Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  2. Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  3. Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  4. Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  5. Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  6. Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  7. Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  8. Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  9. Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  10. Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
  11. Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412 . Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa
Image

Ôngka 1, Kaping 4 Ramêlan Dal 1863, Utawi Kaping 1 Januari 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi. Tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Kusumadiningratan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Bab Pèdhêrasi

Ôngka 112/399

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa sampun nampèni sêrat dhawuhipun pêpatih dalêm, ingkang saking pamatahipun parêpataning para wakil parentah Jawi, kalihan guprênur Surakarta tuwin Ngayogyakarta, katitimangsan kaping 8 Nopèmbêr 1932 ôngka 909 C/4/I sakanthinipun bab pèdhêrasi. Minôngka wangsulan sêrat paturanipun Narpawandawa katitimangsan kaping 16 Agustus 1932 ôngka 88/382, punapa suraosipun sampun dipun sumêrêpi, saha pangrèh Narpawandawa matur nuwun, dene usulipun karêmbag ing parêpatanipun para wakilipun parentah Jawi kalihan guprênur Surakarta tuwin Ngayogyakarta

--- 2 ---

(konpêrènsi) langkung malih pêpatih dalêm ugi kaparêng badhe ngunjukakên sêrat paturanipun Narpawandawa wau, konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, anelakakên, manawi sêrat paturanipun Narpawandawa wau dados panggalihan, amung pangrèh ngaturi uninga, wontên sawatawis bab ingkang dipun aturakên Narpawandawa, nanging lêpat panampinipun ing konpêrènsi, sanadyan tamtunipun taksih badhe wontên wiyosing dhawuhing timbalan dalêm, namung saking pamanggihipun Narpawandawa parlu nusuli paturan minôngka pambengkasing sêling-sêrêpipun konpêrènsi, supados angrêsikakên ing pamawas, kados ngandhap punika:

1. Narpawandawa kagalih sêling-sêrêp ing panampinipun bab anggèning ngangge têmbung pèdhêrasi. Punika manawi lêrêsipun pancèn botên sêling-sêrêp amargi ing sêrat paturan wau sampun nyêbut, parêpatan kêmpalipun guprênur Surakarta tuwin Ngayogyakarta kalihan para wakilipun praja Kajawèn sakawan sabên wulan (ingkang limrahipun kawastanan ing akathah: pèdhêrasi) dene sababipun ing akathah mastani pèdhêrasi punika ing pangintên botên saking sêling-sêrêp utawi klèntu panampinipun, nanging saking beda-bedaning panampi, mênggah têrangipun mangke badhe kaandharakên nunggil pamanggih.

2. Sêrat dhawuhipun pêpatih dalêm kasêbut ing nginggil, amratelakakên bilih sêrat-sêrat kabar sarta swaraning ngakathah, andakwa pêpatih dalêm sulaya kalihan kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana, bab sudan lanrèntê, punika botên kawrat ing paturanipun Narpawandawa, wondene ingkang kawrat sêrat paturanipun Narpawandawa punika bab sudaning paos kabudidayan. Miturut putusan ingkang kawrat kominikwenipun konpêrènsi, paos kabudidayan wau badhe suda, nanging sarêng kasuwunakên dhawuh dalêm, botên kaparêng manawi sudaning paos kabudidayan punika botên dumunung nyambut.

Nuwun, mênggah pamanggihipun pangrèh Narpawandawa, sasampuning nyumêrêpi andhar-andharanipun sêrat dhawuh kasêbut ing nginggil wau, pangrèh manah sakêdhik parlunipun manawi mangsuli satunggal-tunggaling bab, mindhak damêl ruwêt sarta pêtênging panyuraos, amila, pangrèh Narpawandawa amung badhe ngaturakên wos-wosing pamanggihipun [pamanggih...]

--- 3 ---

[...ipun] kemawon, mêndhêt waton kawrat katrang-katrangan saking wontênipun konpêrènsi wau piyambak.

3. Sêsorah (rede)ipun guprênur ing Surakarta nalika adêgipun konpêrènsi tanggal kaping 10 Dhesèmbêr 1929 angandharakên mênggah pikajêngipun konpêrènsi wau, wosipun, parlu ngwontênakên pêpanggihanipun guprênur kêkalih ing Surakarta tuwin Ngayogyakarta, nanging mawi dipun tênggani para wakilipun parentah Jawi, lajêng isi tuju dhatêng nyambut damêl sêsarêngan. Sarta ing sêsorah kêrêp amratelakakên wontênipun pèdhêrasi, dados miturut sêsorah wau baku kalihan kêdadosanipun sampun nama botên murni, dening ing ngajêng bakunipun namung bab pêpanggihanipun guprênur kêkalih angrêmbag parluning pandamêlanipun piyambak, nanging wêwah sêdya nyambut damêl sêsarêngan kalihan para wakiling parentah Jawi, wasana kawontênaning tumindakipun, lajêng mawi ngwontênakên.

A. Ingkang katamtokakên dhatêng ing parêpatan ngriku nama wakiling parentah priyantunipun ajêg, sami opisilê pêrsunên, parêpatanipun sabên wulan sapisan, punapa malih panggenanipun katêtêpakên gêntos- gêntos.

B. Parêpatanipun inggih mawi putusan saking rêmbag-rêmbagipun, sanadyan pamutusipun wau kêdah awêwaton sarujukipun sadaya (met algemeene stemmen) nanging makatên wau atêgês cêngkah kalihan dhêdhasaraning rêmbag piyambak.

C. Sarujuking rêmbagipun parêpatan mawi dipun siyarakên (damêl kominikwe).

4. Miturut kawujudan ingkang gumêlar wau sampun lajêng ical sipating konpêrènsi piyambak, amargi sampun isi tuju sarta tatanan gandhèng kalihan parluning praja, namung kaotipun dèrèng kawaton ing sêrat, mila Narpawandawa mastani botên lêpat bilih tiyang kathah nganggêp konpêrènsi wau pèdhêrasi, awit kawontênanipun pèdhêrasi punika pancèn warni-warni, wontên pèdhêrasi ingkang sampurna yêktos, kados ta: ing Amerika, Dhitslan, tuwin sanès- sanèsipun. Wontên ingkang sawêg têngahan, inggih punika: ing nagari Indhustan, cartasarta. ing Maleische staten, dene ing ngriki (para karajan Jawi) punika dipun wastani pèdhêrasi ingkang sawêg kawitan, utawi voorbereiding tot federatieve samenwerking.

--- 4 ---

Dados manawi kaanggêp konpêrènsi piyambakan, kadosdene manawi pêpatih dalêm dhatêng guprênuran angrêmbag parluning praja, punika têrang bilih botên sami, amila manawi kaparêngipun konpêrènsi wau têtêp piyambak, tuju sarta kawontênan ingkang kadumuk Narpawandawa wiwit a dumugi c ing nginggil wau, kêdah kasirnakakên sadaya.

5. Sasampuning Narpawandawa amratelakakên, kados pamanggihipun kasêbut ing nginggil, têtela bilih konpêrènsi wau sampun sanès konpêrènsi piyambakan, nanging sampun nama konpêrènsi opisil, angrêmbag parluning praja, namung dèrèng wontên tatananipun kawrat ing sêrat, ingkang makatên punika kajawi adamêl sônggarunggining ngakathah, dening tiyang kathah wau botên sumêrêp, saha sami rumaos nyanggi bot repoting praja, ugi tatanan ingkang botên kawaton ing sêrat punika badhe kêrêp ewah-ewah kawontênanipun, sarta ingkang kêrêp inggih badhe amung miturut rêmbag- rêmbagipun ingkang langkung kuwaos, tamtunipun tumrap ing konpêrènsi wêkdal punika ingkang dipun wastani langkung kuwaos inggih punika guprênur, sabab dening para wakil wau sampun nama dipun wêngkoni guprênur, langkung gawat malih bilih ningali guprênur wau sontan-santun. Mugi sampun andadosakên panggalih, Narpawandawa botên pisan-pisan badhe nyênyamah, utawi ngrèmèhakên dhatêng para wakilipun praja Kajawèn, saminipun anggèning Narpawandawa mratelakakên para wakiling praja Kajawèn, sami pakèwêd angêdalakên punapa ingkang dados saraosing manahipun wontên ing konpêrènsi, dening wontên guprênur sarta têmbungipun cara Walandi, langkung malih ing konpêrènsi ngriku wontên ingkang botên sagêd têmbung Walandi, punika amung mêndhêt kalimrahipun kemawon, dados pikajênganipun angwontênakên tatanan punika, kangge anyalangi èwêd-pakèwêd. Sintên ingkang sumêrêp kadadosan ing wingking, kados ta: wontênipun gemeenschappelijke instelling kapratelakakên sêpên pakèwêd, punika dèrèng kenging kangge pasaksèn. Ing Volkenbond kemawon, sanadyan langkung rowa wiyar têbaning tuju, panyambutipun damêl sêsarêngan langkung longgar prasasat tanpa cancangan tinimbang konpêrènsi punika, saha taksih nyamut- nyamut sangêt dadosipun [da...]

--- 5 ---

[...dosipun] pèdhêrasi, makatên malih ugi botên nama mawi meerderheid van stemmen ewadene inggih sampun mawi tatanan ingkang kangge wêwaton kawrat sêrat.

6. Kasêbut ing sêsorahipun guprênur Surakarta mratelakakên, wontênipun konpêrènsi punika dipun wiwiti saking ngandhap, makatên punika Narpawandawa pancèn rujuk sarta mastani sampun lêrês, namung kawontênanipun konpêrènsi ing praja Kajawèn punika botên kenging kaanggêp bilih kawiwitan saking ngandhap, nanging malah dhawah kosokwangsul (kawiwitan saking nginggil) amargi sakawit wiji wontênipun konpêrènsi punika saking parlunipun guprênur kêkalih, dados manawi konpêrènsi wau têtêp saking ngandhap, murninipun kêdah dipun wiwiti saking parentah Jawi rumiyin, tanpa guprênur, bilih wontên parlunipun kemawon guprênur kaparênga kasuwun anênggani, parlu paring pamanggih, mutusi utawi nuntun, dados guprênur têtêp nama mitulungi, inggih punika lampah ingkang sae utawi paring kêkiyatan sayêktos dhatêng praja Kajawèn. Kajawi punika konpêrènsi tanpa guprênur ing pamanggih pancèn botên wontên pakèwêdipun, awit kênthêling rêmbagipun konpêrènsi wau, manawi sampun kaparêngakên ing panjênêngan dalêm nata, botên sande tamtu ugi karêmbag kalihan guprênur.

7. Awit saking punika Narpawandawa nyuwun supados konpêrènsi wau wontêna tatananipun ingkang gumathok, kawrat ing sêrat pranatan, ingkang sampun dados kaparêngipun panjênêngan dalêm nata, tuwin para tiyang sagêda sami sumêrêp pranatanipun, adhêdhasaran lugu parluning parentah Jawi kados ingkang dipun aturakên ing nginggil. Tumrapipun Narpawandawa kangge pèdhêrasi ingkang kawitan prayogi kados ingkang sampun kaaturakên, kasêbut sêrat paturanipun katitimasan kaping 6 Pèbruari 1932 ôngka 13/347, dening sampun têtela manawi ing ngriku dèrèng wontên putusanipun sarta taksih dèrèng wontên ingkang kacancang, dados nama taksih mênga sangêt.

Wasana tutuping aturipun Narpawandawa sadaya punika sampun kagalih nyeda utawi mabêni, ing ngriki tancêb dhêdhasaranipun Narpawandawa amung manah tuwin rumêksa supados nagari tuwin karaton dalêm prayogi, sarta andadosakên pamarêming ngakathah. [nga...]

--- 6 ---

[...kathah.] Mênggah punika salajêngipun kaaturakên ing konpêrènsi, saha bilih parlu konjuk kauninganipun ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, Narpawandawa nyumanggakakên ing pêpatih dalêm.

Katur tanggal kaping: 7 Dhesèmbêr 1932.

Mudha pangarsa, Wg. Kusumayuda

Panitra II, Wg. Purwasastra

Praja Surakarta, Ngayogyakarta Dados Rêmbag Rame Wontên ing Rad Kawula (Volksraad)

(Sambêtipun organ ôngka 10 taun 1932).

Sarampunging sêsorahipun warga rad kawula B.K.P.H. Adiwijaya, ing parêpatan rad kawula tanggal kaping 11 Agustus kapêngkêr punika, lajêng gêntos warga Radèn Mas Wiwaha sêsorah, ugi ngrêmbag bab Porstênlandhên, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Wontên ing memorie van antwoord parentah nêrangakên, bilih wisudhan pangeran ing Ngayogyakarta punika gawat (subsidie zaken) mila kula botên badhe nglajêngakên, namung kemawon pêrlu kula têrangakên (opmerking maken) bilih blanjanipun para pangeran punika prayogi kapêndhêtakên sangking sipilêlèis, dados botên saking kas nagari, sabab pangeran punika gandhèng sangêt kalihan karaton.

Wakil parentah kangge kapêrluan umum sampun anglêrêsakên (bevestigend) dhatêng pitakènipun wakil Porstênlandhên Tuwan Adiwijaya nalika parêpatan tanggal kaping 30 Juli kapêngkêr punika, punapa inggih karsanipun parentah ingkang nêdya ngajêngakên (verhooging der zelfwerkzaamheid) para sèlêpbêstirên saha sèlêpbêstirdhêrês.

Minôngka wiwitan lan sêsorah kula punika pangandikanipun wakil parentah wau kula èngêti sangêt (goede nota) ingkang salajêngipun pêrlu kula têrangakên.

--- 7 ---

Bilih para sèlêpbêstirên piyambak punika, sangêt anggènipun ngajêng-ajêng dhatêng kamardikanipun (grootere zelfstandigheid), punika ugi kenging katitik saking mosinipun pakêmpalan Narpawandawa ing Surakarta, makatên ugi kenging katôndha saking suwantênipun kawula Ngayogyakarta P.K.N. supados enggal dipun wontêni bale agung. Namung emanipun dene ing memorie van antwoord afd. IV kaca 30 pêparentah nêrangakên, gandhèng kalihan bab arta (financieelen aard) bale agung wau botên sagêd enggal dipun wontêni.

Jamanipun môngsa krisis punika ing Porstênlandhên inggih tumut kataman, ananging awoning bêbrayan wau tumraping Porstênlandhên ingkang kraos sangêt namung wontên ing bab ingkang gêgayutan tumrap praja: (staatkundige vraagstukken). Caranipun paprentahan ingkang manjila (bijzondere bestuursvoering) punika tumrap Surakarta Ngayogyakarta nama botên anèh.

Jalaran krisis punika para kabudidayan ing Porstênlandhên sami nyuwun sudanipun paos pachtsom. Wara-wara opisil (communique) katitimangsan kaping 12 Marêt 1932 nêrangakên: bilih koprènsikonprènsi. Porstênlandhên nêtêpakên, ngandhapakên paos kabudidayan wau 20 prosèn. Nama Vorstenlandsche conferentie wau samangke dipun santuni nama conferentie der Gouverneurs en de Zelfbesturen ingkang bab punika mangke ugi badhe kula rêmbag ngriki.

Dumugi samantên botên wontên punapa-punapa, malah ing Ngayogyakarta kados sampun nama rampung, sagêd ugi malah sadèrèngipun konpêrènsi sampun katêtêpakên. Wosipun kemawon bab sudanipun paos kabudidayan wau tumrap praja Kasultanan tuwin Pakualaman sami botên dados rêmbag. Beda kalihan ing Surakarta, ingkang wêkdal punika dados rêmbag rame.

Bab caranipun nyuda paos punika ingkang badhe kula rêmbag kalihan parentah. Inggih tindakipun punika ingkang kula pitakèkakên, punapa parentah inggih sampun nganggêp botên sulaya kalihan sêdyanipun parentah ingkang tansah kapangandikakakên badhe ngajêngakên kamardikanipun para sèlêpbêstirên. Bab punika ngèngênangèngêtana. pangandikanipun wakil parentah babagan umum, bilih para amtênar B.B. Walandi ing Porstênlandhên badhe kapilihakên ingkang nocogi bab beleid tuwin tact.

--- 8 ---

Mangsuli bab suda paos kabudidayan. Awit saking wara-wara konpêrènsi, para kabudidayan sami kagèt sangêt, dene ing anslah bilyèt botên kasuda. Punika nama botên anèh, kados punapa rêkaosipun ingkang badhe nanggêl sudanipun paos kabudidayan wau. Mila lajêng tuwuh pitakenan, kadospundi dene lêlampahan makatên sagêd wontên. Môngka miturut katranganipun parentah, amtênaripun ingkang wontên ing Porstênlandhên wau sampun pilihan. Manawi pados têrang kêdah mirsani wara-wara opisil konpêrènsi guprênuran.

Bab caranipun (de wijze) konpêrènsi punika taun kapêngkêr sampun nate kula rêmbag ing ngriki, wêkdal punika kula taksih têtêp nacad sangêt, amargi caranipun punika botên cocog kalihan kasagahanipun parentah ingkang criyosipun tansah badhe ngajêngakên, (om de zelfwerkzaamheid te bevorderen) para amtênaripun guprêmèn (gezaags apparaten) kêkathahên sêtèm ing konpêrènsi wau (beslissende stem). Punika kêkathahên anggènipun tumut cawe-cawe dhatêng kapêrluanipun para sèlêpbêstirên. Cara makatên punika mêjahi tuwuhipun pamanggihipun para sèlêpbêstirên (elk initiatief doodgeboren).

Mèncèng sakêdhik, kala taun kapêngkêr kula inggih sampun cariyos, gandhèng kalihan rêmbag bab konpêrènsi punika: miturut raos Jawi: nyulayani punika nama botên sae (ondeugd) tatakrama cara kraton (hoffelijkheid) punika sampun dados watakipun para luhur Jawi, langkung malih tumrapipun wakiling nagari bab makatên wau kalêbêt sabab ingkang andadosakên asring sêling-sêrêpipun panampi (die een wederzijds begrijpen moeilijkmaakt).

Usul nyuda paos kabudidayan ing konpêrènsi punika atêgês putusan. Amargi usul wau botên saking para sèlêpbêstirdhêrs, tuwin awaton Malesê, katambahan malih manawi angèngêti kautamèning panggalihanipun para zelfbesturen dados manawi bab wau sampun karêmbag kalihan para zelfbesturen tamtu badhe kaparêngakên, sarana tindak makatên punika pangintên kula panyuwunan wau kaparêngakên, langkung malih manawi para zelfbesturen ingkang tiga sampun rujuk, ingkang satunggalipun, tamtu botên sagêd manawi botên marêngakên.

--- 9 ---

Sapunika kadospundi wingkingipun? sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun botên rujuk dhatêng sudanipun paos kabudidayan wau, punika watonipun, dene nalika jamanipun sae (hoog cojunctuur) kabudidayan botên nginggahakên paosipun, mila botên adil manawi jaman rêkaos lajêng nêdha sudan, saking dipun dhêsêk, de druk voortdurend op den Vorst (kapêksa ingkang sinuhun ngrujuki, inggih punika kêkiranganipun paos sapunika, benjing ing môngsa sae kêdah dipun sauri, môngka wêkdal punika mèh sadaya paos kabudidayan sampun kabayar lunas sadaya.

Awit saking punika kula nêtêpakên, bilih:

1. Konpêrènsi punika sanadyan botên kalihan sarujukipun sèlêpbêstir, sagêd damêl putusan ingkang wigatos.

2. Punika saking botên sampurna (onvolmaaktheid) utawi botên saenipun (ondeugdelijkheid) bêbadan konpêrènsi wau.

Awit saking punika kula usul supados instituut punika dipun santuni ingkang sae, kadosdene panyuwunipun pakêmpalan Narpawandawa, ingkang kausulakên dhatêng pêpatih dalêm ing Surakarta, kawrat sêrat tanggal kaping 6 Pèbruari 1932 ingkang kapacak ing organipun ôngka 2 (Pèbruari 1932).

Wontên bab sanès ingkang inggih kirang prayogi (minder aangename zaken) kabêkta jaman, paos lanrèntê inggih prayogi kaandhapakên. Bab punika inggih botên dipun rujuki. Gandhèng kalihan bab punika pêrlu kula têrangakên ngriki, bilih ingkang sinuhun piyambak kaparêng maringi bantuan arta saking sipilèis dhatêng kas nagari. Dados sampun cêtha sangêt bilih sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana inggih anggalih sangêt dhatêng parluning nagari, makatên ugi inggih sampun cêtha sangêt sababipun botên marêngakên bab sudan paos tuwin landrente mila bab sudan landrente punika inggih pêrlu kula rêmbag wontên ngriki. Para Ambtenaar ripun Gouvernement sagêd damêl punapa- punapaa murih kalampahaning sêdyanipun, mila bab punika dados rêmbag enggal (nieuw problemen) tumrap para sèlêpbêstirên.

Sanadyan para wakil parentah sangêt anggènipun mêksa (druk) ewadene ingkang [ing...]

--- 10 ---

[...kang] sinuhun têtêp botên kaparêng nyuda lanrèntê. Punika awêwaton unjukipun para bupati pangrèh praja tuwin kantor A.Z.

Para bupati pangrèh praja wau kalihan pêpatih dalêm katimbalan guprênur, dipun takèni bab punika. Sadaya bupati wau sami ambalik, namung satunggal ingkang botên, sanèsipun sami ngrujuki sudan lanrèntê. Kadospundi pamanggihipun tiyang dhatêng tumindak makatên punika kula sumanggakakên, nanging sadaya wau botên sae sangêt wontên pamirêngipun ngakathah.

Tuwan, supaya nyêlani rêmbag: para Zelfbesturen rujuk punapa botên dhatêng sudan landrente wau. Wangsulanipun Tuwan Wiwaha botên rujuk.

Tumrap sang nata ing Surakarta botên sagêd milih sanès, anjawi namung kêdah ngrujuki nyuda lanrèntê. Posisinipun pêpatihipun tuwin mantunipun ngèwêd-èwêdi (deerlijk op het spel) amargi saking mangro kalih pasuwitanipun wau.

Babadipun pêpatih dalêm ingkang nyuwita bandara kalih (dubbelslactigheid) punika ing taun 1742 kasbut ing kontrak prajangjianipun ingkang sinuhun kalihan Kumpêni, bilih bênuman patih punika kêdah sarujukipun ingkang sinuhun kalihan Kumpêni. Sababipun kala samantên wontên pêrang Cina, patih mrayogèkakên rukun kalayan Cina, dados saking botên pitados, kasêbut ing kontrak tanggal kaping 1 Agustus 1812 (bab 18) nêrangakên bilih patih punika kawisudha tuwin copotipun dening guprêmèn. Sanès waton malih nyariyosakên manawi wontên sulayanipun, punika patih kêdah andhèrèk kaparêngipun guprêmèn.

Pusisinipun patih ingkang makatên wau dados sababipun bab-bab ingkang dados rêmbag rame wêkdal samangke punika. Cocogipun kalihan niyatipun parentah ingkang tansah ngajêngakên sèlêpbêstirên, kados sagêd tumindak manawi para nata Jawi wau sagêd angabdèkakên pêpatihipun, botên namung sapalih (geheel de beschikking over hun Rijksbestuurders konden hebben) ingkang lajêng gadhah raos langkung mardika dhatêng patihipun.

Gandhèng kalihan bab punika, kaparênga kula mêthik bukunipun Tuwan A. Muhlenfeld, wakil parentah B.B. sapunika, ngalamatipun "In den Dalam van vorst Mangkoenagara" punika ugi ngrêmbag pusisinipun patih tweeslachtig, wau makatên:

--- 11 ---

saenipun praja nalika Kangjêng Gusti Mangkunagara kaping VI jumênêng, punika jalaran tigang prakawis: sapisan, bilih ratu praja Mangkunagaran ingkang sae punika sagêd langkung prayogi tumindakipun praja tinimbang Kasunanan utawi Kasultanan, amargi posisinipun, Mangkunagara punika langkung mardika tinimbang posisinipun sampeyan dalêm ing Surakarta, tuwin kangjêng sultan ing Ngayogyakarta. Kaping kalih, Patih Mangkunagaran punika sanès abdi guprêmèn, kados pêpatih dalêm ing Kasunanan utawi ing Kasultanan. Kaping tiga, posisinipun patih ingkang botên mangro tingal, punika sae, sabab botên sagêd anjalari ngindhakakên kuwaosipun patih kados mèh sak ratu (een staat in den staat)?. Tuwan Loa Sek Hie kala samantên umuripun Tuwan Muchlenfeld taksih sami panjênêngan.

Tuwan Wiwaha: ananging wawasanipun Tuwan Muhlenfeld punika migatosakên sangêt.

Saking ngriki cêtha manawi mangro tingalipun para pêpatih dalêm wau ngalang- alangi dhatêng kamajênganing kamardikanipun (zelfstandigheid) para nata Jawi. Manawi para patih wau sanès abdinipun guprêmèn, cêtha sangêt manawi Kasunanan saha Kasultanan punika sagêd langkung kathah langkung sae paedahipun tumrap nagari prajanipun.

Sarèhne môngsa rêkaos arta makatên, tumrap parentah langkung sae, manawi para pêpatih dalêm wau sami dipun kèndêli anggènipun ngrangkêp dados abdining guprêmèn. Punika parentah bathi f 1000 x 2 = f 2000 sawulanipun = f 24000 sataun.

Awit saking punika kula mrayogèkakên supados parentah ngewahi pusisinipun para patih wau. Kula ngêntosi kadospundi pamanggihipun parentah.

Wontên bab sanès ingkang prêlu kula rêmbag ngriki, inggih punika bab kantor agrarisêsakên. Bab punika prêlu sangêt tumrap guprêmèn saha Kasunanan. Jalaran saking wontênipun kalampahan ingkang mêntas kemawon, punika nuwuhakên pangudaraos, bilih parentah nyulayani pangandikanipun piyambak, ingkang tansah niyat badhe ngajêngakên sèlêpbêstirên. Langkung sulaya malih manawi pulitikipun wau katindakakên (in daden wordt opgezet).

--- 12 ---

Nalika taun 1911 parentah ngawontênakên kantor A.Z. dipun pangagêngi kontrolir, sapunika asistèn residhèn, blanjanipun sapalih saking guprêmèn, sanèsipun saking sèlêpbêstirên. Kasagahanipun benjing kantor wau kapasrahakên amtênar sèlêpbêstir, ingkang dipun tuntun dening amtênaripun guprêmèn rumiyin, sawatawis dangu punika ingkang dipun tuntun Radèn Tumênggung Côndranagara, ananging panguwaosipun kantor wau taksih kacêpêng amtênaripun guprêmèn, sapunika Tuwan Côndranara Côndranagara. pêrlop sinau dhatêng Eropah. Sarèhne ingkang sinuhun taksih kaparêng dhatêng tatanan gedragslijn wau, sakesahipun Côndranagaran dipun gêntosi Mr. Sujana, ingkang nguwaosi kantor inggih badhe taksih wontên tanganipun amtênar guprêmèn Walandi, botên salaminipun, manawi sampun sami sagêd badhe kapasrahakên abdinipun sèlêpbêstir piyambak. Punika (beoordeeling) wontên parentah piyambak, manawi sampun wancinipun para amtênar Walandi kaprayogèkakên botên cawe-cawe. Wanci benjing punapa, punika parentah piyambak ingkang nêtêpakên.

Saupami ingkang sinuhun botên dipun pêksa kêdah nurut (een druk werd uitgeoefend) supados jurungakên bênumipun Mr. Sujana wau, kados sae (normaal) kemawon tumindakipun. Eman sangêt sapunika bênuman wau wurung.

Awit saking punika kula pitakèn dhatêng pamarentah:

1. Botên ngisèni lowongan Côndranagaran, punika punapa botên nyulayani pulitikipun parentah ing bab babagan siti (agrarischezaken)?

2. Punapa parentah purun nglintoni dhatêng sèlêpbêstir, wragadipun Mr. Sujana, amargi botên saèstu kabênum?

3. Punapa lampah makatên punika botên ngrêndhahakên kaluhuranipun (prestige) sèlêpbêstir?

Pangajêng-ajêng kula mugi parentah kaparêng anggalih ingkang lêbêt dhatêng lêlampahan ing Porstênlandhên punika.

Dumugi samantên kirang langkung sêsorahipun warga rad kawula Radèn Mas Wiwaha ing 1e termijn. Dene wangsulanipun parentah babagan pangrèh praja, Tuwan A Muhlenfeld badhe kawrat ing organ wulan ngajêng.

--- 13 ---

Putri Narpawandawa

(Sambêtipun organ ôngka 12 taun 1932)

Bab nyambut damêl kaparluanipun umum, inggih punika ingkang dipun wastani sosial, lah punika kados sêpên pakèwêd babarpisan para putri tumindak wontên ing ngriku. Ing kala masa malah langkung prigêl, sarta langkung pratitis tinimbang para kakung, kados ta: anggulawênthah tiyang sakit opvoeding, enz.

Minôngka pêpungkasaning atur, saking pamanggih kula bakunipun botên wontên satunggaling bab utawi pakaryan ingkang nyirik dhatêng para èstri, namung kemawon beda-bedaning kodrat ugi ambêkta bedaning cak-cakan, punika kêdah dipun èngêti, sami kemawon bedaning kodratipun tumrap jalêr sami jalêr, ingkang satunggal gadhah kalangkungan tumrap bab pakriyan, satunggalipun bab ôngka enz punika mêsthi inggih mahanani bedaning cak-cakan, nanging kauningana, bedaning cak-cakan punika botên gadhah têgês ingkang satunggal langkung asor tinimbang satunggalipun, inggih punika ingkang dipun wastani pinta-pintaning pandamêlan (werk-verdeeling), kasanepakakên kadidene sêkar sêtaman, wujudipun môncawarna, nanging sami amrik angambar gandanipun.

Satêlasing sêsorahipun R.Aj. Wôngsanagara, lajêng dipun sambêti aturipun R.Aj. Rêksausada, kados ing ngandhap punika:

Parêpatan. Nuwun, sadèrèngipun parêpatan dalu punika dipun tutup, awit saking namanipun pangrèh, kula ngaturi uninga, mangke sabibaripun parêpatan, êmbokmanawi panjênêngan botên kagungan pêrlu sanèsipun malih, panjênêngan sadaya kaparênga andumugèkakên lênggahan sawatawis, minôngka pêpanggihan (bijeenkomst) mênggah pikajêngipun pangrèh angwontênakên pêpanggihan punika ngêmu paedah ingkang agêng, kados sêsorahipun R.Aj. Wôngsanagara, amargi bilih pakêmpalan kita punika botên dipun wontêni pêpanggihan, tamtu badhe kirang supêkêt sêsrawunganipun, kados panjênêngan sadaya sampun karaos bedaning pêpanggihan kalihan parêpatan, manawi parêpatan makatên, sadaya tindak-tanduk tansah dhinês (officieel) nanging mangke manawi parêpatan sampun katutup lajêng dados pêpanggihan, sadaya tindak-tanduk santun dados mardika (vry) kajawi punika kula parlu matur dhumatêng para sadhèrèk ingkang sami lêlênggahan wontên ing ngriki, namung sadèrèngipun [sa...]

--- 14 ---

[...dèrèngipun] kula nglajêngakên atur kula, panyuwun kula ambokmanawi wontên ingkang ngrumaosi kataman, paringa pangapuntên. Pamirêngipun pangrèh Putri Narpawandawa, srêmang-srêming taksih wontên sadhèrèk sawatawis ingkang rangu-rangu ing panggalih, mlêbêt dhatêng kalanganipun Putri Narpawandawa, jalaran ambokmanawi kagalih badhe gadhah tindak ingkang kadospundi-kadospundi, kados ta: ngrêmbag bab wayuh, sasaminipun, punika sajatosipun Putri Narpawandawa botên babarpisan, amargi prakawis makatên punika nama bêtahipun tiyang piyambak (persoonlijk belang) bêbasanipun, ala gêlar dene yêkti, alah kôndha dene nyata, dados sampun anggêga pakabaran-pakabaran, langkung prayogi kanyatakakên kemawon malêbêt dados warganipun. Malah manawi pakêmpalan kita Putri Narpawandawa punika sampun sêmbada kaangkah namung badhe amanah para santananing nata ingkang sami sangsara, namung punika atur kula.

Parêpatan lajêng dados pêpanggihan ngantos dumugi jam 10 sawêg bibaran, wilujêng.

Turunan

Golongan Sèkrêtari.

Ôngka 25 A/1/2

Wadananing putra santana dalêm kiwa

Dhawuh marang para bupati lan para panggêdhe, awit saka kaparênging karsa dalêm, satinggale donya wadananing putra santana dalêm golongan kiwa Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, kang kakarsakake nindakake paprentahane wadananing putra santana dalêm golongan kiwa wau, panggêdhening parentah karaton Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. Kang iku pakênira sumurupa.

Dhawuhing parentah kaping 4 Januari 1933.

Pêpatih dalêm, Wg. Jayanagara.

--- 15 ---

Kopêrasi

Pêthikan saking Hindia Zelfbestuur dening Tuwan N. Spykman, G. Kolff & Co. Batavia 1919.

Bêbuka

Têmbung Cooperatie punika têgêsipun: nyambut damêl sêsarêngan, dados sadaya pakêmpalan punika lugunipun kopêrasi. Ananging ingkang limrah dipun wastani kopêrasi punika namung pakêmpalan, ingkang warganipun nyambut damêl sêsarêngan tumuju dhatêng babagan ekonomi.

Nyambut damêl sêsarêngan sarana kopêrasi ing bab ekonomi punika rekadaya, ingkang anjalari tiyang siti sagêd madêg piyambak ing bab ekonomi.

Tindakipun pakêmpalan tunggil damêl punika namung sagêd murakabi tiyang sakêdhik, sadaya tiyang punika ambêtahakên kopêrasi, jalaran sadaya sami kraos gumantung saking sudagar sarta tiyang potang bôngsa mônca.

Mèh sadaya ingkang dipun tumbas utawi dipun sade bôngsa tiyang siti punika langkung tanganipun bôngsa mônca. Saking dayaning kasugihanipun sagêd damêl mirahipun barang-barang ingkang dipun kilak, awis sêsadeanipun.

Bôngsa tiyang siti sagêdipun uwal saking panguwaosipun bôngsa mônca punika saya rêkaos, dening sampun botên mrêdika ngangge gadhahanipun piyambak, inggih punika bau saha sabinipun, sabab sampun dipun gantosakên sawatawis lami, jalaran saking nampèni panjêr (voorschot) inggih wontênipun cara nyukani panjêr, punika ingkang ngrisak-ngrisakakên, bôngsa tiyang siti salami-laminipun gadhah sambutan, salajêngipun karêgêm dening ingkang nyambuti utawi sudagar.

Sapintên jêmbaring têbanipun mêmala punika wontên ing jagadipun tiyang siti, katingal têrang nalika wontên pranatan pambagean têdha (voedseldistributie). Ing pundi-pundi panggenan bôngsa tiyang siti gadhah sambutan dhatêng Cina toko. Kabêkta saking kawontênan, Cina punika anggènipun kilak wos kêdah kêncèng, mila lênggananipun inggih kêdah bayar kêncèng, nanging sami botên sagêd, mila botên sagêd angsal wos.

Pakêmpalan-pakêmpalanipun tiyang siti ingkang manah kacêkapanipun bôngsa, ingkang prêlu piyambak kêdah ngicali tatanan panjêr punika sarta damêl propagandha nêrangakên [nêranga...]

--- 16 ---

[...kên] awonipun panjêr wau. Bab punika paprentahan botên sagêd têtulung punapa-punapa. Sanadyan sampun wontên undhang lintah dharat, ananging bôngsa tiyang siti botên nate migunakakên kangge ambatalakên prajangjian ingkang awrat, amargi kuwatos badhe botên sagêd angsal sambutan. Mila sanajan sampun wontên undhang-undang, tindakipun lintah dharat punika lêstari sapriki.§ Sapunika sampun wontên bêbadan, Anti-woeker.

Tindakipun lintah dharat punika sagêd ical, manawi kaum bêrah sarta kaum tani piyambak botên purun nêdha sarta dipun sukani panjêr, jalaran saking mangrêtos bilih makatên punika nyade kamardikanipun.

Pakêmpalan ekonomi tiyang siti botên namung kêdah ngalang-alangi bab nêdha panjêr ingkang botên prêlu, nanging manawi pancèn prêlu kêdah ngangge yatra, upami: manawi wontên sukêr sakit, kêdah sagêd nyampêti bêtahipun, sampun ngantos lajêng mêndhêt panjêr dhatêng juragan, tukang nyewa pasitèn utawi sudagar.

Kajawi mardika saking dagang sambêtan (tusschenhandel) inggih kêdah nyambut damêl sêsarêngan kalihan kopêrasi ingkang purun suka sambutan.

Sarèhning bêbrayan ekonomi punika warni-warni, mila lajêng tuwuh pakêmpalan kopêrasi warni-warni, kados ta:

Kopêrasi kabêtahaning griya (Cooperatieve Verbruiksvereenigingen).

Kopêrasi kilakan (Coop. Inkoopsvereenigingen).

Kopêrasi suka sambutan (Coop. Credietvereenigingen).

Kopêrasi dagangan agêng (Coop. Groot-handelvereenigingen).

Kopêrasi yayasan (Coop. Bouwvereenigingen).

Kopêrasi punika kenging kaperang dados kalih. Sanajan kalih-kalihipun nunggil kajêng, inggih punika kamardikan tumrap ekonomi, dados nyèlèngi sarta kêklêmpak bôndha, nanging kawontênanipun beda.

Golongan kêkalih wau inggih punika kopêrasi hasil (Cooperatieve productievereenigingen) kalihan kopêrasi kabêtahaning griya (Cooperatie verbruiksvereenigingen). Taksih wontên sambêtipun.