Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503

Judul
Sambungan
1. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
2. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
3. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
4. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
5. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 125–144), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
6. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
7. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
8. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 085–098), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
9. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
10. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408–432), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
11. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 433–448), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

KOEMANDANG THEOSOFIE. TAOEN IV.

Rêginipun serat kabar wulanan punika.

Tigang wulan ... f 1,20

Satêngah taun ... f 2,10

Sataun ... f 3,60

Kêdah kabayar rumiyin,

1 pawartos, rêgi ... f 0,50

Sêrat panjurung dipun ngalamatana dhatêng rêdhaksi Tamtaman.

Badhamèn sanès-sanèsipun, dhatêng atministrasi pangêcapan Swastika.

Pambayaripun dhatêng pangêcapan Swastika, Pêkên Pon (Surakarta).

Rêgining atpêrtènsi 1 kaca f 10, bilih 1/2 kaca f 6, 1/4 kaca f 4,- 1/8 kaca f 2,50 kapacak sapisan.

Angsal-angsalaning arta lêngganan tuwin prabeya adpêrtènsi ingkang 25% kadarmakakên dhatêng losê utawi sèntrum ing pundi panggenan ingkang wontên lidipun lêngganan Kumandhang Teyosopi, dipun lantarakên ing bêstiripun piyambak-piyambak.

Sasorahipun Sadhèrèk Radèn Kusumadiharja, Kala Purnamasidi Tanggal Ping 6-7 Juli 1925 Wontên ing Losê Surakarta.

Sambêtipun K.T. No. 6-7.

Anggagas-gagas punapa-punapa ingkang dèrèng mêsthi kalampahanipun, sarta anusahakên ingkang sampun kalampahan, punika ingkang anjalari têlasing kakiyatanipun, tiyang punika limrahipun ngantos sêpuh namung tansah makatên kemawon.

Tiyang ingkang sampun sagêd angurbanakên wohing pandamêlipun, punika botên nate nandhang kasangsaran, botên badhe manggih kacuwaning manahipun ingkang sabab manggih lêlampahan warni-warni ingkang kados punapa kemawon, jalaran mangêrtos, yèn punika wau sadaya, kadadosaning pandamêlipun piyambak ingkang sampun.

Sabab saking tansah amisah: pandamêl kalihan wohipun: lajêng botên maèlu dhatêng kadadosaning lêlampahanipun wau. Pituwasipun tiyang ingkang sampun sagêd anglampahi makatên punika, têntrêm ayêm raosing

--- 102 ---

manahipun, sêsanggèning gêsangipun karaosakên ènthèng sarta kalihan suka bingahing manah.

Sapunika lajêng wontên pitakenan, kadospundi tiyang punika anggènipun sagêd botên maèlu dhatêng kasangsaran ingkang pinanggih ing badanipun, wangsulanipun makatên, mênawi sampun ngraos dhatêng kawontênaning kamardikanipun, mangêrtos yèn botên sagêd surêm utawi risak dening kasangsaran ing donya, jalaran langgêng wontênipun, mêsthi lajêng sagêd. Jiwa mangêrtos, yèn wontênipun ing kawadhagan punika pêrlu manggih lêlampahan warni-warni wontêning donya, sabab mangêrtos, yèn saking manggih lêlampahan warni-warni wau ingkang anjalari têmahing kakiyatan sarta kamajênganipun. Kasangsaran ingkang pinanggih punika botên dipun anggêp saribêt, namung kaanggêp satunggiling piwulang ingkang kêdah dipun sinau, botên kok dipun prihatosakên, malah kêdah dipun upadosi prêlunipun. Jiwa ingkang sampun kados makatên punika sumêrêp, yèn piyambakipun botên sagêd uwal saking donya, mênawi dèrèng nyinau dhatêng sadaya piwulang wau, mila lajêng niyat samêkta nyinau dhatêng sadaya lêlampahan wau, awit ing ngriku badhe têwah ing kakiyatanipun.

Ing sarèhning sumêrêp sarta mangêrtos, yèn manungsa punika kajawi dede badanipun, mila mênawi sadaya kawontênan ing donya punika kawawas saking jiwa, botên langgêng, jiwa ingkang sampun mêrdika punika lairipun ing donya malih namung manasuka, têgêsipun botên kapêksa dening bêtahipun piyambak, awit ing ngajêng sampun kacariyosakên, yèn ingkang anggandhèng manungsa kalihan donya punika, tangsuling papenginanipun, dados samăngsa tangsul wau sampun dipun tatasi, inggih botên gandhèng.

Sarana amisahakên raosing jiwa, kalihan raosing badan ingkang rêmên dhatêng barang donya punika, jiwa lajêng sagêd dumunung ing alam alus, inggih alaming jiwa pribadi.

Ewadene tiyang ingkang luhur bêbudènipun, mêsthi botên dados kakudanganing manahipun, yèn anggènipun lampah yoga punika namung badhe uwal saking donya, pêrlu gêsang wontên ing alaming katêntrêman, nanging malah badhe saya sêngkut anggènipun tumandang ing damêl wontên ing donya, botên kangge bêtahipun piyambak, nanging kangge pêrluning ngakathah, niyat badhe tumut angraosakên kasangsaran tuwin kabodhoan ing donya.

--- 103 ---

Tiyang ingkang luhur ing budi mêsthi botên badhe nilar dhatêng sadhèrèk-sadhèrèkipun ingkang têksih wontên ing salêbêting kasangsaran lan papa. Piyambakipun mêsthi botên badhe gadhah panuwun bab punapa kemawon, ingkang kangge pêrlunipun piyambak, nanging badhe tansah têtulung dhatêng sintên kemawon, ingkang pêrlu dipun pitulungi, tiyang ingkang kados makatên punika mêsthi badhe tansah ngurbanakên pandamêlipun kangge pêrluning ngakathah. Tur lugunipun, inggih makatên punika margining kamardikanipun, rèhning sêdya badhe mitulungi dhatêng kasangsaran ing donya, mila inggih kêdah pêrlu nyumêrêpi lêlampahan warni-warni wau, ingkang minăngka badhe dados piwulang. Botên namung ngurbanakên pandamêlipun kemawon, nanging ugi tansah anyajèkakên pandamêlipun wau dhatêng kaluhuraning suksma.

Teyosopi suka piwulang ing kita, yèn oyoting pribadi kita punika dumunung wontên ing Pangeran, dene karsanipun Pangeran anitahakên donya punika supados jiwanipun manungsa punika dumugi ing kasampurnan, sêdyaning manungsa punika sami tumuju ing ngriku, sagêdipun manungsa punika miturut dhatêng lampahing kamajênganipun, manawi wêwatakanipun sampun saèmpêr, kalihan kodrating Pangeran.

Suksma punika angurbanakên gêsangipun, mila sintên kemawon ingkang sampun mangêrtos dhatêng bab punika, mêsthi lajêng mituhu dhatêng karsa wau, tansah ngudi sagêda ambiyantu tumindaking anggêr-anggêring kodrat, badhe dados kalanging sihipun Pangeran ingkang kaêsokakên ing donya, ingkang badhe dados kamajênganing manungsa. Piyambakipun badhe dados tataraning kamajêngan, ingkang dipun ênciki dening para manungsa ingkang niyat lumampah ing ngriku.

Kamajênganing manungsa punika sagêd dipun rancagakên saking pandamêlipun manungsa piyambak, makatên ugi kamajênganing jagad, ugi sagêd inggal, yèn sadaya pandamêl punika sami dipun kurbanakên kangge pêrluning kamajêngan wau. Inggih punika satunggiling kanyataan, punapa anggêr-anggêr, ingkang dados dhasaring wêwarah kurban, wontên ing sadaya agami.

Pandamêl ingkang dipun kurbanakên punika, dados kakiyatan ingkang alus, inggih punika kakiyataning kasuksman.

Daya kakiyataning sêdya ingkang nyurung tumindaking damêl, punika ingkang anêdahakên badhe kadadosaning pandamêlipun, yèn sêdya wau têwah saking ingkang pribadi, inggih badhe wangsul dhatêng ingkang pribadi. Yèn tumindakipun atas karsasaning [karsa...]

--- 104 ---

[...saning][1] Gusti kangge mitulungi kamajênganing dumadi, kakiyatan wau sinêbat kakiyataning suksma, inggih punika kakiyatan ingkang migunani ing ngakathah.

Pandamêlan kita ing sabên dintên punika lulunipun[2] sagêd sangêt katindakakên kalihan kakiyataning sêdya wau, kadosdene tindaking para chimmems sagêd adamêl daya kakiyataning electrisch saking nyampur waja kalih warni, makatên ugi manungsa, sagêd angêdalakên kakiyataning suksma, sarana ambucal aling-alinging kawadhagan. Inggih punika anyantuni timbêl bandhuling gêsang ing donya, dados kêncana kakiyataning gêsang kasuksman.

Ingkang dipun prasudi para alchinist ing jaman kina punika samia damêl jêne (êmas) tiyang-tiyang wau kacariyos sami sagêd damêl jêne, botên sabab saking pirsa dhatêng abênipun, nanging sabab para alchinist ing kina punika ingkang kathah para adhèp, ingkang sampun amumpuni ing kawruh kasuksman. Makatên punika kathah pasêksènipun, nadyan ing jaman sapunika, ugi wontên, tiyang ingkang sampun sarira suksma punika botên wontên barang ingkang botên dipun sagêdi.

Dene têwahing kakiyatanipun suksma, punika kêdah sarana kurban, ngurbanakên pandamêlipun kangge anêtêpi karsaning Pangeran, inggih punika margining manungsa dhatêng kasampurnan, margi ingkang anjog ing sana pasênêdaning guru.

Guru punika sami gêsang makarti ing donya, nanging namung kangge pêrluning ngakathah, sêdyanipun botên sanès, namung badhe nyampurnakakên karsaning Pangeran.

Sawênèhing guru anggènipun minangkani badhe anuntuni donya punika dipun lampahi jumênêng nata utawi ngulama, punapa pangulu, nanging katitik saking tumindakipun, cêtha namung têtêping sêdya wau botên kagêm salira pribadi, punika ingkang sampun sami dipun sêbut, jiwa ingkang sampun mêrdika, gandhèngipun kalihan donya, namung kabêkta saking sihipun.

Sêdyanipun teyosopi punika anuntun ing sadaya manungsa, lumampah ing margi, dipun purih mangêrtos dhatêng sêdyaning gêsang tuwin kamajêngan, sarta ugi dipun sumêrêp-sumêrêpakên dhatêng sadaya sarananipun, ingkang anjalari rancaging kamajênganipun wau, sarana wau wujud anggêr-anggêring dumadi, sabab saking sumêrêp dhatêng anggêr-anggêr wau lajêng nama angsal kawruh, sasampunipun gadhah kawruh lajêng sagêd tumandang ing damêl, kangge kamajênganipun.

Tiyang nyinau teyosupi mêsthi botên kapranggul ing piwulang kasuksman enggal,

--- 105 ---

makatên ugi botên badhe kapêthuk dhatêng piwulangipun ingkang nyulayani dhatêng piwulangipun agami, nanging malah lajêng mangrêtos, kadospundi caranipun kita tumandang ing damêl, sarta ugi lajêng sumêrêp dhatêng pêrlunipun pandamêl wau. Ingkang lajêng sagêd anêtêpakên tumindakipun ingkang patitis.

Ing sarèhning kamajênganing dumadi ing bab nalar ing wêkdal punika sampun inggil sangêt, gampil sangêt mangêrtosipun dhatêng piwulang ingkang saya luhur, mila teyosopi lajêng kasiyarakên ing donya mêdal lampah kanalaran, katêdahakên dhatêng dhasar sarta cundhukipun sadaya piwulanging agami.

Mamrih kawruh punika sagêd sumêbar ing donya, pintên-pintên pakêmpalan teyosopi ingkang sampun kaêdêgakên, kangge anindakakên saperanganing sêdya wau, ing pundi-pundi dipun wontênakên sêsorah teyosopi. Ing dalu punika atas namaning Logeteyosopi Surakarta kula damêl sasorah ingkang sêdyanipun namung badhe ngaturakên pamanggihipun teyosopi, yèn tiyang ingkang têksih sami lumampah ing damêl punika, ugi sagêd kalihan anggayuh kasuksman, botên sarana nilar pandamêlanipun, makatên ugi nyariyosakên, yèn jiwa punika sagêd pisah saking raga, ing salêbêtipun tiyang têksih gêsang ing donya, kados wêwarah ing kina, yèn tiyang punika sagêd angraga suksma.

__________

Piwulangipun Sang Buda.

Sambêtipun K.T. ăngka 6-7.

42. Salajêngipun kadospundi.

Sang Buda taksih lêrêp salikur dintên wontên sangandhapipun wit pangèn menda, angraos-raosakên kanugrahaning pamudharan, sarta salêbêting panggalih anggarap rêroncèning piwulangipun, ing dalêm 21 dintên wau kèndêl piyambakan kemawon, tuwin botên angraosakên dhaharan miwah unjuk-unjukan, sasampunipun nulya jumênêng sarta ngandika makatên: muga wiwaraning karahayon kawêngakna tumrap saliring manusa, sapa kang darbe karna miyarsakna piwulang tuwin anglakonana.

43. Dhatêng sintên anggèning Sang Buda amêdharakên piwulang rumiyin piyambak.

Tiyang gangsal ingkang sami mêsu brata, ingkang katunggilan sawatawis dangu kalihan panjênênganipun, sarta lajêng anilar nalika Sang Buda amantuni amisakit sarira.

44. Wontên ing pundi anggèning pinanggih malih kalayan piyambakipun.

Wontên ing wana sacêlaking kitha Bênarès,

--- 106 ---

salêbêting patamanan ing Sipatana, ing pratapan Migadaya.

45. Punapa tiyang gangsal ingkang sami mêrtapa wau kêsdu mirêngakên piwulangipun.

Sêdyanipun botên angèstokakên piwulang punika, awit anganggêp bilih Sang Buda murtad, ananging kaluhuraning sariranipun, miwah pasêmoning wadananipun ingkang mulya punika ingkang andadosakên kakênaning manahipun, ngantos sami sumungkêm dhatêng panjênênganipun, sarta sami mirêngakên pangandikanipun, kalayan sangêt angaji-aji.

46. Kanamèkakên punapa piwulangipun Sang Buda ingkang kawitan punika.

Kawastanan: wêjangan tataning jagad kang bêcik, utawi: adêge karatoning pangadilan langgêng. Wêjangan punika amot pêpakêming sadaya piwulang ingkang winastan: sajatining karahayon papat.

47. Anyawabi punapa piwulang punika dhatêng ingatasipun tiyang gangsal ingkang martapa wau.

Piyambakipun sami angakêni dhatêng Sang Buda, kaanggêp ujwalaning bawana, sarta sami sumêdya dados siswanipun, dene sang minulya tumuntên nampèni piyambakipun, minăngka paklêmpakaning para kadang ingkang kapiji, winastan Sangha ingkang kawitan, dene pangandikanipun Sang Buda makatên: mungguh piwulang kang dak wêjangake iku mangkene: wiwit samêngko ing sabanjure muga-muga anucèkna kauripanmu, supaya mari nandhang samubarang.

48. Para murid gangsal wau sintên ingkang rumuhun piyambak sampurnanipun kawruh sajati.

Sang Kondhagya ingkang sampun sêpuh, inggih punika ingkang kabuka maripatipun sajati ingkang wêning botên kasamaran, sarta piyambakipun anggayuh dhatêng drajating arahat.[3] Dene ingkang sakawan ugi tumuntên nututi.

49. Punapa Sang Buda anampèni murid malih wontên ing Bênarès.

Inggih.Salajêngipun malih ingkang lumêbêt agami Buda, inggih punika ingkang nami Iyasa, satunggiling jêjaka trahing băngsa luhur. Ananging botên ngamungakên para brahmana, para satriya miwah para luhur ingkang sami mirêngakên pangandikanipun sang minulya, dalah băngsa alit inggih kenging, amargi panjênênganipun botên ambedakakên băngsa pangkat utawi kalênggahan, kadosdene pandamêlipun para brahmana, ananging amulangakên karahayon dhatêng

--- 107 ---

sadaya tiyang, ingkang kêsdu mirêngakên, sasampuning gangsal wulan, gunggunging petangipun para murid sadaya sampun wontên sawidak, kajawi para tiyang ingkang angguyubi ingkang taksih anglampahi kadonyan. Salajêngipun angwontênakên utusanipun para kadang.

50. Punapa lire utusan para kadang.

Sang Buda anglêmpakakên para kadang, sarta sami kadhawuhan kesah piyambak-piyambak midêr ing jagad punika, tuwin anêngkarakên piwulang pamudharan wontên ing pundi-pundi.[4]

51. Mawi piwêling punapa anggènipun ngutus punika.

Pangandikanipun Sang Buda dhatêng para kadang makatên: sira wus luwara saka sakèhing bêbandaning jawata lan bêbandaning manusa, lungaa kisanak. Midêra lan anggêlarna piwulang, kang minăngka kaslamêtane, sarta pitulunganing sarupaning kumêlip, saka wêlas marang donya, kang minăngka kabungahane, kabrêkahane lan kaslamêtane para jawata.[5] Lan manusa, akèh wong kang rêsik atine sarta bêcik kêkarêpane, ananging iku bakal karusakan, manawa ora ngrungu piwulang pamudharan, dene sakèhing wong kang padha ngèstokake pititurmu, iku bakal dèn arani wong kang angguyubi sarta kang ngakoni marang kajatèn.

--- 108 ---

52. Punapa Sang Buda kantun piyambak wontên ing Bênarès.

Botên, panjênênganipun lajêng wangsul dhatêng Uruwela malih, ing ngriku kathah para brahmana ingkang sami manggèn wontên ing gubug-gubug salêbêting wana, ingkang sami amêmuja latu suci, sarta adêdana tuwin sêsaji kados ingkang kasêbut wontên ing Sêrat Wedha. Sang Buda amulang dhatêng piyambakipun, bab hawa birai, hawa napsu miwah pêpenginan, ingkang kados latu amamăngsa, sarta ingantaraning para brahmana wau Sang Buda anampèni pintên-pintên murid, tuwin tiyang ingkang sami angguyubi.

Salajêngipun Sang Buda tindak dhatêng Rajagria, inggih punika kithanipun nagari Manggada, ing ngriku panjênênganipun anglêbêtakên agami Buda dhatêng Prabu Bimbrisara tuwin pintên para luhur. Makatên tangkar-tumangkaripun piwulang ingkang murugakên karahayon.

53. Punapa panjênênganipun botên nate wangsul dhatêng nagarinipun ing Kapilawastu.

Saking Rajagria lajêng tindak dhatêng Kapilawastu, saha misuwuring pandamêlipun sangsaya mindhak, ananging botên sumêdya lumêbêt ing karatonipun sang nata, muhung nunggil kalayan para kadang ingkang atut wingking ing panjênênganipun, wontên ing wana sajawining kitha, miturut kadosdene pêpacak tatanipun para kadang. Sang Prabu Sudadana miwah para santananipun kakung sami ambagèkakên dhatêng panjênênganipun wontên ing ngriku, ananging sarêng sami mirsa dhatêng Sang Buda mangagêm pangagêman awon, anggèn-anggèning biksu, sarta jenggot tuwin remanipun kapapal, sang prabu sarta para santana sadaya sami lingsêm.

Enjingipun malih Sang Buda mêndhêt cuwonipun pirantos nampèni dana,[6] sarta tindak dhatêng ing kitha prêlu anglêmpakakên dhaharipun saking dananipun para tiyang, anêtêpi caranipun para Sangha. Nalika ingkang rama sang prabu mirêng lêlampahan punika, enggal tindak amurugi dhatêng Sang Buda, kalayan angandika sêmu angerang-erang makatên: hèh putraningsun, apa sababe sira gawe kawirangan ingsun kang kaya mangkono. Dene sira anjaluk pisungsunging uwong kaya pêkir.

--- 109 ---

Atur wangsulanipun Sang Buda, dhuh sang prabu kang agung, sampun kina-kuminanipun makatên punika caranipun băngsa kula sadaya.

Ananging Sang Prabu Sudadana botên mangêrtos wangsulan punika lajêng ngandika malih makatên: ingsun sakulawarganingsun padha trahing băngsa ratu lan satriya, ora ana kang tau papriman pangane marang anggêr omah.

Nalika punika sang minulya mèsêm sarta ngandika makatên: panduka sarta kadang kadeyan sadaya sampun misuhur têtela bilih têrahing băngsa narendra, ananging lêluhur kawula inggih punika para Buda ingkang sampun kina-kumina, dene pandamêlipun inggih kados kawula.[7]

Sang Prabu Sudadana nulya kèndêl, lajêng anganthi Sang Buda kabêkta dhatêng kadhaton.

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Margi ingkang Anuntun dhatêng: Katêntrêman Langgêng.

Sambêtipun K.T.V. No. 6-7.

Mila manawi sapunika kita ngulinakakên darbe manah awon, punika nyawa kita lajêng kulina kadunungan watak makatên, dene manawi tansah alampah sae, punika sawarnining watak sae saking liyan, sagêd kagèndèng dhatêng kasaenan kita, makatên wau mêsthi lajêng mêwahi sucining nyawa kita, kabêcikan iku yèn diêdum malah mundhak akèh, urip kita lan uriping Allah gêgandhengan, ngibarate ilèn-ilèn, yèn banyu kabêcikaku tak ilèkake marang liyan, aku uga kaêjogan saka Allah, yèn dibêndung ora bisa isi akèh.

Wujuding manusa punika miturut sajak utawi bêbudènipun rumiyin, wondene wujuding

--- 110 ---

manusa ingkang badhe dumados, mêsthi miturut bêbudèn lan lêlampahanipun piyambak ing sapunika.

Manawi kita anggêgêt ungêl-ungêlan ingkang makatên, têka inggih gampil mangrêtosipun dhatêng bab gêsangipun manusa, wêwulanging agami Buda ingkang makatên wau, mênggah kita lajêng gampil mangrêtos tuwin nuntên dumunung, dados agami Buda, dede agami ingkang angronce wêwulangipun.

Ing ngandhap punika candhakipun prakawis ing nginggil wau, ugi gampil, agami Buda mastani: ingkang nitahakên manusa punika awakipun piyambak. Dados sabên manusa sagêd adamêl badan miturut sasêdya utawi sapikajêngipun piyambak, sadaya pikajênganing manusa mêsthi sagêd kalêksanan, sadaya manusa mêsthi kapengin dhatêng kabêgjan, sarèhning manusa punika sagêd amujudakên punapa sasêdyanipun tuwin punapa ingkang dipun pengini, dados manawi badhe pikantuk kabêgjan, budi lan pangangên-angênipun piyambak kêdah kadamêl bêgja utawi sae, lah punika sarananipun.

Prayoginipun kita angyêktosi kalayan titi punapa ta ingkang kawastanan kabêgjan punika, lah punapa ingkang kawastanan kasusahan utawi kasangsaran, sagêda kita sumingkir saking sawarnining kasusahan wau.

Mênggah miturut wêwulanging agami ingkang kathah-kathah, donya punika awon, mila piawon wau dados jalaraning agami warni-warni kaadêgakên.

Agami Islam amratelakakên, bilih donya punika upami ara-ara agêng isi samukawis ingkang akarya kabingahan lan kanikmatan, mila paedah sangêt para manusa gêsang sae, sagêda ngundhuh kasaenan isinipun ing donya punika. Nanging mênggah pamanahing agami sanès-sanèsipun botên makatên, agami sanèsipun amastani donya punika isi piawon drêngki lan kasangsaran, sêdyanipun sakathahing manusa badhe suminggah saking piawon ing donya wau. Dados agami-agami wau ing mulabukanipun sami amastani bilih donya punika namung isi piawon, mila lêrês donya punika ing sapriki namung kêdah isi piawon, kados ta: pêpêrangan, pêpanasan, sêsingidan tuwin doracara. Lah sarèhning donya punika kataman piawon makatên, isinipun ing donya, inggih punika para manusa, mêsthi kemawon kapanduk ing piawon lan kasangsaran.

Saking pangintên kula dèrèng wontên wêwulang bab kawruhing sabab lan pêpathokan thiori ingkang

--- 111 ---

kapigunakakên kangge anggênahakên bilih donya punika lêrês awon, ewadene sadaya manusa sami amastani bilih sakathahing manusa punika sami kataman ing piawon sadaya, malah saking sumêrêp kula sadaya agami amastani makatên, inggih awit dening panganggêp makatên wau, têmahan dados jalaraning agami warni-warni kawontênakên.

Upami ing jaman rumiyin donya punika bêgja, mêsthi botên wontên gunanipun kawontênakên agami warni-warni. Bêbasanipun makatên: ing sagantên ingkang kèndêl, punapa paedahipun ing ngriku kayasanan palabuhan nabi, iku nabine wong ala, para nabi kang bangêt dikumpuli mung wong ala, wong kang wus bêcik ora pêrlu winulang. Pangandikane Yesus: Têkaku mrene iki arêp angumpuli manungsa kang isih ala adate. (zie) Injil, yèn makatêna inggih nglêngkara.

Ing nginggil sampun kula cariyosakên bilih bab punika dados marginipun manungsa ngawontênakên agami. Nanging pitadosipun makatên wau botên kalayan dipun pratelakakên sabab-sababipun. – Măngka ... tiyang agami Buda botên pisan-pisan purun anarimah punapa malih purun pitados dhatêng samukawis kadadosan utawi lêlampahan, botên mawi kapratelakakên sabab-sababipun, cariyosipun agami Buda, gêsanging manusa punika nandhang sêsakit, wastanipun: kasangsaran, sadaya manusa sêdyanipun sagêda oncat saking sêsakit wau. Wicantênipun tiyang agami Buda makatên: kita kêdah sagêd nyumêrêpi jalaraning sangsara rumiyin. Sasampunipun mêsthi lajêng sagêd mangrêtos pratikêlipun ambucal sangsara wau. Makatên katêrangan utawi pratikêlipun tiyang agami Buda, dados botên beda kalihan sanèsipun agami.

Ingkang anjalari para manusa kacilakan utawi kasangsaran punika botên sanès namung: gêsangipun, gêsang lan susah punika tansah rêrakêtan utawi kalih-kalihing atunggil, kasangsaran iku wêwulang, supaya manusa olèh ondervinding (kawruh) ing W.S.I. kasêbut, manusa ing donya iki ngupaya kagunan, satêmêne undhaking kabisan iku akèh kang tuwuhe saka sangsara.

Tiyang agami Buda mratelakakên, manawi kita sagêd awas ing paningal, punapa malih waskitha ambedakakên hakikinipun prakawis ing nginggil wau, mêsthi kita botên badhe ngandhut manah was lan sumêlang. Coba ta kamanaha, tiyang pundi lan sintên ingkang sampun [sampu...]

--- 112 ---

[...n] nate wicantên: lah aku saiki bêgja têmênan, ing salawas-lawase bisaa aku aja nganti owah gingsir saka kabêgjan kaya kang tinêmu iki. Suwawi karaosakên punapa wontên manusa ingkang wicantên makatên, sabab sadaya pikajênganipun manusa punika tansah ewah gingsir, dados rêmên asantun warni.

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Gêsang Gagrag Enggal MODERNE LEVEN.

Anut lampahing jaman punapa anjaman miturut gêsang gagrag enggal ingkang kawêngku wontên rodhaning evolutie (kamajênganing) dunya, pancèn satunggaling prakawis ingkang parlu dipun mangrêtosi. Manawi tiyang botên purun mangrêtos bab punika, nama kapitunan, têgêsipun kapitunan, punika sagêd kalintu panampi utawi panganggenipun, miturut limrahing panampi namung dipun têgêsi: manut ombyaking ngakèh, dene ombyak wau awon punapa sae dèrèng dipun manah. Sayêktosipun manawi kita mratitisakên bab punika, kita kêdah mangrêtos punapa ta pikajênganing evolutie donya anggèning ngubêngakên jantranipun nyontan-nyantuni wêwangunan saha kawontênaning bawana tansah mubêng mindhak-mindhak kamajênganipun saha wangsul anyakra manggilingan punika? Lampahing jaman kenging cinăndra kados ubênging jarumipun êjam, ingkang lumampah miturut aturan angubêngi saindênging sêkonan, mênitan saha grad-gradipun (darjah) evolutie ning dunya ingkang sampun pinathok, kawuningana wontên kalamangsanipun dunya dipun ajêngakên prakawis kawruh kalairan, ingkang ambuka saha ulah kamursidaning nalar (Verstandelijk ontwikkeling) sarta babaranipun lajêng winastan: Wetenschap ingkang anguwoh warni-warnining kawruh saha pamanggih-pamanggih enggal kados ta: kamajênganing tèhnik, warninipun: kareta latu, baita latu, motor, mêsin-mêsin, telegrap tilpun ingkang mawi saha tanpa kawat, sasaminipun, kawruh kasarasan, têtanèn sapanunggilanipun, manawi dunya sawêg kaajêngakên prakawis kalairan makatên, ingkang misuwur, ingkang katingal utawi angsal pangaji-aji inggih para ingkang landhêp-landhên[8] kamursidaning nalaripun lair, dene para ulah kabatosan, kasingkur utawi kasilêp, makatên wau manawi dunya sampun nandhang karisakan dening lacut saha kalèntuning panganggenipun kawruh kalairan, inggih jalaran kamurkan saya agêng, ing mriku wiwit kaagêngakên dhatêng kawruh kabatosan malih, ulah kasuksman saha kawruh gaib, kosokwangsulipun manawi dunya

--- 113 ---

dawêg majêng prakawis kabatosan, ingkang misuwur, ingkang katingal utawi angsal pangaji-aji, inggih para ingkang putus pangawikanipun prakawis gaib utawi kasuksman, para yogi, para wali, para adhèp, para mahatma, sapiturutipun. Inggih ingkang wiwit makarti utawi dipun langkungi dening tudinging jarum evolutie wau ingkang sinêbut gêsang gagrag enggal (Moderne leven). Utawi nadyan sapanggenan-sapanggenan, pundi ingkang miturut lampahing jaruming evolutie ingkang sakintên sagêd mikantuki kangge kamajênganing nagari mriku, inggih ugi nama: gêsang gagrag enggal.

Makatên wau manawi dunya sampun badhe risak, jalaran kathahipun para tiyang ingkang mêngkêrakên dunya, jantraning evolutiewiwit kaubêngakên malih dhatêng kawruh kalairan, makatên salajêngipun ngantos para manusa sagêd mangrêtos bilih anggèning tinitah wontên ing marcapada, punika muhung angudi indhaking kamajênganipun jiwa, awit yêktosipun ingkang dipun pikajêngakên utawi têgêsing evolutie ning manusa,[9] punika indhaking kawruhipun jiwa anggèning lumampah saya majêng-majêng anyêlaki dhatêng kasampurnanipun, botên tansah wongsal-wangsul katitahakên dhatêng dunya malih, jalaran binănda dening pêpenginanipun, yèn makatên nama botên angsal kaindhakaning kamajêngan, awit majêngipun jiwa (lampahipun) punika atêgês saya nyuda dhatêng wongsal-wangsulipun tumimbal lair malih, ingkang wusananipun sagêd dumugi ing pucaking kamulyan, inggih punika wangsul dhatêng dzating Pangeran malih (nirwana).

Kadospundi sarananipun tiyang sagêd angsal kaindhakaning kamajênganipun jiwa saha kadospundi sarananipun tiyang sagêd nunggil kalihan Pangeran, sarana anêtêpi darmanipun piyambak-piyambak, tiyang sagêd angsal kaindhakaning kamajênganipun jiwa, sarana lampah amitulungi pakaryaning kodrat (adamêl rahayuning bawana) tiyang sagêd angsal kamajênganipun jiwa, sak anggêr sadaya wau botên sinurung ing kamelikan. Lugu namung adamêl karaharjaning ngakathah, saha amitulungi ajênging evolutie (kamajênganing jiwanipun) têtiyang kathah, dados botên tumrap badanipun utawi pikangsalipun piyambak, nanging tumrap tiyang kathah. Sarana lampah tigang warni (karmayoga, baktiyoga, sarta janayoga) tiyang sagêd nunggil kalihan Pangeran. Karmayoga, têgêsipun: manunggal sarana pandamêl, sadaya pandamêlipun lugu karana Allah, botên angajêng-ajêng dhatêng wohipun, namung nêtêpi wajib. Baktiyoga: [Bakti...]

--- 114 ---

[...yoga:] manunggal sarana lampah bakti. Janayoga: manunggal sarana kawicaksanan. Dene orayanipun[10] ingkang langkung cêtha sarta gamblang, prayogi amaosa ingkang sampun dados buku kemawon, ing mriki botên parlu kula jèrèng malih. Sarèhning lampah manunggal makatên warni-warni pitêdahipun, botên namung warni tiga punika kemawon, saha kadospundi lampah-lampahipun, sampun sami kawrat utawi kadadosakên buku, mila prayoginipun supados saya mangrêtos, angathahna maos buku-buku teyosupi ingkang sampun kawêdalakên dening pangêcapan: Swastika, bokmanawi saya langkung prayogi tumrap angrancagakên dhatêng indhaking kawruh teyosupi.

Punapa sagêd tiyang nindaki pandamêl ingkang botên sinurung ing kamelikan? Jalaran wontên pitakenan ingkang makatên wau, punika ingkang anjalari wontênipun piwulang murih anindakna pandamêl ingkang tanpa pamrih, awit manawi sadhengah tiyang sagêd anindaki pandamêl ingkang tanpa pamrih, sayêktosipun botên badhe wontên pitêdah ingkang kados makatên, dene sagêd utawi botênipun anglampahi, punika bêtah jêngandika piyambak, sarèhning lèrègipun piwulang wau sae, murih rahayuning bawana, măngka wataking manungsa punika kathah condhongipun dhatêng piawon katimbang kalihan tumuju dhatêng kasaenan, punapa inggih piwulang wau sagêd katindakakên dening tiyang kathah, manawi botên sarana pinêksa ing tatanan? Sarèhning sadaya tindak pêksan utawi mêksa, punapadene barang pêksan punika botên wontên ingkang sae kadadosanipun, inggih katindakna sarana rekadaya ingkang kados punapa alusipun, nanging manawi taksih nama mêksa, punika tamtu botên sae undhuh-undhuhanipun, kados sadhengaha têmtu inggih mangrêtos manawi barang pêksan makatên mêsthi botên saenipun, mila teyosupi inggih botên purun mêksa. Sawêga piwulangipun kemawon, teyosupi inggih botên bingah enggal-enggal dipun gêgaa, nanging tiyang kamardikakakên pamikiripun, teyosupi bingah manawi tiyang wau purun angraos-raosakên ingkang ngantos karaos yêktos, saha nyatakakên piyambak kanyataanipun, dados manawi tiyang wau dèrèng nyata piyambak (Bewust) utawi karaos yêktos, punika sampun enggal-enggal anggêga rumiyin, awit kasêsa-sêsa anggêga, punika inggih botên sae, jalaran tumindakipun inggih lajêng mutatuli, [mutatu...]

--- 115 ---

[...li,] dados inggih botên nama majêng. Kuwajibanipun teyosupi namung anggêlarakên kawruh nyata ingkang anênuntun dhatêng rancaging kamajêngane jiwanipun utawi epolutsinipun para manusa sarana anêdahakên margi ingkang sagêd anjog ing sêndhanging tirta amêrta (Het water des levens = banyu panguripan) inggih kalanggênganing brahma, supados enggal dumugi ing kasampurnan jati, tuwin kawruh wau sampun sami dipun nyatakakên piyambak-piyambak dening ingkang sami ngarang buku-buku teyosupi, sarana margi miturut sapitêdahing agaminipun piyambak-piyambak ingkang lajêng kacocogakên kanthi katrangan (Wetenschap) dene tiyang purun nampi utawi botên, punika sanès bêtahipun teyosupi, nanging bêtahipun tiyang piyambak-piyambak, wajibipun teyosupi namung suka pêpadhang dhatêng tiyang ingkang taksih linimput, supados botên lajêng-lajêng anggèning sami nêmaha dhatêng karisakan.

Manungsa kang mung ngèngêti marang păncadriyane (botên mawi nolèh dhatêng jiwanipun) iku anuwuhake dhêmêne, saka dhêmên anganakake melik, saka melik andadèkake nêpsu.

Saka nêpsu banjur nasar, saka nasar banjur êntèking kaelingane, nuli sirna budine, amarga sirna budine wêkasan tumiba ing papa (BAGAWAD GITA II 62-63).

Salakune prakriti (satwam, rajas, tamas) kaanane kabèh panggawe banjur padha tumindak, marga saka watak mikir anggane pribadi (mikangsalakên badanipun utawi kamelikanipun) mula banjur tuwuh pangakune yèn dhèwèke kang agawe. (Sarèhning piyambakipun rumaos ingkang nandangi, mila wohipun inggih lajêng kadhaku dados melikipun piyambak).

Hèh kang kawawa papa (pangatagipun Sri Krêsna dhatêng Arjuna) sing sapa wêruh beda-bedaning watêk lan panggawe, angira lan ngakoni: "watêk dumunung ing dalêm watêk" iku luwar saka bêbandan. (Têgêsipun: wataking prakriti botên anjalari dados karma, manawi tumindakipun botên sinurung ing pêpenginan utawi kamelikan. Luwar saka bêbandan, têgêsipun: luwar saking bêbandaning karma, margi karma punika ingkang anjalari pribadinipun kêpêksa tumitah dhatêng dunya malih).

Sing sapa kagawa wataking prakriti kalèru tumindake (botên sagêd milahakên watêk kalihan pandamêl, purunipun nindaki pandamêlan jalaran sinurung ing kamelikan) iku pratăndha karêm marang watêke (binănda ing

--- 116 ---

karma) sapa kang wus sampurna, aja agawe bingunge para cubluk kang durung sumurup marang kasampurnan. (Bagawat Gita II 27-28-29).

Sayêktosipun pêpenginan makatên yèn dipun umbar kemawon, botên wontên watêsanipun, dumugi sabujading jagad inggih mêksa dèrèng marêm-marêm, kêdah nêdha mindhak-mindhak, ngupados ingkang langkung kathah, langkung sae sapiturutipun, manawi sampun kadumugèn, sakêdhap kemawon inggih sampun ical marêming manahipun, makatên punika jiwa kados sampun asung sasmita dhatêng kita, bilih papenginan utawi pikajênganing napsunipun punika dede bêtahing jiwanipun, nanging sayêktosipun bêtahing jiwa punika dhatêng manunggal (eenheid) manunggal makatên inggih atêgês kêmpal dados satunggal (broederschap) botên pêpisahan (mêmêngsahan) amargi jiwanipun manusa sadaya punika dumados saking plêtik soroting pribadi kang agung, pribadi kang agung punika satunggal, ingkang botên kenging kapisah-pisah, datipun ngumandhang wontên ing lêbêtipun sadaya dumadi, tuwin anglimputi sadaya ingkang gumêlar. Mila manawi tiyang sampun karaos sayêktos (bewust) tamtu inggih dhangan kemawon amitulungi tiyang sanès, amitulungi pakaryaning kodrat ingkang tanpa pamrih. Dene tumindakipun namung sakuwawinipun piyambak, miturut takêring kawruhipun, saha kêkiyatanipun. Dados botên dipun pêksa kêdah anglangkungi saking takêring kêkiyatan saha kawruhipun, amargi manawi tiyang wau dèrèng mangrêtos kadospundi caranipun anggèning badhe nindakakên pitulungan ingkang piyambakipun botên anggadhahi kawruh ingatasipun kawontênan ingkang badhe dipun pitulungi, punika sisip sêmberipun malah adamêl kasangsaranipun ingkang dipun pitulungi, mila prayogi miturut kakiyatan saha kasagêdanipun, têgêsipun: ingkang piyambakipun kuwawi utawi sagêd kemawon, milanipun wajib sinau kawruh nadyan dumugi pundi kemawon, punika parlunipun inggih sampun ngantos madal sumbi badhe nindakakên pitulungan, wusana nyumanggakakên.

T.S.

__________

DARI MEJA ADMINISTRATIE.

HAREP DIPERHATIKAN.

Tuan-tuan atau sudara-sudara yang menerima percontoan Kumandang–Theosofie sampe ini nomer, yang belum mengirim atau membayar uang abonnement buat tahun 1925, diharep lekas membayarnya, kerna kalau dalem satu bulan teritung dari keluarnya ini nomer belum mengirimkan uang abonnement, Kumandang yang aken terbit di mukanya dan seterusnya tida aken mengunjungi lagi di meja tuan. Dan Kumandang yang telah diterima tida usah dikirim kembali, kerna sengaja kita hadiahken saja barangkali di belakang hari ada gunanya bagi keperluan tuan.

Sudara-sudara lid Theosofie yang memang tida kuasa buat bayar uang abonnement, jangan kirim kembali K.T. yang telah ditrima, sebab aken terus kita kirim dengen percuma (gratis) saja, lantaran tiap-tiap lid harus membaca Kumandang–Theosofie. Harep menjadi periksa adanya.

Hormat kita

ADMINISTRATIE.

--- [125] ---

REDACTEUREN:R.M. PARTOWIROJO,R. Ng. DOETODILOGO,R. OESOEMODIHARDJO,SEMUA DI SURAKARTA.

ADMINISTRATIE:LIEM TIK LIANGDRUKKERIJ SWASTIKA PASARPON – SOLOTELEF. No. 430.

KOEMANDANG THEOSOFIE

SOELOEHKEHIDOEPAN

HARGA ABONNEMENT BUAT

... 3 Bulan ... f 1.20

Hindia Nederland ... 6 Bulan ... f 2.10

... 1 Tahun ... f 3.60

Luar Hindia Ned. ... 1 Tahun ... f 4.50

BAYAR LEBIH DULU

Losse nummer a ... f 0.50

HARGA ADVERTENTIE

1 pagina, muat satu kali ... f 10.-

1/2 pagina, muat satu kali ... f 6.-

1/4 pagina, muat satu kali ... f 4.-

1/8 pagina, muat satu kali ... f 2.50

Berlangganan dapet murah, berdamai lebih dulu.

Surat-surat document dialamatkan pada Redactie di Tamtaman Solo, sedeng urusan pembayaran dan l.l.s. kepada administratie p/a Drukkery "SWASTIKA" Pasarpon–Solo.

Angsal-angsalaning arta lêngganan tuwin prabeya adpêrtènsi ingkang 50% kadarmakakên dhatêng losê utawi sèntrum ing pundi panggenan ingkang wontên lidipun lêngganan Kumandhang Teyosopi, dipun lantarakên ing bêstiripun piyambak-piyambak.

 


karsaning. (kembali)
lugunipun. (kembali)
§ Arahat punika pangkatipun tiyang ingkang sampun sagêd anggayuh kadrajading kasucian ăngka sakawan ingkang luhur piyambak saha lajêng nirwana. (kembali)
§ Sarèhning Sang Buda pribadi ingkang amulang dhatêng para murid, sarta para murid wau ingkang kathah para brahmana, inggih punika sujanma ingkang salaminipun gêsang amung mêlêng angangkah dhatêng pamudharan, mila kados kemawon sasampuning sinau gangsal wulan laminipun lajêng widagda, saha sagêd amêjangakên piwulang piyambak midêr dhatêng pundi-pundi. (kembali)
§ Agami Buda amungkiri tuwin botên amastani wontênipun para dewa, awit agami Buda botên prêlu mawi dewa, botên kangge ugêring piwulangipun kasusilan, botên minăngka panggayuhipun dhatêng pamudharan, sintên ingkang purun, pitajêng dhatêng dewa inggih kenging, amung sampun ngantos pêpeka, bilih para dewa wau sami kemawon kados sadaya ingkang sipat gêsang, sami kenging sirna sarta kawêngku dhatêng tumimbal lair, sanadyan yuswanipun ngantos pintên-pintên yuta taun, ananging tiyang suci ingkang sampun anggayuh pamudharan kados Sang Buda, punika kamulyanipun angungkuli sadaya para dewa, mênggah ingkang winastan para dewa wau pitajêngipun kalêbêt para dewanipun para brahmana, ingkang sami angastuti wontên ing pundi-pundi, ingkang taksih sami bêtah dhatêng pamudharan awit saking mindhak-mindhakipun kawruhing manungsa. (kembali)
§ Cuwo ingkang kangge nampèni dana para biksu, punika kadamêl saking siti tuwin sanèsipun, kangge nglêmpakakên têdhanipun sabên dintên, Sang Buda ugi nglampahi kados makatên, kajawi manawi kaaturan dhahar wontên ing wismanipun salah satunggiling upasaka. (kembali)
§ Ing jaman ingkang sampun kalampahan, manawi sampun botên wontên tiyang ingkang kèngêtan, lajêng wontên para ingkang kasêbut Buda pêpadhanging jagad angejawantah. Ingkang anggêlarakên piwulang pamudharan, sabab lampah sasar, dosa tuwin sangsara punika salaminipun wontên, makatên ugi lampah rahayu. Tiyang ingkang têmên-têmên angudi kawruh sajati tuwin pamudharan, badhe botên kêkirangan sarana ingkang kangge anggayuh pangèsthinipun, sabên manawi piwulang suci badhe sirna babarpisan, sarta amatosi bokmanawi tatiyang sami kèrêm wontên ing loba angkaraning manah punika ugi lajêng wontên ingkang sinêbut Buda malih, dene Buda ingkang kantun piyambak, ingkang minăngka pêpadhanging jaman samangke, inggih punika Sang Buda Gotama, ingkang dados panutanipun para tiyang agami Buda. (kembali)
landhêp-landhêp. (kembali)
§ Awit para manusa punika anggadhahi evolutie piyambak-piyambak. (kembali)
10 oreanipun. (kembali)