Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809

Judul
Sambungan
1. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-03, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
2. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-04, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
3. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-06, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
4. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
5. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-08, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
6. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-09, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
7. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-10, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
8. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-11, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
9. Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-12, #1809. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kawi.
Citra
Terakhir diubah: 09-09-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 2, 1 April 1928, Taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi. Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie - secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Aturipun Administrasi

Sanadyan pangêcap kula Kawi ăngka 1 sampun kula longgari, ewadene taksih kathah para priyantun tuwin para sadhèrèk ingkang sami dèrèng nampi pruph nomêr Kawi wulan Marêt. Mila Kawi ăngka 2 punika kajawi kula aturakên dhatêng para lêngganan ingkang sampun ambayar arta lêngganan inggih ugi kula aturakên dhatêng para priyantun saha para sadhèrèk ingkang dèrèng sami nampi prup nomêr Kawi ăngka 1 wau, minăngka conto ingkang sakintên badhe kaparêng mundhut lêngganan.

--- 34 ---

Manawi wontên prayantun kaparêng lêngganan ngintunakên pos wisêl sêringgit dhatêng administrasi ingkang nyirèni mundhut Kawi ăngka 1 badhe lajêng kula kintuni.

Kosokwangsulipun manawi botên kaparêng mundhut lêngganan, pruph nomêr punika kaparênga mangsulakên, cêkap kacirenan Retour.

Para priyantun saha sadhèrèk ingkang sampun nampi pruph nomêr Kawi ăngka 1 măngka botên kaparêng lêngganan, inggih punika dumugi tanggal kaping 5 April 1928 botên maringakên arta lêngganan, badhe botên kula kintuni Kawi ăngka 2 tuwin salajêngipun. (Anjawi ingkang sampun prasabên badhe kaparingakên sanès dintên).

Anjawi punika kula ngaturi wuninga, bilih Kawi ăngka 2 punika namung isi 28 kaca (ingkang mêsthinipun 32 kaca) amargi kupinipun mrêtanggêl, dados manawi kalajêngakên nugêl ingkang pêrlu. Mila Kawi ăngka 3 badhe dipun wêwahi dados 36 kaca.

Rêdhaksi administrasi Kawi

Sutadi.

--- 35 ---

Sêrat Căndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ăngka 1 kaca 10-25)

Pada II

Netra: paningal
Caksuh: pasuluhan
Nayana: ulat
Sikara: tangan
Buja: bau, namaning măngsa kalih
Paksa: uwang
Drasthi: alis
Ama: pêpasu, wêwêri
Locana: urang-uranging mata
Karna: kuping
Karni: ambaning kuping = sungu
Anêbah: tlapukan = anêbak
Talingan: pangrunguning kuping
Mata: ambaning mata
Lèntangana: lan tangan loro
Lar: wulu suwiwi
Anêmbah: ngabakti
Suku loro: sikil loro
Netra = paningal, punika botên lêpat, nanging têgêsipun: mata, mripat. Luguning têgêsipun, [têgêsi...]

--- 36 ---

[...pun,] netra, punika panuntun, saking têmbung Sanskrita wod ni[1] = nuntun, angsal panambang tra, saminipun: waktra = cangkêm, saking wac = cantênan (ingkang dados waca têmbung Jawi).

Matra = ukuran (Holl:meter) saking ma = ngukur enz.

Wastra = sandhangan, saking was = dandan, manganggo enz.

Mantra = japa saking man = anggagas (Holl. Meenen).

Sastra = piwulang, pathokan, prentah enz saking sas[2] = mulang enz.

Rasthra[3] = karajan (Holl: rijk) tanah saking raj = anguwasani enz (Amila raja = ratu).

Kajawi punika taksih kathah tunggilipun.

Caksuh = pasuluhan

Caksuh dipun têgêsi pasuluhan, punika inggih cêlak, awit caksuh utawi caksu têmbung Sanskrita utawi Kawi tulèn, punika têgêsipun mata, pandulu enz.

Nayana = ulat, punika inggih cêlak malih, awit [awi...]

--- 37 ---

[...t] nayana punika sami kalihan netra sami saking wod ni, dados inggih sami atêgês mata.[4]

Sikara = tangan, punika radi kisruh, nanging wontên lêrêsipun, lêrêsipun dene kara punika pancèn atêgês tangan. Saking têmbung Sanskrita wod krê = adamêl, [a...]

--- 38 ---

[...damêl,] tumandang enz, nanging sapunika si punapa ?

Kintên kula ing sakawit ungêlipun: nayanaksikara, saking nayana + aksi + kara, wondene aksi têgêsipun mata.

Buja = bau = namaning măngsa kalih.

Buja têgês bau punika lêrês, nanging panyêratipun kêdah buja, sarta kêjawi atêgês bau ugi atêgês pang, tlale, namung ingkang atêgês namaning măngsa kalih kula dèrèng nate mrangguli.

Paksa = uwang.

Anggènipun anêgêsi têmbung paksa = uwang punika namung piagahan kemawon. Dene têgêsipun ingkang salugu suwiwi, êlar, iring, sisih, niyat (Mal (mem) fihak) paron enz.

Ingkang atêgês suwiwi punika kêtingal wontên ing têmbung paksi saking têmbung Sanskrita: paksin = nganggo suwiwi, sami ugi kalihan sasi saking sasin, saking sasa (Zie pada I adêg-adêg 3).

Drasthi = alis, punika inggih cêlak, awit drasthi lêrêsing panyêrat drêsthi têgêsipun mata, paningal enz.

Ama = pêpasu = wêwêri.

Têmbung punika lêrêsipun ing sakawit yama, têgêsipun [têgêsipu...]

--- 39 ---

[...n] rakit kêmbar,[5] kajawi punika ugi atêgês Bathara Yamadipati = dewaning paukuman. Sarta ugi atêgês pamêthès enz nanging têgês ing wingking punika dede pikajênganipun ing ngriki, wontênipun kasêrat ama lajêng dipun têgêsi pêpasu,[6] wêwêri punika kula botên mangrêtos.

Locana = urang-uranging mata punika inggih mèmpêr, awit locana punika têgêsipun ingkang lugu mata, panêrangan, saking wod loc = anggagas + panambang ana (zie nayana), makatên ugi locita, inggih saking wod loc.

Carana = athi-athi.

Anggènipun anêgêsi punika kêtêbihên, awit têgêsipun piyambak carana (makatên lêrêsing panyêratipun) punika: suku, lampah enz saking wod car =

--- 40 ---

lumampah enz amila: carita = lêlampahan. Caraka = kongkonan = tukang mlaku, cara = laku.

Karna = kuping punika têgês sarta panyêratipun sampun lêrês, nanging panyêratipun ingkang lêrês sangêt, layaripun kêdah kadèkèk ing sanginggiling nna dados kanar.

Karni = ambaning kuping = sungu, punika kula kirang têrang, ing Kawi Bal. Ned Wdb. V.d. Tuuk wontên têmbung kanir, Tuwan v.d. Tuuk botên anêrangakên têgêsipun. Namung mawi katrangan têmbung bali: lènging pasuwêngan. Têmbung Sanskrita: karni (bijv nw) inggih namung atêgês kuping. Upami saking karnin, têgêsipun kirang mencok, awit karnin = nganggo kuping, amila inggih namung kula sumanggakakên.

Anêbah = tlapukan = anêbak, punika kula inggih botên sagêd andugi-dugi kadospundi lêrêsipun.

Talingan = pangrunguning kuping.

Pamanggih kula prayoginipun, talingan inggih namung atêgês kuping, botên susah mawi pangrungu, sarta panyêratipun ing têmbung Kawi tulèn talinga (Mal. Telinga).

Mata = ambaning mata, makatên ugi ing ngriki inggih botên susah mawi ambaning, cêkap mata kemawon.

--- 41 ---

Lèntangana = lan tangan loro.

Lar = wulu suwiwi.

Lèntangana punika manawi kaudhal dados lèn tangan na, dipun têgêsi lan tangan loro, dados yèn makatên na têgêsipun loro, punika lêrêsipun botên makatên, punika namung saking lêpating pamêdhotipun: lèntangana lar lêrêsipun lèntangan êlar (of beter lar), bab têgêsipun ungêl-ungêlan punika sampun lêrês, namung tangan botên susah mawi loro.

Ênêmbah = angabêkti.

Sarèhne kula kirang têrang dhatêng sakawiting lêrêsipun ungêl-ungêlan ing ngriki punapa inggih sampun lêrês anêmbah punapa kadospundi, dados inggih namung kula sumanggakakên, dene manawi sampun lêrês anêmbah dipun têgêsi angabêkti punika kados inggih sampun lêrês.

Suku loro = sikil loro.

Sampun lêrês, botên susah katêrangakên malih.

Kadosdene pada I murih têrangipun, pada II ugi kula kaping kalihi miturut ungêl-ungêlan ingkang lêrês, ugi satêgêsipun.

Netra = mata.

Caksu = mata.

--- 42 ---

Nayana = mata
Aksi = mata[7]

Kara = tangan
Buja = bau
Paksa = suwiwi
Drêsthi = mata
Yama = kêmbar enz
Locana = mata
Carana = suku
Karna = kuping
Karni = ?
Anêbah = ?
Talinga = kuping
Mata = mata
Lèntangan = lan[8]

tangan
Êlar = (wulu) suwiwi
Anêmbah ?
Suku = suku = sikil
Loro = loro

--- 43 ---

Sedanipun Prabu Pariksit

Sambêtipun pêthikan Sêrat Adiparwa (Kawi ăngka 1 kaca 5-10)

Ya ta Pandhu marha bauh[9] ndan kadi Maharaja Pandhu sira sakta ring guna buru, asing wukir alas paranira mèt mrêga,

Kaya (Prabu) Pandhu lêngêne gêdhe, lah kaya Maharaja Pandhu. Panjênêngane rêmên ing panggawe ambêbêdhag, sabên gunung alas parane golèk bêburon,

Anapwa kidang tinut nira angèla sira dènnya,

Anadene kidang ditutne kêsêl ta panjênêngane deninge,

Katrangan

Sakta ing basa Jawi jaman samangke dados sêpta = doyan. Wukir alas, ungêlipun wukir alas. Anapwa Jawinipun anadene, suraosipun barêng ana. Ditutne, ing basa Malayu diboeroenja tut punika tulènipun mawi suku panjang, ing nginggil sampun kapratelakakên manawi panjanging

--- 44 ---

swara punika ingkang kêrêp kangge lintuning aksara ingkang ical, makatên ugi têmbung tut, punika inggih kecalan r. wêtahipun ing salêbêting basa Jawi taksih wontên, inggih punika turut, dados tuut, lajêng dados tut, angèl, ing samangke angèl. Kala rumiyin têgêsipun kêsêl, sayah. Dènnya ing basa Malayu olehnja. Ungêl-ungêlan ing nginggil punika kados sampun cêtha curaosipun.[10]

Ksut pipa sasra maturah[11] ahyun anginuma we sira

Ngêlèh ngêlak, sayah, lara, arêp angunjuka banyu panjênêngane

Ana sira wiku kapangguh ing têgal, ri têpining asrama, ri panghwananing lêmbu

Ana sawijining pandhita katêmu ing têgal, ing têpining patapan, ing pangonaning sapi.

Katrangan

Pamaosipun ungêl-ungêlan Kawi punika, makatên: ahyun anginuma we sira ... kapangguh ing ... ri têpining asrama enz. bab sanèsipun kintên kula sampun cêtha, lêmbu, pasanganipun ba limrah, dede pasangan ba awit pasangan ba punika pasanganing Ba.

--- 45 ---

i sêdhêng sang rêsi amangan wêrêh ing watsa, sira ta tinanyan ing paran ikang kidang

Ing nalika sang rêsi amangan unthuking pêdhèt, panjênêngane ta tinakonan ing paraning kidang.

Katrangan

Wêrêh têgêsipun unthuk, ing basa Jawi jaman samangke wuruh utawi uruh wontên ing têmbung muruh = munthuk. Ing ngriki kajêngipun unthuk prêsan ingkang mêdal saking cangkêming pêdhèt, manawi mêntas ngombe (saking gêminipun sang pandhita). Watsa = pêdhèt, tanya punika panyêratipun ing basa Kawi mawi nya limrah.

Ndatan sauri ke sang rêsi, apan sêdhêngnira monabrata. Pangaranira Mpu Bagawan Samiti,

Lah ora sumaur puniki sang pandhita, awit lagi nglakoni ambisu. Arane sang pandhita: Bagawan Samiti,

Katrangan

Ndatan, punika kalih têmbung nda = lah kalihan tan = ora, namung ing basa samangke dados datan = ora, sêdhêng = Mal. sedang mon = mênêng.

Saka ri krodha Sang Nata Pariksit, tan sinauran patakwanira, ana ta wangkening [wangke...]

--- 46 ---

[...ning] ula dêlês, ya ta cinukat nira ri tungtunging laras nira, kinalungakên ing gulu Bagawan Samiti, umênênga tah sang wiku

Saka ing krodha Sang Prabu Pariksit, ora disauri patakone. Ana ta bathanging ula dumung, iku ta dicuthikne ing pucuking gandhewane, dikalungake ing gulu Bagawan Samiti, mênêng lah sang wiku.

Katrangan

Ula anggènipun mawi tarungan punika minăngka lintuning r ing basa Malayu taksih wêtah ular.

Dêlês, dede têmbung Jawi dêlês, punika katranganing sawêr, kadosdene sawa, gadhung enz, murih gampil ing ngriki dipun Jawèkakên dumung, awit dumung punika ing sakawit nunggil têmbung kalihan cêmêng, wondene dêlês punika têgêsipun inggih sajak cêmêng, nanging cêthanipun dèrèng kasumêrêpan.

Umênênga tah sang wiku, suraosipun: nanging sang wiku mênêng bae.

i têlasnira Maharaja Pariksit mangkana, mulih ta sira ring kadhatwanira,

Ing uwise Maharaja Pariksit mangkana, kondur ta panjênêngane ing kadhatone,

Katrangan

Mulih ta sira ing ngriki suraosipun: banjur kondur, panjênêngane, dados botên barêng wis kondur, awit saking punika patraping ta punika ing suraos botên ajêg. [a...]

--- 47 ---

[...jêg.] Suraosipun ungêl-ungêlan punika sampun cêtha.

Ana ta nak Bagawan Samiti saka ring lêmbu, Sang Srênggi ngaranira, yatarta masungu sira

Ana ta anak Bagawan Samiti saka ing sapi, Sang Srênggi arane, mulane nganggo sungu panjênêngane.

Katrangan

Ya tatar ing bukunipun Dr. Juynboll mungêl yatartha pupunika[12] lêpat, lêrêsipun yathartha punika têmbung Sanskrita, têgêsipun miturut kaanane, ingkang têgêsipun anglèrèg dhatêng: awit saka iku, utawi mulane. Miturut cariyos punika, biyungipun Sang Srênggi punika lêmbu.

Ndan ugratapa sidhimantra sira, wênang mahasmarèng kadewatan, nitya kala manangkil ing Bathara Brahma,

Lah tapane katog mantrane mandi, panjênêngane bisa dolan marang kadewatan, tansah sowan ing Bathara Brahma,

Katrangan

Ugratapa têgêsipun piyambak pucuk tapa.

Sidhimantra = mandi japa.

--- 48 ---

Kunang ike Sang Srênggi ngaranira, maka swabawa gêng krodha

Dene iki Sang Srênggi arane, kang dadi watake gêdhe nêsu.

Katrangan

Kunang, punika ingkang kêrêp atêgês dene, sarta kêrêp sangêt kasêrat kunêng. Namung kunêng wontên ing sêrat jaman samangke dipun têgêsi ora kocap, saking dipun kintên manawi nêng punika sami utawi nunggil wit kalihan ênêng. Srênggi punika saking srêngga = sungu. Swabawa têmbung Sanskrita, têgêsipun dhasar, watêk aard.

Gêng punika panyêratipun mawi pêpêt tarung, inggih punika ingkang dipun wastani pêpêt panjang, swaranipun kados eu ing basa Sundha, panjanging pêpêtan ing têmbung gêng anelakakên manawi wontên aksara ingkang ical, aksara wau pinanggih wontên ing basa Minangkabo, ing basa Minangkabo gadang punika têgêsipun agêng. Sarèhne d punika kêrêp lintu kalihan r. dados ing basa Indonesia salah satunggal mêsthi wontên têmbung garang ingkang têgêsipun kadosdene agêng, inggih punika têmbung Jawi garang, ing sakawit têgêsipun agêng. Sarèhne basa Jawi punika sami-sami basa ing Indonesia sugih sangêt têmbung ingkang aswara pêpêt (basa Mlayu pancènipun botên gadhah), amila garang inggih kenging dipun kêcapakên [kêcapa...]

--- 49 ---

[...kên] gêrêng, têgêsipun taksih cêtha wontên ing têmbung anjênggêrêng. Inggih gêrêng wau ingkang lajêng dados gêêng, lajêng dados gêng.

Têmbung Minangkabo gadang punika ing pakêcapan Jawi sagêd mungêl gêdhang, amila godhong gêdhang punika kintên kula ing sakawit atêgês godhong gêdhe.

Na, ma, nya, nga, sagêd linta-lintu, amila inggih botên lăngka bilih wontên têmbung gêdhêm = agêng, makatên ugi têmbung gêdhe punika saking gêdhêm, ing teori dados gêdhên, rumiyin ing basa Jawi wontên ên, ingkang dados e, inggih punika: panambang akên dados ake.

Kawi utawi Surabayan, kowên dados kowe.

Ikihên dados ikiye, dipun cêkak kiye.

Ikuhên dados ikuwe, dipun cêkak kuwe.

Ikhên dados ikae, dipun cêkak kae.

Dados agêng kalihan gêdhe punika botên namung krama kalihan ngoko kemawon, ing sakawit pancèn satêmbung. Badhe kasambêtan.

--- 50 ---

Kawruh Sêkar Agêng

(Sambêtipun Kawi ăngka 1 kaca 25-28)

Ing Sêrat Cênthini deel III-IV kaca 13 ugi wontên pratelanipun bab sêkar Agêng, malah kajawi nêrangakên lampahipun, ugi mawi mratelakakên pêdhotanipun.

Wondene pratelan wau, karingkês kados ing ngandhap punika.

1. Lêbdajiwa, 2. Bramarawilasita } lampah 11 pêdhotan 4-7

3. (Ku)sumawicitra lampah 12 pêdhotan 3-3-3- 3

4. Căndrawilasita lampah 12 pêdhotan 4-4-4

5. Wisatikandhêh lampah 12 pêdhotan 5-7

5. [13] Madurêtna lampah 12 pêdhotan 5-7

7. Sudiradraka, 8. Dhadhapmantêp, 9. Alad-alad } lampah 13 pêdhotan 5-8

10. Basănta,[14] 11. Puspanjali } lampah 14 pêdhotan 4-4-6

12. Manggalagita, 13. Sastramanggala, 14. Pranaalika } lampah 15 pêdhotan 8-7

--- 51 ---

15. Gurisa, 16. Prawiralalita } lampah 16 pêdhotan 8-8
17. Sêkarini of Sikarini lampah 17 pêdhotan 6-6-5
18. Saprêtitala lampah 17 pêdhotan 4-7-6
19. Têpikawuri lampah 17 pêdhotan 6-6-5
20. Kawitana lampah 17 pêdhotan 5-6-6
21. Maesabayangan lampah 17 pêdhotan 5-6-6, 22. Băngsapatra lampah 17 pêdhotan 4-7- 6

23. Nagabănda, 24. Nagakusuma } lampah 18 pêdhotan 5-6-7

25. Sardulawikridhita lampah 19 pêdhotan 6-6-7

26. Swandana lampah 20 pêdhotan 7-7-6

27. Sulanjari lampah 20 pêdhotan 8-6-6

28. Sasadara Kawêkas lampah 20 pêdhotan 7-7-6

29. Wisalyaarini, 30. Swaladara } lampah 21 pêdhotan 7-7- 7

31. Kilayunêdhêng lampah 22 pêdhotan 5-6-6-5

32. Kuswalalita, 33. Wêgangsulanjani, 34. Astakuswala } lampah 23[15] pêdhotan 5-6-6-6

--- 52 ---

35. Găndakusuma, 36. Wohingrat } lampah 24 pêdhotan 6-6-6-6

37. Langênjiwa lampah 27 pêdhotan 6-6-8-7

Ing ngandhap punika dipun wastani sêkar Dhêndha

38. Dhêndhajiwa lampah 36 pêdhotan 9 X 4
39. Dhêndhapracandha lampah 80 pêdhotan 5 X 16
40. Dhêndhabaswara lampah 96 pêdhotan 12 X 8

41. Dhêndhaprangwara lampah 136 (lêrêsipun ing petang 152) pêdhotan 19 X 8

42. Dhêndhapralêbda,[16] lampah 176 pêdhotan 22 X 8

43. Dhêndha ulap simparan lampah 192 pêdhotan 24 X 8

Ing ngandhap punika sêkar Salisir

44. Swanita lampah 6
45. Citramêngêng lampah 7
46. Patralalita lampah 8
47. Têbukasol lampah 9
48. Têbusauyun lampah 10

Sêkar ing nginggil punika miturut Sêrat Cênthini gunggungipun

--- 53 ---

49, nanging wontênipun namung 48. Makatên ungêlipun ing Sêrat Cênthini: goenggoenging sekar geng nenggoeh, kawan dasa sanga naming, kang toemrap ing Kawi swara, kang sekar pramama wingit ...

Pêthikan punika kajawi pramama wingit sampun cêtha. Punapa têgêsipun pramama. Ing basa Jawi têmbung pramama botên wontên, utawi pancèn dede têmbung. Kintên kula lêrêsing pamêdhot prama mawingit, saking parama mawingit têgêsipun sakalangkung wingit, ing basa Walandi dipun wastani: zeer heilig. Dumugi samantên pratelanipun Sêrat Cênthini bab sêkar Agêng.

Sêkar ingkang ing Cênthini wontên, ing Saridin botên wontên, inggih punika

Alad-alad no. 9.
Puspanjali no. 11.
Pranaalika no. 14.
Têpikawuri no. 19.

Saha sawarnining sêkar Dhêndha (no. 38-43)

Sêkar Salisir Swanita (Tj. no. 44) ing Saridin Salisir Yiwung (no. 32)

Citramêngêng (Tj. no. 45) lampah 7 ing Saridin (no. 42).

Kalêbêt sêkar Agêng limra[17] lampah 12.

--- 54 ---

ing Saridin no. 38. 39. 40. 41. 43. 44 ing Cênthini botên wontên.

Salisir (limrah?) saha patramanggala (Saridin no. 33. 34) ing Cênthini botên wontên.

Sêsêlan

Ing nginggil sampun kapratelakakên manawi prama mawingit dipun pêdhot dados pramama wingit. Pêdhotan kêlintu tunggilipun ingkang makatên punika ing Cênthini wêdalan Gênutsêkap (Cênthini sêratan Latin) radi sawatawis kathah, ngantos salong ambibrahakên suraos, kados ta: ingkang kula èngêti kemawon.

Deel I-II kaca 11 pada 12 garis 3 ing ngebjoek lêrêsipun ingebjoek tanggap na. Kaca 13 pada 29 garis 9 noengge ronggeng lan angantos kalih latri lêrêsipun noengge ronggeng lanang ngantos kalih latri. Kaca 46 pada 17 garis 6 anama salah karoengoe lêrêsipun ana masalah karoengoe (kasêrat Jawi: anama salah karungu). Tunggilipun kaca 47 pada 3 garis 2. Ingkang anjalari makatên punika botên liya namung bab na gondhèl utawi botên. Nanging samangke ing ngriki dèrèng sagêd ngrêmbag.

--- 55 ---

Pitakèn

1. Têmbung wicalan asring angsal wêwahan ang, kados ta: roang (rong), têlung-ang (têlung), patang, limang salajêngipun. Wêwahan ang, ing ngriku punapa têgêsipun. Sarta tumrap wicalan sanginggilipun 9 punapa inggih ugi makatên.

Jaja.

Katranganing Pitakèn

Wêwahan ang ing têmbung petangan sangandhaping 10, punika atêr-atêr darbe, utawi ning. Dados roang puluh punika têgêsipun roning sapuluh, makatên salajêngipun.

Atêr-atêr ang = darbe, punika sanèsipun wontên ing têmbung wicalan kêrêp kangge wontên ing basa Jawi kina. Panambang ku punika manawi rumakêt ing têmbung ingkang awasana mênga, dados ngku, kados ta: putrangku, saking putra angku = putra darbeku. Ing basa Jawi jaman samangke ang ingkang kacêkak dados ng, atêgês darbe, punika taksih wontên, kados ta: anak ngasu, punika manawi kaudhal, dados anak ng asoe makatên ugi anak ng oewong enz; ng ing ngriki sami kalihan ng ing têmbung rong, teloeng enz. Sarèhne ng punika kêrêp lintu kalihan n dados inggih [ing...]

--- 56 ---

[...gih] lajêng wontên n ingkang atêgês darbe, inggih punika ungêl-ungêlan bojon mantri = bodjo n mantri (amariksanana verspreide Geschriften Kern deel VIII kaca 149), kalihan putranta = poetra n ta; ingkang taksih wêtah mungêl an wontên ing ungêl-ungêlan kakangamu saking kakanganmu = kakang an moe. enz.

Atêr-atêr an, n, punika wontên ing basa Bali taksih gêsang wontên ing ungêl-ungêlan, panbongkling = pa n Bongkling = bapakne Si Bongkling enz.

Wontên ing basa Malayu kêtingal ing panambang nja saking n ja, ja = ia (darde persoon). Kathah sangêt basa Indonesia ingkang ngangge atêr-atêr (a) ng, (')n ingkang atêgês darbe (amariksanana Dr. Adriani: Sangireesche spraakkunst kaca 24').

Kangge têtandhingan kalihan petangan Jawi ing ngriki kaaturan petangan ing basa Sangi (pulo-pulo ingkang dumunung sanginggiling kuncungipun pulo Sêlèbês), (Adriani kaca 227):

aembua = sa n bua = Malayu sa boeah.

duanbua = dua n bua = Malayu doea boeah enz enz.

epa (ampat) ennung (enam) botên angsal ang utawi an nanging angsal u (u) ingkang têgêsipun sami kalihan ang utawi an.

20 dua npulo = ro ng poeloeh.

--- 57 ---

30 tellunpulo = teloe ng poeloeh

50 limanpulo = lima ng poeloeh

70 pitunpulo = pitoe ng poeloeh

80 ualunpulo = woloe ng poeloeh

90 sionpulo = sanga ng poeloeh

sio = sanga ing basa Bali sya = 9

Conto ing nginggil punika kados sampun botên parlu katêrangakên malih. Namung ing basa Jawi petangan sanginggilipun 9 botên angsal ang. ng.

Purbacaraka.

Têmbung: cala, ancala, nyalawadi, punika punapa nunggil lingganipun, kala kinanipun kadospundi têgêsipun.

Têmbung wati, punika salugunipun punapa têgêsipun, kados ta ing ungêl-ungêlan sêtyawati, susilawati, darawati, nyakrawati.

Jaja.

Katranganing pitakèn

Têmbung cala punika limrahipun ing samangke, dipun têgêsi gunung, calamadu = gunung gula. Lêrêsipun acala = gunung, saking a = ora, cala = obah, amila têgêsipun gunung. Dados ingkang radi lêrês punika ancala, saking acala mawi anuswara, saminipun codaka, dados cundaka. Subadra dados Sêmbadra enz.

Nyalawadi punika kintên kula saking calawadin. Cala [Ca...]

--- 58 ---

[...la] = obah, wadin, wong kang duwe catur, wada = catur, dados tiyang nyalawadi punika tiyang ingkang obah cature, yèn ditakoni mangkene, mangsuli mangkene, yèn mangkene, mangkene. Amila tiyang nyalawadi punika ing raos sami kalihan tiyang onglang-angling. Makatên ugi onglang-angling inggih saking angling = caturan, saking ling = catur = wada.

Têmbung wati, lêrêsipun panambang wati punika èstrining panambang wan.

Gunawan - gunawati

Satyawan - satyawati

Wiryawan - wiryawati enz enz.

Namung nyakrawati, punika saking cakrawartin, saking cakra = glindhingan, jăntra, kalihan wartin, saking warta = ubêng, dados cakrawartin, punika têgêsipun kang anduwèni ubênging jăntra, lajêng dados kang anguwasani.

Purbacaraka.

Punapa yêktos têmbung: ora, punika kina-kinanipun atêgês: ana, kadospundi têrangipun. Sarta kadospundi sagêdipun dados têmbung botên.

Jaja.

--- 59 ---

Lêrês têmbung ora punika lugunipun atêgês ana. Cêtha sangêt manawi ana dipun madyakakên: ontên = kramaning ora.

Kala kinanipun sangêt (taun 825 ngan) têmbung ana punika gadhah synoniem (sanès têmbung nunggil têgês) inggih punika wwara = ana. Lajêng dipun kramakakên wwantên, ingkang lajêng dados wontên ing jaman samangke punika.

Wwara punika ww nipun wontên ing basa Sundha sarta Malayu ical, dados aja sarta ada. j. kalihan d ing ngriki sami lintuning r. Ing basa Madura ww nipun dados b. badha = ana.

Nalika jaman basa Jawi Têngahan, manawi mungêl ora ana punika tambontên, saking tan wwantên.

Nanging tambontên wau ing Sêrat Pararaton sajak sampun wiwit kaanggêp têmbung satunggal, atêgês niet ora. Punika tuladhanipun tambonten wonten baya, nanging lajêngipun tambonten macanipun (tambontên macanipun) tambonten bantengipun (tambontên banthèngipun).

Sarêng tambonten sampun têtêp kaanggêp têmbung satunggal, lajêng ical ta ... n nipun, kantun mboten ing sêratan m mipun ical, kantun botên, nanging pakêcapanipun taksih mawi anuswara, kakantunaning tan.

--- 60 ---

Makatên ugi ora, saking tan wwara, dados tan nora, dados nora, ing samangke kantun ora, dados ta nipun ical babarpisan amila ora punika bilih dipun lugokakên, têgêsipun ana. Tunggilipun boya, saking tan woya, saking tan wwaya.

Purbacaraka.

 


§ Ingkang lajêng dados nayaka = tukang nuntun (leider). (kembali)
§ Ingkang lajêng dados sisya = kang kudu diwulang = murid. (kembali)
§ Anggènipun ta dados tha, punika miturut paramasastra Sanskrita, saminipun drêstha saking drêsta, prawistha saking prawista. (kembali)
§ Ni dados nayana punika saking ni dados nay rumiyin lajêng angsal panambang ana, saminipun:
si = tilêm, dados say, lajêng dados sayana = klasa of patilêman.
Yèn wodipun awasana u utawi u (= u panjang), dados aw.
Lajêng dados awana, kados ta:
bu = dadi, bawana = dunya,
stu = manambrama, stawana = panambrama,
pu = angrêsiki, pawana = angin (piranti ngrêsiki) saringan.
Yèn wodipun awasana a namung angsal nasta = ngadêg (staan)
Stana = panggenan (Mal. astana)
Da = wèwèh, dana = pawèwèh,
Gra = ngambu, grana = pangambu, irung.
Yèn wodipun sigêg, namung angsal ana
Wac = wicantên, wacana = catur,
Wad = wicantên, wadana = cangkêm, rai,
Baks = nêdha, baksana = têtêdhan. Taksih kathah tunggilipun. (kembali)
§ Ing Sêrat Het Buddhisme. door Prof. H. Kern. 1e. deel kaca 291 noot. 3 amratelakakên: yama punika rêpêt-rêpêt enjing kalihan rêpêt-rêpêt sontên. (zie ook blz. 94 noot 3). (kembali)
§ Têmbung pêpasu punika kula botên têrang têgêsipun, têmbung Kawi tulèn utawi Sanskrita: pasu têgêsipun rajakaya Vee amila têmbung Kawi pasupati = bêndaraning kewan of bêndaraning makhluk = Ba. Guru. Pasupati = namaning panah, punika saking: panah paringipun Ba. Guru. (kembali)
§ Ing pamaos kêdah kaluluhakên kalihan nayana, dados nayanaksi. (kembali)
§ Botên tumut dados ăngka of botên tumut gadhah watak 2. (kembali)
§ Ungêl-ungêlan Sanskrita, tiyang ingkang baunipun agêng punika pratăndha yèn rosa. (kembali)
10 suraosipun. (kembali)
11 § Ungêl-ungêlan Sanskrita. (kembali)
12 punika. (kembali)
13 6. (kembali)
14 § Ăngka 10 ing Cênthini mungêl kawekas basanta lêrêsipun kawan wlas basanta. (kembali)
15 § Ăngka 32-33-34 ing Cênthini mungêl lampah 22 lêrêsipun 23. (kembali)
16 § Ăngka 42 ing Cênthini mungêl ... wonten malih sekar denda, satoes pitoeng dasa naming, lampahipoen ngalih likoer ... lêrêsipun manawi kasêrat ing aksara Jawi ... satus pitung dasa nêm ing lampahipun. (kembali)
17 limrah. (kembali)