Taun IX Ôngka 4 April 1930. Kumandhang Teyosupi.

Taman Kasunyatan.

Kawêdalakên sabên wulan sapisan, dening Lose Teyosupi ing Surakarta.

Juru ngarang pangarsa:Radèn Mas Partawiraya.

Juru ngarang: Radèn Ngabèi Dutadilaga, Radèn Kusumadiharja, Mas Ngabèi Sukarta.

Sadaya sami ing Surakarta.

[Grafik]

SATVAN NA'STI PARO DHARMAH.

Administrasi: Radèn Sumadipura.

Kantoripun manggèn ing Losê Teyosupi, Sala.

Rêgining lêngganan 1 taun f 3.60 arta lêngganan kêdah kabayar rumiyin.

Sêrat-sêrat karangan katampèkna dhatêng juru ngarang padintênan, Radèn Trihardono-Sumadiharja, adrès: pangêcapan: Swasthika, Surakarta.

Kumandhanging Jagad Katêntrêman.

Pangandikaning jiwa luhur ingkang botên linairakên.

Pêthikan saking buku De Geest van het Ongeborene.

(IV).

Sucia saka Wisa.

Apa sababe dene sira kabèh-bokmanawa mèh kabèh-padha mangan, ngombe lan ambêkan wisa? Pagene iku sira lêbokake ing gêtihira? Apa saka kabèh padha tumindak mangkono? Apa saka ora dirasakake, apa saka padatan (kalumrahan)? Apa mung ginawe mituruti karêping indriyaning badan? Apa saka wêdi marang lara utawa marang pati, apa minôngka panglipuring rasa sangsara utawa ora kapenak? Utawa saka sabab liya-liyane?

Katrangan kasbut dhuwur iku sêmune tumrap ingsun, ora maton utawa ora pratitis-kabèh mau bakal ora andayani sathithik-thithika marang luhuring jiwa kang ngangkah suci,

--- 86 ---

kang bakal dinarbe ing bôngsa anyar.

Kaanane gone mangan wisa ing samêngko iku, kaanggêp rèmèh tumrap bôngsa anyar. Kajaba saka katrangan-katrangan, kang sira anggo wêwaton mau ora pratitis, uga angrusakake kasusilan lan kamajuaning batin tumrap kamanungsan samêngko iki.

Bubrah ingatasing panindak: ora angrasakake. Têluk dening papenginan lan pamasesaning badan, ora sumurup marang kaanane kang sajati. Lumuh marang pasinaoning urip-kabèh iku uga dadi titikan saka èndhèk dhuwuring kamajuane, kang tumrap kamanungsan pancèn isih kudu bisa unggul saka kaanan iku, sadurunge kalêbu ing golonganing bangsaningsun.

Kasuciane bôngsa linuhung iku ora bakal kalepetan ing wisa.

Apa ingsun isih kudu carita manèh, manawa daging iku wisa ... kagawa saka gandhènge karo pêpati?

Kewan-kewan iku tansah kataman lêlara: sira tansah gawe kuburan ing jroning wêtêngira, sarta sira angrêgêdi badanira dhewe lawan sisaning bathang, kang ora bisa ajur. Kajaba saka iku gêtihe mau isi wataking kewan, kang lumêbune marang badanira, alantaran daginge kang sira pangan. Dadi sira iku anyantosakake watakira kewani dhewe, kang maune sira sêdya murih ilange (sirnane). Dene mungguh kanêpsone, mirise, lan pangincim-incime kang ngêbaki rasane, kalane disêmbêlèh-iku lumêbu ing gêtihe-sarta banjur amisani sira.

Kang mangkono iku gawe gampanging krasanira (Prikkelbaar)tumrap daya kang saka jaba, lan uga gawe ora jênjêmira: iku anggugah kaardanira, lan bisa gawe dêrêng kapengine marang mêmangan lan minum.

Akèh sabab-sababe-tumrap kasarasan, kabatinan, ngirit, kasusilan lan pangulah gaib-anggonira diprayogakake ora mangan daging. Manawa sira gêlêm, sinaua, apa kang katulis dening para kang angarêpi marang prakara iki, kang uga nyumurupake marang katrangane kang padha ora ngarêpi. Mulane banjur anyatitèkna ing sakiwa têngênira (kang padha ora ngumbar drêmbane lan papenginane) lan pratitisna kaanane, manawa sawênèh wong uga padha bisa sênêng anggone urip ora mangan daging.

Ananging apa kang kudu sira rasakake, iku ngrêtia.

Ora ana gêtih satètès bae, kang bakal dirasakake dening sapa, kang bakal ambabarake ingsun. Mangkono uga ora [o...]

--- 87 ---

[...ra] ana titah sawiji bae kang bakal sirna, utawa anandhang.

Samêngko bab angombe sajêng (alkohol) iku uga gawe kapitunan (karusakan) kaya kang wus sira sumurupi. Ananging sira uga kudu nyumurupi, manawa alkohol satètès bae iku dadi wisa.

Apa alkohol iku ginawe pakarêman, utawa kaombe, kathi takêran minôngka usada, apa dianggo campuran gônda wangi, utawa kagosokake ing kulit, kang isih murni utawa kanggo campuran liya-liyane-iku satêmêne pancèn angrusakake kasarasan-ora ngêmungake tumrap kasusilan batin, nanging uga tumrap badan. Alkohol sathithik bae-tipising gônda, kang banjur kabur anèng swasana-iku anarik titah kang ora bêcik, kang gawe ora murnine jagad iki. Sarana mangkono iku anggone alkohol amisani marang sira lan marang sing sapa, kang ana ing sakubêngira.

Sanajan alkohol iku bisa nganakake daya (prikkel)kang anglantipake pamikir (vernuft), bisa nyurung rikating tindak, lan gawe panggraita kang ora nyata, rumôngsa kayadene karasa waras-ewadene alkohol iku kaya gêni murub: sêsawangan kang anggumunake, ananging wêkasane ala kadadeyane.

Satêmêne alkohol iku marakake bodho. Alkohol iku gawe sudane kakuwatane utêk, alusing pangrasane urat-urat, wadhuk (verteringsorgaan)lan karosan. Alkohol mau gawe sudane kawicaksanan, kang agawe pratitise anggone angrasakake, agawe sudane daya kêkuwataning kasusilan, cêthaning pandulu, lan satêmêne gawe pitunane sabên-sabên piranti (Orgaan).

Luwih manèh manawa alkohol mau-sanajan sathithik bae panganggone-anggêpok marang piranti (Organen)kang isih sumimpên, kang dadi pirantining batine manungsa-malah luwihe saka iku manèh: yaiku gawe rusake pangwasane jiwa, kang pancèn bisa mardikakake saka wataking prakriti.

Satêmêne wus suwe piranti-piranti mau ora diprêduli, ora dialapi gunane, diêtogake bae lan tansah rinêgêdan dening manungsa. Ananging bocah-bocahing bangsaningsun iku kang bakal anguripake manèh.

Amung samôngsa sira suci-ora ngêmungake tumrap alkohol, uga tumrap kaardan lan wisa-piranti-piranti mau bakal bisa anindaki pakartine kaya ing samêsthine.

--- 88 ---

Kajaba bêbayane bab alkohol, uga tumrap bêbayane apyun, morpine, lan liya-liyane, kang angêndêmi. Lan uga tumrap bako, amarga nikotin (Nicotine)iku wisa,[1] sanajan para kang padha udut iku nganti bisa umur satus taun, dayane bako iku luwih ènthèng manèh anggone anyudakake pangrasa, urat-urat, lan pikiran, apamanèh piranti liya-liyane, kang padha kataman ing dayaning alkohol.

Sanajan udut iku dudu piala (kayadene mangan daging lan angombe alkohol) ewadene prayogi disuwak. Wong kang padha udut iku kagawa saka padatane, amisani hawa, wong mau anggugah pangrêsulaning wong liya, kang ana sakubênge, sarta gawe bêbaya gêdhe tumrap kasarasane. Kang sakawit saka kêbuling rokok, banjur napase, lan karingête, iku gawe susahing liyan.

Dadi saka anggone angrèmèhake butuhing liyan, kang tuwuh saka kasaring ardane wong kang udut, iku kang nyababake prayoga disuwak tumrap bocah ing bôngsa anyar.

Sajatine mung saka pakulinan-pakulinan kang ora kanthi dipikir, anggonira banjur têluk. Pakulinan mau amisani adêgira, lan angrusak kasucianing kabungahane uripe.

Kagawa saka pakulinan kang ora digatèkake, iku sira banjur nêmu adat pakulinan (instincten)lan anggugah kapenginira ing badanira dhewe, kang banjur anêlukake sira. Samêngko sira dadi batur tukone padatan, kang mêsthine sira iku dadi pangrèhing bêgja cilakanira.

Apa kang sira tindakake iku tuwuh saka padatan.

Iya saka padatan anggonira têrus tumindak urip-lan banjur angupaya kasênêngan kang ora langgêng- kang mêsthine sira kudu golèk kasênêngan langgêng, lan luhur tuwuh saka kasucianira, lan banjur bisa mangrèh marang padatan.

Bangsaningsun iku bakal luhur, ora bisa tinêlukake dening pangrenahe wisaning padatan, kang angalang-alangi lan angêndhêg-êndhêgi kamajuaning jiwa.

__________

--- 89 ---

Ing Dalêm Wêwêngkoning Pêpadhangipun Kawruh Kasunyatan.(In het Licht der Theosofie).

Margi, Kasunyatan, sarta Setan.

Sêsorahipun Bisschop Arundale. I.

Pakêmpalan teyosupi, punika samangke sawêg nêdhêng-nêdhêngipun lumêbêt wontên ing sapratiganing ubêngipun kamajênganing jagad ingkang santun-sumantun, inggih punika tataraning kamajênganipun gêsang sawiji-wiji ingkang amribadi. Makatên wau botên atêgês, bilih ingkang kalih perangan sanèsipun lajêng dipun selaki. Minggu ingkang kapêngkêr kula nyariyosakên, bab tataraning kamajênganipun gêsang ing salêbêting kawruh kriya (Techniek) saha ing salêbêtipun panindak (Daad). Nanging pancèn inggih nyata, bilih saking sakêdhik tuwuh pangwasa ingkang mangrèh kamajênganing gêsang, dados satunggal-tunggaling gêsang ingkang madêg pribadi punika. Makatên wau têgêsipun ingkang cêtha sangêt, anêdahakên bilih kula sadaya punika dados gêsang sawiji-wiji ingkang ambribadi. Sumuking hawanipun gêsang bêbrayan, ingkang dumugi dintên punika masesa angwasani, samangke sampun anêdahakên dhatêng kêkiyataning gêsang ingkang madêg piyambak-piyambak, gandhènge kalihan kamajênganipun. Dene kêkiyataning gêsang sawiji-wiji ingkang amribadi wau, tumrap kula sadaya, botên amung têgês dados satunggal-tunggaling tiyang ingkang amribadi piyambak-piyambak kemawon. (Têgêsipun rèhning gêsang punika satunggal, mila sayoginipun inggih sampun lajêng pêpisahan, nanging rukun pasadhèrèkan, aos-ingaosan, tulung-tinulung ingkang dados bot-repotipun satunggal lan sanèsipun, murih karahayoning sagung dumadi tuwin tata têntrêming bawana. Red.) Êntraging kamajênganipun Burgerschap anyar punika, manawi kula botên kalèntu, sêdyanipun badhe nyênyubur kêkiyataning gêsang sawiji-wiji ingkang amribadi, wontên ing salêbêting Burgerschap. Pamanggih kula, ingkang makatên punika, atêgês thukuling Burgerschap anyar, ingkang prêlu sami kula sumêrêpi.

Punapadene warganing pakêmpalan teyosupi, kêdah dados pramugarining lampah wontên ing salêbêting Burgerschap anyar punika.

Samangke kula kapengin sangêt, badhe nglajêngakên rêmbag ingkang ngêmu kasagahan kathah punika, ragi sawatawis lêbêt. Amung ing dalu

--- 90 ---

punika, kula badhe nêdahakên ing jêngandika, prakawis pandamêlipun utawi pakartinipun satunggal-tunggaling tiyang, ingkang sami kula lampahi, punika têgês nyantosakakên dhatêng adêging praja (Staat) punapa malah angrisakakên. Prêlunipun supados kula sadaya punika botên amung manah kabêtahanipun piyambak-piyambak kemawon, nanging ugi tumrap prêluning praja, murih gêsang kula sadaya punika, anggadhahana pangraos dhatêng gêgayuhaning gêsang. Kawontênan punika ambuka wênganing wawasanipun gêsang gagrag anyar dhatêng kula sadaya, ingkang murih dhatêng para warganing pakêmpalan teyosupi-ingkang kinintên langkung mangrêtos dhatêng kasunyatan, tinimbang ing jagad sajawining pakêmpalan-supados sami ambiyantoni yêktos dhatêng kalampahanipun Burgerschap anyar punika, ingkang botên amung têgês madêg piyambak-piyambak kemawon, nanging adhêdhasar kasunyataning gêsang sawiji-wiji ingkang sami amribadi punika.

Têtandhon (Voorraden).

Ing dalu punika kula nêdya ngaturi ancêr-ancêr ing jêngandika, kadospundi anggèn jêngandika naliti dhatêng pribadi jêngandika piyambak, sarta kula ugi badhe nêdahakên, kadospundi patrap anggèn kula nindakakên panaliti dhatêng pribadi kula piyambak. Yêktosipun ragi andadosakên cuwaning manah kula, dene lajêng kêpêksa gandhèng kalihan tiyang (persoonlijk), ewadene ingkang badhe kula cariyosakên punika, inggih dede katrangan utawi teori, nanging tuwuh saking pamanggih ingkang sampun kula alami piyambak.

Pamanggih ingkang nyata punika, inggih sagêd ugi sulaya kalihan pamanggih ingkang jêngandika alami. Sintêna ingkang sampun angalami yêktos, saha lajêng suka katrangan, punika sagêd anggigah lampahipun tiyang sanès, ingkang sami mirêng dhatêng katranganing pamanggihipun wau.

Ing salêbêtipun jamaning gêsang sawiji-wiji ingkang amribadi, punika kula tuwin jêngandika sami sinangkulan ing kuwajiban, sagêda manggih pribadinipun piyambak-piyambak. Limrahipun tiyang punika sami botên kapêthuk kalihan pribadinipun utawi gêsangipun piyambak, babarpisan botên sumêrêp ing dhirinipun, punapadene saperangan agêng sami ngraosakên kawontênan ingkang wontên ing sajawinipun, têmah kawontênan wau anabêt sêru ing pangraosipun. Môngka kawontênan ingkang nabêt wau, yêktosipun dede ingkang dados peranganing pribadinipun piyambak.

Awis sangêt tiyang ingkang wani anjajagi batosipun piyambak, ingkang sagêd anuwuhakên gumunipun dhatêng eloking kawontênanipun. [kawontênani...]

--- 91 ---

[...pun.] Mila kula inggih botên nate sami panggih-pinanggih kalihan pribadinipun piyambak. Makatên ugi awis sangêt kula pinanggih tiyang, ingkang nglairakên gumunipun, dening katêmbèn sagêd nyarawung dhatêng kawontênanipun piyambak, anggènipun saya tumuwuh, punapa bab wau kaucapakên sarana têtêmbunganing utêk wadhag, punapa sarana pangraos utawi cipta, punapa sarana pribadi luhur. Ingkang ragi anggumunakên malih punika-tumrap kula-dene para warganing pakêmpalan teyosupi, ingkang nampi gêgêlaran ing bab kaendahaning gêsang, sarta cêthaning kamajênganipun, sami botên sagêd nyatakakên, bilih sadaya punika botên amung tumrap jagad agêng kemawon, nanging ugi tumrap jagad alit, ingkang lêrêsipun inggih mangrêtos, manawi gêsangipun ingkang amribadi punika botên kawon endah, botên kawon luhur, katimbang gêbyaring kawontênan ing sajawinipun piyambak, ingkang sami dipun sumêrêpi saha dipun ngunguni utawi dipun gumuni.

Tumrap kula piyambak, angaosi sangêt, sarta angluhurakên dhatêng piwulang-piwulang ingkang kaparingakên dhatêng kula sadaya, alantaran pakêmpalan teyosupi. Piwulang wau tumrap kula botên angêmungakên gêgambaran, utawi ingkang prêlu dipun aji-aji kemawon, nanging tumrap kula inggih dados satunggaling kasênêngan, amargi kula migunakakên kawruh wau, sagêdipun amanggih pribadi kula piyambak. Murih jêngandika ugi sagêd manggih pribadi jêngandika piyambak, jêngandika kêdah oncat saking sadaya, ingkang awujud pakartining pribadi asor.

Jêngandika sagêd angèngêti kawontênanipun pintên-pintên jalaran ingkang tanpa wicalan punika, ingkang murugakên jêngandika dados tiyang bibrah, nate dados tiyang bodho utawi cubluk, punapadene kakasar ing dalêm karupakaning watês ingkang amarôngka gêsang. Nanging kawontênan punika sampun botên sagêd dipun singkiri, jalaran kula sadaya amung sagêd migunakakên kabodhoaning pangwasa ingkang dipun angge mêmikir, tuwin pangraos ingkang rupêk, punapadene korup kalihan kawontênan ingkang sakalangkung rame ing sajawi kula sami, saha kalihan aluning cipta tuwin pangraos, ingkang angêpung ing kula sadaya, sinartan kalihan praharaning nafsu ingkang angrisakakên.

Ing dalêm: gêsang kang langgêng.

Nanging kula sadaya, ingkang sawatawis mangrêtos dhatêng dhêdhasaring kamajêngan, ingkang sumêrêp punapa ta kamajêngan punika, saking pundi pinangkanipun, kadospundi kodratipun, dhatêng pundi sêdyanipun-pancèn inggih wênang sagêdipun kula sadaya angruwat pribadi kula sami, saking

--- 92 ---

pawarangkaning akunipun ingkang botên têtêp (ewah gingsir) nadyan kadospundi kemawon wujuding gêsang kula samangke punika. Lêrêsipun kula sadaya inggih sagêd anguwasani utawi mangrèh dheyos ingkang mêmêlas punika, punapadene kula kêdah sami sagêd amêdhot piyambak dhatêng tangsul ingkang ambônda gêsang kula wau punika.

kula sadaya kêdah sagês uwal babarpisan saking bêbandaning dheyos wau (akunipun ingkang botên têtêp) punapadene kêdah santosa anggèn kula sami ngangkah, nyata mêdal wontên ing sajawining pribadi asor ingkang sontan-santun utawi ewah gingsir punika, murih sagêd gêsang ing dalêm kasunyatan langgêng. Yèn makatên kula sadaya botên amung tansah ubêk wontên ing kawontênan sapunika kemawon, nanging ugi manah ing têmbenipun.

Ewadene kula ugi nyumêrêpi, nadyan ing antawawisipun para warganing pakêmpalan teyosupi, punika anggèning sami ngandhêmi bab wau inggih ngantos dumugi têlênging sanubari saha raos, nanging ing sêmu katingal bilih sami botên sagêd anêtêpakên sikêpipun kangge ing têmbe. Ing sêmu piyambakipun taksih gajêg-gajêg, badhe kadospundi gêsangipun ing têmbe. Piyambakipun kawistara kados botên gadhah sawênèh sêdya utawi gêganthaning gêgayuhan ingkang cêtha, ingkang kamanah sagêd ginayuh.

Piyambakipun sami gêsang ing dalêm pawarangkaning môngsa lan antara ingkang rupêk. Sadaya wau sami anyiutakên piyambak dhatêng têbaning pribadinipun, ngantos kasinggêt ing watêsaning wanci ingkang lumampah, punapadene namung sakêdhik anggèning sami gêsang ing dalêm kaanan langgêng. Punapa ingkang asipat langgêng punika botên kaèbêkan ing pangwasa, kawicaksanan, unggul saha kawontênan sanès-sanèsipun, ingkang murih jêngandika anêksèni dhatêng sipat kapangeranan jêngandika, ingkang paring èngêt dhatêng sipat ka-Allahan jêngandika, sarta ingkang murugakên jêngandika mangrêtos saha karaos, bilih gêsang ing dalêm kaanan ingkang luhur piyambak, punika aji linampahan, nadyan kadospundi kemawon kawontênan jêngandika wontên ing ngandhap ngriki (ing ngalam wadhag têgêsipun) saha wontên ing salêbêting panjanman ingkang tinamtokakên punika, inggih gêsang jêngandika samangke punika.

Murbawasesa dhatêng pêpêsthèn kula.

Sawatawis môngsa ingkang kapêngkêr kula anêtêpakên ingkang dados sêdyaning manah, manut pamilih kula piyambak, ingatasing kawontênanipun gêsang kula, gêgayuhaning gêsang kula, saha caraning gêsang kula. Samangke kadospundi [ka...]

--- 93 ---

[...dospundi] anggèn kula nindakakên sadaya wau? Sakawit kula nyobi, manut pitêdahing yoga, anggèning botên angakêni: aku dudu iki, aku dudu iku, aku dudu kae. Ing wiwitanipun anggèn kula tumindak makatên punika, sarana pitulunganing gagasan utawi cipta. Kula anggagas pintên-pintên pakarti, ingkang babarpisan nalisir saking kawontênan-kawontênan ingkang angrisakakên, kawontênan ingkang sêpi, ingkang nyênêngakên saha ingkang angrêrujit manah, ingkang kula inggih dumunung ing ngriku. Kalamôngsa kula anggagas dumunung ing kaswargan, kalamôngsa kula andhapakên dumugi ing dhasaring naraka. Ing sawênèh wanci kula rumaos dados Gusti Allah, ing sanès wêktu rumaos dados setan. Kados makatên anggèn kula ngebahakên bandhuling gêsang kula, lumampah mrika mriki, ngantos sakatogipun, supados kula sagêda kawawa, kêklêmpakan sawarnining kawruh ingkang pinanggih wontên ing salêbêtipun gêsang ingkang kula lampahi samangke punika, sagêdipun antuk kawruh ingkang murni, saha saperangan malih-nadyan botên patos aji-saking pangalamanipun tiyang sanès, ingkang sampun botên sagêd dipun singkiri. Makatên wau sapiturutipun, anggèning tiyang têrus lumampah akêklêmpak sakathahing kawruh-kawruh ingkang pinanggih, sarta ing salêbêtipun tiyang tumindak makatên punika, ing sakawit saking katuntun dening kayakinanipun, amengini iki utawi iku, utawi botên amengini sanèsipun, dede punika utawi sanèsipun ingkang dipun kajêngakên, ing ngriku kula wiwit sagêd amilahakên wanci saking sakêdhik, kawontênaning gêsang padintênan, saha ebahing pêpenginan, ing salajêngipun akanthi kêkiyatan ingkang sae wau (cipta) kula sagêd lêlana dhatêng pundi-pundi, tuwi[2] sagêd angwontênakên sadaya, têmah kula wiwit sumêrêp dhatêng pribadi kula piyambak. Kula wiwit sagêd andulu kawontênan kula piyambak, kadosdene tiyang sanès anggènipun nyumêrêpi dhatêng kula. Kula wiwit èngêt saha karaos, punapa sayêktosipun ingkang kula ancas. Dumugi titimôngsa wau punika kabodhoan kula, inggih dumugi titimôngsa wau punika anggèn kula sagêd anindaki, lêrês kadosdene punika ingkang kawajibakên dhatêng kula.

Ing sapêngkêripun titimôngsa wau, botên wontên lêlampahan punapa-punapa ingkang tumanduk ing kula, inggih lajêng botên wontên punapa-punapa ingkang kula sambut, ingkang botên kula pikangsalakên tumrap pêpungkasaning gêgayuhan kula ingkang sampun têtêp. Ugi botên wontên samubarang ingkang botên badhe migunani. [migu...]

--- 94 ---

[...nani.] Sagêd ugi bilih karma nuntun kula tumindak mrika utawi mriki. Sagêd ugi bilih kêkiyataning kawontênanipun lêlampahan ingkang botên patos kula gatosakên, kajawi amung anggatosakên dhatêng trajang, punika malah angajêngi supados kula tumindak makatên, utawi botên tumindak makatên, nanging sanadyan kadospundi kemawon kêkiyataning karma wau anggèning damêl sabab utawi amujudakên lêlampahan, ewadene kula têtêp dados juru pangrèhing pêpêsthèn kula, amargi kula nêmpuh kawontênaning lêlampahan punika, saha tumindak ing salêbêting lêlampahan wau, anampi piwulang-piwulanging lêlampahan punika, saha ngangkah anancêpakên kasunyataning piwulang-piwulang wau, wontên ing pribadi kula.

Awit saking punika tiyang lajêng botên amrêduli, wontên ing pundi pamanggènipun, saha nandhang lêlampahan ingkang kadospundi. Ing dintên punika tiyang sagêd manggèn wontên ing ngriki, utawi wontên ing ngrika, botên prêduli, punapa tiyang badhe botên angrêtos dhatêng kawontênan punika. Ing pundi kemawon dunungipun, inggih ing ngriku punika anggèning angsal kawruh, botên prêduli wontên ing pundi pamanggènipun, ing salami-laminipun tiyang sagêd kemawon dumunung wontên ing pundi-pundi, mila tiyang punika inggih tansah sagêd kemawon, angsal piwulanging lêlampahan wontên ing pundi-pundi panggenan.

__________

Para ingkang Sami Anglêluri Piwulangipun Sang Buda. Navolging van Boeddha.

21. Tumrap kang ambêg adil, pati iku mawèh kasênêngan. Amarga ingatase para kang wus masrahake dhirine marang urip suci, dhèwèke wus ora duwe rasa giris marang kasangsaran.Jatakamala (story 32, v. 47).

22. Sugênge panjênêngane iku mung sumêdya mitulungi liyan.Questions of King Milinda (Book 4, ch. 2, sec. 30).

23. Prêlune apa aku kabèh padha kumanthil-kanthil marang badan kang kêna rusak iki? Ana ing panyawange para wicaksana, gawe kabêcikan marang sapêpadhaning titah iku kang utama dhewe.Katha Sarit Sagara (ch. 28).

24. Apa ora kabèh kang dadi darbèk ingsun, kongsi tumêkaning badaningsun pisan, iku disêdhiyakake kanggo karahayoning liyan?Nagananda (act. 1).

--- 95 ---

Kawruh Islam.

Kawruh sufi wontên ing agami Islam.

Sêrat-sêratipun satunggaling guru supi: Syèh Syarifudin Manèri.

(3).

Kathah tiyang ingkang kêplèsèt panggayuhipun dhatêng gêgayuhan wau, jalaran margi ingkang anjog ing panunggal, punika pancèn sakalangkung dening gawat, ingkang kaupamèkakên kadosdene kawontênaning wana gung liwang-liwung ingkang sakalangkung wingit. Dados manawi botên kanthi nugrahaning Pangeran, saha tanpa panuntuning guru ingkang sampurna saha gêsang raosipun-sampun kulina dhatêng gawat rungsiting ambah-ambahan wau (pundi ingkang sagêd adamêl kasênêngan saha piduwung wontên ing satêngahing margi punika) sampun kawiwaha lumêbêt ing wiwaraning nugraha, saha sampun nate angalami nandhang sawarnining lêlampahan wontên ing margi sungil punika-sampun tamtu tiyang botên sagêd anêrusakên lampahipun, analasak wana gung liwang-liwung wau punika.

Sawênèhipun para ingkang andon lêlana dhatêng papan ingkang suci wau (pelgrim), wontên ingkang namung sagêd nyipêng saêjam ing sabên minggunipun, sawênèh namung saêjam ing dalêm sadintênipun, sarta sanèsipun tiyang malih, sagêd sipêng ngantos mèh ing sadangunipun gêsang, wontên ing dalêm kawontênan ingkang adiluhung saha mulya punika.

Dene ing sanginggiling sakawan tataran ingkang sampun kasêbut ing nginggil, punika tataraning panunggal ingkang sampurna, pikajêngipun, ngantos ical raos-rumaosipun anggèning luluh wontên ing kaanan tunggal (Pangeran) saha anggèning ngupadosi panjênênganipun-amargi yêktosipun, raos jati ingkang dèrèng kados makatên punika, taksih nawung raos pisah, nanging wontên ing tataraning panunggal ingkang sampurna wau, jiwa saha jagad rat pramudita (heelal) punika, luluh piyambak ing dalêm cahyaning Pangeran (Gooddelijke Licht) ngantos ical raos-rumaosipun anggèning luluh wontên ing kaanan tunggal punika.

Manawi jêngandika luluh ing dalêm Pangeran, punika taokhid (monotheisme) nanging manawi sampun ical raos-rumaosipun anggèning luluh ing dalêm kaanan tunggal, punika panunggal (eenheid). Manawi sampun kados makatên [ma...]

--- 96 ---

[...katên] punika, tiyang sampun botên bêtah (butuh) malih ngangge sarat rukuning panêmbah (Ceremonieen), amargi ing tataran ngriki punika: sanès kang ana, inggih dede kang ora ana, sanès katrangan, utawi pitêdah, dede bumi, inggih sanès langit. Inggih amung ing tataran punika ingkang sagêd amiyak wêwados dhatêng kita, ingkang sumimpên wontên ing ungêl-ungêlan: ora ana sapa-sapa kajaba sipate panjênêngane. Kabèh iku kêna rusak, kajaba sipate panjênêngane. Ingsun iku kasunyatan lan kang maha suci. Ing tataran punika ingkang sinêbut kawontênaning panunggal ingkang sampun tanpa watêsan, dede: pamoring kawula gusti: malih, ingkang taksih gadhah raos pisah. Jêngandika sampun ngantos kalèntu ing panampi, nanging mangrêtos, bilih sawiji-wiji ingkang luluh ing dalêm Pangeran, punika sanès Pangeran.

Tataraning taokhid ingkang kawitan (kapisan) punika kaupamèkakên sêpêting kalapa. Tataran ingkang ôngka kalih, sami kalihan bathokipun. Tataran ingkang ôngka tiga, isbating: kalapanipun (isinipun), dene ingkang ôngka sakawan punika sanepaning lisahipun.

Ewadene sadaya wau (gunggung kêmpalipun) sinêbut: klapa, sanadyan peranganipun punika kathah sangêt bedanipun satunggal lan sanèsipun, punapa ingatasing wujudipun, kanggenipun saha pigunanipun.

Sagêdipun tiyang angaosi dhatêng katrangan-katrangan makatên punika, sarananipun kêdah mawi kasabaran, punapadene kasinau kanthi pangrêti, amargi bab wau ngrêmbag prakawis dhêdhasaripun kamursidaning pangrêti (kalêpasaning pambudi), pandamêl saha kawontênan ingkang botên kenging kinaya ngapa.

Têtêmbungan-têtêmbungan saha pasêmon-pasêmon ingkang kawrat ing sêrat-sêratipun para suci, badhe sagêd saya cêtha dhatêng panampi samantên ugi katrangan-katrangan ingkang nêrangakên bab taokhid, saha tatar-tataranipun.

Dhuh sadhèrèk, nadyan jêngandika samangke taksih dados sêmut bêbasanipun, ewadene jêngandika inggih sagêd dados Nabi Suleman (Salomo). Sampun angintên bilih jêngandika punika satunggaling tiyang dosa ingkang botên suci (onreine zondaar), nadyan jêngandika punika satunggaling lêmut, nanging jêngandika inggih sagêd dados sima.

Pangeran andumadosakên sawênèhing tiyang ingkang mangro tingal (nyakuthokakên Pangeran) dados tiyang ingkang pitados (iman) punapadene inggih andumadosakên [andumado...]

--- 97 ---

[...sakên] tiyang ingkang sumungkêm (bakti) dados tiyang ingkang dosa. Sêrat ôngka 1.[3] (ing ngriki sagêdipun wêwah ing katrangan malih mêthik saking urut-urutaning 28 sêrat ingkang kaklêmpakakên, ingkang ugi ngrêmbag prakawis taokhid, kados ing ngandhap punika. Eng. Vert.).

Miturut têtilaranipun andika nabi (khadis) kacariyosakên:bilih sadaya wujud ingkang gumêlar, punika katitahakên saking pêpêtêng, nanging satunggal-tunggalipun wau lajêng ngirup dayaning cahya pêpadhang, mila lajêng sami sumorot.[4] Awit saking punika sadaya wujud ingkang gumêlar wau, dumados saking plêtik soroting cahyaning Pangeran (Vonken van het Goddelijke Licht) sarta pancoronging cahyanipun ingkang sumorot, punika inggih asli saking cahya (nur ilaiyah) wau punika. Samangke tiyang lajêng sagêd mangrêtos dhatêng ayating Kuran ingkang mungêl: Pangeran iku pêpadhanging langit sarta bumi. Sêrat ôngka 17.

Gagasan ingkang nuwuhakên raos pisah: aku lan kowe: punika raos ing donya wadhag ngriki, wontên ing alaming risang kalulut (Geliefde)[5] raos makatên punika botên wontên, panjênênganipun punika kasunyatan satunggal. Dados pêpathokan utawi wêwaton ingkang nyariyosakên, bilih taksih wontên sanèsipun malih kajawi panjênênganipun, punika anggêr-anggêr ingkang tanpa aji. Sêrat ôngka 2.

Wangsul dhatêng Pangeran utawi taobah.

Taobah (tobat) punika luguning makna: wangsul utawi mantuk, amung caraning wangsul kemawon, punika mêsthi wontên bedanipun, tumrap satunggal-tunggaling pribadi ingkang warni-warni, gandhèngipun kalihan bedaning kawontênanipun, saha tataraning darajatipun ingkang sami dipun idaki. [i...]

--- 98 ---

[...daki.] Ingatasing manungsa limrah (ngawam) punika anggèning badhe nyingkiri dosa-sarana nyênyuwun kamurahan pangapuraning Pangeran. Tumraping manungsa ingkang darajad samadya, anggèning sêdya nilar piawonipun (pandamêl dosa), punika supados sagêd kauningan ing guru. Dene tumrap para piniji, punika botên amung nilar kanikmataning donya kemawon, nanging ugi kanikmataning dêlahan, punapadene miyak sadaya ingkang botên wontên ajinipun, tuwin ingkang botên nyata, supados piyambakipun amung sagêda ngraosakên dhatêng kamulyan utawi kanikmatanipun ingkang nitahakên. Martobatipun tiyang ingkang sawêg bêbinau, punika botên sagêd lana. Satunggaling bôngsa suci ngandika piyambak makatên: kaping pitung puluh ambalan anggonku sêdya nyingkiri piala, ewasamono ing sabên-sabên tansah ora kalakon (wurung). Barêng kang kaping pitung puluh siji, lagi bisa kalakon kang dadi pangarêp-arêpku, sarta ing sabanjure, aku nuli bisa ora nindaki piala manèh. Sang Kwajah (guru) Zunun ing Kipti (Khawaja of Meester Zoonoon van Egypte) anêrangakên, bilih taobahipun tiyang limrah, punika saking amantuni anggènipun anindaki dosa, nanging tumrap para piniji, saking anggènipun tansah èngêt, dhatêng punapa ingkang winastan tindak anggêgampil utawi sêmbrana.

Sang Kwajah Sobaèd, saha sanès-sanèsipun malih, sami angintên, bilih lênggahipun taobah, punika dumunung wontên ing anggènipun angèngêti sadaya tindak maksiyatan (anêraki anggêr) ingkang sampun kapêngkêr, punapadene saking anggènipun tansah lingsêm dhatêng sadaya piawonipun ingkang sampun-sampun wau, murih piyambakipun sampun ngantos pamèr (kumlungkung) dhatêng sadaya kasaenanipun ingkang dipun lampahi. Golongan sanèsipun malih, kados ta sang kwajah Junèd, tuwin sapanunggilanipun, sami amastani, bilih ingkang nama taobah, punika saking anggènipun anyupèkakên dhatêng dosa ingkang sampun dipun lampahi, inggih punika anyirnakakên babarpisan dhatêng tabêt-tabêt, ingkang taksih kantun wontên ing manah, supados manahipun sagêda suci, sami kalihan manah ingkang botên nate kalepetan ing rêrêgêding dosa. Taobah punika ing salaminipun tansah dados kuwajibaning sadaya para ingkang andon lêlana dhatêng bumi suci (pelgrim) jalaran ing margi ngriku tansah wontên tataran ingkang langkung inggil, katimbang tataran ingkang samangke sami dipun indaki. Manawi têtiyang wau ngantos wontên ingkang kèndêl ing sawênèh tataran utawi sanèsipun, punika nama ngêgrêg-êgrêgi lampahipun anggèning lêlana dhatêng bumi suci (pelgrimstocht), saha nyababakên anggèning piyambakipun kêpêksa anglampahi sawênèh pandamêl dosa.

Catatan kaki:

1. § Nikotin, punika namaning wisa ingkang dumunung ing ron saha wijining sata. (kembali)
2. tuwin (kembali)
3. § Katrangan punika manawi kawawas saking kawruh karma sarta tumimbal lair, lajêng sagêd saya cêtha dhatêng panampi. Manut kawruh karma, tiyang ingkang gêsangipun samangke kados kere, bêbasan aji godhong jati aking, nanging margi gêsangipun samangke punika piyambakipun têmên-têmên angrungkêbi gêgayuhanipun ingkang luhur, cipta saha pandamêlipun luhur, ing gêsang ngajêngipun malih sagêd linairakên wontên ing antawisipun para narendra, ingkang kinêpang sawarnining kabingahan saha busana ingkang sakalangkung adi. Samantên ugi ingkang samangke lair dados tiyang suci, rêmên ngimadah, tuwin sapanunggilanipun, sagêd ugi ing gêsang ngajêngipun malih kapêksa ngundhuh têtandhoning karmanipun ing gêsang ingkang sampun-sampun, lair dados tiyang dosa, mangrotingal, musrik, tuwin sapanunggilanipun. Amargi sadaya wau namung kadadosan saking undhuh-undhuhaning wohe pandamêlipun. Gêsang samangke ngundhuh wohing pandamêlipun ingkang sae, inggih lair dados tiyang sae, bêgja, tuwin sasaminipun, gêsang ngajêng-ngajêngipun malih, amargi ngundhuh wohing pandamêlipun ingkang awon, inggih lair dados tiyang awon, kasangsara, dosa, dhumawah ing papa, tuwin sasaminipun. Sadaya wau namung tumônja pasinaonipun, anggèning kêklêmpak sawarnining watak-watak ingkang prayogi, minôngka kangge sangunipun anggèning badhe wangsul tunggil kawontênan kalihan kaanan tunggal, sarana angalami sawarnining panandhang, ingkang minôngka pambukaning kawicaksananipun. (kembali)
4. § Pêpêtêng punika isbating prakriti (Stof) dene pêpadhang isbatipun: purusa utawi gêsang (Geest = Leven). T. S. (kembali)
5. § Ingkang sinêbut: risang kalulut (Geliefde) punika: Allah, amargi têmbung: Allah (?) punika maknanipun: kalulut (Geliefde). T. S. (kembali)