Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503
1. | Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
2. | Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
3. | Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
4. | Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
5. | Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 125–144), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
6. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
7. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
8. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 085–098), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
9. | Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
10. | Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408–432), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
11. | Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 433–448), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
KUMANDANG THEYOSOFIE TAHUN IV.
Rêginipun serat kabar wulanan punika.
Tigang wulan ... f 1,20
Satengah taun ... f 2,10
Sataun ... f 3,60
Kêdah kabayar rumiyin,
1. Pawartos, rêgi ... f 0,50
Sêrat panjurung dipun ngalamatana dhatêng rêdhaksi: Tamtaman.
Badhamèn sanès-sanèsipun, dhatêng atministrasi pangêcapan Swastika.
Pambayaripun dhatêng pangêcapan Swastika, Pêkên Pon (Surakarta).
Rêgining atpêrtènsi 1 kaca: f 10, bilih 1/2 kacaf 6, 1/4 kaca f 4,- 1/8 kaca f 2,50 kapacak sapisan.
Angsal-angsalaning arta lêngganan tuwin prabeya adpêrtènsi ingkang 25% kadarmakakên dhatêng losê utawi sèntrum ing pundi panggenan ingkang wontên lidipun lêngganan, kumandhang teyosopi, dipun lantarakên ing bêstiripun piyambak-piyambak.
Teyosopi.
Punika punapa ta?
E, teyosopi punika ngèlmu utawi kawruh kasampurnaning dumadi, nanging dede ngèlmu kasampurnaning pêjah kados panampinipun sadhèrèk kathah ing tanah Jawi ngriki ingkang sampun kula sumêrêpi punika. Teyosopi utawi T.V. punika, kêjawi ngèlmu kasampurnaning pêjah, ngèlmu batos utawi ngèlmu raos, ugi ngèlmu kasampurnaning agêsang, kasampurnaning dumadi. Dumadi makatên, têgêsipun inggih lair batos, ngrêmbag sadèrèngipun dadi, kalihan dadosipun, tuwin sasampunipun dadi ngantos dumugi lêlajênganipun, têmbungipun Sansêkrit: brahma widya, brahma têgêsipun Pangeran utawi Gusti Allah, widya atêgês kawruh, dados têgêsipun brahma widya punika, kawruh, ngèlmu, utawi sadaya sipatipun Pangeran ingkang gumêlar, punika karêmbag, utawi kaparsudi wontên ing teyosopi. Dene teyosopi, punika têmbung Grikênlan, têgêsipun inggih brahma widya wau, mila teyosopi punika, cocog kemawon kalihan:
Agama (Goddienst) inggih cocog. Kawruh (Wetenschap) inggih cocèg.[1] Kasuksman (Wijsbegeerte) inggih cocèg, nanging T.V. botên maligi marsudi namung saêbab, mila kawastanan agama, botên kenging, sayêktosipun dede agama, tandhanipun botên nêtêpakên sarengat piyambak, para sadhèrèk [sa...]
--- 26 ---
[...dhèrèk] ingkang sami dados warganing pakêmpalan teyosopi, dipun têtêpakên lêstantun anglampahi agamanipun piyambak-piyambak, sagêda marsudi dumugi kasunyatan, mêdal margi agamanipun piyambak-piyambak, supados têtêp angantêpi agaminipun piyambak, margi manami[2] dèrèng sagêd dumugi kasunyatan, kêjawi antêpipun dèrèng têtêp, pangandêlipun dèrèng kandêl, gampil pinilut ngrasuk agami sanès, sagêd nuwuhakên aru-ara agêng rêbat piyandêl ingkang botên tuwuh saking kasunyatan, nama madu balung tanpa isi, tiwas tuwas kemawon.
Ingkang nama kasunyatan makatên namung satunggal, mila mênawi kasunyatanipun para agama punika warni-warni, punika dede kasunyatan namanipun, sayêktosipun sawêg piyandêl ingkang tuwuh saking pamanggih, pamikir, nalar sapanunggilanipun, manawi makatên dèrèng kenging kawastanan nyata, margi nyata, kasunyatan, punika namung satunggal.
Gusti Allah punika inggih namung satunggal, para utusan, punika utusaning Allah nglantarakên dhawuhing Pangeran, wosing tuju namung satunggal, inggih punika damêl karahayoning jagad, beda-bedanipun sarengat, miturut măngsa kala, teyosopi tumut ambiyantoni, manawi wontên pandumuk T.V. ngrisak agama, punika kêlintu, cobi dipun cariyosakên kanyataanipun.
Pêthikan Sêrat Mahabarata.
Bab III.
Anggènipun para Pandhawa bandon[3] lêlana miwah kalangkunganipun.
Sambêtipun K.T.V. ăngka 1.
Sarêng sadhèrèkipun jalêr sampun pêjah, rasêksi lajêng santun warni dados manungsa ingkang endah ing warni, lêstantun kagarwa dening Bima, apêputra satunggal wujud rasêksa sinung nama Gathutkaca, diwasanipun Gathutkaca migunani sangêt tumraping Pandhawa, wêkdal samantên gêsangipun para Pandhawa amung sangking anggènipun babêdhak, ngantos dipun panggihi wiyasa kabêkta dhatêng griyanipun satunggiling brahmana. Botên kaparêng ngalih panggenan angêntosana dhawahipun kemawon, wontênipun ing ngriku dhaharipun amung sangking anggènipun papriman kados tataning para tapa. Angsal-angsalanipun anggèning papriman punika lajêng kabagi dening Dèwi Kunthi. Ingkang sapalih kasukakakên dhatêng Bima, sapalihipun kabagi sadhèrèkipun sêkawan tuwin sariranipun piyambak.
Ing satunggaling dintên, kajawi Bima, para pandhawa sami kesah, Kunthi mirêng bilih brahmana ingkang dipun pondhoki punika tangisan kalihan semah tuwin anakipun kêkalih, sambatipun, manawi botên badanipun inggih katrêsnanipun salah satunggal kêdah pêjah. Semahipun [Se...]
--- 27 ---
[...mahipun] wicantên, manawi piyambakipun sampun mirantos badhe pêjah, minăngka kurban karahayoning priya tuwin anak-anakipun. Makatên ugi anakipun pawèstri, cariyos, bilih badanipun ingkang kawajiban, amargi botên wande badanipun inggih dipun pisah manawi kaemah-emahakên, mila bèntên punapa kalihan dipun pisah amargi kaladosakên, dene anakipun jalêr, ingkang dèrèng patos mangrêtos, amargi taksih alit, wicantên: bilih nêdya lumawan dhatêng rasêksa ingkang wujudipun awon tuwin siya-siya punika. Salêbêtipun taksih sami mèsêm sangking ungêling lare wau, Kunthi pitakèn sabab-sababipun, dipun wangsuli manawi piyambakipun kapêksa misungsung dhatêng satunggaling raksasa warni wos sagrobak, lêmbu kalih, tuwin tiyang satunggal ingkang angirid pisungsung wau. Pangagênging bale griya, kawajibakên gêntos-gêntos misungsung makatên, dene samangke dumugi giliranipun, mila piyambakipun lajêng rarêmbagan kalihan kulawarganipun, sintên ingkang ngirid pisungsung wau, tuwin sintên salah satunggal ingkang purun dados kurban kangge wilujêngipun ngakathah. Ing ngriku Kunthi lajêng wicantên asêmu bingah, manawi anakipun salah satunggal ingkang badhe ngirid, sarêng brahmana mangsuli manawi piyambakipun botên kadugi anindaki pandamêl ingkang nistha, inggih punika adamêl pêjahing tamunipun, Kunthi wicantên: manawi para brahmana kêdah karêksa, sarta para putranipun sami prakosa, dados botên sagêd kasoran, ing nalika wau Kunthi lajêng animbali Bima, ingkang kalihan suka pirênaning manahipun badhe anglampahi sarta angsung pangudharan dhatêng ingkang dipun pondhoki. Wêkdal samantên Yudhisthira dhatêng, ugi lajêng mirêng lêlampahan wau, piyambakipun sangêt sumêlang mila amambêng kalihan sinandi, dene Bima kapurukakên dhatêng bêbaya agêng. Ananging Kunthi mangsuli: bilih angsung pituwas dhatêng ingkang dipun pondhoki, tuwin kamardikan dhatêng praja ingkang kasangsaya, punika pandamêl utami, sarta Bima kêdah anglampahi pandamêl utami wau, amargi punika kawajibaning satriya. Kalampahan Bima angirid grobag sêkul tuwin lêmbu, sadumugining padununganipun raksasa, Bima kraos luwe mila lajêng linggih kalihan nêdha sêkul babêktanipun, raksasa anyêlaki sarta andugang gêgêripun Bima, sakawit Bima mèsêm, taksih nglajêngakên anggènipun nêdha. Raksasa lajêng ambêdhol kajêng kapupuhakên, ananging kajêng agêng pupuhing rasêksa kacêpêng dening tanganipun kiwa, tanganipun têngên kantun amuluki sêkul,
--- 28 ---
sarêng sampun tuwuk, Bima wisuh sarta mirantos lumawan, sakalangkung rame anggènipun prang tandhing dangu-dangu Bima unggul, raksasa gêgêripun kadêngkèk linandhêsan ing jêngku.
Sasampunipun Bima paring priksa dhatêng tiyang wawêngkonipun raksasa ingkang anêdha kawulanipun, lajêng mantuk kalihan raos sênêng. Tiyang ing praja ngriku sakalangkung bingah dene mêngsahipun ingkang anggêgirisi sampun pêjah, dados sagêd têntrêm gêsangipun, (§ 135-136).
Ing satunggaling dintên wontên brahmana mêrtamu dhatêng pamondhokanipun para Pandhawa, cariyos dhatêng para Pandhawa lêlampahanipun Drona kalihan Drupada, sarta nyariyosakên risaking manahipun Drupada sarêng kawon prang tuwin icaling prajanipun sêpalih. Drupada kêpengin sangêt apêputra kakung ingkang sagêd ngawonakên Drona, mila lajêng damêl sêsaji agêng katur para dewa pinarêngna kasinungan putra. Ing salêbêtipun pasamuan, wontên pandhita angaturi pramèswarinipun Drupada supados dhahar martega sêsaji, murih kalampahan apêputra - putri tuwin priya – ananging pramèswari nata dèrèng mirantos, mila sang pandhita inggal angêsok martega wau dhatêng ing latu. Sami sanalika wontên jêjaka mêdal sangking latu sampun ngangge makutha tuwin angrêgêm dêdamêl, sarta wontên swara: laire bocah iki kang dadi pangrusake Drona. Salêbêtipun tiyang sami kagawokan, wontên rara kênya sakalangkung endah, mêdal saking têngah-têngahing papan wadhahing sêsaji (altaar),kulitipun cêmêng manis, rambutipun cêmêng angandhan-andhan, sarta lajêng wontên swara kapiyarsa malih, rara kênya kang irêng manis iki dadi têtungguling wong wadon sajagad, sarta kang dadi jalaran karusakaning satriya pira-pira. Kawontênanipun ingkang priya, inggih punika Drêstajumêna. Senapatining Pandhawa ing paprangan Têgalkuru, dene kang pawèstri punika Krêsna (Drupadi) ingkang linangkung sulistya ing warni, sarta lajêng dados garwanipun para Pandhawa. Drona ingkang botên kasamaran dhatêng lêlampahan ing têmbe. Putranipun Drupada wau kawulang amangun prang, kangge pituwasipun sapalihing kaprabon ing Pancala ingkang sampun kajarah sangking Drupada.
Wêkdal samantên Wiyasa tinjo dhatêng para Pandhawa, sarta dhawuh supados sami dhatêng prajanipun Drupada, narendra ing Pancala. Wiyasa ngandika bilih Dèwi Krêsna putrinipun Drupada, punika gêsangipun ingkang sampun kapêngkêr. Marambah-rambah anggènipun mêmuji ing dewa, nyuwun supados kaparingana guru laki, amargi panyuwunipun [panyuwu...]
--- 29 ---
[...nipun] wau rambah kaping gangsal, pramila panjanmanipun malih lajêng kagarwa dening satriya gangsal, inggih punika pawèstri ingkang kagadhang dados garwanipun para Pandhawa. Awit saking punika Wiyasa kalampahan dhawah supados para Pandhawa sami pangkata dhatêng karatonipun Drupada. Salêbêtipun lumampah, amargi saking pamrayoginipun satunggaling gandarwa, para Pandhawa mampir ing dhepokipun Bagawan Dumeya, nêmbung kêparênga angirit lampahipun para Pandhawa. Awit sangking punika wiyasa kalampahan dhawah supados para Pandhawa sami pangkat dhatêng karatonipun Drupada. Salêbêtipun lumampah, minăngka gurunipun, pandhita wau amituruti para rajaputra kaakên siswanipun, sami kairid dhatêng Pancala, samargi-margi tansah kapapag kalihan para brahmana, ingkang ugi lumampah dhatêng Pancala, wigatos badhe angèstrèni sayêmbara, mila lajêng sêsarêngan kalihan para Pandhawa, ingkang binukti ing samargi-margi saking anggènipun papriman kados limrahing brahmana.
Prabu Drupada, ingkang asêsilih Yajnasena, sampun dangu anggènipun kêpengin mundhut mantu Arjuna, awit wuninga dhatêng titisipun Arjuna manawi anjêmparing. Drupada yasa gandhewa ingkang kagalih sanèsipun Arjuna botên kawawa amênthang, sarta adamêl lesan ingkang kagandhulakên ing awang-awang, sasampunipun lajêng undhang-undhang sintêna tiyangipun ingkang kawawa mênthang gandhewa Pancala tuwin sagêd pramana anggènipun jêmparing dhatêng lesan ingkang sampun kasadhiyakakên, badhe kadhaupakên kalihan putrinipun. Kathah para narendra ingkang sami lumêbêt ing sayêmbara, Sri Krêsna kalihan kadangipun sêpuh, Sri Baladewa, inggih Sang Balarama, ingkang sangêt sihipun sampun kapengin priksa malih dhatêng Arjuna sakadangipun, dene sampun dangu botên pinanggih.
Sayêmbara dipun wiwiti, para satriya gêntos-gêntos amênthang, ananging botên wontên ingkang kuwawi, wêkdal samantên Dèwi Krêsna tansah amandêng kalayan paningalipun agilar-gilar dhatêng ingkang ing têmbe dados guru lakinipun, sadaya para satriya sampun botên wontên ingkang kawawa amênthang, mila Karna majêng amênthang gandhewa wau ingkang lajêng pinasangan jêmparing. Nalika para putranipun Pandhu sampun têlas pêngajêng-ajêngipun, ing ngriku Dèwi Krêsna ambêngok, suwantênipun kadi gêntha salaka, mêkatên, aku ora bakal gêlêm karabi dening suta, mila Karna inggal anyèlèhakên gandhewa lajêng kesah.
(Taksih wontên sambêtipun).
--- 30 ---
Piwulangipun Sang Buda.
Sambêtipun K.T. ăngka 1.
24. Anglêbêti punapa sêkawan wawêrnèn punika ingatasipun Sang Nararya Sidarta.
Wawêrnèn sadaya wau sangêt anggonjingakên panggalihipun sang nararya, awit saking punika Sang Nararya Sidarta kagungan panggraita bilih gêsang punika kenging sirna, sarta tanpa aji, sakathahing kasênêngan punika botên widada sarta inggal sirna, anggènipun botên widada jalaraning manusa punika kenging sêpuh sarta kenging sêsakit, têmahan lajêng pêjah, ingkang makatên wau tansah kados atut wingking lampahing suku, pramila sakathahipun kasênêngan tuwin kamulyan sadaya, sirna anggènipun nêngsêmakên dhatêng panjênênganipun, wiwit ing măngsa punika sang nararya anyinggahi saniskaraning kabingahan, amargi anggènipun anggalih sampun sah, bilih gêsang punika sanès pêpenginan ingkang adi, malah andadosakên awon, sarta sakathahing lampah ingkang kablingêr tuwin karsa ingkang nglangkungi, punika tanpa aji, pramila Sang Nararya Sidarta lajêng ambirat sakathahing kamuktèning agêsang, sagunging panggayuhipun wiwit ing wêktu punika amung gumolong dhatêng pangèsthinipun ingkang linuhung.[4]
Ing satunggiling dintên, ing nalika Nararya Sidarta pinuju kuliling wontên ing wêwanan, ing ngriku aningali satunggiling tiyang sêpuh ingkang sampun jompo, ingkang wungkuk gêgêripun, sarta ingkang mawi langgênan têkên kalihan rêkaos lampahipun, Sang Nararya Sidarta andangu dhatêng abdinipun sarta sêmu ngungun, ingkang nami Tyana, punapa ingkang katingal ngantos andadosakên pangunguning panggalih wau, atur wangsulanipun Tyana bilih punika satunggiling tiyang kaki-kaki.
Sang nararya lajêng andangu malih, apa nalika kalairake wus kaya mangkono kaanane. Botên gusti, kala rumiyin piyambakipun ugi ênèm, tuwin sumringah kados panjênêngan paduka, sang nararya lajêng andangu malih kalihan sêmu ngungun, apa akèh wong kaki-kaki mangkono. Sakalangkung kathah gusti. Nararya Sidarta lajêng andangu malih: apa sababe kaananing wong iku bangêt amêmêlas, punika sampun lampahipun kodrat, bilih sadaya tiyang ingkang botên sagêd pêjah nalika taksih ênèmipun, badhe anêmahi sêpuh tuwin jêmpo. Apa aku uga Tyana. Panjênêngan paduka ugi gusti.
--- 31 ---
Kawontênan punika amêmungu gimiring panggalihipun sang nararya, wêkasan adhêdhawah karsa kondur, ing ngriku Nararya Sidarta sirna saniskaraning kasênêngan ingkang anglimput ing panjênênganipun, salajêngipun ingkang pinanggih wêktu ing wingking, nalika panuju amêng-amêng malih, aningali satunggaling tiyang sakit budhuk, sarêng Tyana sampun ngaturi katrangan kawontênanipun punika, sangêt andadosakên ngêrêsing panggalihipun, wiwit ing kala samantên sang nararya lajêng anyinggahi sakaliring kabingahan, sarta wiwit anggalih sangêt bab ingkang kasandhangakên ing agêsang. Sasampuning antara sawatawis dintên, nuntên kalampahan ingkang kaping tiga, ingkang anuwuhakên bab panandhangipun wau, panjênênganipun amanoni satunggiling lawaya gumlethak wontên ing margi ingkang sampun losoh, saking sangêtipun runtaging panggalih, sanalika sang nararya lajêng wangsul kondur, kalayan angunandika salêbêting panggalih makatên: dhuh lae, apa paedahe angrasuk kaprabon kang mancorong lan kang adi, miwah sakèhing kamulyan, manawa margane ora bisa widada kamulyanku, awit saka tuwa, lara lan pati, kapriye dene cilaka têmên sakèhing manusa iki, apa ora ana saranane, kang kêna ginawe amungkasi ing salawase marang kang sinandhangake lan pati, kang sabên kalairake atut buri manèh.
Pangunandika ingkang samantên wau wiwit ing kala samantên, sang nararya botên kêndhat amarsudi, wêkasan amanoni satunggiling fakir mangangge warni jêne, panganggenipun para sadhèrèkan Buda, sêsawanganing pasêmon anelakakên jênjêming manahipun ingkang sampurna, mênggah pasêmonipun fakir wau kadosdene atêdah margi dhatêng sang nararya, anggènipun angudi dhatêng wêwadosing agêsang, ingkang angridhu dhatêng panggalihipun, wiwit ing wêktu punika kakênthêlaning panggalihipun sampun matêng, anilar kadonyan sarta angambah ing margi ingkang kêdah linampahan dening satunggil-tunggiling tiyang ingkang sêdya anggayuh kautaman.
25. Punika angèsthi punapa.
Sang nararya sumêdya angraosakên sababipun manusa anandhang sangsara, kalairakên kenging sêsakit, sêpuh tuwin pêjah, saha lair malih[5] sarta marsudi kapanggihipun ing sarat, ingkang kenging kaangge nyampurnakakên sadaya wau. Kakiyasaning panggalih anulad lêlabuhanipun fakir, ingkang mêntas ngatingali ing panjênênganipun, mila panjênênganipun [panjênênganipu...]
--- 33 ---
[...n] sumêdya anilar kadonyan sarta lumêbêt ing wana.
26. Punapa têmahanipun karsa ingkang makatên wau pinanggih gampil.
Botên, saèstunipun Sang Nararya kêdah angudi uda-udi rumiyin, saking samukawis ingkang dados kalimrahanipun tiyang kathah, ingkang kaanggêp kabêgjan linangkung ingatasipun tiyang sajagad, kados ta: anampik dhamparing kaprabon, anampik karatonipun ingkang adi, anampik dados pangeramaning pandulu, anampik pangawasa, anampik kapundhi-pundhi lan ingaji-aji, anampik prasidaning sih-sinihan kalihan garwanipun, anampik karênaning manah amomong putra, anampik saniskaraning kabingahan.
27. Punapa ingkang rama tuwin garwanipun Sang Rêtna Yasodara botên amênggak karsanipun ingkang makatên wau.
Botên, sabab panjênênganipun Nararya Sidarta anggènipun kagungan karsa makatên punika, botên wontên satunggiling tiyang ingkang nyumêrêpi awit sangêt anggènipun mingit, sabab kuwatos manawi andadosakên kagèting panggalihipun ingkanng rama, ing măngka ingkang rama sampun sêpuh, tuwin drêsing waspanipun ingkang garwa, botên wande badhe sagêd anggonjingakên pêpuntoning panggalihipun.[6]
Ing satunggiling wanci dalu, sadaya sampun sami tilêm, sang nararya jumênêng salêbêting dalêm, kalihan kèndêl kemawon, botên antawis dangu nandukakên sasmita dhatêng garwanipun,
--- 34 ---
sarana angêjêpakên tingal, awit ing dalu punika wêkas-wêkasaning pêpanggihan kalihan garwanipun, tuwin dhatêng putranipun kakung, ugi kapamitan amung kaparingan sasmitan kados ing nginggil wau, salajêngipun Sang Nararya Sidarta anggugah dhatêng Tyana, kadhawahan angapani kapal titihanipun ingkang kinasih nama kantaka sasampunipun samêkta lajêng bidhal, lampahipun Sang Nararya Sidarta botên kawanguran kalihan ing tiyang ingkang jagi ing kontên, awit titihanipun kasandêrakên, rikatipun ngantos sakatoging kakiyatanipun kapal, kalajêngakên kemawon, lampahipun ing waktu dalu punika.
Taksih wontên sambêtipun.
__________
Karmayoga.
Yoga (panunggal).
Tumraping manusa kang binapa babu utawa kang acêkêl karya lan anggaota.
OORZAK EN GEVOLG. Karma.
Têmbung: karma, punika asring kadamêl pocapan dening para teyosuf, ananging panganggenipun tuwin anggènipun maknani taksih kathah sulayanipun. Kula badhe ambudi sagêda amratelakakên ingkang cêtha, supados tiyang sagêda mangêrtos sayêktos dhatêng kawruh wau. Samukawis ingkang dèrèng têrang sumêrêpipun, badhe kula têrangakên ingkang rêsik.
Ing jaman kina, sapriki sampun maèwu-èwu taun, wontên satunggiling guru ruhur ingkang limpad ing kawruh, waskitha saliring kuwajiban ngagêsang, asmanipun: Bisma, manusa pinunjul ing jaman Mahabarata.
Panjênênganipun dipun suwuni sêsêrêpan, karsaa amêca ing salêrêsipun, pêpasthèn lan kêkajênganing manungsa ingkang botên kêrèh (cara santri ihtiyar) punika rosa utawi santosa ingkang pundi.
Pitakèn makatên wau sampun kasorahakên mawi kapratelakakên sabab-sababipun, sarta kacêthakakên jatining têgêsipun, makatên dhawah wangsulanipun, sarèhning yakin yèn pêpasthèn iku dinadèkake dening kêkarêpaning manusa, dadi wus mêsthi kêkarêpaning manusa luwih santosa tinimbang pêpasthèn.
Wêca ingkang makatên, lugunipun sakalangkung têtela. Manawi kita sagêd mangêrtos dhatêng suraosipun, sampun mêsthi kita botên badhe tumpangsuh ing panampi, kita botên badhe ngugêmi: karma botên kenging ingewahan, [ingewaha...]
--- 35 ---
[...n,] kita mêsthi gadhah sêdya angewahi karma kita, sampun pisan gadhah pandugi karma punika wêwatoning pêpasthèn ingkang botên kenging siningkiran dhatêng manusa. – Kathah kemawon para teyosup ingkang pamardinipun dèrèng patos lami dados taksih tuna ing panggayuh awicantên makatên: wus mêsthi aku ora bisa lan ora andungkap prakara iku, sabab aku ora kadunungan karma kang anjalari bisaku marang prakara iku. Dene manawi pikantuk panandhang utawi kasangsaran lajêng mupus ing takdir, sabab panandhang wau pangintênipun saking karma ingkang mêsthi nuwuhakên kasangsaran, malah kathah manusa ingkang botên pisan gadhah grênjêt angewahi samukawis pratingkah ingkang klintu, wusana namung sumendhe sarta ngluluh, makatên wicantênipun: yèn pancèn wus sinababake dening karma, mêsthi ora kêna siningkiran. Lah sadaya pandugi ing nginggil wau klintu, punika amratandhani dèrèng sagêd anggayuh suraosing kawruh bab karma.
Sampun kula yêktosi, manawi tiyang ingkang sawêg sinau teyosopi, ambêkipun kadosdene sampun mangêrtos saèstu dhatêng suraosing karma, malah kawruh wau kinintên gampil, nanging manawi samukawis punika katiti ingkang lêrês, inggih lajêng sumêrêp manawi kawruh bab karma punika botên gampil, saya lami dipun sinau, saya lêbêt lan ruwêd, manawi namung nyinau cariyos bab karma (Theorietisch) sawatawis pancèn wontên gampilipun, nanging ingkang langkung paedah punika êmpan papanipun, dados amatrapakên ing gêsang kita punika kêdah sarana angulinakakên, punapadene nêdya anyumêrêpi kadospundi dene kita sagêd angewahi ugêring karma. Lah ing ngriku tiyang badhe kaprêgok ing pakèwêd, mêsthi badhe mastani yèn botên gampil ginayuh. Măngka tiyang ingkang sampun andungkap, kuwagang angewahi pêpasthèning satunggil-tunggilipun tiyang, punapa malih karmaning băngsa (karma ingkang tumraping tiyang kathah) makatên wau sarana winêcakakên sabab-sabab tuwin katêranganipun, malah sagêd ugi nêrangakên kalayan têtela karma ingkang tumraping tiyang kathah sarta dayaning karma wau, manawi tumraping gêsanging satunggil-tunggiling tiyang. Ing ngriki kula badhe mratelakakên punapa têgêsipun karma, lan kadadosan saking punapa, punapa ingkang sinêbut gêsang ing donya punika, kadospundi dene sabên-sabên wontên pandamêl ingkang kadadosan kalayan dumadakan, lan malih punapa inggih sagêd mathuk lan turut, upami karma punika karujukakên kalihan pikajênganing [pi...]
--- 36 ---
[...kajênganing] manungsa ingkang botên kêrèh. Punapadene kula badhe mratelakakên ingkang cêtha, dene karsanipun ingkang amurba wisesa marentah saisining jagad raya têka karsa angrojongi utawi nuruti pikajênganing manungsa, makatên punika punapa ingkang minăngka sarananipun, tuwin manungsa sagêdipun angrukunakên pikajênganipun kalayan karsaning Allah ingkang angrêgêm tuwin anguwasani saisining bawana wau ugi badhe kula gancarakên.
Ing pitêdahing agami warni-warni ingkang minăngka lajêr utawi jêjêring piwulang: pêpasthèn satunggil-tunggiling manungsa. Têtiyang ingkang manut agami Islam, pitados manawi manusa punika botên gadhah pikajêngan ingkang botên kêrèh, sadaya pandamêl tuwuh saking karsanipun ingkang Maha Kuwasa, inggih punika saking pêpasthèning Allah. Makatên ugi ing agami Kristên. Malah wontên satunggaling pamulangan agêng ing Kalpin, ingkang kawulangakên ing ngriku mratelakakên bilih karsaning Hyang Murba Wasesa amijang-mijang pêpasthène satunggil-tunggilipun manusa. Băngsa Kalpin pitados sangêt, yèn pêpasthèning satunggil-tunggilipun manusa punika ing sadèrèngipun sampun kaatur, makatên punika miturut wêwatoning wuruk, ingkang mawi katêrangakên sabab-sababipun.
Dene kawruh teyosopi punika, kuwawa anêrangakên lan adamêl sulanging samubarang ingkang ruwêd, ingkang tansah ewah gingsir, lah makatên wêwatonipun: manawi wontên saprakawis ingkang sabên-sabên tansah ewah gingsir (botên gumathok), punapa malih manawi sabên-sabên mawi lair malihing donya, punika Th. lajêng purun amêsthèkakên, bilih ing prakawis punika botên kenging botên, têmtu wontên satunggiling wiji ingkang têtêp wontên, ajêg salaminipun, dados mêsthi prakawis wau kadunungan wiji ingkang murni. Mila lajêng sagêd amasthèkakên yèn ing salêbêting piwulangipun băngsa Kalpin saha agami Islam ing nginggil wau mêsthi wontên satunggiling prakawis ingkang asli: langgêng, ajêg botên ewah gingsir, inggih punika pikajênganipun manusa ingkang botên kêrèh, ingkang jujur lan lêrês, ingkang nuwuhakên asil lan paedah sarana têmên, nanging kita kêdah niti ingkang lêrês, pikajêngan kita ingkang botên kêrèh punika wontên watêsipun, botên ombèr lan botên angămbra-ămbra. Watêsing pikajêngan kenging karingkês sarana kawruh, cêkakipun pikajêngan ingkang botên kêrèh punika gadhah daya ingkang tansah mindhak-mindhak.
--- 37 ---
Hakikinipun manungsa ingkang botên waskitha, têrangipun nyawa ingkang botên limpad, punika botên pisan kadunungan pikajêngan ingkang botên kêrèh. Nanging satunggiling manungsa saya wêwah kagunanipun saya agêng pikajênganipun ingkang botên têtêp wau.
Tiga pêperanganing karma punika peranganing satunggilipun pandamêl, inggih punika kamelikan, pangangên-angên tuwin wêdal utawi wêdharipun, perangan kalih ingkang wiwitan punika dumunung ing kêkêran, têgêsipun botên kenging sinatmata (gaib) dene perangan ingkang kaping tiga punika kenging tiningalan, ing ngriki perangan têtiga wau botên kula cariyosakên panjang, awit para ingkang marsudi Th. mêsthi sampun sumêrêp, ing ngandhap punika kula mratelakakên bab karma.
Karma kita sapunika kadadosan saking sadaya pangangên-angên, sadaya kamelikan tuwin sadaya pandamêl kita ingkang sampun, lah punika sayogi dipun sumêrêpana. Karma ingkang makatên punika dede prakawis ingkang sampun rampung (rumantos) lan dede prakawis ingkang sakalangkung kuwasa, kadosdene panduginipun manungsa ingkang kathah-kathah. Sarta sampun angintên bilih karma ingkang makatên punika badhe kabêkta ing benjing yèn kula wiwit gêsang malih ing donya punika. Yakinipun kêkêmpalaning tigang bab wau taksih sagêd ewah-ewah kawontênanipun, malah botên kathah pratingkahing gêsang kita ingkang sampun dados karma ingkang wêtah, dados kadosdene taksih rêrancangan.
Makatên ugi gêsanging manusa wontên pandamêl utawi prakawis ingkang mêsthi badhe kalampahan, mêsthi anêmahi, botên pisan kenging siningkiran dening manungsa, samăngsa salêbêting gêsangipun mêsthi kadadosan, malah wanci kadadosaning pandamêl ingkang makatên kenging winêca ing sadèrèngipun, dening manungsa ingkang sidik ing paningal, inggih punika pandamêl ingkang botên kenging tinulak, nanging botên sadaya makatên wontênipun, kathah kemawon prakawis ing salêbêting gêsang ingkang dèrèng dumados, dados taksih rêrancangan (cêcalonan), têgêsipun, prakawis ingkang dèrèng dumados wau sagêdipun kawêdhar dados pêpasthèn manawi winêwahan utawi pikantuk jalaran sanès ingkang minăngka jangkêpipun, dados prakawis ingkang makatên taksih kenging dipun ewahi sarana nuwuhakên cipta utawi pangangên-angên enggal.
Ugêring pêpasthèn ingkang mêsthi kadadosan punika makatên: peranganing pandamêl tiga:
--- 38 ---
kamelikan, pangangên-angên, tuwin wêdharing pandamêl punika manawi ingkang kalih sagêd rampung lan cêkap ing salêbêting gêsang punika, mêsthi pandamêl wau sagêd kadadosan.
Ing salêbêting gêsang kita sapunika tuwin ingkang sampun, manawi wontên satunggiling prakawis ingkang sampun kita mèliki sarta sampun ginagas-gagas kalayan pangangên-angên, saengga pangangên-angên lan kamelikan wau sagêd jangkêp, punika manawi botên wontên jalaranipun, mêsthi botên sagêd kadadosan. Rêrancanganing pêpasthèn ingkang makatên, kenging kaupamèkakên toya mili ingkang kabêndung, ilining toya mampêt, amargi kaprêgok ing bêbêndungan, ananging samăngsa pamalangan wau dinêdêl dening satunggiling daya, sampun mêsthi toyanipun botên kenging cinadhangan, ambrol wutah sadaya, inggih punika rêntahing pêpasthèn.
Ing salêbêting gêsangipun manusa, lampahing pikajêngan tuwin pangangên-angên, wontên ingkang botên dhumawah dening cinêgah satunggiling prakawis ingkang minăngka jalaraning rêntahipun, dados samăngsa sagêd sambung kalayan jalaran wau, sayêktos botên sande anêmahi dados pandamêl, lah punika ingkang dipun wastani pêpasthèn ingkang botên kenging dipun selaki dhatêng manusa.
Ing salêbêting gêsang waktu punika, sanajan botên kagagas-gagas rumiyin, ewadene wontên ugi manusa ingkang tinandukan ing lêlampahan kalayan dumadakan, rêntahing pandamêl punika kabêkta saking ing gêsangipun rumiyin-rumiyin, kala gêsangipun rumiyin-rumiyin manusa wau sampun anuwuhakên pangangên-angên ingkang sagêd dados jalaraning anglampahi pandamêl wau, pandamêl utawi lêlampahan ingkang makatên ugi botên kenging siningkiran dening manusa. Dados nama pêpasthèn ingkang botên kenging dipun ewahi, pêpasthèn makatên punika wontên têtêngêranipun, manawi tumanduk utawi rêntahing pandamêl wau botên sarana kamanah rumiyin utawi sadèrèngipun, dados ingkang kadadosan kalayan dumadakan. Nanging manawi sadèrèngipun nandukakên pandamêl manusa taksih kuwawa amikir, sanadyan sakêdhèping netra, manusa taksih sagêd angewahi karma.
Ringkêsipun satunggiling pandamêl kawastanan botên kenging tinulak, utawi siningkiran, manawi lampahing pikajêngan saha pangangên-angên namung angêntosi sumambungipun kalayan jalaran, ingkang minăngka dumadosipun utawi rêntahing pandamêlan wau.
Taksih wontên sambêtipun.
--- 39 ---
Sêrat saking Adhiyar. Taun ± 1908.
Sadhèrèk.
Panjênêngan raosan, bilih panjênêngan ngangkah badhe kakêmpalan kalihan kita ing Adhiyar, sanajan namung sadintên, prêlu supados sagêd agontha sawatawis dhatêng para tiyang sarta pandamêlan ingkang wontên ing Hoofdkwartier T.V.
Sapunika anggagasa kemawon, manawi panjênêngan sampun wontên ing Adhiyar ngriki, sarta lajêng kula dhèrèkakên mubêng-mubêng ngantos sadintên muput, punika taksih injing sangêt, margi sawêg pukul 5 ing wetan sanginggiling sagantên katingal mêrbabang, ingkang sorotipun dangu-dangu lajêng dumugi ing lèpèn Adhiyar, inggih ing ngriku dunungipun Hoofdkw T.V. sumăngga sami mlampah mêdal ing gapura punika, gapura wau kadamêl saking sela wêtah ingkang dipun ukir-ukir ngantos angrawit, ing pipining gapura kadèkèkan aksara H.P.B. tuwin H.S.O. sarta lajêng urut margi agêng ingkang ayom dening turus ing satêpining margi punika. Ananging panjênêngan sampun kagèt dhatêng ungêling gagak, awit tamtunipun ribêd dening suwantêning gagak, bokmanawi sami anggêrsah dene taksih injing sangêt sampun karidhu anggènipun tilêm, gagak punika urunging grata tiyang Indhu sami pitakèn, bilih gagak kasinungan kawaspadan.
Panjênêngan dangu, sami adamêl punapa tiyang ingkang sami wontên ing pinggiring lèpèn sarta ing gisikaning sagantên, punika tiyang padhusunan sami adus, kalihan asasêndhonan ingkang angêrêsakên manah, saking pamirêng kula kêkidunganipun punika mantram, sabên agrujuk sirahipun, tamtu lajêng angidungakên mantram, mênggah suraosipun: mugi jiwanipun kasucènan saking sakathahing piawon, kadosdene toya anggèning anucèni badanipun, panggrujugipun sirah wau ngantos rambah kaping pitu. Panjênêngan sampun sumêlang, bilih panjênêngan badhe mriksa têtiyang wau sami adus tanpa têlêsan, tiyang Indhu sanajan băngsa luhur utawi asor manawi adus tamtu angangge têlêsan, ngiras kangge kosokan, sasampuning adus lajêng santun pangangge rêsik, limrahipun sadintên rambah kaping kalih, awis-awis pangangge kaangge ngantos rambah kaping kalih, manawi dèrèng kakumbah. Sasampunipun nêdha asta tuwin sukunipun tamtu winisuhan.
Cêmêng-cêmêng ing lèpèn ingkang wujudipun kados tiyang baita ing nêgari Pênèsi, punika tiyang pados ulam, manawi kawaspadakakên, panjênêngan badhe mriksa bilih para tiyang pados ulam wau parigêl sangêt anggènipun andhawahakên jalanipun ingkang bundêr saha agêng, tiningalan saking katêbihan kados kêlamaring [kê...]
--- 40 ---
[...lamaring] kamlandhingan, ing têpining jala kapasangan tampang awrat, dados saknalika sagêd ambêlês dhatêng ing dhasaring lèpèn, sasampunipun kaprantosakên sawatawis lajêng katarik, ulam ingkang sami angambang pados mêmangsan sami katut dening awrating jala, wêkasan sami katut ing jala. Samăngsa tiyang wau anarik minggah jalanipun, piyambakipun angidungakên mantram, mugi toya angwêdalna têdhanipun ingkang ngantos kathah.
Layar abrit-abrit atusan ingkang katingal wontên ing têpining langit punika, baitanipun tiyang pados ulam ing sagantên, ingkang ugi srêgêp angrakit jalanipun, kaparêng kalihan pangidunging mantramipun, awit sasampunipun surya mlêthèk, tiyang Indhu lajêng botên amêmuji malih, anggènipun amêmuji wau salêbêtipun tigang jam sadèrèng mlêthèking srêngenge.
Sumăngga anyêlaki griya andhap punika, saha amirêngakên tiyang Indhu warganing pakêmpalan anggènipun angidungakên mantra, wontên ing kamar panggenan sêsaji, prêlu sami sêmbahyang. Punika sakalangkung anêngsêmakên, kapriksanana tiyang lênggah ing sangajênging papan sêsaji ing sangandhaping wit-witan, pirantosipun wau damêlanipun piyambak, punika abdinipun presidhèn kita ingkang sêtya. Anggèning sujud wontên ing sangajênging dewanipun, anyênyuwun supados para dewa sami aparinga nugraha dhatêng lurahipun, kapriksanan anggènipun akurban sêkar, bokmanawi langkung prayogi manawi kawastanan lêmbaran sêkar, awit tiyang Indhu botên purun anyêmpal utawi amêthik gagang ingkang wontên ing wit, tiyang Indhu botên purun damêl sangsaraning tatuwuhan.
Nalika panjênênganipun Tuwan Kolonel Olcott gêrah kathah têtiyang sami sujut wontên ing sangajênging candhelaning kamaripun, kathah sangêt tiyang Indhu ingkang têbih-têbih, wontên ingkang saking Selon, têtiyang wau sami ambêkta lêmbaraning sêkar, wowohan, utawi makêna ingkang sampun kadayanan wontên ing candhi-candhi, utawi pisungsung sanèsipun ingkang adhujud[7] kadosdene kurban, wontên ingkang sami ambêkta anak, supados sami kaparingan pangèstu sadèrèngipun panjênênganipun seda. Limrahipun ingkang sami dhatêng wau para teyosup utawi tiyang ingkang sampun kasarasakên saking anggènipun sakit.
Taksih wontên sambêtipun.
--- [53] ---
1 | cocog (dan ditêmpat lain). (kembali) |
2 | manawi. (kembali) |
3 | andon. (kembali) |
4 | § Wirayatipun tiyang Buda nyariyosakên gancaripun ing bab ingkang katrênjuh ingkang badhe jumênêng Buda makatên. (kembali) |
5 | § Piwulang bab tumimbalipun lair inggih --- [32] --- punika wêwarah bab anggènipun suksmaning manusa rambah-rambah abadan enggal, inggih ngèlmi sajati ingkang sêpuh piyambak tuwin kapêpêtri sangêt, ingkang sampun kasumêrêpan ing tiyang wiwit kina turun-tumurun ngantos dumugi samangke, inggih punika kawaskithan utawi agami ingkang tuwuhipun maring sarêng kalihan manusa, sadhengah tiyang ingkang budinipun botên pêtêng dening sampun atul dhatêng piwulang panasaran, sampun mêsthi lajêng anggraita piyambak dhatêng piwulang wau, punapa malih piwulang bab tumimbal lair punika ugi kangge waton utawi ugêripun sakathahing piwulanging agaminipun sadaya băngsa ingkang alus, kados ta agami Ngisa, sapanunggilanipun, ing tanahipun tiyang ingkang agami Ngisa, ing salaminipun wontên tiyang linangkung ingkang angajêngi piwulang bab tumimbal lair wau, sanajan paprentahanipun agami amampang tuwin angancam-ancam, kalayan dhêdhêmitan. Saking pangintênipun tiyang, manusa punika satunggaling titah ingkang dumadosipun tanpa karana, amung saking sakarsanipun Allah, milanipun manusa kêdah anuhun dhatêng Gusti Allah anggènipun sampun pinaringan gêsang, mênggah panampinipun ingkang makatên wau kalèntu, dene ingkang sagêd anglêrêsakên kalintunipun inggih amung piwulang bab tumimbal lair. Amung piwulang bab tumimbal lair ingkang anêdahakên bilih manusa punika mardika tuwin wênang anamtokakên dhatêng badanipun piyambak, amung piwulang punika ingkang watonipun pangadilan ingkang sanyata tuwin ingkang nêmênakên pangandikanipun Kangjêng Nabi Ngisa ingkang kasêbut ing kitab makatên, apa ingkang sinêbar ing manusa iya iku kang bakal diênèni. Mênggah ingkang sagêd amudhari wêwadosing agêsang punika inggih amung piwulang bab tumimbal lair, ingkang sagêd anêrangakên punapa ingkang dados sababipun tiyang ingkang adil têka asring malarat tuwin cinamah dening tiyang ingkang asring tinitah sugih tuwin angsal kabêgjan, saha piwulang wau ingkang anjawab pitakènipun tiyang mayuta-yuta ingkang manahipun kasakit-sakit, sabab punapa dening sami nandhang kados makatên, piwulang bab tumimbal lair ingkang anyunari dhatêng manusa sarana anyumêrêpakên, bilih kawontênan salêbêting guwa garbanipun punika botên sagêd sirna, kados dening sawarnining băngsa kasar tuwin kakiyataning kodrat, mênggah gêsangipun manusa punika kanthi pikajêngan ingkang kinalang-kalang ing jirêting karêkat gêsang, sarta wiwit duk purwani[purwaning] dumados ngantos dumugi sapunika botên kêndhat asontan-santun warni, mênggah pêjah punika dede kasirnan, tuwin dede pangluwaran utawi pamungkas, ananging amung [a...] --- [33] --- [...mung] tumimbaling rêrupèn ingkang sampun luwas angalih dhatêng sanès, takdiring manusa punika tumuwuh saking kawontênan sangking salêbêting guwa garbanipun, saking kajêngipun piyambak, ingkang badhe kalairakên rambah-rambah tanpa wicalan, salêbêting kalairakên wau badhe angundhuh wohing pandamêlipun ingkang sae tuwin ingkang awon, ananging sintên ingkang sampun tuwuk anggèning rambah-rambah kalairakên, kalihan kabingahan tuwin kasisahan, punika badhe kawênganan margi dhatêng pamudharan, dene pangambahipun margi wau kanthi kajêng ingkang têtêp, sarta badhe sagêd anggayuh pungkasaning kamulyan karana saking kakiyatanipun piyambak, ing ngriku suksmanipun luluhing dalêm nirwana, nirwana punika dununging karahayon, tuwin katêntrêman langgêng, inggih punika ingkang dipun kajêngakên sipat gêsang ingkang gadhah rumaos utawi botên sagêd manggih. (kembali) |
6 | § Risang Narèswari Maya, kala samantên sampun botên wontên, sedanipun êlêt pitung dintên sasampuning miyosipun Sang Nararya. (kembali) |
7 | awujud. (kembali) |