Kawi, Purbacaraka et. al., 1928-07, #1809


Kawi

Sêrat wulanan kangge mitêrangakên basa Jawi sawatawis. SOLO.

Ôngka 5, 1 Juli 1928, Taun I.

Kabar Administrasi

Kawi ôngka 5 punika taksih kula aturakên dhatêng para priyantun ingkang sakintên badhe karsa mundhut lêngganan, minôngka pruph nomêr.

Mila para priyantun wau kaparênga ngintunakên artanipun lêngganan f 2,50 ingkang lajêng badhe kula aturi Kawi wiwit ôngka 1. Namung manawi botên karsa, kaparênga lajêng mangsulakên, cêkap dipun cirèni Retour.

--- [0] ---

Kabar Administrasi

Minôngka lajêngipun ingkang sampun kasêbut ing Kawi ôngka 4 dumugi tanggal kaping 30 Juni punika kula sampun tampi arta lêngganan ingkang nyaringgit (f 2.50) saking para priyantun ing ngandhap punika:

R.A.A. Aroengbinang
R.Pr. Adisoemarta
M. Alibasah
R.S. Cornelis
I. Goesti Poetoe Djlantik
R. Dirdjasoekarta
R. Prawirahardja
R. Dwijasoesastra
R. Sm. Hardjasoesastra
R.Sm. Hardjasoewita
R. Jososoedarso
R. Dw. Joewana
Toean Kausar
R. Kartosoemarto
Mas Kartoatmodjo
Kweekschoolbond afd. Madioen
R. Martodilogo
R. Ngadiman
R. Nitisoebrata
M. Nataotama
M. Nitisastro
R. Poorwosoedirdjo
R. Soewandi
R. Sindoepranoto
A. Sawab
R. Soetrasno
M. Soepardi Wimbokarjono
R. Wirjowardojo

Dene ing ngandhap punika ingkang maringi arta lêngganan ingkang botên nyaringgit.

R.P Dirdjosoedjono: f 1,-
C.S. Moeradibroto: f 1,50
R. Prawirohardjo: f 3,-
M. Sabar: f 1,-
R. Soemadi: f 1,75
R. Soedarso: f 1,75
R. Taroesadoko: f 1,50
R.S. Wirjosoediro: f 1,50
R.S. Wirjodisastro: f 0,75

Manawi wontên priyantun ingkang sampun ambayar, môngka asmanipun dèrèng kapratelakakên ing nginggil punika, kaparênga lajêng nyêrêg dhatêng administrasi.

--- [130] ---

Ôngka 5, 1 Juli 1928, Taun I.

Kawi

Sêrat kabar wulanan ingkang ngrêmbag saha ngajêngakên basa Jawi sarana Kawi.

Ingkang ngêdalakên ngiras bêbadaning rêdhaksi: Dr. R. Ng. Purbacaraka, M. Ng. Dwijawiyata, M. Ng. Jayasugita, R. Sastrawirya tuwin H. Sutadi, Redactie-secretaris.

Rêgining lêngganan sawulan 25 sèn, dados sataun punika f 2.50. adres Administratie en redactie-secretariaat: H. Soetadi, Kawatan SOLO.

Sedanipun Prabu Pariksit

(Sambêtipun Kawi ôngka 3 kaca 78)

Mangkana ling sang srênggi, sumaur ta sira bapa kaadhang mari monabrata sira, dening lara sinapa sang prabu

Mangkono ujar sang srênggi, sumaur ta panjênêngane bapa, kapanujon mari nglakoni ambisu panjênêngane, dening susah sang prabu disapatani,

--- 131 ---

...

Aywa mangkana kitanaku tan dharmaning wiku kêta krodha ngaranya, kewala ko pasaman, mulya ring wwang kadi kita ngaranya

Aja mangkono kowe anakku, dudu wajibing pandhita rak nêsu arane, mung kasabaran, linuwih ing wong kaya kowe arane,

Ungêl-ungêlan punika suraosipun, makatên: aja mangkono kowe ênggèr, nêsu iku rak dudu wajibing pandhita. Mung kasabaran kang dèn mulyakake ing wong kang kaya kowe iku.

Kitanaku punika saking kita + anakku. Nanging ing basa Kawi aksara rangkêp punika kêrêp dipun lômba. Kados ta ing Sêrat Baratayudha kaca 19 garis 19 mungêl:

Mulat mara Sang Arjuna, punika wêtahipun, mulat maras Sang Arjuna. Sumpah kina ungêlipun: kadi lawa sang hyang candraditya sumulu ing ngandhabuwana, samangkana lawasanyan mukti sangsara, suraosipun, kaya lawase sang hyang rêmbulan lan srêngenge amadhangi bundêring jagat, samono bakal lawase ênggone nandhang sangsara. Kadi lawa sang = kadi lawas sang.

Aywa tanaku krodha, yadyapi ring wwang samanya tuwi

Aja ta anakku nêsu, sanadyan marang wong lumrah pisan

--- 132 ---

Tuwi punika têgêsipun piyambak tur, nanging ing ngriki suraosipun pisan sekali-poen.

Têkwan sang prabu sira ta maka bumi iking patapanta, alasnira marikèki ngalas pametanta kêmbang samidha, wenira ikang banyu ininum ta.

Karo manèh sang prabu panjênêngane ta kang duwe bumi iki patapanmu, alase iya iki alas panggonan ênggonmu golèk kêmbang lan kayu, banyune banyu sing koombe.

Katrangan.

Marikèki saking marika iki. Samidha punika têgêsipun kayu obong, ing ngriki suraosipun kayu wangi ingkang kangge mêmuja.

Sira rumaksa kita gumawe tapa, matangyantan anangawara, sidhipwa mantranta. Syapa ta nung makaprabawa ika

Panjênêngane rumêksa kowe (ênggonmu) gawe tapa, mulane ora ana (sing) ngribêdi, mandilah mantramu, sapa ta sing duwe prabawa iku.

Syapa = si apa = siapa

Takarin sang prabu makaya seka ring wwang kadi kita miku

Iya mêsthi sang prabu kang kagungan jasa iku tumrap wong kaya kowe pandhita,

--- 133 ---

ya seka saking ya saika. Yasa ing basa Malayu djasa Jawinipun sampun cêtha, nanging têmbungipun Jawi jaman samangke dèrèng pinanggih.

Sênapanta pwa sira, tatan yogya ulah ta

Kosapatani dene panjênêngane, ora pantês polahmu.

Tatan yogya = tatan yogya, awit [...]Huruf Jawa: pengkal. (pengkalan) punika sajatosipun pasangan ya.

Sangksepa nyanaku, akon aku majare sang prabu, yatanyan sira marangke

Cêkake anakku, akon aku matura ing sang prabu, supaya panjênêngane tindaka mrene.

Sangksepa = cêkak, tunggilipun sang sipta. Majare = majara i.

Nya mamalakwantasapa, aywa tan masihi sira

Yèn wis, amundhuta cabaring sapata. Aja ora asih ing panjênêngane.

Nya punika ing samangke dados ênya, nanging sampun ewah têgêsipun, ing basa Sundha nja têgêsipun taksih mèmpêr Jawi Kina. Ing ungêl-ungêlan nginggil punika nya suraosipun [sura...]

--- 134 ---

[...osipun] yèn wis. Mamalakwa = mamalaku + a = anjaluka. Malaku ingkang atêgês anjaluk, punika taksih kêtingal ing mlaku- mlakua.

Mangkana ling Bagawan Samiti mawarah yyarnaknira, ana ta sisyanira Sang Agoramuka ngaranira

Mangkono ujare Ba. Samiti angajar ing anakke. Ana ta muride Sang Agoramuka arane.

Yyarnaknira = ryanaknira = rianaknira. Sisya = siswa = murid.

Ya ta kinonira majara ri Maharaja Pariksit ri sapa Sang Srênggi

Ing basa Malayu: ia lah disoeroehnja hendak membilang kepada m.r.P. dari hal soempah sang Sr.

Ndan merang ta sang prabu malakwantasapa, tuhun rumaksa waknira juga sira

Lah lingsêm, ta sang prabu mundhuta cabaring sapata, amung rumêksa sarirane bae panjênêngane.

Antasapa = anta einde + sapa = sapata.

--- 135 ---

Kawruh Sêkar Agêng

(Sambêtipun Kawi ôngka 3 kaca 68)

Ing ngajêng sampun kapratelakakên bilih [Grafik] punika gambaring wanda panjang, È gambaring wanda cêlak. Murih têrang ing ngrikirngriki. dipun aturi tuladha kadospundi cocogipun ingkang dipun gambar kalihan gambaripun. Ungêl-ungêlan, sampun dangu kula kesah, punika gambaripun miturut guru lagu, makatên.

[Grafik]

Ungêl-ungêlan saking Baratayudha II, 1.

Lêngêng gatini kang awan saba-saba niking Astina.

Gambaripun.

[Grafik]

Malih Baratayudha XVIII,1.2.

I rika ta Sang Gathotkaca kinon mapag Arkasuta.

Kagambar

[Grafik]

Samantên kemawon kados sampun cêtha kangge nyumêrêpi cocogipun ingkang kagambar kalihan gambaripun.

Ing samangke sampun wancinipun mêndhêt tuladha saking Sêrat Wrêtasancaya. Conto ing Wrêtasancaya ingkang ôngka satunggal mungêl§ Ing Wrêtasancaya dados no. 9.

--- 136 ---

1. a nanda yang

Jarwanipun dhuh nanda (nama), dhuh punika ingkang kapratelakakên, têmbung salarik mung isi sawanda, dados kawan wanda punika sampun jumênêng sapada. Dene namanipun sêkar nanda, kagambar: [Grafik]

2. Dèwi, Gori, Badra, Sasri

Jarwanipun Dèwi Gori (Durga iku) angapura (tur) minulya. Punika tuladhanipun sêkar, ingkang salarik namung isi kalih wanda. Kagambar [Grafik] Namanipun sêkar punika ing Wrêtasancaya: Badrasriwanèh. Prof Kern. amastani namanipun Sri. Miturut ungêl-ungêlanipun Kawi, sêkar wau namanipun Badra utawi Sri.

Wanèh ingkang dunungipun kados makatên punika sagêd atêgês utawa = of.

3. Hyang Brahma / myang Wisnu / Bani Sri / nari hyang //

Jarwanipun Hyang Brahma karo Wisnu Bani, Sri garwa Hyang. Suraosipun, garwane Hyang Brahma karo Hyang Wisnu, iku Dèwi Bani (dèwining catur, Dèwi Saraswati) karo Dèwi Sri. Punika sêkar, salarik isi tigang wanda,

--- 137 ---

kagambar: [Grafik] Nama: Nari.

4. Sahana sang / sura kabèh / cinaru ring / wanamrêgi. //

Jarwanipun saanane sang dewa kabèh, disajèni kewan alas. Punika sêkar, salarik isi kawan wanda, kagambar [Grafik]. Namanipun Wanamrêgi. Caru = sajèn.

5. Donkunamuja /§ Ungêlipun don ku (u = oe) n amuja. Bab n amariksanana katranganing an ing Kawi I kaca 7 ngandhap. ring surasangga / mwang stutiningwang / u wijayanti //

Jarwanipun: prêlune ênggonku amuja ing pakumpule para dewa, lan pujiku: dhuh (muga) unggula. Punika sêkar, salarik isi gangsal wanda, kagambar [Grafik] nama Wijayanti. Ukara sapada ing nginggil punika (makatên ugi jarwanipun) punika dèrèng jangkêp, jangkêpipun kêdah kawaos têrus kalihan sambêtipun ing ngandhap punika.

--- 138 ---

7. Ngwang mrakrêta wrêta / panggil tiki rakwa / mangdeya lulutning / kanya tanumadhya //

Jarwanipun kasambêtakên ing nginggil: (iku) aku anglumrahake (piwulang) têmbang, supaya iki rêke,§ Têtêmbungan kidung kala jaman sangangdasan taun sapriki. agawea luluting parawan, kang ambangkèk wêtênge. Sêkar punika gambaripun [Grafik] Namanipun Tanumadhya = cilik, têngah = cilik wêtênge.

Kawuningana.

Tuladha 1 dumugi 5 punika ing praktijk botên dipun angge. Manawi kula botên kêsupèn, ing salaminipun kula nyinau kêkidungan basa Kawi, kajawi wontên ing piwulang sêkar, kula dèrèng nate mrangguli sêkar ingkang kirang saking 6 wanda ing dalêm salarik. Wondene sêkar Tanumadhya, kados tuladha ing nginggil punika, ugi kangge ing Sêrat Ramayana kaca 17 no. 202 ungêl-ungêlanipun makatên:

Sampun samayatut / rêngrêng ya ta èrên / Sugriwa manêmbah / mamwita misata //

--- 139 ---

Jarwanipun: sawise aprajanji golong, rêndhêng kang kudu diêntèni (têrange), Sang Sugriwa nêmbah, pamit, arêp sakapenake = ngaso.

Malih i ing. Ramayana kaca 81-82 no. 71 ungêl-ungêlanipun makatên:

Na ling nikanang wre / maprêsna kabèh nya / mojar tikanang stri / kanya tanumadhya //

Jarwanipun, mangkono calathuning kêthèk atakon kabèhe (marang sayêmpraba) mojar ingkang (wong) wadon parawan kang ambangkèk wêtênge (sayêmpraba mau).

Manawi kula botên kêlintu, ing Sêrat Ramayana, sêkaripun Tanumadhya inggih namung kalih panggenan, kalih pada punika. Wontên malih ing Sêrat Bomakawya, kaca 132 (pupuh 67) isi kalih pada. Murih botên kêkathahên, ingkang kapêndhêt ing ngriki pada no. 2.

Sang hyang wulanawa / mawan sakamantyan /§ Mawan = dhuwur. Sakamantyan = sêwela = ora suwe. impêr mukani stri / kanya tanumadhya //

--- 140 ---

Jarwanipun sanghyang wulan padhang, ora suwe banjur dhuwur, kaya raining (wong) wadon, parawan kang ambangkèk wêtênge.

Mênggah sêkar Tanumadhya ing tigang panggenan, Wrêtasancaya, Rama, Boma, punika lampahing guru lagu sami kemawon, sami [Grafik]

7. Ksamakêna ta ngwang / têkapira sang wruh / nguni-nguni sakwèh / kusumita janma //

Jarwanipun: diapuraa ta aku, dening sang pintêr, apadene sakèh (ing) wong luhur (ing budi). Sêkar punika gambaripun [Grafik] Namanipun Kusumita janma, têgêsipun wong kang èdi. Ing jaman samangke taksih wontên ungêl-ungêlan, trahing kusuma = bôngsa bêndara.

8. Kêcapi kawi rasa / ndi ta na muara kung / pai mara kalawan / madhukara kalita //

Jarwanipun: rasakna rasaning kidung, êndi kang ora anjalari sêngsêm, beda hara karo swaraning kombang gêmbira.

Punika sêkar Madhukara lalita, kagambar [Grafik]

--- 141 ---

Madhukara = tukang gawe madu = tawon. Lalita = dolanan = ngenggar-enggar.

9. Apan mudha dahat ngwang / tan wruh ring rasa matra / manggêh yan cacadên ngwang / rèhnya lwir madaleka //

Jarwanipun awit bodho bangêt aku, ora wêruh ing rasa sathithik-thithika, têtêp yèn bakal dicacad aku, rèhne kaya (wong) nulis gumaiban. Sêkar Madaleka kagambar [Grafik]

10. Nda tan turidaha ngwang / apan tuhu mapunggung / kêdê manutakên kung / kumara lalita swi //

Jarwanipun: lah ora bakal susah aku, awit nyata bodho (mung) kudu ngêtutake, sêngsê-(ming ati), (kaya) bocah dêdolanan mawa dêrêng. Punika sêkar Kumara lalita. Kagambar [Grafik]

11. Waktraning caritèng lambang / stri wiyoga dinohan sih / suksêkauni duhka gêng / tan wruh ing daya yan kangên. //

--- 142 ---

Jarwanipun: wiyosing carita ing lambang (= kidung iki) putri pisah didohi ing sih, susah anjalari sêdhih bangêt, tan wruh ing solah, yèn kèlingan. Punika dipun wastani sêkar:Wwaktra, kagambar [Grafik]

Wiwit ing tuladha 11 nginggil punika ungêl-ungêlaning tuladha ing Wrêtasancaya, lajêng kadhapur cariyos, amratelakakên solahipun satunggaling putri ingkang katilar garwanipun, lajêng gandrung-gandrung madosi ingkang raka. Ing wasana sang putri priksa maliwis sajodho, lajêng kapundhutan tulung madosi ingkang raka enz. Mênggah cariyos punika prasasat botên wontên têgêsipun, kajawi namung kangge ular-ularing tuladha. Nanging wontên ing Sêrat Ajipamasa jilid III pupuh 6, cariyos wau kasêsêlakên, kadadosakên kadosdene peranganing lêlampahan Babad Tanah Jawi, ingkang kasbut ing Sêrat Ajipamasa wau.

Malah têmbung: suk sêkauni,§ Ing Wrêtasancaya Kem mungêl, saksanauni, lêrêsipun suksêkauni, kados Wrêtasancaya Friederich. saking suksêka + auni = susah anjalari ..., wontên ing Sêrat Ajipamasa dados namanipun Dèwi Daruki, inggih punika: Suskandani.

Lajêngipun Sêrat Wrêtasancaya, badhe kasambêtakên.

--- 143 ---

Nyuwun Priksa

1. Sasêbutan: radèn, kangjêng, arya, tumênggung, sarta sang, punika asalipun saking têmbung punapa, lan kadospundi têgês utawi kajêngipun.

2. Atêr-atêr lan panambanging (voor-en achtervoegsel) têmbung: Kawi, utawi Sanskrita ingkang kêrêp kasrambah, punika wontên pintên cacahipun. Nyuwun tuladha satêgêsipun atêr-atêr lan panambang sawatawis.

3. Namaning ringgit mawi têmbung: wara, inggih punika: wara Sêmbadra, wara Srikandhi, wara Drupadi, punika punapa kajêngipun: wara. Manawi nyata têmbung: wara atêgês: èstri, punapaa ringgid putri sanèsipun têka botên dipun wêwahi ing ngajêngipun mawi têmbung: wara.

Wasana kasuwun.

Darmasubrata.

Katranganing Pitakèn

1a. Radèn, punika saking têmbung Kawi rahadyan, saking ra = atêr-atêr kurmat + adyan. Adyan têgêsipun bêndara, lurah. Ing Sêrat Kunjarakarna§ Kawêdalakên dening Prof. Kern ing Verh Kon. Akademi van Wetenschappen afd. Leterkunde nieuwe reeks deel III no. 3 A'dam 1901.

--- 144 ---

kaca 59 mungêl ikang wwang ring madhyapada, ana adyan ana ulun, têgêsipun ingkang wong ing dunya ana bandara ana batur. Ing Sêrat Calon Arang§ Kawêdalakên dening R.Ng. Poerbatjaraka ing Bijdagen deel 82. Hoofdstuk II mungêl: apan karêngê dening rat, yan adyaning girah lakwa gêlêh, têgêsipun, awit misuwur ing jagat, yèn panggêdhene ing (desa) girah laku ala. Namung punapa adyan ingkang mêsthi saking adi wau ing sakawitipun saking têmbung Sanskrita adhi = voornaam, punika kula botên sagêd namtokakên. adhi kangge ing têmbung adhi pati = ratu linuwih, adhi dewa = dewa linuwih = oppergod lan sapanunggilanipun.

b. Kangjêng punika saking basa Kawi jêng, têgêsipun suku. Namung anggènipun dados satêmbung kangjêng punika kala punapa, dèrèng sagêd pinanggih, ing sêrat Jawi kina saha têngahan, kula dèrèng nate mrangguli. Sajakipun ênèm sangêt.

c. Arya, saking têmbung Kawi aryya, skt aryya ing sakawit namaning bôngsa, cara Walandinipun Ariers. Mênggah pokoking tanahipun bôngsa Arya, nalika dèrèng buyar, punika parasagêd, botên nunggil pamanggihipun, wontên ingkang mastani tanah ingkang cêlak ing laut Kaspi, wontên [wontê...]

--- 145 ---

[...n] ingkang mastani ing tanah Jêrman sisih lèr. Bôngsa Arya punika sarêng sampun buyar dados bôngsa Europa saha bôngsa Pèrsi, Iran sarta Indhu. Grêbanipun bôngsa Arya punika kulitipun blank (kulitan Walandi) rambutipun blond (rambut Walandi ingkang warninipun kados rambut jagung). Basanipun dipun wastani Indo-germaansch inggih punika ingkang pêcah dados Latijn, Griek, Sarsskrit, Slavisch (basanipun bôngsa ing tanah Balkan saha ing tanah Ruslan Europa, lan basa ing tanah Jêrman, Walandi, Inggris enz. enz.

Sarêng wontên ing basa Kawi (wiwit basa Sanskrita) têmbung arya punika têgêsipun luhur.

d. Tumênggung punika têmbung ingkang dèrèng têrang têgêsipun. Ing Sêrat Nagarakrêtagama sampun wontên têmbung tumênggung (zang 72,2) kangge sasêbutanipun Êmpu Nala, ingkang dados ministêr pan orloh, ngiras pan koloniên. Ing jaman Majapait Prabu Hayamwuruk, satilaripun Patih Gajahmada. Punapa punika bawa ma-ning tênggung, sarta tênggung punika punapa nunggil têgês kalihan tanggung, punika kula botên sagêd ngaturakên.

e. Sang punika têmbung Kawi lugu, têgêsipun dede saking têmbung Sanskrita. Wontên ing kawruh basa dipun wastani kramaning si. Wondene têgêsipun sami plêng kalihan si, namung kaot [ka...]

--- 146 ---

[...ot] mawi urmat. Panyêratipun ing sêrat kina mèh ajêg mawi: sa, botên Sa utawi Sa.

2. Pitakèn ôngka kalih punika wangsulanipun sangêt rêkaos. Awit punika bageanipun gramatika, têgêsipun ingkang nêrangakên kêdah paramasastra. Paramasastra Kawi katrangan cara Walandi ing samangke inggih sampun wontên, nanging dèrèng komplit (ing Verspreide Geschriften-Kern deel VIII kaca 135 enz) upami sumêdya mangsuli pitakèn punika prasasat sumêdya damêl paramasastra Kawi. Ing samangke kula dèrèng sagêd nandangi, sabab kathah pandamêlan ingkang langkung parlu. Gramatika Sanskrit sampun kathah nanging katrangipun sadaya basa Pransch, Engels, tuwin Duitsch, damêlanipun Prof Vogel dèrèng kacithak. Ewadene Kawi inggih badhe utawi sampun anyambi nêrangakên bab punika sawatawis.

3. Têmbung wara punika têgêsipun piyambak pilih, lajêng asuraos pinilih, pinunjul enz. Tunggilipun têmbung sayêmbara, punika saking swayam = dhewe = zelf + wara = pilih, milih. Dados sayêmbara punika ing sakawit têgêsipun milih dhewe. Putri ingkang kadamêlakên sayêmbara punika dipun purih milih bojo piyambak. Wara punika ing basa Kawi botên namung gandhèng

--- 147 ---

kalihan namaning putri kemawon, sagêd ugi gandhèng kalihan namaning kakung, kados ta: wara Widura (Bhar Juddh. IV, 3) wara Bisma enz. Makatên ugi dyah kalihan kèn, punika inggih botên maligi kangge èstri kados jaman samangke, sagêd ugi kangge jalêr.

Wara ingkang kêrêp kapasang ing wingking: Sarawara, Rêsiwara, Kapiwara enz sami atêgês linangkung. Radèn Wrêsôngka, putra Wiratha, punika saking Warasangka.

Kabar Rêdhaksi

Sagêd ugi isinipun Kawi punika taksih wontên ingkang dèrèng têrang. Awit saking punika manawi wontên para priyantun lêngganan ingkang kaparêng, kula suwun sangêt kaparênga lajêng mundhut pitakèn dhatêng rêdhaksi, ing mangke sasagêd-sagêd badhe dipun aturi katêrangan.

Rêdhaksi Kawi

Sutadi.

--- 148 ---

Sêrat Côndrasangkala

(Sambêtipun Kawi ôngka 4 kaca 112-122)

Pada V

Buta: buta lanang kang siyung
Pandhawa: putraning Pandhu
Tata: gêtih otot
Gati: kêkêtêg = pramana = namaning môngsa gangsal
Wisaya: panggawe = pirantos
Indri: bayuning mata
Yaksa: buta wadon kang siyung
Sara: lêlandhêp
Maruta: angin ngirad gandaning sêkar
Pawana: angin adrês
Bana: alas agêng
Margana: angin nèng dalan
Samirana: angin ngilangakên kringêt
Warayang: sanjata
Pônca: gangsal
Bayu: angin manjing mêdal
Wisikan: wuruking bapa
Gulingan: barat mêtu paturon
Lima: gangsal

--- 149 ---

Buta dipun têgêsi buta lanang kang siyung punika kênggêdhabyahên, tur namung lêrês sakêdhik sangêt. Lêrês, buta (lêrêsing panyêrat kêdah buta) punika atêgês buta = wayang gêdhe (wangsalan) ananging ing ngriki kajêngipun botên makatên, ing ngriki têgêsipun buta,§ Zie bumi pada I. dadi, dumadi, kadadean enz lajêng atêgês titah, katrangan anggènipun watak gangsal, badhe katêrangakên ing wingking.

Pandhawa = putraning Pandhu, punika sampun lêrês, namung lêrêsing panyêrat kêdah Pandhawa, sarta Pandhu.

Tata = gêtih otot

Gati = kêkêtêg = pramana = namaning môngsa gangsal.

Têmbung kêkalih punika kula botên sagêd andungkap, dene sami dipun têgêsi kados wingkingipun piyambak-piyambak punika, kula gadhah kintên bilih lêrêsipun ing sakawit, tata gata, dene têgêsipun ing sakawit iku laku ! mêngkono laku (laku kang bêcik) saking tata = mêngkono en gata = laku, sarta lajêng dados jêjulukipun Sang Hyang Budha gangsal, inggih punika Sang Hyang Dhyani Budha gangsal, 1. Werocana, 2. Aksobya, 3. Ratna

--- 150 ---

Sambawa, 4. Amitaba, 5. Amogasidha.§ Zie. Het Buddhisme deel I blz. 323.¶Panuntun tumrap candhi: Barabudhur kaca 16-17 (cap-capan up bêstir B.O. Ngayogya).¶Sang Hyang Kamahayanikan bls. 58. Prêtalanipun basa Walandi bls. 106 en aant blz. 176-177.¶2) prêtalanipun basa Walandi dumunung ing kaca 32 en zie Oud Jav. Oork blz. 163 garis 3.

Dene manawi sampun lêrês ing sakawit mungêl tata kalihan gati (dados botên kados kintên kula ing nginggil). Punika inggih sampun lêrês, namung anggènipun anêgêsi mêksa lêpat sadaya, awit manawi miturut ing St. Petersburger worterbuch tata punika ugi sagêd atêgês angin, mirid salajêngipun, sadaya têmbung ingkang atêgês angin, punika watak gangsal.

Gati têgêsipun sami kalihan gata, sami laku, saking têmbung Sanskrita wod gam = lumaku (Hol. Gaan Duitsch gehen), anggènipun watak gangsal, kintên kula kapiridakên saking têmbung pancagati sangsara, têgêsipun lampah sangsara gangsal. Mênggah gêlaranipun pancagati sangsara, utawi lampah sangsara gangsal, punika katêrangakên wontên ing Sêrat Kunjarakarna, kaca 70-71.2 dene jarwanipun sarta ringkêsipun kados ing ngandhap [ngandha...]

--- 151 ---

[...p] punika:

Sang Kunjarakarna takèn dhatêng Sang Yamadipati, punapa tiyang (nyawa) ingkang dosa punika kenging nyuwun dados tiyang malih.

Wangsulanipun kêdah anglampahi pancagati sangsara rumiyin, inggih punika:

1. Gêsang dados sawarninipun ingkang anggêgilani: cacing, wrêjit, rês-rêspoh, enz laminipun 1000 taun.

2. Lajêng dados sawarnining suku nêm (sasaminipun kewan ingkang darajatipun sami kalihan kewan suku nêm) inggih punika: brêngkutis, ampal, tawon enz laminipun 100 taun.

3. Lajêng minggah dados sawarnining kewan ingkang kenging katêdha, kados ta: walang, angge-angge, yuyu, keyong enz laminipun 1000 taun.

4. Lajêng dados pitik iwèn, kados ta ayam, banyak, manuk enz sakathahipun ingkang asuku kalih, laminipun 100 taun.

5. Lajêng dados sawarnining kewan ingkang asuku pat, kados ta tinggalung, trênggiling, bajing enz laminipun 100 taun, lajêng sawêg sagêd gêsang dados tiyang malih nanging inggih sawêg tiyang ingkang nandhang cacad, kados ta: bucu, picak, bisu, cebol enz. enz inggih lampahing nyawa gangsal [gangsa...]

--- 152 ---

[...l] tundha punika ingkang dipun wastani pancagati sangsara, amila upami gati kangge watak gangsal, kintên kula sampun lêrês,§ Zie Kawi-Bal-Ned. Wdb. V.d. tuuk deel IV kaca 290 kolop 1 garis 8 v.o. namung manawi miturut pratelanipun Tuwan dr. J.G.H. Gunning tumrap ing voorbericht Roordas Panji verhalen opnieuw uitg. door- têmbung tatagati dados satêmbung atêgês angin.§ Kaca X VIII noot 1.

Wontên malih têmbung ingkang atêgês angin, ingkang ugi sagêd wontên ing panggenanipun têmbung tatagati, inggih punika sadagati, mênggah têgêsipun piyambak ing sakawit, tansah lumaku, sada = tansah.

Mênggah katrangan kula bab têmbung tata gati punika sadaya namung kula sumanggakakên dhatêng para maos, pundi ingkang kagalih prayogi.

Wisaya = panggawe = pirantos, punika bilih wisaya têmbung Jawi, inggih lêrês, nanging ing ngriki pikajêngipun wisaya têmbung Kawi utawi Sanskrita, têgêsipun cêcawisaning karêp. Ing basa Walandi voorwerpen der zinnen, mênggah têrangipun têmbung wisaya = cêcawisaning karêp, punika makatên: sadaya ingkang dipun kajêngakên [kajêngakê...]

--- 153 ---

[...n] ing karêp (Kawi Sanskrit indriya) punika kathahipun gangsal warni, ing têmbung Kawi dipun wastani:

1. Sparsa = rasa grayang.
2. Rupa = wujud.
3. Rasa = rasa ilat.
4. Gandha = gônda of ambu.
5. Wacana = uni of swara.

Têrangipun malih makatên, mênggah kajênging tiyang punika botên sagêd mrojol saking gangsal prakawis punika, inggih punika,

1. Angraosakên grayang ingkang sakeca.
2. Aningali warni ingkang sae.
3. Angraosakên têtêdhan ingkang eca.
4. Angambêt gônda ingkang eca.
5. Amirêngakên swara ingkang sakeca.

Wondene gangsal prakawis punika dipun wastani pancawisaya. Sarèhne gangsal prakawis punika kiyasanipun para linangkung: sagêd andamêl bilai, amila lajêng wontên têtêmbungan kêna wisaya, punika têgêsipun ing sakawit kêgodha gangsal prakawis wau salah satunggal, dados wisaya = pirantos, punika inggih radi mèmpêr,

--- 154 ---

Indri = bayuning mata.

Yaksa = buta wadon kang siyung.

Têmbung kalih ing nginggil punika pancèn lêrês kalih têmbung, nanging ingkang mêdhot sakawit botên sagêd, saking botên sumêrêp kadospundi lêrêsipun, dados anggènipun anêgêsi inggih namung sakajêng- kajêngipun kemawon. Dene lêrêsipun indriya + aksa amila panyêratipun inggih kêdah indriyaksa, wontênipun ingkang mêdhot sakawit lajêng angrosani mêdhot, indri + yaksa punika saking kapiridakên ing ngajêng sampun wontên buta, dados ing ngriki dipun kintên yaksa panunggilaning buta ing ngajêng wau. Mênggah têgêsipun indriya punika, pirantining karêp. Karêp (Holl. Zintuigen) inggih punika ingkang dados têmbung Jawi pôncadriya, saking têmbung Kawi panyèndriyapancèndriya. ' = panca + indriya. Dene cacahipun indriya = karêp, punika ugi gangsal, inggih punika: 1. pandulu, 2. pangrungu, 3. pangambu, 4. pangrasa (ilat), 5. pangrasa (grayang), mênggah bedanipun wisaya kalihan indriya punika makatên, indriya ingkang tumandang, wisaya ingkang dipun tandangi (Holl indriya, de werking wisaya het voorwerp).

Aksa têgêsipun pirantining karêp dados [dado...]

--- 155 ---

[...s] sami kemawon kalihan indriya.§ St. Petersb. Woodb. deel I blz. 14 kaca 3. Aksa punika kajawi nunggil têgês kalihan indriya, kêrêp atêgês maripat (mata) utawi dhadhu, nanging punika dede kajêngipun ing ngriki.

Sara = lêlandhêp, punika mèmpêr, awit sara (lêrês panyêratipun) têgêsipun panah.

Maruta = angin ngirid gandaning sêkar, punika têgêsipun ugi kêkathahên, inggih namung angin makatên kemawon sampun cêkap, awit maruta (makatên lêrêsing panyêratipun) punika atêgês sadhengah angin.

Pawana = angin adrês, punika inggih kêkathahên malih, inggih cêkap angin kemawon.

Bana = alas agêng.

Anggènipun anêgêsi punika namung dipun gagahi kemawon, sarta dipun èmpêrakên kalihan wana, amila dipun têgêsi alas agêng. Dene lêrêsipun bana atêgês panah.

Margana = angin nèng dalan.

Anggènipun anêgêsi punika namung awur-awuran kemawon, sarta kaencokakên kalihan marga = dalan. Lêrês têmbung marga (Kawi of Sanskrita) nunggil wit kalihan têmbung

--- 156 ---

margana (makatên lêrêsing panyêratipun) sami saking wod marg = angudi, angupaya, ananging ing ngriki pikajênganipun margana atêgês panah, wondene panah punika kanggenipun ing sakawit kangge angupaya bêburon, awit saking punika amila margana atêgês panah, makatên ugi mrêga = bêburon alas, punika ing sakawit atêgês kang binuru, kang ingupaya.

Samirana = angin ngilangkên kringêt, punika ugi kêkathahên, inggih cêkap angin kemawon, sarta kêdah kasêrat samirana, saking atêr-atêr sam + wod ir = (ir) + panambang ana.§ Zie pada II adêg-adêg 3.

Dene ir têgêsipun ing sakawit, angobahake, anggugah, obah enz. inggih punika wataking angin angobahake.

Warayang = sanjata punika lêrês, awit warayang têgêsipun ugi panah.

Pônca = gangsal punika ugi lêrês, namung panyêratipun ing têmbung Kawi tulèn utawi Sanskrita kêdah panca.

Bayu = angin manjing mêdal, ugi kêkathahên, cêkap angin, sarta panyêratipun kêdah bayu.

--- 157 ---

Wisikan = wuruking bapa.

Punika kula radi kirang têrang, namung kula gadhah kintên bilih ing sakawit mungêl wisika of wisika têmbung Sankrita têgêsipun ugi panah, dene têgêsipun ing sakawit tanpa wulu.§ Ugi atêgês têmpak, utawi panah têmpak. Kintên kula mankukipun [manukipun] wisika = tanpa pucuk = panah tanpa bedhor, vgl. pada III adêg-adêg 3.

Gulingan = barat mêtu paturon, punika kula ugi kirang têrang, namung kintên kula ing sakawit mungêl gulika, atêgês mimis, bandhêm, wondene panah kalihan mimis punika kados kenging winastan nunggil bôngsa, amila kaanggêp sami.

Lima = gangsal, sampun cêtha.

Têrangipun têmbung ing pada V kados ing ngandhap punika,

Buta = dumadi, dunya.

Pandhawa = putra Pandhu.

Tatagata = jêjuluking Budha

Of tata = angin, gati = lampah } utawi tatagati of sadagati, = angin,

wisaya = cêcawisaning karêp.

--- 158 ---

Indriya = pirantining karêp.
Aksa = pirantining karêp.
Sara = panah.
Maruta = angin.
Pawana = angin.
Bana = panah.
Margana = panah.
Samirana = angin.
Warayang = panah.
Panca = gangsal.
Bayu = angin.
Wisika of wisika = panah.
Gulika = mimis, bandhêm.
Lima = gangsal.

Wontênipun têmbung buta watak gangsal awit buta = dadi = dumadi = dunya = titah, punika ingkang agêng piyambak warni gangsal, inggih punika,

1. Prêtiwi = lêmah.
2. Apas = banyu.
3. Teja = sorot = pêpadhang, gêni.
4. Bayu = angin.
5. Akasa = hawa (aether).

--- 159 ---

Titah agêng warni gangsal punika kêrêp sangêt kangge saksi sumpah, prasêtya enz,§ zie Ramayana kaca 281 garis 9 v.o. ing ngriki mungêl sang hyang butad buta = sang hyang titah agêng, ingkang nêksèni jumênêngipun Prabu Wibisana-zie kaca 188 nalika Dèwi Sita mratelakakên kasatyanipun dhatêng Sang Ramawijaya. ing sumpah kina dipun wastani sang hyang panca maha buta, § zie Oud. Jav. Oorkonden kaca 167 garis 18. têgêsipun sang hyang titah agêng gangsal. Warni gangsal punika ugi nama pancakusika, têmbungipun Walandi de vrijf hoofdstoffen utawi de vijf hoofd elementen. Ing ginêm ngèlmon, panca maha buta, punika lajêng kalèrègakên dhatêng dadosipun utawi rêrêgêding badan§ zie Sang Hyang Kamahayanikan, kaca 65 vertaling kaca 113. (Hol stoffelijk Lichaam) ingkang lajêng mubal dados watêk 1. ambêsiwit, 2. kumingsun 4a.) 3. mèrèn, 4. gumêdhe, 5. srèi.§ Zie Kunjarakarna kaca 80, en aanteekening no. 106 kaca 54. Samantên kemawon kintên kula sampun cêkap anggèn kula nêrangakên anggènipun têmbung buta watak gangsal, namung buta ing ngriki sanès raksasa.

Pandhawa watak gangsal, sampun cêtha, awit Pandhawa punika cacahipun gangsal.

--- 160 ---

1. Yudhisthira.
2. Bima al. Wrêkodara.
3. Arjuna al. Dhananjaya.
4. Nakula.
5. Sahadewa.

Tata gata watak gangsal ing ngajêng sampun kula têrangakên.

Gati ugi sampun têrang.

Wisaya ugi sampun têrang.

Indriya en aksa ugi sampun têrang.

Têmbung-têmbung ing ngriki ingkang sami têgês angin watak gangsal punika mirid Sêrat Sang Hyang Kamahayanikan, kaca 58§ Vertaling kaca 106. makatên. Angining badan punika warni gangsal sarta lajêng kasamèkakên kalihan Sang Hyang Panca Tatagata, têrangipun.

1. Angin ing têngên§ Bolonganing irung. iku Amitaba.

2. Angin ing kiwa iku Amogasidhi.

3. Angin kang mêtu iku Ratnasambawa.

4. Angin kang ora mêtu (= mlêbu) iku Aksobya.

--- 161 ---

5. Tuntunging angin (= ingkang ora mlêbu ora mêtu) iku Werocana, dumunung ana pucuking irung, ana ing bathuk, ana ing bun-bunan. Makatên milanipun angin watak gangsal, nanging katrangan punika sarèhne dumunung wontên ing ngilmon, dados inggih radi kirang têrang.

Ingkang radi têrang ing Kawi. Bal. Ned. Wdb sangandhaping têmbung panca, pancabayu.

1. Prana bayu mungging sarwwa sanngi (= ros-rosaning badan (Mal sendi)).
2. Apana bayu mungging muka.
3. Samana bayu mungging lêt (= jubur).
4. Udana bayu mungging ati.
5. Byana bayu mangêdalakên atma.§ Ambokmanawi punika kajêngipun napas ingkang têlas-têlasan, badhe pêjah (?).

Ing ngriki princèn saha namaning bayu = angin satunggal-satunggalipun dipun têrangakên, awit saking punika mila têmbung ingkang atêgês angin watak gangsal.§ Katandhinga kalihan sêrat Smaradahana pupuh X pada 2.

Têmbung ingkang atêgês panah punika mila watak gangsal, makatên. Miturut ing Sêrat Smaradahana, jêmparingipun Sang Hyang Kama, dewaning sêngsêm, punika sawarnining sêkar, amila [a...]

--- 162 ---

[...mila] pêparabipun Sang Kusumayudha = sang agaman kêmbang§ Ingkang makatên punika ing jaman samangke lamad-lamad taksih kêtingal, nanging inggih sampun mèh kêsupèn, inggih punika ing ungêl-ungêlan kadi Ratih ratune wong Cakrakêmbang enz ing samangke Cakrakêmbang punika dipun wastani kadhatonipun Bathara Kama, lêrêsipun wong Cakrakêmbang punika Bathara Kama piyambak, amila prayoginipun kintên kula kadi Ratih ratune Sang Cakrakêmbang = garwane Ba. Kama. nanging kontanipun sanjata pancawisaya (zie boven),§ Zie Smaradahana Zang 7 pada II. dados Bathara Kama punika anggènipun manah-manah ing tiyang murih sêngsêm mawi wisaya 5. Upaminipun botên tumama mawi pandulu, inggih pangrungu, makatên salajêngipun anggènipun murih tiyang punika kagodha ing sêngsêm. Awit saking jêmparingipun Sang Hyang Kama punika warni gangsal, amila sadaya têmbung ingkang atêgês panah punika watak gangsal. Malah ing samangke jangkêpipun panah komplitipun, punika inggih gangsal (sanadyan ingkang kangge namung sakawan) punika kinanipun inggih anglêluri jêmparingipun Sang Hyang Kama. Badhe kasambêtan.

--- [0] ---

[Iklan]

Kabar Rêdhaksi

Ngaturi uninga, bilih Kawi ôngka 5 punika isinipun kapêksa inggih 33 kaca malih, jalaran kupinipun mrêtanggêl. Mila benjing Kawi ôngka 6 namung badhe isi 30 kaca, kajawi punika kula nyuwun pangapuntên dhatêng pangrèhing Mardi Kawi ing Lumajang tuwin sanèsipun, dene kapêksa dèrèng sagêd macak pitakenan panjênêngan, amargi kirang papanipun. Mila kula aturi sami nyabarakên rumiyin.