Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 14-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 3, kaping 26 Ruwah Wawu 1857, utawi kaping 1 Marêt 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50, Kapacak sapisan.

Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan Narpawandawa, nalika dintên malêm Akat tanggal kaping 19 Rêjêb Wawu 1857, utawa kaping 22/23 Januari 1927 wontên ing Kusumayudan, pangrèh ingkang rawuh: 1. Rm. H. Wuryaningrat, pangarsa mulya. 2. K.P.H. Kusumayuda, pangarsa. 3. Rm. H. Yasadipura, mudha pangarsa. 4. Rm. H. Padmawinata, panitra I. 5. R. Ng. Purwasastra, panitra II. 6. Rm. H. Bratadipura, artaka II. 7. K.P.H. Suryaamijaya, panitya.

Tamu: wakil pakêmpalan darah M.N. saha B.O. pang Surakarta.

--- 34 ---

Wakil sêrat kabar ingkang sami dipun sêdhahi botên wontên, tanpa katrangan.

Warga ingkang rawuh kirang langkung 60, wanci jam 9 pangarsa miwiti amêdhar sabda, rèhning para warga ingkang rawuh namung sakêdhik sangêt (kirang saking saprapating cacahipun warga sadaya) mila kadospundi rêmbagipun para warga ingkang sami rawuh ing dalu punika, parêpatan kalajêngakên punapa kabibarakên.

K.P.H. Adiwijaya usul, parêpatan kalajêngakên, nanging namung ngrêmbag kemawon, dados botên damêl putusan, ing wingking kemawon damêl parêpatan malih, para warga sami rujuk, parêpatan kalajêngakên kadosdene pêpanggihan (bijeenkomst).

Pangarsa lajêng ngaturakên pambagya wilujêng dhatêng para tamu saha para warga ingkang sami rawuh, rèhning parêpatan ing dalu punika botên badhe damêl putusan, amila ingkang karêmbag inggih namung bab rad kawula Surakarta kemawon, rêmbag sanès-sanèsipun ingkang kawrat ing agendha (zie organ ăngka 1 taun 1927) botên saèstu karêmbag. Para warga mupakat.

Kumisi ingkang dados juru sabda Rm. H. Wuryaningrat majêng, ngandika bilih sakalangkung andadosakên cuwaning panggalihipun, dene warga ingkang rawuh namung sakêdhik sangêt, ing măngka bab wontênipun rad kawula Surakarta ingkang badhe karêmbag punika parlu sangêt dipun mupakati para sadhèrèk kathah, namung kadospundi malih, amargi mangsanipun sawêg kados makatên (kêrêp jawah) amila panyuwunipun juru sabda, sadaya rêmbag-rêmbag ing dalu punika dipun suwun kapacak ing organ Narpawandawa, supados dipun sumêrêpi para warga, manawi para warga sampun nyumêrêpi, botên wontên ingkang botên dipun rujuki, têgêsipun para warga sampun sami rujuk, dados nama lajêng rampung.

Sambêtipun mirsanana kaca 39.

Sêpiyun ing Kadhaton

Para sadhèrèk tamtu taksih dèrèng kasupèn ing organ Narpa ăngka 12 taun 1926 kapêngkêr punika, ngêwrat panjurung saking kawadanan santana dalêm kiwa, bab kabar bilih kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta damêl sêpiyun wontên ing kadhaton, punika [puni...]

--- 35 ---

[...ka] sadhèrèk Mevrouw S.c.S. anukarta wontên ing sêrat kabar Pancajanya ăngka 55 sarta 56, sanadyan para warga tamtunipun sampun maos sêrat kabar Pancajanya wau, ewadene pamanggih kula panukartanipun sadhèrèk Mevrouw S.c.S. wau parlu kula pacak ing organ ngriki, supados kauningan dhatêng para warga, bilih sayêktosipun pandamêlan rêdhaksi punika botên baèn-baèn. Ungêlipun anggèning nukarta kados ing ngandhap punika:

Kabar sêpiyun ing kadhaton: dora.

Leetari Salutem!!.

Organ Narpawandawa ingkang mêdal tanggal kaping 1 Dhesèmbêr 1926 ăngka 12, ngêwrat pawartos bab sêpiyun ing kadhaton, rêdhaksi Narpawandawa piyambak nyariyosakên, sampun dangu sangêt anggènipun mirêng kabar bilih Radèn Ayu Bratapinilih ngakên dados sêpiyunipun kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta wontên ing kadhaton, pamirêngipun rêdhaksi Narpa, pangakên wau dipun ècèr kemawon saênggèn-ênggèn.[1]

Nunggil kalayan wontênipun kabar kasêbut nginggil, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya mitêrangakên ing kangjêng tuwan residhèn, nanging cariyosipun rêdhaksi, anggènipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya mitêrangakên, punika botên mêngku karsa punapa- punapa.[2]

Kadospundi katrangan dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn. Ing organ ngriku ngêwrat tatêdhakan sêratipun kangjêng tuwan residhèn ingkang dhumateng pêpatih dalêm, katitimasan tanggal kaping 30 Agustus 1926 ăngka 1136/S, minăngka katrangan aturipun Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wau, suraosipun: kangjêng tuwan residhèn paring pariksa dhumatêng pêpatih dalêm, bilih Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ngaturi uninga ing kangjêng tuwah residhèn, ing salêbêting kadhaton wontên kabar, bilih Radèn Ayu Bratapinilih miturut cariyosipun piyambak ngakên sêpiyunipun kangjêng tuwan residhèn wontên ing kadhaton. Awit saking [sa...]

--- 36 ---

[...king] punika kangjêng tuwan residhèn sampun lajêng andhawuhakên dhumatêng kangjêng tuwan asistèn residhèn ing Surakarta, supados Radèn Ayu Bratapinilih kapariksa paturanipun. Katrangan pikantuking papriksan, kawrat ing prosès prêbalipun wadana pulisi ing Surakarta, ugi kaparingakên pariksa dhumatêng pêpatih dalêm. Dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn, pêpatih dalêm supados tumuntên adhêdhawuh mradinakên ing kadhaton, bilih kangjêng tuwan residhèn botên pisan- pisan sarta botên nate ngwontênakên sêpiyun ing kadhaton. Kajawi punika kangjêng tuwan residhèn inggih botên nêdya badhe angwontênakên sêpiyun ing kadhaton.

Dene paturanipun Radèn Ayu Bratapinilih ingkang kawrat ing prosès prêbalipun wadana pulisi, ingkang tatêdhakanipun ugi kapacak wontên ing organ Narpa, kula pêthik suraosipun rêringkêsan kados ing ngandhap punika:

Radèn Ayu Bratapinilih aliyas Sadyani ... umur 32 taun, klairan saha gêgriya ing Balowarti kitha Surakarta, ... Aturipun: botên rumaos dados sêpiyunipun kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta botên nate nampèni arta saking kangjêng tuwan residhèn ing bab punapa kemawon, tuwin dèrèng têpang kalayan kangjêng tuwan residhèn, paturanipun sadaya tiyang dipun dorakakên, wontênipun tiyang kathah nyariyosakên piyambakipun dados sêpiyunipun kangjêng tuwan residhèn, punika piyambakipun gadhah pangintên sabab saking anggènipun asring dhatêng kantor pos parlu ngintunakên karang-karangan dhatêng Bale Pustaka, sabên dipun takèni ing tiyang piyambakipun mangsuli badhe dhatêng karesidhenan, jalaran pamanggihipun, ing kantor pos punika kalêbêt kampung karesidhenan dening prênahipun cêlak, nanging piyambakipun dèrèng nate sowan ing kangjêng tuwan residhèn.

Miturut papriksan sarta katrangan ing nginggil punika, sarèhning jawabipun ingkang kadakwa sêpiyun botên angrumaosi, sampun mawi kakiyatan katrangan saking dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn pancèn botên kagungan panggalih bab angwontênakên sêpiyun ing kadhaton, dados têtela kabar wau: dora. Hêm! ing dalêm batosipun tiyang wontên ingkang tuwuh pitakenanipun: yèn makatên [makatê...]

--- 37 ---

[...n] punapa ing wawêngkoning datulaya kathah rêmbag: ana-ini, utawi kathah tiyang: anggênthong umos?[3]

Lah samangke ingkang mêsthi dados pangajêng-ajêngipun tiyang kathah, lajêng kadospundi wawasan sarta tujuanipun rêdhaksi Narpa, anggènipun nganggêp parlu kêdah macak kabar ingkang katingal ngayawara wau wontên ing organipun, punika ingkang kasêdyakakên parlu ingkang kadospundi?. Anggèn kula maos organ Narpa sampun sawatawis dangu, tabêting pènipun rêdhaksi sampun kula titèni rambah-rambah, samangke kula kêpengin sumêrêp kados punapa pêpêthinganing Journalistiekipun ing bab kabar punika, sagêda kula naksèni bilih kridhaning rêdhaksi sumêrêp ing adil (Rechtvaardig), supados botên angucêmakên soroting Narpawandawa ingkang kagungan organ.

Manawi dipun raosakên ingkang yêktosan, pancèn botên amung rêdhaksi Narpa piyambak ingkang kajibah ngadili wontênipun kabar goroh ingkang kalajêng dipun wiyarakên têbanipun wontên ing organipun wau, sanajan pangrèh Narpawandawa ingkang sabotên-botênipun mêsthi kasêmpyok awon saening organipun, langkung malih Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang sampun kalajêng ngaturi uninga ing bab pamirêngipun kabar wau ing kangjêng tuwan residhèn, sasampunipun kasumêrêpan dora, lêrêsipun kêdah lajêng sami anjêjêrakên pamirêngipun, awêwaton saking cariyosipun sintên, sarta kadospundi nalar- nalaripun dados wontên kabar kados makatên, supados kenging dipun anggêp sami sagêd anglênggahakên adilipun (Rechtsvaardigheid).

Mênggah têpaning raos, inggih raosing kamanungsan ingkang taksih murni, tiyang dipun wartosakên dados sêpiyun, punika gêsangipun tamtu kirang sakeca dening botên ombèr, tansah sinigenan kinintên nyêpiyuni. Sanajan tiyang dados sêpiyun wau dèrèng tinamtu yèn awon, ananging limrahing akathah dipun anggêp [ang...]

--- 38 ---

[...gêp] botên sae. Manawi anggènipun kawartosakên dados sêpiyun punika: nyata, raos sadaya wau kasandhangipun dhatêng tiyang ingkang nêmah dados sêpiyun botên sangêt-sangêt dados wêlasan. Sarêng botên nyata, rêdhaksi Narpa tamtu sagêd nêpakakên piyambak kadospundi raosing manahipun upami piyambakipun dipun kabarakên dados kalamênjinging Narpawandawa ingkang ugi botên nyata, nanging mêksa dipun anggêp parlu kajèrèng-jèrèng wontên ing organipun, dados têgêsipun parlu ngèsi-èsi. Kadospundi inggih makatên punapa botên. Lah tiyangipun ingkang damêl kabar, ingkang sami ngabar-ngabarakên utawi ingkang miyar-miyarakên kalêbêt tiyangipun ingkang nglêbêtakên kabar goroh wau wontên ing organ Narpa, punika sipatipun lajêng dipun wastani punapa?, rêdhaksi Narpa mêsthi sagêd mastani. Ing salajêngipun, têtiyang sadaya wau anggènipun sami sagêd ambarang: ana-ini, utawi anggènipun baud dados tukang jêlomprongan, punapa rêdhaksi Narpa inggih nganggêp parlu kêdah dipun êbènakên kemawon. Punapa sababipun botên kagiyarakên pisan sarêng kalayan pamacakipun kabar wau wontên ing organipun kalayan botên mawang têtiyangipun. Lah inggih punika ingkang kula padosi, sagêda pinanggih ngadilipun, minăngka têtimbangan raosing manahipun Radèn Ayu Bratapinilih anggènipun kadamêl barangan dening sakathahipun tiyang durcara anggênthong umos. Mila makatên, sabab saking pamanggih kula Radèn Ayu Bratapinilih parlu kêdah karêksa kaurmatanipun.

Samangke ngaso rumiyin, dalah rêdhaksi Narpa prayogi inggih ngaso rumiyin, supados sagêd sarèh anggènipun anggiyarakên katranganing kabar ing nginggil punika wontên ing organipun.

Nuwun bapak up rêdhaktur mugi marêngakên salêmbar Pa ingkang ngêwrat rêmbag kula punika kaaturakên Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda pangarsa Narpawandawa, matur nuwun.[4]

Mevrouw S.c.S.

--- 39 ---

Sêsorah Wuryaningratan

Anggèn kula ngadêg punika amung nêtêpi adat, sintên ingkang nyukani panimbang kêdah nyukani katrangan têrangipun pamanggih. Mênggah sajatosipun katrangan-katranganipun kumisi rumaosipun sampun dipun pratelakakên sadaya, ewadene sasagêd-sagêd inggih badhe nyukani katrangan malih, sakintên langkungipun kalihan ingkang dipun lapurakên.

Manawi ningali putusanipun parêpatan, ngwontênakên kumisi kalihan rampungipun palapuran, punika têrang langkung kalih taun, wontênipun makatên sabab sontan -santuning warga. Ingkang nama nyambut damêl bab punika kintên sataunan, pancènipun inggih nama sampun kadangon nyambut damêl kados makatên ngantos sataun laminipun, namung sumêrêpa, nyambut damêl dhêdhapukan saking kumisi, punika botên sagêd rancag, amargi angsal-angsalipun kêdah saking parêpatan, măngka sadaya ingkang dados kumisi pandamêlanipun sampun kathah, dados nyambut damêlipun wau namung sakobêripun. Ewadene nadyan kula sampun mratelakakên dangunipun sataun, rumaosipun kumisi sampun nyêngkut, têgêsipun botên ngantos sagêd ngupados prabot ingkang langkung talêsih, wêdaling plapuran wau namung saking pamanggih sarta prakawis-prakawis ingkang sampun nate dipun sumêrêpi, sarta kumisi ngakêni botên ngangge manah ingkang mêdal saking bab rad kawula, ugi botên ngangge manah kadospundi mênggah lampahipun, ewadene kumisi purun mratelakakên pundi ingkang gandhèng kalihan adêging rad kawula, supados sampurnanipun rumaosipun sampun dipun pratelakakên sadaya. Kados ta: kumisi ngaturi panimbang dhêdhapukanipun rad kawula kêdah botên amung kawula dalêm thok, nanging kêdah dalasan kawulanipun gupêrmèn, amargi kajawi botên adil, inggih badhe nama botên sampurna, dening kawulanipun gupêrmèn ingkang wontên Surakarta, gêsangipun sampun dados satunggal kalihan kawula dalêm, makatên malih piyambakipun inggih ngalap eca tuwin paitipun kawontênan Surakarta, cêkakipun botên mantuk sangêt, tiyang manggèn ing papan nanging botên gadhah wawênang sakêdhik-kêdhika dhatêng papanipun utawi botên gadhah kawajiban punapa-

--- 40 ---

punapa. Ugi botên sagêd kalampahan, satunggaling paprentahan ingkang wajib nanggêl, nanging botên kawênangakên mrentah ingkang manggèn, mila parlu kawulanipun gupêrmèn ingkang wontên ngriki, Wlandia, Cinaa, kêdah kawêngkokakên panjênêngan dalêm nata sarta lajêng kêdah dipun wontêni rad kawula campuran wau. Bilih sagêd makatên tindakipun parentah inggih badhe sagêd nêtêpi kajêng umum, botên amung cèwèng dhatêng Jawi thok tur amung kawula dalêm, tuwin sagêd pariksa swantên ingkang lêrês.

Ugi pamanggihipun kumisi parlu sangêt, dipun têrangakên wêwatêsanipun wawênangipun saha kawajibanipun panjênêngan dalêm nata kalihan gupêrmèn, amargi adêgipun rad kawula kêdah wontên wawênang ingkang pancèn kêdah ngangge rêmbagipun rad kawula tuwin ingkang botên, sanadyan kenging kagêrba, upamènipun inggih punika ngrêmbag bêgrutêng tuwin pranatan-pranatan umum, nanging têgêsipun ingkang badhe dipun rêmbag wau saking wawênangipun panjênêngan dalêm nata, măngka wujudipun sapunika wawênangipun panjênêngan dalêm nata sampun botên cêtha. Pancènipun ngriki sagêd ngangge garan kontrak, nanging kauningana: kontrak kalihan nyatanipun sampun beda sangêt. Manawi miturut kontrak, taksih mandhirèng pribadi, nanging kawontênanipun botên namung nama suda, nanging kenging dipun wastani sirna kakiyatanipun. Ing ngriki ingkang kula pratelakakên amung ingkang parlu-parlu kemawon, kawontênanipun kawula dalêm sampun suda, amargi sanadyan Jawi ugêr angsal balănja saking gupêrmèn, panjênêngan dalêm nata botên wênang punapa-punapa. Pangadilan sanadyan taksih bayari, nanging sampun botên campur. Ugi tumindakipun paprentahan botên amung parlunipun umum kemawon ingkang kacancang, upamènipun begrooting, anggêr enz sanadyan parlu sakêdhik sampun kathah, nanging manawi botên ngangge idinipun rêsidhèn botên sagêd tumindak, kula mastani radi lêbêt panyancangipun trap-trapanipun têtêpan, botên namung têtêpipun pêpatih dalêm kemawon, sanadyan pangkat ngandhap ugêr pangrèh praja kêdah sarêmbag. Wontên malih nanging sawêg sêmu, kawontênanipun pulisi punika sampun cul saking parentah Jawi punapa dèrèng, amargi kawujudanipun ingkang mangagêngi abdinipun gupêrmèn, plapuran-plapuran dhatêng parentah Walandi,

--- 41 ---

tatananipun inggih saking parentah Walandi, makatên ugi A. Z. kadospundi. Bilih ningali bab pulisi wau lajêng dipun gandhèng kalihan kawontênan tumindakipun yêyasan ingkang saking kartipraja kêdah ngangge dipun sahi insinyir amtênaripun rêgèrêng, ugi kawontênakên pandamêlanipun kontrolê biro adêgipun Superintundent, pêkên saking amtênar sapanunggilanipun, makatên malih kathahipun punggawa gedetacheer, kados-kados wontên pamanggih ingkang dados pangagêng sasagêd-sagêd amtênaripun rêgèrêng, botênipun kêdah kacancang ing amtênaripun, wujud makatên punika kangge kaprajan ingkang pancèn gadhah paprentahan piyambak sisah sangêt, amargi gambaranipun punika sadaya wau parentah ingkang gadhah kuwajiban dhatêng panggenan wau, nanging botên têmtu kenging cawe-cawe dhatêng ingkang manggèn, dening salong sanès kawulanipun. Pangadilan saha pulisi dados kakiyataning parentah, punika sampun botên mêngkoni, satunggal-tunggaling punggawa kirang pangèdhêpipun, amargi dèrèng tamtu nguwasani yêktos. Lampahipun paprentahan kadho-kadho dening botên gumêlêng ingkang gadhah wawênang. Praja ingkang makatên punika kula mastani mênggah griya sunduk tuwin kilinipun pisah-pisah, mila kadadosanipun ingkang rêkaos botên amung ingkang nindakakê,n nanging dayani dhatêng kawula isinipun praja, amargi pandumanipun wontên parentah, nanging parentah piyambak dhêdhapukanipun buyar. Dados sanadyan dipun wontênana rad kawula, manawi taksih makatên wujuding praja kangelan gêsangipun supados sae, dening botên kantênan tangkêpipun, mila parlu dipun tata kêdah dipun cêthakakên sapintên ingkang dados kawajiban saha wawênangipun nata, pundi ingkang dados wajib sarta wawênangipun rêgèrêng. Makatên punika sagêd gampilakên ingkang nindakakên, sarta marêmakên nata ingkang kabawah. Kula piyambak ngalami, satunggaling amtênar ingkang wajib manah dhêdhasaranipun kontrak dipun urut saking babatipun, wontên malih ingkang botên purun makatên, namung miturut raosipun piyambak, dhêdhasaran ungêl-ungêlanipun kontrak. Awit saking botên cêthanipun tujuan wau limrahipun dadosakên kirang sakecanipun dhatêng nata ingkang kabawah, ingkang makatên wau botên amung Surakarta kemawon, dening asring padudon kalihan wakilipun rêgèrêng. Dene pamanggihipun [pamang...]

--- 42 ---

[...gihipun] kumisi wêwatêsanipun inggih kadosdene ingkang sampun kawrat ing palapuran, sadaya paos kêdah katur dhatêng paprentahan Jawi, amargi sadaya wau ngalap paedahipun siti ingkang dipun ênggèni, amung sarèhning ing Surakarta punika kayoman ing gupêrmèn, saha sagêd ngalap paedahipun ingkang gandhèng sajawining Surakarta, mila kêdah wontên ingkang kaaturakên ing gupêrmèn. Pamanggihipun kumisi ingkang wujud paos: in en uitvoer saha panggaotan monopoli, pantês kaaturakên sadaya ing gupêrmèn, panjênêngan dalêm nata utawi paprentahanipun angsal prèi bilih wontên parlunipun utawi angsal prêsenanipun kemawon, amung pamanggihipun kumisi monopoli wau ingkang pigunanipun adhêdhasar umum botên kangge ing Surakarta kemawon, kados ta: tèlêgrap, tèlêpun, sêpur sasamènipun, gadhean, sarang burung sasamènipun, pamanggihipun kumisi botên nama umum, mênggah ingkang dados kuwajibanipun nata inggih punika yêyasan ingkang mligi dhatêng paedahipun tiyang Surakarta, kados ta: pulisi, B.O.W. klinik, sakolahan andhap sasamènipun. Dene militèr, pèl pulisi, sakolahan têngahan sasamènipun, rèhning parlonipun botên kangge ing Surakarta kemawon, dados kawajibanipun gupêrmèn, pancènipun ugi kalêbêt sadaya panyêgah saha panjagi ingkang botên amung kangge ing Surakarta inggih dados kuwajibanipun gupêrmèn ugi, ingkang amung tumrap tiyang Surakarta inggih dados bêtahanipun panjênêngan dalêm nata, mênggah wêwatêsan wawênangipun panjênêngan dalêm nata babagan mangrèh kados ungêl-ungêlan palapuranipun kumisi pancèn kirang cêtha, kajêngipun kumisi kalêstarèkakên wujud ing sapunika, têgêsipun adhêdhasar kontrak, panjênêngan dalêm nata wênang nata punapa kemawon punika kalêstarèkakên, amung sarèhning kabawah ing gupêrmèn, dados wajib anjagi ugi, mila taksih parlu mawi kaidèn, nanging pamanggihipun kumisi inggih amung ingkang wos kemawon, upamènipun bab bêgrutêng, tatanan tumrap umum utawi tatananing praja, dene tatanan ingkang tumindaking pandamêlan utawi têtêpaning pangkat botên parlu kacancang saha kêdah têtêp abdi dalêm, awit mindhak ngrêndhêti saha kadho-kadhoning lampah, punapadene anjalari

--- 43 ---

sudaning pangèdhêp, punika kirang prayogi sangêt.

Kajawi ingkang sampun kula aturakên kêdah wontên wawênangipun gupêrmèn nyahak wawênangipun panjênêngan dalêm nata murih prigêl ing pamanggih inggih bab-bab ingkang sampun kalêbêt ing palapuran, inggih punika sadaya tatanan ingkang gandhèng yêyasan ingkang sampun kaaturakên dados wajibipun gupêrmèn, kados ta: tatanan ingkang gandhèng militèr, panggaotan monopoli, sakolahan têngahan, inggil sasamènipun, makatên malih tatanan umum tumrap saindêng bawah jajahan Nèdêrlan, saha ingkang gandhèng kalihan internationale-rechten sadaya wau botên susah karêmbag kados kawontênan sapunika kenging lajêng katindakakên wontên ing porstênlandhên, dados larasanipun kumisi punika cêkak, kêdah ngakêni porstênlandhên bawahipun gupêrmèn dalah tiyangipun, nanging pangêmudhènipun kapasrahakên panjênêngan dalêm nata ing sacêkapipun tiyang pangrèh, manawi sagêd makatên lajêng turut botên pating grenjol. Kula pancèn rêmên dhatêng tangkêpipun bêstir Wlandi dhatêng bêstir Jawi kala kina. Têrangipun: kiwa-têngênipun salangkung taun minggah, ingkang kacancang punika ingkang parlu-parlu kemawon, sanès-sanèsipun adhêdhasar pamriyogi (advies) utawi lugu mitulungi, botên mêngkoni.

Sapunika kula badhe ngrêmbag bab rad kawula, kados kajêngipun kumisi, rad kawula punika nama kawêngku panjenêngan dalêm nata, dados radipun paprentahanipun panjênêngan dalêm nata, dununging rad sadèrèngipun warga-warga wau saking pilihan, sawêg nama rad juru panimbang, ingkang mêsthi katimbang bab bêgrutêng dalah pêpetanganipun. Bab manawi praja badhe nyambut, ngrêmbag sadaya pranatan ingkang tumrap kawula utawi ewah-ewahan adêging praja, makatên malih dhêdhawuhan ingkang mêwahi kawajibaning kawula. Dene wawênangipun inggih punika ngaturi pamanggih saha ngewahi pranatan, punapadene kenging nyuwun katrangan bab-bab kawontênaning praja, parêpatanipun kêdah opênbar, sataun sapisan kêdah parêpatan, kajawi manawi wontên pamundhutipun panjênêngan dalêm nata, utawi panêdhanipun warga ingkang botên kirang saking sapratiganing cacah, kenging damêl parêpatan mirunggan utawi nêdha botên openbaar bilih kamanah parlu, sarta ungêlipun warga wontên ing rad botên kenging kagigad ing

--- 44 ---

pangadilan, dhêdhapukaning warga campuran băngsa Jawi, băngsa Wlandi saha asing, sadaya katêtepakên rumiyin, umuripun ingkang langkung 21 taun, saha dèrèng kenging prakawis ingkang ngicalakên kaurmatan, cacahipun 21, ingkang 1 presidhèn, ingkang 20 warga, sèkrêtaris botên kalêbêt warga saking 20 wau. Ingkang Jawi cacahipun 12 ingkang băngsa Wlandi saha asing cacah 8, presidhèn saha sèkrêtaris kabalănja saha katêtêpakên ing panjênêngan dalêm nata, warga amung angsal zittingsgeld.

Para sadhèrèk! sajatosipun bab dhêdhapukaning warga punika dados rêmbag rame wontên kumisi ngantos marambah-rambah parêpatan dèrèng sagêd golong, manawi bab cacahipun, ing pamanggih sampun maton, inggih punika sagêda satunggal-satunggaling apdhèling angwontênakên wakil sakêdhikipun satunggal, amung ing raos dèrèng maton punika bab têtimbanganipun Jawi kalihan Walandi saha băngsa asing kêdah kadospundi punika sumăngga.

Tutuping atur kula, parlu kula ngaturakên pêlênging manahipun kumisi, inggih punika pancèn gadhah pangajêng-ajêng utawi pamuji, sadaya tatanan ingkang badhe dhumawah ing porstênlandhên, mugi-mugi anggaliha ugi sagêda bangun utawi mangsulakên pating grenjol saha pating pleyoting praja dalêm, awit inggih sabab saking wau pambatangipun kumisi, wiji rêtu sagêd gampil lampahipun utawi subur gêsangipun, bilih thukul ing praja ingkang kawontênanipun kados ingkang kula aturakên ing nginggil wau.

Satêlasing atur sêsorahipun juru sabda, pangarsa lajêng ngandika, sintên ingkang badhe urun pamanggih, pitakèn, punapadene ngewahi pamanggihipun kumisi.

Kawontênanipun ingkang badhe urun rêmbag, 1. B.K.P.H. Kusumabrata, 2. M.Ng. Ănggapradata, 3. Rm. Ng. Atmasumitra, 4. Rm. Atmamarjana.

1. B.K.P.H. Kusumabrata andangu, sarèhning ing Surakarta sampun wontên rad nagari, kajêngipun kumisi kadospundi, manawi ngangge nama rad kawula sagêd ugi cawuh kalihan rad kawula kagunganipun kangjêng gupêrmèn, manawi pamanggihipun B.K.P.H. Kusumabrata prayogi lastari ngangge nama rad nagari, awit ing karajan agêng-

--- 45 ---

agêng ing tanah Eropah ugi sami gadhah rad kados makatên punika.

2. M. Ng. Ănggapradata mratelakakên, bilih wontênipun bangun rad kawula ing Surakarta kados pamanggihipun kumisi punika rujuk sarta bingah sangêt, saha ngalêmbana dene ebah-ebahan wau adatipun saking ngandhap (saking para kawula) măngka punika saking golongan nginggil. Miturut katrangan palapuranipun kumisi, kawontênanipun pandamêlan sarta kawajiban sampun kados parlêmèn, ingkang dados idham-idhamanipun para kawula, kados ta: wawênang angrêmbag gab bêgrutêng, punika jêmbar têbanipun, upami ing rad ngriku nuju angrêmbag bêgrutêng abdi dalêm patuh, punika para kawula sagêd anglairakên punapa kabêtahanipun abdi dalêm patuh. Namung nyuwun nêrangakên bab recht van Interpellatie (wawênangipun rad kawula nyuwun katrangan dhatêng nagari) punapa sampun kalêbêt II warga rad kawula wau punapa kenging nampèni usul saking jawi, (saking para kawula) III. upami rêgèrêng botên karsa maringakên paosipun băngsa Eropah saha băngsa sabrang, taksih amrayogèkakên rad kawula ing Surakarta wau dipun adêgakên mawi warga campuran, awit pangintênipun bokmanawi lajêng gampil angsalipun asil saking rêgèrêng, sarta radipun ugi santosa sarta waardig IV. manawi mêndhêt pajêg botên sagêd, punika lajêng kadospundi, upami trimah nampèni aandeel, dados pamupunipun pajêg botên rechtstreeks kadospundi, kajawi punika mirit palapuranipun kumisi, ingkang dipun têrang-têrangakên punika amung wajib sarta wawênangipun panjenêngan dalêm nata kalihan kangjêng guprêmèn, supados botên wontên darêdah, nanging kumisi dèrèng anggalih darêdahipun parentah kalihan kawula, puni[5] pancèn parlu dados panggalihan.

3. R.M. Atmamarjana rujuk kados pamanggihipun kumisi, namung rèhning pamanggènipun rad wau wontên ing Surakarta, warganipun prayogi namung Jawi kemawon (botên campuran) amargi sanadyan inggih kadospundi-kadospundia, tiyang rêgèrêng sampun maringakên wawênang dhatêng panjênêngan dalêm nata, utawi dhatêng paprentahan Jawi, dados manawi dhêdhasaranipun Jawi dipun risak, botên rujuk sangêt.

4. Rm. Ng. Atmasumitra pitakèn, rêmbag santunanipun rad nagari punika sampun [sampu...]

--- 46 ---

[...n] têrang sahandhap sampeyan dalêm, punapa sawêg pamanggihipun Narpawandawa piyambak, sarta malih saupami rêgèrêng botên kaparêng maringakên paosipun băngsa Eropah sapanunggilanipun, punika lajêng kadospundi pamanggihipun kumisi.

5. B.K.P.H. Adiwijaya mratelakakên rujuk dhatêng andharanipun kumisi, sarta bingah sangêt dene pangrèh sagêd damêl kumisi ingkang anjalari dados pikiranipun tiyang kathah, pangajêng-ajêngipun ing wingking sagêda makatên malih, dene kagêm utawi botên wau sajawining têtanggêlanipun pangrèh Narpawandawa, sayêktosipun palapuraning kumisi punika dados pamanahan wontên ing Batawi, miturut purwakaning kumisi ing sêtatsêblad taun 1921 ăngka 566 bab wêwatêsaning kawula dalêm tuwin ingkang dados kawulanipun kangjêng guprêmèn, tumrap kawulanipun kangjêng guprêmèn inggih punika Wlandi, Cina tuwin para abdinipun kangjêng guprêmèn, lajêng katêrangakên sawatawis. Sanadyan B.K.P.H. Adiwijaya ing ngajêng sampun pratela bilih rujuk, ewadene wontên ingkang dèrèng dipun mangrêtosi sarta kagalih kirang, kados ta: bab wajibing rad kawula prayogi dipun wêwahi wajib ugi ngrêmbag bilih praja badhe nyade barang gadhahanipun, saha ngrêmbag bilih wontên ewah-ewahan watêsaning kitha, lajêng ngandharakên têranging satunggal-satunggalipun wawênang kawajibanipun rad kawula, kados ta: motie punika têgêsipun usuling warga 1 kemawon sampun sagêd amendement. punika têgêsipun ngewahi sadaya rêmbag ing parêpatan Initiatief, punika têgêsipun angladosakên usul kanthi ewah-ewahan interpellatie punika wawênangipun rad, petitie punika têgêsipun nampèni usul saking jawi, saha mrayogèkakên wakiling paprentahan sabên rad kawula parêpatan kêdah wontên. Para warganing rad kawula wau botên amung bilih wicantênan kemawon, sanadyan kawrat ing sêrat bilih wontên ing rad kawula para warga wau ugi kêdah botên kenging kasêrêg ing pangadilan, K.P.H. Adiwijaya lajêng mundhut katrangan bab-bab ingkang dèrèng dipun mangrêtosi.

1. Bedanipun punapa pèl pulisi kalihan pulisi limrah, dene pulisi limrah dados wawênang dalêm, pèl pulisi dados wawênangipun guprêmèn.

2. Paos in en uitvoer dipun sumanggakakên ing gupêrmèn, sarèhning ing

--- 47 ---

ngriki paos makatên botên wontên, măngka paos makatên punika ingkang gadhah palabuhan, mila kadospundi têrangipun.

3. Palapuranipun kumisi mungêl sadaya tatanan umum kêdah mawi panimbangipun rad kawula Surakarta, kanthi idinipun wakiling rêgèrêng, punika punapa botên badhe ruwêt lampahipun.

4. Mrentah saha mupu ingkang sanès kawulanipun punapa sagêd kalampahan, amargi grenjol makatên, saha nalika ing polêksêrat angrêmbag beya têtingalan, sampun dados rêmbag rame supados parentah Jawi sagêd mupu dhatêng kawulaning gupêrmèn, rêgèrêng mangsuli botên sagêd, sarêng dipun suwun dêrêng, lajêng dipun dunungakên gupêrmèn ingkang mupu, nanging katampèkakên dhatêng parentah Jawi. Kajawi punika poleksêrat nate pitakèn kadospundi wontenipun A.Z. wangsulanipun rêgèrêng punika pancèn kagolong kantor gupêrmèn, dening parentah Jawi dèrèng sagêd angwontêni tiyang ingkang nindakakên bab wau, pungkasanipun mratelakakên, rujuk sangêt dhatêng padumukipun kumisi wontênipun punggawa gedetacheer kirang prayogi sangêt, sampun wontên wêwêdalanipun satunggaling punggawa wau, kaèdhèng kemawon anggènipun botên mrêduli dhatêng parentah Jawi, ingkang dipun èsthi parentahipun rêsidhèn.

Taksih wontên sambetipun.

Salakirabi

Parêpatan agêng mirunggan kala malêm Ngahat kaping 22/23 Januari kapêngkêr punika, pancènipun badhe angrêmbag bab warga Narpawandawa ingkang sami kabêkta saking salakirabi, namung rèhning parlunipun damêl parêpatan agêng mirunggan wau pancèn namung parlu angrêmbag palapuranipun panitya rad nagari, dados saupami dadosa parêpatanipun rêmbag bab salakirabi wau ugi botên badhe karêmbag, amargi pancèn sanès lêrêsipun karêmbag ing parêpatan mirunggan, sarta malih ugi badhe botên angsal wanci kangge ngrêmbag, kalêrêsan parêpatan agêng mirunggan wau botên dados, jalaran warga ingkang rawuh namung sakêdhik, punapa malih tamtunipun para warga sami dèrèng sami sadhiya panggalihan kadospundi-kadospundi. Mênggah jêjêrring [jêjêr...]

--- 48 ---

[...ring] tujunipun pakêmpalan Narpawandawa ngengingakên dhatêng para santana dalêm malêbêt dados warga punika kados sampun têrang bilih mêndhêt wêwaton saking pangadilanipun para putra santana dalêm, ing măngka sapunika wêwatonipun pangadilan dipun ewahi (mirsanana sêtatsêblad taun 1925 ăngka 682), mila inggih botên anèh bilih kathah para warga ingkang kabêkta saking salakirabi sami nêdha katrangan dhatêng pangrèh, namung kadospundi malih tamtunipun pangrèh inggih dèrèng sagêd angrampungi, awit ewahing pranatan baku (statuten) punika kêdah karêmbag ing parêpatan agêng rumiyin, kadospundi putusanipun lajêng kasuwunakên idi ing parentah, manawi sampun angsal idi punika sawêg tumindak. Kabêkta saking cupêting sasêrêpan (kawruh) kula dhatêng babagan pangadilan, nanging reka-reka damêl ular-ular, bokmanawi kagêm, kula angsal sasêrêpan pêthikan saking sêtatsêblad taun 1925 ăngka 682, adêg-adêg g. ungêlipun makatên:

Tegen het echtgenoten van nog in leven zijnde vrouwelijke bloedverwanten in de nederdalenden linie, tot en met de vierde graad ingesloten van de Regeerenden vorst en van geregeerd hebbende Vorsten, zoowel in leven als reeds overleden, en de weduwenaars van die zelfde vrouwelijke bloedverwanten, vaders van een bij haar verwekt nog in leven zijnd kind, dat den in leven zijnde vorst of een reeds overle, den vorst minsten nog in de vierde graad van bloedverwantschap bestaat. Jawinipun kirang langkung makatên: garwanipun santana dalêm èstri ingkang taksih gêsang, pancêr mangandhap dumugi grad IV saking panjênêngan dalêm nata ingkang taksih jumênêng sarta para nata ingkang jumênêng rumiyin- rumiyin, taksih sugêng tuwin sampun surud, saha dhudhanipun santana dalêm kasêbut ing nginggil, bilih garwanipun wau tilar anak gêsang apêsipun grad IV saking panjênêngan dalêm nata ingkang taksih jumênêng utawi ingkang sampun surud.

Tegen de hoofdvrouwen van de nog in leven zijnde mannelijke bloedverwanten in de nederdalende linie van den tweeden, derden en vierden graad van den Regee renden vorst en van geregeerd hebbende vorsten zoowel in leven als reeds overleden en de weduwen van die zelfde mannelijke bloedverwanten, zoolang deze niet her trouwen, Jawinipun kirang langkung makatên: garwa utawi bojonipun para santana dalêm jalêr ingkang taksih gêsang, pancêr mangandhap dumugi grad II-III tuwin IV saking panjênêngan dalêm nata ingkang taksih jumênêng sarta ingkang sami jumênêng rumiyin-rumiyin, taksih sugêng utawi sampun surud, sarta randhanipun para santana dalêm kasêbut ing nginggil, ugêr dèrèng imah- imah malih, punika taksih dados grad. Taksih wontên sambêtipun.

Darah Kasugihan.

 


§ Pamirêngipun rêdhaksi Narpa punika ngagêm talinganipun piyambak, punapa talingan sambutan? (kembali)
§ Witikna punapa namung awon nganggur? Saya anèh. (kembali)
§ Bokmênawi inggih makatên, tăndha yêkti sakathahing pandakwa, pandakwa, dora, damêlan, botên yêkti, pitênah, măngga dipun yêktosi kemawon, botên dangu mangke rak muncul malih dhapukan enggal, ingkang langkung anèh, nanging kok dede damêlan, inggih botên, mêsthi damêlan, tur nanjakakên pitênah ngupados ecanipun piyambak. Red. (kembali)
§ Prayogi. Hoofdred. (kembali)
punika. (kembali)