Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503

Judul
Sambungan
1. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
2. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
3. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
4. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
5. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 125–144), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
6. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
7. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
8. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 085–098), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
9. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
10. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408–432), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
11. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 433–448), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
Citra
Terakhir diubah: 08-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Taun IX Ăngka 2 Pèbruari 1930. Kumandhang Teyosupi.

Taman Kasunyatan.

Kawêdalakên sabên wulan sapisan, dening Lose Teyosupi ing Surakarta.

Juru ngarang pangarsa:Radèn Mas Partawiraya.

Juru ngarang:Radèn Ngabèi Dutadilaga,Radèn Kusumadiharja,Mas Ngabèi Sukarta.

Sadaya sami ing Surakarta.

[Grafik]

SATVAN NA'STI PARO DHARMAH.

Administrasi:Radèn Sumadipura.

Kantoripun manggèn ing Lose Teyosupi, Sala.

Rêgining lêngganan 1 taun f 3.60 arta lêngganan kêdah kabayar rumiyin.

Sêrat-sêrat karangan katampèkna dhatêng juru ngarang padintênan Radèn Trihardono-Sumadiharja, adrès: pangêcapan: Swasthika, Surakarta.

Panêmbramanipun Lare-lare Lotusklas Surakarta.

Amarêngi dintên wiwahan tumuruning roh suci (rohkhul kudus) sabên ing tanggal 28 Dhesèmbêr.

Kinanthi subakastawa.

1. sukèng tyas marwata sunu | de amba ing dintên mangkin | samya pinatah sung puja | sinawung sêkar kinanthi | dening para kadang wrêdha | golonganing teyosupi ||

2. tarlèn mung amba sadarum | mêmuja ing siyang ratri | ngèsthi ing Hyang Mahanasa | kang satuhu maha adil | kamulyakna praja amba | saking papa kang ngranuhi ||

3. tataning cipta sumungku | mring Sang Hyang Jagad Pramèsthi | miwah sagung pra siswanya | kang nuntun sèsining umi | ngayomi sagung dumadya | kang mamrih arja basuki ||

4. amba pra rarywa umatur | dhuh dhuh guruning dumadi | mugi katuntuna amba | saking pêtêng anglimputi | dumugia ing pêpajar | ujyalanya anêlahi ||

5. dhuh Gusti Kang Maha Agung | amba sumarah sakapti | tan pisan arsa suwala | kinarya wara ing Gusti | dumunung nèng ngarcapada | mêmayu ayuning bumi ||

6. sèsining jagad sawêgung | pinrih samya eka kapti | ywa kongsi cêngkah-cinêngkah | kang wit saking rêbut melik | winalika jroning rasa | sumungku nêtêpi wajib ||

7. sirêp kwèh kaardan sampun | kalingling wêninging budi | katon roro ning atunggal | pamoring kawula gusti | marêngi jroning sangkala | tanpa gana ngèsthi jati |[1]|

__________

--- 30 ---

Ing Dalêm Wêwêngkoning Pêpadhangipun Kawruh Kasunyatan.(In het Licht der Theosofie).

Mêmayu jagad risak.(De Wederopbouw eener Verbrijzelde Wereld).

Suraosing sêsorahipun Dr. A. Besant wontên ing Concert-gebouw ing kitha Amsterdam nalika kaping 2 Agustus 1921. Dipun mirêngakên sadhengah tiyang.

(Têlas).

Mirit kawontênan tanah Jawi samangke, sarèhning wêwatêkanipun tiyang sampun kathah tatularanipun saking mănca, prayoginipun saking pamanggih pamrayogi kula manawi sagêd kalêksanan, lêlagon wetanan kalihan kilenan dipun anggea wêwaton kalih pisan, ananging ing sasagêd-sagêd kêdah damêl tatanan manut lêlagon wetanan kemawon, ingkang sampun dados ngadat tatacaranipun ing ngriku. Upaminipun wontên pandamêlan ingkang badhe kangge prêluning ngakathah, punika kêdah dipun tandangi têtiyang dhusun ingkang sami badhe ngangge paedahipun kemawon. Têtiyang dhusun kapurih mêdal nyambutdamêl satugêl dintên ing dalêm pitung ditên utawi sawulan sapisan, dhatêng pandamêlan ingkang kangge pigunanipun tiyang sadhusun wau, kados ta: damêl margi, dhudhuk-dhudhuk sumur, dandosi karisakaning siti-siti dhusun, tuwin sapanunggilanipun. Milanipun tiyang dhusun ingkang kêdah nandangi, awit piyambakipun tiyang sadhusun piyambak ingkang badhe ngangge pigunanipun. Makatên wau manawi sampun dados sênênging manahipun têtiyang piyambak-piyambak, ing ngriku badhe ngwontênakên raos rukun runtut sami purun nyambutdamêl sêsarêngan kangge prêluning ngakathah, têmahanipun damêl pamarêm sarta lajêng anuwuhakên wangsulipun tata têntrêm malih.

Saking anggèn kula marsudi kawruh teyosupi, samangke kula sampun sagêd mastani bilih jaman ingkang tumuntên badhe dhatêng punika, dhêdhasaripun tiyang sami badhe nyambut damêl sêsarêngan kangge prêluning ngakathah, botên badhe oncor-oncoran rêbat unggul. Mênggah tekading manungsa ingkang sampun kinodrat kados makatên wau, sapunika sampun wiwit kababar saking sakêdhik wontên ing kilenan, ngangkah dhatêng kawilujênganipun sadhengah manungsa, botên sumêdya cacongkrahan băngsa kalihan băngsa sanès, utawi [u...]

--- 31 ---

[...tawi] golongan kalihan golongan sanès, malah sawênèhipun wontên ingkang ngangkah nyamêktakakên dhirinipun, kangge mitulungi dhatêng ingkang taksih sami ambêtahakên, murih ingkang sagêd kados piyambakipun saya langkung kathah, têmah sagêd anjalari ing jaman ingkang badhe kalampahan punika, tiyang sami ngangge wêwaton anggêring pasadherekan. Manawi kalampahanipun jaman tiyang sami makatên dhêdhasaripun, sampun saèstu lajêng sayuk rukun tanpa sangsaya, wangsul kados ing suwau anggènipun sami rakêt-rumakêt sêdya rahayu.

Awit saking punika, prayoginipun lare-lare samangke kêdah dipun gêgulang utawi kapêrdi ing raos, sampun ngantos namung angrumaosi dados anaking bapa biyungipun piyambak kemawon, nanging ugi rumaosa bilih taksih gadhah tiyang sêpuh malih, inggih punika: nagari, dene jêngandika sadaya ingkang kawogan kêdah ngrumaosi dados bapa biyungipun lare-lare wau. Lare-lare punika kajawi dipun pêrdi kados ingkang kula aturakên wau, ugi kêdah dipun gêgulang gadhaha raos ingkang mamrih dhatêng kawilujênganipun sadaya manungsa, sampun ngantos gadhah raos kêsangêtên anggènipun mamrihakên dhatêng sakecaning badanipun piyambak.

Mugi sami ngèngêtana dhatêng wontênipun anggêr-anggêr kurban, inggih anggêr-anggêr ingkang sampun dados sêsanggêmaning gêsang mêsthi kêdah nglampahi. Sawarnining dumados punapa kemawon, têmtu nglampahi kurban, nanging tumrap kurbanipun dumados ingkang asor-asor, kawasesa dening pangwasaning kodrat, kados ta: bumi, punika manawi badhe kaindhakakên kamajênganipun, kawasesa kêdah dipun ewahi sipatipun, têtuwuhan, indhaking tumuwuhipun kêdah andhadhapakên sirnaning wangunipun, dene kewan, kurbanipun tansah pinêjahan dening bangsanipun piyambak ingkang langkung agêng tuwin langkung kawasa, utawi pinêjahan dening bangsaning manungsa ingkang gêsangipun taksih mawi sarana pêjahipun titah ingkang mawi raos.

Namung manungsa lêrêsipun ingkang gadhah pangwasa nanggulangi wasesaning anggêr wau, dene titah sanès-sanèsipun namung kêdah manut ing pamasesa, sanadyan puruna utawi botên puruna. Inggih manungsa ingkang sagêd tumindak ngruntutakên kalihan anggêr, nanging wêkasanipun saprika-sapriki para golongan ingkang rosa saha kuwawi

--- 32 ---

wau jêbulipun malah sami nêdha kurban dhatêng para ringkih, amila prayoginipun samangke para kawasa kêdah sinau ngurbanakên dhiri, kangge mitulungi anjunjung dêrajading para ringkih.

Mila manawi wiwit samangke para kawasa, para ingkang sami kawogan, para sagêd, tuwin para ahli budi, sami karsa ngewahi tandukipun dhatêng têtiyang kathah sumêdya dandosi karaharjanipun, murih runtutipun anggèning sami pasadherekan kalihan sasamining manungsa, botên tansah darêdah diya-diniya kados samangke punika, tamtu lajêng sami nurut saking pikajêngipun piyambak, manut sacaraning anggêr pasadherekan, kados ingkang jêngandika alami samangke punika sami darêdah sarta diya-diniya, lajêng santun dados asih-sinihan, tuwin anggènipun sêsarêngan gêsang atut runtut botên wontên sangsayanipun.

Bab punika wau kenging kantun milih sakarsa jêngandika, badhe anglajêngakên kados ingkang sampun-sampun, sumăngga kemawon, kula punika namung nêdahakên margi satunggal ingkang kenging kangge dandosi murih prayogining lêlampahan ing têmbe. Jêngandika wontên ing ngriki punika sami manggèn ing panggenan ingkang botên patos kathah rêribêtipun kados ing tanah sanès-sanès, ingkang ing ngriku sakêlangkung sangsara. Dados ing pundi panggenan ingkang langkung mulya, punika kêdah mitulungi panggenan ingkang sawêg asor. Sadaya punika wau dados wajibipun para ahli budi, para sagêd, tuwin para luhuring dêrajad, kêdah sami nalăngsa ngangkah sagêdipun mitulungi junjung dêrajadipun ingkang sawêg asor, kasrakat tuwin sangsara.

Kados ingkang kula aturakên wau, punika kuwajiban jêngandika, punapadene ugi kawênangakên dhatêng jêngandika sadaya, kêdah sami nyantuni lêlampahan enggal ingkang mulya, awit sayêktosipun wataking manungsa ingkang luhur, utawi wataking jiwa, punika langkung bingah nyukani katimbang dipun sukani, wataking raga rêmên tampi, awit badhe kangge ing pangruktinipun. Wataking jiwa ingkang makatên punika, manawi sampun tuwuh sarta ngrêbda, lajêng sagêd nênuntun watakipun asor saking sakêdhik, kasêngkakakên nunggil dados sasami-sami kalihan watak luhur, wêkasan anjalari awèt dhatêng tata karaharjan, tuwin kamulyaning lêlampahan.

--- 33 ---

Rangu-rangu.

Dening: Satêrnês.

Ing bab 1 saking Sêrat Bagawadgita, punika anyariyosakên, rangu-rangunipun Arjuna, nalika badhe mangsah prang kalayan para Kurawa wontên ing Kurusetra, sarta ratanipun Sang Arjuna kinusiran dening Sri Krêsna. Nalika rata kaajêngakên wontên ing satêngah-têngahing barisanipun mêngsah tuwin rowang, Sang Arjuna sagêd anyumêrêpi kados punapa santosaning prajuriting mêngsahipun, katandhingakên kalayan prajuritipun para Pandhawa. Sarêng pirsa kakiyatan sarta kathahing wadyabalaning mêngsah, têlas dêrênging kanêpsonipun Sang Arjuna, ingkang nêdya umagut ing ayuda, lumawan para têdhaking Kuru. Wusana Sang Arjuna lajêng kapêksa sèlèh dêdamêlipun, nêdya botên amangun prang, jalaran saking anggènipun angèngêti para kadangipun sêpuh, eyangipun, gurunipun, tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sami anggolong dhatêng para Kurawa. Ing ngriku kusiring rata, Sri Krêsna sakalangkung kagèt, sarêng nguningani dhatêng anglêsing panggalihipun Sang Arjuna, anggènipun badhe amangun prang.

Makatên wau kados dados pralambangipun sadaya tiyang gêsang, anggènipun tansah prang kalihan piawonipun. Salêbêtipun tiyang badhe anindaki kasaenan, limrahipun tumindaking kasaenaan wau, lajêng kandhêg dening tuwuhipun rangu-ranguning manah anggènipun badhe anindaki, awit adhakanipun manawi badhe dipun cacak, ing dalêm manah lajêng tuwuh raosipun: ora lumrah ing ngakèh. Mila kathah-kathahipun inggih lajêng kêndho, botên saèstu anglampahi ingkang kaanggêp sae, ingkang rumaosipun botên kaprah ingakathah wau.

Samangke manawi angangge wêwaton pangandikanipun para linangkung, inggih punika: sanadyan sampun kapacak ing sêrat-sêrat suci, saha sampun kapangandikakakên dening Buda, Kristus, tuwin sasaminipun, punapa malih sampun kalimrah ingakathah, tiyang wênang botên angangge utawi anganggêp, sadèrèngipun tiyang nyatakakên piyambak, ngupadosi lêrês lêpating pangandika, ingkang sampun kapacak ing sêrat-sêrat, utawi ingkang kawêdhar saking tutukipun para linangkung wau. Limrahipun sami ajrih anênangi rangu-rangu. Liripun punapa ingkang sampun kapacak ing sêrat, sarta ingkang kapangandikakakên wau, piyambakipun ajrih nyuraos, punapa malih minggahipun purun nyatakakên. Saèstunipun inggih gampil manawi [ma...]

--- 34 ---

[...nawi] amung lajêng anut ing garubyug saha nuntên kapêpundhi, ingkang wêkasanipun abănda dhatêng tiyang ngantos botên sagêd ebah saking ing ngriku, kuwatos bokmanawi tampi punapa-punapa saking anggènipun anyuraos utawi anyatakakên piyambak. Dados salaminipun tiyang tansah amung têtêkênan saking dhawuh utawi pangandika. Ing măngka manawi anitik kawontênanipun tiyang gêsang ing donya, punika botên wontên ingkang botên nandhang susah sarta bingah, sanajan kados punapa kemawon tiyang anggènipun anindaki utawi anuruti kajêngipun. Wiwit ingkang inggil piyambak darajating kalairanipun, ngantos ingkang andhap piyambak, punika sadaya sami kasinungan raos bingah sarta susah wau. Punapa tiyang punika sagêd uwal saking panandhang, margi saking anggènipun amêmundhi, utawi angluhurakên? Măngka anggènipun makatên punika inggih saking anggènipun badhe anyirnakakên raosing manah ingkang anggêgirisi. Dados manawi tansah amung sumendhe utawi ngupaya panglipur, punika inggih botên nate sagêd unggul, taksih dipun ontang-antingakên dening raos kalih warni ingkang kosokwangsul wau.

Manawi angèngêti anggêr-anggêr kodrat ingkang gumêlar, bilih dumadosipun sadaya lêlampahan, punika saking pandamêlipun piyambak, dados murih icaling raos kalih warni wau, inggih ugi saking pandamêlipun piyambak, botên sagêd nêdha pitulunganing tiyang sanès. Kalampahanipun tiyang sagêd unggul saking raos ingkang anggêgirisi punika, ingkang sapisan kêdah wani anggigah rangu-rangu, kados panyăndra ingkang kasbut ing Sêrat Bagawatgita. Rangu-rangu wau satunggaling kêkiyatan ingkang badhe sagêd amratitisakên lampahipun tiyang, anggènipun badhe amêrangi unggulipun saking lêlampahan. Kajawi saking punika ugi botên badhe gampil katutipun kalihan ungêl-ungêlan sarta pangandika, sabab rangu-rangu wau badhe sagêd anêdahakên ukuraning kêkiyatanipun anggènipun badhe umangsah prang. Dados kadadosanipun, rangu-rangu wau sagêd angunggulakên dhirinipun piyambak, sarana karosan sarta kêkiyatanipun piyambak. Ananging sanadyan kados punapa awrating tiyang ingkang nênangi rangu-rangu, ngantos Sang Arjuna piyambak, kawêkèn anggènipun badhe umangsah prang, jalaran kandhêg dening raosing rangu-rangu, ewadene samăngsa lajêng mandhêg sakêdhap, kapratitisakên anggènipun badhe amangun yuda, kalayan raos rangu-rangu, saèstunipun badhe sagêd cêtha anggènipun badhe angawonakên mêngsah. Mila ing sêrat: Pêpadhanging Dalan, anyariyosakên: amandhêga, [amandhê...]

--- 35 ---

[...ga,] sarta kawaspadakna sawatara, pikajêngipun, sampun enggal-enggal lajêng umangsah prang, sadèrèngipun sagêd nyumêrêpi sapintên kêkiyataning mêngsah, utawi punapa ingkang badhe dipun tindakakên, punika sampun salaras kalayan karsa, ingkang tuwuh saking swaraning ênêng. Kajawi saking punika rangu-rangu wau inggih sagêd anucèni manahipun tiyang, saha sagêd andumugèkakên ing sajatining pangrêtos ingatasipun kawruhing gêsang.

Kabêkta tiyang punika taksih pêtêng dhatêng bab ingkang badhe dipun lampahi, jalaran saking suwau amung kapidêrêng anuruti pêpenginanipun, mila kadadosanipun-amargi kasasaban dening pêpenginan wau-inggih lajêng pêtêng malih, têgêsipun, manawi sampun kaêlêtan măngsa, kasupèn dhatêng wohipun ingkang kaundhuh, sadaya lajêng kaanggêp dumadakan. Awit saking tiyang punika bawur dhatêng gêgayuhaning gêsang, mila punapa ingkang dipun tindakakên, punika inggih namung ingkang anjalari damêl ruwêting batos.

Ing mangke manawi tiyang punika sampun wani nanggulangi pêpalang ingkang tuwuh wontên ing manahipun, tuwin sadaya bêbandan, ingkang sampun dipun wontênakên piyambak kanthi rangu-rangu, ing ngriku badhe angundhuh raos timbang, ingkang sinêbut têntrêm, inggih ingkang sampun botên ebah dening kawontênan ingkang tansah dhêdhêsukan. Dados sampun jêjêg kados angganing ardi karang ing samodra, ingkang sampun botên ebah katêmpuh ing alun, kalayan mituhu dhatêng dhawuhing senapatining prang (De Strijder), inggih Sri Krêsna, ingkang angasta lising kapal rakitaning ratanipun Sang Arjuna, inggih kawontênaning jiwa jêngandika, inggih sasêmbahan jêngandika, ingkang salami-laminipun tansah paring dhawuh utawi pangandika.

Tuwuhipun pangandika utawi dhawuh wau, manawi tiyang sampun wani tumênga ing lêbêt, angupaya panglipuring batosipun piyambak. Awit ing ngriku punika dununging sajatining panglipur, ingkang sagêd anyirnakakên raos ingkang anggêgirisi, ewadene kalampahanipun angêkap katêntrêman, punika manawi sampun antuk swaraning ênêng, ingkang kapêksa kêdah kaênut, sabab punika satunggaling pangandikaning narendra, ingkang adil pambêkanipun, juru paring pitêdah margi lêrês. Amargi panjênênganipun punika salaminipun wontên ing sanginggiling lêlampahan, têgêsipun: sampun botên kaplindêr ing lêlampahan ingkang kêdah dipun alami.

Nitik saking kawontênan lêlampahaning jagad punika, tiyang badhe nyumêrêpi utawi angundhuh kawruh saking ing ngriku. Ananging manawi tiyang purun migunakakên kêkiyataning rangu-rangu,

--- 36 ---

badhe katingal anggènipun awatak adil, têgêsipun botên wontên tiyang ing donya punika ingkang dados mêngsahipun, utawi dados mitra. Sadaya ingkang gumêlar punika guruning gêsang. Dados saking ngriku tiyang sagêd amêndhêt saking sêkaring lêlampahan, miturut ing sakuwawinipun tiyang piyambak-piyambak. Dene kawontênaning mêngsahipun tiyang, punika winados, ingkang kêdah kabatang piyambak dening manungsa, sanajan badhe sapintên dangunipun. Awit cangkrimanipun manungsa punika botên gampil kabatang, kajawi saking batosipun piyambak. Langkung malih ingkang angèl punika manahipun tiyang, sabab ing ngriku punika dununging têgal Gurusetra,[2] inggih papan prangipun para Kurawa sarta Pandhawa anggènipun nêdya ngupaya kawijayan. Ananging sanajan sapintên rosaning mêngsah, ewadene para Pandhawa mêksa sagêd unggul, jalaran saking panuntunipun Sri Krêsna. Dados sanajan kados punapa mosak-masiking lêlampahan, sarta agênging panandhang ingkang kasandhang, ewadene mêksa sagêd unggul saking ngriku. Mila tiyang sampun botên gadhah pangajêng-ajêng sanèsipun, kajawi amung ungguling yuda, saking lêlampahanipun piyambak, ingkang badhe sagêd andumugèkakên tiyang ing tataran sanginggiling kamanungsan, sabab saking anggènipun sampun mênang pêrangipun saking sadaya lêlampahaning jagad. Ing ngriku tiyang botên susah kurban, ananging amung kantun dados juru panglanturing pangandikaning narendra, ingkang kababar ing donya. Kados candranipun, juru damêl rêca, ingkang sagêd adamêl pasêmon warni-warni, miturut panyuraosipun tiyang piyambak, sabab saking anggènipun sagêd ambabar raosing kaendahan.

__________

Para ingkang Sami Anglêluri Piwulangipun Sang Buda.

Navolging van Boedha.

7. Apa sira gêlêm tumindak kang dadi kaparênging karsaningsun, mara aja pisan-pisan ambêbêdhag. Kewan-kewan alasan, kang mêmêlas ... kang tan darbe pangrêti, iku bênêre mung kudu diwêlasi.Jatakamala (story 25, v. 25).

8. Pangarêp-arêp ingsun, muga-muga sira kanthi lêgawaning ati, nêdya mituruti osik marang karêp wêlasasih.Jatakamala (story 22, v. 69).

9. Kewan-kewan sêngite kapati-pati, marang bocah mêmêlas tuna ing budi, tansah nyawang dolanane kang gilani, sênêngane mitnah kewan dèn larani, barêng wêruh kewan kang padha bilai, nuli nangis tarocosan brêbês mili, smono uga iwak sauruting kali, kang kroncalan kêna pancinge si drêngki.Lloyd's "Nichiren".

--- 37 ---

Sawatawis Sêsêrêpan, Bab Malêman saha Lalelatul Kodar.

Kasêrat dening Trihardana-Sumadiharja.

(II).

(Têlas).

b. Anggadhahi makna: ngunus. Dene suraosipun ingkang sambêt kalihan bab punika, kenging dipun wêrdèni: ngunus pêdhanging kawicaksanan. Sagêdipun tiyang angunus pêdhanging kawicaksanan, kêdah ngalami warni-warnining lêlampahan (ervaring), ngantos pangrêtinipun sagêd mursid, têmah sagêd angêkap pamudharan. Pamudharan, inggih kamardikaning gêsang (jiwa) ruwatipun saking sadaya barang ingkang kenging risak, punika sawêg andhatêngi, samăngsa jêngandika sampun luwar saking anggèn jêngandika lumampah ing sauruting margi, ingkang awujud angalami sadaya lêlampahan, saha sampun botên kaplindêr ing lêlampahan malih, ingkang kêdah dipun alami, amargi dèrèng pêpak kawruhipun. Awit saking punika, murih gêsang andika tumuntêna ruwat saking bêbandaning barang-barang wujud, kadosdene para mursid (guru) anggèning sampun angruwat gêsangipun, jêngandika kêdah anampi kalayan bingahing manah dhatêng sadaya lêlampahan ingkang jêngandika alami, nadyan lêlampahan wau botên anyênêngakên, utawi wujud kabêgjan ingkang kados punapa kemawon. Amargi sadaya wau badhe nyampurnakakên gêsang andika, ingkang murninipun kados talêthiking toya jawah, sarta sadaya lêlampahan ingkang kêdah jêngandika alami wau, yêktosipun karma jêngandika piyambak, ingkang prêlu kêdah jêngandika lunasakên.

c. Kapirit saking lafal "Syaharo" anggadhahi makna: kuncara. Sampun mêsthi kemawon, sadaya tiyang ingkang lêpas budinipun (wicaksana) mêsthi kuncara asmanipun, nadyan panjênênganipun botên niyat ngupados kuncara, nanging amargi saking donya ambêtahakên dhatêng kawruhipun.

d. Ugi amakna: cêthaning prakawis (padhanging sadaya kawontênan). Tumrap tiyang wicaksana, sadaya kawontênan punapa lêlampahan, punika botên wontên ingkang samar, sadaya kawontênan sagêd cêtha tuwin padhang tumrap piyambakipun, amargi sampun sinung pêpadhang ingkang sagêd amilahakên ingkang nyata kalihan ingkang botên nyata, sapanunggilanipun.

Coba sapunika amadosi wrêdinipun,

--- 38 ---

kadospundi suraosipun ingkang kasêbut ing Kuran, Surat Bakaroh, ayat 181, makatên:

Sasi Ramlan iku sasi ênggone Kuran tinurunake, yaiku katrangan-katranganing pituduh kang bênêr, kang bisa ambedakake antarane kang bênêr lan kang luput. Dene sira kabèh kang amênangi (ngalami) sasi Ramlan, padha apuasaa.

Puasa punika têmbungipun Arab: siyam, têgêsipun: ngêkêr, dene pikajêngipun: mangrèh dhatêng pribadinipun asor (Zelfbeheersching), inggih punika ngêrèh dhatêng watak-watak saha napsu-napsuning badan têtiga: wadhag, papenginan (pangraos) saha pamikir. Napsuning badan wadhag, ingkang sinêbut napsu baimiyah, punika: nêdha, ngombe, tilêm, sahwat, sampun ngantos dipun sambut damêlakên ingkang rêkaos, nêdha mukti sapanunggilanipun. Pangêrèhipun: nêdhanipun, pangombènipun, tilêmipun saha sahwatipun kêdah dipun watêsi, sakmurwat, sampun ngantos kauja utawi kaumbar sakajêng-kajêngipun langkung saking takêr. Padharan kajagia sampun ngantos kalêbêtan ing têtêdhan saha ombèn-ombèn ingkang botên mikantuki dhatêng kasarasaning badan. Badan saras punika prêlu, amargi angicalakên watak kêsèt saha lumuh dhatêng pandamêlan. Dene sarasing badan punika bakunipun wontên ing wadhuk, tuwuhing sadaya sêsakit punika inggih saking wadhuk, mila manawi sagêd angrêksa dhatêng wadhuk, botên ngantos kalêbêtan ing têtêdhan utawi ombèn-ombèn ingkang anjalari botên saras, punika dados bakuning usada. Makatên pangrèhipun dhatêng badan wadhag. Sarèhning badan pangraos (pêpenginan) punika inggih badan, mêsthinipun inggih gadhah pakarêman, inggih gadhah wadhuk, mila wadhukipun inggih kêdah karêksa murih sarasipun, inggih punika sadaya pakarêmanipun ingkang awujud rêmên mêmêngsahan, drêngki, srèi, jail, muthakil, murka, rêmên mitênah, mêmêjahi, sapanunggilanipun, punika sampun ngantos kalêbêtakên dhatêng wadhuking badan pêpenginan (pangraos) nanging dipun lintonana têtêdhan ingkang murugakên saras, inggih punika kêpenginipun dhatêng samukawis ingkang sae-sae, ingkang sagêd nênuntun dhatêng karahayonipun, saha kawilujênganing ngakathah, punika ingkang prayogi kalêbêtakên minăngka isèn-isèning wadhukipun badan pangraos. Manawi kêpenginipun dhatêng kaluhuran (dados tiyang luhur têgêsipun) punika botên badhe mikangsalakên dhatêng dhirinipun piyambak, nanging badhe kaangge amimbuhi prayogining sêsrawunganipun gêsang sêsarêngan, [sêsarêng...]

--- 39 ---

[...an,] murih kawontênaning bêbrayaning gêsang sêsarêngan sagêda prayogi, têbih saking cacongkrahan saha paprangan, punika malah dados satunggaling kaardan ingkang wontên ajinipun, saha dados tuking kêkiyatan ingkang badhe angrancagakên kamajênganipun.

Sapunika gêntos pangrèhipun dhatêng pamikir, ugi kêdah kajagi sampun ngantos anglêbêtakên pakarêmanipun badan pamikir dhatêng wadhukipun, inggih punika sarana nanggulangi watak-watakipun ingkang botên prayogi, kados ta: ngujubriya, takabur, kumlungkung, kumingsun, gumêdhe, rumaos sae tuwin lêrês piyambak, rumaos pisah kalihan sanès, botên purun dipun samèni, tuwin sapanunggilanipun. Dene jampi ingkang kêdah kalêbêtakên dhatêng wadhuking badan pamikir, murih sagêd angicalakên pakarêmanipun wau, dipun kulinakna andhap asor (tatakrami), angaosana dhatêng sadhengah tiyang, angrumaosana alitipun, saha dipun kulinakna sih dhatêng sasami, pikiripun tansah kaèbêkana gêgayuhanipun ingkang sae-sae, supados pikir ingkang awon botên kaduman papan, punapadene kaêrèha murih lana pikiripun, sarana lampah tafakur (ngêningakên cipta) mêlêng, sapanunggilanipun, minggah-minggah ngantos dumugi lampah samadi ingkang inggil piyambak, supados pêpungkasanipun sagêd anyatakakên nyumêrêpi (makrifat) dhatêng kasunyataning batosipun piyambak, têmah sagêd anggadhahi iman utawi gêgondhelan, ingkang nyata kenging dipun ugêmi, saha kaênut sapitêdahipun. Makatên pikajêngipun siyam, manawi kasuraos saking kawruh teyosupi.

Dados manawi kapirit saking surosing têmbung: romadon, syahru, Kuran, tuwin siyam, ayating Surat Bakaroh kasêbut ing nginggil punika, lajêng gadhah suraos ingkang lêbêt, gunggunganipun kula dhapuk ing piwulang kados ing ngandhap punika.

Tiyang ingkang kapengin wicaksana, sagêd lumêbêt ing kadhatoning kamulyan (nirwana), saha katurunan Kuran (asarira budi), punika kêdah lumampah angalami warni-warnining lêlampahan ing donya, ingkang wujud sawarnining panandhang, ingkang sakeca punapa ingkang sakit, kêdah katampi kalayan bingah utawi inggaring manah, murih sadaya lêlampahan ingkang sinandhang wau sagêd dados kawruhipun. Rèhning sadaya lêlampahan ingkang sinandhang wontên ing donya, punika nama panandhang, nadyan sakeca pisan, mila salêbêtipun manungsa taksih kaplindêr ing warni-warnining lêlampahan ingkang kêdah dipun alami, punika kaisbatakên lumampah [luma...]

--- 40 ---

[...mpah] wontên ing margi amarêngi bêntèring măngsa, inggih punika wanci kalanipun tiyang angundhuh wohing tanêmanipun piyambak (karmanipun). Măngka sagêdipun tiyang dumugi ing pamudharan, angêjègi kadhatoning kamulyan, punika manawi nyata sampun têlas ludhês karmanipun, saha rodhaning karma sampun botên mubêng malih, têgêsipun sampun botên adamêl karma malih. Karma punika bêntèr raosipun, mila manawi tiyang ngundhuh wohing pandamêlipun, punika atêgês: nglêbur dosanipun, samăngsa botên adamêl kasupènipun kemawon. Awit saking punika murih kula sami sagêd anampi dhatênging karma kula kalayan suka lilaning manah, punika dipun prayogèkakên, utawi kula sangêtakên: wajib sami mangrèh dhatêng pribadinipun asor (têtumpakanipun), kadosdene pikajêngipun siyam ingkang sampun kawursita ing nginggil wau, murih sagêd ambêsmi sadaya dosanipun, têmah kawasa ambikak gêdhong-gêdhonging kawicaksanan. Punika dede gêdhong ingkang têbih dunungipun, ugi botên sagêd pinanggih wontên ing salah satunggaling nagari ingkang tinamtokakên, punapadene dumunung wontên ing sawênèh panggenan ingkang kêdah sami kula purugi sarana kesah lêlayaran dhatêng poncoting jagad, utawi sawênèh papan ingkang sêpi, têbih saking padununganipun para manungsa, nanging gêdhong wau sampun sumimpên wontên ing têlênging sanubari jêngandika piyambak. Awit saking punika jêngandika kêdah manggih sorogipun, ingkang sagêd dipun angge ambikak korining sadaya langit, tuwin sadaya patamananing kaendahan, inggih gêdhonging kawicaksanan utawi tuking kawicaksanan. Dene sorog wau inggih punika pangandika utawi swaraning batos jêngandika piyambak, inggih pêpadhanging budi jêngandika piyambak, sarta akanthi sorog wau, jêngandika kawasa ngunjuk tirta kamandhanu ing tuking kawicaksanan, saha kawasa manjing ing dalêm kadhatoning kamulyan, punapadene sagêd gêsang langgêng wontên ing ngriku. Nanging dipun prayitna bilih swaraning batos wau, nyata pangandikaning jiwa yêktos, inggih swara ingkang sampun sinucèkakên sarana angalami warni-warnining lêlampahan, ingkang awujud sawarnining panandhang: pêdhês pêrih, sakit, bêgja tuwin sangsara, dede panamuring swarane badan-badan ingkang asêsinglon karsa, têgêsipun: nyata sampun sinarira ing budinipun yêktos, utawi sampun dumugi ing sajatining wiweka.

Sapunika gêntos anyuraos, punapa wrêdinipun Laelatul Kodar. Laelatul Kodar punika maknanipun: wêngi kang binarkahan, wujuding barkahing Pangeran (Zegening) inggih punika [pu...]

--- 41 ---

[...nika] tumuruning Kuran (pêpadhang). Miturut katranganipun para ahli sufi, kados ta ingkang kasêbut wontên ing kitab Khikam, saha kitab Jamingul Usul, sami anêrangakên, bilih tumuruning Kuran (pêpadhang) punika botên sagêd pinathok wontên ing sawênèh wanci ingkang tinamtokakên. Sok tiyanga ingkang sampun kawasa nyatunggalakên gêsangipun kalihan gêsang kang agung (Pangeran), punika ing sadhengah măngsa inggih sampun tansah Laelatul Kodar ajêgan. Makatên rêmbagipun para ahli sufi.

Wusana tutuping atur kula, prêlu amèngêti dhatêng sawênèh tiyang agung ingkang ing măngsa punika sampun sinung pangwasa, sagêd angilèkakên sugêngipun anjog ing samodra gêsang kang agung, luluh dados satunggal, inggih punika Risang Krêsnamurti, satunggaling băngsa Indhu neneman, ingkang samangke sampun kawasa jumênêng dados guruning jagad, saha angasta oboring kawicaksanan, prêlu dipun angge madhangi lampah kita manungsa, murih sami sagêd manggihakên gêsang sajati wontên ing salêbêting batosipun piyambak-piyambak. Upami kula sadaya sagêd kados makatên, inggih botên wontên bedanipun, ugi sagêd dados lèpèn ingkang anjog ing samodra gêsang kang agung. Amung kuciwa dene gêsang kula samangke punika ilinipun taksih kapêpêtan dening sêsinggêt damêlan kula piyambak, ingkang dumados saking adat pakulinan kula, mangeran dhatêng wujud, mila inggih dèrèng sagêd dumugi ing samodra gêsang wau. Pamuji kula kemawon, mugi-mugi kula sadaya sagêd mangrêtos yêktos dhatêng piwulangipun jagad guru samangke punika, saha kuwasa anglampahi miturut kêkiyatanipun piyambak-piyambak. Amin.

__________

Para ingkang sami Anglêluri Piwulangipun Sang Buda. Navolging van Boedha.

10. Para utama padha anggêdhèkake pangapurane, sanadyan wong padha gawe piala ing dhèwèke.Kshemendra's Avadana Kalpalata (pallava 8).

11. Sanadyan sawênèh wong arêp nacah-nacah badanira kalawan pêdhang kang landhêp, sira aja kongsi darbe cipta ala ... kang tumuwuh, lan aja angucapake têmbung bêngis.Fo-sho-hing-tsan-king (v. 2, 046).

12. Sira wus angapura marang panggawene para kang nandhang dosa pati marang sira.Lalita Vistara (ch. 13).

12.[3] Anêlukna piala sarana kabêcikan.Udanavarga (ch. 20, v. 18).

--- 42 ---

Kawruh Islam.

Kawruh sufi wontên ing agami Islam.

Sêrat-sêratipun satunggaling guru supi: Syah Syarifudin Manèri.

(I).

Purwakanipun ingkang nyantun ing basa Inggris.

Syah Syarifudin, punika putranipun Syèh Yahya. Panjênênganipun kamiyosakên wontên ing Manèr, inggih punika sawênèh dhusun ing sacêlakipun:Fatnah: ing talatah Bihar (Indhu).

Wiwit kala nenemanipun mila, sampun rêmên ngudi kawruh, punapadene gêsang manut satataning para ahli agami, sarta kathah titikanipun ingkang anyasmitani, bilih panjênênganipun punika sinung darajad kasuksman ingkang luhur.

Nalika panjênênganipun punika taksih timur, satunggaling dintên kasumêrêpan wontên sawênèh wêwujudan minulya ing sacêlaking bandulanipun. Ibunipun, ingkang ing wêkdal wau kagèt nyumêrêpi kawontênan ingkang katêmbèn punika, lajêng matur dhatêng ingkang rama, satunggaling băngsa suci ingkang luhur, asma Syahabudin. Ingkang rama apratela, bilih wêwujudan ingkang samar punika Nabi Kilir,[4] sarta angintên bilih ing têmbe lare wau badhe dados tiyang ingkang pinunjul ing kawruh kasuksman ingkang luhur.

Tumrap kawruhipun babagan kalairan(Wetenschap), panjênênganipun angsal tuntunan saking Asrafudin, satunggaling guru agêng ingkang misuwur ing jaman wau. Sakawit panjênênganipun sampun gadhah sêdya botên badhe nambut silaning akrami, nanging wêkasanipun, sarêng panjênênganipun kaparak ing sêsakit, panjênênganipun kapêksa manut pitêdahing dhoktêripun, jalaran usadanipun namung kêdah anglampahi palakrama, [palakra...]

--- 43 ---

[...ma,] manawi panjênênganipun nêdya ngupados waluya.

Sarêng sampun apêputra kakung satunggal, panjênênganipun lajêng anilar bale griyanipun, lêlana dhatêng ing pundi-pundi, saha pêpungkasanipun lajêng dumugi ing salêbêtipun utawi sacêlakipun wawêngkon Dhèlhi, wontên ing ngriku nampi nugraha, kawiwaha dening Risang Najibudin Firdaosi.

Lêlampahanipun ingkang wêkasan punika, nyababakên panjênênganipun katêtêpakên dados sêsulihipun ingkang minulya Sang Najibudin: kasêbut wontên ing donya, gêgayutan kalihan satunggaling ijazah (document)ingkang sampun kasudhiyakakên kalih wêlas taun ing sadèrèngipun, miturut dhawuhipun Kangjêng Nabi Mukhamad piyambak. Mila Syèh Syarifudin lajêng kadhawuhan linggar saking ngriku, punapadene panjênênganipun (Risang Najibudin Firdaosi) botên watawis dangu lajêng anilar kuwadhaganipun.

Ing sasampunipun Sang Syarifudin kawiwaha, lumêbêt ing wiwaraning nugraha (Inwijding) panjênênganipun ngantos mataun-taun dangunipun, anggèning nglampahi gêsang wontên ing salêbêtipun wana grêng ing parêdèn: Bihiyah saha: Rajagiri. Pungkas-pungkasanipun lajêng anjrak wontên ing Bihar, dening panyuwunipun sawatawis mitra-mitranipun saha murid-muridipun.

Sedanipun Syèh Syarifudin, amarêngi ing dintên Kêmis tanggal kaping 6 wulan Sawal, taun Hijrah 782, inggih punika titimăngsa wiwitipun angancik windu ingkang kaping 15 (15e eeuw) sasampunipun Sang Kristus. Sêsêbutanipun mungêl: makdumul muluk (Makh-dum-ul-Mulk) wrêdinipun: guruning sadaya karaton utawi donya. (Meester van het Koninkrijk of de Wereld).

Panjênênganipun punika sarwa amumpuni dhatêng kridhaning kawruh lair utawi batos, punapadene ugi sinung pangwasa ginaib. Ngantos dumugi sapriki pasareanipun ing Bihar, dados papan ziyarahan, ingkang kapêpêtri, saha tansah dipun dhatêngi pintên-pintên para umat Muhamad ingkang sami bakti.

Kathah têtilaranipun buku-buku karangan, nanging sawêk tigang warni ingkang sampun kawêdalakên:

1. Maktubatisadi, inggih punika urut-urutaning kalêmpakanipun satus sêrat (utawi lêrêsipun primbon ingkang ngêwrat warni-warnining bab) ingkang kakintunakên dhatêng muridipun nami: Kaji Syamsudin (Qozi Shams-ud-din)ing taun Hijrah 747.

2. Maktubati Bisikhah, inggih punika urut-urutaning kalêmpakanipun 28 sêrat-sêrat, wangsulan dhatêng pitakenaning muridipun [muridi...]

--- 44 ---

[...pun] ingkang langkung sêpuh, Risang Muzafar, pangeran ing praja Balag (Balkh).

3. Fawaidil Rukni, satunggaling primbon, ingkang dipun angge muridipun nami: Ruknudin.

Dene buku punika, ingkang kathah piyambak angêwrat santunan saking sêratipun ingkang cinirèn: Maktubatisadi, inggih punika sêrat ingkang agêng piyambak saha wigatos, saking sêrat tigang warni wau, kanthi dipun wêwahi katrangan-katrangan saking sêrat ingkang kalih sanèsipun, prêlu supados langkung cêtha malih utawi mêwahi cêthanipun bab-bab ingkang karêmbag. Pangajêng-ajêng kula mugi-mugi katrangan-katranganing pêthikan punika-dados botên sadaya-saperangan agêng saking talêsipun karangan, ingkang kaparingakên dhatêng kula sadaya, sagêda dados kalidamaripun para marsudi, ingkang sami nyinau piwulangipun ingkang minulya Syèh Syarifudin wau, kados samêsthining suraosipun. Bab lampahing ibadah sarengat, babab-babading lêlampahan ing jaman kina, botên kacariyosakên ing riki.

Santunan punika nadyan paripaosipun botên wani nanggêl, bilih mêsthi sagêd anyantun ing têmbungan sanès ingkang plêg têgêsipun kados têtêmbunganing babonipun sêrat (letterlijk) ewadene panggarapipun sampun kanthi pangatos-atos, murih wêdaling santunan punika kenging pinitados, botên badhe nguciwani manawi katandhing kalihan babonipun, saha tumrap umumipun para têtiyang ingkang sagêd mangrêtos têmbung Inggris, ingkang sami maos buku punika, lajêng sagêd angrêgèni utawi angaosi sangêt dhatêng piwulang-piwulang Islam, punapa malih mugi-mugi ing antawisipun pasadhèrèkaning sadaya agami, taksih sagêd wêwah malih cacahipun tiyang ingkang minăngka cêcoloking agaminipun, sagêd anêrangakên mênggahing kajatènipun, wontên ing samoaning para lêpasing pambudi.

Gaya (Behar) 1908.

Baynath Singh.

__________

Purwakanipun ingkang nyantun ing têmbung Walandi.

Kajawi ingkang anandhani nama ing ngandhap punika, inggih anyondhongi dhatêng aturipun ingkang nyantun ing têmbung Inggris ingkang pungkasan wau, ugi taksih dipun kanthèni ing pangajêng-ajêng malih, supados buku punika sagêd dados waosanipun băngsa Jawi ingkang mangrêtos têmbung Walandi.

Manawi băngsa Jawi sakêdhik-sakêdhik sampun mangrêtos dhatêng kawruh teyosupi, sampun tamtu sagêd sumêrêp, bilih isinipun buku punika, cocog kemawon kalihan piwulang-piwulang ingkang ing wêkdal punika kawulangakên dhatêng jagad wetanan saha kilenan, ingkang sinêbut kawruh teyo-sofia (Theo-Sofia) utawi: kawicaksanan mênggahing gusti (Goddelijke Wijsheid).

Japara 1916.

C. Kroesen-van Goens.

__________

 


Tanggal: tanpa gana ngèsthi jati (AJ 1860). Tahun AJ 1860 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Juni 1929 sampai dengan 29 Mei 1930. (kembali)
Kurusetra. (kembali)
13. (kembali)
§ Satunggaling wujud minulya ingkang nyamar rawuhipun (Nabi Kilir) punika sawênèh ngulami amastani: nabi, sanèsipun anyêbut: wali utawi kêkasihing Allah. Panjênênganipun punika kaanggêp satunggaling titah minulya ingkang botên kenging ing pêjah (langgêng), inggih satunggaling guru agung saha juru mitulungi para manungsa. Nalika jamanipun Nabi Musa (Mozes) nate kadhawuhan ing Gusti Allah, angupadosi Nabi Kilir wau, prêlu kadhawuhan ngangsu kawruh saha nampèni piwulangipun. Têmbung Kilir (lêrêsing pakêcapan: khodir) punika luguning makna atêgês: ijêm, inggih punika minăngka pasêmonipun: kabêgjan, kamulyan, katêntrêman, kasarasan, saha loh jinawi. (kembali)