Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11-04, #642

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11-04, #642. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-11-04, #642. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 88, 22 Jumadilakir Taun Je 1862, 4 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [1377] ---

Ăngka 88, 22 Jumadilakir Je 1862, 4 Nopèmbêr 1931, Taun VI

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Palapuran Bathik

III. Pamrayogi.

Ing Kajawèn ngriki kados sampun cêkap anggènipun adamêl wawasan kawontênanipun palapuran bathik ingkang dipun damêl dening panjênênganipun Tuwan P. de Kat Angelino. Ing ngriku para maos sagêd anguningani piyambak, kadospundi botên prayoginipun kawontênan-kawontênan ing panggaotan bathik umumipun, langkung malih kabudidayan bathik ing Lasêm, ngantos ing pundi-pundi dipun wontênakên parêpatan, prêlu anglairakên panyaruwe ing bab kawontênanipun panggaotan bathik wau. Samangke ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sawatawis mênggah pamrayoginipun Tuwan de Kat Angelino dhatêng nagari, ing bab panatanipun panggaotan bathik, murih saya saenipun. Miturut pangandikanipun tuwan de Kat Angelino kasêbut ing

Bêbuka

Wontênipun palapuran batik punika, botên ngêmungakên adamêl padhang mênggahing kawontênanipun panggaotan - panggaotan ingkang ngengingi pintên-pintên dasa èwu tiyang jalêr tuwin tiyang èstri, nanging samangke tumrapipun ingkang wajib ugi lajêng sagêd adamêl tatanan kanthi pangatos-atos, jalaran sampun anyumêrêpi dhatêng sadaya kawontênanipun padamêlan ing ngriku. Sampun têmtu anggènipun badhe adamêl tatanan wau, inggih botên kenging saupami lajêng ujug-ujug badhe dipun saèkakên sangêt, ngantos kadosdene tatanan ingkang sampun sae-sae sayêktos cara Eropah, nanging kêdah angèngêti dhatêng galagadipun kawontênan ing ngriki. Malah sanadyan namung adamêl rancangan tatanan cara ngriki kemawon, inggih mêksa kêdah ngatos-atos sangêt, tumindakipun kêdah kanthi alon-alonan. Tatanan ingkang sakintên sagêd adamêl kapitunanipun panggaotan bathik umumipun sampun guru-guru katindakakên, makatên ugi tatanan samangke ingkang dipun anggêp awon, punika inggih mêksa botên kenging saupami lajêng ujug-ujug dipun bucal, jalaran ingkang makatên punika sagêd ugi adamêl ambruking panggaotan.

Wontên malih angèlipun tumrap ingkang wajib anggènipun badhe damêl tatanan mênggahing panggaotan bathik, inggih punika ing bab kaanehan, warni-warnining jinis, punapadene kathahing wujudan mênggahing panggaotan wau, kados ta:

Caranipun manggaota băngsa kilenan, punika limrahipun wêdaling waragad kathah sangêt, upaminipun: ngawontênakên pabrik, mêsin-mêsin, têtiyang ahli ingkang dipun patah dados juru panaliti. Kajawi punika kêdah miturut pranataning nagari, ingkang ugi kanthi waragad [wa...]

--- 1378 ---

[...ragad] agêng. Lajêng kasamèkna kalihan kawontênanipun panggaotan bathik, ingkang pirantos-pirantosipun namung sarwa prasaja. Amila para bêbêrahipun inggih gampil angsalipun. Tumraping juragan ingkang makatên punika inggih kalêrêsan sangêt, jalaran kathah kauntunganipun dening lajêng sagêd tansah anyuda epahaning para bêrahipun wau. Dados saupami badhe ngalitakên utawi ngagêngakên panggaotanipun, inggih kanthi gampil kemawon, pangangge lan angêdalakên tiyang inggih sagêd kanthi sapurun-purun.

Jalaran saking kawontênanipun ingkang makatên punika, kawontênanipun panggaotan bathik lajêng botên sagêd ajêg, ingkang samangke sagêd tumindak sae, sagêd ugi enjingipun lajêng ambruk. Makatên ugi panggaotan ingkang samangke sagêd nindakakên ingkang dados tatananipun kanthi lêrês, enjingipun sagêd ugi anganggêp bilih tatanan wau awrat sanggènipun.

Inggih ingkang makatên punika ingkang andadosakên kawratanipun ingkang wajib angrancang tatanan ingkang sagêd mathuk katindakakên wontên ing panggaotan bathik wau.

Tujunipun samangke kenging dipun ajêng-ajêng, bilih panggaotan bathik ingkang kawontênanipun pancèn awon sangêt, botên watawis dangu malih mêsthi badhe ical piyambak, botên jalaran lajêng dipun wontêni pranatan, nanging jalaran anggènipun tansah dipun titipriksa lan dipun ulat-ulati dening para priyantun pangrèh praja tuwin para priyantun kantor pakaryan.

Tumrap panggaotan-panggaotan ingkang prêlu sangêt kêdah dipun wontênakên tatanan tuwan de Kat Angelino ngaturi ancêr-ancêr, kadospundi caranipun ingkang wajib anggènipun badhe adamêl tatanan wau. Ingkang punika amila lajêng kêdah adamêl wawasan cêkakan mênggah kawontênanipun panggaotan bathik ingkang prêlu kêdah tumuntên dipun wontênakên tatanan, mawi adhêdhasar pamrayoginipun ingkang adamêl palapuran bathik wau.

Dene ingkang prêlu sangêt kêdah tumuntên dipun tata, inggih punika ing bab epahaning bêrah, pambayaripun, panyathêtipun epahan, kawontênaning bab sambutan tuwin lampahing dhêndhan, kawontênan ing salêbêting panggaotan, sadhengah ingkang botên nyakecakakên dhatêng padamêlanipun para bêbêrah wontên ing ngriku ingkang botên sakeca sangêt. Kajawi punika tumindakipun padamêlan ing wanci dalu tumrap tiyang èstri, punapadene panyambutdamêlipun lare-lare ingkang sami dèrèng umur, inggih pantês kêdah enggal-enggal dipun wontênakên tatanan.

Nanging sadèrèngipun angandharakên pamrayoginipun ingkang adamêl palapuran wau, langkung rumiyin tuwan kasbut adamêl wawasan sawatawis, kadospundi cara-caraning pamarentah anggènipun badhe angayomi para bêbêrah umumipun, ingkang sami nyambut damêl wontên ing panggaotan bathik.

Awit kêdah angèngêtana, bilih juragan ing panggaotan bathik punika, dumuginipun samangke, dipun sakajêng kemawon, salami-laminipun botên nate dipun têdahakên ing kuwajibanipun, supados patrapipun dhatêng para bêbêrahipun ingkang sae, sampun sapurun-purun. Ingkang dados juragan ing jaman samangke, punika taksih sami kemawon kalihan ingkang rumiyin, sêsêrêpanipun botên beda kalihan kuli-kulinipun, ingkang dados juragan wau sami botên mangrêtos, bilih sae tangkêpipun dhatêng para bêbêrahipun punika satunggiling kuwajiban ingkang prêlu piyambak.

Ing jaman samangke, pangrêksanipun dhatêng kaum bêrah, kados ta: rêsik lan sarasing papanipun nyambut damêl, sênênging para bêbêrah, lan sasaminipun, punika kêdah dipun wigatosakên. Ing măngka ing bab punika nagari botên krêsa cawe-cawe, makatên ugi nagari botên angwontênakên bêbadan ingkang dipun wajibakên aparing sêrêpan utawi pamrayogi ingatasipun bab punika. Ing sarèhning kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, kaum juragan punika taksih kathah ingkang dèrèng mangrêtos, amila inggih sampun lêrês kemawon, bilih tindak ingkang makatên wau tansah ajêg.

Mênggah saking rêmbagipun ingkang adamêl palapuran bathik, angaturi pamrayogi supados nagari, manawi angwontênakên tatanan, adhêdhasar panuntun saha pamardi dhatêng para juragan, murih patrapipun dhatêng kaum bêrah sagêda sae pangopènipun. Jalaran wontênipun bêrah ing panggaotan bathik ingkang kirang prayogi, punika kathah kemawon ingkang sajatosipun botên sabab dipun têmaha, nanging namung saking botên mangrêtosipun. Ewasamantên inggih kathah kemawon, kaum juragan ingkang sêngaja anyawiyah dhatêng bêbêrahipun saha namung mikantukakên badanipun piyambak. Mênggahing juragan ingkang atrajang makatên punika, sampun mêsthinipun kêdah dipun patrapi paukuman ingkang samurwatipun.

Amila saupami nagari angwontênakên pranatan, saangsal-angsal mawi angèngêti dhatêng panindak kalih warni wau. Dene ing têmbe ingkang wajib kêdah ngulat-ulatakên mênggah tumindaking pranatan wau, para amtênar ing kantor pakaryan.

Tumrap panggaotan, ingkang juraganipun sêngaja botên purun ngèstokakên dhatêng tatanan nagari wau, kêdah lajêng dipun pidana samurwatipun.

Salajêngipun para amtênar arbèd, tuwin para amtênar pangrèh praja ingkang ambawahakên, dipun paringana wêwênang tansah anitipriksa punapadene ngulatakên ing sadayanipun. Kados ta: wênang amêksa dhatêng kaum juragan samăngsa ambayari dhatêng bêbêrahipun, sagêda para amtênar wau anênggani. Manawi dipun manah prêlu ugi dipun paringana wawênang lajêng anutup panggaotan wau kangge sawatawis măngsa. Awit ingkang makatên punika sampun nama satunggiling paukuman agêng tumrap kaum juragan, jalaran inggih salêbêting panggaotanipun dipun tutup wau, sampun têmtu kathah sangêt kapitunanipun.

Kajawi punika, para juragan ingkang sami nêrak pranatan tatananing nagari wau, sagêda dipun prakawis saha lajêng kainggahakên dhatêng pangadilan.

--- 1379 ---

Jagading Wanita

Kaprigêlan Olah-olah

Mênggahing bab olah-olah, punika nama satunggiling wajib tumrap para wanita, awit mênggahing kalimrahan, botênan sagêd olah-olah punika nama kuciwa, tur mênggahing pikantukipun, wanita sagêd olah-olah punika badhe mikangsali dhatêng badanipun piyambak, sapisan sagêd nyumêrêpi dhatêng tumindaking kabêtahan griya ingkang gêgayutan kalihan têdha, kaping kalihipun, manawi kalêrêsan, sagêd adamêl panujunipun guru laki, lah badhe pados punapa malih, tiyang èstri manawi sampun angsal pangalêmbananing tiyang jalêr. Mila bab olah-olah punika pantês kawigatosakên.

Ingkang dipun wastani sumêrêp ing kabêtahan, sanadyan botên kacariyosna panjang, tiyang inggih sampun sumêrêp. Upaminipun rêrêgèning têtumbasan ing pêkên sapanunggilanipun. Nanging ingkang dipun kajêngakên botên makatên, awit tiyang têtumbas manut ing rêrêgèn, punika sintêna kemawon inggih sagêd nindakakên, saha kawontênan ingkang kados makatên punika nama pinanggih wontên ing tiyang ingkang kasêmbadan, balik tiyang ingkang nuju kacingkrangan, tamtu lajêng kapêksa ngrigênakên kabêtahan murih dados ringkês. Awit manawi botên makatên, sagêd ugi pinanggih bobol ing wingking, kabêkta namung saking rikuh angewahi bêtah padatan. Dene ingkang nama sagêd ngringkês wau, sagêd ngêdalakên waragad sakêdhik, nanging lumadosing têdha sagêd dipun rahabi ing guru laki. Tamtu kemawon pinanggihipun rêrigên ingkang kados makatên wau agêgayutan saking sagêd olah-olah, wêkasan gathuk sagêd damêl panuju.

Ingkang pinanggih wontên ing jaman sapunika, tatanipun tiyang badhe sinau olah-olah punika sampun botên kêkirangan margi, kados ta buku-buku bab olah-olah sampun botên kêkirangan, ingkang basa Walandi, Malayu tuwin Jawi sampun wontên. Olah-olahanipun warni-warni, cara Walandi, Jawi, Malayu, bangsaning lêlawuhan, dhêdhaharan tuwin sanèsipun, dalah olah-olahan cara Tionghwa, ingkang kawangun inggih wontên, cêkakipun sampun botên nguciwani. Sadaya wau taksih nama wêwarah, dados sanadyan sadaya sampun mawi wêwaton cêtha, nanging tumrap anggènipun nandangi asring taksih tuna dungkap, amargi caking pangolahipun ingkang kanthi pathokan wau sok pinanggih botên nocogi kalihan ingkang ngraosakên, dados inggih kêdah mawi dugi-dugi, manut ingkang badhe ngraosakên, lan malih tuna dungkaping pangolah wau ugi jalaran pinanggih saking dèrèng kulina ngêcakakên. Ewadene bab makatên punika tumrapipun ing jaman sapunika inggih sampun botên nguciwani, amargi para wanita sampun sami nindakakên karukunan ing bab olah-olah, mèh ing sabên nagari wontên. Inggih jalaran tindak ingkang kados makatên punika ingkang dados caraning tumindaking damêlan. Lan malih tumrap pamulangan èstri ugi

--- 1380 ---

wontên ingkang nindakakên wulangan olah-olah.

Mênggahing bab olah-olah kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, jangkêpipun kajawi mêpêki barang ingkang badhe dipun olah, ugi kêdah pêpak barang pirantosipun ingkang kangge ngolah. Jalaran saking pathokan kalih prakawis wau, têtela bilih jangkêpipun wau namung pinanggih wontên ing tiyang ingkang kasêmbadan, tumrap ingkang botên kasêmbadan, namung lajêng wêgah, dening botên kadugi marnèkakên pirantos tuwin barang ingkang badhe dipun olah. Wêkasan sok lajêng nuwuhakên pamanggih botên lêrês, mastani manawi tiyang rêmên olah-olah punika namung badhe dados tiyang mangani.

Pamanggih kados makatên punika pancèn inggih wontên lêrêsipun, nanging tiyang sampun lajêng gêga-gêganên, tuwin sampun lajêng gadhah tindak mangani, ngèngêtana bilih olah-olah punika kawruh, dados mênggahing kawruh makatên, kalamăngsa inggih wontên damêlipun, upaminipun manawi nuju wontên sanak sadhèrèk gadhah damêl, punika tumraping wanita ragi kêjibah ingatasing olah-olah, saupami kalamangsanipun kados makatên punika wontên wanita ingkang botên sagêd olah-olah, măngka têtunggilan kalihan sanak sadhèrèk sami olah-olah, tamtu inggih rumaos rikuh.

[Grafik]

Para murid èstri ing paksêkul, ing Amsêtêrdham, ingkang sawêg olah-olah.

Sayêktosipun caraning wanita rêrukunan utawi biyantu damêl ing kalanipun wontên prêlu, tumraping băngsa Jawi kêlimrah sangêt, mila caraning tiyang gadhah damêl, wontên ulêm-ulêm wanita dipun wastani ngêthok lombok, inggih punika atêgês ulêm kapurih rêrencang olah-olah, anggènipun ngaturi taksih kirang sawatawis dintên saking têmpuking damêl.

Cara ingkang kados makatên punika sayêktosipun warni-warni sangêt pigunanipun, sapisan angrakêtakên pasêdhèrèkan, kaping kalih ngatingalakên ing bab kagunan olah-olah, ing ngriku lajêng sagêd katingal warni-warnining olah-olahan [olah-olaha...]

--- 1381 ---

[...n] ingkang sami dipun tandangi ing sanak sadhèrèk, inggih sabotên-botênanipun ingatasipun tiyang gadhah damêl, olah-olahanipun tamtu warni-warni, dene kaping tiganipun prêlu kangge ngajari dhatêng para neneman ingkang sami dèrèng sagêd olah-olah. Mênggah caranipun ingkang dèrèng sagêd olah-olah wau kapurih tumandang ing damêl ingkang gampil-gampil, upaminipun mêthiki jêjanganan, ngrajang brambang, anggêgorèng, tur sadaya wau taksih dipun ulat-ulatakên ing tiyang sêpuh, awit sanadyan ngrajang brambang utawi anggêgorèng, inggih sami mawi pathokan. Dangu-dangu lajêng dipun ajar ambumboni, salajêngipun lajêng sagêd olah-olah. Tumrapipun lare èstri, kajawi manawi nuju rêrencang, bab olah-olah punika inggih dipun lêlantih kalanipun wontên ing griya, mila ing kala rumiyin, tiyang èstri punika nracakipun sami sagêd olah-olah. Nanging tumrapipun kala jaman samantên, para wanita inggih dèrèng ngambah jaman kamajêngan kados ing jaman sapunika. Kados makatên pinanggihipun kaprigêlan bab olah-olah.

Kawruh sawatawis

Caplin

Sambêtipun Kajawèn nomêr 87.

Ing Kajawèn nomêr 87 sampun nyariyosakên ing bab Tuwan Caplin anggènipun nglucu, inggih sintêna kemawon ingkang sumêrêp patrapipun Tuwan Caplin manawi nuju ambanyol tamtu gumujêng, tur luconipun wau namung pinanggih wontên ing patrap kemawon. Ing ngriki prêlu nyêlani sakêdhik ing bab kajênging têmbung lucu. Mênggah lucu punika gadhah kancuhan: cucud, nanging raosipun beda, lucu punika sampun mastani, têgêsipun tiyang wincantên, ingkang pancèn anjarag badhe adamêl gujêng, limrahipun dumunung ing badhud, nanging mênggahing cucud, punika tumraping tiyang ingkang wicantên limrah sagêd adamêl gujêng, têgêsipun botên niyat ambadhud. Ing sapunika tumrap luconipun Tuwan Caplin beda malih, amargi patraping nglucu botên namung prêlu pados gujêng, ugi mawi dhinapuk lêlampahan ingkang manawi dipun gagas lajêng gadhah raos adamêl ngêrêsing manah, mila lêlampahan ingkang dipun tindakakên dening Tuwan Caplin, ingkang kathah ugi mawi lêlampahan makatên, kajawi lêlampahanipun panjang tuwin tanpa kêndhat mawi lêlucon, nanging amujudakên patrap ingkang nabêt wontên ing manah. Wontên lêlampahan ingkang cêkakaning cariyos makatên.

Wontên tiyang sugih rêmên mêndêm, punika kalanipun mêndêm, asih sangêt dhatêng sawênèhing tiyang jalêr anèm, inggih punika Tuwan Caplin, ngantos dipun anggêp kados mitra darma. Nanging manawi sampun botên mêndêm, botên wanuh malih. Wantuning tiyang jalêr wau salugunipun tiyang malarat, dados anggènipun dipun sihi ing tiyang sugih wau dhapur kalêrêsan, amargi sagêd anggampilakên anggènipun angsal panggêsangan, saya manawi nuju kalanipun [ka...]

--- 1382 ---

[...lanipun] mêndêm, gampil sangêt wêdaling artanipun, sanadyan dipun têdhanana arta pintên kemawon inggih lajêng nyukani. Mila tumrap tiyang anèm wau sabên tiyang ingkang ngêsihi nuju mêndêm, lajêng nindakakên pangadi-adinipun, nêdha arta, inggih dipun pituruti.

[Grafik]

Tuwan Caplin kalihan lare alit nuju main mêmindha tiyang mlarat.

Nanging watakipun tiyang anèm wau ngêbrèh sangêt, anggènipun angsal arta namung kados madhahi toya wontên ing kalo, botên ngantos kèndêl dangu, dupèh anggènipun pados gampil. Nanging sajatosipun ambarabasing arta wau botên namung dipun bucal tanpa tănja, malah tumănja kangge mitulungi tiyang kasusahan, kathah tiyang ingkang sampun dipun pitulungi dening tiyang anèm wau. Mila pinanggihipun inggih namung ajêg dados tiyang malarat.

Kacariyos wontên sawênèhing wanita sade sêkar, sakalangkung sulistya ing warni, nanging nandhang sakit mripat, ngantos botên sumêrêp tiyang. Tiyang jalêr anèm wau kêrêp dhatêng ing ngriku, prêlu tumbas sêkar, tur manawi tumbas wau anggènipun nyukani arta langkung saking mêsthi. Jalaran saking kêrêpipun, tiyang èstri wau ngantos kulina, saha lajêng gadhah pangintên, bilih tiyang ingkang ambêg lêgawa kados makatên punika tamtu miliyunèr, awit saupami sanès miliyunèr, măngsa sagêda dêdana kathah mèh sabên dintên dhatêng piyambakipun.

Sajatosipun tiyang jalêr wau pancèn tiyang mlarat sayêktos, panggêsanganipun kenging dipun wastani saking anggènipun papariman, nanging sampun dilalah watakipun tiyang ngêbrèh, sanadyan sampun angsal margi sakeca, gêsangipun sagêd pyah-pyoh arta, inggih mêksa botên sagêd nyêkapi. Makatên malih, tiyang anèm wau sajatosipun kêtarik ing manah dhatêng tiyang èstri ingkang sade sêkar wau, mila kadamêl gêlar sarana tindak loma, murih dipun wastanana tiyang sugih. Nanging sêdyanipun tiyang jalêr wau inggih taksih mandhêg mangu, amargi wanita wau sanadyan sulistya ing warni, nanging sakit mripat sangêt, prasasat sampun satêngah wuta. Ewadene tiyang jalêr wau ugi botên kecalan pambudi, tiyang èstri kapurih jêjampi dhatêng dhoktêr. (Badhe kasambêtan)

--- 1383 ---

Jagading Sato Kewan

Bab Lêmbu Pajangan

Ngaturakên andharan ingkang sampun kula janjèkakên ing Kajawèn nomêr 80 sapiturutipun, inggih punika bab lêmbu pajangan, punika kados ing ngandhap punika:

Sayêktosipun prakawis têtingalan lêmbu pajangan inggih gêgayutan kalihan ajênging rajakaya. Parentah botên tumut-tumut ngadani karameanipun, ewadene bab ingkang wigatos inggih dipun panggalih, inggih punika aparing prèmi sataun-taunipun f 20,- tumrap lêmbu-lêmbu èstri ingkang kalêbêt sae sarta ingkang dipun udi gadhah pêdhèt. Pramila wontên pranatan makatên wau jalaran kasêngsêmipun dhatêng lêmbu pajangan tiyang lajêng kasupèn dhatêng pamrêdining pambranahan, dados manawi ningali lêmbunipun thipluk-thipluk manahipun sênêng. Kapitunan botên dipun èngêti, inggih punika lêmbu èstri ingkang dipun lêmakakên wau têmtu lajêng majêr.

Sanadyan parentah botên ngadani rame-ramenipun, ewadene ing dhusun-dhusun sami madêg karamean pajangan awit saking rukunipun tiyang dhusun, pramila ing mangsanipun damêl karamean, ngrika-ngriki sagêd kapirêng pawartosipun, lan makatên punika nandhakakên sampun manjing dados kasênênganipun têtiyang dhusun (golongan tani).

Pasang rakitipun lêmbu pajangan kados lêmbu kêrapan, namung kaot lêmbu pajangan punika èstri-èstri, suraosipun namung badhe kapamèrakên bab anggènipun manawi dipun madamêlakên, pramila dipun canthèl mawi waluku sayêktos, lajêng dipun dadar kawêgiganipun nalika kangge madamêl. Prabot sanès-sanèsipun ingatasipun upacara kados lêmbu kêrapan, dados pasangan ingkang dipun sukani umbul-umbul bandera pêthak 3 iji inggih wontên, lajêng rêrênggan liyanipun, upami: krincingan, tabuhan tuwin sapanunggilanipun kêdah wontên.

Dene panggenan kalêmpakipun beda, botên wontên ing papan ngênthak-ênthak, nanging milih papan ingkang bawera, ingkang edhum. Pamilihipun papan ingkang kathah uwitipun siwalan. Papan kados makatên punika kathah, awit siwalan ing Madura tuwuhipun kados kalapa ing tanah Jawi. Pananêmipun beda, inggih punika ing kikising siti pakarangan utawi patêgilan, sarta pananêmipun kêrêp, ewadene botên dados sănggarunggi, liripun gêsangipun sae kemawon, malah mahanani trampiling pandèrès, dados manawi andèrès botên minggah mandhap, cêkap saking tataran planggrangan kangge tumimbal dhatêng uwit liya-liyanipun, pramila angsalipun lêgèn kathah sangêt. Awit saking punika ing ngriku caranipun mêndhêt lêgèn mawi timba godhonging siwalan, punika isinipun saêblèg lisah patraliyum, dene bumbung namung kangge tadhahing dangu kemawon. Lêgèn wau lajêng kangge gêndhis, warni saha raosipun kados gêndhis kalapa, ing ngriku dipun wastani: gula tarebung. Wêdalipun dhatêng tanah Jawi ugi kathah sangêt, pramila inggih dados kaskayanipun tanah Madura.

--- 1384 ---

Sapunika nglajêngakên rêmbag, ing papan paklêmpakan dipun wontêni gapura, dinamêl saking anaman dêling, rinêngga ing sêkar buntal, janur kuning tuwin sasaminipun, punika ingkang sayêktosipun dipun wastani pajangan. Dados tuwuhing nami lêmbu pajangan saking kawontênanipun ngriku punika. Mênggah lampahipun ugi kaudi sagêdipun nêmpuh angin, (majêng ngetan), punika namung pamrih dhatêng umbul-umbul sagêda kumrêbêt, binarung kalihan ungêling têtabuhan dados sêngsêming manahipun. Punika saking panggagas kula piyambak.

Sampun kasbut ing ngajêng pajangan punika makna andadar lêmbu dipun madamêlakên, pramila ingkang dipun bijèni lampah tumandangipun dhatêng padamêlan, inggih punika kangge ambrujul (mluku), ananging rèhning mawi linut ing têtabuhan, dados mêmanising tanduk mawi dipun dhawahakên irama: jangkah langkah raosipun kadhawahakên kêthuk kênong, ingkang ngirid sajak tumut anglêsipun, dados manawi dhawah êgong suku têngên kadhawahakên, tur mawi pacak gulu.

Ingkang angsal biji sae manawi lampahipun lêmpêng, sampun têmtu lajêng sagêd nuju dhatêng gapura, salajêngipun ambrobos lan nuntên mêdal ing kalangan sawingkinging gapura, ing sangajêngipun para tamu-tamu ingkang sawêg lênggahan. Makatên ugi juru nimbang lajêng ngrampungi awon saenipun, ingkang angsal pangalêmbana buntuting lêmbu lajêng dipun kanthil-kanthili kacu, ingkang ragi ambaludag kacunipun sutra, plangi sasaminipun, punika sadaya dados tanggêlanipun ingkang atur-atur (gadhah damêl), pramila bab sêsêgah ugi kagolong dados tanggêlanipun.

[Grafik]

Lêmbu èstri ingkang sae.

Sapunika ngaturakên pathokanipun ambijèni, sapisan: wujud, punika dumunung awon sae agêng alitipun lêmbu. Kaping kalih lampah, punika mèmpêripun botên beda sadhèrèk tani Jawi, ingkang nama sae: lampahipun nurut kalenaning galur. Wirasatipun lêmbu kados makatên: sabên kacanthèl lajêng ngungal dhadha (mlangak), tansah kêdhèp mripatipun kalihan dilat-dilat irungipun, wiraosipun: ambangun turut.

Rèhning ingkang dhatêng kirang kung[1] 50 pasang, dados manawi jam 8 enjing tapuk, jam 12 sampun rampung, lajêng dhahar sêsêgah wasana lajêng bibaran. Sanès dintênipun ing sanès panggenan, lajêng sapiturutipun. Mugi wontêna paedahipun dhatêng para maos.

Sumadi.

--- 1385 ---

Kawruh padhalangan

Ringkêsaning Kawruh Padhalangan Ringgit Purwa ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 86.

Panganggenipun gêndhing wontên ing pathêt manyura.

Gêndhing kăndhamanyura, talimurda, capang, moncèr, sobah, gonjang-cèrèt, wani-wani, runtik, banthèng-warèng, kangge ringgit bapangan.

Gêndhing-gêndhing sanèsipun kangge ringgit gabahan utawi èstrèn. Ricik-ricik kangge danawa raton.

13 Bab ayak-ayakan tuwin sampak.

Pamatrapipun:

Ayak-ayakan punika peranganipun kados ing ngandhap punika:

I. Ayak-ayakan ing laras nêm: 1 lasêm, 2. anjangmas, 3 tlutur.

II. Ayak-ayakan ing laras sanga: 1. jêngking (= sanga limrah), 2. gadhung-mlathi, 3. tlutur.

III. Ayak-ayakan ing laras manyura: 1. manyura limrah, 2. manyura alit, 3. tlutur.

Plajêngan utawi sampak peranganipun kados ing ngandhap punika:

I. Wontên ing laras nêm: 1. slêpêgan nêm, 2. tlutur.

II. Wontên ing laras sanga: 1 slêpêgan sanga (ugi kawastanan: sampak sanga), 2. sampak sanga kêrêpan, 3. tlutur.

III. Wontên ing laras manyura, peranganipun kados wontên ing laras sanga.

Ayak-ayakan punika panjantur kalihan tanginipun (= botên kajantur) kenging wontên ing sadaya cengkok, dados botên mawi panggenan kados gêndhing, makatên punika tumraping laras nêm, sanga, tuwin manyura. Namung ayak-ayakan anjangmas, têlasing panjantur kêdah wontên ing gong laras gulu agêng.

[Grafik]

Tuladha mripat talupan

Wondene pamatraping slêpêgan utawi sampak kados ayak-ayakan.

Panganggenipun:

Ayak-ayakan lasêm, kangge sadaya lampah sarta bêdholan ingkang sarèh-sarehan.

Ayak-ayakan anjangmas, kangge manawi raton sampun kèndêl kajantur, wontên sangajêngipun gapura.

Ingkang kangge bêdholan jêngkaring ratu jêjêr ngangge ayakan [a...]

--- 1386 ---

[...yakan] lasêm, nanging buka saking gulu agêng, dhatêng gangsal.

Ingkang kangge gegeran jawi salêbêting jêjêr, inggih punika badhe angwontênakên babak unjal, ngangge ayak-ayak lasêm katêrusakên irama sêsêg.

Ayak-ayakan tlutur, kangge sadaya lampah wêlasan.

Panganggenipun ayak-ayakan ing laras sanga sami kalihan panganggenipun ayak-ayakan lasêm, utawi kangge adêgan ingkang botên ngangge gêndhing. Ayak-ayakan tlutur ugi kangge lampah wêlasan.

Ayak-ayakan laras manyura panganggenipun sami kalihan ing laras sanga.

Wondene panganggenipun slêpêgan utawi sampak, tumrap salêbêting laras nêm, sanga, tuwin manyura, kangge sadaya lampah sarta bêdholan rêrikatan utawi gugup, tuwin kangge pêrangan.

Bab lampah-lampahing dhalang angringgit sadalu.

Lampah-lampahipun angringgit sadalu punika murih gampilipun kêdah sarana mawi anggancarakên lampahan satunggal ingkang sakintên pêpak pirantos saha lampahipun. Ing ngriki ngangge tuladha lampahan: Partakrama. Dene ingkang botên kasrambah saking lampahan Partakrama punika, badhe kasrêmpilakên wontên ing ngandhap, kados ta: sasampuning prang ampyak, wontên adêgan kalih raton, utawi jêjêran ingkang tumrap dewa, lan raton sanèsipun Krêsna. Dados gancaran lampahan ing ngandhap punika sasagêd-sagêd maligi namung ngêwrat bab lampah. Nanging sarèhning pamilahipun punika botên gampil, mila kala-kala sok ngowat-awut sanès-sanès bab, punika namung murih têrangipun.

Jêjêr Bathara Krêsna, kaadhêp Sêtyaki, Sămba, katamuan Sri Baladewa. (mirsanana gêndhing krawitan) gêndhing kajantur, lajêng ucap-ucapan (ăngka: 1). Sasuwuking gêndhing katampi ing pathêt nêm agêng, têrus ada-ada girisa. Lajêng wiwit ginêm (ginêm: 1), salêbêting ginêm sadaya suraos ingkang miraos kados ta: sisah, kalêgan, utawi nêpsu, kêdah dipun sukani: pathêt utawi ada-ada.

Babak unjal (bab gêndhingipun mirsanana ing golongan gêndhing babak unjal) lampahipun saking sêndhon pananggalan, dhawah ayak-ayakan lasêm, têrus kasêsêgakên. Dhalang lajêng nyirêp, ayak-ayakan taksih sêsêg. Dhalang angucapakên gègèring jawi, (ucap-ucapan ăngka: 2).

(badhe kasambêtan)

Sadaya ucap-ucapan ginêm ing ngriki namung dipun angkani kemawon. Ing wingking sadaya wau badhe kaklêmpakakên dados satunggal bab.

Pawartos saking Rêdhaksi

R.M.P. ing Kaliwungu. Sêrat panjênêngan sampun dumugi, Pênthul ngaturakên panuwun.

Lêngganan nomêr 4383. Sawarnining sêrat anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, panjênêngan sagêd mundhut dhatêng Secretariaat Java Instituut, Kadipala, Surakarta.

Tuwan P. Sumarta ing Bulèlèng. Prayogi ngintunakên potrètipun kemawon, alit-alitipun ukuran 9X12 cm, manawi kamahan migunani inggih kapacak.

--- 1387 ---

Margi Karèt

Para maos tamtunipun botên kêkilapan dhatêng ingkang dipun wastani karèt, awit kathah sangêt barang-barang ingkang badhenipun karèt, lan malih inggih botên kêkilapan dhatêng kawontênanipun tanêman karèt ing jaman sapunika, ing pundi-pundi ugi mèh wontên. Agênging kabudidayan karèt, nandhakakên manawi karèt punika dados padagangan linangkung, saha baku dados padagangan ingkang nyantosani.

Jalaran saking kêlimrahipun padagangan karèt wau, ngantos sagêd tumular dhatêng golongan tiyang siti, lajêng sagêd nelad akêbon karèt piyambak. Jalaran saking tumidaking padagangan wau, tumraping tiyang siti inggih lajêng kêsrempelan sagêd angraosakên sakecanipun. Kathah têtiyang siti ing tanah sabrang ingkang sami sagêd manggih kamulyan jalaran saking anggènipun akêbon karêt. Kajawi punika, ugi taksih sagêd murakabi dhatêng têtiyang ingkang panggêsanganipun namung sade bau, kados ta dados juru pangupakara kêbon, dados tukang andèrès, malah tumrap tukang andèrès punika ingkang cêpak sagêd kasrambah ing arta kathah. Mila nalika rame-ramening panggaotan wau, mênggah caraning pêkên, sawêg wanci agêng-agênging pêkên, kathah tiyang ingkang pyah-pyoh arta, panganggêpipun amastani arta kantun ngêruki, lajêng kathah tiyang ambucal arta tanpa to.[2]

Ing wusana botên ngintên, bilih padagangan wau lajêng dados pêjah, tumrap tiyang siti ngrêkaos sangêt anggènipun badhe nyade karètipun.

Ing bab makatên wau tumraping para among dagang, tamtunipun inggih tansah nindakakên pambudidaya kadospundi prayoginipun.

Ngèngêti kaowntênan ingkang kados makatên punika, lajêng wontên pangrekadaya. Kacariyos ing Têlukbêtung wontên cobèn-cobèn adamêl margi karèt, kados ingkang cêtha gambar nginggil punika, nanging caranipun beda kalihan ingkang kêlimrah. Tumindaking padamêlan wau miturut saking pamanggihipun tuwan van Suchtelen van der Haere, administratur kabudidayan Rêjasari.

Karèt wau botên kangge lapis wontên ing nginggil, nanging kangge lapisan wontên ing têngah, antawising aspal kalihan siti. Manawi pigunanipun mikantuki, badhe dipun lajêngakên.

Dados wontên kalanipun, măngsa kapèpèt punika sagêd nuwuhakên akal budi.

--- 1388 ---

Sanès Praja

Tamu saking Tanah Malayu

Sampun sawatawis dintên, Balepustaka katamuan Tuwan Zaenal Abidin amtênar saking Malaya, tanah Malayu. Tuwan wau wontênipun ing ngrika dados juru ngarang kadosdene juru ngarang Balepustaka makatên, nanging kawontênanipun taksih alit. Ing samangke kautus ing parentah kadhawuhan anjajah tanah ngriki, prêlu kadhawuhan nyinau kawontênanipun. Dumuginipun ing Balepustaka, tuwan wau sampun mêntas lêlana ing tanah Jawi, sampu[3] wontên salêbêtipun nêm minggu.

Dhatêngipun tuwan Zaenal Abidin ing Balepustaka, tinampi dening pangagêng, sasampunipun têtêpangan saha tamu mratelakakên prêlu-prêlunipun, lajêng kairit ningali kawontênanipun Balepustaka, ing ngriku katingal anggènipun rêna, saha mratelakakên bilih kawontênanipun ing Balepustaka wontênipun ing tanah Malayu sampun kasumêrêpan umum, kabêkta saking sumêbaring sêrat-sêratipun waosan punapadene kalawartinipun.

Tuwan Zaenal Abidin lajêng têtêpangan kalihan para redhaktur ing Balepustaka golongan warni-warni, kados ta redhaktur Jawi, Malayu, Sundha, Madura tuwin para redhaktur kalawarti Kajawèn, Panjipustaka tuwin Parahyangan. Tangkêbipun katingal rumakêt, katingal kados sampun pakulinan dangu.

Tamu wau lajêng dipun suwuni katrangan, kadospundi mênggah wawasanipun tumrap wontên ing tanah Jawi. Tuwan Zaenal Abidin mratelakakên bilih kawontênanipun ing tanah Jawi katingal majêng sayêktos, kamajêngan wau ingkang katingal cêtha, ing bab pangajaran, babagan Islam, punapadene kabangsan. Tuwan wau wontên ing pundi-pundi amrangguli titiking kamajênganipun sadaya wau. Ingkang sakalangkung adamêl gawoking manah, ing bab pamulangan, kenging dipun wastani ing saênggèn-ênggèn wontên, makatên ugi ing bab kabudidayan tiyang ngriki ingkang adhêdhasar kabangsan, kados ta bang kabangsan, punika katingal prayogi sangêt, saha nalika wontên Ngayogyakarta nyumêrêpi kawontênanipun pamulangan Muhamadiyah, punika ugi anggawokakên, ingatasipun pamulangan partikêlir têka tatananipun sairib kemawon kalihan pamulangan nagari, sadaya sarwa sae tuwin nyêkapi.

Tuwan wau lajêng gêntos nyariyosakên kawontênanipun tanah Malaya, ing ngrika têtiyangipun dèrèng majêng, caraning malêbêt dhatêng pamulangan taksih sarana dipun pardi, dèrèng wontên tiyang ingkang gadhah osik nêdya malêbêt sêkolah saking kajêngipun piyambak, nanging pamardi ajêngipun tiyang murih sami sakolah, tansah tumindak kêncêng, botên dangu kintên-kintên inggih lajêng sagêd umum. Bab kados makatên punika, kawontênanipun botên beda ing tanah Jawi ngriki, kala jaman tiyangipun dèrèng majêng, pamulangan sami ambêtahakên murid

--- 1389 ---

para ingkang wajib tansah mardi dhatêng têtiyang ing wêwêngkonipun, supados anglêbêtakên lare-lare dhatêng pamulangan. Dados kawontênanipun ing Malaya wau ing têmbenipun kintên-kintên inggih majêng kados ing ngriki. Mênggah wontênipun pamulangan, tumrapipun ing tanah Malayah, inggil-inggilipun Kweekschool, sanèsipun punika dèrèng wontên malih.

Tuwan Zaenal Abidin lajêng mratelakakên ing bab kawontênanipun têtiyang Jawi ingkang sami manggèn wontên ing tanah Malayu. Mênggah têtiyang Jawi ingkang wontên ing tanah Malayu punika kathah sangêt, sami manggèn wontên ing tanah Djohor tuwin Selangor sami jajahan Inggris, gêsangipun têtiyang Jawi ing ngriku limrahipun têtanèn, sami wêkêl-wêkêl ing damêl, ngantos misuwur dhatêng majêngipun ulah siti, mila pinanggihipun têtiyang Jawi ingkang sami manggèn ing tanah Malayu sami cêkap-cêkap. Katranganipun tuwan wau sampun andadosakên sêling sêrêpipun para maos, ngintên manawi têtiyang Jawi wau sami têtiyang kontrakan, punika sanès, pancèn salugu tiyang tani mardika, anggadhahi panguwaos bab siti piyambak. Dados anggèning ulah siti wau atêgês kawêkêlan ingkang numrapi badanipun piyambak, sami gadhah pangrêtosan ing bab ulah nanêm dalah pambucalipun. Mila botên anèh bilih têtiyangipun ing ngriku kathah ingkang sugih-sugih.

Caranipun tiyang ingkang sami têtanèn, ing sakawit ugi asli saking ambukak wana, sitinipun lajêng kaulah ngantos dados sae, wontên ingkang lajêng dados pakêbonan, sabin tuwin sanès-sanèsipun, tamtunipun dumuginipun ing sapunika sampun turun-tumurun, mila pinanggihipun jiwa ing ngriku ugi botên sakêdhik.

Ing sapunika parentah ing Malaya sawêg nêngah-nêngahi nindakakên panacah jiwa, kintên-kintên jiwanipun tiyang Jawi ing ngriku kirang langkung 50.000. Têtiyang samantên wau kapetang kathah ingkang kacêkapan.

[Grafik]

Wontênipun ing Balepustaka, Tuwan Zaenal Abidin dipun gambar sêsarêngan kalihan para redhaktur ing Balepustaka, kados ingkang kacêtha ing gambar, ingkang rasukan cêmêng.

Sasampunipun dumugi, Tuwan Zaenal Abidin lajêng pamit wangsul, dipun aturi sêrat kalawarti Kajawèn, Panjipustaka tuwin Parahyangan.

Salajêngipun Tuwan Zaenal Abidin badhe nglajêngakên lampah dhatêng Padhang anjênêngi konggrès muslim.

--- 1390 ---

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS

TANAH NGRIKI

Kraman wayah dalêm. kawartosakên, B.K.P. Angabèi ing Surakarta, mêntas ngramakakên putrinipun nama R.A. Samsiah angsal R.Ng. Sosrosawardo putranipun pêpatih dalêm. Sadaya namung sarwa ringkêsan, bibar ijab lajêng kaboyong.

Punapa tumraping tiyang limrah badhe rikuh nelad cara ingkang kados makatên punika. Sêdhêng ingkang sinatriya agêng nindakakên cara ringkêsan kados makatên.

Dr. A. Rivai ngajawi. Benjing tanggal kaping 12 wulan November, Dr. A. Rivai dhatêng ing Tanjungpriok, numpak kapal Marnix van St. Aldegonde.

Sawung sêpuh punika kadospundi badhe kawontênanipun ing kalangan, dèrèng kasumêrêpan.

Pêrguruan Ra'yat ing Purworêjo. Kawartosakên ing Purworêjo wontên bikakan Pêrguruan Ra'yat tuwin gêdhong persatuan. P.R. wau badhe ngawontênakên wulangan basa Inggris, Walandi tuwin cursus a.b.c. punapadene ha na ca ra ka. Bayaranipun sawulan f 1.- Ing dalêm saminggu sinau kaping kalih.

Punika satunggiling kamajêngan ing Purworêjo.

Pajêg siti. Miturut pawartos, pajêg siti ing tanah Jawi tuwin Madura wontên 33 yuta rupiah, ingkang malêbêt kirang sangêt. Dene sababing kirang wau amargi wancinipun panèn ing sapunika ragi kasèp, wontên pintên-pintên panggenan ingkang botên kamêdalan.

Kêndhoning lêbêting pajêg wau nama sawêg nyarêngi kalamangsanipun.

Sudaning pacêklik ing Carengan. Miturut pawartos, ingkang wajib ing Bantên botên mirêng pawartos malih ing bab pacêklik ing laladan Carengan, ingkang jalaran saking sudaning pamêdal ngantos 75. Ing sapunika wontênipun têtiyang ingriku sagêd angsal padamêlan ing irigasi, kenging kangge nyêkapi kabêtahanipun. Kajawi punika ugi taksih angsal pitulungan saking golongan sanès.

Sukur.

Pitulungan tumrap golongan tani. Wontên pawartos, directeur têtanèn kaparêngakên ngêdalakên arta f 18.000 kaparingakên dhatêng Gouvernneur Jawi Kilèn prêlu kangge tumbas wiji pantun, ingkang badhe kaparing-paringakên dhatêng rakyat, ingkang dipun pratelakakên dening pangagêng nagari, tumrap ing onder district Carenang, Kabupatèn Serang.

Pitulungan saking Parentah punika, mugi dadosa ular-ular katêntrêman.

Conferentie para Inspecteur pangajaran. Conferentienipun para Inspecteur pangajaran ing tanah Jawi sampun kalampahan, kathah rêmbag ingkang migatosakên bab pangiridan. Ing sapunika taksih ngêntosi katrangan saking para Inspecteur ing tanah Sabrang, mangke manawi sampun nglêmpak, badhe ngintunakên usul dhatêng parentah lumantar Begrootingscommisie.

Bab pangiridan kados botên kenging dipun duwa malih, nanging bab pangiridan wau pinuji sampun ngantos damêl kapitunan ingatasipun pangajaran.

Panarimah saking Parentah Nanking. Wêwakil karajan Wêlandi ing Nanking tampi prasabên saking ministêr prakawis sajawining praja, supados ndumugèkakên panuwun dhatêng parentah ngriki, anggènipun sampun mbiyantu doktêr tuwin jampi-jampi tumrap Tiongkok lumantar Oostersch Bureau Gezondheidsdeinst Volkenbond.

Tindak punika mugi dadosa lantaraning karaarjan.

[Grafik]

Anjajah Jawi Kilèn kanthi sêpeda. Ing nginggil punika gambaripun para mudha sakawan, asli ing Garut, ingkang anjajah Jawi Kilèn numpak sêpeda, saking kiwa manêngên: Abubakar, Pahman, Ruslan tuwin H.W. Kitha-kitha ingkang dipun ambah ing bawah Priyangan, Bêtawi tuwin Cirêbon, sanadyan lampahipun rêkaos, nanging wilujêng sagêd kasêmbadan.

Ing jaman sapunika kasênênganipun para mudha, manawi darmawisata, adhêdhasar ulah raga.

Nanggulangi lintah dharat. Burgemeester ing Magêlang gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pakêmpalan nanggulangi lintah dharat, awit katingalipun ing bawah Magêlang kathah tiyang ingkang dados têdhaning lintah dharat.

Pinuji, mugi jaman ingkang kados makatên punika botên ndadosakên jalaran lêmaning lintah dharat. Mila ada-ada pananggulang wau mugi mitadosa.

Tindak sêlingkuh. Kawartosakên, jaksa ing Sukabumi ingkang kawajiban nariki dhêndhan saking landgerecht, dipun cêpêng kalihan saking dhawuhing Parkêt, jalaran kadakwa nyalingkuhakên arta kathahipun f 3600.- inggih punika arta asli angsal-angsalan dhêndhan ing taun punika. Ing bab punika sampun tumindak gangsal taunan, tuwin gunggunging arta ingkang dipun salingkuhakên [saling...]

--- 1391 ---

[...kuhakên] kintên-kintên wontên f 15.000.- Wusana wontên katêrangan malih, jaksa wau ngakêni, arta ingkang kasêlingkuhakên wontên f 20.000.- katindakakên salêbêtipun 5 taun. Arta sadaya wau asli arta dhêndhan.

Tindak salingkuh ingkang kados makatên punika, nama lumintu, awit dipun tindakakên ngantos têtaunan.

Tindak salingkuh. Sampun sawatawis dintên, directeur pamulangan normaal ing Surakarta kecalan arta ing parimatan gunggung f 35.000.- Pulisi ingkang nampèni palapuran bab punika lajêng nindakakên papriksan, ananging botên manggih tandha pangrisak punapa-punapa. Lajêng wontên pawartos malih, directeur wau lajêng ngakêni, bilih arta wau dipun salingkuhakên piyambak, saha sarêng kapriksa gunggunging arta ingkang ical f 4.500.- Prakawis lajêng katindakakên saprêlunipun.

Tiyang manawi sawêg kataman pêpêtêng, wontênipun namung kêcakêtan supe.

Pest ing Bandung. Kawartosakên, miturut palapuran saking pakaryan kasarasan ing salêbêtipun tigang wulan, ing afdeeling Bandung tuwin Sumêdang wontên tiyang sakit pest 100, pêpetangipun tiyang siti 97, bangsa Tionghoa 3.

Sêsakit pest punika satunggiling sêsakit ingkang mbêbayani, sukur dene têtiyang sampun sami mangrêtos dhatêng kajênging rêrigên ing bab kasarasan.

Tindak utami. Ing Malang wontên doktêr Walandi tiga, sami golong ing rêmbag badhe mitulungi lêlahanan dhatêng bangsa Walandi ingkang botên kuwawi ambayar. Dene caranipun, tiyang sakit ingkang dhatêngipun antawis jam kalih wêlas dumugi jam satêngah satunggal botên badhe kakengingakên ing bayaran.

Punika prayogi dados panggalihanipun para doktêr tiyang siti, mugi kaparênga sami nindakakên kautamèn ingkang kados makatên.

Landbouw-voorlichtingsdienst ing Bali lan Lombok. Ir. Radèn Gunung Iskandar, landbouwconsulent ing Bogor, dipun têtêpakên dados Landbouw-voorlichtingsdienst ing Bali lan Lombok, manggên ing Mataram.

Ahli bangsa Jawi ingkang pinatah dening parentah punika, mugi andadosna kamajênganing nagari ingkang dipun wêngkoni.

Murid Mulo dipun prajaya. Sampun sawatawis dintên murid pamulangan Mulo Kristên ing Magêlang, nama Pratikta, putranipun collecteur O.R. ing wanci enjing kasumêrêpan sampun pinanggih tiwas kanthi nandhang tatu ing gulu. Pulisi sampun lajêng angsal katrangan, nyêpêng lare asli saking Surabaya. Tiyang ingkang kacêpêng kanggenan jam mas gadhahanipun ingkang tiwas tuwin lading gapit gubras rah, gadhahanipun tiyang ingkang nyipêng wontên panggenanipun Pratikta. Sapunika sawêg kapriksa prakawisipun.

Mirid nalar, tindak wau tuwuh saking melik anggendhong lali.

Panggêbagipun loterij. Kawartosakên, loterij St. Jozef, ingkang kawontênakên ing wêkdal punika, kagêbag benjing dintên Slasa tanggal kaping 10 wulan punika.

Mangga, para ingkang sami mundhut, kaparênga sami patigêni.

Ngrêmbag bab babad. Aksri martosakên, B.O. ing Mataram mêntas ngawontênakên pasarasean, ngrêmbag bab babad Sultan Agungan. Ingkang murawani Mr. Hud, dipun bantah dening Mr. Jayadiguna, Ki Ajar Dewantoro tuwin sanès-sanèsipun, wusana lajêng dipun têngahi dening Ir. Surachman. Wosing rêmbag ingkang dipun pangandikakakên Mr. Hud, punika bab karangan kilenan.

Sami-sami babagan sêrat, bab punika tumrap bangsa Jawi anggènipun migatosakên sampun tumanên yêktos, saha ngajêngi dhatêng wêwaton ingkang sampun kêlimrah, botên gampil dipun ewahi malih. Mila sok nuwuna sêling sêrêp.

Sesakit typhus ing Bandung. Kawontênanipun tiyang sakit typhus ing Bandung, ing salêbêtipun tigang wulan mindhak sakêdhik. Pakaryan kasarasan nindakakên panyêgah sarana nyuntik lêlahanan tuwin kintun sêrat dhatêng pamulangan-pamulangan ing Bandung, supados para guru tuwin para murid sami tumindak kasuntik.

Tindak suntik panulak sêsakit, punika wajib dipun wigatosakên ing sabên tiyang, awit punika nama tindak pangrêksa kawilujêngan.

TANAH NGAMANCA (ASIA).

Wet pêrang. Miturut pawartos saking tiyang ingkang nuju andon lampah saking Kirin dhatêng Peiping, Jêpan sampun nindakakên wet pêrang wontên ing ngriku. Angawisi tiyang langkung, sadaya pamulangan dipun titi, jalaran nyamarakên manawi ing ngriku wontên waosan ingkang suraosipun botên mathuk dhatêng Jêpan.

Têmên lan botênipun pawartos wau, dèrèng kenging katêmtokakên, amargi dèrèng wontên pawartos sanèsipun malih.

Ambiyantu tiyang awon. Nalika pulisi Tionghoa tumindak badhe nyirnakakên tiyang awon ing Kiu Chien Wu tuwin ing Hei Shan Sien, katingal wontên mêsin mabur Jêpan 3 sami kêkalangan wontên ing gêgana, njalari têtiyang awon wau sagêd oncat.

Punika wontên raos bilih tindak makatên punika atêgês mbiyantu dhatêng tindakipun tiyang awon wau.

Têtiyang ingkang dados bêbantênipun tiyang awon. Têtiyang bangsa Korea ingkang dados bêbantênipun tiyang awon ing Mantsyuriye kapetang: 323 dipun pêjahi, tiyang èstri ingkang kacêpêng 50, griya ingkang dipun bêsmi 300, griya ingkang dipun jarah 2000, tuwin taksih kathah ingkang dèrèng dipun priksa.

Kados makatên tuwuhing rêrêsahan ing mangsa botên têntrêm.

Jêpan tuwin Rus. Ministêr babagan prakawis sajawining praja, prasabên dhatêng utusan Jêpan, ing Moskou, bilih Jêpan rumaos botên sênêng dhatêng ebah-ebahan wadya Rus ing tapêl watês Mantsyuriye, tuwin gadhah panêdha supados Rusland nyirêp ebah-ebahan ingkang nyamari punika.

Dados Jêpan inggih nyamarakên dhatêng tindakipun Rusland.

NAGARI WALANDI

Hawa arsêp. Wontên pawartos saking Den Haag, ing tanggal 28 wulan October asrêpipun anggêgirisi. Ing salêbêtipun 83 taun sapriki, dèrèng wontên hawa asrêp kados ing wulan October wau.

Punapa hawa asrêp kemawon mawi inthilan.

TANAH NGAMANCA (AMERIKA)

Tiyang angguran soroh amuk. Wontên pawartos saking Pasamaribo, kuli-kuli angguran sami soroh amuk. Warung-warung sami dipun jarah, dilah-dilah gas sami dipun risak. Pulisi botên sagêd nyêgah, ngantos dipun bantu dening militèr. Wontên punggawa nagari têtiga nandhang tatu tuwin kathah griya-griya sami risak. Pabrik ès katutup. Ingkang wajib lajêng anjagi katêntrêman kanthi santosa.

Hêm, tiyang koncatan têdha punika sok ndhatêngakên pêpêtêng.

--- 1392 ---

Wêwaosan

Dongèng ingkang kaping Kalih

Wihara Mahadèwi

5.

[Mijil]

Warnanira kang palwa katitik | wus kalangkung awon | dening nyata wus saking kinane | kampul-kampul lumembak ing pinggir | ya ta duk winalik | ing jro isi madu ||

kongsi kêbêk talanya tan rêmpit | kang madu kumocor | janma kang wruh katon ing bungahe | dening ngrasa antuk bagya luwih | awit wus jinanji | gêganjaran agung ||

tan darana janma kang amanggih | maring praja bodhol | ngaturakên sanggyèng kaanane | kang pinangguh têpining jaladri | katon dahat gati | lakunira ngutu ||

sapraptaning praja nulya kerid | maring ngarsa katong | angaturkên kalamun ing mangke | mangguh tala isi madu luwih | nèng prau anggoling | nanging maksih pênuh ||

langkung rêna sri nata duk myarsi | dyan dhêdhawuh alon | mrih akarya wisma nèng cakête | punang prau kang nèng têpi warih | têtêpa jinagi | siyang miwah dalu ||

kaparênging nata ing samangkin | lawan garwa katong | arsa têdhak nguningani age | kaananing palwa kang winarni | tuhu tan nyidrani | samya sangkêp cukup ||

pan kanyatan sasmitaning ngimpi | kang kapisan cocog | anêrusi rasa sasmitane | ing wusana kaparênging sori | madu kang pinanggih | pinêndhêtan sampun ||

sri supadni nulya amiranti | sêsaji kinaot | dhêdhaharan măngka sadhiyane | para wiku mrih kêmpal anunggil | kang sadaya mawi | winoran ing madu ||

sasampating dênira miranti | apan wus kalakon | lan sang putri ugi datan supe | dhahar madu măngka nyaranani | amrih andayani | sambada ing pungkur ||

sasampating karya sri bupati | dyan angganjar kaot | maring janma kang amangguhake | gunging bagya janma kang winarni | kongsi anjalari | kasugihanipun ||

kang mangkana ing laku katitik | kalamun sang katong | dahat asih marma mring garwane | ngangkah-angkah mrih tinêmu dadi | kaparênging sori | lulusa kinancuh ||

[Kinanthi]

ing mangkya panggalih prabu | adrêng arsa nguningani | wardinira kang supênan | kang maksih samya winadi | paran ing kaananira | dene ta elok kapati ||

sri nata nulya dhêdhawuh | mring kawula kang piniji | arsa dinuta lancaran | maring anurada puri | mrih nuli antuk pawarta | gatining supênèng ratri ||

dene ta sajatinipun | dhawuh kang mangkana yêkti | agawat kaliwat-liwat | pilih janma kang kadugi | ngayati dhawuh narendra | kang kalangkung anyamari ||

nanging rèhning karsèng ratu | kawula mung têtêp wajib | datan kêni suminggaha | lan nyata dhawuhing gusti | salami mung wèh raharja | suminggaha datan kêni ||

tandya abdi kang dèn utus | tumindak anyamar dhiri | kongsi tan pisan kinira | kalamun punggawa aji | lakunira dhêdhêmitan | momor tan pisan katawis ||

lakunira têmah lulus | tanpa sangsaya ing margi | praptaning nurada pura | anggung ngolak-alik budi | paran tumindaking karya | mrih sambada antuk kardi ||

wusana antuk panêmu | wusing prapta ing nagari | bangkit sanak amêmitran | lawan pakathik kinasih | punggawa Prabu Elala | dyan rukêt minitra jati ||

wusing tanpa sarusiku | tuwin tan pisan katitik | kalamun wong namurkula | rasa wus akakang adhi | tan ana kang sinamaran | arukêt rakêt sajati ||

salwir kang dèn ambah tulus | wus inganggêp kadya kanthi | wusana tumindak karya | kanthi laku anyênyilip | nanging tan pisan katara | tandukira mitayani ||

duta kang piniji laku | nulya wiwit angambili | sêkar tunjung patamanan | kadi kang winêcèng ratri | yèku pasupênanira | Sang Wihara Mahadèwi ||

dupi wus antuk ngalumpuk | rinumat kalangkung rêmit | nulya angayati karya | arsa andhustha tumuli | pêdhang kang măngka sarana | wasana sambada ugi ||

dupi kang pêdhang wus antuk | nulya winorakên nuli | lan kang sêkar nèng umpêtan | sinèlèh sapinggir kali | datan ana kang uninga | kalangkung dahat winadi ||

tandya tumindaking laku | andhustha titihan aji | nanging tan pisan katara | labêt wus kulina lami | kalawan pakathik nata | sinêngguh mung angancani ||

sasolah tindaking laku | katon kadi mitayani | kang kuda nulya binêkta | maring satêpining kali | dèn inumkên lon-alonan | kuda datan nyulayani ||

malah katon sêmu tutut | dupi wus kawong nulya glis | angambil sêkar myang pêdhang | binêkta nyengklak tumuli | maring gigiring turăngga | wêkasan ingêtap nuli ||

lan angumbar suwara sru | hèh wruhanta sira sami | ingsun iki jatinira | andhustha titihan aji | ywa samya alok kelangan | ayo tututana iki ||

saking sruning swaranipun | têmah kêmirêngan aji | nulya amiji punggawa | gita-gita anututi | marang lakuning durjana | kang wêgig amomor sandi ||

lawan sri nata adhawuh | duta kinèn anumpaki | kang kuda titihan nata | kang bantêr apindha angin | nanging mêksa tan lumawan | kadi kang dhinusthèng juti ||

lakuning kuda sumêmprung | angênut lacaking ngarsi | kawuryan umanjing wana | tinungka tan tolih wuri | datan dangu saya cêtha | tabêtira anyakêti ||

mangkya dhustha kang lumaku | dahat prayitna ing wèsthi | miwah wus uning sakala | yèn ing lampah dèn tututi | nulya grêg kuda pinêkak | malah arsa angêndhêgi || (Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


langkung. (kembali)
tănja. (kembali)
sampun. (kembali)