuwa. Langkung-langkung ing panggenan kêrap ombyaking têtiyang ningali kados gabah dèn intêri, sarta malih ing ngriku klêmpakipun wontên 150 pasang kapara langkung, ramenipun sagêd kajuwara ing sanès panggenan, pramila botên [bo...]

--- 1258 ---

[...tên] kirang-kirang têtiyang Surabaya, Grêsik, Bangil tuwin sanès-sanèsipun sami tumêdhak dhatêng Madura prêlu ningali têtingalan kêrapan wau.

Lajêng mratelakakên lêmbu ingkang badhe kakêrap wau. Lêmbu wau dipun rakiti mawi pasangan, botên prabeda kados badhe dipun midamêlakên, kaot rêrêngganipun kathah sarta namung dipun canthèli: klèlès. Klèlès punika mèmpêr garu namung tanpa unton-unton, dados ingkang numpaki inggih wontên ing klèlès ngriku. Ngadêg, suku kiwa napak, suku têngên ngêthapêl, botên cêpêngan kabêkta ambalap sabantêripun botên dhawah. Malihipun rêrênggan ingkang ngatawisi lêmbu kêrapan punika pasangan ingkang dipun tancêbi umbul-umbul pêthak 3 iji, 1 ing têngah, liyanipun wontên ing iring kiwa têngên, kajawi punika ing prabot kathah sangêt krincinganipun, pramila kumrincing sangêt kala lumajêng balap wau. Nalika kairit, ingkang ngalang ing ngajêng tiyan 2, nyêpêng tangsul kalar satunggil edhang. Wontên tangsul kalar malih panjangipun wontên 30 m. Punika ingkang cinêpêng dening juru tumpak, panyêpêngipun ambakêm kalihan tumindak ngênut iramaning gêndhing tabuhan srunèn (kados tabuhan reyog ing ngriki).

Sapunika nyariyosakên nalika anjog ing papan balap. Sasampunipun ngaso lajêng dipun arak mubêng ing alun-alun kêrap, punika mèmpêripun murih lêmbunipun nyumêrêpi glagat ing ngriku. Badhe kasambêtan.

Sumadi, Pangarasan.

[Iklan]

--- 1259 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kêkesahanipun Petruk dhatêng Cibadhak

I.

Garèng: Wah, Truk, lagi dina Sêtu aku kêcêlik bênggala têmênan, kala samono kira-kira jam 10 kowe tak tilpun: krinthing, krinthing, halo, halo, sintên. Aku diwangsuli: Ngriki Bale Pustaka. Aku banjur ngomong manèh: Mas, Bale Pustaka, punapa kula kaparêng pinanggih kalihan Dèn Bèi Kenthol Ngantèn Mas Lara Petruk, lo kuwi wangsulane kathik sêmbrana bangêt, jêbul angguyu ngikik: Hi, hi, hik, Mas Jênge Petruk botên wontên.

[Grafik]

Petruk: Iya mêsthi bae ta, yèn kowe banjur digêguyu, jalaran 1e. Bale Pustaka kuwi kantor, dadi iya ora mathuk yèn kok sêbuta: mas, lan 2e. anggonmu ngundang jênêngku kuwi ana sêsêbutan pirang-pirang têka kok borong dadi siji bae.

Garèng: Hla iya wis ngrêti yèn Bale Pustaka kuwi kantor, nanging sing nampani tilpun kuwi rak iya uwong, ta, ing sarèhning aku arêp olèh, yaiku arêp anjaluk tulung, mêsthine aku rak iya kudu ngênggoni tatakrama, ta. Dene anggonku ngundang jênêngmu sêsêbutan sapirang-pirang tak borong dadi siji, kuwi cikbèn aja nganti aku diarani wong ora ngrêti tata. Nèk tak sêbuta: mas, ing môngka radèn, polatane sanalika banjur anjèmblêm, nèk tak undang dèn, ing môngka dudu, rumasane tak onggrong, hara, apa ora angèl kuwi. Mulane aja maido karo bangsaning Walônda, kuwi yèn nakokake bangsane dhewe nyang wong Jawa, sanadyan sing ditakokake mau mung pangkat klèrêk, pitakone iya mêsthi mêngkene: Mana Tuwan Wèllêm, nanging nèk sing ditakokake mau uwong Jawa, sanadyan pangkat komis pisan, saupama jênênge Karja, iya mung: Mana Karja. Lo, kuwi bokmanawa iya jalaran saka angèle sêsêbutane, apa iya: mas, radèn, utawa radèn mas, mulane nèk jênêng wong Jawa iya banjur main dijangkari bae.

Petruk: Yah, iki rak mung omong kosong bae, mungguhing jaman saiki, yèn kowe kêpengin diarani wong sing pangajaran lan ngrêti tatakrama, [tata...]

--- 1260 ---

[...krama,] sing kok takokake ora prêduli bôngsa Walônda, Tionghwa utawa Jawa, tumrape wong sing pantês diajèni, kudu kok sêbut: tuwan. Nanging bab kiyi ora prêlu dirêmbug dawa-dawa, aku saiki tak carita nalikane dina Sabtu. Pancèn iya nyata, jam 10 aku wis ora nang kantor, jalaran aku arêp lunga nyang Cibadhak, yaiku sawijining dhistrik antarane Bogor lan Sukabumi. Ing sarèhning ing kono kuwi sabên awan sathithik mêsthi udane, mulane pangkatku saka Batawi tak prêlokake rada esuk, cikbèn aku bisa wêruh cêtha kaanane ing sadalan-dalan. Wêruha, Kang Garèng, mangkatku saka Batawi kuwi nunggang motor.

Garèng: Wah, Truk, hla kok royal têmên, ingatase jaman saiki kiyi akèh priyayi sing padha gêmêtêr jalaran pamêtune padha dipèprèli, kowe têka lunga nyang Cibadhak wani nganggo motor, mêsthine bayarane rak ya kêna kanggo ngliwêt aku sathithik-sathithike sêpuluh dina.

Petruk: Lo, kuwi mangkene, Kang Garèng, sadulurku nunggal sèh sing dadi opsir laut, kuwi saikine lagi pêrlop têlung sasi lan mênyanggrah ana ing Cibadhak prêlu arêp ngaso. Hla kuwi lagi dina Jumuwah ngulêmi aku lan adhimu Makne Kamprèt tilik nyang pasanggrahane kana. Sauwise banjur padha rêmbugan bakale sing arêp ditunggangi, apa sêpur, apa motor. Aku banjur mangsuli mêngkene nyang sêdulurku mau: Utamane iya nunggang motor, dadi bisa tanêk anggone nyênyawang ing sadalan-dalan, lan kowe aja susah kuwatir, kowe tak lilani ... ambayar motore.

Garèng: Wèh, kathik kaya bêndara priyayi nèk tindakan didhèrèkke lurah sing sugih kae, kuwi kadhangkala ana sing nèk arêp nyêpur dhawuh nyang lurahe mau mêngkene: Rah, tumuli tukua karcis, kanggo aku klas loro, ya. Nanging mung dhawuh bae, ora ambukak dhompète dhewe. Utawa nèk nitih andhong: Rah, andhonge bayarên dhisik, nanging ora tau dilironi.

Petruk: Wiyah, kuwi rak mung omongmu dhewe, masa iya ana priyayi drêmis mêngkono. Mêngko rak kalakon ilang anggone disêbut: bandara, kang atêgês: bêndera, yaiku angayomi nyang kukubane. Wis, wis, rungokna tak caritani lakuku saka Batawi nyang Cibadhak. Kira-kira jam 10 motor sing arêp ditunggangi wis sumadhiya ana ing ngarêping omah, wah, kabênêran bangêt dene olèh sewan motor sing mèrêke bêcik bangêt. Yaiku motor mèrêk: Krislêr, tunggangane pancèn iya anglêr, mulane Makne Kamprèt tak plêtêr, supaya maganggo sing rada mèmpêr, cikbèn diarani dèn ayu dhoktêr, ora-orane ya dèn ayu sèhtêr, ning bawane Makne Kamprèt wong blêndhêr, barêng motore mangkat: lêr, ora suwe jêbul turu nglêkêtêr, thik ora lali anggone ngilêr.

Garèng: Wayah, iki arêp carita apa arêp dolanan, iya ora janji aku yèn mêngkono kuwi. Wis, tumuli caritakna, apa sing kok wêruhi ana ing sadalan-dalan.

Petruk: Kang pêrlu tak caritakake nyang kowe, Kang Garèng, yaiku panjagane sadalan-dalan [sada...]

--- 1261 ---

[...lan-dalan] antarane Batawi karo Bogor, kuwi pancèn wis mundhak têmênan. Sabên-sabên amrangguli pulisi loro utawa têlu, sing kajibah angulat-ulatake lakuning motor, luwih-luwih oto bis, kiyi pancèn iya dijingglêng têmênan. Kuwi mula iya bênêr bangêt, awit wis pira bae oto bis sing nêmoni kacilakan. Sajake saiki lakuning oto bis kuwi pancèn iya wis ngati-ati têmênan, tandhane oto bis sing dilancangi motor sing tak tunggangi akèh. Ing môngka lakune motorku ing dalêm sajame mung 50 K.M. dadi kira-kirane lakuning oto bis iya ora luwih saka samono. Kajaba iku kaanane oto bis ora akèh kaya biyèn-biyèn, jarene akèh sing dilarangi mlaku, jalaran rème kurang bêcik, motore wis bobrok bangêt, lan sabab liya-liyane. Ana manèh alangane sing nyababake ora akèh oto bis mêlaku, yaiku pajêge diundhaki sasayahe. Jalaran saka iku mau kabèh, mulane sing padha nglakokake oto bis banjur kapêksa padha ngundhakake sewane, kang anjalari sêpur Batawi Bogor banjur payu manèh.

Garèng: We, hla kok banjur nyêmoni, nanging bab kiyi padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina padha dibanjurake manèh.

Jaarmarkt ing Surabaya

[Grafik]

Ing nginggil punika gambaring para bêstiring Jaarmarkt ing Surabaya, dipun gambar wontên sacêlaking umbul. Para maos sagêd nandhing kalihan kawontênanipun umbul toya ing Pasar Gambir. Pundi ingkang dipun sênêngi.

--- 1262 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

INDONESIA.

Sudan blanja ing Provincie Jawi Kilèn. Miturut pawartos, para ambtenaar tuwin beambtening kantor-kantoripun Provincie ing Jawi Kilèn sami dipun suda blanjanipun 5%, dipun wiwiti tanggal 1 October punika.

Tumrap tiyang ing Jawi ingkang botên nyumêrêpi thêk-liwêripun ing kantor-kantor Provincie, têmtunipun lajêng sami pitakèn: punapa priyantuning Provincie punika dede priyantuning Gouvernement, têka sawêg ing wulan punika anggènipun wiwit dipun cêngklong blanjanipun? Pancèn inggih dede. Kauningana, bilih Provinciale Raad punika satunggiling bêbadan ingkang madêg piyambak, sanadyan taksih dados urusanipun nagari. Bokmanawi anggènipun nyêngklong blanjaning punggawanipun sakalangkung kasèp, punika namung ngatingalakên anggènipun madêg piyambak.

Mr. Sumardi. Wontên kabar, bilih Mr. Sumardi nyuwun lèrèh saking kalênggahanipun dados Wethourder ing Gemeenteraad Sêmarang, jalaran badhe nilar kitha laminipun 3 wulan. Ing sarèhning Mr. Sumardi dipun galih anyêkapi mênggahing kuwajibanipun dados Wethouder, ing sakawit B. en W. (Burgemeesteren Wethouders), - saupami pakêmpalan, B. en W. wau pangrèhing padintênan - amrayogèkakên, supados Mr. Sumardi kaparingan verlof kemawon, lan salaminipun verlof pangkatipun Wethouder sagêda dipun wakili ing tiyang sanès. Nanging Mr. Sumardi amêksa nyuwun kèndêl, ingkang ugi lajêng kalêksanan. Jalaran saking punika ing samangke kêdah lajêng ngupados malih ingkang dados gêgêntosing dados Wethouder wau.

Têka anggumunakên, dene B. en W. sajak anggondhèli sangêt dhatêng lêstantunipun Mr. Sumardi dados Wethouder. Punapa botên wontên sanèsipun ingkang kakintên anyêkapi nindakakên padamêlanipun Wethouder wau? Punapa B. en W. sampun kasupèn dhatêng Wethouder lami, inggih punika R. Slamêt?

Para patih enggal. Kawisudha dados patih ing Grêsik: Mas Notopawiro; ing Ponorogo: Radèn Purwodinoto; ing Bangil: Radèn Sosroadisubroto. Tiga-tiganipun ingkang suwau sami ngasta wêdana.

Botên amung Kajawèn ngaturakên: sugêng benoemd.

Kathahing wos lan pantun ing Sukabumi. Wontên pawartos, bilih ing pintên-pintên dhusun tuwin district-district ing bawah Sukabumi para prabot dhusun katingal sami mlêbêt mêdal pakampungan prêlu anyathêti punapa wontênipun wos tuwin pantun utawi têtêdhan sanès-sanèsipun sagêd anyêkapi kangge têdhaning tiyang kukuban ngriku. Mênggah wohing panitipriksa kabaripun kawontênaning wos tuwin pantun kathah.

Dhusun kapratelakakên kathah wosipun, punika dèrèng têmtu manawi atêgês ingriku gêsangipun tiyang botên rêkaos. Awit kathahing uwos punika trêkadhang namung dumunung wontên ing tiyang satunggal kalih. Ing mangka jaman samangke punika sawêg awis arta. Tumrap ingkang botên gadhah uwos utawi sinpêm têtêdhan sanès, punapa inggih kenging nêdha kemawon dhatêng ingkang gadhah utawi ingkang simpên?

Kuli Dèli. Wontên kabar baita kapal "Op ten Noort" ingkang kala tanggal 1 October ingkang kapêngkêr saking Medan pangkat dhatêng tanah Jawi, ambêkta kuli contract kathahipun 919.

Saya pêtêng kawontênanipun jagad Indonesia, dene saya wêwah kathahing têtiyang ingkang botên sami anggadhahi pangupa-boga.

Dr. Rajiman wangsul ing Indonesia. Sasampunipun Dr. Rajiman anjajah dhatêng tanah Europa tuwin Amerika laminipun 18 wulan, prêlu anjêmbarakên kawruhipun kadoktêran, samangke sampun wangsul dhatêng tanah Indonesia malih.

Para maos kados sampun sami anguningani, bilih Dr. Rajiman utawi Dr. R.T. Widiodiningrat punika amangagêngi griya sakit kagungan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta. sawangsulipun ing Sala têmtunipun inggih lajêng tumuntên nindakakên padamêlanipun lami malih. Dr. Rajiman wau kajawi sampun kasuwur satunggiling doktêr ingkang pintêr ugi kacêluk satunggiling ahli raos Jawi. Kajawi punika wangsulipun Dr. Rajiman wontên ing Indonesia punika ugi adamêl bingahing para kaum pêrgêrakan, langkung malih tumrapipun pakêmpalan Budi Utama, jalaran salami-laminipun Dr. Rajiman tansah dados panganjuring pakêmpalan wau. Malah sampun nate dados pangarsaning pangrèh agêng. Kabaripun botên watawis lami malih Dr. Rajiman wau badhe bidhal malih anjajah ing sanès praja.

Pabrik tèh. Saking Medan kawartosakên, bilih H.V.A. sampun ambikak pabrik tèh ingkang kawitan ing Korinci, inggih punika ing onderneming Kayuaro.

Satunggiling kawontênan ingkang tanpa upami. Ingatasipun ing jaman malèsèt punika kathah pabrik tèh ingkang kapêksa katutup, kados ta ing Priyangan, jalaran saking sudaning rêrêgènipun tèh, têka wani ambikak pabrik tèh enggal.

Sudan blanja 10% dipun ajêngakên. Miturut pawartos ingkang sampun dipun pirêngi ingakathah, parêpataning para pangagêng Departement, sasampunipun mirêngakên rêmbag saking directeur babagan arta praja, ingkang awêwaton kawontênanipun arta nagari, wontên usul supados sudan balanja 10% tumrap punggawa nagari katindakakên wiwit 1 November punika. Awit tumindaking rêrigên makatên wau badhe sagêd ngirit 1 1/2 yuta.

Pawartos ingkang kados makatên punika, tumrap sintên kemawon ingkang badhe kataman, têmtu tumratab ing manah kados upaminipun botên sumêrêp gêbyaring gêlap, mirêng-mirêng sampun wontên dhèripun. Nanging têtiyang taksih pitados dhatêng têtêping bêbasan: sabda pandhita ratu, têgêsipun sabda punika manawi sampun dhumawah sapisan botên badhe sagêd oncad. Ingkang kaupamèkakên makatên wau ing bab têtêping rêmbag sakawit, bilih sudan blanja 10% badhe kawiwitan ing tanggal 1 Januari 1932. Nanging bêbasan wau tumrapipun ing jaman samangke têtêp utawi botên, kasumanggakakên, ngrikinipun namung kantun ngêntosi kanthi kêmbêng-kêmbêng.

Pasinaon Keurmeester. Wontên pawartos saking Bogor, bilih pasinaon Keurmeester pamragatan rajakaya ugi kabikak tumrap bangsa sanèsipun tiyang siti.

Bab punika dados satunggiling margi ingkang mikantuki sangêt tumrap ing jaman samangke. Nanging kauningana, tiyang ingkang katampèn sinau wau, namung tiyang ingkang kapilih dening Locale Radèn. Ing salêbêtipun sinau mawi ambayar f 100.- dèrèng waragad sanès-sanèsipun. Dados bab pasinaon wau mênggah nalaripun, dados bêtahipun ingkang badhe nyinaokakên. Sampun sami kalintu tampi.

Pasamuwan jumênêngan nata 40 taun. Wontên pawartos, benjing dhawahing dintên pamaargya jumênêngan dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta 40 taun, namung dipun paargya prasajan kemawon. Pakêmpalaning kabudidayan-kabudidayan, ingkang [ing...]

--- 1263 ---

[...kang] rumiyin janji badhe maargya agêng-agêngan, sarèhning jaman malèsèd, namung badhe adamêl pangèngêt-èngêt awarni gapura tigang panggenan, minangka pisungsung. Tumrap golongan Jawi damêl pèngêtan angêdêgakên pamulangan dagang.

Pèngêtan ingkang dhapur pisungsung kalih warni punika kadosdene kosok wangsul, ingkang satunggal tumanja dados kabêtahaning rakyat, satunggalipun namung dados pêpasrèn praja, tur wragadipun kintên-kintên kathah ingkang dados pêpasrèn, awit botên kakirangan arta. Namung sukur ada-adanipun golongan Jawi anggènipun damêl pèngêtan sagêd badhe migunani agêng.

Angsal-angsalanipun pabeyan (douane). Angsal-angsalanipun pabeyan ing Sêmarang ing wulan Sèptèmbêr wontên f 926.376.-, dene Januari dumugi Sèptèmbêr 1931 wontên f 7.706.390.-. Tumrap ing taun kapêngkêr papetangan wau wontên f 994.511 tuwin f 9.708.976.

Ing mangsa punika mèh sadaya pamêdal sami suda saking padatan, tur botên sakêdhik. Mila kawontênan ingkang kados makatên wau andadosakên jalaraning nagari kêkirangan arta, bêbasan ngantos mèh botên kuwawi ambalanja dhatêng punggawanipun. Ingriki namung mêmuji, praja tumuntêna manggih têntrêm kados ingkang sampun.

Jurnalis andon lampah. Kawartosakên, sadaya para pangagêng nagari sami dipun paringi sumêrêp dening ingkang wajib ing bab Tuwan Henry Champly, satunggiling correspondent sêrat kabar Perancis "Le Temps", ingkang sapunika nuju andon lampah wontên ing Indonesia.

Têtela bilih dados juru kabar punika wajib alêlana anjajah praja, pêrlu kangge anjêmbarakên kawruhipun, sampun namung kadosdene babon angrêm wontên ing pêtarangan. Lan ugi wajib dipun sumêrêpi, bilih juru kabar, inggih punika jurnalis, ugi dipun aosi dening sintên kemawon, ingkang gêgayutan kalihan pêrlunipun; malah tumrap pamarentah piyambak ugi nindakakên pangaji-aji kados makatên. Mila ing bab punika hoofdredacteuring Kajawèn tuwin Petruk asring sok nilar mejanipun pasêratan, amayêng-mayêng dhatêng pundi-pundi, inggih pêrlu anjêmbarakên sêsêrapanipun, lan ing kalanipun kêkesahan wau ugi kêrêp manggih pangaji-aji sairib kados correspondent sêrat kabar Perancis kasbut nginggil.

Locomotief kuwalik. Ing papan lingsir sêpur ing Tagogapu wontên locomotief kuwalik, jalaran saking lêpatipun wissel. Lampahing sêpur ngantos kasèp 40 mênit.

Lo, ingatasipun jaman malèsèd punika tansah adamêl kasusahan tuwin kasangsaran, têka inggih taksih wontên ingkang angsal extra.

Pêpanggihan agêng dipun umumakên. Awit saking ada-adanipun P.S.I.I. ngumumakên lan nêtêpakên, bilih meeting agêng kados ingkang sampun dados rêmbag ngajêng, katêtêpakên wontên ing tanggal II wulan punika ing pundi-pundi panggenan. Ingkang badhe dados rêmbag: ing bab ngrèmèhakên agami Islam tuwin anyeda dhatêng Gusti Kangjêng Nabi Mohammad s.a.w., makatên ugi ebah-ebahan botên anocogi dhatêng tindakipun Italie tuwin sanès-sanèsipun.

Ing bab punika kados kenging kangge pêpèngêt, têtiyang sampun anggêgampil ngucapakên babagan agamining liyan, awit pinanggihipun ing jaman samangke, raos-pangraosing tiyang sajak sampun sami landhêp-landhêp sayêktos.

Pandadaran Klein-ambtenaar. Sêrat kabar Locomotief martosakên, bilih ing wulan November ngajêng punika badhe dipun wontênakên pandadaran Klein-ambtenaar wontên ing Sala.

Manawi nitik kawontênanipun lare-lare wêdalan H.B.S., M.U.L.O. lan sasaminipun kathah ingkang sami glandhungan botên angsal padamêlan, lajêng badhe dhatêng pundi purugipun lare-lare ingkang namung anggadhahi diploma Klein-ambtenaar? Ewasamantên para ingkang badhe majêng dhatêng pandadaran Klein-ambtenaar kasbut nginggil, sampun lajêng alit manahipun, nanging mugi sayaa kêncêng anggènipun ngudi dhatêng kamajêngan. Jalaran sanadyan diploma wau samangke botên pajêng, rak inggih sampun gadhah cêpêngan ta.

ASIA.

Pasulayanipun bangsa Hindu tuwin Islam. Aneta Nipa martosakên, ing Srinegar, Kashmir, wontên pasulayanipun bangsa Hindu kalihan bangsa Islam. Wontên bangsa Islam cacahipun 15000, sami ambalela lumawan Maharaja Sir Hary Singh, bangsa Hindu. Ing wasana nagari lajêng dipun jagi dening wadya 13.000. Tuwuhing ura-uru punika jalaran saking pandamêlipun Inayatulah, sadhèrèkipun Prabu Amanullah, tilas Nata Afghanistan, ingkang nêdya ngrêbat praja Kashmir. Nanging wontên pawartos malih, jalaran saking gêgayutan ebah-ebahan Islam.

Jaman manawi sawêg nuju rame, saênggèn-ênggèn tansah tuwuh sabab warni-warni, ingkang wohipun namung damêl botên têntrêm.

Jêpan kalihan Tiongkok. Jalaran saking wontênipun têtêping rêmbag saking Jêpan tuwin Tiongkok, Raad Volkenbond sagêd ngrampungi pasulayanipun praja kêkalih wau. Têtêping rêmbag wau ngêmot sawarnining jawabanipun Jêpan tuwin Tiongkok, miturut panêdhanipun Volkenbond. Suraosipun: Jêpan angakêni badhe miyarakên jajahanipun ing Mandsuriye, tuwin bab tindakipun Jêpan ngundurakên wadya; Tiongkok nanggêl dhatêng jiwa tuwin barang-barang gadhahanipun têtiyang Jêpan ing sajawining margi sêpur, ing wusana nêtêpakên Jêpan Tiongkok badhe nyêgah murih ura-uru botên andados.

Mugi-mugi pasulayanipun Jêpan tuwin Tiongkok tumuntên enggala sirêp.

EUROPA.

Coferentie[6] meja bundar ing London. Miturut pawartos saknig[7] London, conferentie meja bundar ngawontênakên rêrêmbagan, madêg saking golongan warni-warni, sasampunipun kalih dintên lajêng bibaran. Commissie wau ngrêmbag ing bab golonganing agami ingkang sami pasulayan wontên salêbêting parlement India enggal. Sang Gandhi pratela, bilih panjênênganipun badhe mêdal saking commissie wau. Pamanggihipun Sang Gandhi kamardikan India punika kêdah katêtêpakên wêwaton undhang-undhang, ingkang mawi asuka wanci tumrap ing India kangge nindakakên rêrêmbagan piyambak ing bab agami. Premier Mac Donald badhe parêpatan piyambak kalihan Sang Gandhi tuwin Aga Khan, ngrêmbag murih sudaning pasulayan pamanggih wau.

Wah, têka samantên ruwêding rêmbag-rêmbag ing London punika.

NAGARI WALANDI.

Rêgining gêndhis badhe mindhak. Wontên pawartos saking Den Haag, rêgining gêndhis badhe mindhak, têmtunipun gêndhis ing tanah Jawi botên kantun, inggih tumut mindhak.

Ing sadèrèngipun amanah panjang, ingriki namung ngucap sukur, dene rêgining gêndhis mindhak. Awit indhaking rêrêgènipun padagangan punika ugi atêgês ajênging panggêsangan.

Tilas secretaris Gemeente Bêtawi dados Burgemeester ing nagari Walandi. Wontên kabar, bilih Tuan P.J. Eggink, tilas Secretaris Gemeente ing Bêtawi, katêtêpakên dados Burgemeesten[8] ing Havelte, nagari Walandi.

Tuwan wau sajatosipun anggènipun dhatêng nagari Walandi nuju pêrlop, dèrèng pènsiun. Nanging ing sarèhning mila sampun wancinipun nêdha pènsiun, ing mangka wontên ingrika angsal kanugrahan, sagêd ugi lajêng têrus nêdha pènsiun. Dados tiyang punika manawi sawêg tinêngga ing bêgja, salami-laminipun dhatênga ing pundi kemawon, inggih manggih bêgja.

--- 1264 ---

Wêwaosan

Cariyosipun Nata ing Kelan

4.

[Dhandhanggula]

Ananging duk sarira ngalêntrih / sang awiku pan maksih kawawa / sumêmbah maring dewane / yèku panêmbahipun / maring dewa ingkang mêkasi / tanapi amêmuja / rinungu gumrumung / ngucap puja satus warna / kang cinathêt dening kang samya sumiwi / cêtha awela-wela //

para janma kang umirêng sami / mring sabdane sang pandhita tama / tanapi mring panêmbahe / samya angrês ing kalbu / datan kurang kang bela tangis / miwah cêtha têtela / ing pandakwanipun / kalamun sang maha wipra / datan darbe dosa marang sri bupati / suci ing batosira //

ing satêmah pra janma mangrêti / kanthi ngungun eram mring sri nata / dene têgêl nindakake / ngukum janma tan luput / lan kang dadya guru sajati / tinrapan siksa siya / winirangkên langkung / nanging wantuning kawula / datan ana kang kongsi wani umosik / rasaning kasisipan //

sang awiku kang tuhu linuwih / sanadyan ta antuk pamidana / tan pisan sêrik galihe / malah kalangkung sukur / agêngira anêpatani / maring nata ing Kelan / tan pisan tinêmu / malah kabatosanira / langkung wêlas ing tyas anggung amêmuji / kaluhuran narendra //

kang mangkana yèn rinasa yêkti / lêgawaning tyasira sang wipra / tuhu tan ana pindhane / sucining tyas rahayu / anggung tuwuh rasa ngadhêmi / mawèh arjaning jagad / myang saisinipun / sumawuring namanira / anggônda rum tanpa kêndhat lumastari / salami-laminira //

pêpuntoning tyas sang maharêsi / datan maring liyan anggêgawa / dhinadha nèng sarirane / dènnya antuk bêbêndu / kongsi antuk siksa linuwih / tuhu mantêp tinômpa / dadya ukumipun / sanggyèng kalêpatanira / kang sang rêsi pribadi datan udani / marma mung anarima //

tindakira risang maharêsi / kang pinangguh kalaning siniksa / kadi ta bab panêmbahe / kang amungkasi laku / dahat mawèh angrês ing ati / mring para siswanira / myang rêsi lyanipun / kalawan uning sanyata / luhuring kang ambêg panggalihan suci / dahat mawèh asmara //

III. Alun minggah ing dharatan

[Asmaradana]

Angrêsing tyas anumusi / mawèh tidhêming bawana / ambalêrêt kang srêngenge / maruta datan lumampah / lir kandhêg milu ngrasa / mring gênging sangsayanipun / ingkang nêmbe winisesa //

tan ana swara kapyarsi / mung tangis ingkang sumêla / mawor ing lisah umobe / myang plêthèk urubing wrêksa / kang minôngka pangobar / rasa kang mangkana iku / dadya sasmitèng duhkita //

sanadyan ta sri bupati / lêgêging galih katara / dènira angraosake / mung wantuning naranata / ambêg santosanira / ing galih têtêp tan kengguh / ngluhurkên pangaribawa //

riwusing tumêkèng pati / nulya adhawuh sri nata / dèn angkata kuwandane / linarunga mring samodra / mrih ywa nyangari praja / sadaya kang tampi dhawuh / tumandang kanthi udrasa //

wênèh kadi tan kadugi / tumindak gawe mangkana / kang kalangkung ing awrate / dening non sangsayanira / kang murwèng ing kasidan / samar kêsêmpyok bêbêndu / dènira tan darbe marma //

nanging yèn pinikir yêkti / tumindakira ing karya / datan dadya jalarane / amung lumaku sadarma / dhawuhing ratunira / marma nadyan arawat luh / tumandang kanthi arila //

ing batin kanthi mêmuji / sampurnanirèng sang dwija / ywa mangguh ucap tan sae / ing wusana paripurna / layon ingangkat sigra / sinarêngan pudya umyung / binêkta maring samodra //

kaananirèng jaladri / yayah arasa cumadhang / layon cinêmplungna age / ombaking alun samodra / sarèh tumêmpuh parang / nadyan nyuwara gumludhug / arasa raras udrasa //

tumundha-tundha nusuli / sarwa alon sab-êsaban / kadi minta age-age / datan antara kalakyan / kunarpa ingayatan / cinêmplungakên ing ranu / ingangkat alun sakala //

kacarita sri bupati / ing galih tan pisan mêndha / malah kalangkung dukane / nulya umanjing ing pura / maksa mring garwa nata / uga arsa antuk ukum / kang timbang lan dosanira //

kaparêngira sang aji / kang môngka pidananira / arsa cinêmplungkên mangke / ugi marang ing samodra / tan pae sang pandhita / mrih sirna kablabak ranu / ywa nabêti cidranira //

nadyan apanggah sang putri / kanthi cêtha apratela / tan rumasa tindak dede / nanging tan pisan wèh daya / tuwuhing pangapura / malah rasa ngosok-wangsul / sinêngguh miwal piala //

wêkasan jêng pramèswari / têtêp datan antuk daya / dènira mrih wilujênge / nulya mung asrah sarira / nêrusi batosira / mung suci kang têtêp tuhu / ing salami datan owah //

wus ingangkatan tumuli / cinêmplungakên samodra / tinampan ing alun gêdhe / ing sapandurat wus sirna / tan ana tabêtira / mung swarèng alun jumêgur / kumandhang nèng ngantariksa //

tyasing kawula matistis / samya abela sungkawa / kawaratan sadayane / ngunguning tyas tanpa kira / dene dêduka nata / sêrêngira sakalangkung / kalêmpit ing kalimputan //

tan uning marang wêwadi / wigatining lêlampahan / kang kalangkung ing lêpate / mangkya wusing kalêksanan / sri nata amisesa / mring sang wiku myang jêng ratu / mung mêmpên anèng kadhatyan //

paran kang dadya wêwadi / datan ana kang uninga / kaparêng nata ing mangke / mangkya ing salajêngira / sri nata lir umpêtan / tan pisan arsa kêpêthuk / lawan pra kawulanira // (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Catatan kaki:

1. Monggoli. (kembali)
2. ukum. (kembali)
3. ugi. (kembali)
4. carêmêdan. (kembali)
5. sagêd. (kembali)
6. Conferentie. (kembali)
7. saking. (kembali)
8. Burgemeester. (kembali)