Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503

Judul
Sambungan
1. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
2. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
3. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
4. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
5. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 125–144), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
6. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
7. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
8. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 085–098), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
9. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
10. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408–432), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
11. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 433–448), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

KOEMANDANG THEOSOFIE. TAOEN III.

Rêginipun serat kabar wulanan punika.

Tigang wulan ... f 1,20

Satengah taun ... f 2,10

Sataun ... f 3,60

Kêdah kabayar rumiyin,

1 Pawartos, rêgi ... f 0,50

Sêrat panjurung dipun ngalamatana dhatêng rêdhaksi: Tamtaman.

Badhamèn sanès-sanèsipun, dhatêng atministrasi pangêcapan Swastika.

Pambayaripun dhatêng pangêcapan Swastika, Pêkên Pon (Surakarta).

Rêgining atpêrtènsi 1 kaca: f 10, bilih 1/2 kaca f 6, 1/4 kaca f 4,- 1/8 kaca f 2,50 kapacak sapisan.

Angsal-angsalaning arta lêngganan tuwin prabeya adpêrtènsi ingkang 25% kadarmakakên dhatêng losê utawi sèntrum ing pundi panggenan ingkang wontên lidipun lêngganan Kumandhang Teyosopi, dipun lantarakên ing bêstiripun piyambak-piyambak.

Bab Kawruh lan Ngèlmu.

Ngaturi timbangan sadhèrèk Gaing K.T. No. 1-1925. Angginêm prakawis pilahing ngèlmu lan kawruh, pancèn inggih lêrês, lajêring ngèlmu punika tamtu mawi waton kasunyatan, jêr ingkang sapunika limrahipun kawastanan ngèlmu punika ing kinanipun pancèn inggih kawruh (Wetenschap). Liripun dipun udi sayêktos mawi panitipriksa, botên namung katurunakên wujud wiridan kemawon, kados upaminipun kawruh teyosopi, punika ing samangke cêtha mawi waton panitipriksa, ing măngka kawruh teyosopi punika sajatosipun botên sanès inggih ngèlmu-ngèlmu kina punika, namung bedanipun, kawruh teyosopi punika gêsang, liripun tansah mindhak-mindhak mênggahing oreanipun, dene ngèlmu wiridan punika pêjah, têgêsipun ajêg botên mindhak-mindhak, jalaran sampun botên kaudi utawi botên kaangge (Overlevering).

Ngèlmu wiridan punika satunggaling têtilaranipun tiyang sêpuh-sêpuh kula ing jaman kina, ing măngka miturut pasinaon kita ing teyosopi tamtunipun sampun cêtha, bilih kathah têtilaran ingkang makatên wau isi kasunyatan ingkang èdi, amila prêlu kaudi (tujunipun pakêmpalan T.V. nomêr 2 nandhing-nandhing agami, [a...]

--- 54 ---

[...gami,] kawruh kawicaksanan sasaminipun), katandhing-tandhing, kaupadosan isinipun, sampun malih ingkang wujud ngèlmu, botêna isi kasunyatan, jêr dêdongengan kemawon asring ngêmu suraos ingkang èdi sangêt.

Ingkang punika, tumrapipun para mangudi teyosopi pancèn malah prêlu anyinau bab punika, inggih punika ngupadosi isinipun, yèn sampun pinanggih, têmtu badhe anyirnakakên awidya kita. Malah botên namung ngèlmu kemawon, sanajan patrap-patraping sêsaji, sasaminipun, punika sadaya prêlu, awit punika ugi golonganing têtilaran (Overlevering). Dados ing ngriki botên pisan-pisan têka badhe ambedakakên ngèlmu lan kawruh, nanging tumraping mangudi kêdah pirsa pilahipun, awit sajatosipun, jiwa punika botên bêtah ngèlmu, botên bêtah kawruh, ingkang dipun bêtahi inggih punika kasunyatan, inggih punika ingkang nênuntun kêmajênganing jiwa.

Wusana, sumăngga.

URANUS.

__________

Anggayuh dhatêng Panunggal(Yoga).

Ing samangke sampun cêtha, bilih tujuning pasinaon yoga punika mangrèh dhatêng sadaya pirantos kasar alus (wadhag astral, lan mental), wondene lampahipun anggène nyangkani pasinaon wau warni-warni, wontên ingkang saking kuwadhagan rumiyin, inggih punika atayoga, wontên ingkang saking kaalusan, rajayoga. Ing sêrat atayoga pradipika mratelakakên, bilih cipta punika mêngku sakathahing indriya, cipta (pamikir) kawêngku ing prana, prana kawêngku ing laya (kèndêlipun indriya sadaya kasêrot malêbêt) dene laya punika wontênipun gumantung nadha (swara nglêbêt ingkang dumunung ing anahatacakram, inggih punika ing jantung). Miturut katrangan punika sampun cêtha sangêt, bilih panggayuhipun wau kenging dipun sangkani saking pundi kemawon sapurunipun, jêr sadaya pirantos gandhèng-gandhèng botên pêpisahan. Dados kenging kawiwitan saking mangrèh cipta, kenging saking mangrèh napas (prana) sapanunggilanipun. Ananging kita sadaya ingkang sampun ngudi kawruh teyosopi sampun tamtu botên badhe kewran malih mênggahing pamilih, liripun badhe miwiti pasinaon saking atayoga punapa saking rajayoga. Awit ing kawruh teyosopi sampun suka pitêdah, bilih daya prabawa punapa kemawon ingkang mêdal saking kuwadhagan, punika ugi badhe sirna ing dalêm sagêsangan [sagê...]

--- 55 ---

[...sangan] kemawon, liripun manawi kuwadhagan risak, daya wau inggih sirna, awit punika botên kadarbe dening jiwa kita ingkang langgêng, upaminipun makatên: satunggaling tiyang ingkang ngudi atayoga ngantos sagêd botên kraos luwe, sanajan botên nêdha, utawi botên kraos sakit manawi nyêpêng latu utawi kacodhos ing lêlandhêp sasaminipun, punika ing salêbêting gêsangipun ngangge badan wadhag wau, pangwasanipun inggih taksih, nanging manawi ing benjingipun tumimbal lair malih sampun tamtu pangwasanipun wau botên katut, jalaran santun badan, namung kantun kasantosanipun ingkang katut, awit kasantosan punika kairup ing jiwa, pangwasa gaib ingkang kadarbe ing badan kuwadhagan, jiwa botên sagêd ngirup, jalaran pancèn sanès golongan. Ing sarèhning ingkang langgêng ngriki namung kasantosaning kajêng (wilskracht) punapa botên prayogi lajêng têrus miwiti nyinau punika kemawon sarana rajayoga, botên amrêduli kadospundi wêdharing kasantosan wau wontên ing kuwadhagan. Mila punika ing piwulang teyosopi tansah ngèngêtakên dhatêng para warganipun ingkang sami ngudi kawruh yoga, supados miliha ingkang prêlu, inggih punika rajayoga, awit punika angsal-angsalanipun kangge ing salami-laminipun. Kajawi punika taksih wontên sabab malih ingkang mrayogèkakên miwiti sinau rajayoga, tinimbang kawiwitan saking atayoga, katêranganipun badhe kawêdharakên ing wingking.

(Badhe kasambêt).

__________

Atayoga.

(Sambêtan).

Sasampunipun cêtha bab kawontênanipun cakram-cakram tuwin nadhi-nadhi ingkang dumunung ing salêbêting badanipun manusa, ing mangke badhe kapratelakakên bab ilining prana (napas, daya gêsang),awit inggih prana punika ingkang sagêd nangèkakên daya prabawa ingkang winastan sawêr latu utawi kundhalini.

Miturut piwulang teyosopi kula sadaya sampun sami pirsa, bilih prana punika asal saking surya, sumêbar angèbêki cakrawala. Ananging prana wau kenging binasakakên dèrèng samêkta kangge gêsanging tiyang, amila kêdah dipun saring malih wontên ing badaning manusa, inggih punika ing limpa (milt), ing ngriku wontên cakramipun ingkang pancèn kangge ngatêngakên latu wau (antawising pusêr) ing Sêrat Asmaragama cakram wau dipun têrangakên minăngka panggènaning latu ingkang kangge ngratêngi têtêdhan.

--- 56 ---

Ing ngriku dununging panyaringan prana saking jawi, kadamêl prananing badan manusa. Sasampunipun makatên, prana wau mili dhatêng saranduning badan sadaya.

Ing salêbêting badan punika sadaya wontên ilèn-ilèn prana gangsal warni:

1. Prana, inggih punika ilining daya gêsang ingkang saking jawi dhatêng lêbêting badanipun manusa, dumunung ing badaning manungsa sisih nginggil, dumugi ing kêbuk (paru-paru).

2. Apana, ilining daya gêsang saking lêbêting badan mêdal, dumunung ing perangan ngandhap (dubur).

3. Samana, ilining daya gêsang ing têngahing badan (pusêr) inggih punika ingkang katêmbungakên latu pangratênganing tatêdhan.

4. Wyana, sumêbar ing badan sakojur, ngradinakên ilining daya gêsang.

5. Udana, ilining daya gêsang ing sisih ngwingkinging badan, purugipun manginggil dhatêng dimak, dumunung ing ula-ula. Inggih punika ilining daya gêsang nalika wangsul dhatêng pancêring cakram panggènanipun piyambak-piyambak, ing dimak lan ing jantung. Lampahipun saking githok minggah ing antawising dimak.

Ing salêbêtipun gêsanging manungsa prana wau tansah mili kemawon, botên wontên kêndhatipun, nanging santêripun botên ajêg sami, gumantung kawontênanipun dayaning swasana ing jawi sarta kawontênaning manahipun tiyang piyambak. Titikanipun ingkang cêtha inggih punika kêndho kêncênging lampahipun napas, punapadene kêkêtêg, awit sakalih-kalihipun punika inggih dados wêwêdharaning prana. Kados ta: nalikanipun manusa tilêm, lampahipun beda kalihan manawi sawêg lumampah, utawi nyambutdamêl, nalikanipun manah susah, inggih beda kalihan manawi sawêg sarèh utawi bingah makatên sasaminipun.

(Badhe kasambêt).

__________

Wawasanipun Tiyang Jawi dhatêng Cariyos Lêlampahanipun Sang Bisma, ingkang Kacariyos ing Adiparwa, Sarana Sêsuluh Kawruh Teyosopi.

Nuwun, mugi sami dipun apuntêna dene tiyang bodho reka-reka badhe anyuraos dêdungengan ingkang nyariyosakên lêlampahanipun Sang Bisma ingkang kawursita ing Sêrat Mahabarata, bagiyan Adiparwa. Miturut pangandikanipun para sarjana ingkang sampun sami aniti dhatêng sêrat wau (Mahabarata), têtela manawi Sêrat Mahabarata punika sêrat minulya ing dunya, karantên ing ngriku angêmot piwulang tumrap sawarnining golongan, kados ta:

--- 57 ---

brahmana, satriya, wisiya, sudra saha ingkang botên kalêbêt golonganing sakawan băngsa wau. Punapadene suka pitêdah kadospundi lampah panggulawênthahipun lare ingkang prayogi, mulang pambêkan, nyumêrêpakên lampahing kukum ing batos, kawruh praja, kawruh kaprajuritan, kawruh ingatasing cipta, wêwijanganing dumados, piwulang panunggal tuwin sanès-sanèsipun, ringkêsipun asarana sinau Sêrat Mahabarata tiyang sagêd angsal kawruh punapa kemawon ingkang dados kabêtahanipun. Amung kemawon tataning pamulangipun wau siningidakên wontên ing sakathahing têtêmbungan saha sabên-sabên kawujudakên dêdongengan, dados manawi anggènipun maos wau amung kados satataning tiyang maos dongengan sanès-sanèsipun, sampun saistu badhe botên sagêd ngalap băndha minulya ingkang siningidakên ing Sêrat Mahabarata wau.

Wiyosipun, ing Kumandhang Teyosopi ăngka ... taun ... nyariyosakên lêlampahanipun Sang Bisma, winiwitan saking nyariyosakên pasamuan ing karang kadewatan, ingkang lajêng dados jalaranipun Prabu Mahabisa kalihan Bathari Gangga kasiku kêdah katurunakên dhatêng ing dunya.

Sarojaning kajatènipun:[1] sadaya lêlampahaning gêsang ing dunya punika pangrantamipun wontên ing kaswargan, dados manungsa lair ing dunya sampun binêktan rêrancanganing lêlampahanipun, ingkang limrahipun winastan papêsthèn. Kados piwulanging agami Islam, bêbayi lair punika sampun kinalungan tismak.

Dipun cariyosakên Prabu Mahabisa sagêd manjing pasamuanipun para dewa kapirit saking asmanipun, tiyang lajêng sagêd priksa sarojaning kajatènipun, amargi: maha: atêgês agêng, dene bisa: kasagêtan, dados amargi saking linangkung kasagêtanipun, tiyang sagêd sumêngka pangawak bajra, pikajêngipun tiyang sagêd nunggil kalihan para dewa.

Salêbêtipun malenggot bawa, Dèwi Gangga lukar nyampingipun amargi katêmpuh ing prahara, para dewa tumungkul, murih sampun damêl kalingsêmanipun Dèwi Gangga. Nanging Prabu Mahabisa malah amaspadakakên, têmahan Dèwi Gangga kasiku margi saking weyanipun, dene Prabu Mahabisa kasiku saking nêrak kasusilan, karantên wontên kawirangan botên anasabi. Kêkalihipun wau lajêng kaêsotakên dening Hyang Brahma kêdah nandhang sangsara wujut gêsang ing dunya.

Ingkang makatên kados botên nalisir upami kasuraos, sanadyan para dewa punapadene manusa ingkang sampun salira bathara ugi taksih sami kawêngku anggêr-anggêring karma, têmahan [têmah...]

--- 58 ---

[...an] dados jalaraning tumimbal lair wontên ing dunya. Pasêksèning atur kula wau, para maos sagêd nguningani piyambak, gêgêlaranipun panduka, Dyah Ani Besan, nalika nêrangakên aturipun Sumantra dhatêng Sang Laksmana, wêkdal mêntas andhèrèkakên Dèwi Sita kakêbonakên dhatêng asramanipun Bagawan Walmiki.

Murih têrangipun dhatêng wiyaring têbanipun pamêngkuning karma tumrap sawêrnining dumados. Ing mangke kula kêparênga nyariyosakên pamanggih kula ingkang wêwah saking anggèn kula marsudi piwulang karma.

Kawuningana, mênggah karma punika sagêd dumados saking pakarti, pêpenginan saha pamikir, măngka pandamêl tumindakipun wontên alam wadhag, pêpenginan wontên ing alam astral, dene pamikir wontên ing alam dhewacan (alaming cipta) mila sampun têtela alam tatiga wau kalêbêt wontên wawêngkoning karma, dados sadaya dumados ingkang dêdunung ing alam-alam wau, saèstu kawêngku ing karma.

Samangke kula badhe ngaturakên lajênging katrangan lêlampahanipun Dèwi Gangga punapadene Prabu Mahabisa ingkang sami kaêsotakên dening Hyang Brahma kêdah anglampahi gêsang ing alam wadhag.

Wontên ing panampi kita, tiyang Jawi, têmbung: sot, punika kados gadhah suraos pamuji awon, manawi mêkatên anggènipun nyuraos, punapa pinanggih ing nalar, têka Hyang Brahma mujèkakên awon dhatêng titahipun, ing măngka Hyang Brahma ing ngriki punika, pikajêngipun inggih Gusti Allah, upami agami Islam, punapa wontên jamakipun ingkang maha sukci mangangkah sasamaning dumados, upami makatên pundi ta pasêksènipun sipating Pangeran ingkang winastan mirah lan asih.

Kawuningana, upami wontên cariyos Hyang Brahma angêsotakên Bathari Gangga, punika pikajêngipun: Hyang Brahma amêdharakên badhe kadadosanipun, kalêpatan ingkang sampun linampahan dening Bathari Gangga. Dados sot, punika atêgês wêca cêcacawanganing lêlampahan ingkang têwah saking pandamêl lêpat.

Sasampunipun nyariyosakên pasamuan ing Karangkadewatan, lajêng kocap ing Astinapura, dados nyariyosakên lêlampahan ing marcapada. Sang Prabu Pratêpa (wrêdinipun kasutapan kang agêng) narindra ing Astinapura, kadhatêngan rara kênya, wigatos anjuru dang, Sang Prabu Pratêpa botên sagêd amituruti panyuwunipun parawan wau, nanging sang prabu sanggêm manawi parawan wau badhe kadhaupakên kalihan [ka...]

--- 59 ---

[...lihan] putranipun.

Inggaling cariyos Sang Prabu Pratêpa apêputra sinung nama Santanu, dupi Rajaputra Santanu sampun diwasa, sang prabu bagawan, dene pusaraning kaprabon kasèrèkakên dhatêng kang putra, nalika masrahakên kaprabon sang prabu mawi mitungkas, manawi ing têmbe wontên rara kênya ingkang anginggah-inggahi, sampun ngantos kadangu pinangkanipun, nalurinipun, naminipun, punapadene salêbêtipun tatunggilan, sampun ngantos kaewahan solahbawanipun, nadyan awon punapa ingkang sae. Dados lajêng kagarwaa ingkang awit saking dhawuhipun kang rama. Kalampahan Prabu Santanu dhaup kalihan Dèwi Gangga.

Suwawi samangke angrêmbag kadospundi sarojaning kajatènipun dêdongengan ingkang kacariyos wau.

Kawuningana, Pratêpa atêtêp,[2] kasutapan kang agêng, dados ingkang winastan kasutapan agêng wau, nadyan kamulyaning kaswargan ugi botên kêpengin, dene ingkang kula suraos kamulyaning kaswargan wau, inggih punika Bathari Gangga. Karantên Dèwi Gangga punika pawèstri golonganing dewa. Miturut kawruhipun tiyang Jawi pawèstri punika asring kangge sanepaning raos kang mulya, dene dewa padununganipun ing kaswargan.

Manawi tiyang dêrêng kasutapanipun, ngantos botên kêpengin dhatêng kamulyaning kaswargan tamtu badhe sagêd manggih katêntrêman kang jinêm, pikajêngipun, katêntrêman ingkang sampun botên kenging rinubeda malih, inggih makatên sarojaning kajatènipun ingkang kaisbatakên, Sang Prabu Pratêpa apêputra Santanu, amargi Santanu punika têmbung Sansêkrit Jawinipun katêntrêman kang jinêm.

Ing ngriki wontên tatêmbungan ingkang mungêl katêntrêman kang jinêm, manawi wontên katêntrêman kang jinêm, pundi kawontênanipun katêntrêman kang botên jinêm, inggih punika têntrêming raosipun tiyang nalika kasêmbadan pêpenginanipun, upaminipun tiyang ingkang kêpengin minggah kalênggahanipun anggèning dados priyantun, manawi kalampahan inggih lajêng têntrêm manahipun, nanging samăngsa sampun kalampahan sawêtawis dangu, lajêng kêpengin minggah malih. Makatên wau katranganipun katêntrêman kang botên jinêm.

Ingkang awit ing nginggil kula nyariyosakên bab kasutapan, murih têrangipun samangke kula badhe mratelakakên kadospundi têrangipun ingkang winastan tapa brata.

Têmbung: tapa. Punika basa Sansêkrit, witipun sangking tapas, wrêdinipun, angurupakên latuning batos, kangge mamungu kamurkan [kamurka...]

--- 60 ---

[...n] miwah pêpenginan, dados pikajêngipun, anênangi dêrênging pangangkah anggènipun badhe ambirat kamurkan miwah pêpenginanipun, dados tapa, sanès tiyang ingkang angirang-irangi têdha miwah tilêmipun, sirna tan adêdunung ing asêpi.

Liting dongèngan wau, kados badhe suka pitêdah dhatêng ingkang sami marsudi, bilih tiyang angêgungakên kasutapan badhe manggih têntrêming manah ingkang botên kenging rinubeda malih.

Kula nuwun para mabos[3] panyuraos kula dhatêng dêdungengan wau, pangangkah kula amung dados ancêr-ancêripun para marsudi, amargi miturut sêsorahipun, Dyah Ani Besan, Sêrat Mahabarata punika kajawi cariyosing lêlampahan ingkang sami dipun cariyosakên wau anêngsêmakên, ugi isi suraos ingkang lêbêt-lêbêt, pramila sampun kagalih manawi kula nêdya amêmulang. Kadospundi sagêtipun kamipurun amêmulang tiyang sanès, manawi badanipun piyambak rumaos taksih sarwa kacingkrangan ing pangawikan.

Minăngka panutuping atur kula, kula matur manawi panyuraos kula ing nginggil waumêdal saking tuk kêkalih. Inggih punika miturut larasan Jawi ingkang sinorotan ing sêsuluh teyosopi. Ewadene manawi wontên wawasan kula ingkang kagalih lêpat, mugi lajêng katêtêpna manawi punika saking kabodhoan kula. Nanging sanès kalêpatanipun larasan Jawi utawi piwulang teyosopi.

Kula, jêjanggan ing asrama, kapilawastu.

__________

Piwulangipun Sang Buda.

Sambêtipun K.T. ăngka 3.

28. Pintên yuswanipun nalika Nararya Sidarta linggar dhatêng wana.

Sawêg yuswa 29 taun.

29. Dhatêng pundi purugipun ingkang rumiyin.

Dhatêng lèpèn Anoma, sadumugènipun ing ngriku remanipun ingkang panjang sarta alus lurus katigas kalihan sabêt, sarta lajêng nampèkakên kawacaning kawiran miwah kapal titihanipun dhatêng Tyana ingkang sêtya tuhu asih dhatêng gustinipun, sarta mawi paring dhawah dhatêng piyambakipun, kinèn wangsula dhatêng Kapilawastu, saha lajêng anglipura sêkêling panggalihipun ingkang rama lan garwa, sasampuning têlas sapitungkasipun, Tyana lajêng anilar sang nararya, panjênênganipun tandya laju anênêpi wontên samipaning lèpèn Anoma, kongsi pitung dintên, kabêblêsakên babar pindhah panêlangsaning galihipun, kalihan kalangkung sênêng panungkonipun, awit ing wêktu punika anggèning ngrampungakên prêluning tekat, [te...]

--- 61 ---

[...kat,] ambengkas pangikêting gêsang kadonyan.

Sasampunipun makatên, pangagêmanipun kalintokakên panganggenipun tiyang papriman, ingkang panuju langkung ing ngriku. Sang nararya lajêng andugèkakên lampah dhatêng Rajagria, inggih punika kithanipun nagari Magada.[4]

30. Punapa pêrlunipun sang nararya alêlana dhatêng ingngriku.

Sabab ing sacêlakipun Rajagria wontên brahmana kêkalih, wasta Alarakalama tuwin Utdhaka, ingkang kaloka linangkung wicaksana, wontênipun ing ngriku sang nararya karêngkuh murid, sarta mawi pêparab Gota.

31. Punapa ingkang dados piwulangipun para brahmana punika.

Brahmana wau ingkang satunggal mulang, bilih tiyang awit saking amêmuji, asêsaji, sarta anglampahi sacaraning tiyang olah agami, punika sagêd anucèkakên jiwanipun sarta manawi angsal sih parimarmaning jawata, ugi sagêd amanggih pamudharan, dene brahmana sanèsipun amulang, bilih pinanggih ing margi ingkang anjog dhatêng karahayon punika saking ambêblêsakên sêmadi ingkang piningit, sarta andulu ingkang tampa sarana.

Kasêbut Sêrat Madsimani kaya suraosipun kados ing ngandhap punika.

Hèh para muridku, ana kaniyatan rong rupa yaiku, kaniyatan suci, lan kaniyatan kang ora suci, kaya ta: wong kang kawêngku marang lair, tuwa, pati, sangsara lan dosa, iya angupaya samubarang kawêngku marang lair, tuwa, lara, pati, sangsara lan dosa, lire kaya ta: anak bojo, batur lanang lan wadon, omah sabanjar pakarangane, êmas lan salaka, hèh para muridku, iku kakiyatan kang ora suci.

Nalikane aku isih ngudi marang kajatèn, kalane aku durung dadi pêpadhang, durung dadi Buda, iya anglakoni mangkono, barêng wus matêng pikirku, lirune angangkah gayuh samubarang kang

--- 62 ---

kêna sirna lan agawe susah, kang wus tak wêruhi pancèn ora slamêt, aku angangkah marang luware saka kalairake, tuwa, pati, sangsara lan dosa, angangkah marang nirwana, iya iku kaniyatan suci.

Maune aku iki ênom, ora wanên, lagi nêdhêng umur-umuraku, sawise iku aku banjur ngoncati kamuktèn kadonyan, ora maèlu sêsambate lan tangise wong tuwaku, rambut lan jenggotku tak cukur, nuli amênganggo sarwa kuning angumbara mênyang ngêndi-êndi sarta ora omah-omah.

Sasampunipun Sang Buda anyariyosakên dhatêng para muridipun bab abyoring uparêngganipun tuwin kamulyanipun wontên ing kraton, wontên ing panggenan sanès lajêng andumugèkakên pangandikanipun kados ing ngandhap punika.

Hèh para muridku, kamulyan mangkono iku anglimputi aku, uripku manggon kasênêngan kang kaya mangkono, ing nalika iku banjur ana osike pikirku mangkene, kaya apa klèruning wong kang ora sotah andulu wong kang wus kaki-kaki, wong lara lan mayit, nganti amengo saking ora sae andêlêng, ing măngka dhèwèke dhewe uga kawêngku marang tuwa. Lara lan pati, pikiran mangkono iku kang ngilangake kawantêraku.

32. Punapa Sang Gotama nyondhongi dhatêng suraosipun piwulang punika.

Botên, Sang Gotama sampun anglampahi sadaya piwulangipun sang brahmana, sarta tabêri anggènipun nampèni piwulang kalayan angèstokakên, ananging botên pisan anglabêti dados margining cêlak dhatêng pangèsthining panggayuhipun, Sang Gotama enggal sagêd sumêrêp, bilih kawruhipun para brahmana ingkang kawulangakên wau sangêt tanpa tuwas, sarta botên sagêd anguntapakên dhatêng luwaring panandhang, pêjah tuwin lair malih.

33. Sang Gotama lajêng anglampahi punapa, sasampuning lêpat panyobènipun wau.

Wontên malih brahmana sanèsipun, ingkang pitados bilih tiyang tapabrata ingkang nyirnakakên sagunging pêpenginan miwah hawa napsu margi ingkang sanyata dhatêng pamudharan, pramila Sang Gotama sumêdya anyobi sadaya pitêdahipun para brahmana wau, ing wasana panjênênganipun wangsul lumêbêt dhatêng wanapringga sacêlaking Orawela, sarta amindêng gêntur miwah anyênyakit salira wontên ing asêpi,[5] enggal kawêntar pocapaning lampahanipun ingkang suci, sarta panjênênganipun lajêng kadhatêngan tiyang gangsal, [gang...]

--- 63 ---

[...sal,] ingkang anunggil pangèsthining panggayuh kados Sang Gotama, tiyang gangsal wau kalangkung ebat andulu santosaning budi tuwin bandêling pamêlêngipun, anggèning Sang Gotama anyênyakit salira, mila piyambakipun lajêng sami tumut wontên ing ngriku, kalayan nyarantosakên bilih Sang Gotama, ing satunggiling waktu saèstu sagêd tampi pamudharan, piyambakipun sami sumêdya dados siswanipun.

34. Sintên namèning tiyang gangsal ingkang sami subrata punika.

1. Kăndhanaya, 2. Badhiya, 3. Waspa, 4. Mahanama, 5. Asaji.

35. Pintên lamènipun anggèning Sang Gotama dumunung ing wana agêng sacêlaking Uruwela.

Kirang langkung nêm taun, pramila dayaning saliranipun sangsaya suda, dangu-dangu mèh prasasat ical, awit sangêt anggènipun ngênggêng anyênyakit salira, siyam sarta wungu, amargi Sang Gotama muhung mêlêng panggayuhipun, ing wêkasan satunggiling wanci dalu, panjênênganipun pitêkur sarta lumampah minggah mandhap, sanalika lajêng dhawah kalêmpêr, jalaran saking sangêting kasokipun, pramila kakintên sampun seda dening rencangipun wau, ananging sasampuning antawis dangu lajêng kaèngêtan malih.

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Karmayoga.

Yoga (panunggal).

Tumraping manusa kang binapa babu utawa kang acêkêl karya lan anggaota.

OORZAK EN GEVOLG. Karma.

Manawi suraosing pitêdah ing nginggil punika dipun satitèkakên ing salêrêsipun, inggih lajêng têtela, ing salêbêting gêsang samăngsa manusa punika tinandukan satunggiling pandamêl ingkang sulaya kalayan wêwatakaning manusa wau. Dene santun utawi ewahing

--- 64 ---

watak wau, sampun têrang wiwit piyambakipun nuwuhakên pangangên-angên tuwin kamelikan enggal, ingkang dados jalaraning pandamêl wau. Nanging yèn pandamêl dèrèng sumambung kalayan jalaran, solahbawaning gêsangipun dèrèng wontên ingkang sagêd anuwuhakên jalaran, ing wusana sarêng jalaran dumados, piyambakipun lajêng tinandukan pandamêl ingkang babarpisan botên maedahi dhatêng piyambakipun.

Samăngsa tiyang wicantên makatên: sadurunge aku nglakoni panggawe iku, aku ora duwe kira lan ora duwe cipta, saiki têka mangkene dadine, dadi ora sarana tak têmaha, ananging bab punika botên kenging dipun ukirih.[6] Têpanipun makatên: sapunika kula gadhah sambutan, manawi yakinipun dèrèng kula saur, punapa sampun lunas. Sampun mêsthi kemawon kula taksih nama nyambut, makatên mataun-taun laminipun, ngantos sambutan wau kula saur. Bab karma trapipun ugi makatên, sadaya kamelikan lan pangangên-angên kita sapunika, mêsthi dados satunggiling pandamêl, dados kula piyambak ingkang anuwuhakên jalaraning pandamêl kêkalih wau, punika kula upamèkakên sambutan ingkang dèrèngdipun saur sanalika, sapunika sarêng wontên jalaranipun ingkang tuwuh sambutan mêsthi kula lunasi. Wontên satunggiling manusa ingkang samăngsa nandukakên satunggiling pandamêlan ingkang nyêbal saking wêwatêkanipun sapunika, punika makatên têtelaning sababipun, nalika gêsang ingkang rumiyin dèrèng mrangguli jalaran ingkang andadosakên pandamêl, lah sarêng ing gêsang sapunika wontên sabab ingkang anjalari, ilining pikajêngan tuwin pangangên-angên wau lajêng sagêd dados pandamêl, makatên ugi prakawis kados ing nginggil punika botên kathah, sampun winêca rêrancanganing pandamêl ingkang makatên prasasat botên wontên.

Karma punika botên ngamungakên kadadosan saking pikajêngan tuwin pangangên-angên dhatêng barang sawarni, kados ta: sae lan awon, hakikinipun woworan, cêthanipun kamelikan lan pangangên-angên kita ingkang sampun punika măncawarni.

Kathah tiyang ingkang taksih kalintu sêrêp, pangintênipun karma punika pêpêthaning kasangsaran, malah ing tanah Indi kula mirêng tiyang rêraosan: samubarang ingkang badhe tumanduk dhatêng awakipun mêsthi botên kenging siningkiran, dados upami wontên tiyang nandhang sakit, botên badhe nêmahi pêjah. Manawi dèrèng pinasthèkakên pêjah.

Panggayuh ingkang makatên kalintu, dèrèng andungkap dhatêng sajatining têgês karma. Kathah kemawon [kemawo...]

--- 65 ---

[...n] patrap-patrap ingkang anjalari panjanging umuripun manusa, utawi ingkang dados sabab cêlaking umur.

Sampun mêsthi kemawon manusa botên sagêd anyingkiri satunggiling pandamêl utawi pêpasthèn ingkang awit binêkta saking sadaya lêlampahanipun ingkang sampun, yèn namung sarana rekadaya ingkang kapatrapakên ing sapandurat, nanging kita kêdah niti utawi mangrêtos lêrês-lêrês: karma punika gadhah perangan kalih warni, ingkang saprakawis nuwuhakên jalaraning gêsang, satunggilipun nuwuhakên sababing pêjah. Makatên wau manawi wontên pratingkah sakêdhik kemawon ingkang kapatrapakên, sagêd dados jalaraning owah tuwin gingsiring gêsang lan pêjahing manusa.

Upami karma kinăntha traju, karma ingkang awon punika sumèlèh ing sasisih traju ingkang langkung awrat timbangipun saking ingkang sasisih, wujuding traju anjomplang dhatêng karma ingkang awon wau. Manawi tinon kadosdene botên kenging upami kadamêla sabobot kalihan sisihipun, nanging sarèhning karmanipun manusa ingkang sae dumunung ugi ing traju ingkang sasisihipun, lan ngriku sampun kadunungan bobot ingkang sae, lah kita lajêng andungkap, manawi wadhahing karma ingkang sae winêwahan timbangipun kasaenan, mêsthi kemawon adêging traju sagêd timbang, botên anjomplang angiwa utawi nêngên, malah manawi boboting kasaenan dipun langkungi utawi dipun kaduki, saya dangu traju wau sagêd wangsul panjomplangipun.

Coba ing gêsang kita sapunika kaupamèkna badhe kadhatêngan bêbaya ingkang agêng. Miturut kawruh bab karma, bêbaya ingkang makatên wau tuwuhipun saking gêsang kita, ingkang rumiyin-rumiyin, kita mêsthi lajêng nyipta, botên pisan yèn bêbaya wau kenginga dinuwa, sabab botên sumêrêp dumadosipun, lan botên rumaos adamêl jalaraning bêbaya wau, saking gêtêr tuwin wasing manah badhe kadhawahan bêbaya kita lajêng amupus, cape têmah angalumpruk margi nyipta botên sagêd anulak bêbaya wau. Cipta ingkang makatên kalintu. Dipun sumêrêpana: bêbaya ingkang badhe dhumawah makatên wau kadadosan saking sabab ingkang warni-warni, ing woworan ngriku wontên prakawis ingkang sae ugi, manawi makatên kita kêdah amrasudi mêwahi kasaenan, inggih punika pangangên-angên ingkang sae, punika sagêd amêwahi kasaenan ingkang sampun, patrap makatên punika amêsthi sagêd adamêl prayogi, kuwawa angoncatakên bêbaya ingkang badhe dhatêng.

--- 66 ---

Dipun tupiksaa ingkang lêrês, manawi ing salêbêting karma wontên daya kalih warni. Ingkang satunggil pakêmpalaning daya sae, punika tinuwuhakên nalika gêsang kita ingkang rumiyin, dene satunggilipun gunggunging daya awon, ugi kadadosan nalika gêsang kita ingkang rumiyin, dene daya sae punika anjalari kawilujêngan, daya awon dados sababing sêsandhungan lan kacintrakan, mênggah sadaya solahbawa kita ing sapunika, kenging winêwahakên ing daya kita ingkang rumiyin, inggih punika ingkang sampun dumunung ing karma. Dados manawi makatên, bilih manusa purun matrapakên budidayanipun mêsthi sagêd angewahi pêpasthènipun.

Asring kemawon tiyang wicantên, pêpasthèning awakku kang tuwuhe saka uripku kang uwis, iku aku ora bisa nangguh lan anduga, lan ora mangêrti dadine. Sabab aku ora bisa kèlingan marang uripku kang dhisik-dhisik.

Bab punika sampun kajarwakakên kalayan pitulunganipun para winasis, inggih punika para sagêd lan ingkang sampun sidik ing paningal, makatên pitêdahipun: upami benjing kalih taun malih kita badhe kadhatêngan bêbaya agêng, ingkang kenging rinêngkuh kadosdene satru ingkang dhatêng nêdya angrabasa, sadèrèngipun kita pinanggih utami siyaga rumiyin. Têgêsipun, mênggah kita wau pinêthuka, pangangên-angên ingkang sae, sagêda nanggulang mêngsah wau. Nalikanipun mêngsah wau taksih wontên ing margi, sêdyanipun ingkang awon ingkang badhe katandukakên dhatêng kita, mêsthi badhe katut margi tinuju dening pangangên-angên kita ingkang sae. Sasirnaning mêngsah kita ingkang taksih wontên ing margi wau karya rahayuning raga kita. Mila sanajan kita botên sagêd nyumêrêpi dhatêng gêsang kita ingkang sampun, inggih anyiptaa yèn gadhah mêngsah utawi satru ingkang tinuwuhakên saking gêsang kita ingkang rumiyin-rumiyin, makatên kita mêsthi taksih siyaga sarana nglêgutakakên kintun pangangên-angên ingkang sae, dhatêng satru ingkang taksih kula rêngkuh wontên ing margi wau. Paedahipun kula sagêd anyingkiri satru ingkang ambêkta piawon wau, dene pratingkah anandukakên pangangên-angên ingkang sae wau makatên: pangangên-angên tinujokna dhatêng sawênèhing tiyang, lah makatên kita sagêd anyirnakakên mêngsah ingkang nuwuhakên bêbaya.

Dados sapunika têtela sangêt, anyêbar pangangên-angên sae dhatêng băngsa kita manusa punika paedah, mila tiyang agami Budha ingkang anggêgulang mêlêng anakyinakên dhatêng hakekating [hake...]

--- 67 ---

[...kating] kawruh mediteeren sadaya sami anglêgutakakên kintun pangangên-angên dhatêng sok tiyanga, sanajan tiyang wau dèrèng karuh utawi têpang, sayêktosipun pangangên-angên sae punika sagêd angumbara molah dumunung ing alaming manusa ingkang alus tigang warni, kados ta:

Ing salêbêting alam têtiga wau kita sagêd matrapakên sawarnining pandamêl, kita kêdah angucapa: sok tiyanga sami rahayua tuwin kadunungana karaharjan.

Miturut pitêdahing para winasis hakikinipun makatên, anyêbar pangangên-angên sae ingkang lumintu punika paedahipun makatên: para manusa ingkang kadunungan watak drêngki, ingkang sêdyanipun adamêl piawon dhatêng ing sasami-sami, drêngkinipun wau sagêd sirna dening dayaning pangangên-angên ingkang sae. Lah makatên mêngsah sagêd dados mitra.

Dados têrang ing sêsêrêpan kita, yakin kita sagêd angewahi karma ingkang badhe dhatêng, pangangên-angên sae tinujokna dhatêng sok tiyanga, botên namung dhatêng tiyang ingkang dipun têpangi kemawon.

Bab lampah rêkaos punika manawi dipun turuti ing têmbe badhe sumêrêp ing têmêning paedahipun.

Taksih wontên sambêtipun.

Kasunyatan

Wontên purwakanipun sêrat bab kanggenipun kawruh teyosopi (Practische Theosofie) karanganipun ingkang minulya Dr. Jinarajadhasa kapratelakakên, bilih para sadhèrèk ingkang sampun priksa sayêktos dhatêng kasunyatan, lajêng katarbuka ing budi priksa dhatêng dhêdhasaripun kamajênganing agêsang tigang bab ingkang parlu.

1. Kraos sayêktos, bilih manungsa jati punika jiwa, botên kenging pêjah, langgêng kawontênanipun, lampahipun saya majêng anêtêpi kodrat, mindhak-mindhak kawruhipun ngantos dados sampurna.

2. Ajênging kamanungsan, kêdah sarana ambiyantu karsaning Pangeran Kang Agung, inggih punika kamajêngan Evolutie.

3. Patrapipun ambiyantu karsaning Pangeran Kang Agung, ingkang nama kamajêngan, punika mitulungi dhatêng sasamining agêsang.

Mênggah katêranganipun makatên: bab 1. Sayêktosipun ingkang nama manungsa sajati, punika jiwa, inggih gêsang kita sajati punika, sarta ingkang katêmbungakên ingsun, punika dede badan. Badan makatên namung lugu prabot pirantos, manawi sampun botên kenging kaangge, dening sampun risak [ri...]

--- 68 ---

[...sak] utawi botên laras, sampun botên sagêd tumrap dhatêng jiwa, lajêng kasèlèhakên, botên kaangge, inggih punika ingkang kawastanan pêjah, inggih pêjahing badan, dede pêjahing jiwa, dene jiwanipun lêstantun gêsang nglajêngakên kamajênganipun.

Teyosopi ugi marahakên tumimbal lair, nêtêpakên langgênging jiwa lêstantun gêsang, inggih makatên punika lampahing jiwa anggènipun pados kasampurnan, sagêdipun kalêksanan, botên wontên margi sanèsipun malih, kêjawi namung tumimbal lair, asontan-santun badan, pratandhanipun, sarèhning sampun katêtêpakên, bilih kridhaning bawana punika kawêngku anggêr-anggêring Pangeran ingkang têtêp, bilih sadaya kawontênan, wêwujudan, tuwin lêlampahan punapa-punapa, punika mêsthi wontên sababipun, lah sapunika punapa sababipun beda-bedaning kawontênan, beda-bedanipun drajatipun kamanungsan, bodho kalihan pintêr, sapanunggilanipun? bilih namung kapuntu: saking karsaning Pangeran, punika botên marêmakên manah, sanadyan sadaya punika garbanipun inggih saking karsaning Pangeran, nanging dadosing karsa wau mêsthi mawi tindak utawi lampah inggih katêranganing lampah wau, ingkang kita butuhakên, kadospundi?

Manawi teyosopi nêtêpakên saking tumimbal lair, wiwit gumêlaring Pangeran asipat kodrat, wiradat, ngèlmu. Rama, putra, roh suci, utawi brahma, wisnu, siwah, angwontênakên alam-alam, bêbakalan ingkang alus-alus, dados wadhag, ngantos dados wujud, pêpêlikan, têtuwuhan, kewan, manungsa asor dumugi luhur ngantos sampurna malih, punika lampahing gêsang utawi kodrat asontan-santun wujud.

2. Katêrangan ingkang ăngka kalih, gêsang, punika ingkang parlu tindak, botên namung wawasan, dados kêdah dipun lampahi, sagêda laras kalihan karsaning Pangeran ingkang nama kamajêngan.

3. Dene katêrangan ingkang ăngka tiga, para sadhèrèk punika dados kawontênaning jiwa, utawi gêsang, ingkang tunggil pancêr, bêgja cilakaning sanès, punika ugi tumut nyandhang mila mitulungi sanès, punika inggih têgês mitulungi awakipun piyambak.

Wusana sumăngga.

 


§ Têmbung: sarojaning kajatèn, pikajêng kula bilih rinangkêpan katrangan saking kawruh kajatèn. (kembali)
atêgês. (kembali)
maos. (kembali)
§ Wirayat cariyosipun Nararya Sidarta kèndêl dumugi samantên, nuntên wiwit lêlampahanipun sang maratapa Gotama ingkang prêlu sangêt kangge babading donya, ingkang sinêbut sang pêpadhang tuwin Sang Buda dening para tiyang ing jamanipun, Sang Gotama piyambak sampun anglairakên pangandika ingkang ringkês tuwin prasaja, dhatêng para muridipun ing bab watonipun, anggèning angoncati kadonyan, kayêktèn saking cariyos wau têtela bilih wirayat punika sanès anggitan, ananging lêlampahan ingkang wontên sayêktos lajêng kaanggit. (kembali)
§ Panggenan ingkang dipun dunungi Sang Buda
--- [63] ---
pintên-pintên taun, kala panjênênganipun anggêntur tapa amisakit salira, tuwin kala antuk pratapaning kawruh sajati, ing wingking kanamakakên Budagaya, têgêsipun patapane Sang Buda, ing ngriku kaadêgan candhi sarta patapan, antawis sèwu taun sapêngkêripun punika, nalika agami Buda katampèn ing tanah Asiyah têngah tuwin wetan, candhi tuwin patapan wau kaênggenan dening para fakir Buda kalangkung kathah, pramila kangge panyadranipun tiyang Buda, saking sakathahing nagari, ngantos jaman sapunika risakan candhi ingkang samangke sampun kadadosan malih, saha kangge têlêng panggenan ingkang nêngkarakên agami Buda, anêdahakên bilih panggenan wau dados pêpundhèn. (kembali)
ukiri. (kembali)