Kumandang Teyosupi (Tahun 10: Hlm. 408-432), Swastika, 1931, #503

TAHOEN X NO. 10 OCTOBER 1931.Kumandhang Teyosupi

KOEMANDANG THEOSOFIE

Typ Drukk. Swastika-Solo.

Ôngka: 10: punika angêwrat:
Kanyataan lan piyandêl ... kaca wiwitan.
Pêthikan Het Evangelie van Buddha ... kaca 412
Gugontuhon kalihan teyosopi (3) ... kaca 413
Jawaban katur sadhèrèk Sadana-Tawangsari (2) ... kaca 415
Katrangan sawatawis dhumatêng sadhèrèk Sadana (2) ... kaca 417
Wangsulan pitakènipun sadhèrèk Sadana (1) ... kaca 421
Nyuwun pitakèn ... kaca 426
Gêsang ... kaca 428
Cariyos Prabu Suryakôntha (10) ... kaca 430

__________

Isinya ini nomer:
Suka berkata benar (nyata) ... kaca permulakan
Penerangan di jalan ... kaca 434
Barang baik ... kaca 438
Karma (10) ... kaca 439
Kimiya-us-Sa'ada (5) ... kaca 443
Fikiran-sangsi (2) ... kaca 446
Perhubungannya yang mengetahui-yang diketahui-dan tahu ... kaca 447

Barang siapa yang menerima proefnummer diharap memberi kabar dalam 15 hari, kalau tidak, dianggap berlengganan.

--- [0] ---

Kumandhang Rakyat

Sêrat kabar umum, kawêdalakên sabên dintên Kêmis, dening pangrèh agêng Budi Utama.

Juru ngarang pangarsa: Harjasumitra

Rêgining lêngganan f 0,40 sawulan (Indhonesiah)

Mundhut lêngganan dhatêng: Administratie "KOEMANDANG RAKJAT" SOLO.

__________

GADHADHARA

RAMA KRÊSNA

Sêrat Gadadara inggih Rama Krêsna kapêthik saking sêrat ingkang kawêdalakên saking Tuwan Dr. Louis A. Bachler.

Isi babaran kawruh kasunyatan, katêdhak ing têmbung (saha aksara) Jawi dhatêng Radèn Jayasudira lan Radèn Prawirabrata.

Rêgi satunggal buku, rumiyin f 1.- sapunika kaandhapakên namung f 0,75 manawi kakintun mêdal pos tambah f 0,08.

Kaparênga mundhut dhatêng: Boekhandel SARWASIH KAWATAN SOLO

--- [409] ---

Taun X ôngka 10. Oktobêr 1931.

Juru ngarang pangarsa Radèn Mas Partawiraya.

Para juru ngarang Radèn Ngabèi Dutadilaga, Radèn Kusumadiharja, Mas Ngabèi Suyarta, Radèn Tri Hardana, Sumadiharja.

[Grafik]

SATVAN NA'STI PARO DHARMAH.

Kumadhang Teyosupi. Taman Kasunyatan.

Atministrasi: Radèn Sumadipura.

Sêrat-sêrat tumrap babagan atministrasi, tuwin bayar lêngganan, ngalamatipun dhatêng: Administratie Koemandang Theosofie p/a Loge Theosofie Solo.

Kawêdalakên sabên wulan sapisan, dening Losê Teyosupi ing Surakarta.

Rêgining lêngganan 1 taun tumrap Indhonesia f 4.- sajawaning[1] Indhonesia f 5.-

Kanyataan lan Piyandêl.

Apa kang rinungu iku ora padha karo kang dinulu.

Aja mung ngandêl thok marang apa kang dinungu.

Ora duwe pangrêti sing sapa anêtêpake salah sawijining prakara, kang mung saka pangirane mangkono.

(Arabische Wijsheid)

Kanyataan lan piyandêl, punika limrahipun asring kagêbyah padha asine, mila inggih asring damêl kisruhing panampinipun tiyang ingkang dèrèng jêmbar sêsêrêpanipun. Ing sadèrèngipun tiyang sagêd milahakên, antawisipun kawruh (ngilmu) kalihan kapitadosan (piyandêl) inggih dèrèng sagêd mangrêtos dhatêng pilahipun: teyosupi kalihan agami. Gêgêlaran teyosupi, punika tuwuh saking kawruhipun tiyang ingkang sampun wêruh (sumêrêp) piyambak dhatêng kanyataanipun, botên beda kados gêgêlaranipun para ahli supi (makripat) ing kitab tasawup, namung kaot teyosupi katranganipun adhêdhasar wètênsêkap (kawruh kilènan gagrag [gagra...]

--- 410 ---

[...g] enggal) mila inggih sakalangkung moncèr, cêtha dhatêng panampi tumrap para ingkang sampun sami anggêgulang utawi kadhasaran ing kawruh kalairan kilenan (wètênsêkap) wau. Kawruh ingkang kados makatên sinêbut kawruh kanyataan utawi nyata (ngilmu yakin), dene tiyangipun ingkang sampun nyatakakên piyambak, sumêrêp yakinipun, punika winastan sampun dumugi ing kanyataan utawi tiyang nyata (ngainul yakin).

Gêgêlaran kawruh nyata (ngilmu yakin) punika botên butuh dhatêng pangalêmbana saha botên prêduli dipun paibên, amargi ngandêl kalihan maibên punika butuhipun tiyang piyambak-piyambak, mila kangge anyapih darêdahipun tiyang ingkang taksih butuh ngandêl, kalihan tiyang ingkang taksih butuh maibên, punika namung kapancas ing pêdhang: nyatakna dhewe. Awit saking punika pakêmpalan teyosupi lajêng ngangge pasêmon: kanyataan iku sadhuwure piyandêl, utawi: kanyataan iku kang luhur dhewe. Manawi sampun nyumêrêpi piyambak dhatêng nyatanipun, ing ngriku sawêg tuwuh ing pangrêtos ingkang sajati, amargi ingkang nama mangrêtos punika bilih sampun angalami nyatakakên piyambak, sumêrêp dhatêng sajatinipun, manawi sawêg mirêngakên punapa maos piwulangipun tiyang ingkang sampun nyata, punika taksih kalêbêt ewoning piyandêl utawi kapitadosan kemawon, dèrèng nama mangrêtos utawi dados kawruhipun yêktos, sawêg kawruh têtêmpilan utawi gêthok tular punapa lungsuran (tweedehandschkennis). Dados manawi [ma...]

--- 411 ---

[...nawi] niyat angêmohi kawruh lungsuran punapa kawruh ingkang sampun tumimbal, inggih kêdah nyatakakên piyambak, supados sagêd angsal kawruh ingkang taksih murni (eerstehandschkennis) saking anggènipun ngalami piyambak, botên nirokakên utawi manut wêwaton sêrat-sêrat suci tuwin sapanunggilanipun. Mila teyosupi inggih botên amrêduli, punapa sêrat-sêrat suci wau sampun kaanggêp botên murni utawi taksih tulèn, jalaran ingkang kangge dhasar punika: nyata, mila wêwaton ingkang kangge para marsudi kawruh teyosupi inggih namung: mangrêtos, wau punika, dene sagêdipun mangrêtos, manawi sampun angalami nyatakakên piyambak, sarta lampahipun manut marginipun piyambak-piyambak, amargi sadaya agami inggih sampun sami nêdahakên margi-margi ingkang anjog ing kanyataan wau, sakanggêr pamarsudinipun punika inggih dipun bontosakên yêktos, dumugi tarekat, kakekat tuwin makripatipun, botên namung kandhêg wontên sarengat thok kemawon, mindhak tansah udur tuwin diya-diniya rêbat lêrês, pabên kasunyatan kemawon, tanpa wontên sampun-sampunipun, jalaran wujuding piwulang ingkang marôngka kasunyatan tuwin raosipun, katingal beda-beda, bilih kawawas saking netra kuwadhagan. Mila pangajêng-ajêngipun teyosupi, inggih namung: mugi-mugi kanyataan punika dadosa dhêdhasaripun sadhengah tiyang tuwin golongan, supados donya sagêd têntrêm, rahayu sagung dumadi, botên tansah rêbatan prakawis sêsêmbahan, tuwin [tuwi...]

--- 412 ---

[...n] udur bab kasunyatan, amargi kasunyatan pancèn botên prêlu dipun udur, sintêna ingkang butuh dhatêng piyambakipun, inggih anyatakna piyambak, wusana môngsa borong.

T.S.

__________

Ing sajroning donya kang sangsara iki, akèh kasusahan (kasangsaran) lan lara. Nanging kang luwih mulya tinimbang kabèh kasangsaran donya (bêgja cilaka kadonyan) iku katêntrêmaning kasunyatan, kasunyatan iku asung katêntrêman marang papenginaning ati, kasunyatan iku nêlukake dalan sasar, kasunyatan iku nyirêp ubaling angkara, lan anêkakake ing nirwana.

Nugraha sing sapa kang wus antuk katêntrêmaning nirwana. Dhèwèke wus bisa têntrêm, nadyan dumunung anèng sajroning paprangane urip lan cobaning urip. Dhèwèke wus dumunung anèng sadhuwure kaanan kang owah gingsir. Dhèwèke wus kalis saka saliring kasusahane ngurip.

Nugraha sing sapa kang wus rinasuk ing kasunyatan, lan murah asih. Dhèwèke unggul, nadyan isih bisa kêtaton. Dhèwèke têntrêm lan mulya, nadyan dhèwèke kasangsara. Dhèwèke santosa, nadyan mati dening pakaryane. Dhèwèke tan kênaning pati, nadyan badane mati. Wijining kaanan iku tan kênaning pati.

Nugraha sing sapa kang wus tumêka ing pura sucining kabudan (pêpadhang), amarga dhèwèke bisa mitulungi kadang-kadange (kabèh titah). Kasunyatan wis jumênêng anèng batine. Kawicaksanan kang sampurna amadhangi pangrêtine, apadene tulusing pambêgan, iku kang anjiwani marang gêgayuhaning sakèh pakaryane.

Kasunyatan iku kêkuwatan kang urip tumrap kabêcikan, kang ora bisa rusak, lan kang ora kêna ditêlukake. Kasunyatan iku kajumênêngna anèng ciptanira, lan kagiyarna marang para manungsa, amarga iya mung kasunyatan kang dadi juru panêbus dosa lan juru amudhari kasangsaran.

(Het Evangelie van Buddha).

__________

--- 413 ---

(3) Gugontuhon kalihan Teyosopi.

(Têlas).

Paduka Biskoplid Bètêr, punika sampun kajumênêngakên mumpuni ing gaib, sêrat karanganipun bab kawontênan ingkang botên kasat mata (De Verborgen zijde der dingen) ngantos kalih jilid, punika mratelakakên ringkêsanipun sadaya kawontênan ingkang gumêlar punika daya-dinaya kalihan kawontênan ingkang botên gumêlar, tindak-tindak utawi kawontênan ingkang limrahipun kawastanan gugontuhon, punika sami katêrangakên kalayan kanyataan sadaya, botên namung pangothak-athik kados ingkang katêmbungakên Wijsgeerig bijgeloof ngantos santun sipating gugontuhon lajêng dados kanyataan, utawi kawruh kaelokan, sarta panjênênganipun ugi mratelakakên bab gugontuhon makatên:

Piyandêl dhatêng kawontênan ingkang botên kasatmata, punika dede gugontuhon, anggêripun sampun nyatakakên sayêktos. Sanadyan ing Eropah taksih kathah gugontuhon, kados ta: wontên sadhèrèk nyirik soroting srêngenge, mindhak ngrisakakên coraking barang dandosan, môngka soroting srêngenge punika piguna agêng tumrap kasarasan, saya ing Eropah ingkang awis bêntèr, sanadyan sorot wau pancèn nyata sagêd anglunturakên corak, ngluwasakên barang, nanging manawi ngantos ngawonakên pangrêksaning jiwa raga punika nami kêsangêtên. Sanadyan ingkang sampun kawical langkung kasagêdanipun, ewadene mêksa wontên ingkang taksih

--- 414 ---

gugontuhon, botên purun ngawiti nindakakên punapa-punapa ing dintên Jumuwah, gêgrombolan sadhèrèk tigawêlas, nganggêp dintên tanggal ingkang anjalari kabêgjan lan kacilakan. Gugontuhon, punika botên gumantung ing kawontênan ingkang katingal utawi botên, namung gumantung sagêd nyatakakên utawi ngulurakên nalaripun punapa botên. Wontên paribasan: sarjana sujana punika sagêd mangrèh kawontênan, kosokwangsulipun para cobolo punika malah dipun rèh ing kawontênan.

Sêrat wangun punapa wujuding pamikir (Gedachte vormen) karanganipun Paduka Nyonyah Anibesan sarta Biskoplid Bètêr, ing purwakanipun mungêl makatên: mindhak-mindhaking kawruh, ngewahakên panganggêpipun kawruh kalairan lajêng dados pitados dhatêng alam gaib, kaelokan, wiwitanipun pitados dhatêng ètêr, hipnotismê sasaminipun ngantos dumugi astral, samangke singgêtan utawi sêsilahan barang tanpa nyawa lan ngangge nyawa, sampun sirna. Kawaspadan, sumêrêp ing gaib, awas, sagêd ngebahakên tanpa gêpokan, punika sanadyan pamarsudi ing kawruh lair dèrèng dumugi samantên, nanging botên ngrèmèhakên lan namung ngêmohi, malah dados pamarsudi, mila punapa-punapa punika prayogi dipun parsudi, sasagêd-sagêd kanyatakakên, apêsipun dipun sumêrêpi nalar-nalaripun, dados botên namung dados gugontuhon, awit ngagêsang punika wajib marsudi ngrancagakên kamajêngan, wusana sumôngga, manawi kalintu panglaras kula nyuwun pangapuntên.

Dlg.

--- 415 ---

(2) Jawaban Katur Sadhèrèk Sadana, Tawangsari.

(Têlas).

Jawaban pitakenan ingkang cinirèn aksara (ca) makatên. Dewa sanès jiwa: nanging pangwasa ingkang makarti sakathahing alam-alam, kados katrangan ing nginggil. Nanging titahing Pangeran ugi wotên ingkang sinêbut para dewa. Mila dipun wastani dewa jalaran titah wau kamajênganipun, botên mawi maujud wadhak, têgêsipun, ajêngipun ngantos wangsulipun dhatêng Gusti Allah punika botên mawi mangun kêmajêngan sarana gêsang wontên ing dunya. Awit saking katrangan punika, jalari èngêt kula dhatêng kawontênaning ringgit cucal, sabên mêtha dewa lajêng kagambar ngangge sêpatu, bokmanawi kajêngipun kados nginggil cakêt punika, liripun ajêngipun para dewa ngantos dumugi ing kasampurnan, wangsul dhatêng Gusti Allah punika botên mawi langkung ing dunya-ngangge sêpatu punika atêgês botên ngambah lêmah. Sami lan botên mawi amadhak, liripun ngrasuk badan wadhak, môngka ngrasuk badan wadhak punika gêsang ing dunya punika-upami lêrês kados pandugi kula wau, punapa botên sampun mratandhani yèn ing tanah Jawi ngriki, kawruhipun dhatêng kasuksman, sampun luhur, katôndha sampun sagêt ngrêtos dhatêng lampah kêmajênganipun para dewa.

Nanging suwawi sami nglajêngakên ngrêmbak sambêtipun jawabaning pitakenan, dewa sagêt dados manungsa, manungsa sagêt dados dewa. Kawuningana titahing [ti...]

--- 416 ---

[...tahing] Pangeran ingkang sinêbut dewa wau inggih punika titahing Pangeran ingkang jinibahan nata pangwasa ingkang makarti ing sawarnining alam-alam wau. Têrangipun makatên, Bathara Agni, punika pangwasa ing lêbêting latu, sabên latu ugi isi pangwasanipun Bathara Agni. Dados Bathara Agni punika titahing Pangeran ingkang darbe pangwasa kados pangwasaning latu. Mila pitakenanipun sadhèrèk Sadana dewa dados manungsa, utawi manungsa dados dewa, kados cacriyosan ing Mahabarata, punika kula jawab wontên, manawi dangu sababipun, yèn dewa nindaki pandamêl ingkang kêdah nguwoh wontên ing dunya, inggih mêsthi dados manungsa, kosokwangsulipun, yèn manungsa darbe pandamêl ingkang watak pandamêlipun punika kados wataking dewa inggih dados dewa. Mêkatên ringkêsipun, têmbe manawi wontên môngsakala ingkang prayogi, badhe kula têrangakên ngantos cêtha malih.

Jawaban pitakenan aksara (ra).

Badan ètêr ugi katut sêpuh, jalaran badan punika ugi sagêt risak, dados inggih gadhah nèm sêpuh.

Jawabanipun pitakenan aksara (ka).

Inggih sami kemawon kalihan jaman kancana ingkang sampun kapêngkêr. Namung kemawon, sarèhning jaman kancana umuripun maèwu-èwu taun, dados manawi sawêk kalampahan dasanan taun kemawon inggih dèrèng katingal cêtha, jalaran taksih kasasaban kandêl dening wataking jaman ingkang sawêk mêngkêr, ewadene kok babarpisan botên [botê...]

--- 417 ---

[...n] wontên titikanipun inggih botên, mêsthi wontên, kados ta: ing jaman kancana tiyang sajagad agaminipun satunggal. Sêmunipun samangke punika sampun ngawistarani mêkatên, tandhanipun samangke sampun wontên golonganing marsudi kasunyatan, ingkang sampun ngadêgagên pang-pangipun wontên ing sadhengah panggenan, saindênging jagad, lêrês botên sabên tiyang sampun dados warganing golongan wau, nanging ing pundi nagari ingkang agêng-agêng, saindênging jagad, punika mêsthi sampun kakadêgan[2] pangipun, sarta ing satunggal-tunggaling pangipun wau katingal saya ngrêbda gêsangipun, punika kula anggêp minôngka pratôndha pêpucuking agami satunggal wau.

sarèhning sampun sayah, kula cêkak samantên, dene manawi wontên ingkang kagalih dèrèng cêtha, kadangokna malih, mênawi kula sagêt, mêsthi badhe ngaturi katrangan, manawi botên sagêt inggih nyuwun pangapuntên.

H. Red.

__________

(2) Katrangan Sawatawis dhumatêng Sadhèrèk Sadana.

(Têlas).

Ra: badan ètêr (etherisch dubbel) ingkang limrahipun ugi winastan: badan rangkêpan utawi kêmbaranipun badan wadhag, punika dados pola (modelvorm) nipun badan wadhag, mila awon saening wêwangunan saha kawontênanipun badan kasar, manut kawontênan saha wêwangunanipun pola badan: ètêr. Sanadyan pandamêlipun utawi [u...]

--- 418 ---

[...tawi] pandhapukipun badan: ètêr, wau dipun kuwaosi dewaning karma, ewadene ugi manut rêsèpipun jiwa piyambak, pikajêng kula manut awon saening wêwatakan saha pandamêlipun kala gêsang ingkang kapêngkêr, kadospundi kawontênanipun anggèning tumindak wontên ing salêbêting sêsrawunganipun gêsang bêbrayan ing donya, awon punapa sae utawi cêcampuran, punika ingkang kangge pêpiridan dewaning karma, anggènipun mangun wujuding badan: ètêripun jiwa, ingkang dados polaning badan wadhag wau, awit saking punika mila badan: ètêr, wau ugi sinêbut badan karma.

Badan: ètêr, punika kalêbêt bêbakalan wadhag perangan alus, ingkang alusipun ngungkuli alusing kukus, nanging inggih taksih kenging ing risak (ewah gingsir). Yêktosipun bilih kagêbyah: êndi barang kang isih kêna rusak, mêsthine iya bisa kêna ing tuwa, lara lan pati, punika kados botên wontên pakèwêdipun, upami kula amastanana bilih badan: ètêr wau inggih sagêd kenging ing sêpuh, nanging sarêng angèngêti barang alus, punapa têmbung sêpuh ingkang kula cakakên dhatêng badan: ètêr, punika inggih plêk kados sawêtahing têgês saha pikajêngipun tiyang mastani sêpuhing badan wadhag, kêkayon, tuwin sapanunggilanipun, têgêsipun inggih katingal kados kawontênan wadhag, bilih sampun sêpuh lajêng katingal kisut, nglinthing, gapuk, tuwin sapanunggilanipun? Punapa têmbung sêpuh wau botên namung pangaran-aran kemawon, inggih punika namung kadosdene cak-cakanipun tiyang mastani sêpuhing umobipun wedang, lingsah ingkang kangge gêgorèng, [gê...]

--- 419 ---

[...gorèng,] sêpuhing corak, tuwin sapanunggilanipun? Bab punika borong para sarjana sujana ingkang sampun tinarbuka netraning dhangmanipun (helderziendheid) nyumêrêpi yakinipun kawontênaning badan: ètêripun tiyang ingkang sampun sêpuh, sarana netra kawaspadan wau. Namung saking pangintên kula-manawi botên kalèntu-upami kula wastanana sagêd sêpuh pisan, kintên kula inggih botên sêsarêngan kalihan sêpuhing badan jasmani, amargi barang alus punika langkung awèt saha langkung dangu risakipun katimbang barang kasar, kajawi manawi lajêng dipun oncati jiwanipun sarêng sami sanalika. Wusana lêrês lêpatipun sumôngga para sarjana sujana.

Ka: wangsulan kula bab kawontênaning jaman Satyayuga, kula ringkês makatên: sadaya kawontênan ingkang dados dhasar wêwatakaning sawênèh jaman, punika botên badhe ewah, têtêp kados samêsthinipun, dene ingkang ewah gingsir punika namung wêwangunanipun, manawi barangipun punika barang lami, santun wêwangunan utawi santun gagrag. Rumiyin sadaya mèbêl-mèbêl, punika ingkang sae manawi mawi sêsêkaran, mèbêl ingkang barès (ingkang sampun wontên ing sadèrèngipun modhèl mawi sêkaran) katingal lami, sarta botên dipun ajêngi umumipun tiyang kathah, samangke wangsul lami malih, mèbêl-mèbêl dhasaripun barès-barès (tanpa sêsêkaran) namung wêwangunanipun kemawon santun gagrag enggal, dene mèbêl ingkang mawi sêsêkaran samangke katingal gagrag lami gêntos, samantên ugi prakawis wêwangunanipun rasukan utawi pangangge, makatên sanepanipun [sanepa...]

--- 420 ---

[...nipun] santuning jaman. Jaman kancana dhêdhasaripun prasaja, nyata, jaman padhang.

Dados pitakènipun sadhèrèk Sadana, ing jaman sapunika kacriyos sampun ngancik jaman Satyayuga (jaman kêncana), punika badhe kawontênanipun manungsa, punapa inggih sagêd sami utawi ngèmpêri kados jaman Satyayuga ing kina, inggih punika upaminipun, umuripun panjang-panjang, ambêkipun utami: punika kenging kula jawab: sami kemawon, amargi dhêdhasaripun donya kaajêngakên dhatêng kasuksman utawi ulah kawicaksanan. Ulah kawicaksanan punika têgêsipun inggih ulah ambêg utami, awit manawi kuciwa anggèning mangun kasucianing manahipun, inggih botên sagêd dumugi ing ngilmuning Pangeran (makripat utawi wicaksana). Ulah kawicaksanan ugi atêgês ulah katêntrêman langgêng, sintêna ingkang sampun dumugi ing katêntrêman langgêng, botên anèh upami dipun cariyosna panjang-panjang umuripun, amargi bab punika sampun sagêd kawasesa dening karsanipun. Sawêga kapirit saking tiyang ingkang têntrêm manahipun, punika inggih adamêl sarasing badanipun, awèt ênèm sapanunggilanipun, mila upami awèta utawi panjanga umuripun, inggih sampun mèmpêr kemawon, katimbang kalihan tiyang ingkang botên têntrêm, kathah pikiranipun, kathahing pamanahan anjalari badan kêrêp sakit, caraning pirantos mêsin kêrêp risak, kêrêp kadandosakên, wusana enggal dumugining bobrokipun. Nanging punapa ing salêbêting jaman Satyayuga, badhe botên wontên tiyang bodho, sadaya tiyang sami wicaksana? Inggih botên, ingkang bodho ugi wontên, botên [bo...]

--- 421 ---

[...tên] beda kados kawontênaning jaman Kaliyuga ingkang sawêg nêmbe kapêngkêr, sanadyan ing salêbêting jaman wau dhêdhasaripun donya kaajêngakên dhatêng kawruh kalairan (wètênsêkap) inggih punika ulah kalantipan saha kalandhêpaning pikir (intellect), nanging punapa sabên tiyang ing donya inggih sami dados intellectueel sadaya? Inggih botên, namung umumipun kathah ingkang marsudi dhatêng intellect. Nadyan tanah Eropah pisan, ingkang dados tuking wètênsêkap, botên sabên tiyang Eropah mêsthi mumpuni dhatêng wètênsêkap, namung sabodho-bodhonipun dhatêng kawruh wau, tumrap panggenan ingkang dados tuk, inggih mêksa langkung sagêd katimbang ing panggenan ingkang têtiyanganipun babarpisan botên kambêtan ing kawruh wau. Namung samantên gaduging panyuraos saha katrangan kula, wusana bilih wontên kêkiranganipun, mugi para sarjana sujana kaparênga anglêrêsakên saha maringi pangapuntên.

Kartana.

__________

(1) Wangsulan Pitakènipun Sadhèrèk Sadana ing Tawangsari.

Ing Kumandhang Teyosupi ôngka 8 taun X kaca 350 ngêwrat pitakenanipun sadhèrèk Sadana gangsal bab. Ing mangke cobi-cobi sagaduging sêsêrêpan kula, badhe tumut urun wudhu ngramèkakên isining kumandhang, sarana anjawab pitakenan wau. Dene atur katrangan kula kados ing ngandhap punika:

--- 422 ---

I. Pancèn lêrês ing Sêrat Mahabarata kathah cacriyosanipun titah bangsaning danawa, rasêksa tuwin sapanunggilanipun, ingkang limrahipun dados mêngsahing para dewa, mila kenging kaanggêp manawi danawa tuwin rasêksa wau: watak awon, kosokwangsulipun para dewa: watak sae, kêkalihipun wau tansah pôncakara, dhêsuk-dhinêsuk asilih-ungkih, gêntos ingkang kalindhih. Makatên pêpindhaning watak kalih warni wau wontên ing manungsa, kados sanepaning prangipun para dewa kalihan para danawa (rasêksa), kababaripun dados pranging batosipun manungsa, ingatasing awon lan sae. Wontên ing ringgit tuwin ing candhi-candhi, danawa (rasêksa) wau kagambar ingkang ngajrih-ajrihi, punika wontên lêrêsipun, makatên pêpêthaning wujudipun watak awon, bilih kababar adamêl girisipun tiyang. Danawa utawi rasêksa punika ugi sinêbut: buta, wrêdinipun: wuta, dene ingkang wuta punika manahipun, mila tiyang ingkang sampun wuta tindakipun, punika inggih angrisak-risakakên, amargi botên angèngêti sakiwa têngênipun, namung ambujêng butuhipun piyambak.

Ing Sêrat De Mensch, zijn afkomst, wezen en toekomst wontên ingkang mratelakakên, bilih rasêksa wau, ugi titah manungsa kala jaman: Lèmuri tuwin: Atlantik, dene anggènipun para bôngsa arya mastani rasêksa, punika amargi saking wujudipun ingkang anggêgilani utawi ngajrih-ajrihi, bilih katandhing kalihan bêbudèn saha warninipun bôngsa arya ingkang sampun saya [sa...]

--- 423 ---

[...ya] alus (sae).

II. Cacriyosan Prabu Rama mêngsah Rahwana, Pandhawa mêngsah Kurawa, Nabi Musa mêngsah Pirngon, Nabi Ngisa dipun mêngsah Yudhas Iskariyot, Nabi Mukhamad dipun mêngsah Abu Jahal, tuwin sapanunggilanipun malih, punika nadyan ing kinanipun inggih wontên sayêktos, lêlampahan makatên wau, ewadene ugi kenging kemawon kangge pasêmoning pêpêranganing awon kalihan sae, punapa kosokwangsulipun saeka mêngsah piawon, ingatasing batosipun manungsa, kados katrangan ingkang sampun kasêbut ing nginggil. Prabu Rama, Pandhawa, Nabi Musa, Nabi Ngisa tuwin Nabi Mukhamad, dados pêpindhaning watak sae utawi pribadi luhur, dene Rahwana, Pirngon, Yudhas Iskariyot tuwin Abu Jahal, minôngka pêpindhaning watak awon (napsuning pribadi asor), utawi aksi lan reaksi. Wontênipun têmbung mêngsah, pêrang, pôncakara, sae, utawi panganggêp: piawon angalang-alangi punapa dados mêngsahipun kasaenan, punika manawi dipun tingali saking jawi (lairipun) nanging manawi dipun tingali saking batosipun, têmbung pêrang, mêngsah, rumaos dipun alang-alangi, sae, piawon sapanunggilanipun wau lajêng botên wontên, nanging sadaya ingkang katingalipun sajak angêgrêg-êgrêgi (malangi) ingkang limrahipun sinêbut: lawanan (reactie) punika jêbul pitulunganing kodrat, ingkang badhe andumugèkakên dhatêng gêgayuhanipun, saha nyampurnakakên pakaryanipun. Dados wontênipun reaksi punika piguna

--- 424 ---

agêng tumrapipun aksi, ingkang atêgês tiyang sampun katanggêlan, bilih anggêgarap punapa anandangi salah satunggaling pandamêl, nanging dipun sampurnakna sarana pitulunganing kawontênan ingkang katingalipun sajak angêgrêg-êgrêgi lampahipun, amargi punika ingkang badhe nuwuhakên pangrêtosipun saha ngulir budinipun, murih dumugining gêgayuhanipun (kasampurnanipun). Dados kawontênan ingkang kula anggêp awon, punapa lawanan (mêngsah) punika sampun botên sagêd dipun singkiri malih, amargi punika rowang ingkang murugakên utawi andumugèkakên kawicaksananipun, amung caraning angladosi kemawon ingkang beda, amargi manawi ngantos ngatut dhatêng piawon, nama kacêmplung (korup) ing sagantêning para cidra, têgês botên majêng lampahipun, nanging kapancata kados manawi suku madal siti badhe mancolot mangajêng, botên andheprok wontên ing siti ingkang katingalipun angêgrêg-êgrêgi lampah, jalaran siti wau botên kasudhiyakakên kangge dheprok kemawon, nanging kangge nahan suku utawi têtumpakan sagêdipun lumampah majêng.

Dene cacriyosan kêthèk ing Kiskêndha, punika saking pandugi kula, manawi botên lêpat, kêbabaripun titahing astral ingkang sinêbut Halfverstands wezen dhatêng donya maujud kêthèk, inggih punika kewan ingkang pikiranipun utawi pangrêtosanipun kados manungsa. Wontênipun sinêbut pikiran utawi pangrêti sapalih (Halverstandelijk) punika jalaran pangrêti utawi ciptaning tiyang [ti...]

--- 425 ---

[...yang] ingkang cumithak wontên ing ngalam astral, ingkang lajêng jiniwan dening lêlêmbat-lêlêmbat (elementalen) ing alam astral, punika pakartinipun sampun botên murni kados sawêtahing cipta ing alam cipta piyambak, inggih ngalaming para dewa, ingkang ugi sinêbut: dhewacan utawi Verstandsgebied. Mila titah wau lajêng sinêbut putraning dewa, amargi kawontênanipun ciptaning tiyang, ingkang lajêng ngisèni pintên-pintên titahing astral dados Halfverstands wezenpunika dede sawêtahing murninipun pakartining manas ing alam manas (ngalam cipta) nanging sunaring surya manas ingkang sampun kacampuran ing pêpenginan (watake wani), ingkang pakaryanipun angewahi samukawis gêgêtêr dados raos-pangraosipun badan papenginan (badan kewani utawi badan antral). Namung kemawon rèhning ingkang muja punika dewa, ingkang ugi kula anggêp sami pangwasanipun kalihan para yogi, mila kêbabaripun dados kêthèk wontên ing donya, kalimpatan saha kasêktènipun inggih sampun satimbang kalihan manungsa ingkang linangkung ing jaman samantên. Makatên gaduging panyuraos kula dhatêng dêdongenganipun kêthèk-kêthèk ing Kiskêndha. Manawi kula suraos pasêmon, inggih lajêng dados pasêmoning jiwa anggèning ngupaya kawruh, sarana peranganipun kang pribadi ing watak wuninga, kanthi pirantos utawi têtumpakan ingkang sinêbut manas. Awit saking punika sipat wuninga wau lajêng sinêbut, ingkang dasos sarana utawi panggandhèng (krêtêg) antawisipun kang nguningani kalihan ingkang dipun wuningani. Sarampunging pakaryanipun jiwa ing

--- 426 ---

donya, wangsulanipun dhatêng alam palêrêmanipun malih, nguwod krêtêgipun sagantên astral, ingkang sinêbut Astraal-Verstandelijke Beelden saha Verstandsbeelden ngantos dumugi Akashaische Beelden ing alam manas luhur (Arupagebied), wontên ing ngriku sadaya lêlampahanipun wontên ing alam tiga pisan, ingkang sampun dipun alami, lajêng sumimpên wontên ing badan karana sariranipun, dados kawruhing jiwa (sipat wuninganing pribadinipun) saha lajêng dados peranganing jiwa ingkang sinêbut: raos jati (Bewustzijn), ingkang kenging kula côndra dados pasêmoning Dèwi Sinta. Makatên anggèning jiwa angsal kawruh, sarana pôncakara kalihan pintên-pintên warnining kasusahan, saha rêkaos, ingkang dipun alami wontên ing donya tuwin ing alam astral, kanthi angirup pintên-pintên lêlêmbat, ingalam tiga pisan, ingkang nguwawèkakên krêtêging jiwa, saha dados tawuring badan-badanipun, kangge minangkani pikajênganipun. Mila manawi badhe andhudhah gêdhonging kawruh, inggih kêdah sarana mangrèh cipta, pêpenginan saha wadhagipun.

(Badhe kasambêt)

pun Citra.

__________

Nyuwun Pitakèn.

Ing sarèhning kula punika babagan kawruh teyosupi nama sawêg injên-injên, dados kula inggih kapêksa badhe nyuwun sasêrêpan dhumatêng para sadhèrèk Occultisten utawi para sadhèrèk lêngganan: Kumandhang Teyosupi. Dene pitakèn kula kados ingkang [ing...]

--- 427 ---

[...kang] kasbut ing ngandhap punika.

1. Para olia (linangkung), punika manawi seda raganipun (badan wadhag) ical musna, gèk raga punika wau ingkang bêkta sintên, dhatêng pundi papan palêrêmanipun.

2. Tiyang dipun ganggu ing dhêmit (lêlêmbat) lajêng sakit, manawi piyambakipun punika lajêng pêjah, raga dalah nyawanipun dipun bêkta ing dhêmit punika wau, kadadosakên baturipun.

3. Tiyang ewah (edan) awit saking kasurupan ing lêlêmbat, upami dipun surupi ingkang têngga (baurêksa) wit ringin.

4. Tiyang èstri manawi wawrat, piyambakipun utawi ingkang jalêr dipun awisi sangêt kalihan tiyang sêpuhipun gêndhak sikara utawi mêmêjahi kewan. Upami ingkang jalêr punika banggal ayam, kenging sukunipun, lajêng pekoh, ing têmbe bilih jabang bayi punika lair sukunipun inggih lajêng pekoh kados dening pun ayam punika wau. Punika punapa nama ngadil?

5. Tiyang èstri gadhah anak sakbrolan mêdal kalih (kêmbar), èstri sadaya, sok ugi jalêr sadaya, wontên malih jalêr èstri (dhampit), kadospundi sababipun jiwa anggèning lair sarêngan wau?

Amung gangsal prakawis punika pitakenan kula, mangsiboronga[3] para sadhèrèk Oeccultisten utawi para sadhèrèk lêngganan, kaparêngipun maringi katrangan dhumatêng kula, dene sakdèrèng saksampunipun kula matur sangêt ing panuwun.

Kula pun: Sugiman Madyakartika.

Lêngganan No. 107 S. Carangan, Sala.

--- 428 ---

Gêsang.

Het leven is sechepping in zich sluitend schepper engeschapene ...J. Krishnamurti.

Ing wêkdal samangke panjênênganipun Risang Krêsnaji, ing pundi-pundi panggenan, tansah angandikakakên bab gêsang. Rèhning gêsang makatên pancèn angèl anggènipun anggôntha, kadospundi kawontênanipun, kados upaminipun tiyang botên sagêd anggôntha dhatêng kawontênaning hawa, utawi barang ingkang dèrèng nate dipun sumêrêpi, mila inggih botên gampil anggènipun damêl upami dhatêng gêsang, kados ingkang kapratelakakên ing panjênênganipun Risang Krêsnaji wau. Kados punapa anggènipun paring katrangan kawontênaning gêsang, ewadene saking alusipun, mêksa angèl anggènipun anggagapi. Mila ing ngriku panjênênganipun lajêng angandikakakên, bilih gêsang punika juru andumadosakên, kalêbêt punapa ingkang dipun dumadosakên, utawi dipun gêlar (Schepper en geschapene). Saking ancêr-ancêr wau bokmanawi sagêd katlusur, kadospundi tiyang anggènipun sagêd kraos dhatêng gêsangipun ingkang sasana ing dalêm batosipun.

Rèhning gêsang punika juru andumadosakên, kadospundi kawontênanipun anggèning andumadosakên wau. Makatên punika kenging katitik saking dhasaripun tiyang, upaminipun juru gambar, anggènipun sagêd ambabar raosipun wujud gambar, miturut dhatêng dhasaripun, kados ta: juru anggambar tiyang, landschap (natuur), tuwin sasaminipun, juru olah gêndhing, ingkang sagêd damêl gêndhing utawi kêkidungan, ingkang sagêd anggêpok raosipun tiyang ingkang makatên, utawi juru angripta sêrat, anggènipun sagêd andamêl têmbung sarta ukara, ingkang amranani tiyang. Punika wau sadaya, utawi sanès-sanèsipun malih, punika saking pakartining gêsang, ingkang kababar ing jawi, dados pandamêl, miturut dhasaripun tiyang piyambak-piyambak. Mila dipun pangandikakakên, bilih gêsang punika: juru andumadosakên (murba masesa). Sarèhning para undhagi wau sami ambabar gêsangipun piyambak-piyambak miturut dhasaripun, botên wontên satunggal ingkang langkung luhur katimbang sanèsipun, kajawi amung sagolonganipun, amargi sadaya wau sami ambabar raosing gêsangipun, amung beda ingatasing lampah utawi sarananipun.

Ing mangke saèstunipun badhe tuwuh pitakènipun: punika wau sadaya kenging kawastanan tiyang, ingkang sampun sagêd ambabar raosing gêsang, nanging kadospundi tumrapipun ingkang dèrèng sagêd? Rèhning gêsang wau ugi mawa kêkiyatan, saèstunipun sagêdipun tiyang anêksèni utawi kraos dhatêng kakiyatanipun, sarana amangrèh badanipun têtiga (inggih punika badan wadhag, pangraos, saha cipta). Manawi tiyang saking sakêdhik wani anyatakakên amangrèh badanipun têtiga wau, saèstu badhe kraos dhatêng wontênipun gêsang. Mila kalampahanipun ugi sarana lampah, amargi asarana [asa...]

--- 429 ---

[...rana] lampah anggènipun gêsang sagêd kababar. Tanpa lampah tiyang botên sagêd kadumugèn ingkang kasêdya. Mila lampah wau, inggih anggènipun anucèkakên badanipun, sagêda badan-badan punika dados panglanturing kêkiyatanipun gêsang, amargi gêsangugi suci watakipun, sarta tansah rumagang ing damêl. Dene rumaganging pandamêlipun gêsang punika anggènipun mangrèh dhatêng badan-badan ingkang supados dadosa suci. Ing ngriku tiyang badhe kraos dhatêng gêsangipun, manawi sampun wani amangrèh dhatêng badanipun, sarana saking sakêdhik amangun watakipun. Amargi kababaring gêsangipun wau wontênipun ing kalairan sarana badan têtiga, kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Manawi pangwasanipun gêsang dumunung ing cipta, badhe katitik kawicaksananipun, manawi dumunung ing raos katitik agênging sihipun. Makatên punika amung gumantung ing tiyang kadospundi anggènipun badhe andunungakên pangwasanipun.

Sasampunipun sagêd andunungakên pangwasanipun, tiyang badhe kraos dhatêng panunggaling gêsangipun, sanajan wontên ing pundi kemawon. Manawi sampun makatên, tiyang botên badhe ambedakakên dhatêng dununging pangwasa, nanging lajêng kacakup dados satunggal, inggih wicaksana, inggih sih, inggih kanthi rumagang ing damêl. Amargi tanpa pandamêl, gêsang botên badhe sagêd kababar. Rèhning gêsang punika salaminipun amakarti, mila tiyang inggih têrus rumagang ing damêl, pêrlu sagêda ambabar gêsang wau. Nanging adhakanipun pangwasa wau kabuntêl ing dalêm cipta utawi pangraos ingkang dèrèng kaêrèh, mila kababaripun lajêng katingal wontên awon utawi sae. Awit saking punika ingkang pêrlu kaparsudi inggih sucining badan-badan, sagêda kababar gêsangipun ing sawêtahipun, botên kalepetan punapa-punapa. Punika wau gêgayuhaning gêsang.

Sjt.

__________

Apa kang winèwèhake ing sajroning dêdana kanthi sih, iku baline dadi kasugihan manèh, mula dêdana kang mangkono mau dadi mitra jati. Nadyan gumêlare ambuwang, nanging ora bakal marakake panutuh.Fo-sho-hing-tsan-king (v. 833).

Dhèwèke kang ... ora nêdya agawe ngamal bêcik, sarana dalan pawèwèh (sidkah utawi jakat) kanthi sih, kasugihane bakal suda sarta êntèk.Fo-sho-hing-tsan-king (v. 832).

--- 430 ---

Sêrat Driyasmara.

Cariyos Prabu Suryakôntha.

Pêthilan salah satunggiling perangan sapranêmbêlasipun sêrat nama: Ngêbur Samodraning Jaman, babon saking Indhu (panjurung saking Kramalipan ing Gondhang).

(10).

Gêntos kacariyos, wontên tiyang èstri semahipun tukang cukur, ewa dhatêng Suwarnasila, awit rumaos kungkulan ayu. Nalika sang brahmana bojonipun Suwarnasila mantuk saking kakesahan, wontên ing margi dipun papagakên bok tukang cukur wadul ngadon-adoni, wicantênipun makatên: bêkja tiyang ingkang sami gadhah rajabrana, nalika sampeyan botên wontên griya, wontên tiyang jalêr sanès ingkang nyêlani ngangge kupluk sampeyan ingkang mawi tarètès sêsotya. Sang brahmana tampi pradulipun bok tukang cukur, sanalika manahipun gumrubug, enggal-enggal lampahipun tumuntêna dumugi griya, sarêng kêpanggih ingkang èstri dipun takèni, punapa têmên kados cariyosipun bok tukang cukur wau. Suwarnasila mangsuli: inggih têmên salêbêtipun panjênêngan botên wontên griya, wontên tiyang jalêr mondhok, nanging kawuningana, kula aturi mirêngakên atur kula rumiyin. Sasampunipun punika, Suwarnasila lajêng nyariyosakên ing mulabuka dumugi wêkasanipun lêlampahan, nanging ingkang jalêr botên ngandêl babarpisan, sadaya cariyosipun Suwarnasila dipun paibên. Suwarnasila sarèhning tiyang têmên rêsik, lajêng sumpah sarana tanganipun kalêbêtakên ing latu murub kalihan mungêl: kula nêksèkakên ing latu, [la...]

--- 431 ---

[...tu,] salami kula dados semah panjênêngan, manawi sampun nate nglampahi cidra dhatêng panjênêngan, sampun ingkang ngantos kalêksanan ing lair, sanadyan namung klêthêking manah samêndhang kemawon, mugi tangan kula punika kobara dening latu. Nalika samantên latu lajêng murub ngalad-alad sumundhul ing êmpyak, tumuntên wontên urup cawang kalih, sawarni ilat mèlèt-mèlèt, cawang ingkang satunggal pucukipun nyalad malêbêt dhatêng cangkêmipun Suwarnasila, cawang satunggalipun malih nyalad dhatêng pulung manah, amratandhakakên cangkêm dalah manahipun runtut sami rêsikipun, dene badanipun botên wontên ingkang bucik dening latu wau. Brahmana bojonipun Suwarnasila ing wêkdal samantên mêksa botên pitados, awit manahipun kasasapan dening agênging butarêpan, malah saya arda wicantênipun sora: ah, mangkono iku mung sulapan bae, aku ora ngandêl. Wasana lajêng nyandhak pêdhang, ingkang èstri dipun gêlandhang kabêkta dhatêng wana kaugêr kalihan kêkajêngan, tanganipun kalih pisan dipun tigas pêdhang, tumuntên suku kalih pisan tuwin irungipun, sasampunipun, lajêng katilar mantuk, botên dangu Suwarnasila pêjah. Kacariyos nalika Suwarnasila dipun gêlandhang ingkang lajêr, sampun sumêrêp bilih badhe dipun siksa, ewadene manahipun botên pisan ngêdhap, botên uwas sumêlang, têtêg tega lêgawa ngantos dumugining pêjah, têtêg ngandêl kumandêlipun dhatêng papêsthèn.

Kocap sang senapati, sarêng mirêng bilih Suwarnasila dipun siksa ingkang jalêr ngantos pêjah, enggal-enggal manggihi dhatêng pun druhaka, [druha...]

--- 432 ---

[...ka,] wicantênipun ngêmu duka: o, kowe wong dosa, kang kopatèni iku satêmêne rêsik ora ana dosane. Saupama aku durung sumurup, yèn uripmu samêngko iki bakal nêmahi paukuman luwih dening abot ngungkuli pati, kowe mêsthi dak patèni gênti, nganggo patrap kaya anggonmu matèni bojomu iku. Sarèhning mangkono, luwih bêcik lêstaria urip bae, awit dosamu iku dhewe kang bakal ngukum kowe, nganti tumêka ing pati ora kasinungan anak lanang.[4] Sang bramana sarêng sumêrêp bilih satêmênipun ingkang èstri botên dosa, têtela namung saking doracaranipun bok tukang cukur kemawon, ingkang awit saking asoring bêbudènipun, sang bramana manahipun kaduwung sangêt dhatêng lêkasipun ingkang botên lêrês wau. Sang bramana sanalika lajêng kesah dhatêng lèpèn Gangga, sèlèh kadonyan sumêdya ngumbah dosanipun, dene sang senapati, awit saking rumaos, bilih ingkang dados jalaran wontênipun prakawis anggêgirisi punika wau piyambakipun, lajêng nganyut tuwuh suduk jiwa.

Dhuh, panungguling putri, mugi kaparênga angandikakakên, sabab dening punapa, têka wontên lêlampahan anggêgirisi, niksa tiyang botên dosa. Dumugi samantên Rasakuswa kèndêl anggènipun cariyos.

(Taksih wontên sambêtipun).

Catatan kaki:

1. sajawining (kembali)
2. kaadêgan (kembali)
3. môngsaboronga (kembali)
4. § Sampun dados piyandêlipun tiyang agami Hindhu, botên gadhah anak jalêr punika dosa agêng, badhe manggih naraka dangu sangêt, awit botên wontên ingkang mitulungi ngêntas saking ngriku. (kembali)