Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 14-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 8, kaping 2 Sapar Jimakir 1858, utawi kaping 1 Agustus 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Pèngêtan

II

3. Artaka I maos palapuran lêbêt wêdalipun arta, ingkang tumindak wiwit tutupipun wulan Mèi 1926 dumugi tutupipun wulan Marêt 1927 (ing têmbe badhe kapacak ing organ ngriki) lajêng andhapuk panitya 3 iji ingkang mariksa kas.

Ingkang dipun pilih: 1. K.P.H. Cakradiningrat, 2. R.T. Gitadipura, 3. R.M. Ng. Wiraatmaja.

R. Ng. Purwasudarsa ngèngêtakên bab paos sarang burung, sarèhning sampun kalêbêt ing prajanjian dalêm kina- makina, pamanggihipun botên parlu dipun lêbêtakên ing rantamanipun panitya, awit lajêng nama cêngkah piyambak.

Wakil waduaji M. Ng. Martasuwignya mratelakakên bilih rêmbag bab rad nagari

--- 114 ---

punika sampun karêmbag ing parêpatan waduaji, rujuk dhatêng pamanggihipun panitya Narpawandawa, nalika parêpatan waduaji warga panitya Narpa mêling supados waduaji sampun namung ngrujuki kemawon dhatêng palapuranipun panitya wau, ingkang parlu waduaji amilihana pundi ingkang kirang prayogi kawawasa, dados sagêd saya rêsik panggalihanipun Narpa. Manawi pamanggihipun waduaji pancèn prêlu ing Surakarta ngriki dipun wontêni rad wau, dene sadaya palapuranipun panitya wau waduaji sampun rujuk sadaya, 1. sadèrèngipun wontên tatanan pamilih (kiesstelsel) warganipun rad wau katêtêpakên ing panjênêngan dalêm nata, punika sampun rujuk, 2. warganipun campuran, punika ugi sampun rujuk, nanging paosipun băngsa mănca katampèn ing paprentahan Jawi. Amargi kayakinanipun waduaji, wontênipun rad-rad wau, tamtu badhe sagêd amadhangakên ing akathah, ingkang tansah rangu-rangu bilih punapa ingkang badhe kadhawuhakên ing parentah punika namung badhe ngawrat-awrati sêsanggènipun para kawula, namung wontên ingkang prêlu dipun suwunakên katrangan, inggih punika badhe cacahing warga 21 kalêbêt pangarsa, Jawinipun 12 tiyangipun mănca 8, punika verhouding ipun mêndhêt wêwaton kadospundi, dene bab pangarsa sarta panitranipun kêdah tiyang Jawi punika waduaji ugi sampun amrayogèkakên.

Kajawi punika wontên malih ingkang parlu dipun aturakên, inggih punika sarèhning ingkang dipun kajêngakên panitya Narpawandawa wau, sakawit badhe nyaèkakên tatananipun kagungan dalêm rad nagari sapunika, ing măngka dadosipun lajêng wujud sanès (mirit kawontênanipun rad kawula) amila waduaji botên anayogyani manawi rad ingkang dipun kajêngakên panitya Narpa wau kalampahan ngadêg nanging rad nagari sapunika dipun icali, dados saupami rad wau sagêd ngadêg, prayogi ada-ada wujuda bêbadan piyambak, amargi kawontênanipun rad nagari sapunika ugi agêng pigunanipun, tumrap gandhèngipun panjênêngan dalêm nata kalihan para narapraja, ingkang ugi atêgês piguna tumrap para kawula dalêm. Tutuping aturipun waduaji, manawi rad kados ingkang dipun kajêngakên rêmbag dalu punika sagêd kalêksanan ngadêg, [ngadê...]

--- 115 ---

[...g,] anelakakên bilih praja Surakarta amanggih bêgja.

6. B.K.P.H. Adiwijaya mratelakakên bilih dèrèng marêm panggalihipun dhatêng wangsulanipun panitya Narpa kala samantên, bab pamilihipun pulisi limrah kalihan pèl pulisi, mila manawi pulisi limrah dipun gondhèli, pèl pulisi dipun pasrahakên guprêmèn, amargi pêl pulisi kaanggêp satêngah militèr, punika prasajanipun botên condhong, jalaran miturut tumindakipun botên beda, pèl pulisi inggih kawêngku ing dhêpartêmèn B.B. pulisi limrah inggih makatên. Pasaksènipun ajung hup komisaris ing Surakarta punika inggih dados gêwèstêlêklèidêripun pèl pulisi Surakarta, amila kadospundi jêjêring pamanggihipun panitya Narpawandawa (standpunt) dene têka kapilah-pilahakên, awit manawi saèstu makatên ing tindak tamtu badhe botên prigêl (onpractisch).

Taksih wontên sambêtipun.

Têtêdhakan

Bab Ngakên Santana Dalêm

Ăngka 18/94 Na.

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing kangjêng parentah agêng nagari.

Kula nuwun, pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa nyuwun nêrangakên, saupami wontên tiyang sanès santana dalêm lajêng ngakên santana dalêm, punika mênggah patrapanipun punapa. Manawi sampun wontên pranatan utawi watonipun, pakêmpalan Narpawandawa nyuwun têtêdhakanipun, ingkang punika nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 3 Mèi 1927.

Pangarsa: W.G. Kusumayuda.

Panitra II: W.G. Purwasastra.

--- 116 ---

Ăngka 703 C/1/I

Têtêdhakan

Bab Ngakên Santana Dalêm

Dhawuhipun pepatih dalêm, dhumatêng pangarsa Narpawandawa, serat katitimasan kaping Mèi 1927, ăngka 18/94 sampun kauningan, mênggah bab manawi wontên tiyang sanès santana dalêm, ing anggêr ukum bab 507 ăngka 7 ngêwrat pêpacak tumrap tiyang ingkang ngangge sêsêbutanipun para adhêl (adellijke titel) măngka panganggenipun wau sanès lêrêsipun, punika ginantungan paukuman dhêndha kathah-kathahipun 150 rupiyah.

Kantor Kapatihan kaping 7 Mèi 1925.

W.G. Căndradipura.

Garapan kantor pangadilan: W.G. Gunapradata.

Konggrès Basa Jawi

III.

Wondene cacad-cacad ingkang sampun katingal, ing pamanggih taksih kenging dipun tata utawi dipun udi sagêdipun sirna, ugêr băngsa Jawi dhatêng aksara Jawi taksih kalêbêt dhatêng manah, kosokwangsulipun bilih kasuda kalêbêtipun manah, pangudinipun tamtu lajêng kirang, sampun malih ingkang sagêd nyêpêng kêkiranganipun, sawêga kawontênanipun sapunika kemawon malah sagêd mundur, tur santunanipun aksara Jawi dhatêng aksara Latin kapêksa taksih yasa aksara utawi nata. Sami-sami nata utawi yasa tumrapipun băngsa Jawi tamtu langkung gampil sarta langkung cumithak nata utawi yasa aksara Jawi, sabab punika pancèn mêdal saking raosipun piyambak. Upami aksara Latin wau sampun tata dipun yasani kangge basa Jawi ingkang sampurna, ewadene tamtu taksih botên samêsthinipun, amargi pancèn dede raosipun, kasaranipun aksara palsu kangge basa Jawi.

Pancèn lêrêsipun ingkang gadhah moga nata aksa[1] Latin kangge madhahi basa Jawi [Ja...]

--- 117 ---

[...wi] punika kêdah saking băngsa Eropah, amargi badhe anggampilakên utawi maedahi bangsanipun anggènipun sinau saking băngsa Jawi, kosokwangsulipun băngsa Jawi, kêdah ngudi sagêda aksara Jawi madhahi basa pundi ingkang dipun sêdya wau, dados nama sami angsal wêwah paedah kangge bangsanipun piyambak-piyambak.

Radyapustaka botên mancahi upami ing sakolahan-sakolahan dipun lajêngakên mawi ajar basa Jawi sastra Latin, amung kêdah kados wêwahan kasagêdan kemawon, awit Radyapustaka ugi angèngêti bilih wêkdal punika băngsa kilenan sawêg dados pandêngan. Ananging dede lêrêsipun bilih ngantos damêl suda ing pamanahan langkung malih damêl sirnaning aksara Jawi, lajêng nama damêl kapitunan.

Awit saking tancêb kados ing nginggil wau, mila Radyapustaka anggadhahi usul, inggih punika sadaya waosan-waosan basa Jawi kawêdalakên dening volkslectuur kêdah kasêrat ing sastra Jawi, awit ing ngriku nama kagunganing parentah, tumuju ing băngsa Jawi, manawi wontên anggitan ingkang dipun galih maedahi dhatêng sawarnining băngsa ingkang wontên Indhiya. Manawi botên kaparêng nyêrat ing têmbungipun băngsa piyambak-piyambak, prayogi dipun sêrat ing têmbung Mlajêng utawi ing têmbung Walandi kemawon, sanadyan makatên wau wragadipun sagêd mindhak, nanging kula wani tanggêl, tamtu langkung lampah katimbang tumindak kados wujud sapunika, saha paprentahan katingal anggalih dhatêng kawontênanipun satunggaling băngsa. Kajawi punika buku-buku ingkang kangge pangajaran, kados ta: buku waosan, buku petang, ilmu bumi sapanunggilanipun, ingkang botên kangge aksara Latin, kêdah kasêrat ing aksara Jawi, awit kados wujud sapunika ing sakolahan ăngka II, ingkang ing ngriku basa Jawi langkung dipun prêlokakên katimbang H.I.S. sagêbyaran piwulang aksara Jawi sajak kathah, nanging sayêktosipun botên, piwulang aksara Latin ingkang langkung kathah.

Cêkak kajêngipun Radyapustaka, kawontênaning băngsa ingkang botên makèwêdi lampah dhatêng sampurnaning gêsang, kêdah dipun lastantunakên, awit punika ugi têtela kagunaning donya. Manawi wontên salah satunggaling băngsa sirna kagunanipun, [kaguna...]

--- 118 ---

[...nipun,] têgêsipun donya ugi kecalan sêsêrêpan ingkang adi. Pancèn Radyapustaka rêmên ningali, upami băngsa Jawi sagêd dados pandêngan ing kamajêngan, botênipun sagêda nama tumut damêl ombaking kamajêngan, sampun ngantos namung kèli ing ombak kemawon, ingkang lajêng sagêd ngicalakên kawujudan.

Kasêrat ing Surakarta tanggal kaping 5 Marêt 1927.

Pangrèh.

Nyuwun Sêsêrêpan

Nuwun, kula nyuwun sêsêrêpan mênggah arta pakêmpalan ing Narpawandawa ingkang kangge sudhiyan mitulungi para santana utawi putraning santana ingkang badhe anglajêngakên sinau, kados kêsêbut pranatan wêwaton Narpawandawa.

Ha. Saupami ingkang kasuwunakên pitulungan wau lare têrasan, têgêsipun wiwit sinau ing pamulangan H.I.S. utawi ing Lagrês sasaminipun ingkang botên angsal gratis, punika punapa botên badhe angsal pitulungan waragan.[2]

Na. Saupami wontên lare ingkang sampun kalajêng angsal pitulungan waragad, kados ta wontên Milo sasaminipun, dèrèng ngantos dumugi sinaunipun, bapa utawi biyungipun ingkang kawênangakên dados warganing Narpawandawa tilar dunya. Sarèhning bapa utawi biyung wau taksih anèm, butuh badhe rabi, laki, kalampahan lajêng imah-imah, nanging namung angsal tiyang barès kemawon (dede grad) sarta kawontênanipun inggih malarat malih. Punika lare wau sagêd lêstari angsal pitulungan waragad saking Narpa punapa lajêng kasuwak.[3]

Ca. Saupami ingkang kêsêbut aksara Ha ing nginggil wau ugi angsal utawi badhe kaparingan waragad. Bokmanawi wontên tiyang sêpuhing lare nyuwun waragad dalah sandhang têdhanipun pisan ingkang botên langkung saking pranatan, punapa botên badhe kaparingan.[4] Amargi limrahipun tiyang ingkang sampun winastan: tiyang

--- 119 ---

mlarat makatên sampun malih ingkang kangge nyandhangi lare tuwin kangge bayaran sakolah ingkang rupiyahan sabên wulan, botêna mêlar-mingkus napasipun, la tiyang sawêg ingkang katêdha sabên dintên kemawon jêp raos rêkaos. Sok nêdha tuwuk sok botên, tarkadhang plêng sadintên namung nêdha sarapan enjing, punika yêktos. Cêkakipun namung sarwa botên ajêg utawi kuciwa sadayanipun, măngka ing bab botên ajêging nêdha sarta kirang têtêping bayaran sakolah tuwin kuciwaning pangangge, punika tumraping lare sakolah sagêd damêl pêpêsing manah, inggih pêpêsing manah wau ingkang lajêng sagêd nuwuhakên pêpêting èngêtan[5] ingkang grêbanipun sagêd dados praboting kêmunduran ing bab sinaunipun.

Botên langkung bab panyuwun kula sêsêrêpan wau sadèrèng sasampunipun kula matur sèwu nuwun.

Sala ping 3/5/27.

Bawadiman.

Katrangan Cêkak Tumrap Centhanganipun Sadhèrèk Rêdhaktur, zie Narpa Ăngka 6

(1) Hêm, mêrangi tatal panjênêngan punika, lah tiyang dhudha kok gadhah semah, soka sampun rabi malih namanipun inggih sanès dhudha. Wangsulan kula (Tuspajang): matur sangêt nuwun, kula panjenêngan wastani mêrangi tatal, ugêr botên anggraji awu. Nanging kawuningana: coba panjênêngan kula aturi mariksani adêg-adêg f h sarta j ing sêtatsêblad wau, sadaya harak mawi katêrangan: bilih botên emah-emah malih. Nanging sarêng adêg-adêg G harak botên. Têtêmbungan ing sêtatsêblad makatên punika punapa botên mêngku parlu. Ewadene manawi ingkang mawi katêrangakên wau panjênêngan wastani: anjaring lesus, măngga mawon (manawi panjenêngan botên kagungan sêtatsêbladipun, badhe kula aturi turunan dalah pêrtalanipun pisan, supados sagêd maos ingkang têrang)[6] ing ngriki kula kapêksa nyuwun sêsêrêpan, upami A jalêr, gadhah sema[7] [se...]

--- 120 ---

[...ma] kalih, ingkang satunggal grad III satunggalipun dede grad, semahipun ingkang grad ajal, tilar anak gêsang sangalikur, ingkang dede grad taksih gêsang, A jalêr wau taksih kapetang grad punapa sanès.[8]

(1) Inggih punika wujudipun bêbasan swarga nunut naraka katut. Wangsulan kula: Hêm, iyak toblas, punika wêwatonipun harak namung wontên ing lathi, sarêng kayakinanipun kadospundi, coba kula aturi pasêksèn mutlak, sanajan nyangklak ngalang sapisan mugi linêpatna ing wêwêlak: para garwanipun putri dalêm, punika sadèrèngipun dhaup limrahipun sampun kapangkat: riya, ngisor, mayor utawi bupati, kliwon kemawon (nalika jaman taksih wontên pangkat kaliwon) saèngêt kula dèrèng wontên. Sasampunipun dhaup ingkang pancènipun botên wênang ngangge bêbêd udanriris, clana sarta ukub gubêg, lajêng kawênangakên.[9] Lêlajênganipun tumrap gêgubahan kula, sarèhning punika inggih turunipun, murih laras punapa inggih botên kadekekan, ... mawi undha sabilik-bilik. Wasana macan galak wulu badhak, masa borong.

Tuspajang.

Turunan Kêkancingan Ăngka 14 A/3

Sambêtipun Narpawandawa ăngka 2.

15. Manawa ana ayahan dalêm laku gêdhe pajang pasisiran, kaya ta: ngiringake layon sapêpadhane, iku para abdi dalêm dhoktêr mau katamtokake mèlu laku siji, parlu rumêksa kasarasane kang padha nglakoni ayahan, dene tumindake gêntenan miturut panatane abdi dalêm bupati dhoktêr.

16. Kabèh abdi dalêm dhoktêr wajib mariksa sarta nambani lêlahanan sadhengaha kang dadi kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, utawa kaparênging nagara.

--- 121 ---

17. Manawa ana putra santana utawa abdi dalêm anjaluk tăndha utawa sèrtipikat, amarga pamit ora bisa nglakoni wajibe, iku abdi dalêm dhoktêr kang dijaluki, sawuse mariksa saparlune, banjur mènèhana sèrtipikat mau lêlahanan.

Bab II

1. Manawa abdi dalêm dhoktêr anggarap putra santana sarta abdi dalêm, kaya ta: ambêdhèl kang dudu bangsane wudun, nyambung balung tugêl, utawa nglairake bayi sapêpadhane, ing têmbung Walănda Gewichtige operatie, kêna anjaluk bayaran samurwate, kèh-kèhe f 300 ananging sadurunge anggarap, dhoktêre kudu mawa pratela dhisik yèn panggarape bakal nganggo bayaran.

2. Yèn abdi dalêm dhoktêr diundang kang dudu wajibe, kêna anjaluki bayaran, miturut bayaran partikêliran.

Bab III

1. Ha. Ing wayah esuk, para abdi dalêm dhoktêr ana ing omahe utawa panggonan liyane kang mêsthi sajroning bawahe, padha prêlu mriksa sarta ngrêsèpi kang padha têka anjaluk dipriksa sarta jamu, apadene nampani prasabênan saka kang padha ngundang, amarga lara ora bisa têka panggonane abdi dalêm dhoktêr.

Na. Sarampunge mariksa sarta ngrêsèpi, para abdi dalêm dhoktêr padha wajib anêkani kang padha anjaluk têkane sarta nindakake wajibe liyane.

Ca. Ing wayah sore abdi dalêm dhoktêr padha ana ing omah sarta panggonan kang mêsthi mau parlu mriksa sarta ngrêsèpi kang padha têka anjaluk dipriksa sarta jamu.

Ra. Yèn abdi dalêm dhoktêr ênggone anêkani, kang padha anjaluk têkane ing wayah awan durung rampung, sorene anutugake. Dene kang padha anjaluk têkane mau sajrone durung waras kudu isih nganggo ditiliki.

Wayah kang kasêbut ing dhuwur mau jam-jamane miturut katrangan panggawene abdi dalêm dhoktêr dhewe-dhewe kang wus kapêsthèkake sarta kang padha dipasang ana ing omahe utawa panggonan kang mêsthi mau.

2. Sawayah-wayah abdi dalêm dhoktêr kêna dijaluk têkane tumrap parlu dadakan,

--- 122 ---

(lara bangêt utawa kadadak) kudu têka sanalika ora kêna ngudurake dudu wajibe, nanging kang ngundang kudu mêthuk tunggangan kreta sapêpadhane, amung manawa ora bisa nganakake tunggangan, dhoktêr kêna metungake wragad samurwate, manawa kagawa saka kamlaratane, kang ngundang mratelakna marang dhoktêre, bakal ditulungi lêlahanan, manawa kang anjaluk têkane mau dudu wajibe, liya dina kêna metungake bayaran kaya ing bab 2 adêg-adêg 2.

3. Dhokter kang kabênêr jaga ing pantiraga (klinig) iku kudu nampani yèn ana wong lara utawa tatu kang kagawa marang klinig, nanging kudu ngêntèni parentah panggêdhe klinig, manawa wong kang lara utawa tatu mau parlu tumuli dipitulungi dhoktêr, dhoktêr kang jaga kudu tumuli mitulungi.

4. Manawa abdi dalêm dhoktêr dijaluki pitulungan dening pulisi, mariksa wong kang tatu rêkasa utawa lara, ana kuwatire manawa kagawa marang liya panggonan, utawa manèh manawa ana wong kang dikira mati nglalu, nanging ana samare, iku abdi dalêm dhoktêr wajib mituruti panjaluke pitulungan pulisi mau. Kajaba yèn magêpokan pangadilane kangjêng guprêmèn.

Bab IV

1. Yèn abdi dalêm dhoktêr ana kang pamit (eman ewuh sukêr sakit utawa anglakoni ayahan dalêm utawa kautus nagara), lakune wakilan kaya ing ngisor iki:

Ha: Yèn kang pamit bupati dhoktêr, wajibe (kalêbu bab pagawean kawadanan kridhanirmala) dirangkêp kaliwone.

Na: Yèn kang pamit kaliwon dhoktêr, wajibe dirangkêp dhoktêr mayor.

Ca: Yèn kang pamit dhoktêr Lawiyan, wajibe dirangkêp dhoktêr Jèbrès.

Ra: Yèn kang pamit dhoktêr Jèbrès, wajibe dirangkêp dhoktêr Pasarkliwon.

Ka: Yèn kang pamit dhoktêr Pasarkliwon, wajibe dirangkêp dhoktêr Sêrêngan.

Da: Yèn kang pamit dhoktêr Sêrêngan, wajibe dirangkêp dhoktêr Lawiyan.

Kabèh mau panggonane ana ing panggonane kang makili, jam-jamane kudu miturut kang diwakili, kaya kang kasêbut ing bab 3 pungkasaning adêg-adêg,

--- 123 ---

1, dene yèn kang pamit bêbarêngan nganti loro utawa luwih, kang ngrangkêp wajibe miturut panatane kawadanan kridhanirmala, yèn pamite bêbarêngan luwih saka loro mau lawase padha luwih sêsasi, bakal kadhawuhake kang padha duwe parlu sapa dhoktêre kang kawajiban, dene kang makili yèn lawase amung 30 dina ora olèh pituwas, yèn luwih sêsasi tumêka têlung sasi, sêsasine olèh pituwas saprapate balanjane kang diwakili, saluwihe têlung sasi saparone balănja, dene ing sasi kang kabênêr olèh pituwas mau yèn petunge kurang saka 30 dina, iku kapetung dinan.

Manawa anggone pamit saka sabab anglakoni ayahan dalêm utawa kautus nagara, kang suwene luwih saka 30 dina, pituwase marang kang makili mau kaparingan saka karaton utawa saka nagara.

Patêdhan dalêm tunggangan utawa bon tunggangane, kang pamit sajrone pamit dianggo utawa ditampani kang makili.

Manawa kang pamit kliwon dhoktêr utawa dhoktêr kamantrèn dhistrik lapura marang kawadanan kridhanirmala, kawadanane banjur andhawuhna marang kang wajib makili, dene yèn kang pamit bupatine lapur marang nagara, kawadanane paringa wêruh marang kang makili.

Kabèh abdi dalêm dhoktêr kêna anjupuk liburan kèh-kèhe 21 dina sataun, nanging ora klilan bêbarêngan sarta yèn sataune ora nyuwun liburan, ora kêna kapetung liburan rangkêp.

Bab V

Kabèh kang wênang nganggo abdi dalêm dhoktêr mau jamune kaparingan lêlahanan, panyadhonge mênyang panti usada.

Bab VI

Manawa ana putrane santana sarta abdi dalêm kang arêp nganggo abdi dalêm dhoktêr, kang lakune wus nêtêpi pranatan iki, măngka ora kalakon, iku kêna duwe atur marang nagara.

--- 124 ---

Kêkancingan iki turunane kapacak ing kabar paprentahan, supaya padha sumurup sarta angèstokake saparlune.

Dhawuhing kêkancingan kaping 1 Bêsar Jimawal 1853.

Utawa kaping 16 Juli 1923.

Pêpatih dalêm W.G. Jayanagara.

Garapan Wisudha: W.G. Sasranagara.

Palapuran Lêbêt Wêdalipun Arta Narpawandawa, Ingkang Tumindak, Wiwit Nalika Parêpatan Agêng Ingkang Kapêngkêr, Tutupipun Wulan Mèi 1926 Dumugi Tutupipun Wulan Marêt 1927 Kados Ngandhap Punika

Pratelanipun Arta Malêbêt

1. Saking paring dalêm, sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ... f 500,-

2. Saking kontribisi ... f 1071, 98 1/2

3. Saking cicilan ingkang dipun wragadi sêkolahipun ... ?

4. Saking sarêmanipun arta ingkang katitipakên ing bang sasaminipun ... f 156, 17 1/2

5. Saking pêpajênganipun sêrat kabar ... f 212, 41

6. Saking warni-warni ingkang dèrèng kenging katamtokakên ... f 2002,-

Tirahan arta tutupipun wulan Mèi 1926, ingkang wujud arta sarta andhil-andhil sasaminipun ... f 4409, 30

Gunggung ... f 8351, 87

--- 125 ---

Katranganipun

Arta ingkang malêbêt wontên ... f 3942, 57

Arta ingkang mêdal wontên ... f 1719, 25

Tirah ... f 2223, 32

Kawêwahan tirahan ingkang wujud arta sarta andhil -andhil, tutupipun wulan Mèi 1926 ... f 4409, 30

Dados tutupipun wulan Marêt 1927 wontên arta saha andhil-andhil ... f 6632,62

Kawontênan Gadhahanipun Narpawandawa, Barang-barang Sarta Sambutanipun Ingkang Sami Dipun Sakolahakên

1. Wapên (pandhêl) tapsir rêgi ... f 40,-

2. Bênèt, tapsir rêgi ... f 10,-

3. Pit, tapsir rêgi ... f 45, 65

Sambutanipun para ingkang sami dipun sakolahakên ... f 3186, 60

Gunggung ... f 3282, 25

Dados gunggung kumpul sadaya ... f 9914, 87

Pratelanipun Ata[10] Mêdal

1. Wragad punggawa panitra sarta panyêratan ... f 150,-

2. Wragad parêpatan agêng sarta pêpanggihan ... f 130, 32 1/2

3. Wragad sêrat kabar sarta pituwas rêdhaktur ... f 691, 92 1/2

4. Wragad utusan-utusan ... f 64,-

5. Wragad ingkang sami dipun sêkolahakên ... f 474, 75

6. Wragad warni-warni ingkang dèrèng kenging katamtokakên ... f 208, 25

Arta ingkang katitipakên utawi andhil-andhil f 6445,- Ingkang wujud arta (arta kontan) f 187,62 ... f 6632, 62

Gunggung ... f 8351, 87

Kasêrat tanggal kaping 17 wulan April taun 1927.

Suryaningrat.

--- 126 ---

Palapuran Arta

Komisi ingkang kapatah mariksa kas Narpawandawa, Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat, Radèn Tumênggung Gitadipura, Radèn Mas Ngabèi Wiraatmaja. Sampun mariksa kawontênanipun arta ingkang sumimpên artaka Radèn Mas Arya Suryaningrat, kados ing ngandhap punika:

Arta kontan ... f 187, 62

Arta tumitip saha andhil-andhil ... f 6,445,-

Gunggung ... f 6,632, 62

Parincènipun arta ... f 6,632, 62

Budi Utama ... f 45,-

Kredhit bang ... f 3,500,-

Băndha lumaksa ... f 2,500, -

Mardi Mulya ... f 200,-

Kridhadaya ... f 200,-

Gunggung ... f 6,445,-

Kawontênanipun arta saha buku-buku sampun lêrês.

Kapriksa tanggal kaping 29 April 1927.

Komisi: Cakraningrat, Gitadipura, Wiraatmaja.

Wara-wara

Para warga Narpawandawa, ingkang sami badhe malêbêt dados warga pralenan, kula aturi lajêng prasabên piyambak (sarana sêrat utawi ijêman) dhatêng panitraning pangrèh pralenan R.M.H. Yasadipura ing Carangan (Baluwarti) mratelakna nama, griya, saha angkaning partisara (bewijs van Lidmaatschaap) nipun piyambak. [pi...]

--- 127 ---

[...yambak.] Dene èstrinipun tumrap para warga limrah f 1,- tumrap warga mulya f 4,- mugi andadosna kauningan.

Kasêrat kaping 23 Juli 1927.

Panitra II,

Purwasastra

Wêwaton Tumindaking Arta Narpawandawa, Ingkang Kangge Mitulungi Para Santana Utawi Anaking Santana Ingkang Badhe Anglajêngakên Sinau

Katêtêpakên parêpatan agêng nalika tanggal kaping sapisan Dulkangidah Wawu 1849.

Bab I

Narpawandawa anyadhiyani arta kangge kaparluan anyakolahakên lare anaking santana utawi santana dalêm, lid utawi sanèsing lid.

Bab II

Lare ingkang angsal pitulungan saking Narpawandawa punika lare ingkang sampun tamat saking sakolahan andhap, badhe anglajêngakên dhatêng sakolahan têngahan lan inggil, punapadene lare ingkang sampun wontên pamulangan têngahan utawi pamulangan inggil wau.

Bab III

Arta ingkang kangge mragadi lare ingkang sakolah wau, ugi mêndhêt arta saking kasing Narpawandawa, ingkang ugi katindakakên dening pènêngmistêring Narpawandawa.

Bab IV

Ingkang nindakakên sadaya kaparluan ingkang gêgayutan bab punika pangrèhing Narpawandawa.

Bab V

Ingkang kenging kapitulungan saking kasing Narpawandawa punika:

Ha: Lare ingkang badanipun saras.

--- 128 ---

Na: Lare ingkang cêkap nampèni piwulang.

Ca: Lare ingkang umuripun dèrèng kasèp.

Ra: Lare ingkang sampun têtela tiyang sêpuhipun ingkang kawajiban kêkirangan waragad, têtêpipun ingkang makatên wau, kêdah wêwaton katrangan kados ing ngandhap punika:

ha: Saking dhoktêr bab kasarasanipun.

na: Saking pangagênging pamulanganipun lare bab kalantipan sarta kasrêgêpanipun, tuwin saening kalakuan wêdal dados muridipun, sarta tamating sinau wontên pangkat ingkang pungkasan.

ca: Nama sarta umuring lare.

ra: Saking pulisi ingkang ambawahakên, utawi tiyang ingkang pinitados dening Narpawandawa, punika bab têmênipun kêkirangan waragad.

Bab VI

Lare ingkang kapitulungan saking Narpawandawa kêdah sanggêm, benjing sawêdaling saking pamulangan, manawi Narpawandawa sampun sagêd ngangge lare saking wêdalan sakolahan, lare ingkang kapitulungan wau kêdah tumut Narpawandawa, laminipun miturut dangunipun anggèning dipun pitulungi, sarta kêdah sanggêm angladosakên wangsuling arta waragad sakolah sapintên kathahipun, sarana nicil kacêngklong saking balanjanipun sabên wulan kathahipun 5% dumugi 10% prêsèn, dene lare wau badhe tumut Narpawandawa, măngka Narpawandawa dèrèng parlu ngangge lare wêdalan saking sakolahan (dèrèng sagêd balănja) lare ingkang kapitulungan wau, lajêng kenging nyambut damêl sanès panggenan, ugi namung nicil 5% dumugi 10% prêsèn, samantên wau kêdah sarana cêcêpêngan sêrat palilahipun Narpawandawa, dene manawi anggènipun nyambut damêl jawi wau saking kajêngipun piyambak, kêdah sanggêm nicil 10% dumugi 20% prêsèn, saking pamêdal balanjanipun, makatên malih bilih sampun kalampahan tumut Narpawandawa, nanging botên lastari jalaran saking kalêpatan (sanès-sanèsipun) manawi lajêng nyambut damêl sanès ugi kêdah

Taksih wontên sambêtipun.

 


aksara. (kembali)
waragad [§ Botên angsal]. (kembali)
§ Prayogi katêrangakên, bapakipun lare wau grad punapa sanès, saupami sanès santana, pamanggih kula kados taksih lastari angsal, awit lare wau anaking santana dalêm, saking biyungipun. (kembali)
§ Mirsanana ing organ Narpa ăngka 5 kaca 75 adêg-adêg 5. Red. (kembali)
§ Pancèn inggih makatên, mila pangrèh inggih botên talompe lajêng anggalih ewahing arta studiefonds mila parlu sangêt para warga angindhaki kontribisinipun. Red. (kembali)
§ Prayogi, lajêng kakintuna tumuntên. Red. (kembali)
semah. (kembali)
§ Taksih dados grad, kabêkta saking anakipun. (kembali)
§ Rèhning bab punika prakawis botên gampil kula sumanggakakên pangrèh kemawon. Red. (kembali)
10 Arta. (kembali)