Sêsotya Môncawarna.

Teyosopi.

Katur ing panjênênganipun tuwan redhakturing K.Th.

Nuwun, kula ngaturi uninga ing paduka, bilih studinipun para warganing Th. ing Salatiga ing taun ingkang kapêngkêr ngangge buku: Kamulaning Teyosopi Eerste beginselen der Theosofie karanganipun sang minulya Mr. Jinarajadasa kapilihan ingkang pêrlu-pêrlu, kapêrtal basa Jawi dening salah satunggaling sadhèrèk warga. Ingkang punika saking kaparêngipun Tuwan Pr. sêdya kajurungakên ing panjênênganipun tuwan redhaktur, supados kapacak ing kêkasih kita K.Th. Lah ing ngandhap punika kawontênanipun.

Bab I.

Kamajênganipun Gêsang tuwin Wujud.

Botên wontên kawruh ingkang ngungkuli têrangipun kangge ambukani, supados tiyang ngêrtos cêtha dhatêng teyosopi, kajawi namung lêbêt tuwin umuming panyrawung dhatêng kawruh kilenan, jalaran kawruh punika nêrangakên kanyataan, pranatan, tuwin manggihakên paugêran utawi wêwaton, teyosopi inggih nêrangakên [nêranga...]

--- 126 ---

[...kên] kanyataan wau, lan sanadyan anggènipun amranata wau bokmanawi piyambak-piyambak, ananging wohing pamanggih mèh sami. Manawi wontên gèsèhipun, punika botên jalaran teyosopi botên ngandêl dhatêng kanyataan, ingkang pinanggih dening para marsudi kawruh, ananging jalaran sadèrèngipun teyosopi anggêlar pamanggih, ngèngêti rumiyin dhatêng kanyataan ingkang botên dipun sumêrêpi dening kawruh kilenan, utawi ingkang ngantos sapunika dèrèng kapanggih. Manawi wontên kanyataan kêkalih môngka sami, punika asalipun mêsthi namung saking kawruh satunggal, sadaya ingkang awêwaton kawruh têmên, punika dhasaripun teyosopi, kadosdene sadaya ingkang pancèn adhasar teyosopi, punika laras sadaya kalihan kanyataan, dados inggih awêwaton kawruh sangêt.

Wohing pamanggih saking kawruh kilenan ingkang amiyambak, inggih punika pamanggih ingkang sapunika dipun gêlar dening para ulah pamikir, kadosdene sadaya kawontênaning dumadi, punika pirantosing lampah agêng ingkang dipun wastani: kamajêngan utawi kaindhakaning dumadi (Evolutie).

Sumôngga sapunika sami dipun gagapi punapa têgêsipun, evolusi cara kawruh punika, lan ing mangke kita badhe ngêrtos, punapa têgêsipun miturut teyosopi.

Suwawi kita ningali rumiyin bêbakalan lintang de groote nevelvlek ingkang dumunung ing Orion. Nèpêlvlèk wau kadadosan saking bêbakalan wadhag, ingkang dèrèng kantênan wangunipun, bêntèr sangêt tuwin mayuta-yuta mil panjangipun, wujudipun kados mega pêthak ingkang lamat-lamat, lan malih kêbak daya kakiyatan, ananging ingkang sampun kasumêrêpan daya kakiyatan wau botên kangge nyambutdamêl ingkang migunani. Kadospundi badhe kadadosanipun nevelvlek wau. Punapa ajêg makatên, punapa badhe ewah-ewah. Mênggah badhe ewahipun, inggih punika ajêngipun sajangkah malih, punika kenging kita pêtha ing gagasan kadosdene gambar No. 2 ingkang punika Canes Venatici (mirsanana ing buku E. beg. Th).

Nèpêlvlèk wau sapunika sampun ebah mubêng manut sêpiral, ubêngipun manut indhênipun, dene bêbakalan wau saya pupul ing sakubênging pusêripun. Dangu-dangu bêbakalan ingkang awangun bundêr kêplêng wau lajêng gêpak ing kiwa têngên, saya mimpês buwêngan ingkang angubêngi pusêr wau pêthal saking pusêripun ingkang saya asrêp, sasampunipun pintên-pintên yuta taun dangunipun, bêbakalan ingkang awujud buwêngan wau lajêng pêcah, pêcahanipun lajêng sami pupul malih angubêngi pusêripun piyambak-piyambak,

--- 127 ---

tumuntên angwontênakên planit ingkang ubêngipun ajêg kados waunipun, ingkang lajêng angubêngi surya ingkang dados pusêripun. Makatên ugi sagêd kadadosan, nèpêlvlèk wau botên pêcah dados buwêngan, ananging namung peranganipun ingkang mancongol kemawon ingkang mlêsat saking sêsêring ubêngipun. Perangan ingkang mlêsat wau lajêng pupul dados planit, lampah kalih golongan wau pungkasanipun adamêl bêbakalan ingkang dèrèng tata dados jagad ingkang tata, inggih punika surya kinubêngan dening planit-planit kadosdene jagad kita (mirsanana ing gambar No. 3).

Kadospundi badhe têrusipun, ing wêktu punika sadaya bêbalan[1] (elementen) ingkang ènthèng-ènthèng tumimbul, kados ta: waterstof, koolstof, Stikstof. Zuurstof, fosfor, calcium, ijzer enz. lajêng wontên. Sasampunipun punika bêbakalan wau lajêng agêgandhengan, lajêng sawêg wiwit wontên gêsang. Saperangan saking bêbakalan wau angwontênakên protoplasma, inggih punika awak-awaking gêsang ingkang kawitan.

Sasampunipun punika lajêng kadospundi têrusipun malih. Protoplasma wau inggih lajêng agêgandhengan, ingkang lajêng angwontênakên wujud gêsang kados têtanêman tuwin kewan. Suwawi sami dipun tingali kadadosanipun kadospundi, manawi kalêmpaking protoplasma wau dados tanêman. Wiwitanipun ing salêbêtipun gêsanging tanêman wau wontên karsa kalih prakawis, sapisan kapengin supados gêsangipun wau panjanga, sarana mêndhêt têdha. Kaping kalihipun angwontênakên gêsang malih ingkang sami kalihan piyambakipun. Saking dêrênging karsa kêkalih wau, wadhag lajêng majêng. Têgêsipun, kita lajêng sumêrêp manawi gêsang ingkang waunipun mawi wadhag prasaja, lajêng santun wadhag ingkang ngrawit, lampahing kamajêngan makatên wau botên kèndêl lan urut wêktunipun ngantos angwontênakên jagading têtanêman ing satunggal-tunggaling planit, kadosdene ing jagad kita sapunika (mirsanana gambar No. 4), satunggal-tunggaling gêsang ingkang gumêlar enggal, punika tuwuh saking ingkang lami. Sadaya wau sami amirantos, supados langkung gampil anggènipun manjangakên gêsangipun tuwin anggènipun anênurunakên wiji. Satunggal-tunggaling tataran amêsthi langkung majêng tinimbang tataran sangandhapipun. Wiwitanipun namung mawi wadhag sak sèl, ajêngipun malih baktèri, lajêng tuwuh bôngsa latoh (wieren) tuwin jamur (zwammen). Sadaya wau lami-lami nuwuhakên tanêman bôngsa sungu mênjangan, tanpa sêkar (sporeplanten) ing ngriku sampun sagêd mêncarakên wiji sarana sporen, dangu-dangu [dangu-da...]

--- 128 ---

[...ngu] lajêng tuwuh malih tanêman ingkang gadhah wiji, ing wasana tuwuh malih tanêman ingkang mawi sêkar, inggih punika manawi gêsang wau anggènipun angayomi gêsangipun namung sarana ngêdalakên kakiyatan sakêdhik lan sêsarêngan amêncarakên wiji kathah. Gêsang wau saya lami saya ngrawit wadhagipun, inggih saking ngrawiting wadhag punika anggènipun sagêd amêdharakên gêsangipun ingkang langkung pratitis, têgêsipun: sarana daya sakêdhik sangêt piyambakipun sagêd anglairakên anak, amanjangakên gêsangipun piyambak, lan kajawi punika anglairakên turun ingkang ambêkta dhasaring wêwatakan enggal, ingkang langkung gampil anggènipun mêdharakên gêsangipun tinimbang kalihan ingkang anurunakên.

Lampah makatên wau ugi tumindak tumrap protoplasma ingkang anglairakên jagading kewan-kewan. Wiwit saking protosowah, inggih punika ingkang taksih mawi wadhag sèl satunggal ingkang prasaja, lajêng tundha-tundha ngwontênakên golong-golonganing kewan-kewan ingkang tanpa ragangan (mirsanana gambar No. 5). Wiwit saking kewan-kewan ingkang namung awak sèl satunggal ngantos dumugi kewan-kewan ingkang wadhagipun kadadosan saking sèl kathah mawi daging, urat-urat, lampahing rah, punika rêrakitanipun ing dalêm sagolong-golonganipun saya mindhak-mindhak. Lajêng satataran malih rêrakitaning pirantos-pirantos saya mindhak, tangsuling raos ingkang lajêr lajêng kabungkus ing ula-ula, inggih punika kewan ingkang mawi ula-ula, sagolongan saking kewan-kewan ingkang mawi ula-ula lajêng angwontênakên kewan nusoni. Dene golongan kewan nusoni ingkang inggil piyambak lajêng ngwontênakên bôngsa kêthèk. Mênggah golongan kewan ingkang inggil piyambak pirantosipun inggih punika tiyang.

Wondene karsa kalih prakawis inggih punika angayomi badanipun piyambak tuwin anangkarakên, inggih pinanggih wontên ing jagading kewan. Saya ngrawit pirantosing badan, kewan wau saya gampil anggènipun manggèn wontên ing papan ingkang tansah ewah-ewah, saya gampil anggènipun gêsang sarana mawi daya langkung sakêdhik, tuwin saya gampil anggènipun nurunakên. Tumrap kewan mawi ragangan ingkang langkung inggil katingal wataking gêsang malih ingkang beda kalihan ingkang kasêbut ing nginggil.

Manawi kita nyawang dhatêng gêsang ingkang umum, tuwin nitipariksa indhaking wadhagipun, ing ngriku kita lajêng sumêrêp, manawi daya ingkang tumraping dumadi ingkang andhap piyambak namung têlas kangge angayomi gêsangipun, tuwin kangge tumangkar [tu...]

--- 129 ---

[...mangkar] kemawon. Saya sae pirantosing wadhag, saya gampil anggènipun angayomi gêsangipun, daya ingkang asalipun saking têdha, cêkap kangge mulasara wadhagipun piyambak, lan anakipun, malah taksih wontên langkungan daya sawatawis. Tumrap kewan ingkang langkung inggil pirantosing wadhagipun, langkungan kakiyatan wau saya kathah. Dene manawi sampun dumugi babaganing wadhag ingkang inggil piyambak, inggih punika manusa, kajêng kangge pados têdha wau dipun tilar ngantos sawatawis dangu, dene daya ingkang botên kangge wau lajêng dipun pigunakakên kangge ulah kasênêngan, inggih punika ingkang dipun wastani kagunan. Kanyataan punika kêdah dipun akêni tumrap sadaya gêsang, ingkang mawi wadhag ingkang inggil, inggih punika tiyang, tuwin bangsaning gêsang ingkang sami inggilipun. Kêmajênganipun manusa punika tumrap sabagiyan, tujunipun amêrdikakakên gêsang saking padamêlan ingkang awrat, supados gêsang wau kenginga dipun pigunakakên kangge sênêng-sênêng, kaindhakan ingkang ngrêsêpakên, ngindhakakên raos ingkang alus, kangge kêkesahan, kangge kasukan.[2] Wiwit saking Nèpêlvlèk ingkang dèrèng tata, ngantos dumugi tiyang jaman sapunika, mikir, sênêng-sênêng tuwin ambêk sih, punika dipun wastani kamajêngan. Wiwitan botên tata, lajêng dados jagad ingkang mawi waton. Waunipun adarma, lajêng dados darma.

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Piwulangipun Sang Buda.

Sambêtipun K.T. No. 8.

54. Punapa Sang Buda botên kapengin mirsa garwa miwah putranipun ingkang pêparab Naraya Ratula.

Anunggil dintên wau panjênênganipun tindak ing dalêmipun Sang Rêtna Yasodara, kadhèrèkakên muridipun kêkalih[3] nalika sang rêtna amirsa ingkang raka jumênêng ngarsanipun mangagêm kados fakir, sanalika datan wagêd angandika, ananging lajêng nyungkêmi dhatêng Sang Buda, sarwi angrangkul jêngkunipun saha sangêt anggènipun muwun.

Nalika punika Sang Buda lajêng anjunjung sang rêtna, linipur sarwi winulang kalihan têmbung manuhara, dene pangandikanipun Sang Buda angsal papan ingkang prayogi salêbêting panggalihipun sang rêtna.

Sarêng Sang Buda sampun linggar saking ing ngriku, Sang Rêtna Yasodara nulya ambusanani ingkang putra Risang Ratula, mawi pangagêman ingkang sarwa endah, saha lajêng kasowanakên dhatêng sang minulya supados [supa...]

--- 130 ---

[...dos] Pangeran Rahula wau nyuwun warisan dhatêng ingkang rama, sarêng rahadyan putra kapanggih ingkang rama lajêng matur makatên: dhuh rama, kawula badhe jumênêng nata anglênggahi dhamparing sakyamarmanipun mugi kawula kaparingana warisan.

Nalika punika sang pêpadhang lajêng anganthi ingkang putra kabêkta dhatêng ing wana Nigroda ing sajawining kitha, inggih punika palêrêbanipun Sang Buda kalayan para muridipun, sadumugènipun ing ngriku Sang Buda lajêng angandika makatên: dhuh anakku, kowe kapengin nampani warisan, kang bisa marakake sirna lan Sang Mara, warisan kang kaya mangkono mau aku wus ora bisa nguwèhi, ananging rajabrana kang tak têmu ana ing sangisoring wit kawruh iku, muga dadia darbèkmu, iya iku warisan roh kang dak anggo bungahake kowe, kang ora kêna cinolong ing wong.

Salajêngipun Sang Buda lajêng adhêdhawah dhatêng Sang Riputa, kinèn anglêbêtakên Naraya Rahula dhatêng pakêmpalaning para kadang ingkang sami kapiji.

Kajawi Naraya Rahula kathah para kulawarganipun Sang Buda, ingkang malêbêt pakêmpalaning para kadang ingkang sami piniji. Kados ta: Anandha, Dewadata, Upali tuwin Anuruda.

55. Kajawi sêkawan punika, sintên para muridipun sang pêpadhang ingkang linangkung piyambak.

Sang Riputa, Mogalkana tuwin Kasyapa.

56. Pintên laminipun anggènipun Sang Buda lêrêm wontên Kapilawastu.

Panjênênganipun lêrêm sakawan wulan anglêrêsi môngsa rêndhêng salêbêtipun, taun ingkang kaping kalih, saking anggènipun jumênêng guru. Sasampunipun punika lajêng pamitan, badhe andumugèkakên pakaryanipun ing sanès panggenan.

57. Pintên laminipun anggèning Sang Buda anggêlarakên piwulang.

Ngantos dumugi sedanipun, inggih punika salêbêtipun: 45 taun, ing waktu wau ing salêbêting wolung wulan ing sabên taun, midêr lumêbêt ing padhusunan, ing kitha-kitha tuwin ing nagari-nagari, tansah karômpa-rômpa dening gêgolonganing para murid, sarta saênggèn-ênggèn amulang dhatêng têtiyang kathah, sarana kawêdharakên wontên sangajênganing têtiyang wau, ananjangi tuwin adamêl utami, dene ingkang kawan wulan ing môngsa jawah, manggèn ing sapanggenan kemawon, têrkadhang wontên wismanipun upasaka, utawi wontên patamanan sarta wontên ing wana-wana, pisungsungipun para upasaka ingkang sugih dhatêng para Sangha.

58. Ing pundi ingkang kêrêp dipun kèndêli tuwin dipun sênêngi piyambak dening Sang Buda.

--- 131 ---

Wontên ing wana padêlingan (Wêluwana) sacêlakipun Rajagria, ingkang suwau patamananipun Prabu Bimbisara, ing wingking kaparingakên dhatêng para Sangha, tuwin wontên wana Jata, sacêlakipun Srangwasti, pisungsung saking satunggiling sudagar sugih wasta Anatha Pindhika, salêbêting wana kêkalih wau sami kaêdêgan griya patapan kangge para biksu, winastan wihara, kalih panggenan wau misuwur sangêt, kocapipun wontên ing babading agami Buda, ing ngriku anggènipun sang minulya amêjangakên ngèlmi sajati, ingkang asring kasêbut wontên ing kitab suci.[4]

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Salêbêting Sêsrawunganipun Gêsang.

KRITIEK[5]

Dening: C.W. Leadbeater ing buku Het Innerlijk Leven.

Manawi kita nêdya majêng sakêdhik kemawon ingatasing ngudi kawruh gaib (occultisme) kita kêdah sinau mindêng amigatosakên dhatêng prakawis-prakawis saha bêtah-bêtah kita piyambak, botên dahwèn sarta opèn dhatêng prakawisipun tiyang sanès, tuwin muriha dhatêng [dha...]

--- 132 ---

[...têng] katêntrêmaning manahipun ngasanès babarpisan, têtiyang wau sami anggadhahi sabab-sabab, punapadene ancas piyambak-piyambak ingkang mijil saking pamikiripun, ingkang kita botên mangrêtos, punapa têtiyang wau bêkti sayêktos utawi nyulayani kalihan nabinipun piyambak-piyambak, sarta kaparênga dipun ambali malih: kita anggadhahi kuwajiban utawi pandamêlan piyambak, milanipun sumôngga kita ngrampungakên kuwajiban kita piyambak, sampun ngantos mêdhot banyon.

Kita kêdah sinau trêsna dhatêng sasamining titah sarta momot (verdraagzaamheid) punapadene ambirat pêpenginan utawi napsu ingkang botên saras, inggih punika napsu ingkang salaminipun kêdah nacad saha nglêpatakên tiyang sanès. Napsu rêmên ngritik punika yêktosipun satunggaling pêpenginan ingkang botên saras (Deze neiging tot kritiseeren is een krankzinnige begeerte) sarta napsu wau lajêng mangrèh gêsang gagrag enggal (moderne leven) têgêsipun: piyambakipun kêpêksa botên sagêd anut lampahing jaman. Sabên tiyang sami anggadhahi napsu opèn, dahwèn, kêmèrèn, kumêdah-kêdah tumut nyarawung (campur) kuwajibaning asanès, ingkang lêrêsipun kêdah mindêng amigatosakên dhatêng kuwajibanipun piyambak. Sok tiyanga sami rumaos, bilih piyambakipun langkung wasis utawi langkung sagêd anandangi pandamêlanipun tiyang sanès, tinimbang kalihan ingkang sampun katindakakên dening tiyang sanès wau. Bab punika kita nyumêrêpi wontên salêbêting: politik, salêbêting agami tuwin wontên salêbêting sêsrawunganing gêsang. Makatên upaminipun bab marentah nagari, kuwajibanipun pamarentah ingkang cêtha, tuwin kuwajibaning kawula nagari (volk) punika botên sanès kajawi amung dadosa isèn-isèning praja ingkang sae (goede burgers)[6] yèn makatên kawontênanipun, pandamêlaning pamarentah dados gampil sarta pangolahipun sagêd sampurna tur sae. Nanging ing wêkdal punika swaraning para manusa sami gumuruh pating brêngok amêmulang dhatêng pamarentahipun piyambak-piyambak, kadospundi piyambakipun kêdah marentah nagarinipun, eman dene kuwajibanipun ingkang parlu piyambak, inggih punika kêdah dados bêrgêr (burgers) ingkang sae, sami kasupèn babarpisan. Para manusa sami botên purun mangrêtos, [mangrê...]

--- 133 ---

[...tos,] jangji piyambakipun maligi nêtêpi kuwajibanipun piyambak-piyambak, karma badhe anjagi wêwênang-wêwênangipun, kados ingkang sami dipun gêmbar-gêmborakên wau punika.

Punapa ta darunanipun dene dayaning kritik punika sampun waradin saha anggêgirisi jumêdhulipun wontên ing grading evolutie saking babading dunya punika? Sami kemawon kadosdene kasangsaran sanèsipun ingkang têwah saking pandamêl awon, witing piawon saking kabodhoan, punika (kasangsaran têgêsipun) satunggaling padatan ingkang sae sarta parlu ing dalêm tindak lacut. Ing salêbêtipun kamajênganing gêsang (evolutie) ingkang lumampah, kita sampun dumugi ing tataraning bôngsa ingkang kaping gangsal (Vijfde onder-ras) ingkang kula pikajêngakên: bôngsa, punika wau, inggih pêpungkasaning watêsipun bôngsa wau anggèning ngancik wontên ing salêbêting ewah-ewahaning jaman (overgangs tijdperk) ingkang dumugi titimôngsa dintên punika sampun kababar, dados jiwaning bôngsa wau ingkang ing sapunikanipun anguwaosi saha mangrèh dunya punika, samantên ugi sintêna ingkang botên kalêbêt dhatêng gêgolongan wau, kapêksa dinayan rosa.

Sapunika satunggal-tunggaling bôngsa sampun sami nyinau dhatêng piwulangipun piyambak-piyambak ingkang prêmati, saha anggêlarakên wêwatakipun piyambak-piyambak ingkang aji. Watak saha padataning bôngsa ingkang kaping gangsal punika, ingkang asring sinêbut: manas, inggih gambaring kamursidaning nalar (het type van intellect) ingkang dawêg ambedakakên, tuwin nyumêrêpi beda-bedaning barang-barang satunggal lan sanèsipun, bilih punika (intellect) sampun sampurna kamajênganipun, para manusa badhe nitipariksa tuwin mratitisakên dhatêng beda-bedaning kawontênan wau kanthi kasabaran utawi sarèh, ing pangangkah namung badhe mangrêtos tuwin nimbang-nimbang pundi ingkang sae piyambak, nanging ing salêbêtipun ngancik wontên ing têngah-têngah utawi sapalihing gradipun lampahing kamajêngan, kathah-kathahing manusa anggèning sami ngupadosi beda-beda tuwin sulayaning pamanggihipun piyambak-piyambak, ingatasing babagan kawruh punapa lêlampahan pandamêl, punika botên nêdya kangge pangrêtosan utawi indhaking kawruh, nanging kangge gêgaran anggènipun badhe pasulayan utawi cacongkrahan, kêrêp dados gêndra ingkang anggêgirisi. Makatên punika kados sampun samêsthinipun, tancêbing raosipun para tuna ing kawruh saha para ingkang dèrèng winêngan ing pêpadhanging budi, ingkang kêbak pamanahan botên [botê...]

--- 134 ---

[...n] momot saha kumalungkung, mêsthi namtokakên bilih badanipun ingkang lêrês, kasêsa anglêpatakên tiyang sanès, tumrap pandamêl ingkang dèrèng rampung panggarapipun, jêngandika èngêt punapa ingkang kaucapakên dening Olivier Cromwell wontên ing pasamuaning radipun: "Para sadhèrèk, kula nyuwunakên pangapuntên ing jêngandika atas asmanipun Sang Kristus ingkang Suci, bilih jêngandika kala-kala inggih sagêd lêpat". Kita ugi kêdah ambuka pangwasaning kritik, nanging kêdah amung tumuju dhatêng pribadi kita piyambak, sampun dhatêng tiyang sanès. Ing limrahipun satunggal-tunggaling padudon punika wontên kalih sisih ingkang ewang-ewangan, malah kathah-kathahipun langkung saking kalih golongan. Kritik atêgês nimbang-nimbang sarana uluring kanalaran, mila kritik makatên tanpa damêl, tur namung sagêd adamêl kasaenan, manawi panindakipun kanthi sarèh sarta pratitis, tuwin akanthi pikiran ingkang saras miwah tatanan ingkang prayogi. Punapa malih lênggahipun botên kosêrêng-sêrêngan utawi pancêrêngan dhatêng ingkang kaanggêp mêngsahipun, nanging sarasehan ingkang têntrêm kanthi rahayuning manah, botên atilar tatakrami dugi-prayogi, tuwin sampun ngantos malèsèt saking jêjêr ingkang karêmbag utawi wêwaton ingkang sampun linamtokakên.[7] Kita kenging mutusi utawi nêtêpakên dhatêng salah satunggaling sisih, nanging kita inggih kêdah angakêni, bilih sisih satunggalipun, punika inggih sagêd langkung pratitis tumrap dhatêng sanèsipun wawasan, kanthi pangrêtosan utawi pikiran ingkang sami aosipun. Awit saking punika kita lajêng sagêd anêtêpakên, bilih piyambakipun inggih ugi sagêd dados sae, sami kalihan sanèsipun, sami kapintêranipun, sami tulusing manahipun, sami adiling pambêkanipun, kados kita manusa sanèsipun. Emanipun dene sakêdhik timên tiyang ingkang purun angakêni makatên punika, eman dene sakêdhik timên para golonganing Protestan ingkang wantêr purun pitados, bilih para Katolik punika inggih sagêd dados tiyang sae sarta suci, eman dening sakêdhikipun golongan radhikal abrit ingkang pitados, bilih satunggaling tuwan tanah nama Tory ingkang sampun sêpuh, inggih sagêd dados tiyang sae, sabar tuwin suci kados manusa sanèsipun, jangji piyambakipun purun angudi tulusing manah saha ngendahakên punapa ingkang dados kuwajibanipun.

Manawi wontên tiyang ingkang kayakinanipun sulaya [su...]

--- 135 ---

[...laya] kalihan pamanggih kita, punika kita botên parlu reka-reka anocogi kalihan pamanggihipun, nanging sak botên-botênipun kita kêdah pitados, bilih sêdyanipun tiyang wau sae. Salah satunggal saking napsu-napsuning gêsang gagrag enggal (moderneleven) ingkang awon piyambak, inggih punika gampiling manahipun para manusa anggèning samêkta watakipun, anggêga lajêng sumanggêm anglampahi satunggaling pandamêl awon, dening daya panariking pitêdah sasar, sêngsêmipun anjarag damêl piawon, sarta kasêsa-sêsa anjêjèrèng pangerang-erang kanthi katrangan ingkang ngayawara dhatêng samukawis ingkang piyambakipun botên mathuk sarta dèrèng mangrêtos sayêktos. Tanduk ingkang makatên punika nama kêlacutên sangêt, manawi kita angèngêti bab wau tumrap sintêna ingkang sampun suka pitulungan dhatêng kita, dhatêng sintên kita wajib suka sukur utawi tarima kasih, tumrap kawruh utawi kêkiyatan ingkang sampun kita tampèni. Punapa jêngandika èngêt dhatêng pangandikanipun sang guru: "ora wêruh ing sukur (tarima kasih) iku dudu salah sawiji saka piala-piala utawa cacat kita kang wus ora bisa mari." Mila salaminipun badhe tansah lêpat manawi nandukakên kritik ingkang tanpa pamanah panjang dhatêng tiyang ingkang sampun langkung jêmbar pangawikanipun tinimbang kita. Awit saking punika mila parlu katimbanga tuwin dipun patitisna rumiyin ingkang ngantos talêsih, dipun sumêrêpana saha katênggaa kemawon prakawis wau badhe kadospundi wusananipun ing têmbe.

Mratitisna tunggaling pandamêl sarta babaranipun: jêngandika badhe priksa sarta nyumêrêpi wohipun. Sumôngga kita wiwit amranata lampah kita piyambak, mligi mindêng anandangi kuwajiban kita piyambak, ngangên-angêna (nyiptaa) ingkang langkung sae kemawon dhatêng sadhengah tiyang,[8] tuwin amardikakna dhatêng asanès anggèning sami nindaki kuwajibanipun piyambak-piyambak.

Kapêthik dening: T.S.

__________

Vooroordeel.(Sônggarunggi).

Pêthikan saking Het Innerlijk Leven karanganipun Tuwan C.H. Leadbeater.

Jêngandika ingkang ngatos-atos tumrap miwit[9] thukulipun raos sônggarunggi utawi sujana, punika andhêsuk sadayanipun. Kula sampun anyipati bab wau ingkang dumados wontên ngantawising mitra-mitra sarta amaspadakakên kadospundi rikating tuwuhipun raos [ra...]

--- 136 ---

[...os] kasujanan utawi sônggarunggi, ngantos andadosakên sangêting sêling-sêrêp ingkang agêng. Satunggal-tunggalipun taksih sami kalintu anggèning matrapakên têtêmbungan ingkang pancènipun botên nawung raos barang-barang, namung jalaran kêdaling ukara kados satunggaling bêbolèh ingkang nyênyêngit saha dede êmpanipun. Tur ingkang ngucapakên wau, babarpisan botên rumaos saha karaos manawi anandukna sônggarunggi utawi kasujanan. Makatên punika sami kalihan sulayaning pamanggih prakawis buku-buku punapa kitab-kitab utawi prakawis agama, pamanggih ingkang sulaya sakêdhik kemawon dipun ububi murih andados, jalaran punapa, dening kula sadaya tansah kèndêl kemawon wontên ing antawising piyambakipun, punapa tiyang wau cocog kalihan pamanggih kita saha nyulayani kalihan sanèsipun, wêkasan pinanggihing rêmbag, satunggaling wawasan ingkang botên gênah saha kêsasar. Saminipun tiyang ugi amrêgoki malih makatên wau wontên salêbêting tindak ingkang karumiyinakên sônggarunggi (Vooroordeel),tumrap dhatêng bôngsa ingkang akulit môncawarni, tur piyambakipun wau ingkang sapunika akulit pêthak, rumiyin ugi sampun nate akulit têmbaga, makatên ugi kosokwangsulipun, punapadene inggih sampun nate ngrasuk adat tatacara utawi sarengatipun salah satunggaling bôngsa sarta ing têmbe ugi badhe angrasuk adat caraning bôngsa sanès satunggalipun, pasêdherekan atêgês ngrucati sakathahing tindak kabodhoan ingkang dèrèng-dèrèng sampun anganggêp awon, amargi karumiyinan ing êmoh, awit saking punika mila kawruh kasunyataning tumimbal lair (wongsal-wangsul katitahakên dhatêng dunya, dados manungsa malih) punika ingkang sagêd amitulungi kita, nyirnakakên sakathahing sêsinggêtaning bôngsa satunggal lan sanèsipun saha tindak kabêngisan utawi gêgêthingan.

Kula sadaya (para manusa) ingkang nyinau luhuring bêbudèn, kêdah anjumênêngakên pribadi kita, sucia saking watak-watak ingkang sadèrèngipun sampun karumiyinan ing êmoh, nanging kauningana punika satunggiling prakawis ingkang botên gampil, sabab watak-watak wau sampun lumèngkèt wontên ing dalêm pakêrti kita, sadèrèngipun sampun karumiyinan angêmohi bôngsa, kasta (utawi tundha-tundhaning bôngsa: bramana, satriya, wiswa, sudra, katrangan saking ingkang anjawèkakên) tuwin agama, sadaya wau kêdah dipun sirnakakên, jalaran piyambakipun mêngsah dhatêng cipta ingkang wêning saha timbangan ingkang lêrês tuwin nyata. Piyambakipun punika

--- 137 ---

(vooroordeel) cinôndra kados kaca (gêlas) ingkang amôncawarni, langkung mèmpêr malih yèn dipun wastani kados kaca ingkang mirah tur awon, sadaya ingkang dipun tingali tiyang sarana kaca mripat ingkang môncawarni utawi mirah tur awon wau, dipun sasarakên, amila inggih sulaya sangêt katingalipun kalihan sanyataning kawujudanipun barang ingkang lêrês (asli). Sadèrèngipun kita sagêd nimbang-nimbang ingkang salêrêsipun sarta milah-milahakên, kita kêdah kadunungan sidik ing pandulu (helderziende).

Layak kemawon gampil manawi namung sumêdya ngawon-awon dhatêng sintêna ingkang botên kita rêmêni, mastani sak sir-siripun piyambak dhatêng pandamêling liyan kanthi doracara ingkang nyêrik-nyêrikakên manah (nyênyêri) sapanunggilanipun. Kawuningana pakarêman ingkang kados makatên punika amujudakên satunggaling pêpalang ingkang makèwêdi sangêt wontên ing margining kamajêngan. Manawi kita sagêd ningali ing sanès, kados samêsthining piyambakipun ingkang nyata lêrês (asli), punika kêdah mangrèh pribadi kita piyambak rumiyin, ambucali sakathahing pakarêman saha watak-wataking badan-badan. Satunggaling vooroordeel (sadèrèngipun sampun karumiyinan ing êmoh) punika tunggilipun sêsakit plênthing ingkang tuwuh wontên ing badan pamikiripun, sarta manawi sapunika tiyang mawas sarana perangan wau saking badan pamikiripun, sampun mêsthi botên sagêd aningali kalayan cêtha. Sajatosipun perangan punika wau satunggaling panggenan ingkang minôngka kangge anjogipun kanêpson, satunggaling undêran ingkang ing mriku bêbakalan sampun botên gêsang malih tuwin mili têrus, nanging bosok sarta mambêk, dene jampinipun kangge nyarasakên punika wau, namung kêdah angsal kawruh ingkang langkung kathah, ngebahakên utawi nglampahakên bêbakalaning badan pamikir (de stof van het mentale lichaam in beweging te brengen), salajêngipun sadaya Vooroordeelen wau badhe binuncang tuwin kapisah saking satunggal.

Inggih pangothak-athiking gagasan ingkang nuwuhakên Vooroordeel (dèrèng-dèrèng sampun karumiyinan êmoh), punika ingkang sinêdya dening: Aryasangha (Aryasangha) wontên ing sêrat: Swaraning Asêpi: "pangwasaning cipta (pangwasaning manusa ginawe mêmikir) iku kang matèni kang sajati" (het denkvermogen is van het werkelijke de groote doorder),[10] awit saking punika piyambakipun lajêng nêtêpakên [nê...]

--- 138 ---

[...têpakên] kayakinan, bilih kita botên sagêd aningali, kados samêsthining kanyataanipun ingkang asli. Kita namung ningali gêgambaran ingkang kita sagêd mangun piyambak, sarta sadaya wau tumrap kita kapêksa cinorèk dening gêganthan utawi cithakaning cipta punika, ingkang sampun kita wujudakên piyambak. Coba dipun pratitisna, kadospundi mênggah pangganthaning angên-angênipun tiyang kalih, sami sêsarêngan aningali saha nênggani lêlampahan ingkang sami kawontênanipun, sagêd ugi tumrap wosing prakawis-prakawis ingkang sampun kalampahan sayêktos wontên ing mriku badhe cocog, ewadene rak inggih mêksa beda-beda anggènipun badhe nyariyosakên dêdongenganipun. Kados sampun jamakipun, ugêr nama tiyang limrah kemawon, inggih kados makatên punika tindakipun, sarta kita babarpisan ugi botên sagêd angintên-intên piyambak, kadospundi anggèn kita ngenggak-enggokakên kawontênan wau.

Makatên punika kuwajibaning tiyang ingkang nyinau kawruh teyosupi kêdah sinau ningali barang-barang, kados samêsthining kanyataanipun ingkang asli, tuwin punika atêgês mangrèh pribadinipun, kaprayitnan sarta nyambutdamêl ingkang rosa sangêt. Wontên ing tanah kilenan upaminipun, têtiyang sami sinangsaya dening pakêrtinipun piyambak ingkang dèrèng sumêrêp kênthang kimpulipun sampun karumiyinan ing êmoh tumrap rêmbag babagan agami, jalaran kita lair wontên ing dalêm satunggaling kapitadosan, sarta tiyang salaminipun tansah mulang kita, bilih sadaya agami-agami sanèsipun punika gugon tuhon, mila awit saking punika gêganthan-gêganthaning angên-angên kitawiwit sakawit sampun botên suci, sarta nadyan kita amarsudia pisan dhatêng sanès-sanèsing agama tuwin angaosi, ewadene sabab saking gêganthaning angên-angên sampun botên suci wau, inggih mêksa angèl purunipun angglewang mikir bab punika, ingkang ngantos sagêd rumaos kadosdene kita sampun nate kalairakên wontên ing dalêm agami-agami wau. Tiyang agami Hindhu piyambak inggih botên sagêd rumaos kados tiyang ingkang kalairakên wontên ing agaminipun para umat Kristên utawi umat Mukhamad, mila satunggaling umat Kristên punapa umat Mukhamad, inggih ugi botên sagêd rumaos, bilih piyambakipun rumiyin sampun nate dados tiyang agami Hindhu utawi Buda, nadyan sayêktosipun [sayêktosipu...]

--- 139 ---

[...n] inggih mêsthi nyatanipun, manawi ing nguni gêsangipun sampun nate ngrasuk salah satunggil utawi sanès-sanèsipun saking agama-agama ingkang kasbut punika.

Samantên ugi sapunika kathah umat Kristên ingkang nama Protestan sami botên pitados dhatêng Rum Katolik. Manawi para manusa saya sangêt kabodhoanipun, punika tamtu saya mindhak agêng malih kasujanan utawi botên pitadosipun dhatêng bab wau, ingkang jalaran piyambakipun saya botên kulina sarawungan. Para têtiyang tani ing padhusunan upaminipun, punika sami kêpatuh nyônggarunggèni utawi botên pitados dhatêng têtiyang mônca, sarta kathah padhusunan ing tanah Inggris, upami ing mriku kadhatêngan satunggaling tiyang Prasman, manawi tiyang wau botên miskin utawi ngêmis, sampun tamtu pinandêng kanthi kasujanan. Bilih piyambakipun kaluwèn, tiyang ing dhusun mriku badhe nyukani têtêdhan dhatêng piyambakipun, sarta kaupakara kanthi wêlasing manah, nanging coba piyambakipun kapurih dhatêng mriku kados satataning bôngsa kriya, sadaya polah tingkahipun badhe dipun saruwe, tiyang ing mriku badhe anggêgujêng piyambakipun sarta nyujanani. Sampun tamtu ingkang makatên punika jalaran kabêkta saking kasêpèn kawruh, tuwin saking kayakinan, bilih tiyang tani punika botên kulina sêsawrungan kalihan têtiyang mônca. Sirnaning Vooroordeel (pakêrti ingkang dèrèng-dèrèng sampun karumiyinan ing êmoh) kados makatên punika, anjalari salah satunggal saking kabêgjan-kabêgjan ingkang agêng, ingkang pinanggih dening para marsudi, bilih piyambakipun kêkesahan têbih. Ing salêbêtipun pakêmpalan teyosupi para têtiyang saking sawêrnining bôngsa-bôngsa ing dunya, kaimpun dados satunggal, pasêdherekanipun warni-warnining bôngsa-bôngsa wau rinakêtakên satunggal lan sanès-sanèsipun, bôngsa Indhiya nyinau pitados dhatêng bôngsa kulit pêthak, samantên ugi bôngsa pêthak inggih gêntos nyinau ngrumaosi, bilih bôngsa Indhiya punika ugi sami angsal panggulawênthah ingkang sae utawi tuntunan-tuntunan ingkang langkung kathah kados bôngsa kulit pêthak. Nalika salêbêtipun pêrang Bur (Boeren-oorlog)[11] kula nyambutdamêl wontên ing kitha Amsterdam (nagari Walandi) sarta sanadyan umumipun tiyang ing nagari Walandi sami rosa panduwanipun dhatêng Engeland (Inggris) ewadene tiyang botên sagêd angsal cihna punapa-punapa ing angganing para teyosup [te...]

--- 140 ---

[...yosup] bôngsa Walandi. Mila paedah ingkang agêng sangêt anjênêngi salah satunggaling pasamuan-pasaumuaning parêpatan agêng teyosupi ing Eropah, sarta amriksani sih-sinihaning paguyuban utawi rêrukunanipun sawêrnining bôngsa-bôngsa ingkang sami prasêtyanipun akanthi têtêp ihlasing manah, kados punapa suka sukuring manah ingkang mijil saking pasêmon miwah ulat ingkang prasaja anggèning sami nglairakên bingahipun dene sagêd pêpanggihan malih kalihan satunggal lan sanès-sanèsipun, sarta kados punapa kemawon anggèning sami sêsamadan angraosakên sêdhêping lalênggahan ingkang nunggil raos. Tiyang lajêng enggal mangrêtos, bilih satunggaling raosipun sih-sinihaning pawong mitran utawi kêkadangan ingkang sami prasêtyanipun, kados ingkang tumindak ing antawisipun para warganing pakêmpalan teyosupi kasbut wau, manawi raos ingkang makatên punika wiwit rumiyin sampun sagêd sumêbar saha tumanêm dhatêng têtiyanganing praja-prajanipun ingkang kathah-kathah, sampun mêsthi: pêrang, botên badhe sagêd kalampahan sarta namung badhe dados têmbung ingkang anggumujêngakên kemawon.

Taksih wontên sambêtipun.

__________

Anggêr-anggêring Kodrat.

Pêthikan sawatawis saking Al-Kuran.

Surat Sajadah, ayat 9-10.

Wong kang padha maido dina kiyamat, padha ngucap: besuk yèn aku wis ajur dadi lêmah, apa nyata ing besuk aku bakal diuripake manèh dadi titah anyar. Wong kang mangkono iku têtêp padha maido ênggone bakal diuripake saka ing pati lan dibalèkake marang Pangerane.

Surat Sajadah, ayat 67-68.

Lan upama ana kaparênge karsaningsun, wong kapir mau Ingsun salini rupa dadi kêthèk, utawa cèlèng apadene dadi watu, iya mêsthi kalakon, ing kono banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong manèh. Sing sapa Ingsun paringi dawa umure, sawise katog karosane lan samubarange (mati), banjur Ingsun balèkake dadi bocah manèh, yagene wong kapir têka ora anggagas yèn Ingsun kawasa nguripake wong kang wis padha mati.

Surat Kahfi, ayat 45-46.

(Mukhamad), sira nyaritakna dina kiyamat, nalikane Ingsun nyirnakake sakèhing gunung, [gu...]

--- 141 ---

[...nung,] sira andêlêng bumi angênthak-ênthak, sarupaning wong padha Ingsun kalumpukake marang pasamuaning pangadilan, ora ana wong siji kang kêliwatan, wong mau banjur padha dijèjèr marik-marik, padha disowanake ana ngarsaning Allah Pangeranira, pangandikaning Allah: saiki sira padha ingsun balèkake kaya nalika ingsun dadèkake manungsa sakawit biyèn, ewadene sira wong kapir padha duwe cipta ora bakal kalêksanan dhawuh Ingsun adêge dina kiyamat.

Surat Bakarah, ayat 26-

Saking tapsiripun: Sèh Ibnu Ngarobi.[12]

Kapriye dene sira (wong ing Mêkah) padha kupur ing Allah, têka priye dene sira anduwèni tingkah kang anjalari kalimput saka anane Allah, ing môngka sira kabèh iku maune padha mati, rupa nutfah kang ana sajrone iga wêkasing bapa, Allah banjur nguripake marang sira kabèh, tê: yagene sira padha ora gêlêm anjupuk têpa tuladha sarana makluk iki tumrape kanggo anggayuh marang Khalik (Pangeran) Allah tumuli matèni marang sira kabèh, kalawan pati miturut wêwatêkan (wêwatêkaning badan wadhag utawi badan-badan sanèsipun) Allah tumuli nguripake manèh, kalawan bangas[13] marga urip kang dhisik iku wus kinawruhan nyata (lair saking guwagarbaning biyung) dene urip kang kaping pindho (ngajêngipun) iku anjupuk katrangan utawa ngalap dalil nalika urip kang kapisan, tumuli sira kabèh bakal binalèkake marang Allah, karana winalês utawa ayat mau atêgês: Allah tumuli matèni marang sira kabèh, oncat saka napsu (wataking prakriti pikajêngipun) kang jalaran ana pati (inggih punika patining badan-badan ingkang minôngka têtumpakaning manusa jati), yaiku rucat ana ing sawiji-wijining panggonan utawa wahdah (badan wadhag risak wontên ing alam kuwadhagan, badan papenginan risak wontên ing alam papenginan, badan pamikir risak wontên ing alaming cipta, salajêngipun), tumuli Allah nguripake marang sira kabèh kalawan urip sajati yaiku kang aran khayat khakekat, yaiku langgêng sawuse rusak ana ing wujud kang wus pinaringake apa mêsthine, tumuli sira kabèh padha binalèkake marang Allah karana musahadah (musahadah punika lampah meditatie utawi mêlêng dhatêng Pangeran, manawi

--- 142 ---

lêrês sarta pratitis panidakipun, nêtêpi samêsthining pitêdah, sagêd angsal bijam utawi ilham, swaraning nadha (mangkono mau manawa wahdah ditêgêsi wahdahtus sifat, utawa gonira binalèkake marang Allah mau supaya suhud (suhud têgêsipun awor utawi nunggal, inggih punika angsal-angsalaning lampah panunggal utawi samadi ingkang sampun tanpa cêcakotan – writinir rodha – nir wikalpa samadi). Samono mau manawa wahdah ditêgêsi wahdatuddzad.

Surat Sajadah, ayat 4.

"Dina kiyamat iku dina kang dawane padha lan sèwu taun ing dunya."

Surat Dukhon, ayat 6-7.

Ugi saking tapsiripun Sèh Ibnu Ngarobi.

"Awit saka iku mula sarantèkna ing têmbe ana sawijining dina, ing dina mau langit bakal ana kukus kang cêtha, tê: yaiku wêktune katon tôndha-tandhaning kiyamat sugra utawa kobra, amarga kukus mau pancèn dadi ngalamate (kiyamat makatên atêgês pêpungkasaning dina, sugra atêgês alit, pikajêngipun pêcating roh saking kuwadhaganing satunggal-tunggaling tiyang piyambak-piyambak, dene kubra atêgês agêng utawi umum, algemeen tumrap satunggal-tunggaling pulo utawi sak planit, tuladha: kiyamatipun planit rêmbulan, jalaran ing mriku sampun botên migunani utawi geschikt kangge kamajêngan, lajêng alihan dhatêng planit aarde inggih punika dunya, makatên salajêngipun saking planit dunya dhatêng planit sanèsipun ngantos sak kalpa utawi zonnestelsel-ketentijd. Wruhanira satêmêne kukus iku kalêbu saka perang-perangane bumi lêmbut, kang munggah uncat saka panggonane, lêmbute pêperangan mau sabab saka hawa panas. (Ingkang dipun wastani kukus ing mriki inggih punika mêdalipun badan rangkêpan utawi etheerisch-dubbel saking kuwadhagan etheri-dubbel utawi lingga sarira, punika kamulaning jêjêr dumadosipun manusa ingkang ôngka kalih, wontên ing buku De zeven beginselen van den mensch. Katêrangakên bilih badan rangkêpan ingkang ugi nama etherisch-dubbelpunika wangunaning bêbakalan ingkang lêmbat utawi alus, sarta ingkang sagêd angêmori saranduning pôncadriya kita, nanging ugi taksih mawi bêbakalan ingkang kawêngku ing alam kaalusan. Dene pandamêlipun ugi mawi watêsan, miturut adêging bêbakalan alus ingkang nyèplêsi kalayan badan kita ingkang atos vast, cuwèr vloeibaar tuwin ngukus gasvormigingkang sagêd nunggil utawi kêmpal kalihan bageyan kasar ing alam wadhag (saupama [(saupa...]

--- 243[14] ---

[...ma] kiyamat ing kene atêgês kiyamat sugra, kukus mau atêgês sakarat lan kalêngêr, utawa katutup ing pramana jalaran ana pêpalang kang ngaling-alingi marang luhuring roh utawa jiwa nalika pêcat, dening sabab ana aeat, yaiku cumanthèling barang kang ana badan wadhag, sarta kabingungan dening tundha-tumundhaning dalane aeat mau kang gandhèng-gumandhèng, marga saka anandangi prakara-prakara kang asor, sarta condhonge marang enake pôncadriya, awit saka iku Kangjêng Nabi Mukhamad angandika tumrap sipating roh mangkene: wong mukmin, iku pêcating rohe jalaran saka gampang sarta kapenake disanepakake bakal kaya pratingkahe zakamah (tawon siti ingkang mêdal saking punthuk ingkang mawur), dene wong kafir iku pêcating rohe kaya pêpindhaning wong mêndêm, rohe mêtu saka dalaning irung loro lan kuping loro (têgêsipun kadosdene tiyang ingkang ngampêt napas lajêng kêplêpêgên) mula mangkono, jalaran wong kang asipat mukmin sajati iku mêsthi sathithik kanthil-kumanthiling rohe kalawan prakara kang gêgandhengan karo badan wadhag (sampun tipis pêpenginanipun dhatêng barang kadunyan) amarga saka tipising pratingkah utawa watak kang gandhèng saka sampuring prakara-prakara kang asor, wus mêsthi bae banjur gampang nuruting roh (pêcating roh) saka prakara mau, malah-malah dhangan bangêt oncate, luwih manèh manawa dhèwèke wus anggêgulang nanggulangi marang wêwatêkan kang tumancêp sarta kang gandhèng karo ngalaming cahya (ngalaming cahya punika ngalam papenginan, inggih ingkang nama alam Astraal têgêsipun alam ingkang nglintang, kadidene gumêbyaring cahyanipun lintang). Dene wong kapir sabab saka bangêting kukuhe utawa kêkêting roh marang samubarang kang asor-asor, ing kono bab kang kasêbut ing ngarêp mau (inggih punika saking anggènipun nyêmbah dhatêng hawa napsu, ingkang asring dipun sanepakakên brahala) nuli anasabi kang sajati, dening saka pakartining cipta, kongsi ora olèh pituduh marang dalan kang bênêr, ora marang alam luhur sarta ora marang alam asor (ingkang dipun pikajêngakên alam luhur sarta asor ing mriki punika Astraal perangan nginggil utawi têngah, nanging wontên ing Astraal perangan ngandhap piyambak, ingkang taksih cêlak sangêt kalihan dunya, para wicaksana sagêd amastani sangsara sangêt jiwa-jiwa ingkang sami dumunung wontên ing ngriku, awit manawi tiyang wau awon sangêt kalakuanipun utawi kêsangêtên piawonipun duk gêsangipun,

--- 144 ---

wontênipun ing astral mriku sagêd dados bangsaning lêlêmbat Natuurgeesten utawi elementaar) kaanan iki dadi wêwalês kang bangêt larane, awit saka lumrahe manusa padha ngarêp-arêp marang kabêcikan, lan gêtun manawa wis kabanjur ana lêlakon kang tumiba ing kasangsaran, mulane luwih prayoga padha ambudidayaa nalikane isih urip saras sapêpadhane, marang samubarang laku kabêcikan, mangkono manèh nalôngsaa tumrap kabèh lêlakon ala, duraka, sasar tuwin lacut, kanthi panutup nganggoa (nindakna) kalakuan kang cocog karo unine panyuwun iki: dhuh Pangeran, mugi paduka nyirnakna saking kula sadaya tumraping wêwalês ingkang langkung damêl sakit wau, amargi kula sadaya sami angèstokakên dhawuh.

Pêthikan saking Kitab Khikam.

Wong kang isih kasêngsêm panggayuhe marang suwarga, iku kaya upamane kuldi kang agèrèt[15] gilingan gandum, bakal mung tansah mubêng bola-bali marang panggonane sakawit, amarga suwarga iku isih kalêbu mumkin (barang anyar kang kêna rusak) ... .

Bab tumimbal lair (reincarnatie) punika tumrap kita têtiyang Jawi kathah ingkang sawêg katêmbèn, jalaran punapa para lêluhur kita ing kina sajak angêkêr prakawis makatên punika, namung wontênipun ing sêrat-sêrat cariyos asring dhinapuk dongèng sarta katêmbungakên nitis, wusana malah adamêl sêling-sêrêp dipun wastani nitis punika mencok dhatêng barang punapa wujud sanès utawi dhatêng tiyang sanès lajêng dipun temploki makatên umuming panyuraos, ewasamantên rèhning teyosupi ugi botên amêksa dhatêng tiyang kêdah pitados dhatêng bab tumimbal lair, awit saking punika mila amung kasumanggakakên, teyosopi namung nyariyosakên kanyataaning piwulang utawi kawicaksanan kina. Sagêdipun sumêrêp manawi lêrês sarta nyata punika manawi para marsudi purun anglampahi nyatakakên piyambak sayêktos, ing mriki lajêng botên amung dados rêmbag rame kemawon, amargi sadaya kawruh punapa ngilmi gaib, punika botên cêkap namung dipun nalar sarana indriya lair kemawon, nanging wontên piyambak lampah-lampahipun, kados kemawon bab lampah-lampah makatên punika kintên kula ing sadhengah kakekating agami punapa makripatipun inggih wontên, samantên wau manawi kapirêng ngudi dumugi bostosipun. Dene bab dintên kiyamat punika cocogipun kalayan larasan teyosopi, pêjahing badan wadhag makatên cinôndra kadosdene murid sakolah ingkang sawêg pinuju libur, ngaso utawi Vacantie sampun mêsthi kemawon sabibaring Vacantie murid wau inggih badhe tumapak anglajêngakên pasinaonipun malih, makatên ngantos satamating pasinaon, dados manawi tiyang punika dèrèng sagêd sampurna, badhe tansah wongsal-wangsul tumitah dhatêng dunya malih, ngantos sagêd sampurna wangsul dhatêng Pangeran malih. Ing ayat 4 surat Sajadah nyariyosakên, dintên kiyamat punika dangunipun sami kalihan sèwu taun ing dunya. Miturut papriksanipun para wicaksana ahlul gaib, pancèn inggih têmên manawi racak-racak tumrap tiyang limrah punika tumitahipun dhatêng dunya malih (sasampuning pêjah), yèn sampun sèwu taun, tarkadhang wontên ingkang ngantos sèwu gangsal atus taun, wusana nyumanggakakên, sarta bokbilih wontên ingkang kagalih lêpat, mugi sampun kirang ing pamêngku. Bagya rahayu.

J.

Catatan kaki:

1. bêbakalan (kembali)
2. § Pêthikan saking Herbert Spencer Life I 477. (kembali)
3. § Botên wontên biksu, ingkang kenging lumêbêt ing driyanipun tiyang èstri tanpa kairingakên. (kembali)
4. § Sasêbutan sang minulya, punika asring kangge nelakakên sêsêbutanipun Sang Buda. Wontên pintên-pintên sêsêbutan samènipun punika ingkang kocap ing sêrat-sêrat agami Buda, sadaya wau anelakakên kawontênanipun Sang Buda. Kados ta jêjuluk Sakyamuni, têgêsipun pandhita trahing bôngsa Sakya, jêjuluk ingkang suci tuwin ingkang mukti, sabab panjênênganipun sampun luwar saking sakathahipun sêdya amrih gêsang, saking sakaliring hawa napsu miwah pêpenginan. Jêjuluk Sang Utama, amargi sasampuning lami anggènipun lumawan kalayan manah sasar, sarta kasênêngan kadonyan, lajêng anggayuh kautamèn, jêjuluk Sang Pêpadhang, awit kala wontên sangandhaping witing kawruh angsal ilham ingkang linangkung. (kembali)
5. § Têmbung Kritiek (kritik) pakèwêd anggèn kula anjawèkakên, kritik makatên wontên warni kalih 1. Opbouwende kritiek têgêsipun: nimbang-nimbang sarana uluring kanalaran ingkang saras, tumrap prakawis ingkang kamanah dèrèng nêtêpi samêsthining wêwaton-wêwaton ingkang sah, gêrbanipun pakarti ingkang murih saening tindak utawi pandamêl, 2. Afbrekende kritiek punika pakarti ingkang botên murih saening tindak utawi pandamêl, lugu namung tumuju dhatêng pangrisak, ingkang tuwuhipun saking watak: ewan, panastèn, dahwèn, kêmèrèn sarta kumingsun, utawi ngujubriya, takabur, ingkang tumandukipun lajêng mligi, nênacad, maoni, nyaruwe, moyoki, sapanunggilanipun pakarti ingkang murugakên congkrah tuwin karisakan. T.S. (kembali)
6. § Bokmanawi pikajêngipun burgers ingkang sae punika, satunggal-tunggaling golongan samia anêtêpi darmanipun piyambak-piyambak, kados ta: para brahmana anêtêpana darmaning brahmana, para satriya darmaning satriya, para wiswa darmaning wiswa, tuwin para sudra darmaning sudra. T.S. (kembali)
7. tinamtokakên (kembali)
8. § Murih rahayuning watakipun. (kembali)
9. wiwit (kembali)
10. § Ing sêrat-sêrat wirit kasêbutakên utawi mastani: kijab kang agung (aling-aling kang gêdhe) ingkang anasabi dhatêng pribadinipun. T.S. (kembali)
11. § Pêrang Bur punika pêrangipun têtiyang tani ing tanah Transval lumawan pamarentah Inggris ingkang ngêjègi pulo wau. T.S. (kembali)
12. § Bacaning Occultist ing tanah Arab. (kembali)
13. § Bangas, limrahipun dipun têgêsi gumregah tangi urip manèh, utawi tangi saka kubur. Miturut Imam Gazali guwa garba (padharan) punika asring dipun angge sanepaning kuburan, kados ta: wong kang mangan daging iku dadi kuburaning kewan enz. dados bangas ing ngriki kenging sinuraos: lair saking guwa garba (wêtêngan) malih (Wedergeboorte). (kembali)
14. 143 (kembali)
15. anggèrèt (kembali)