Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503

Judul
Sambungan
1. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
2. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
3. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
4. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
5. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 125–144), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
6. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
7. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
8. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 085–098), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
9. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
10. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408–432), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
11. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 433–448), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

KOEMANDANG THEOSOFIE TAOEN III.

Rêginipun sêrat kabar wulanan punika.

Tigang wulan ... f 1,20

Satêngah taun ... f 2,10

Sataun ... f 3,60

Kêdah kabayar rumiyin,

1. Pawartos, rêgi ... f 0,50

Sêrat panjurung dipun ngalamatana dhatêng rêdhaksi: Tamtaman.

Badhamèn sanès-sanèsipun, dhatêng atministrasi pangêcapan Swastika.

Pambayaripun dhatêng pangêcapan Swastika, Pêkên Pon (Surakarta).

Rêgining atpêrtènsi 1 kaca: sapisan f 4,- bilih 1/2 kaca f 2,50 kapacak kaping 1.

Angsal-angsalaning arta lêngganan tuwin prabeya adpêtènsi[1] ingkang 25% kadarmakakên dhatêng Lose utawi Sentrum ing pundi panggenan ingkang wontên lidipun lêngganan, Kumandhang Teyosopi, dipun lantarakên ing bêstiripun piyambak-piyambak.

Wara-wara.

Kula ngaturi priksa manawi wiwit wulan Januari 1925 punika adminisêtrasinipun Kumandhang Teyosupi kacêpêng dening sadhèrèk: Lim Tik Liyang, dhirèkturing pangêcapan Swastika, ing Pasar Pon Surakarta, pramila manawi wontên sêrat-sêrat ingkang sambêt kalihan prêluning Kumandhang Teyosupi kangalamatana dhatêng piyambakipun.

Kajawi ingkang sampun kasêbat ing nginggil, ngaturi priksa manawi Kumandhang Teyosupi kawêwahan isinipun, amargi badhe kaisèn karangan prakawis teyosupi ingkang basa Malayu, wigatos sagêda saya sumêbar saindênging Indhiya Nèdêrlan.

Ingkang punika kula nyuwun pitulunganipun para sadhèrèk ingkang sami maos sêrat Kumandhang Teyosupi, kêparênga amitulungi martosakên prakawis punika dhatêng sadhèrèk-sadhèrèk saha para mitranipun, murih sagêd saya kathah lênggananipun, wêkasan amimbuhi kakiyatanipun kumandhang. Punapadene bilih wontên sadhèrèk ingkang dèrèng bayar rêgining kumandhang ing taun ingkang kapêngkêr utawi ingkang sawêk lumampah kêparênga tumuntên angintunakên, dados kumandhang lajêng sagêd ambayar prabeaning panyithak.

Bêstir lose teyosupi ing Surakarta.

__________

Pamanggih Bab Ngèlmu lan Kawruh.

Ngèlmu, punika têmbung Arab, têgêsipun: kawruh, rimbaganipun têmbung: wêruh. Mênggah lêrêsipun pangolahing kawruh, punika pancèn inggih kêdah [kê...]

--- 2 ---

[...dah] kanthi panitipriksa kados ngêndikanipun sadhèrèk Uranus K.T. XI-XII taun 1924, malah botên namung panitipriksa, kêdah mawi dipun nyatakakên sayêktos, ngantos sagêd damêl pamarêming manah, awit pancèn sampun wontên wêwatonipun ingkang têtêp, kawêdharakên wontên Sêrat Wedhatama ngèlmu iku kalakone kanthi laku. Utawi: ngèlmu iku dadine kalawan laku. Kanugrahan ginayuh sarana kurban, inggih lampah panitipriksa, lan anggènipun nyatakakên, punika ingkang minăngka: laku, utawi kurban, ingkang badhe dados jalaraning kanugrahan angsal kasunyataning kawruh ingkang sagêd damêl pamarêming manah.

Anggènipun ewah kawontênanipun, santunipun panampi utawi pangrêtosipun beda kalihan kanyataanipun, punika têtela saking awid,kabodhoan utawi kawêdhêngan, punika botên namung jaman kina kemawon, sanadyan jaman samangke inggih wontên, kosokwangsulipun kala kina, ingkang pratitis pangolahipun, inggih kathah, katitik gumêlaripun kamulyan ing kina, punika sampun dados tăndha yêkti pratitisipun pangolahing kawruh.

Mila pamanggih, misahakên agama lan kawruh, ngèlmu lan kawruh, punika botên andadosakên panujuning galihipun para tuwanggananing teyosupi, awit wêwaton puniha[2] namung satunggal, Gusti Allah punika inggih namung satunggal, dene wêwaton satunggal ingkang têtêp, sampun dipun akêni lan dipun ajêngi para linangkung warni-warni punika bab wêwaton: jalaran, mêsthi angwontênakên kadadosan, gumêlaripun kadadosan, mêsthi mawa jalaran, punika kemawon, manawi mêmêt pangolahipun utawi panalitinipun, sampun nyêkapi kangge sarana panggayuhing kamulyan, wusana sumăngga.

Ga.

__________

Pêthikan Sêrat Mahabarata.

Bab III.

Anggènipun Para Pandhawa Andon Lêlana miwah Kalangkunganipun.

Sarêng sampun diwasa, sarta para rajaputra wau kawistara bilih sudira ing rananggana. Sangking kaparêngipun Prabu Dritarastra, Yudhisthira ginadhang badhe kagêntosakên, anggènipun misudha dhatêng Yudhisthira wau mawi sêrat kêkancingan, kados ing ngandhap punika:

Marga saka kapintêrane, kasabarane, bêcik lan ngêblake atine, sarta marga saka luhure ambêke, mula sun gadhang bakal gumanti.

Botên watawis dangu sangking anggènipun winawaha, Yudhisthira sutanipun Dèwi Kunthi, tansah kaayoman [kaayo...]

--- 3 ---

[...man] dening utamining pambêkanipun, mila lampah-lampah anggènipun anindakakên pandamêlan sarta titinipun dhatêng kawajiban kados kang rama. Dene para kadang sami marsudi kalangkungan, sarta ngangkah badhe amiyarakên jajahan, ananing kakêndêlanipun para Pandhawa wau anêwahakên sumêlangipun Prabu Dritarastra, ngantos botên sagêd sare, lajêng nêdya anandukakên piawon. (§ 141)

Para putranipun Pandhu sami sugih, tiyang isining praja Astina sami sih, sarta angaji-aji, dene para ari sakawan pisan sakalangkung bêkti dhatêng kadangipun sêpuh, ngantos Prabu Dritarastra rumaos, bilih sariranipun punapadene para putranipun sami kasingkur. Pramila lajêng animbali satunggaling nayaka nama Kanika, kapundhutan pamrayogi. Minăngka atur wangsulanipun Kanika nyariyosakên dêdongengan ingkang pratitis sangêt, nanging sakalangkung agêgirisi. Cariyosipun: ing nguni wontên satunggaling sagawon ajag, manggèn wontên ing wana têtunggilan kalihan mitranipun sakawan: tikus, blacan, gogor tuwin sima, ing satunggaling dintên sêgawon ajak wau kêpenging amăngsa daginging kidang ingkang pinuju lumajêng ing sacêlakipun, mila lajêng sanjang dhatêng tikus, manawi kidang pinuju tilêm lajêng kagrigitana tracakipun, dene manawi sampun rencok lajêng katubruka dening pun sima. Sasampunipun kalampahan makatên, sadaya lajêng sami badhe adus, sêgawon ajak kapurih têngga bathanging kidang. Kacariyos ingkang rumiyin piyambak wangsulipun sima, ing ngriku lajêng dipun papakakên dening sagawon ajak kalihan pratela, manawi têtelanipun ingkang sagêd nangsaya rumiyin dhatêng kidang punika pun tikus, dados sima punika angsalipun têdha sangking pitulunganipun tikus, sima katêtangi piyangkuhipun, mila lajêng kesah prêlu badhe ngupaya mangsan ingkang botên sangking pitulunganing liyan. Sapêngkêripun sima, pun tikus dhatêng, sagawon ajak pratela supados lajêng kesah amargi blacan raosan badhe nêdha dhatêng piyambakipun. Gogor lajêng kesah amargi dipun cariyosi bilih sima ngincim-incim piyambakipun, dene blacan ugi lajêng sumingkir sarêng sagawon ajak pratela manawi piyambakipun mêntas păncakara kalihan katiganipun wau, sarta sampun manggih unggul. Sasampunipun para mitra sakawan sami kesah sadaya, sagawon ajak sênêng manahipun kalihan măngsa ulaming kidang. Kanika matur: Dados para raja kêdah anyirnakakên mêngsahipun satungal-satunggal, sarana limpating pambudi pundi ingkang sakintên dados pêngapêsaning sadaya mêngsahipun. (§ 142).

Sang Duryudana ugi sakalangkung rêkaos pênggalihipun sabên mirêng ucapipun tiyang ing praja Ngastina, mangalêmbana dhatêng Yudhisthira, sarta ngajêng-ajêng jumênêngipun, mila Duryudana marêk ingkang rama, matur

--- 4 ---

manawi makuthaning kaprabon saèstu badhe dhumawah têdhakipun Pandhu, bilih sang prabu ngantos kabêsturon. Panyuwunipun: pukulun para Pandhawa kabucala dhatêng nagari Waranamarta, sarana lampah ingkang rêmit. Manawi pusaraning kaprabon sampun kula cêpêng, Kunthi dalasan anak-anakipun katimbalana wangsul: sang prabu botên sagêd angsal dhadhakan anggènipun badhe midana dhatêng para Pandhawa. Pramila amung lajêng dhawuh dhatêng para Pandhawa supados sami angèstrèni pasamuaning agami anggènipun angluhurakên dhatêng Sang Hyang Siwah, sanadyan sajatosipun botên dados manahipun, ananging sakalangkung ajrih, mila para Pandhawa lajêng matur sandika. Duryudana, Karna, Dusasana, sami prasêtya akêkadangan, sarta paring arta dhatêng Purocana, supados Puracana adamêla suyasa ing Waranamarta, nanging kadamêl sangking duk kacarup kalihan lak sarta sanès-sanèsipun ingkang gampil murubipun, pêngangkahipun, manawi Kunthi kalihan para putranipun sampun manggèn ing suyasa wau, lajêng nêdya kabêsmi, dados lajêng sami sirna dening latu.

Nalika para Pandhawa badhe sami pangkat dhatêng Waranamarta, tiyang ing praja Ngastina kathah ingkang sami gendholi, sarta nglairakên botên narimahipun, dene para rajaputra wau kadhawahan dhatêng ing Waranamarta. Ananging Yudhisthira angèngêtakên bilih sang prabu punika sudarmanipun ingkang sangêt kapundhi-pundhi, gurunipun tuwin ratunipun, mila tiyang-tiyang wau sami narimaha kemawon, sanadyan kados punapa ingkang kêdah linampahan, awit punika kawajibanipun ingkang agêng piyambak. Sadaya sami kadhawahan mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak kalihan sênênging manahipun. Nalika para Pandhawa pangkat, Sang Widura dhawah dhatêng Yudhisthira, nanging pangandikanipun sarana basa mleca, supados sampun wontên tiyang mangrêtos, suraosipun pêpèngêt supados para Pandhawa sampun ngantos sikêp dêdamêl ingkang kadamêl sangking waja, dados kalis dening bêbaya latu, sarta manawi adamêl pakuwon, dipun kados êronging sêgawon ajag, pikajêngipun, dipun kathahana kontênipun, sarta anamatna sakathahing margi ing sakiwa têngêning pakuwon, Yudhisthira botên kasamaran dhatêng dhawuhipun Widura, mila ing nalika Purocana ngaturakên pakuwon ingkang sakalangkung asri, ugi lajêng dipun tampèni. Ananging sabên dintên para Pandhawa sami bêbêdhag, wigatos amung badhe amaspadakakên sakathahing margi ing salêbêting wana. Kalihan adhêdhêmitan para Pandhawa dhawah dhatêng tiyang juru mêlik, kintunan sangking Widura, supados kamar pasareanipun dipun landhaka ngantos dumugi têngahing wana sacêlaking pakuwon.

Watawis sataun anggènipun para Pandhawa manggèn wontên pakuwon ingkang ambêbayani, ngantos [nga...]

--- 5 ---

[...ntos] Purocana andugi sampun wancinipun kabêsmi. Ananging karumiyinan dening Bima. Ing satunggaling dintên wanci sontên Pandhawa ngêmpalakên para brahmana wigatos kaaturan bujana. Ing antawisipun para brahmana wau wontên satunggaling pawèstri sangking praja Nisadha, kalihan anakipun jalêr gangsal, amargi sami mêndêm mila sabibaring pasamuan tiyang wau taksih kantun, Bima botên priksa dhatêng pawèstri dalah anakipun gangsal wau, ingkang dipun sumêrêpi amung Purocana, pakuwon kabêsmi sangking ing pundi-pundi sarta inggal ambopong para kadang tuwin ibunipun lumajêng dhatêng ing wana mêdal ing bolongan ingkang sampun dangu anggènipun dhudhuki. Sadumugining wana kapapagakên dening abdinipun Widura ingkang kadhawahan mirantos baita prêlu kangge manabrang lèpèn Gangga. Sarêng sampun dumugi ing sabranging lèpèn, para Pandhawa lajêng sami lumampah mangidul. Kacariyos ing pakuwon ingkang kabêsmi kathah tiyang sami tandang, sapêjahing latu sami manggih kunarpaning pawèstri kalihan anakipun jalêr gangsal, kinintên manawi para Pandhawa kalihan ibunipun, mila kunarpa lajêng kaaturakên dhatêng Prabu Dritarastra sarwi tinangisan. Sanalika wau sang prabu punapadene têtiyang ing praja Ngastina, sami karuna kalara-lara. Ananging Widura botên dangu anggènipun karuna amargi priksa bilih sanès Pandhawa. (§, 142-152).

Ing mangke para Pandhawa dados tiyang miruda, ngulandara tanpa dunung, kang binukti amung sawontênipun ing wana. Kados punapa trênyuhing panggalihipun dene kapêksa nyumêrêpi ibunipun sare angglèthèk wontên ing siti, sarta tanpa aling-aling, măngka salami-laminipun botên nate kasangsaya dening prahara. Dèwi Kunthi kapundhak dening Bima, kapêksa pêrang kangge ngayomi kang ibu, sarta rumêksa manawi sare. Ing satunggaling dintên, sarêng raksasa ingkang wontên ing cêlakipun ngriku wau mambêt gandaning manungsa, lajêng kengkenan sadhèrèkipun èstri kapurih amêjahi kangge têdhanipun, ananging sarêng rasêksi priksa dhatêng kabagusan sarta prakosanipun Sang Bima, botên kadugi amêjahi, malah lajêng kataman ing gandrung. Ing nalika rasêksi wau angrêrêpa dhatêng Bima, Idhimba sakalangkung nêpsu, manguwuh sarwi mangancam badhe pinêjahan, kasarêng kalihan Bima. Mandhêga ing kono bae, panguwuhipun Bima, kalihan mandêng asêmu mèsêm, supaya aja angêgèt-êgèti wong kang lagi kêpenak gone padha turu. Salêbêtipun Bima wicantên makatên kalihan sawega badhe lumawan. Pramila sarêng raksasa anyarap inggal jinangkah kalarak nêbih, supados sampun ngantos abribèni ingkang sawêg anendra. Ngriku lajêng banting-binanting, pupuh-pinupuh, sarta bandhêm-binandhêm sela, sêbrak-sinêbrak, kitêr akêkalangan. Para kadang sami kagèd lajêng sami mangatag dhatêng Bima prayogi inggal pinungkasan, [pinung...]

--- 6 ---

[...kasan,] mila raksasa lajêng kaumbulakên ngantos inggil lajêng sinabêtakên ing siti. Tuwin katugêl ula-ulanipun, asring sangêt Bima prang rame ingkang kados makatên wau, supados jagad uwala sangking panangsayaning titah ingkang kawasa nanging awon ambêgipun, dados gêsangipun têntrêm, tuwin tiyang sampun ngantos awon, manawi kathah tiyang kawasa ambêkipun awon, rêmên angêlês-êlês dhatêng tiyang inghang[3] ringkih, Pangeran lajêng anitahakên tiyang ingkang linangkung karosanipun kados kawontênanipun Bima, kangge pangrisakipun, para ingkang ngantos kangge limrahing agêsang kemawon sampun botên pakangsal, dados sampun kawajibanipun Bima, lumawan dhatêng tiyang ingkang rêmên anindhês, mila karosan linangkung wau kaparingakên dhatêng Bima, prêlu kanggea angayomi tiyang-tiyang ingkang sami ringkih-ringkih.

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Piwulangipun Sang Buda Sambêtipun K.T. Bageyan VI-VII Taun 1924.

2. Punapa lire mawi sêsêbutan tiyang Buda.

Inggih punika tiyang ingkang angidhêp kalayan angluhurakên Sang Buda, kaanggêp ujwalaning bawana, minăngka panutan dununging kamulyan ingkang luhur piyambak, sarta panjênênganipun ingkang sinung wêwênang ngawasani sagunging dumadi. Mila sami mituhu sarta angèstokakên piwulangipun, tuwin sami kêsdu anglêksanani sapitêdahipun, sarta mawi micara mantra tri sarana, kalayan susilaning patrap ingkang jêtmika wontên sangajênging tiyang sagunging pakêmpalanipun.

Mangyantra tri sarana wau ungêlipun kadospundi.

Mênggah ungêlipun mantra tri sarana makatên: 1. Kula angayom dhatêng panjênênganipun Sang Buda. 2. Kula angayom dhatêng piwulangipun. 3. Kula angayom dhatêng paklêmpakanipun para kadang ingkang sami kapiji. 4. Tiyang ingkang sami micara mantra tri sarana kalihan susilaning patrap ingkang jêtmika punika kadospundi sêdya tuwin mêngartosipun.

Mênggah tiyang ingkang micara mantra punika pikajêngipun sami pratignya ing manah, kasêksènana ing sajagad pramudita, bilih piyambakipun têmên-têmên amilih dhatêng panjênênganipun Sang Buda, ing salajêngipun badhe minăngka guru tuwin têtuladan, anggènipun anggadhahi pangangkah anyumêrêpi piwulang ingkang amrih suci, ingkang kêkarang wêwinih saking kawontênanipun ingkang sajati, alandhêsan pangadilan ingkang botên kenging ewah, ingkang kasamèkakên kadosdene margi ingkang anjog dhatêng kautamènipun piyambak tuwin pamudharan. Punapa malih anganggêp dhatêng para kadang ingkang sampun sami kapiji, inggih punika sakabatipun Sang Buda ingkang pinuji sarta ingaji-aji, ingkang sampun tinanggênah dados juru

--- 7 ---

pamêrdi murih waspadanipun dhatêng kajatèn, tuwin juru mêdharakên sakathahing piwulang kasucian wau, miwah juru amisik cipta sasmita ingkang piningit ingatasipun para tiyang Buda.

5. Punapa mantra tri sarana punika minăngka pikêkah sagung ingkang kaewokakên tiyang Buda.

Inggih makatên, kangge dhatêng sadayanipun tiyang, sanadyan tiyang ingkang milih dados ewoning para kadang ingkang sami kapiji, ingkang lêlabuhanipun amirib panggêsanganipun fakir (biksu, utawi samana) tuwin ingkang dados gêgolonganipun ingkang sami ahli kadonyan, (winastan upasaka) pangkat kêkalih wau botên kadamêl sanès. Pramila amung tiyang ingkang micara mantra tri sarana, kalihan linairakên wontên sangajênging gêgolonganipun, inggih punika ingkang kaewokakên pagolonganipun tiyang Buda ingkang sayêktos.

6. Para tiyang Buda sami anêbut tri ralê, punika kadospundi sêdya tuwin têgêsipun.

Têgêsipun tri ralê punika kumpuling kasucian têtiga, ingkang minăngka lantaran pracayaning manahipun tiyang Buda, mawi wêwaton micara măntra tri sarana, sêdyanipun kaupamèkakên lintang panutan têtiga, awit tri ralê kang suci punika ingkang amrabawani salêbêting pêpêtêngipun gêsang kita wontên ing dalêm donya, ingkang kaupamèkakên kados lintang ingkang anyunari tiyang ingkang anglampahakên baita ing wanci dalu wontên satêngahing samodra, ingkang pinuju katêmpuh ing prahara, bilih tiyang wau madhêp pracayanipun, lintang punika ingkang angluwarakên saking samodraning hawa napsu tuwin loba murka, ingkang têmahanipun anjog wontên palabuhan têntrêming manah ingkang langgêng.

Pramila tiyang Buda sangêt pitajêngipun saha sakalangkung pangidhêpipun, tuwin angaji-aji sarta pandulunipun tansah madhêp dhatêng lintang panutan têtiga, ingkang nyunari wau, sarta anêbut kalayan sungkêming manah, makatên:

Pinundhi-pundhia Sang Buda kang linangkung suci, kang unggul ing jagad, kang agung kang mahaluhur, kang satuhu utama.

Pinundhi-pundhia piwulange kang amrih kasucian, kang êning, kang mudharakên.

Pinundhi-pundhia sagung kadang kang sami kapiji, kang sampun têtêp anandhang kasucian.

Buda.

7. Mênggah Sang Buda punika sintên.

Sang Buda punika, ingkang sampun ngutamèkakên dhatêng pribadinipun, tuwin ingkang sampun ngujwala amrabani sabawana, ingkang sampun luwar saking salêbêting wêwêngkon ngagêsang, kang wicaksana miwah kang suci, kang mêdharakên kêkêran sajati, saha ingkang dados panutanipun tiyang Buda.

--- 8 ---

8. Punapa Sang Buda punika wujudipun Hyang Wisesa ingkang murba misesa sagunging dumadi.

Sanes.

9. Utawi punapa panjênênganipun satunggaling manusa dutaning Hyang Wisesa ingkang katurunakên dhatêng ing ngalam donya, supados adamêl karahayoning manungsa.

Inggih sanès.

10. Punapa satunggaling manusa.

Inggih satunggaling manusa, ananging manusa ingkang ing dalêm pintên-pintên èwu taun amung sapintên kalairakên, inggih punika satunggaling tiyang ingkang agung luhur tuwin minăngka dipaning bawana, ingkang kasuksman miwah kasusilanipun sakalangkung luhur kumênyar wontên sanginggiling tiyang ingkang kasasar tuwin ingkang nandhang sangsara, ananging satêngahing manungsa ingkang dèrèng putus pangawikanipun, inggih amastani Hyang Maha Wisesa, sawênèh amastani dutaning Hyang Maha Wisesa.

11. Punapa asmanipun piyambak inggih Sang Buda punika.

Sanès, Buda punika pitêdah kawontênaning kadyatnikan, utawi kawontênaning roh.

12. Punapa têgêsipun têtêmbungan ingkang makatên wau.

Pêpadhang, anelakakên satunggaling tiyang ingkang angsal drajating pangawikan sarta utamining adat, ingkang linangkung luhur awit saking santosanipun piyambak.

13. Sintên asmanipun Sang Buda ingkang sayêktos.

Inggih Sang Nararya Sidarta asmanipun kala timur, dene parabipun Sang Gotama.

14. Nararya Sidarta wau sintên sudarmanipun.

Inggih Sang Prabu Sudadana, mênggah ingkang ibu Risang Narèswari Maya.

15. Băngsa punapa ingkang winêngku dening Sang Prabu Sudadana.

Punika dêlêsipun băngsa Indhu Sakya[4]

16. Kala punapa miyosipun Nararya Sidarna.

Ing dintên Jumungah, ing taun 623 sadèrènging [sadèrèng...]

--- 9 ---

[...ing] wiwitanipun taun Kristên.

17. Punapa wontên cipta sasmitanipun ingkang kajuwara ing kathah mênggah badhe lêlampahanipun Sang Nararya Sidarta, kalayan pêpêsthèning mulya papanipun.

Inggih wontên, para brahmana ingkang dados pandhita tuwin juru nujum ing kratonipun Sang Prabu Sudadana sampun amêca rumiyin.

18. Kadospundi wêdharing pangandika ing pamêcanipun.

Manawi Nararya Sidarta tulus olah kasudibyan wontên ing ngalam donya, badhe jumênêng nata binathara ambawani kawibawan sabawana, ananging bilih panjênênganipun mengo dhatêng kawibawan, milalu gêsang dados tiyang ingkang murwani Yama agami, panjênênganipun badhe jumênêng Buda ingkang utami sarta linangkung.

19. Punapa namung punika wêca cêcawanganipun Nararya Sidarta ing têmbe.

Botên, wontên satunggaling pandhita mratapa nama Kaladhewila, ingkang sampun lêbda prasidaning anut lampahing roh, saking padhepokanipun ing wana sukuning ardi Himalaya, kalayan lumampah enggal-enggal, anjujug wontên ing ngarsanipun Nararya Sidarta sarta amêca: sampun pinasthi rajaputra punika badhe jumênêng Buda ingkang utami aluhur drajatipun, sarta badhe anêdahakên margining pamudharan dhatêng sagunging manungsa. Têmahan piyambakipun lajêng karuna, awit angraos bilih piyambakipun sampun sêpuh, dados badhe botên mênangi lêlampahanipun Nararya Sidarta, ingkang sampun kawêcakakên.[5]

20. Punapa andadosakên parênging panggalihipun Sang Prabu Sudadana, dhatêng pamêcanipun pandhita Kaladhewila wau.

Botên pisan. Malah panjênênganipun sang nata angupaya sakathahing sarana, ingkang minăngka palangyasaning[6] wêca badhe lêlampahanipun Sang Nararya [Na...]

--- 10 ---

[...rarya] Sidarta, ingkang botên dipun sarjoni, sabab pangajêng-ajêngipun sang nata, sagêda Sang Nararya Sidarta jumênêng ambawani kawibawan kang mulyendah.

21. Karsanipun sang nata, sarana punapa ingkang tinandukakên minăngka paliyasaning papêsthèn, ingkang ginantungakên dhatêng panjênganipun ingkang putra Nararya Sidarta.

Punika muhung pinarsudi prasidaning dumadi madêg narendra utami, mila Nararya Sidarta langkung sinungku sangkaning timur tansah pinardi pralêbdaning ulah kawibawan, sarta linimput piniluta saliring lêlangên, kalihan linuding pangêla-êla kados ing ngandhap punika.

Nararya Sidarta awit saking timur mila kapingit salêbêting pura, dumunung samadyaning udyana, kaprênah sawingkinging kadhaton, ing ngriku sinungan suyasa, sadaya pinardawa sarwendah, sinêmbah sinêmbadan sagunging rèh kawibawan, binusanan sampat-samput samêkta sapalakartining ulah kamulyan, mila sadaya ingkang kawiyat karya kayunyuning, yayah amulat langêning taman adi ngendra bawana. Karsanipun sang nata anggènipun marna sasanendra[7] putra makatên punika, supados ingkang putra Nararya Sidarta kagungan panggalih sêngsêm sumêmbuh ing kawibawan, tuwin kagungan rumêsêp ngrasuk sasaraning kamulyan, kalihan malih Nararya Sidarta wontênipun ing ngriku tansah winongwong dening para sarjana tuwin sujana, sami amardi lêbdaning kawidagdan, miwah kasudibyan, murih subadyanipun, ing têmbe yèn madêg narendra, tuwin pangawikaning wiku winulangakên sadaya dhatêng Nararya Sidarta, kalihan aji jaya kawijayan, sampun tinumpêg sadaya pangawikaning para wiku kamot dhatêng panggalihipun Sang Nararya Sidarta.

Nahan gantya cinarita, nalika Nararya Sidarta sampun andungkap diwasa, ingkang rama lajêng dhawuh ngiyasakakên kadhaton têtiga, satunggal kagêm sabên tanah Indhu măngsa bêntèr, tuwin kagêm yèn măngsa asrêp, dene satunggalipun kagêm yèn măngsa jawah, kadhaton têtiga wau jinumbuh jomblahing warni, slapak sabusananipun, mawi kinubêng ing kêbon kêmbang, saban subaning sinêmbuh bangsal basuki, sinalimpêt kêmbang-kêmbang ingkang samya jinêmbangan, akik minăngka warna, miwah sinungan bale kinambang balumbang toyanipun linangkung wêning bale lerap-lerap, saking udaling prawadara kongsi mêncêp cangap ngalobi botrawi, wutahing toya mawi kêkirih lêlarèn alit, karya iliran lunturing toya kang anjog sêndhang-sêndhang tuwin bêlik, măngka têtandhon pangrantuning warih ingkang kinarya nyiram sagunging têtanêman, wontên malih dunung salèring udyana sinungan wêwanan, tinanêman sakathahing taru-taru turut tirahing pawukiran, siluk-siluk sukuning pawukiran sinungan guwa, ingkang wiwaranipun kawêranan roning mandera ingkang sami angayomi, tinon wingit mara sêmu yayah

--- 11 ---

kadya pamidikaning para pandhita, ingkang mangun brata susila.

Sasampunipun paripurna pangupakaranipun, Nararya Sidarta saking dalêmipun kinèn ngadhaton wontên ing ngriku, Nararya Sidarta salêbêting ngadhaton ing ngriku, sangêt kapacuhan kalihan ingkang rama. Ingkang rumiyin, botên kenging pêpanggihan kalihan tiyang malarat, kaping kalih botên kenging pêpanggihan kalihan tiyang nandhang sêsakit, kaping tiga botên kenging pêpanggihan kalihan tiyang kaki-kaki ingkang sampun jêmpo.

Panjênênganipun Nararya Sidarta rintên dalu tansah karămpa-rămpa para satriya pêkik-pêkik, putranipun para luhur ing tanah ngriku, miwah sinewaka dening sutaning para bupati, tuwin punggawa ingkang agung-agung, ingkang sami ngolah luwêsing salira angadi-adi busana.

Amangsuli lêlampahanipun Sang Nararya Sidarta, sarêng sampun dumugi yuswa 16 taun, saking karsanipun ingkang rama, Nararya Sidarta kaangkat nambut silaning akrama, kadhaupakên kalihan putrining Sang Prabu Suprabuda, ingkang nama Rêtna Yasodara, kalangkung agêng bawahanipun ngantos tigang wulan, anggènipun mangun suka-parisuka wontên salêbêting kadhaton, sasampunipun sampurna makartining mangun boja wiwaha, Nararya Sidarta kalihan garwanipun kalilan kondur dhatêng dalêmipun, wontênipun ing ngriku Nararya Sidarta botên ngamungakên kalihan garwanipun, saking karsanipun ingkang rama kasadhiyan pintên-pintên para wanudya ingkang endahing warni, sadayanipun wasis olah pangigêling bêksa, sarta sami mardi mardawaning laku, ingkang sinawung pradăngga, ingkang makatên punika supados amung sêngsêming panggalihipun ingkang putra Nararya Sidarta, sagêda kayungyuning kayun kaayoning kadonyan.

22. Kadospundi kalampahanipun Nararya Sidarta, punapa sagêd anêtêpi ingkang dados pamêcanipun Sang Pandhita Kaladhewila, dening Sang Nararya dumunung salêbêting wêwêngkon kawibawan, tuwin kamulyan.

Makatên, kalanipun Sang Nararya Sidarta midêr-midêr wontên salêbêting udyana, amanoni wawêrnèn sakawan, têmahan andadosakên anglêging ing panggalihipun sang nararya, inggih punika ingkang dados jalaranipun wuninga dhatêng watêking agêsang ingkang sanyata.

23. Punika amanoni punapa.

Ingkang rumiyin wuninga dhatêng satunggiling tiyang ingkang sampun pikun, sarta jompo ingkang wungkuk gêgêripun awit saking kaparwasèng măngsa. Kaping kalih wuninga dhatêng tiyang sakit abuh badanipun sakojur angêmu nanah, kaping tiga wuninga lawayanipun tiyang ingkang ngajêngakên losoh, kaping sakawanipun wuninga lampahing fakir ingkang kinajèn kinamulèn dening sakathahing tiyang.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 12 ---

Karmayoga.

Yoga (panunggal).

Tumraping manusa kang binapa babu utawa kang acêkêl karya lan anggaota.

Nanging sami kaèngêt-èngêta, anggèn sampeyan manthêngakên paedahing pandamêl, ing sadintên-dintên wiwit enjing dumugining sêrap, pangangên-angênipun kêdah sampun ngantos kalimput, sintên ingkang nêdya jumangkah dhatêng panitining alam kaalusan (Ocultisme) kêdah miwiti anglampahi patrap wau. Yakinipun satunggil kemawon botên wontên manusa ingkang kuwawi angukut katrêsnanipun dhatêng barang kadonyan ing sanalika kemawon. Kauningana, manusa sapunika sagêdipun andarbèni samukawis ingkang dumunung ing alam alus ingkang kangge praboting marsudi ing alam ngriku: punika manawi sampun sagêd anyirnakakên rêmênipun dhatêng kadonyan, punapa ta isarat ingkang dipun angge ing manusa supados sagêda botên maèlu utawi botên mraduli dhatêng barang kadonyan, makatên: sadhengah pandamêl ingkang linampahan kêdah dipun rampungakên pisan, sadaya kêkajêngan utawi lêlampahan bilih botên nuntên karampungakên, gid vormin tansah dados gêgembolan, punika anjalari lair malih, botên kenging rinangkêp kalihan ing kamelikan utawi pêpenginan dhatêng paedahing pandamêlipun. Patrap ingkang makatên sagêd anjalari indhaking kaluhuranipun manusa, bab punika sampun kacariyosakên ing Bagavatgita nyambutdamêl ingkang tanpa manah utawi ngangkah angsal-angsalanipun, cêthanipun: sanadyan anglampahana pandamêl nanging botên angangên-angên ing kadadosanipun.

Sarèhning angsal-angsalanipun botên kamanah, makatên punika sampun nama nindakakên pandamêl anigas prakawis ingkang badhe anjalari lairipun ing donya malih, lah punika ingkang sinêbut panunggil sinarêng lan nyambutdamêl, sabab sêdyaning manah namung anindakakên padamêlan wantah, kalihan rumaos anunggilakên gêsanging Allah ingkang suci. Lami-lami manawi kèndêl panglantihipun dhatêng yoga inggih botên ginèndèng dhatêng samukawis kadonyan. Yèn sampun makatên, nalikanipun manusa tumandang ing damêl, sanadyan kados punapa awratipun, inggih lajêng sagêd andunungakên pangangên-angênipun wontên ing gêsanging Allah ingkang suci. Bab punika sami kemawon kalihan patrapipun tiyang yèn nuju wontên ing greja, amêndhêt sêkar nuntên kaluntakakên, nalika samantên inggih ugi sagêd angangên-angên sanèsipun.

Patrap ingkang makatên sami kemawon kalihan anyambutdamêl ingkang kêdah dipun lêlantih punika. Tiyang ingkang mêthik sêkaring kuwajiban ing donya, nanging ing batos angênêra dhatêng gêsang ingkang suci. Dados [Da...]

--- 13 ---

[...dos] sawarnining pandamêlipun sampun ngantos kawastanan tanpa pêpanthêngan, uripe ana ing donya aja kaya wong ngipi. Mênggah têtelanipun têtiyang ingkang sami nyambutdamêl dipun bêningakên pangangên-angênipun, sagêda ambedakakên badan kalihan nyawa. Nalikanipun badan anindakakên padamêlan, nyawanipun ugi nyambutdamêl, ananging wontêning gêsang ingkang suci. Makatên manusa sagêd angenggalakên indhaking kaluhuranipun, binuka gêsangipun suci ingkang wontên badanipun, nyawanipun nuntên kadunungan daya ingkang luhur-luhur, kados ingkang kacariyosakên ing bab nyawa.

Têtiyang ingkang nglêlantih nyambutdamêl misah nyawanipun saking ing badan, nyawa lajêng matuh pisah botên kêrèh ing badan, milanipun kêdah dipun lêlantih makatên, amargi yèn badanipun ing pangaran-aran botên kalêrês anglilir, nyawanipun kuwasa ucul sakajêngipun anjajah alam alus ingkang botên kenging tiningalan.

Kauningana, nyawa punika manawi taksih manah sangêt dhatêng samukawis ingkang tiningalan, pinirêng lan rinaosakên kalihan păncadriya, nama taksih dumunung wontên ing pakunjaran, botên sagêd anuwuhakên samukawis patrap ingkang suci. Nanging yèn ing sadintên-dintênipun dipun kulinakakên, pinisah saking badanipun, kalanipun wanci dalu yèn badan pinuju tilêm, nyawa sagêd amisah, inggih punika ingkang kawastanan angancik tataran dhatêng panunggal kalihan gêsang ingkang suci.

Mênggah paedahipun manusa marsudi yoga, punika botên namung adamêl uculing nyawa, supados sagêda angêcakakên samukawis ingkang luhur-luhur kemawon, ugi ngangkah salêbêting misah lan badan, nyawa wau mindhak kadaya lan santosanipun, dene yèn botên pinarsudi makatên, badhe botên mitulungi dhatêng kawontênaning gêsang ing sadintên-dintên punika, makatên têtelanipun, lêlampahan ing donya punika asring damêl ngêrêsing manah, rêkaos lan sangsara. Manusa sami miris dhatêng bancana lan pakèwêd ingkang badhe andhatêngi, sanajan bêbaya sampun kêpêngkêr, manusa inggih taksih prihatos lan susah.

Samukawis ingkang nusahakên, kados upaminipun kacilakan lan pakèwêd, punika botên patos adamêl ngêrês saha mirising manah, yèn namung karaosakên kalanipun dhumawah kemawon. Nanging kathah-kathahing tiyang manawi katrênjuh ing sabab kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, inggih tansah ginagas-gagas sadèrèngipun lan sasampunipun dhumawah. Manawi kasusahan wau sampun dhumawah, limrahipun inggih lajêng anggrundêl tuwin anggrantês, sanajan sampun têtela ing sumêrêpipun manawi prakawis punika botên kenging dipun gêtuni utawi tanpa guna dipun kaduwungi. Sanajan angêrêsa manahipun [manahi...]

--- 14 ---

[...pun] sarta angadhuh lan angêsah dipun kados punapa, inggih ugi tanpa paedah, amargi kasusahan sampun dhumawah. Yêktinipun ingkang anggêgêring utawi mêrês gêsanging manusa punika botên liya inggih namung gêtêr lan mirisipun piyambak. Yèn namung amanah danguning kasusahanpunika kemawon botên damêl sangsara sangêt, sabab kasusahan makatên botên badhe tumanduk ing salami-laminipun, tiyang nèm ingkang badhe lami gêsangipun, manawi dèrèng anggayuh prakawis punika, prasasat sinêngkakakên enggal sêpuh, sabab pêpêrih lan ngêrêsing manahipun kados anggege pejah. Manungsa ingkang botên angangên-angên badhe kadadosaning pandamêlipun, botên pisan kataman ing susah, manusa sampun nyumêlangakên prakawis ingkang dèrèng dhumawah, manusa sami anyumêrêpana bilih lêlampahan utawi pandamêl ingkang dhumawah punika tumusanipun ingkang sampun-sampun, milanipun manawi sampun sagêd misah utawi botên amanah kadadosaning pandamêl wau, punika sampun nama botên mraduli, salajêngipun nuntên têntrêm lan marêm angên-angênipun, gêsangipun botên nandhang rêkaos, pêrihing manah sirna.

Bab punika sampeyan sadaya kados badhe takèn makatên: kadospundi rekanipun supados manusa punika sampun ngantos mraduli dhatêng sawarnining kasusahan. Têrangipun nyawa ingkang sampun kulina utawi lantih amisah, punika sampun botên kenging winutakakên punapa malih rinisak dening kasusahaning donya ingkang sami angrubut ing kiwa têngênipun, sabab nyawa ingkang makatên sampun waspaos dhumatêng asalipun, inggih punika uwit ingkang langgêng. Nyawa ingkang makatên ugi sampun têtela ing sumêrêpipun bilih anggènipun dumunung wontên ing donya punika pêrlu ngupados kawruh lan kabudayan, sasampuning sagêd, nyawa lajêng sagêd angindhakakên luhuring dayanipun, lan kamulyanipun. Mila sawarnining kasusahan ing ngalam donya prayogi dipun sumêrêpi wadosipun, dados botên dipun gêtuni dipun ajrihi lan dipun sumêlangakên. Sarèhning sampun têrang ing sumêrêpipun nyawa, yèn badhe botên sagêd oncat saking donya bilih dèrèng angsal kasagêdan, dados lajêng sangêt ing pamarsudinipun dhatêng kasagêdan wau, supados angsal kaindhakaning dayanipun, sabab kasagêdan lan indhaking kalimpadanipun nyawa punika asalipun saking donya.

Manusa ingkang gêsang kalayan gêsanging nyawa, dados botên angangge gêsanging badan, mênggah panitinipun dhatêng samukawis ingkang katingal, kêdah mawi pêpathokan saking gêsangipun nyawa, makatên wau nyawa sagêd ucul saking bêbandanipun, mêsthi botên badhe lair malih ing donya. Ing ngajêng sampun kasêbut bilih manusa punika kaugêr kalihan donyaning

--- 15 ---

kamelikanipun, dados yèn sampun sagêd amilah nyawa kalihan badanipun, katrêsnanipun dhatêng donya inggih lajêng sirna, wusana sagêd angluhurakên alamipun inggih punika alaming nyawa piyambak. Nanging sakathahing manusa ingkang watak rêmên dhatêng mêmanising donya, mêsthi botên badhe oncat saking ing donya punika, donya punika botên kenging kadunungan ing manusa ingkang ambêbingah awakipun piyambak, dening donya punika badhe kêbak manusa ingkang kasangsaran lan tuna ing kawaspadan. Manusa ingkang kapencut dhatêng pèni-pènining donya, botên sagêd angluhurakên gêsangipun, malah botên pisan mraduli dhatêng para sadhèrèkipun ingkang sami anandhang sangsara.

Manusa sampun pisan angajêng-ajêng utawi ngangkah angsal samukawis ingkang namung tumrap ing badanipun, kêdah mitulungi dhatêng sadhengah ingkang dumunung ing donya punika. Manusa ingkang mitulungi makatên mênggah kautamèning pandamêlipun anglangkungi manusa ingkang anyarahakên kadadosaning pandamêlipun, sabab anyarahakên makatên wau namung sêdya adamêl uculing nyawanipun piyambak, sintên ingkang nêdya dados tiyang ingkang rêmên atêtulung, kêdah luhur lan suci pasinaonipun.

__________

Bab Karma.

Karma punika têmbung Sangsêkrita, têgêsipun pandamêl, mênggah têrangipun inggih sabab lan kadadosan oorzak en gevolg.utawi anggêring kodrat.

Karma wau kabage 2 golongan, karmaning băngsa lan karmaning sawiji-wiji. Satunggil-tunggiling golongan kabage 3 perangan: sansita karma, prarabda karma lan kriyamana karma. Saminipun kawruh agami sansita karma punika gaib, prarabda karma pêpasthèn, kriyamana karma: ihtiyar.

Sansita karma punika têgêsipun lêlampahan ingkang dèrèng kawêdhar, taksih kabuntêl.

Prarabda karma inggih punika lêlampahan ingkang sawêg tumindak.

Kriyamana karma punika pandamêl ingkang badhe dipun lampahi. Satunggil-tunggiling peranganipun karma punika wontên awon miwah sae.

Pêrlu sangêt sadhèrèk teyosup, amangêrtosa têgêsipun lan kuwasanipun karma wau, sabab sadaya lêlampahan wau lan ing têmbenipun, punika saking pandamêlipun piyambak. Ananging yèn panampinipun agami, gaib lan pêpasthèn punika saking karsaning Allah, dene ihtiyar gadhahaning manusa, malah kasêbutakên Allah aparing idi dhatêng manusa, alampah ihtiyar.

Bab makatên wau taksih klintu pamanggihipun, yêktosipun makatên. Ing têmbenipun lampah ihtiyar punika, yèn kathah sarta rosa măngka

--- 16 ---

botên kawêdhar tumuntên, salêbêtipun gêsang punika lajêng dados gaib tuwin pêpasthèn, salajêngipun Allah punika badhe pabên kalihan karsanipun piyambak.

Utawi malih cocogipun kalihan wontêning donya punika, sarèhning Allah kagungan pêpasthèn tumraping manusa, măngka kalilan alampah ihtiyar, dados badhe ewah saking karsanipun, pratăndha yèn karsanipun botên kêkah.

Yèn lampah ihtiyar punika mêsthi kawon dening pêpasthèn, lah punapa paedahipun anindakakên ihtiyar wau. Sayêktosipun Allah punika sampun botên pisan-pisan angrêmbag lêlampahaning manungsa. Yèn botên makatên kenging kaupamèkakên dahwèn utawi nyahak pangwasa, dados botên lêrês karsanipun, ing măngka Allah punika sampun aparing pangwasa dhatêng manusa, sadaya miturut kanikmatanipun piyambak-piyambak, cocoganipun kados ing ngandhap punika:

Ing wêktu iki sira bisa gawe wiji kang bakal tuwuh ing têmbe, sajroning lêlakon akèh sabab kang digawe ing sabên jam, tumuli dirasakake besuk kadadeyane, sabab pangadilan iku tansah ajêg tumindak ana ing jagad, kasêrêng dening santosaning panggawe, kang ora wurung anêmahi bêgja lan cilaka, iya iku uwohing karma saka èngêtan lan patrap kang uwis-uwis, mulane ta: sira kêklumpuka sakèhing kautaman, he wong kang ambudi kasabaran, padha ayêma lan narimaa salêlakonmu, sabab iku karmamu dhewe kang anjalari lairmu, katêmahaning bungah lan susah saka uripmu kang uwis-uwis.

Mila tiyang ingkang nêdya sumêrêp dhatêng margining kasampurnan, sampun kuwatos utawi bingah tampi pêpasthèn saking Allah ingkang wontên ing langit, saupami wontên kaèngêtanipun tiyang ingkang rumaos kaêrèh ing Allah, malah andadra pandamêlipun awon, punika sampun wontên ingkang ngèngêtakên utawi matrapakên sapudhêndhaning kalêpatan, karaosna ungêling wêwarah makatên:

Kaananku iki saka kadadeyaning sabab panggaweku, saka patrapku kang anganakake aku, saka patrapku kang anjalari janggêrênging wujud.

Sapa kang duwe patrap lan calathu ala, bakal nandhang sangsara kayadene rodhaning kareta kang nututi sikiling jaran.

Nanging sapa kang duwe patrap lan calathu bêcik, bakal angrasakake kamulyan, kayadene wêwayangan, kang ora pisah lan kawujudane.

Têtela lêrês lêpat punika saking pandamêlipun piyambak.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 25 ---

 


adpêrtènsi. (kembali)
punika. (kembali)
ingkang. (kembali)
§ Sakya punika ewoning băngsa Arya ingkang agêng, makatên ugi băngsa German, Roman, tuwin Slafa ing tanah Eropah, punika inggih kagolong băngsa Arya wau, saminipun yèn tanah Jawi trahing Saptarêngga.
Trahing Witaradya tuwin trah Mantaram.
Pasitèn ingkang dipun ênggèni băngsa Sakya wau dumunung ing tanah Indhu kaprênah lèr wetan, wontên ing sukuning ardi Himalaya. Dene kitha Kapilawastu, punika wontên salèring kitha Bênarès, sacêlakipun lèpèn Rohiging, antawis wontês[wontên] 150 kilomètêr têbihipun saking kitha Bênarès. (kembali)
§ Para brahmana ingkang martapa amatiraga tuwin ingkang mindêng dhatêng warahing agami, wontênipun ing tanah Indhu sampun pintên-pintên atus taun, sadèrènging miyosipun Sang Buda. Sawênèh manggèn ing wana agêng ing gubug-gubug dêling, sami mêlêng anggulang wêwados, sêrat-sêrat Wedha ingkang suci, sawênèh amartapa wontên ing guwa-guwa, tuwin ing kêkajêngan, ingkang kathah panggêsanganipun dados fakir, botên gadhah padunungan ingkang têtêp, angumbara ngupados têdha dhatêng pundi-pundi sarana papriman, sarta sangêt amisakit dhatêng badanipun piyambak, amurih pêjahipun sakathahing raosing kadonyan kalihan pinêksa, anguculi jiwanipun saking sadaya bêbandan kadonyan, supados sagêda nunggil kalihan brahmana ingkang langgêng. (kembali)
paliyasaning. (kembali)
sang narendra. (kembali)