Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 14-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 10, kaping 4 Rabingulakir Jimakir 1858, utawi kaping 1 Oktobêr 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Pangandikanipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya Wontên ing Rad Kawula

I

Tuwan pangarsa, caraning rêgèrêng nyêpêng paprentahan tumrap zelfbesturen ing wêkdal punika ugi nuwuhakên pangrêmbag kula dhatêng bab-bab sawatawis. Sadèrèngipun miwiti kula sêdya ngèngêtakên malih dhatêng prakawis ingkang wos, ingkang sampun kula dumuk nalika parêpatan kawitan ing taun 1926, inggih punika caraning pangolahipun prakawis-prakawis ingkang katumrapakên ing zelfbesturen.

Sambêtipun pitakenan ing apdhèlêng pêrslah bab runtuting ewah-ewahanipun paprentahan (Bestuurshervorming) ing praja Jawi. Rêgèrêng botên paring katêrangan, saha namung alandhêsan pamrayoginipun para priyayi pangrèh praja. Nalika [Na...]

--- 146 ---

[...lika] dipun pitakèni punapa para nata Jawi sampun dipun ajak rêmbagan, wangsulanipun parentah: pancèn dèrèng. Sarêng dipun suwuni supados maringi wêwênang dhatêng para praja Jawi, sagêda damêl pranatan pamupu paos piyambak, saha kasuwun supados ngicali pamilah (Exterritorialiteit) wangsulanipun rêgèrêng wontên ing Memorie van antwoord dèrèng sagêd suka katêrangan, saha nêdahakên dhatêng wontênipun kumisi. Manawi dipun suwuni supados pamilahing arta praja Jawi saha arta gupêrmèn dipun tataa, lajêng mangsuli manawi dèrèng manggih tatanan ingkang langkung sae. Dados sajakipun rêgèrêng pancèn sawêg nyinau bab punika, botên mawi taringan kalihan praja Jawi. Manawi dipun pitakèni kadospundi pamanggihipun rêgèrêng dhatêng tandhinganipun zelfbesturen ing sajawining tanah Jawi kalihan paprentahan yasan enggal ing tlatah ingkang sawêg mêntas katata, rêgèrêng botên suka katêrangan, saha namung nêdahakên malih dhatêng wontênipun kumisi.

Sarêng dipun pitakèni punapa ing salêbêting kumisi wau swaraning zelfbesturen ugi dipun pidhangêtakên, wangsulanipun rêgèrêng: botên. Awit ing salêbêting kumisi botên wontên tiyangipun zelfbesturen punika nama nyulayani pangajêng-ajêngipun rad kawula ingkang kacêtha ing salêbêting mosi kula ingkang katampèn ing rad kawula kala taun 1926, mawi swaraning warga langkung kathah. Mila kula cuwa sangêt, dene mosi wau babarpisan botên dipun rèwès. Tamtu kemawon ingkang cuwa punika sanès kula ingkang usul mosi. Nanging tuprap[1] raos ingkang sagêd kagigah wontên ing zelfbesturende landschappen.

Punapa ingkang kacêtha ing ngriku: tuwan pangarsa, eman sangêt dene ingkang kacêtha wau anggènipun rêgèrêng ngrêmbag prakawis ingkang wigatos makatên taksih tansah babarpisan botên mawi layanan zelfbesturen saha wakilipun. Namung manawi pangrêmbagipun sampun rampung sawêg kasukakakên sumêrêp dhatêng zelfbesturen gunanipun pangrêmbag lajêng botên namung suda, nanging kados ingkang sampun kula pratelakakên nalika samantên, pamanggihipun para zelfbesturen dhatêng sabab-sababipun, ingkang nuwuhakên usul wau kaling-kalingan dening panindak wau. Punapa ta sababipun, dene para zelfbesturen utawi wêwakilipun botên dipun ajak angrêmbag [a...]

--- 147 ---

[...ngrêmbag] saking sakawit-sakawitipun, supados sagêd sarèh lan rêsik pangrêmbagipun, botên susah angwontênakên kumisi: tuwan pangarsa. Punika panindak ingkang sagêd angicali pakèwêd saha sănggarunggi ing têmbe. Wiwit sakawitipun para zelfbesturen lajêng sagêd ngrêtos dhatêng kajênging tatanan Initiatief pipun para zelfbesturen ugi lajêng sagêd mindhak ing parêpataning rad kawula kala 10 Juli 1919 warga K.G.P.A.A. Prabu Prangwadana, ugi sampun angèngêtakên, nadyan mawi cara ingkang alus, dhatêng kiranging kapracayan sarta gothanging wêwêngan tumrap initiatief inggih punika nalika panjênênganipun anyuwun lastarining praja, karangasêm mawi mratelakakên:

Supados angicalakên raosipun zelfbesturen minggrang-minggring tumrap karsanipun rêgèrêng ingkang sanyata.

Sagêd wontên kayakinanipun, bilih pancèn sayêktosan anggènipun rêgèrêng wola-wali mahyakakên sêdya ngajêngakên initiatief. Gezonden dadendrang saha ontwikkelig ipun para zelfbesturen sadaya kalaras ing voogding ingkang sampun kacêtha katindakakên ing gupêrmèn.

Ingkang makatên wau kenginga dipun andêl sayêktos, awit K.G.P.A.A. Prabu Prangwadana (sapunika asma K.G.P.A.A. Mangkunagara) punika inggih zelfbestuurder saha sampun kawêntar manawi sariranipun punika satunggiling nata ingkang majêng, makatên malih katingal anggènipun anggalih dhatêng pangrêmbaging prakawis umum nalika dintên Salasa ingkang kapêngkêr, tandhanipun inggih rawuh amirsani, măngka panjênênganipun karsa mahyakakên cêtha saha tanpa wigah-wigih makatên. Sapunika sampun 8 taun tuwan pangarsa, nanging manawi kula nêdya barès, kêdah nêdya mahyakakên gêtun kula, dene swara salêbêting Vorstenlanden saha ambokmanawi ugi salêbêting zelfbesturen ing sajawining tanah Jawi, dèrèng ewah, dèrèng paja-paja wontên titikipun manawi pangandikanipun rêgèrêng wontên papatanipun[2] rad kawula ing taun 1919 lumantar wakilipun parentah: Tuwan Murling:

"Het de zelfbesturen doen erlange van een wassend zelfstandig aandeel in de bestuursvoering van het gebied para zelfbesturen kapengin dhatêng indhaking kamardikanipun pamarentahipun [pa...]

--- 148 ---

[...marentahipun] dhatêng bawahipun. Pasaksènipun cariyos kula wau badhe kula sêbutakên sawatawis, nadyan pancèn kalêbêt wawêngkoning dhêpartêmèn sanès, nanging rèhning ugi bab zelfbesturen mila inggih turut kalihan padatan kula, kula rêmbag ing apdhèlêng ngriki, kula wiwiti saking kadadosan ingkang taksih angêt, inggih punika bab pandamêlanipun akaontên ing Vorstenlanden.

Nalika dipun pitakèni bab punika, wangsulanipun rêgèrêng wontên ing memorie van antwoord apdhèlêng III makatên:

Dhêdhawuhan ingkang kaparingakên dhatêng para ajung akaontên ingkang kabantokakên ing Vorstenlanden punika warni-warni, namung wosipun sadaya badhe nyaèkakên tatanan adminisêtrasi artanipun para zelfbesturen.

Kabêkta para ajung akaontên punika ing bab adminisêtrasi dèrèng kenging kaanggêp Volledige derkundigen saha ing padamêlan partikêlir inggih dèrèng kenging kaanggêp apsah, andamêl pêrslah akaontên piyambak, mila prêlu sangêt pandamêlanipun para ajung akaontên wau dipun pariksa ing kantor agêng.

Namung bab pamariksa babagan ingkang alit- alit, para amtênar wau kaidenan anglapurakên piyambak dhatêng zelfbesturen.

Tuwan pangarsa, kula pracaya sangêt dhatêng lêrêsing wangsulan wau, nanging inggih pracaya dhatêng wontênipun raos sêriking Vorstenlanden dhatêng caranipun nyambut damêl para ajung akaontên wau, saha ugi sêrik dhatêng caraning dhatêngipun amtênar wau. Mila mugi kaparênga kula ngaturakên babatipun bab punika kalayan cêkakan.

Babadipun Basa Donya (Internationale taal)

Pêthikan saking panglimbangan.

Sasampunipun watawis 200 taunan tansah kaudi, nanging tsah[3] tanpa wasana kemawon, sagêdipun wontên basa donya (Internationale taal) ingkang badhe anggampilakên sarawunganipun têtiyang ingkang botên sami nunggil băngsa. Ing

--- 149 ---

nalika taun 1879 Tuwan J.M. Schlyer[4] pastur ing Litzelstetten nagari Baden kalampahan sagêd andhapuk basa donya wau.

Basa dêdamêlanipun wau, inggih punika Volapük kathah têtiyang ingkang sami rêmên nyinau lan ngangge.

Mênggah pramasastranipun, manawi katandhing kalihan pramasastranipun basa sanès-sanèsipun katingal manawi gampil sangêt, pathokan sagêd kasinau ing dalêm sawatawis jam, lan sarana pitulunganipun sêrat bausastra kita lajêng sagêd ngarang ing basa wau.

Kathah sangêt tiyang ingkang sami ngudi basa wau, andadosakên lan saya pêncaripun. Dene majêng-majêngipun inggih punika nalika taun 1887. Manut pèngêtan nalika taun wau, pakêmpalan Volapük sampun wontên watawis satusan langkung, lan sêrat kabar Volapök sadasanan, malah salêbêting taun 1879- 1899 kintên-kintên wontên tigang dasanan, ingkang sapunikanipun sampun pêjah sadaya, awit saking wontênipun pasulayan ing salêbêting pakêmpalanipun, bab gèsèhing pamanggih tumrap pandhapuking basa. Wontênipun kritik sasat jawah, sadaya Volapükisten sami ngewahi pramasastranipun basa wau sakajêng- kajêngipun piyambak.

Ing wêkasan murih sagêd ngêmpal malih, nalika taun 1887 lajêng dipun wontênakên Volapük konggrès ingkang kaping kalih, parlu ngêdêgakên Internationale wereldtaal-academi ingkang tinanggênah andandosi basa lan mêwahi kêkiranganipun, dene ingkang kadadosakên dhirèktur inggih punika tuwan Prof. Dr. Auguste Kerckhof ing Paris, sarjana ingkang sampun angêtog kakiyatan ajudi [5] saya jêmbaring têbanipun basa wau ing tanah Prangkrik.

Tuwan Schleyer nalika samantên ugi andhatêngi konggrès, sarta ugi tumut năndha-tangani putus-putusanipun, nanging dhatêngipun ing griya babarpisan piyambakipun botên marduli dhatêng wontênipun ewah-ewahan, jalaran basa Volapük wau ingkang andamêl piyambakipun, mila ugi dados gadhahanipun, sarta piyambakipun rumaos wênang masesa sakajêngipun piyambak. Ingkang makatên wau lajêng ngwontênakên pisahing kalangan Volapükisten inggih punika ingkang anggolong dhatêng akadhêmi (academi) lan ingkang anggolong dhatêng Tuwan Schleyer.

--- 150 ---

Nalika taun 1889 ing Paris kawontênakên malih Volapükcongres ingkang kaping tiga. Nanging Tuwan Prof. Dr. Kerckhof ingkang waunipun sangêt kêncêng panyêpêngipun pakêmpalan, kabêkta saking kathahing pasulayan ingkang ngantos nuju tiyang, sabibaripun konggrès wau rumaos sangêt gela, taun 1891 piyambakipun nêdha kèndêl anggènipun dados dhirèktur, dene ingkang anggêntosi Tuwan Ir. Woldemar Rosenberger ing Pètêrbèrêg (Liningrad). Panyêpêngipun pakêmpalan wau wiwit taun 1893, inggih punika ing wêktu têtiyang sampun sami gêla, jalaran saking kathahing pasulayan.

Ing sarèhne sapunikanipun pangrêmbaging basa donya sampun kapasrahakên dhatêng academi mila piyambakipun lajêng wiwit naliti basa wau malih. Wêwaton pitêdahipun para ahli basa, inggih punika pandhapukipun kêdah ngangge ta es basa Eropah sadaya. Awit saking punika mila tatêmbungan ingkang sampun anjrah ing sadaya basa, kêdah kaangge ing basa donya wau, kados ta: adrès, pabrik, mêrkantil, tenor, Ostraliyah, Indhiya lan sanès-sanèsipun. Têmbung nêm ing nginggil punika cara Volapük kipun: ladet, fablüd, tedik, kilidavög, Talop Nidan, inggih punika têmbung-têmbung ingkang botên dipun ngêrtosi tiyang sadonya.

Wontên ing tuntunanipun Ir. Rosenberger wiwit taun 1813 dumugi 1898 basa Volapük wau sampun santun dados basa enggal. Kajawi basa donya ingkang dados cêpênganipun akadhêmi wau, ing nalika taun 1879 Tuwan Iamenhoff ugi damêl basa enggal: Èspêranto (Esperanto) ingkang ugi dados wêwaton pandhapuking basa donya ing nginggil, mila bedanipun ugi botên patos kathah.

Dumuginipun sapunika basa donya kêkalih wau taksih sami majêngipun, langkung malih Lingsto Internaciona ingkang dados cêpênganipun academi wau, awit kajawi anggadhahi pang ing sadaya nagari Eropah ugi ing Yapan, Ostrali, lan Amerikah. Sabibaripun pêrang donya thukulipun sêrat kabar ing basa wau, pating jrêdhul kados jamur ing mongsa rêndhêng, saya malih ing tanah Ruslan, wongsal-wangsul ing konggrèsipun derde Internationale tansah karembag pêrlunipun angajêngakên basa donya wau punika.

--- 151 ---

Bab Ada-ada Ngwontênakên Basa Donya (Internationale taal)

Manawi katandhing kalihan băngsa kilenan, băngsa wetanan anggènipun angudi dhatêng saya gampiling sarawunganipun băngsa satunggal lan satunggalipun, katingal manawi sangêt ing kawingkingipun. Botên kula manah manawi ingkang makatên wau awit saking pancèn botên sagêd, jalaran gandhèng kalihan pangudining kawruh ingkang kita dèrèng sagêd andungkap, upaminipun angwontênakên kapal api, mêsin mabur, sêpur lan sanès-sanèsipun, nanging manawi tumraping ebah-ebahan ingkang kita sagêd tumut, nanging katingal botên purun tumut, punika nandhakakên anggèn kita kêsangêtên babarpisan botên anggadhahi raos manah dhatêng kawontênaning sêsrawungan (maatschappij) inggih punika anggèn kita botên tumut anggènipun para kilenan sami ada-ada ngwontênakên basa donya (Intêrnasionalê taal) kangge srana sarawunganipun băngsa satunggal lan satunggalipun.

Ing tanah kilenan sampun wontên 200 taunan, anggènipun wontên gagasan ingkang kasêbut ing nginggil punika, nanging sagêdipun nama wontên wohipun inggih punika sawêg wiwit taun 1879, taun kala lairipun basa Volapük ingkang kadhapuk dening Tuwan J. M. Schleijer pastur ing Lit zelstetten nagari Badhên.

Dene niyat kula ing ngriki badhe nyariyosakên larah-larahipun basa donya wau, jalaran ing wingking badhe kula ambali malih, nanging namung badhe nêrangakên kajêngipun angwontênakên basa donya wau.

Saya mindhaking sasêrêpanipun para têtiyang, lan saya gampiling tiyang sagêd kêkesahan dhatêng nagari sanès, makatên ugi kita lajêng asring srawungan kalihan băngsa sanès, ingkang basanipun ugi beda, ingkang makatên wau anjalari kita kêdah sagêd dhatêng basanipun băngsa wau, utawi băngsa wau kêdah ngudi basa kita. Dados upami kita kêkesahan dhatêng nagari Inggris, Dhitslan, Ruslan Prangkrik, kita kêdah sagêd dhatêng basa wau sadaya, supados sampun kidhung salêbêtipun kita kêkesahan. Nanging punapa wontên tiyang ingkang sagêd basa sadonya punika? Ingkang makatên wau lajêng nukulakên gagasan manawi kita punika bêtah

--- 152 ---

dhatêng wontênipun satunggaling basa donya ingkang kenging kangge srawunganipun sadaya băngsa. Mênggah basa wau botên kenging kangge basanipun salah satunggiling băngsa, jalaran badhe natoni raos kabangsanipun băngsa sanès. Manawi upaminipun basa Dhit (Duitsch) badhe kangge basa donya, băngsa Inggris, Itali lan sanès-sanèsipun mêsthi sami botên narimahakên. Awit saking punika kita lajêng kapêksa damêl basa donya damêlan, ingkang kadhapuk saking basa warni-warni.

Mênggah pathokaning pandhapuk inggih punika makatên:

1. Têmbungipun kêdah kapilihakên ingkang sampun dados têmbung donya (Wereld woor den) têgêsipun sampun anjrah lan kangrêtosan dening sadhengah băngsa, kados ta: profesors, indus trio, internacionala, nacionala, kooperar, lagaritmo, tabaks, universala, fabriko, telegrafar, telegramo, telefono, lan sanès- sanèsipun. Dene anggènipun madosi têmbung wau mêthik saking basa Engelsch, Fransch, Duitsch, Spaansch, Italiaansch, Russich, lan Latijn.

2. Pramasastranipun kêdah gampil lan botên wontên ingkang nyêbal.

Ing sarèhne watoning pandhapuk sami, dados sanadyan sapunikanipun wontên basa donya damêlan warni tiga, inggih punika Èspêranto, Èspêranto enggal (vereenvoüdige Esperanto) lan idhiom netral (Idiom Neutraal) sintên ingkang sampun sagêd ngrêtos salah satunggaling basa têtiga wau, mêsthi ugi sagêd ngrêtos dhatêng basa kalih sanèsipun wau, awit ingkang beda punika namung wontên pangrêmbaging têmbung, dene woding têmbung ingkang kathah sami kemawon. Makatên ugi sintên ingkang sampun sagêd basa Inggris, Fransch lan Duitsch, mêsthi manawi sampun nyumêrêpi pramasastranipun basa donya wau sawatawis jam kemawon sarana pitulunganipun bausastra sampun sagêd ngarang ing basa wau, jalaran woding têmbungipun prasasat sampun sumêrêp sadaya.

Supados para maos sagêd nyulik tatananing basa donya wau, ing ngandhap punika kula pêndhêtakên tuladha saking basa vereenvoudige Esperanto.

Quon tu-facas? Punika kenging kawalik: Tu facas quon? têgêsipun: kowe mênyang (gawe) apa, tanpa andadosakên ewahing têgês. Awit [A...]

--- 153 ---

[...wit] saking punika mila sadaya băngsa gampil anggènipun nyinau basa wau, jalaran urut-urutaning têmbung kenging kacundhukakên kalihan basanipun piyambak. Supados saya cêtha ing ngandhap punika kula pêndhêtakên tuladha malih.

Basa donya: Me naskis je Madioen Jawinipun: aku lair ing Madiun.

Basa Wlandi: Ik ben te Madioen geboren Jawinipun: aku ana ing Madiun lair.

Basa donya: Me evas 13 yari Jawinipun: aku umur 13 taun.

Basa Wlandi: Ik ben 13 jaar oud. Jawinipun: aku ana 13 taun umur.

Basa donya: Kad vu izas al al urbo? Jawinipun: apa kowe lunga mênyang kutha.

Basa Wlandi: Ga je naar de stad? Jawinipun: lunga kowe mênyang kutha.

Basa Inggris: Do you go fo the taon? Jawinipun: nglakoni kowe lunga mênyang kutha.

Fransch: Vouler-vous veuir diener avec nous? Jawinipun: gêlêm kowe têka mangan karo aku.

Basa Wlandi: Wil je bij ons komen eten? Jawinipun: gêlêm kowe ing gonku têka mangan.

Basa donya: Kad vu volas venar che ni por maujar? Jawinipun: apa kowe gêlêm têka ing gonku pêrlu mangan.

Kados sampun cêkap tuladha ing nginggil punika kangge gênahakên gampiling pandhapukipun ukara. Dene ing ngandhap punika kangge nêdahakên manawi têmbung satunggal ingkang karimbag sarana warni-warnining panambang, sagêd angwontênakên têmbung enggal warni-warni, kados ta:

medicino = jamu, medicinala = gandhènge karo jamu, medicinists = dhoktêr.

mendikar = ngêmis, mendiko = bab ngêmis, mendikisto = wong ngêmis,

planko = blabag, plankizar = amblabagi (masangi blabag) makatên lan sanès-sanèsipun.

Ing sarèhne Lingue Internacionala utawi basa donya wau saking rumaos kula ugi pêrlu kangge kamajênganipun băngsa kita Jawi, mila ing salajêngipun panglimbangan badhe ngêwrat panuntun (handleiding) kangge para ingkang nêdya ngudi dhatêng basa wau.

--- 154 ---

Dene manawi sampun sagêd supados sumêrêp ebah-ebahan ing nagari sanès, kula ajêng-ajêng supados sami karsa lêngganan sêrat kabar wulanan Mondo ingkang kawêdalakên dening komite ingkang mêncarakên basa wau. Mênggah adrèsipun makatên: S. Auerbach, 7 Neserstrasse Frankfurt (Main) post cheko Frankfurt 169.86 Germanie.

Soe.

Kalilana Tambung Lampah Anyaru Wuwus

Pangudaraosipun Tuspajang, organ Narpawandawa ăngka 6 sarta ăngka 8 taun 1927, punika lêrês dados pamanahan kabêkta sangking cêkaking têmbung măngka mriku pikajêng kathah mênggah pamanah kula makatên pikajêngipun. Agèning[6] dhudhaning grat èstri, manawi taksih tilar anak grad, botên kasêbut, punika kabêkta sangking kawêngku ing agama, jalêr gadhah wêwênang ningkah èstri,[7] parlu ngêncêngakên talêring jalêr, mila jalêr dhudha taksih lêstari dados grad. Rabia malih utawi bojo lami, inggih lêstari[8]

Dene randhaning grad, manawi dèrèng laki inggih taksih dados grad. Manawi laki sajawining grad, inggih lajêng mêdal sangking grad, amargi sampun kawêngku ing ningkah sanès, ewadene sanajan gadhaha anak sangking grad sawau, manawi laki kawêngku ing ningkah sanès grad, inggih lajêng mêdal saking grad. Makatên pamanggih kula, măngsa borong.

Guritwêsi.

Babadipun Ringgit Purwa

Pêthikan Saking Sêrat Cênthini

gantya wau kang winarna | ingkang cakêt lênggahira | lawan Kiyai Sumbaga | lurah panyungging lungguhnya | alon dènira têtanya | adhi kalamun sêmbada | rakanta minta uninga | witing wontên wayang purwa ||

niku sintên kang iyasa |

--- 155 ---

mugi adhi gancarêna | kang kanggo babon punapa | têka wau wayang purwa | jalu èstri tindhik samya | saha ing pamêndhêtira | gambaring kang wayang purwa | kadipundi cariyosnya ||

kadamêl cagaking lênggah | supadi ywa kraos sayah | dèn mirêngkên putra wayah | èstu badhe damêl bingah | miwah ras-arasên kesah | timbang nyantên para hah hah | tiwas tan angsal paedah | Ki Sumbaga latah-latah ||

kang mangkono dhasar nyata | mêngko aku dak carita | saka kandhane wong tuwa | nalika jumênêngira | kyating rat Sri Jayabaya | ing Mamênang prajanira | anyorèk gambar warnanya | lêluhurira sri nata ||

roning êtal papanira | ingkang rumuhun priyăngga | panyorèke sri narendra | gambaring Hyang Jagadnata | sapiturute tumêka | Bambang Parikêsit nama | ing sawuse paripurna | diarani wayang purwa ||

panjupuke aran wayang | de gambar wujud wus ilang | ginagas ing tyas trus têrang | mulane wau kang wayang | lanang wadon tinindhikan | kagawa saka babone | corekannya sri pamase[9] | Prabu Jayabaya kuwe |[10]|

dadi mung mirid patrapnya | panganggone jalma băngsa | Indhu Kêling kang nagara | rampunging panggambarira | amarêngi taun ăngka | wolung atus swidak juga | sangkalanirèng kang warsa | gambaring winayang astha ||

kala Êmpu Ajisaka | jumênêng sri naradipa | nèng nagri Purwacarita | jêjuluk Sri Widhayaka | nganggit pakêm lêlakonnya | para dewa saturutnya | marêngi angkaning warsa | sèwu tigang dasa juga ||

taun iku sinangkalan | ratu guna mlêtik tunggal | antarane nganti lawas | basa karaton Jênggala | marêngi angkaning warsa | sèwu satus kalih dasa | ingkang jumênêng pamasa | Lêmbu Amiluhur nama ||

olèh kawan likur warsa | muksa ginêntenan putra | Radèn Panji Rawisrêngga | nama Sri Surya Wisesa | arsa anganggit wangunan | ning gambaring wayang purwa | rontal uga papanira | jinujud gêng lan dêdêgnya ||

pra kadang kadeyan samya | tumuntur garap mangrêngga | sabên sri nata sumewa | corekan katur sang nata | winadhahan ing gandhaga | sarta nganggit pakêmira | lêlakone wayang purwa | tinurutakên tinata ||

lah iku awite wayang | nganggo tinabuhan găngsa | slendro nganggo sinulukan | têmbang kawi warna-warna | manut pathêtaning găngsa | kagêm sabên pasamuwan | Sang Prabu Suryawisesa | karsa andhalang priyăngga ||

--- 156 ---

para kadang kadeyannya | tanggap anabuhi găngsa | kasêngsêm ingkang uninga | manganti bubare samya | anuju angkaning warsa | sèwu satus kawandasa | sirah gangsal sinangkalan | tata karya titis dewa ||

muksane Suryawisesa | gya ginantyan ingkang putra | Rahadèn Kuda Laleyan | jêjuluke mangkya gantya | Surya Amiluhur nama | lagya olèh tigang warsa | nulya ngalih nagrinira | Pajajaran karta arja ||

mangun gambar wayang purwa | babon corekan Jênggala | jinujut gêng luhurira | papane daluwang Jawa | anuju angkaning warsa | sèwu satus swidak rasa | apan ta sangkalanira | wayang gana rupa jalma ||

nalika rahadyan Jaka | Sêsuruh jumênêng nata | jêjuluk Prabu Bratana | angadhaton Majalêngka | karsa mangun wayang purwa | papane daluwang Jawa | ginulung dadya sajuga | winuwuhan ricikannya ||

wayang bèbèr ingaranan | yèn kagêm anèng kadhatyan | kang nglakokke pêdhalangan | amung rêbab kang gamelan | prêlu kanggo murwakala | yèn wong kêna ngila-ila ||[11]

pangupadrawa anandhang | mala cintraka mèk ilang | kaya ta cah wadon lanang | ontang-anting tanpa kadang | sapêpadhane iku kang | rinuwat kasêbut layang | Rêksi Kala gawang-gawang | ngruwat nganggo bèbèr wayang ||

murih ruwating kang Kala | nganggo sajèn warna-warna | sarta dupa găndawida | katêlah têkan samangkya | uwong nanggap wayang purwa | kudu nganggo sajèn dupa | duk rampunge panganggitnya | Sri Maha Prabu Bratana ||

angkaning kang punang warsa | sèwu rongatus punjulnya | wolung puluh lan tatiga | sangkalanira winarna | nênggih gunaning pujăngga | nêmbah ing Bathara Endra | basa ing jumênêngira | Sanga Aprabu Brawijaya ||

pungkasan ing Majalêngka | kacarita darbe putra | wasis gambar namanira | Radèn Sungging Prabangkara | dhinawuhan rama nata | mangun busananing wayang | bèbèr kang tumrap daluwang | rinêngga pulas mawarna ||

pinantês lan wujudira | raja satriya punggawa | busana kinarya beda | anuju angkaning warsa | sèwu tri atus langkungnya | taun iku sinangkalan | anênggih datanpa sirna | pigunaning kang atmaja ||

sabêdhahe Majalêngka | anuju angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | tigang dasa langkung tiga | sangkalanira pininta | gêni murup sinram jalma | ing nalika iku wayang | bèbèr sagamêlanira ||

marang

--- 157 ---

ing Dêmak nagara | kacarita Kangjêng Sultan | Sah Ngalam Akbar sapisan | sêngsêm marang karawitan | myang rêna langên wayangan | sring-asring kaparêng dhalang | iya iku bèbèr wayang | măngka gamêlan lan wayang ||

kasêbut ing pêkih kitap | karone iku pan karam | dadi pra wali sadaya | biyantu karsaning nata | anganggit wayang supaya | ilang wujud gambar jalma | kang kinarya lulang menda | tinipiske sawatara ||

dhinasaran warna pêthak | ancur lan gêrusan lulang | prabote pinêtha mangsya | kinarya miring rainya | tangane kinarya dawa | irisan lulang maesa | ginapit sajuga-juga | tinancêpakên ing wrêksa ||

binolong jejeran wayang | sabên kangjêng sultan lênggah | wayang kajèjèr panggungan | kacaoske kangjêng sultan | banjur bali ingaranan | wayang purwa kaya lama | dene babon bèbèr wayang | dadi anggone pra dhalang ||

lêstari kaanggo wayang | arang sajroning nagara | tanapi mring desa-desa | samana angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | kawandasa punjulira | nênggih sinangkalan mangkya | nir sukci caturing dewa ||

antarannya kangjêng sultan | jumênêng tuk tigang warsa | kangjêng sinuhun ing ngarga | nganggit wuwuh ingkang wayang | nganggo danawa wanara | sarta gancaring lêlakyan | sinuhun ing Benang sigra | nganggit panyumpinge wayang ||

nèng panggungan kering kanan | Jêng Sultan Sah Ngalam Akbar | muwuhi ricikan wayang | rupa gajah lan prampogan | Jêng Sinuhun Kalijaga | nganggit kêlir kadêbognya | balencong kalawan kothak | sarta muwuhi kêkayyan ||

iku minăngka sangkala | mêmêt aku kurang têrang | dene ta kang asring dhalang | Sunan Kudus tinabuhan | salendro ingkang gamêlan | iku wiwite kang wayang | apan nganggo sinulukan | grêgêd saut ada-ada ||

nuju angkaning kang warsa | sèwu kawan atus ika | langkung kawandasa tiga | dene ta sangkalanira | gêni dadi sukcining rat | antarane tan winarna | nalika jumênêngira | nênggih Rahadèn Trênggana ||

Jêjulukira jêng Sultan | Sah ngalam Akbar ping tiga | karane Sultan Bintara | kang muksa si Dêmak praja | wasis waskitha ing nala | anggalih kang wayang purwa | mindhaking bagus sêmbada | karsa dalêm sri narendra ||

mangun wanguning kang wayang | jinujud ing dêdêgira | sarta mripat cangkêm karna | sarta binêdhah sadaya | samana angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | pitung puluh punjul sapta | rêsi pitu karya tunggal ||

Susuhunan

--- 158 ---

ratu tunggal | ing Giri nalikanira | makili karaton Dêmak | anganggit wanguning wayang | gêdhe dhuwure sinuda | ugêre mata liyêpan | karo mata panthêlêngan | wedokane nganggo rema ||

wayang wanara lan buta | dinokokan loro mata | dewa cawêt kaya arca | sarta nganggit lakon wayang | wiwite wayang tinrapan | kakonang ingkang parada | sawuse dadi sakothak | ingaran kidang kêncanan ||

nalika iku sinungan | sangkala mêmêt ingaran | rupa Sang Hyang Girinata | nitih andini andana | anuju angkaning warsa | sèwu patang atus lawan | pitung puluh wolu sirah | slira dwija dadi raja |[12]|

[Salisir]

datan nalisir ing karsa | saking lêpasing pambudya | sunan ratu tunggal arga | anulya karsa iyasa ||

wayang gêdhog aranira | cangkokaning praupannya | babon saking wayang purwa | tanpa kêthèk lawan buta ||

anganggo têkên kang priya | wayang wadon ngore rema | prabot rapèk kalung jamang | gêlang anting kêlat buja ||

jêjêring lêlakon praja | sakawan padha sudara | ing Jênggala ing Mamênang | ing Ngurawan Singasêkar ||

sabrangane Prabu Klana | pulo Bali kang nagara | balane Bugis sadaya | sarta nganggit pakêmira ||

gancaring kang lêlampahan | sarta garêgêt sautnya | tanapi suluk bineda | lagune lan wayang purwa ||

pan pelog gamêlanira | kang dhalang ran Widayaka | Suhunan Kudus êmbannya | lastari langêning praja ||

sinungan mêmêt sangkala | rupa Sang Hyang Nilakăndha | ngasta cis ginubêl naga | anuju angkaning warsa ||

sèwu patang atus lawan | wolung dasa langkung gangsal | sinangkalan gaman naga | kinarya ing udipatya ||

nahan ta Susunan Benang | yasa wayang Damarwulan | ingkang jinêjêr lêlakyan | ing Majapait têngahan ||

ratu ayu jumênêngnya | nuju taun angkanira | sèwu tri atus limalas | nunggal lan bèbèr wêktunya ||

ingkang linakokkên dhalang | dadi tanggapaning wadya | winuwuhan tabuhannya | kêprak angklung kêndhang trêbang ||

kalanturing pakêcapan | wayang bèbèr tabuhannya | lumrah ngarani kêthiprak | anuju angkaning warsa ||

sèwu patang atus lawan | wolung dasa langkung astha | sinangkalan duk iyasa | astha wali karya tunggal ||

Jêng Sultan Adiwijaya | jumênêng ing Pajang praja | anuju ing taun ăngka | sèwu limangatus tiga ||

karsa mangun wêwangunan | wayang purwa

--- 159 ---

babonira | iyasan ing Dêmak praja | prabot pinantês lan wănda ||

para ratu prabotira | ana kang ngangge makutha | ana tropongan kewala | ana kang kêling gêlungnya ||

satriya bêsusing rema | ana kang nganggo paraba | sarta rineka dodotan | ana ingkang nganggo clana ||

pinapantês dhewe- dhewe | nganggo samparan wadone | karo bêsusing rambute | dodotan buta kêthèke ||

tan owah ngloro matane | dewa rêca parabote | padha irasan tangane | winuwuhan gêgamane ||

gada bindi alugora | iku wiwit wayang purwa | tuwin wayang gêdhog ika | padha tinatah gayaman ||

sarta nganggit wuwuh ingkang | pakêm purwa gêdhog wayang | anuju angkaning warsa | sèwu limang atus lima ||

Jêng Sunan Kudus iyasa | wayang golèk saka wrêksa | mirit lakon wayang purwa | salendro gamêlanira ||

amung kênong êgong kêndhang | kêthuk kêcèr lawan rêbab | nuju sangkalaning warsa | wayang nir gumuling kisma ||

Jêng Sinuhun Kalijaga | nganggit topèng kang kinarya | saka wrêksa mung sasuryan | sarta methok wêwangunan ||

kaya raining manungsa | jêjêring lêlakon padha | karo wayang gêdhog ika | nganggo buta warna-warna ||

wănda mripat wayang purwa | prabot têkês rapak clana | sumping sondhèr uncal wastra | kang mêtu jinêjêr samya ||

lanang wadon nganggo bêksa | dhewe-dhewe pacakira | kaya putrèn lan cindhaga | panji tuwa panji mudha ||

Gunungsari Prabu Klana | daga blancèr pênthul buta | kudu beda bêksanira | ukêl lan têtambangannya ||

salendro gamêlanira | topèng sawiji-wijinya | nganggo dipatut gêndhingnya | dhewe-dhewe nora padha ||

angkaning warsa samana | sèwu limang atus astha | măngka ta sangkolèng warsa | kaèsthi nir yêksaningrat ||

basa ing kraton Mataram | jumênêngnya Panêmbahan | Senapati ing Ngalaga | karsa mangun wayang purwa ||

rambut tinatah gêmpuran | wayang gêdhog kinêrisan | muwuhi wayang ricikan | manuk lawan buron wanan ||

anuju angkaning warsa | sèwu limang atus lawan | patpuluh siji sangkalan | rupa pat gatining jalma ||

ing sajumênêngnya Nata | Sri Surya Anyakrawatya | rama dalêm sri narendra | ingkang jumênêng samangkya ||

amêmangun wayang purwa | babone kidang kêncana | jinujud mung sawatara | sasigaring palêmahan ||

Arjunane pinaringan [pi...]

--- 160 ---

[...naringan] | panêngran Kiyai Jimat | iku awite kang wayang | purwa lan gêdhog sinungan ||

bau lan tangan pinisah | tangane cinampuritan | lan winuwuhan dhagêlan | myang winuwuhan gêgaman ||

panah kêris sapadhanya | bangsaning landhêp sadaya | paripurna karsa nata | banjur ana uwong mănca ||

saka Kêdhu asalira | bisa dhalang gêdhog purwa | banjur kaabdèkke dadya | dhalang sajroning nagara ||

kaparênge sri narendra | wayang bèbèr pangruwatan | sinalinan wayang purwa | katêlah têkèng samangkya ||

rampunge dènnya iyasa | maringi mêmêt sangkala | iku rupa buta mugan | padhalangan ingaranan ||

Panyèrèng araning buta | banjur karaning akathah | buta cakil wus kalimrah | mathinthing solahe kathah ||

wujud buta mata siji | tangan loro dikêrisi | siyung mêtu saka lathi | amandhuwur mung sawiji ||

anuju angkaning warsa | sèwu limang atus lawan | sèkêt loro sinangkalan | nêmbah gaman buta tunggal ||

ing samêngko karsa nata | kang Sinuhun Kangjêng Sultan | Agung Kyatingrat parapnya | Prabu Anyakrakusuma ||

karsa mangun wayang purwa | prabote jalu lan priya |[13] samya tinatah sadaya | jinait lanyapanira ||

sarta sangkud dêdêgira | kang pancèn mêlèk matanya | kajait sinung atăndha | gêdhondhongan namanira ||

rangkêp-rangkêp ingkang wănda | ing sawusing paripurna | Arjunane pinaringan | aran Kyai Mangu ika ||

sinungan mêmêt sangkala | rupa buta rambut pata | ingore dumunggèng ngarsa | nganggo jalu suku dwinya ||

padhalangan ingaranan | iku buta parapatan | wong akèh ngarani ika | buta rambut gêni samya ||

rampung nuju ăngka warsa | sèwu limang atus lawan | sèkêt têlu sinangkalan | jalu buta tinata sang ||

lah mung iku kawruh ingwang | crita witing ana wayang | kang miyarsa samya girang | matur pundi turun dhalang ||

Ki Sumbaga astanira | anudingi lah kae ta | kang sèndhèn ing saka rawa | Ki Panjangmas namanira ||

 


tumrap. (kembali)
parêpatanipun. (kembali)
tansah. (kembali)
Schleyer. (kembali)
angudi. (kembali)
Anggèning. (kembali)
§ Ingkang gadhah wêwênang ningkah malah èstrinipun Zie Prajangjian ningkah. Red. (kembali)
§ ? Red. (kembali)
pamasa. (kembali)
10 ika. (kembali)
11 § kupi kirang kalih pada lingsa. Red. (kembali)
12 Tanggal: slira dwija dadi raja (S 1478). Tahun Masehi: 1556–7. (kembali)
13 § Manawi babonipun mungêl jalu lan priya, nanging pangintên kula klèntu, bokmanawi pikajêngipun èstri lan priya. Red. (kembali)