Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503

Judul
Sambungan
1. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 001–016), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
2. Kumandang Teyosupi (Tahun 03: Hlm. 053–068), Swastika, 1923, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
3. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 025–040), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
4. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 101–116), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
5. Kumandang Teyosupi (Tahun 04: Hlm. 125–144), Swastika, 1924, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
6. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 001–016), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
7. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 029–044), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
8. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 085–098), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
9. Kumandang Teyosupi (Tahun 09: Hlm. 157–172), Swastika, 1930, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
10. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408–432), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
11. Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 433–448), Swastika, 1931, #503. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kumandang Teyosupi.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Taun X Ăngka 7 Juli 1930.

Kumandhang Teyosupi.

Taman Kasunyatan.

Kawêdalakên sabên wulan sapisan, dening Losê Teyosupi ing Surakarta.

Juru ngarang pangarsa:Radèn Mas Partawiraya.

Juru ngarang: Radèn Ngabèi Dutadilaga, Radèn Kusumadiharja, Mas Ngabèi Suyarta.

Sadaya sami ing Surakarta.

[Grafik]

SATVAN NA'STI PARO DHARMAH.

Administrasi:Radèn Sumadipura.

Kantoripun manggèn ing Losê Teyosupi, Sala.

Rêgining lêngganan 1 taun f 3.60 arta lêngganan kêdah kabayar rumiyin.

Sêrat-sêrat karangan katampèkna dhatêng juru ngarang padintênan, Radèn Trihardono-Sumadiharja, adrès: pangêcapan: Swasthika, Surakarta.

Ing Dalêm Wêwêngkoning Pêpadhangipun Kawruh Kasunyatan (In het Licht der Theosofie).

Margi, kasunyatan, tuwin setan.

Sêsorahipun Bisschop G. S. Arundale.

(4).

(Têlas).

Ngayom dhatêng Kasunyatan.

Manawi jêngandika ningali dhatêng gêsang andika padintênan, dhatêng kawontênan andika padintênan, dhatêng sadaya ingkang angèngingi jêngandika, dhatêng sadaya ingkang kalampahan, bilih jêngandika sagêd mêndhêt saking sadaya wau, punapa ingkang migunani tumrap pangalaman utawi lêlampahan andika, sampun tamtu jêngandika badhe majêng kanthi rikat sangêt. Jêngandika sagêd mulya, botên wontên satunggal-tunggala ingkang adamêl kasusahan andika, botên wontên barang punapa kemawon ingkang sagêd adamêl bingung andika, amargi jêngandika ngayom dhatêng kawontênan ingkang botên maujud, inggih punika [puni...]

--- 158 ---

[...ka] dhatêng kasunyatan, mila jêngandika botên badhe gumantung dhatêng wujud, nadyan jêngandika anggumun sangêt dhatêng wêwujudan wau punika. Bokmanawi tumrap jêngandika para guru punika lajêng botên wontên. Makatên punika botên sagêd dipun kintên-kintênakên, nanging cobi kagaliha, upami para guru punika angoncati gêsang andika, saha wontên lêlampahan anutup kontên-jêngandika rak inggih èngêt, bilih wontênipun pakêmpalan teyosupi (T.V.) punika kontên-kontênipun katutup, saha bab pamarsudinipun punika kapasrahakên dhatêng T.V. piyambak. Inggih sanadyan jêngandika punika katutupan lawang pisan, nanging jêngandika rak inggih mêksa lajêng. Kalilana matur, dene kula dumadakan sarawung kalihan salah satunggal utawi sanèsipun sadhèrèk sêpuh (Oudere Broeder = guru) satunggaling sêsrawungan, ingkang kula taksih kèngêtan cêtha wontên ing utêk wadhag. Nanging ing saupami panjênênganipun wau ngandika: ingsun anutup sira, sira kudu lumaku dhewe. Inggih mêksa taksih sagêd mêdal anglajêngakên lampah, amargi ing ngriku taksih kathah pakaryan-pakaryan ingkang kasambut, sarta ing saupami karma tuwin tumimbal lair punika dipun icali sarta sadaya kawruh kasunyatan ingkang aji tumrap kita punika dipun sirnakakên pisan, sumăngga kemawon. Jêngandika langkung dening cêkap badhe nindakakên punapa-punapa, amargi gêsang punika botên nate têlas, saha botên sagêd dipun sirnakakên. Amung wujuding gêsang ingkang katingal punika kemawon ingkang sagêd risak, nanging gêsang punika wau piyambak, totên[1] nate risak. Saupami jêngandika botên sagêd nandangi sawênèh pakaryan, punika jêngandika inggih sagêd nandangi sanèsipun, upami jêngandika botên gadhah wanci ingkang sae punika, inggih taksih gadhah wanci sanèsipun. Ing salami-laminipun jêngandika tansah sagêd gêsang, sarta jêngandika sagêd mangrêtos, bilih dede prakawis jêngandika, gumantung dhatêng tiyang sanès punika, nadyan dhatêng sawênèh guru pisan, punapa malih sanès kuwajiban jêngandika ngăntha-ăntha paprentahaning batos tumraping jagad punika (Innerlijk Bestuur van de Wereld), nanging inggih anggèn jêngandika mangrèh pribadi jêngandika piyambak, punika kuwajiban andika, supados andika sinung pangrèhing batos tumrap pribadi jêngandika, saha darbe kadhatoning pribadi ingkang jêngandika êrah. Manawi makatên jêngandika lajêng botên butuh malih, kajawi pribadi jêngandika piyambak, awit saking dayaning sang pribadi wau, jêngandika sagêd adamêl punapa-punapa ingkang jêngandika kajêngakên. Ing sasagêd-sagêd dipun jumênêngna, dipun santosakna, [santo...]

--- 159 ---

[...sakna,] dipun saèkna, tuwin dipun damêla ingkang aji sang pribadi wau. Jêngandika botên sagêd ambiyantu sadaya. Jêngandika namung sagêd ambiyantu saperangan alit, nadyan makatêna ewadene jêngandika inggih sampun nama ambiyantu.

Jêngandika sagêd anambutkarya malih ingkang tanpa watês, tinimbang sanès-sanèsipun tiyang, punapadene barang-barang ingkang wontên ing panganggêpipun para têtiyang wau aji sangêt, tumrap jêngandika lajêng botên wontên, jalaran botên sapintêna aosipun (têgêsipun). Barang-barang ingkang sagêd damêl kasusahan tumrapipun tiyang sanès, punika tumrap jêngandika botên sagêd adamêl panandhang, amargi jêngandika sumêrêp, jêngandika sugêng, sarta kasunyatan punika dumunung wontên ing latu ingkang botên kenging ing pêjah, ingkang sampun jêngandika sumêt wontên ing latuning kalanggêngan.

Utusanipun Surya.

Kula, ingkang dados siswanipun pamulanganing para anambutkarya, ingkang sami ambiyantu pakaryanipun Hyang Surya, minăngka utusanipun ing saperanganing cakrawala (Stelsel) dhatêng cakrawala sanèsipun, asring amêlêng dhatêng panjênênganipun, ingkang tumrap kula langkung saking paprentahaning batos tumraping jagad, langkung saking para guru, panjênênganipun, inggih pêpadhang, gêsang, sunaring cakrawala kita inggih panjênênganipun ingkang kula sagêd andulu sarana netra wadhag. Kula botên butuh marsudi kasêktèn, kula sumêrêp panjênênganipun, punika sampun cêkap, awit kula sumêrêp, manawi kula punika ningali dhatêng panjênênganipun, kula ugi ningali dhatêng pribadi kula piyambak, kadosdene kula punika inggih badhe dados panjênênganipun, punapa malih kula ugi sumêrêp, manawi kula punika surya, ingkang sumorot. Inggih kajêngipun sanadyan padhangipun punika alit sangêt, ananging kula sumorot wontên ing salêbêting alam kula piyambak, sanajan sorot wau taksih rêmêng-rêmêng, kula sumorot kadi panjênênganipun, adi endah anggènipun sumorot ing sagung dumadi, punapamalih sarèhning panjênênganipun punika têrus sumorot ingkang botên wontên sudanipun, kula ugi têrus sumorot. Ingatasing kabêgjan, karosan, indhak, sarta pangrêbda kula, punika kula amung kalamăngsa aningali dhatêng utusanipun ingkang langgêng, ingkang sumorot ing antariksa, inggih satunggaling utusan, ingkang suka pamarêm luhur dhatêng kula. Sanès pamarêm ingkang rupak, nanging pamarêm ingkang sumorot, sarta tansah anyurung minggah-minggah ngantos wêkasanipun, salêbêtipun pintên-pintên [pintên-pi...]

--- 160 ---

[...ntên] măngsa, têtêp manunggal lan panjênênganipun.

Awit saking punika, jêngandika lajêng sumêrêp, kados punapa cêthanipun margi ingkang kula ambah. Kangge kula, botên kula raosakên kadospundi anggènipun pun Dhadhap punapa pun Waru angraosi. Tuwin malih kula ugi botên prêlu angraosakên, kadospundi luhuripun kawruh praja, kadospundi badhe pamanggèn kula ing têmbe, punapa wontên swarga punapa wontên ing naraka. Nadyan kula dumunung ing naraka, kula inggih mirantos badhe mêdal malih sarta kula ugi botên sênêng têrus dumunung ing swarga. Kula kapengin gêsang ing dalêm kawontênan ingkang angwontênakên swarga tuwin naraka wau, supados kula sagêd unggul saking swarga tuwin naraka. Dados têmbung ingkang gandhèng kalihan naraka, tuwin sintêna, ingkang kenging kita wastani setan ing salêbêtipun naraka, sanajan pintên-pintên taun sampun mêmitran sae kalayan kula, punika: abdi jêngandika. Jêngandika sagêd damêl swarga saking sabên-sabên naraka, kadosdene jêngandika utawi kula sami sumêrêp, bilih ing salêbêtipun naraka punika isi suwarga. Sadaya wau margi, sadaya wau inggih kasunyatan.

Burgerschap Anyar.

Margi punika, inggih ingkang adil, nanging ugi anyênêngakên sarta amenginakên, ingkang kathah pikajêngipun tumrap saperangan kula: badan wadhag, pangraos, tuwin peranganing badan pikiran kula, inggih margi endah wau, ingkang saklangkung nyata, punika perangan ingkang adiluhung ingatasing kaluhuran ingkang wontên ing pribadi kula. Margi wau kêdah botên kula ambah piyambak ingatasipun tiyang satunggal, ananging kajêmbarakên. Dados ing sabên wanci kula tansah amaspadakakên, punapa kula sagêd ambangun margi wau gandhèngipun kalayan tanah Ostrali. Dangu anggèn kula angraosakên. Botên wontên nagari ingkang agêng pangajêng-ajêngipun kajawi tanah ngriki. Bokmanawi kula langkung kathah anggèn kula anjajah nagari-nagari, katimbang jêngandia, bokmanawi kula langkung jêmbar jajahan kula ingatasing tanah-tanah katimbang jêngandika, ananging sadaya nagari-nagari ingkang sampun kula ambah wau punika, kula kapêksa anyariyosakên, bilih botên wontên nagari agêng, sanèsipun Indhu, ingkang sagêd suka kasaenan langkung kathah dhatêng jagad, kajawi namung Ostrali, botên ngêmungakên tumrap karajan. Jêngandika wontên ngajêng ingatasipun suka kasaenan wau. Dene sêsanggêmanipun, ngudi murih jumênênging pribadinipun, luhur, mangrêtos yêktos, botên alitan manah, kathah karuntutanipun luhur, inggih satunggaling pamribadi,

--- 161 ---

ingkang nyata angalami kalayan jêmbar. Punika ugi atêgês burgerschapingkang dèrèng kasumêrêpan ing jagad punika, inggih burgerschap ingkang dipun wiwiti saking kêkiyataning kamanungsanipun piyambak, sarta gêsang ing dalêm kêkiyatan wau, ananging botên karupêkakên dening wêwatêsaning pribadi asor (pamrihipun piyambak). Manawi jêngandika sadaya sagêd andulu jêngandika piyambak, sarta sagêd nyata dados isining pribadi jêngandika, manawi jêngandika sagêd nyêpêng ingkang sabên-sabên tansah sumingkir, ingkang kalampahanipun sagêd gêpokan punika manawi pinuju amêlêng, samăngsa jêngandika sagêd anglastantunakên kawontênanipun pamêlêng, ingkang rikat lampahipun, manawi jêngandika sagêd ambangun, ing ngriku jêngandika sagêd anuntun Ostrali dhatêng burgerschap linuhung, sarta jêngandika badhe sagêd anêdahakên, Ostrali dhatêng jagad, ingatasing burgerschap anyar sarta jagad anyar punika punapa.Punika barang ingkang aji saha luhur. Mila kula badhe angayahi bab prakawis punika, karêmbag ing sarasehan ingkang badhe kula wontênakên, sarta kapacak ing sêrat kabar Advance Australie. Punika sakalangkung prasaja saha gampil tumrap ngakathah angwontênakên burgerschap tuwin anggêgêsang, ananging inggih burgerschap ingkang badhe damêl ewah-ewahanipun gêsang bêbrayan.

Para Nata ing Ostrali.

Sajatosipun punika sanès prakawis anglêmpakakên tiyang, sanès prakawis rêrakêtan, parêpatan utawi pakêmpalan, sanès prakawis rêrêmbagan utawi wicantênan, nanging prakawis gêsang ing dalêm jagad anyar, ingkang botên pinalangan dening wêwujudan. Inggih punika gêsang ingkang kêdah kita gandhèngakên kalihan burgerschap.

Saking pangajêng-ajêng kula, mugi jêngandika kaparêng amanah prakawis punika, sarta kawontênan jêngandika piyambak. Jêngandika anyinaua, bingaha dhatêng kawontênan jêngandika, kraosa bêkja, pitadosa dhatêng dhiri jêngandika piyambak, sênêng dhatêng kawontênan jêngandika, ing ngriku jêngandika sagêd sênêng kalayan sanèsipun. Manawi jêngandika sênêng dhatêng sanès, punika amratandhani manawi jêngandika sampun amanggih pribadi jêngandika. Manawi botên wontên ingkang jêngandika sênêngi, punika atêgês, jêngandika gêsang ing dalêm kawontênan ingkang botên langgêng, dados botên wontên ing dalêm kalanggêngan. Manawi jêngandika gêsang ing dalêm kalanggêngan, ing ngriku jêngandika badhe sagêd sênêng kalayan sadaya tiyang, sanajan awon utawi sae wujudipun têtiyang wau. Jêngandika badhe andulu, punapa ingkang langgêng ing lêbêtipun, badhe sumêrêp, bilih têtiyang wau kadadosanipun [kadadosa...]

--- 162 ---

[...nipun] surya, ingkang jêngandika badhe anyumêrêpi piyambak badhe mancorongipun, sarta ing ngriku jêngandika badhe ambiyantu têtiyang wau, punapa malih jêngandika badhe botên katêlasan ing pangajêng-ajêng, saha botên badhe wontên lampah kaplèsèt. Tanah Ostrali punika kagolong ênèm, dados taksih kêdah majêng langkung têbih, manawi jêngandika purun anuntun. Manawi jêngandika botên anuntun, bilih pakêmpalan teyosupi tanah Ostrali punika botên anjêmbarakên saking pamribadinipun ngantos dados panuntun (leiderschap), ing ngriku Ostrali kapêksa angêntosi pêparingipun panuntun saking paprentahaning batosing donya, dhatêng tanah Ostrali ngriki, ingkang badhe kalayan ènthèng sarta kawawa anindakakên, ingkang kula tuwin jêngandika botên sagêd anglampahi. Ewadene kita botên mandhêg. Dados taksih wontên pangajêng-ajêng, pakêmpalan teyosupi ing ngriki taksih gêsang, ingkang jêngandika botên sagêd amanggih ing pakêmpalan teyosupi ing sanès-sanèsipun.

Katranganipun, bilih taksih wontên gêsang, taksih wontên pangajêng-ajêng. Samangke dumunung ing jêngandika, dados jêngandika sagêd anindakakên. Dene sintêna, ingkang sagêd anindakakên, punika narendra.[2] Manawi jêngandika tuwin kula nêdya dados narendranipun tanah Ostrali, Ostrali badhe majêng dumugi karajan agung. Dados kita botên prêlu aniti dhatêng kadadosanipun, utawi manut dhatêng tiyang sanès. Manawi kita punika dados, kados ingkang kita tindakakên, bilih kita miturut pribadi luhur, kita anêtêpi kuwajiban kita piyambak. Dene mênggah kadadosanipun, punika cêkap kita pasrahakên dhatêng sintêna, ingkang langkung wicaksana katimbang kita. Kita amung wajib anindaki, sagêdipun dados narendra. Kita wajib damêl agênging pangwasanipun Ostrali ing têmbe. Punika margi kita, mila mugi sampun wontên setan ingkang dumunung ing margi wau.

Kasantun ing têmbung Jawi saking Theosofisch Maandblad.

--- 163 ---

Ihtiyar Murih Jagad Kita Punika Tumuntên Sagêd Têntrêm.

Dening: Sadana, Tawangsari.

Tiyang ingkang drajading kamajênganipun sawêg dumugi tataran kadonyan, punika ingkang katingal wontên ing ngajêng tumrap gêgayuhanipun, têmtu prakawis kamulyanipun gêsang ing donya, inggih punika: kasugihan tuwin kawiryan, dipun punapak-punapakna bilih tataraning kamajênganipun punika sawêk dumugi ngriku, mêksa botên sagêd malèncèng saking bab kanikmatan donya, punika sampun botên sagêd dipun paibên malih, jalaran kakêncêngan ingkang sangêt pêngkuh wau, sampun karancang ing gêsangipun ingkang kapêngkêr. Anamung sanajan makatêna prayoginipun pangudi wau kêdah dipun sranani makatên: wiwit saking drajat ingkang sakalangkung andhap, panggayuhipun dhatêng sanginggilipun punika, sasampuna mawi lambaran kabatosan (dhêdhasar kamanungsan) prêlunipun supados sampun ngantos damêl karisakaning sanès, awit karisakaning sanès wau, inggih karisakanipun piyambak ugi. Kita kêdah tansah angèngêti, sanajan panggayuh kita dhatêng kasugihan wau botên kanthi nêsêp rahipun tiyang ingkang ringkih, saha panggayuh kita dhatêng inggahing pangkat botên mawi kurban kănca, punika ugêr mantêp yêktos pangudinipun, sampun têmtu botên badhe malèsèt. Dados ing sasampunipun kalampahan sugih, luhur pangkatipun, kuwasa, punika sampun botên sawênang-wênang tindakipun, jêr wiwit saking drajad ingkang sakalangkung alit sampun anglêgutakakên dhatêng kasaenan, sampun sinau manah kawilujênganipun tiyang kathah, dados sampun atul, ing wêkasan manawi racak-racakipun sampun makatên, jagad kita punika tumuntun sagêd têntrêm.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika, kula gadhah pamanggih, sanajan kita ingkang taksih sami dumugi tataran kadonyan wau taksih anggayuh donya, saupami sarananipun panggayuh wau dipun walik, inggih punika kita lajêng kapara ngungkurakên kadonyan babarpisan, kita lajêng anggayuh kasukcèn, punika dumugining êndon makatên kita lajêng kapara anggadhahi sadaya (yèn wus kêmba lali ing kono jinurung) pasêksènipun: pintên-pintên para sukci, sanajan [sana...]

--- 164 ---

[...jan] sampun botên krêsa donya, ewadene sugêngipun inggih mêksa taksih kanthi donya, inggih punika: wiryawan, hartawan tuwin gunawan, ananging sanajan makatên kawontênanipun, sampun botên kabănda ing kadonyan. Bok inggih sumăngga sami dipun cobi.

Noot Redactie: nunggil suraos, namung anggèn kula nêmbungakên kemawon ingkang beda. Para suci punika botên tampik pilih dhatêng lêlampahan punapa kawontênan ingkang kêdah dipun alami, nadyan dumunung wontên ing dhatulaya punapa wontên ing wana, sami kemawon, botên nate gadhah susah utawi bingah, wontênipun namung timbang, inggih jalaran saking anggènipun sampun botên kêlèt, kalihan sadaya barang ingkang kenging risak, mila wontênipun namung têntrêm. Tumrap kula tiyang limrah, rèhning nyingkiri pêpenginan dhatêng kadonyan punika pancèn inggih awrat, mila nadyan kêpengina pisan, manawi manah punika botên korup sangêt-sangêt dhatêng mriku, inggih sampun ragi lumayan, têgêsipun inggih kêdah dipun èngêti manawi ingkang dipun oyak punika sanès barang langgêng (nanging kenging risak) dados upami lêpat pangoyakipun utawi koncatan, sampun ngantos dipun damêl anggarantês, èngêta bilih punika dede gêgayuhaning gêsang ingkang sanyata. Mila sanadyan bandhanipun risak, manahipun sampun tumut risak, inggih sêtiyar pados malih kemawon sakadaripun, kangge cagaking gêsang utawi kuwawining ngibadah.

Intên Jumêrut.

Padha uripa kalawan rukun ing antaranira (siji karo sijine). Waclihuzata bainikum (s. 8: 1.)

Manawi sira padha karêp marang pirukun, turutana karêpira marang pirukun iku. Wa in janahu lissilmi fajnah laha (8: 61.).

Kawulane dzat Kang Maha Murah iku kang lumaku ana ing bumi kalawan alusing budi. Wa'ibadu-r-rahman, allazina jamsjuna 'alaallardi haunan (25: 63.).

Nalikane mrangguli rêmbug kang ala (lahan), sumingkira kanthi patrap kang utama. Waiza marru bi-l-lagwi marru kiraman (25: 72.).

Manawa katêkan piala, tulakên kalawan dalan kang luwih bêcik (sarana patrap kang mangkono), wong kang maune dadi satrunira, bakal dadi mitranira kang bêcik. Idfa'bi-l-lati hija ahsan faiza-l-lazi bainaka wa bainahu'ada watun, kaannahu walijjun hamim (41: 34.).

Calathua kang bêcik marang manungsa. Watqulu linasi husnan (2: 83.).

Sawijining golongan aja anggêguyu ing golongan liyane, bokmanawa golongan liyane iku luwih bêcik tinimbang dhèwèke. Lan aja nyuda kaurmataning liyan, lan aja nguwuh ing liyan sarana jênênge julukan (wadanan). La yas khar qaumun min qaumin 'asa an yakunu khairan minhum, wala nisaun min nisain 'asa an yakuna khairan minhuna, wa la talmizu anfusakum, wa la tanabazu bi-l al-qabi (49: 11.).

Aja andalih ala marang liyan, manawa sira ora wêruh têrang marang alane. Sayakti pangrungu, pandêlêng, lan ati iku kabèh bakal kajibah ing kukum tumrap prakara iku. Wa-la-taqfu ma laisa laka bihi ilmun; inna-s-sam'a wa-l- bacara wa-l- fuada kana 'anhu masula. (17: 37.).

Purwakêrta, April '30

Sri Abdulah.

--- 165 ---

Kawruh Islam.

Kawruh sufi wontên ing agami Islam.

Sêrat-sêratipun guru supi Syèh Syarifudin Manèri.

(5).

Bab Sipat-sipatipun Sawênèh Guru.

Limrahipun sami amastani, kagungan sipat gangsal prakawis:

1. Bêkti ing Gusti Allah. Tiyang botên sagêd sampurna bêktinipun, manawi tiyang botên madhêp dhatêng sanèsipun, kajawi namung dhatêng Gusti Allah.

2. Daya kêkiyatan ingkang dipun angge nampèni kasunyatan, punika botên lumantar sintên-sintên, nanging têrusan saking Gusti Allah piyambak.

Tiyang botên sagêd ambabarakên sipat ingkang kados makatên punika, manawi piyambakipun botên sampurna yêktos, têmên sampun unggul saking pribadinipun asor.

3. Nyêlak ing Gusti Allah. Tiyang botên sagêd nyêlak ing Gusti Allah, manawi tiyang botên mirantos, kanthi sipat-sipating Pangeran, punapadene jiwa kita botên sagêd dados sela panglèlèripun cahya sipating Gusti.

4. Angsalipun kawruh bab Allah, punika botên sarana lantaran tiyang sanès. Sagêdipun makatên, manah kêdah rêsik saking sakathahing daya ingkang nabêti, inggih punika saking dayaning pamikir utawi pangwasaning cipta.

5. Panjênênganipun kêdah amumpuni saolah kridhaning kawruh batos, ingkang gêgayutan kalihan kawruh bab dzating Pangeran, sipat-sipating Pangeran saha apngaling Pangeran. Tiyang botên sagêd dumugi ing tataran punika, tanpa lair ingkang kaping kalih:

Tiyang ingkang kalairakên saking guwagarbaning biyungipun, sumêrêp donya punika, nanging tiyang ingkang linairakên wontên ing dalêm pribadi agung (inggih punika tiyang ingkang sampun sagêd nyèlèhakên utawi nglilahakên punapa nyalip pribadinipun asor) sumêrêp kawontênaning alam-alam luhur.

Ugi kacariyosakên, bilih sipat-sipating guru punika botên sagêd cinăndra tuwin tanpa wilangan. Satunggaling guru punika

--- 166 ---

botên asarira wadhag, ingkang sagêd kasatmata ing tiyang.

Kasunyatanipun, panjênênganipun punika wêwujudan alus, ingkang sugêngipun anggolong dhatêng Gusti Allah, wontên ing alaming kasunyatan, angrasuk sipat rahman lan rakhim saha sipat kang pinuji ... .Wontên pitakenan: kadospundi tumrap sawênahing tiyang ingkang sawêg jajal-jajal, sagêdipun pinanggih kalihan satunggaling guru saha juru pitêdah margi ingkang kados makatên punika, punapadene inggih sagêd nyumêrêpi yêktosipun tuwin manut panjênênganipun? Makatên punika rak nama botên sabobot, tumrap tiyang ingkang sawêg bêbinau (jajal-jajal) ngukur kawontênaning manungsa ingkang asipat Pangeran (Goddelijkemenschen) kanthi ukuraning pangrêtinipun ingkang rupêk, saha andulu panjênênganipun sarana paningal ingkang mawa watêsan. Ugi botên wontên damêlipun, manut tiyang sanès, sarana pitados kemawon dhatêng ungêlipun. Jalaran tumrap piyambakipun, kadospundi anggèning nyatakakên, punapa tiyang wau têmên satunggaling guru sajati, punapa amung ngakên-akên kemawon? Jawaban: satunggl-tunggaling tiyang ingkang sami angupaya, punika sampun sami samêkta (mirantos) ingkang saukur kalihan punapa ingkang dinarbe ing piyambakipun. Piyambakipun botên sagêd malangkah saking gadhahanipun ... nanging ugi botên sagêd ngalang-alangi piyambakipun, tumrap panganggenipun kêkiyatan ingkang sampun dinarbe wau.

Pitakenan: punapa wontên tăndha-tandhanipun, ingkang tiyang lajêng sagêd ambedakakên antawisipun guru sajati kalihan ingkang ngakên-akên, punapadene sagêd mratitisakên ingkang aji kalihan ingkang botên aji? Wangsulan: yêktosipun inggih kathah titikanipun, nanging botên sagêd anyăndra tuwin amatêsi. Prakawis punika botên wontên tăndha-tandhanipun, ingkang namung kangge nitik iya utawi botênipun, punapa ingkang dhatêng saha kesah wau nyata guru sajati utawi namung ngakên-akên kêmawon. Cêkakipun, tiyang ingkang angsal rohmating Pangeran, punika kalêbêt ing golonganipun ingkang sami ngambah ing margi gaib, tuwin sumingkir saking pakarêmaning indriya saha sahwat pêpenginan, punapadene manahipun namung madhêp dhatêng Gusti Allah. Manawi makatên, sunaring prabanipun sawênèh guru ingkang sampurna badhe sagêd tinampèn wêwayanganipun wontên ing salêbêting pangilonipun manah ... .Manawi sawênèh siswa ingkang sanyata nyumêrêpi sumunaring praba ingkang kados makatên [maka...]

--- 167 ---

[...tên] punika, sanalika piyambakipun lajêng agêgeyongan sih ingkang agung tumrap kaendahaning kêkiyatane ka-Allahanipun. Ing salajêngipun siswa wau wiwit karaos molak-malik manahipun, saha karaos botên sênêng, makatên punika ingkang nyababakên piyambakipun angancik ing margi gaib. Raosing manah ingkang molak-malik (botên sakeca) punika, dados ngalamatipun kabêgjan saha kadumugèning sêdya. Sampurnaning kasiswan punika dumunung wontên ing kasampurnaning sih tumrap kaendahaning kêkiyatane ka-Allahanipun guru jati. Satunggaling siswa punika kêdah manut dhatêng karsaning gurunipun, saha botên manut dhatêng papenginanipun piyambak .... Ing sabên-sabên panggenan punika wontên sawênèh guru jati, ingkang angayomi para têtiyang ing sakubêngipun ngriku.

Namung wontên satunggal, ingkang dados raja, nanging ing sabên-sabên nagari wontên satunggaling guru limrah. Manut riwayat ing salaminipun wontên kêkasihing Allah (mitraning Allah) cacah 365, ingkang amitulungi donya, saha ingkang minăngka bêngawan, kangge ilèn-ilèning barkah saha rahmat saking langit, ingkang katurunakên dhatêng saindênging bawana ....

Dhuh sadhèrèk kula, jêngandika sagêd anamtokakên, bilih pakaryan punika sampun wiwit sadèrèngipun kula tuwin jêngandika wontên (pikajêngipun, sampun wiwit ing pintên-pintên jaman ingkang sampun kapêngkêr dangu sangêt = in lang vervlogen eeuwen) sarta ingkang sampun dipun inggahi dening sabên-sabên tiyang dumugi sawênèh tataran ingkang tinamtu.

Sapunika botên wontên tiyang ingkang ambukani tumandang langkung rumiyin ingatasing pakaryan wau. Sadaya punika sampun katata manut papêsthèning Allah. Punapa jêngandika ngintên, bilih para nabi cacah 100,024 punika sami nindakakên pakaryan enggal wontên ing donya? Satunggal kemawon botên wontên. Para nabi wau amung anuwuhakên punapa ingkang sampun sumimpên ing dalêm manah, kaparingakên dhatêng para manungsa, atas karsaning Allah ... sêrat 6.

__________

Umatipun Sang Buda. Navolging van Buddha.

25. Sabên-sabên wong iku wajib anyênyubur pribadine, murih thukul tekade kang santosa lan ora owah gingsir, apa manèh sumanggêm ing dhirine dhewe, ora bakal anglirwakake apa kang wus dadi sêsanggêmane.Fo-pen-hing-tsih-king (ch. 31).

26. Aluwung ingsun nyêgur ing nêraka iki ... katimbang anindaki sawênèh panggawe kang ora aji.Jataka 40.

27. Muga-muga badaningsun digilinga kongsi dadi galêpung kang lêmbute kayadene bubukan mrica, yèn nganti ingsun duwe panêdya (bakal anyidrani sêsanggêman ingsun)! Fo-pen-hing-tsih-king (ch. 25).

28. Bêgja sing sapa kang luhur budine.Dhammapada (v. 18).

29. Amêdhot talining pamrih iku mulya.Udanavarga (ch. 30. v. 26).

--- 168 ---

Sarasehan Bab Kawruh Kasuksman.

Isi pitakenan utawi jawaban, saking para marsudi kasunyatan.

Rahayua sagung dumadi.

Pitakenanipun sadhèrèk lêngganan Mahabarata tuwin Kumandhang Teyosupi no 70 S. ingkang tumuju dhatêng rêdhaksi, dalah jawabanipun rêdhaksi, kados ing ngandhap punika:

Gandarwa punika titah băngsa punapa (yèn cara Jawi kawastanan punapa)?

Jawaban: gandarwa makatên titah bangsaning para dewa, nanging dewa ingkang darajad asor. Têrangipun kados ing ngandhap punika:

Dewa punika ugi titahing Pangeran, kadosdene manungsa, mila ugi undha usuk tataraning darajadipun, wiwit ingkang asor ngantos ingkang luhur piyambak. Upami manungsa, wiwit tiyang wanan, tiyang limrah, sujana sarjana, lajêng para wicaksana sapanunggilanipun malih, minggah-minggah ngantos para nabi. Bedanipun kalihan para manungsa, dewa tinitahakên botên abadan wadhag, mila kamajênganipun ngantos wangsulipun dhatêng kamulan agung, inggih botên dadak langkung (kalairakên) ing alam wadhag,[3] awit saking punika mila dumugining kasampurnan (wangsulipun dhatêng kamulan agung) kawon rancag kalihan titah ingkang winastan: manungsa, mila lajêng dipun anggêp sangandhaping manungsa.

Ringkêsipun gandarwa punika titah bangsaning dewa, nanging dede dewa agung, sarta bokmanawi punika ingkang dipun wastani gêndruwo dening tiyang Jawi.

2. Gandarwa punika dêdunung ing alam punapa?

Wangsulan: gandarwa punika dêdunung ing alam astral.

3. Gandarwa punika kawajibanipun punapa?

Jawaban: kawajibanipun gandarwa punika damêl bêbakalan sagêd anggêtêr. Têrangipun makatên: wontên ing sêrat: Mahabarata, Bathara Cetrarata (ratuning gandarwa) punika dipun wastani pasindhèn ing kaswargan, têgêsipun pasindhèn ing ngriki, pikajêngipun gêgêtêr

--- 169 ---

(trilling), dene gêgêtêr punika ebahing bêbakalan (stof).

Coba kula dongèng sakêdhap, bokbilih dongèng kula punika sagêd amimbuhi têranging panampinipun para maos. Sarêng Prabu Drêtarastra sampun sèlèh kaprabon, inggih punika 36 taun saking sabibaring prang agêng ing Têgalkuru-pêrangipun Pandhawa mêngsah Kurawa-lajêng dêdunung ing wana, kadhèrèkakên Dèwi Gandari, Sang Sanjaya, Sang Widura, tuwin Dèwi Kunthi, karsanipun badhe mangun kasutapan, ngèsthi kamuksan. Wusana sami kabêsmi, awit wana dunung anggènipun ambangun tapa wau kabêsmi.

Manawi tiyang Indhu mastani, bilih Sang Prabu Drêtarastra, kasêmbadan sêdyanipun, sarana pangwasanipun Bathara Agni. Dados kobaring wana, punika dipun anggêp saking pakartinipun Bathara Agni. Bathara Agni, sanès dewa pangagênging gêni, nanging bêntèring latu ingkang adamêl kobaring samukawis ingkang katrajang, punika pangwasanipun Bathara Agni, dados ingkang nama Bathara Agni punika bêntèring latu. Makatên ugi gandarwa, punika sanès dewa ingkang nglampahakên gêgêtêr, nanging ebahing bêbakalan (stof) manawi katêmpuh ing samukawis, punika pangwasanipun gandarwa.

Bilih para maos badhe mratitisakên, mugi kaparênga maos Sêrat Mahabarata ringkêsan, anggitanipun Paduka Nyonyah Anibèsên, ingkang dipun ngalamati: paprangan agêng (The Great War).

__________

Nyuwun Pitakèn.

1. Miturut larasaning sadhèrèk ingkang sampun kula tampi, manawi sadaya raos pêpenginan badhe kabêkta dhatêng alam astral, makarti wontên ngriku. Punapa raos marêm sarta sênêng saking anggènipun kadumugèn pêpenginanipun wau botên ugi badhe kabêkta, manawi kabêkta makarti wontên alam pundi. Kula ngakêni manawi marêm sarta sênêng wau sanès ingkang saking dêdalan lêrês, sarta pitakenan kula punika botên pisan-pisan badhe kula angge prabot ngagêngakên kasênêngan saking nuruti pêpenginan.

2. Kula (tiyang limrah) gadhah pamanggih: ngagêsang punika ingkang minăngka ngèlmunipun: pangrêtos dhatêng anggêr-angêring dumadi utawi wèting Allah (punika cêkakanipun) dene lampahipun: tansah sinau sabar, pasrah, sumingkir saking pitênahan, budi rahayu, nyirêp angkara, hawa napsu, sapanunggilanipun, dados botên: ngluwêng, kungkum, mêlèk sapanunggilanipun. Pamanggih kula makatên wau punapa lêrês (lêrês tumrap larasan golongan teyosopi). Kula botên pisan-pisan mastani botên lêrês [lê...]

--- 170 ---

[...rês] dhatêng sakathahing ngèlmu, sarta lampahing sanès, ingkang kawontênanipun beda-beda, kapara kula inggih ngakêni saenipun (tumrap ingkang sampun mangrêtos lêrês lêpatipun).

3. Èngêt-èngêtan, Mahabarata nyariyosakên lêlampahanipun Rêsi Mandaweya katanjir wontên pathok, kasunduk wiwit saking jubur, sasampunipun, rêsi wau lajêng nilar kuwadhaganipun (ajal), dumugi kaswargan ngatas dhatêng dewaning adil, sabab punapa saliranipun wontên ing donya tampi siksa ingkang nistha makatên. Angsal jawaban manawi sliranipun nalika taksih lare wontên ing donya rêmên nyunduki kewan alit-alit. Rêsi Mandaweya jawab: punapa ijêngandika kasupèn, manawi lare sakirangipun umur 13 taun lêpat ing dosa.

Sapunika ingkang kula suwunakên katrangan

1. Punapa inggih nyunduki kewan alit-alit lajêng kasundukan gêntos, kadospundi têrangipun, pitakenan kula punika ugi tumrap tiyang ingkang rêmên mêjahi sadhengah kewan nyênjata enz.

2. Punapa lêrês pandamêlipun lare lêpat ing dosa, manawi lêrês, watêsanipun umur pintên.

Sasra Waluya.

Jawabanipun Rêdhaksi.

1. Marêm tuwin sênêng ingkang saking katurutaning pêpenginan, punika ugi kabêkta dhatêng alam astral.

Awit saking jawaban nginggil punika, bokmanawi anjalari tuwuhing pitakenan, punapa alam astral wontên pamarêm tuwin kasênêngan.

Atur wangsulan kula: manawi raos marêm saha sênêng ingkang sangking katurutaning pêpenginan, punika têmên kraos wontên ing astral, awit punika sanès sajatining kasênêngan, nanging têtela kasangsaran, têrangipun kados ngandhap punika:

Kasênêngan tuwin pamarêm ingkang sangking katurutan pêpenginanipun, punika bapa babuning kasangsaran, awit sabên punika risak tamtu dados jalaraning raos sangsara. Măngka kasênêngan ingkang saking katurutan wau, ugêr sampun kasêmbadan lajêng kêpenginipun saya wêwah-wêwah agêng, kados pangandikanipun Prabu Yayati, kaya gêni siniram ing martega, yèn wong nêdya matèni gêni pêpenginan dipinangkani saka jaluk katurutan pêpenginane.

Têrangipun pangandika ing nginggil punika makatên: upaminipun tiyang suwita blanjanipun sawêg sadasa rupiyah, tamtu darbe kapengin mindhak dados kalih dasa utawi langkung, sasampunipun katurutan sawatawis wulan lajêng kêpengin mindhak malih, makatên punika ingkang dipun căndra kadi latu siniram ing martega, tamtu lajêng botên pêjah urubibun, nanging malah saya mubal-mubal. Dene ingkang kula wastani bapa babuning kasangsaran punika makatên: pundi ingkang dipun sênêngi tamtu niyat dipun gondhèli sampun ngantos uwal, pikajêng kula, sampun ngantos risak utawi ical, măngka punika mêsthi ngoncati, jalaran punika sanès kalanggêngan. Sabên ingkang dipun sênêngi punika sirna, tamtu kraos sangsara, dados têgêsipun bapa babu wau: witing kasangsaran.

2. Pitakenan ăngka kalih punika nawung raos, ngiras suka pamrayogi, awit mawi mratelakakên manawi kawruh (ngèlmu) punika pangrêtos dhatêng anggêring dumados, dene lampahipun, tansah sinau sabar, sapiturutipun. enz.

Atur wangsulan kula, kawruh ingkang pakangsal punika manawi turut kalihan darajadipun, têrangipun makatên:

Kawruh panunggal punika prayogi sarta luhur, tumrap tiyang ingkang sampun darajad siswa. Nanging manawi kawruh panunggal kawarahakên dhatêng tiyang ingkang darajad among tani, punapa mikantuki. Piwulang ingkang pikangsal punika, dipun waraha, kowe sing tabêri nyambut gawe, anak bojomu dimèn padha warêk, lan nyandhang. Enggalipun kawruh ingkang sae inggih ingkang turut lan darajating jiwanipun.

Dene patitising lampah saha botênipun, punika gumantung [gu...]

--- 171 ---

[...mantung] wontên ingkang dipun gayuh. Têrangipun makatên: tiyang ngluwêng, kungkum, mêlèk sapanunggilanipun, punika nadyan golonganipun para teyosopi ugi mastani lampah patitis, manawi anggènipun lampah makatên wau, wigatosipun kangge minangkani, supados badanipun lungkrah, lungkrahing badan adamêl lêmêsing bêbayu alus ing utêk, manawi bayu ing utêk lêmbèk, lajêng gampil karaos ing gêtêripun alam kang alus. Mila tiyang lajêng dados narawang utawi wêruh sadurunge winarah. Upami tiyang darbe kasagêdan makatên lajêng nglampahakên padhukunan, punapa botên laris? Dados pratitis saha botên punika botên kenging kaumumakên, jalaran lampah ingkang pratitis kangge brahmana (upaminipun) punika têtela botên mikantuki tumraping satriya.

Jawabanipun pitakenan ăngka 3 perangan satunggal, kados ngandhap punika:

Paukuman punika mêsthi timbang kalihan kalêpatanipun, dados manawi mêmêjahi kewan alit satunggal, tiyang kaukum pêjah, punika botên lêrês. Kangge upami pêksi, punika ajining gêsangipun botên sak gêsanging manungsa. Amargi gêsangipun pêksi punika dipun wastani grupsil. Enggalipun gêsanging tiyang satunggal, punika manawi pêksi inggih ngantos maèwu-èwu, dados tiyang mêjahi pêksi satunggal botên sami kalihan mêjahi tiyang satunggal. Langkung malih manawi anggènipun mêjahi wau botên saking rêmênipun mêmêjahi, kados para tiyang ingkang panggêsanganipun wade ulam pêksi, punika anggènipun mêjahi, têrang botên saking rêmên mêjahi, nanging tancêping cipta badhe pados têdha, sampun mêsthi saya langkung ènthèng. Kosokwangsulipun, manawi tancêping cipta saking rêmên mêjahi tamtu langkung awrat.

Jawabanipun pitakenan ăngka 3 perangan 2 kados ngandhap punika:

Nadyan lare mêsthi wontên paukumanipun. Kintên kula Wedha mratelakakên manawi lare dèrèng umur tiga wêlas taun punika lêpat ing dosa, pikajêngipun manawi tiyang mêjahi ingkang amung nglampahi wajib, kados ta prajurit bilih prang, punika botên dosa, awit botên sinurung dening kajêng niyat mêjahi, nanging prang amargi nêdya ngayomi praja wutah rahipun, dados tancêping ciptanipun badhe nglampahi pandamêl sih dhatêng tiyang ingkang sami dêdunung ing prajanipun. Saking pamanggih kula ingkang kaisbatakên lare umur samantên wau, ingkang anggènipun mêjahi botên tinuntun kajêng awon. Amargi lare umur 13 taun mangandhap punika limrahipun dèrèng gadhah manah awon, dados nadyan mêmêjahi sagêd saking sih, upaminipun makatên: lare alit dolanan dokiyik, têmahan dokiyikipun pêjah, punika rak sampun cêtha, manawi lare wau botên niyat mêjahi, ananging saking rêmênipun dhatêng dokiyik. Ewadene pandamêlipun ingkang dados jalaraning pêjahipun dokiyik punika, ugi badhe nguwoh. Dados manawi miturut panglaras kula wêwaton kawruh teyosupi mêkatên, sihipun lare dhatêng dokiyik wau inggih badhe ngundhuh woh sih, nanging kalèntuning panindakipun ingkang jalari pêjahipun dokiyik, inggih badhe nguwoh. Rèhning tiyang botên sagêd mêsthèkakên uwoh ingkang kadospundi ingkang badhe sinandhang tumrap kalèntuning panindak wau, mila kula inggih amung sagêd ngaturi upami ingkang sakintên laras, inggih punika kadosdene tiyang ingkang kalèntu anggènipun anjampèni sêsakiting badanipun piyambak, utawi dhatêng anakipun punapa dhatêng semahipun. Kalèntunipun wau botên sabab saking dipun jarag, nanging saking botên mangrêtosipun, saha saking sihipun dhatêng badanipun, utawi dhatêng anak punapa semahipun ingkang sakit wau, daya-daya tumuntêna sagêd saras, wêkasan saking botên mangrêtosipun kalampahan malah damêl kapitunan utawi kasangsaranipun.

__________

Susulan Katrangan saking Pitakenanipun Sadhèrèk: Sadana Tawangsari.

Kasbut nut rêdhaksi ing K. Th. Ăngka 5 rêdhaksi mitêrangakên mênggah ingkang dados gêgayuhanipun sadhèrèk Sadana, ing wêkdal partap anuhoni piwulangipun paguron Jawi, murih rêdhaksi sagêd pratitis anggènipun ngaturi jawaban, mênggah katranganipun saking sadhèrèk Sadana, kula ringkês kados ing ngandhap punika:

Patrap panindakipun sadhèrèk Sadana, kados ingkang sampun kawrat ing kumandhang ăngka 3 punika kenging kagrêba mêngku gêgayuhan kalih warni, inggih punika gêgayuhan donya, kalihan akirat (lair kalihan batos). Gêgayuhan lair, inggih punika manawi wontên kalamangsanipun kabêntus ing kabêtahan, ing pangangkah pados wêwêngan, supados sagêd sumêrêp marginipun icaling rêribêdipun wau. Gêgayuhan akirat, supados sagêd pana dhatêng gêgayuhan ingkang minăngka gêgêbêngan, sarana badhe nyumêrêpi utawi nyatakakên kawontênaning Gusti. Mila sampunika nyuwun dipun têrangakên mênggah silah-silahipun, kalih warni wau, tuwin kados ingkang sampun kasêbut ing kumandhang ăngka 3, upami kalajêngakên panggladhinipun, wontên bêbayanipun punapa botên.

__________

Jawabanipun Rêdhaksi.

Kawuningana lampah pamêlêng têrang sagêd migunani tumrap ing donya tuwin ing akerat. Namung kemawon wênangipun tiyang [ti...]

--- 172 ---

[...yang] sinau mêlêng, ingkang tancêping cipta kangge minangkani panunggal, punika manawi tiyang sampun anglampahi lanjoning panunggal, amargi tiyang ingkang badhe nunggal punika kacăndra kadosdene tiyang ingkang badhe minggah ing wuwungan, mokal sagêd kalampahan botên sarana mènèk ăndha, dados tiyang mêsthi botên sagêd mancolot samantên inggilipun wau. Dene ingkang kacăndra ăndha minăngka pirantosipun kangge mènèk dumugining wuwungan, punika lampah kriyayoga. Manawi sadhèrèk badhe matitisakên prakawis punika, kaparênga maos Sêrat Yoga Sutrapatanjali, samangke sampun wontên ingkang kasantun ing basa Jawi, sintêna ingkang kapengin mundhut, sagêd mêling tumbas dhatêng administrasi kumandhang. Ewadene kangge pamarêmipun ingkang sêlak kapengin priksa, ing ngandhap punika ringkêsaning katranganipun.

Ingkang dipun wastani kriyayoga makatên, lampah gangsal prakawis:

1. Yama. Wujudipun sumanggêm botên mêmêjahi, botên badhe goroh, mandung, rêsah tuwin dhahga.

2. Niyama.Inggih punika: sukci, narima, matiraga, sinau lan pasrah dhatêng iswara.

3. Asana. Inggih punika patrap ingkang prayogi kangge minangkani samadi.

4. Pranayama. Têgêsipun: ngewahi lampahing napas padatan.

5. Pratiyahara. Têgêsipun: tumulèh lumêbêt.

Katranganipun ingkang langkung panjang, tumrap satunggal-tunggaling lampah tuwin sêsanggêman punika, sampun kawrat sadaya wontên ing Yoga Sutrapatanjali (wiwit kaca 29 salajêngipun). Lamah ăngka katiga (asana) punika mratelakakên patrap ingkang prayogi piyambak kangge nglampahi anggayuh samadi. Dados sanèsipun punika inggih kirang prayogi, mila patrapipun sadhèrèk Sadana, sarana tilêman, punika inggih kirang prayogi. Awit têrangipun, tiyang tilêman punika kathah cakram agêng-agêng ingkang kapidih, manawi wontên cakram agêng ingkang kapidih, badhe nuwuhakên sêsakit, tuwin kapitunan sanès-sanèsipun malih, ingkang panjang sangêt upami kula aturakên sadaya wontên ing ngriki. Dene patrap ingkang prayogi piyambak punika lênggah sila ingkang jêjêg sarta ingkang sakeca, sampun ngantos wontên ingkang mathênthêng, kadosdene lênggahipun rêca Buda, tuwin sapanunggilanipun. Wosipun ingkang langkung rumiyin, tumrap tiyang ingkang ngangkah badhe manunggal, punika mangun watak utami, sarananipun mangrèh watak-wataking badan têtiga (badan wadhag, pangraos sarta pamikir), ingkang limrahipun winastan mêrangi hawa napsu utawi nyêmbêlèh hawa napsu, supados tiyang sagêd ngruntutakên watakipun (sipatipun) salaras kalihan sipating Gusti. Kados sadhèrèk inggih sampun botên kêkilapan, bilih kawontênan ingkang botên nunggil laras utawi nunggil watak, punika botên sagêd kêmpal. Candranipun kadosdene toya kalihan latu, manawi kathah toyanipun, latu sirna, bilih kathah latunipun, toya badhe asat. Samantên ugi tiyang ingkang dèrèg sagêd angruntutakên sipatipun, sami kalihan sipating Gusti, prayogi sampun anglêbêti jamaning ka-Allahan rumiyin, amargi manawi kaprusa badhe nêmahi karisakan. Tuwin kathah bêbaya-bêbaya ingkang badhe nangsaya piyambakipun, wontên ing satêngahing margi gaib (inggih punika margi ingkang pangambahipun sarana pangraga suksma) kados katranganipun guru supi Syarifudin Manèri, ingkang kawrat ing kumandhang ăngka 6.

Dene katranganipun atur kula ing nginggil: lampah pamêlêng têrang migunani ing donya tuwin ing akerat, punika makatên:

Ingkang nama pamêlêng, punika pikir sampun sagêd golong dhatêng salah satunggaling bab ingkang nêdya kaèsthi, ngantos dangu botên nyalèwèng dhatêng sanès bab, saha ngulur. Ingkang kula wastani ngulur ing ngriki punika makatên, tiyang anggagas wujuding wadhah rèk, punika adhakanipun lajêng èngêt dhatêng wêdalan saking pundi, gambaripun punapa, agêngipun sapintên sapiturutipun, nanging inggih taksih bab wadhah êrèk wau, inggih makatên punika ingkang kula wastani ngulur.

Ing mangke kula badhe miwiti gênging pigunanipun pikir ingkang sampun sagêd mêlêng. Sarana pamikir ingkang makatên wau tiyang sagêd angsal wêwêngan tumrap pitakenaning manahipun ingkang dados kabêtahanipun, sarana pamikir wau tiyang sagêd nyarasakên tiyang sakit, sagêd nêdahi punapa-punapa dhatêng tiyang sanès (sulapan), sarana pamikir tiyang sagêd ambêbingah tiyang sêdhih, sagêd nilêmakên tiyang ingkang botên sagêd tilêm, tuwin sapanunggilanipun malih, kathah sangêt upami kula pratelakakên dayaning pamikir (cipta) ingkang sampun sagêd mêlêng, tumrap kabêtahaning tiyang gêsang ing donya. Kula ringkês samantên kados sampun cêkap kangge ancêr-ancêr, amung manawi wontên sadhèrèk ingkang badhe matitisakên kemawon, kaparênga andangu pundi ingkang niyat dipun pratitisakên.

Dene pigunanipun tumrap ing akerat, manawi tiyang sampun sagêd mêlêng, tiyang sagêd ngambah akerat salêbêtipun gêsang, bokmanawi wontên ing kalimrahanipun băngsa Jawi winastan mingkrat (mikroj = minggah) têgêsipun ngambah ing alam ingkang langkung luhur. Manawi tiyang taksih gêsang, măngka sampun sagêd ngambah ing akerat, punapa têmbe manawi dumugining jangji (tilar donya) badhe bingung malih? Rak inggih botên, punika pigunanipun tumrap ing akerat.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


botên. (kembali)
§ Têmbung narendra ing ngriki punika isbating jiwa ingkang sampun sagêd dados sela panglèlèraning apngalipun Pangeran, têgêsipun nindaki pandamêl luhur ingkang sampun botên kabănda ing pamrihipun piyambak, dados sanès ratu ingkang ing kalairanipun lênggah ing dhampar kancana wontên ing dhatulayanipun, tuwin kaadhêp para nayaka tuwin wadyabalanipun, tuwin sapanunggilanipun. Wontên ing sêrat-sêrat kasuksman. Sampun kalimrah nyăndra jiwa, punika kaisbatakên taru (aji). Red. K. Th. (kembali)
§ Tiyang Jawi kina sampun sumêrêp dhatêng kawontênanipun para dewa, katitik saking pandamêlipun ringgit wacucal, manawi damêl dewa mawi sêpatu, pikajêngipun botên dadak dhatêng donya. (kembali)