Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 14-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 11, kaping 6 Jumadilawal Jimakir 1858, utawi kaping 1 Nopèmbêr 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 5.70. Kapacak sapisan.

Wara-wara

Pangrèh Narpawandawa nampèni sêrat prasabênipun pangagênging abdi dalêm trunakêmbang Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, katitimasan kaping 17 Sèptèmbêr 1927, suraosipun ngaturi uninga, bilih ing wêkdal sapunika abdi dalêm trunakêmbang kantun sakêdhik, amargi sampun kathah ingkang dipun ingsêr dados abdi dalêm prajurit kasêpuhan nalika wulan kapêngkêr punika.

Awit saking punika panyuwunipun Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, putra-putranipun para santana dalêm kaparênga sami nglêbêtakên magang dhatêng golongan trunakêmbang, badhe katampi kalayan bingahing panggalih, sarta ing sasagêd-sagêd badhe kaangkah kadospundi sagêdipun sae. Ing wasana waradinipun pangrèh amborongakên karigênanipun para warga.

Kasêrat kaping 18 Sèptèmbêr 1927.

Pangrèh.

--- 162 ---

Pangandikanipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya Wontên Ing Rad Kawula

II

Ing taun 1923 wontên residhèn ing Porstênlandhên ingkang gadhah usul, supados pandamêlan saha panggaotaning praja tanah kajawèn (dier sten en bednjven) dipun priksaa ing akontên, sarta manawi prêlu inggih andamêl ewah-ewahan saha nyaèkakên, punapa malih inggih katamtokakên nyuwita ing karajan Jawi, lajêng badhe tansah ambiyantu dhatêng para karajan Jawi wau ing babagan administrasi. Mênggah anggènipun nyampur praja sakawan punika gêgandhengan kalihan gampiling tindak saha sudaning wragad. Usul makatên punika sampun tamtu kemawon dipun rujuki praja sakawan pisan.

Rêmbag akontên satunggal wau dadosipun lajêng: ajung akontên satunggal wontên ing Surakarta, saha buk otkêndhêgê klas I satunggal wontên ing Ngayogyakarta, sadaya wau wragadipun kasanggi ing praja Jawi. Pandamêlanipun inggih lêrês miturut panuduhipun praja-praja Jawi utawi residhèn, nanging palapuranipun dumugi sapunika botên katur dhatêng praja Jawi, măngka wontênipun akontên saha buk aotkêndhêgê wau sampun kala taun ingkang kapêngkêr. Mila inggih layak kemawon bilih ingkang makatên wau lajêng nuwuhakên raos tidha-tidha wontên ing praja kajawèn, raos: apa baya karsane pamarentah luhur kang sanyata, dene disranani pamriksan akontên.

Punika jalaran saking pamarentah luhur kirang anggènipun ngudi dhatêng panyambut damêl sêsarêngan kalayan padhang-padhangan, supados para karajan Jawi sagêd mangrêtos sayêktos dhatêng gêlat-gêlitanipun. Mila pancèn lêrês tindakipun praja Ngayogyakarta, hara punapa punika tuwan pangarsa? rantamanipun waragad akontên lajêng dipun icali kemawon, măngka tumindakipun kêdah mawi sarana beya: praja Surakarta dèrèng nindakakên makatên, sarta inggih botên susah nindakakên makatên, janji pamarentah luhur cêtha kagungan karsa piyambak anjabêl dhatêng ajung akontên wau.

Sasampuning ngrêmbag bab wau, kula lajêng dumugi bab caranipun nyambutakên amtênar guprêmèn [guprê...]

--- 163 ---

[...mèn] wontên ing nagari Surakarta. Sampun rambah-rambah kula nyumêrêpi (cobi mirsanana kêkancinganipun dhirèktur B.O.W. kaping 24 Dhesèmbêr 1926 ăngka D.6/14/10) amtênar gupêrmèn ingkang pandamêlanipun kawêngku ing wawênangipun praja Jawi, kabantokakên dhatêng praja Jawi sarana kapasrahakên dhatêng residhèn. Makatên punika upaminipun kêkancingan ing nginggil wau, inggih punika arsitèg Walandi minăngka pangagêng kartipraja. Tuwan pangarsa: sapunika pitakèn kula: punapaa botên sagêd ajêg nindakakên makatên: amtênar ingkang miturut sêsêbutanipun piyambak pancèn kangge nindakakên pandamêlan praja Jawi, punika kapasrahakên dhatêng nagari utawi dhatêng panjênêngan nata. Pancènipun punika harak malah nuwuhakên tindak ingkang murni: sarana makatên pancènipun badhe botên wontên têtiyang ingkang gadhah gagasan, manawi guprêmèn nyorok wawênang, ingkang sampun dipun rujuki ing rêmbag sakawit, tujunipun kula ugi sagêd mratelakakên kawontênan ingkang rumaos kula inggih punika panindak ingkang lêrês, Surakarta kasambutan opsinêr pamulangan Jawi, Ngayogyakarta kasambuta[1] rèh kêndhêgê Jawi, sami gedatachcerd ing praja Jawi, sami taksih anggènipun suwita guprêmèn, tuwan pangarsa, kula mêmuji sangêt, sagêda tindak makatên wau kangge tuladan salaminipun.

Punika wau gandhèng kalihan prakawis sanès ing babagan pulitikipun pamarentah luhur dhatêng praja kajawèn (zelfbestuurs politiek) inggih punika pitakenan punapa inggih kagalih sayêktos bab panuntunipun (pracitische opleiding) tumrap para amtênaripun praja Jawi, supados pangkat-pangkat ingkang prêlu-prêlu mindhak-mindhak dipun cêpêng ing kawulanipun praja Jawi piyambak. Ingkang kula ajengakên punika punggawanipun kantor A. Z. ing Surakarta: sampun langkung 12 taun sapriki anggènipun nyagahi, bilih abdinipun praja Jawi piyambak badhe kaangkah sagêdipun cakêp nindakakên ing bab tatanan ewah-ewahan siti. Wontênipun amtênaring praja Jawi ingkang kabantokakên ing kantor A. Z. punika tansah lumintu, ewadene pangajaran ingkang mawi sêdya sagêdipun nampèni pasrahan, saha mawi wêwaton pamulang botên katindakakên, mila lajêng wontên ajung kontrolir Walandi kadèkèk ing ngriku, saha lêstari makatên, nanging botên wontên titiking sêdyaning [sê...]

--- 164 ---

[...dyaning] pamarentah luhur ingkang yêktosan, supados alon-alonan amtênaring praja Jawi sagêda nindakakên pandamêlanipun para ajung kontrolir wau, saha dangu-dangu ugi sagêda nyêpêng tuntunanipun, ing bab punika ugi botên wontên titikipun sêdyaning pamarentah luhur dhatêng het zelfbestuur een wassend aandeel te geven (saya dangu saya ngindhaki panguwasanipun praja Jawi), inggih punika minăngka nuhoni kasalahanipun[2] pamarentah luhur lumantar Tuwan Murling ingkang kula ungêlakên kala wau.

Parlu Dados Panggalihanipun Para Pangrèh Salajêngipun Karêmbag Wontên Parêpatan Agêng Narpawandawa Kula Sumăngga

Kula nuwun, sadèrèngipun kula ngaturakên saraosing manah kula ingkang sawêrni ngaturi pamanggih dhatêng pangrèh, kula nyuwun gênging pangapuntên. Awit dene kula rumaos tansah anggadhahi panyuwun dhatêng pangrèh, punika kula amung angèngêti bêbasan kina (anak molah bapa pradhah), kulawarganipun pakêmpalan minăngka anak, pangrèhipun minăngka bapa.

Kawuningana ingkang badhe kula aturakên punika satunggal-tunggalipun bab dèrèng parlu kula têrangakên sawatawis panjang, bokmanawi cêkap kula pêndhêt wos-wosipun kemawon rumiyin, kados ing ngandhap punika:

Ha: Sêrat kabar Narpawandawa punika, kangge ajanging anggêlarakên pamanggihipun para warga, tumrap parluning pakêmpalan, punapadene sampun dados waosanipun para warga sarta sanès-sanèsipun: mila bilih wêdalipun sawulan sapisan nama kirang, nyuwun kawêdalakên sawulan kaping kalih, utawi langkung, sarta katambahan kandêlipun: para warga kaindhakakên kontribisinipun.[3]

Na: Kawrat wêwatonipun Narpawandawa, bab 3: lètêr b: suraosipun (suka pratikêl utawi băndha dhatêng kasusahanipun para santana dalêm) [dalê...]

--- 165 ---

[...m)] punika prayogi katindakakên makatên.

1. Pakêmpalan supados tumbas siti partikêlir (Eigendom) salajêngipun kangge nênuntun tatanan dhatêng para santana dalêm ingkang wontên Surakarta dèrèng angsal padamêlan. (sawêrni Kolonisatie)[4]

2. Pakêmpalan supados gadhah panyuwun dhatêng parentah. Para santana dalêm ingkang sami dèrèng angsal padamêlan. Kaparênga nyuwun nyambut damêl wontên kagungan dalêm pabrik-pabrik.

Kalarasa kalihan kasagêdanipun, ingkang botên wêdalan saking pamulangan kadadosakên up mandhor utawi mandhor ingkang gadhah kasagêdan kadadosakên sindêr Jawi, sasaminipun:[5]

3. Pakêmpalan supados nyuwun dhatêng ingkang wajib, kaparênga mêwahi pranatan. Sadhengah santana dalêm ingkang badhe suwita dados abdi dalêm katamtokakên dados prajurit dalêm rumiyin. Sakêdhik-kêdhikipun sataun. Kangge angindhakakên dhatêng kasarasanipun badan, ing ngriku kaparingan piwulang ingkang nyêkapi. Wasana pamanggih kula kula punggêl samantên rumiyin saha kula sumanggakakên raka up rêdhaktur kaparênga maringi papan wontên taman Narpawandawa, ing salajêngipun kula suwun ingkang ngêwrat karangan punika kaaturna pangarsanipun Narpawandawa, botên langkung sadèrèng sasampunipun kula matur sangêt nuwun dhatêng raka up rêdhaktur.[6]

Warga Narpawandawa, Padmahartana.

--- 166 ---

Residhèn Surakarta

Para sadhèrèk kados taksih sami èngêt, kala parêpatan agêng Narpawandawa kapêngkêr punika, wontên sadhèrèk warga ingkang mêdharakên raosing panggalih prakawis badhe gêntosipun Tuwan Niwênhis residhèn ing Surakarta, panyuwunipun sadhèrèk wau Narpawadawa kaparênga nyuwun dhatêng parentah, badhe gêgêntosipun residhèn ing Surakarta kaparingana sarjana ingkang botên kagungan panggalihan nêdya badhe ngalang-alangi kamajênganipun băngsa Jawi. Wasana kaparêngipun parentah ingkang kawisudha dados residhèn ing Surakarta paduka Tuwan M. B. van der Jagt residhèn ing Kêdhu, sampun kalampahan têtêp nalika dintên Salasa tanggal kaping 31 Mèi 1927 mawi pakurmatan kados adat. Ing mangke pamanggih kula parlu para sadhèrèk warga mirsa lêlampahanipun Tuwan Phan Dhêr Yah wau kala dèrèng dados residhèn ing Surakarta, miturut cariyosipun D. K. pêthikanipun kados ing ngandhap punika:

Tuwan Phan Dhêr Yah punika kalairan ing nagari Boston (Boston) U.S.A. nalika tanggal kaping 22 Sèptèmbêr taun 1874 dados sapunika sampun yuswa 54 taun. Alitanipun andhèrèk tiyang sêpuh manggèn ing nagari Amerikah saha Jêrman, nalika yuswa 10 taun tiyang sêpuhipun dhatêng Indhoneyah,[7] Tuwan Phan Dhêr Yah malêbêt pamulangan andhap, lajêng malebêt dhatêng pamulangan H.B.S. ing Surabaya taun 1887. Salêbêtipun taun 1892 lulus iksamên pungkasan H.B.S. kalajêngakên malêbêt pamulangan luhur ing Batawi ingkang rumiyin nama Gijmnasium Willem III afdeeling B sinau ing ngriku mèh sakawan taun, mila nalika taun 1896 rampung pasinaonipun sarana cacêpêngan dhêploma groot ambtenaars examen ingkang kangge garan malêbêt dhatêng golongan pangrèh praja. Kala samantên sêsarênganipun tunggil sapamulangan inggih punika Tuwan Yaspêr, sapunika residhèn Ngayogyakarta saha Tuwan Kloproggè sapunika residhèn Rêmbang. Namung Tuwan Yaspêr (J.E. Jasper) mêdalipun langkung rumiyin kaot sataun.

Salêbêtipun taun 1897 dados sawêg yuswa 24 taun wiwit malêbêt dhinês guprêmèn golongan pangrèh praja. Wiwitan kadadosakên amtênar têrbêsêkiking kabantokakên [kaba...]

--- 167 ---

[...ntokakên] dhatêng Tuwan Up Insêpèktur Lanrèntên, manggèn ing Bandung, ananging inggih kapindhah-pindhah dhatêng Cicalêngka, Sumêdhang, Tasikmalaya lajêng wangsul dhatêng Bandhung malih. Saking Bandhung kapindhah dhatêng Pasuruan. Salêbêtipun taun 1900 kabênum dados aspêran kontrolir manggèn ing Banjarnêgara (Banyumas), ing taun 1901 kapindhah dhatêng Cêlacap. Salêbêtipun taun 1902 kabênum dados kontrolir sarta manggèn ing Tulungagung, wontên Tulungagung namung kalih taunan amargi salêbêtipun taun 1904 nyuwun pêrlop dhatêng nagari Walandi tigang taun laminipun, ing taun 1906 wangsul saking nagari Walandi lajêng kabênum malih dados kontrolir ing Brêbês, namung sataun lajêng kapindhah dhatêng Têgal. Ing taun 1909 kabênum dados Gêwèstêlêkê sèkrêtaris ing Bandhung, anggènipun dados panitra ngantos tigang taun, lajêng ing taun 1912 (wulan Mèi) nyuwun pêrlop malih dhatêng nagari Walandi laminipun inggih tigang taun, ing wêkdal pêrlop wau parlu nglajêngakên pasinaonipun ing bestuur-academie.

Salêbêtipun 1915 (wulan Nopèmbêr) wangsul angajawi lajêng kabênum malih dados kontrolir, kabantokakên dhatêng tuwan residhèn ing Sêmarang, kala samantên residhènipun swargi Tuwan Kèrên. Anggènipun manggèn ing Samarang botên dangu, namung sajak ngêntosi lowongan pangkat asistèn residhèn kemawon. Tandhanipun nalika wulan Mèi taun 1916 kabênum dados asistèn residhèn ing Kêbumèn, anggêntosi Tuwan Schmalling ingkang nyuwun lèrèh, kala samantên ingkang dados residhèn ing Kêdhu tuwan J. J. Verwijk dados bênumipun asistèn residhèn nalika yuswa kawandasa kalih taun.

Wiwit wontênipun rad kawula ing taun 1918 (wulan Mèi) Tuwan Phan Dhêr Yah sampun kapilih dados warga minăngka wakilipun golongan pangrèh praja băngsa Walandi, jalaran kala samantên saantukipun saking nagari Walandi panjênênganipun kapitados pangarsanipun pakêmpalan pangrèh praja Walandi wau ing pang Indhiya, wiwit taun 1918 dumugi taun 1923 panjênênganipun dados warga rad kawula. Suwantênipun ing parêpatan para maos taksih kèngêtan.

Wontên ing Kêbumèn namung kawan taun, amargi nalika tanggal kaping 31 Mèi

--- 168 ---

1920 nampi bêslit pindhahan dhatêng Majakêrta anggêntosi Tuwan R. A. Kern ingkang kala samantên kabênum dados paranpara babagan tiyang siti (advirseur voor Inlandsche zaken) jalaran paduka Tuwan Hazeu kondur dhatêng nagari Walandi. Sanadyan nama namung pindhah sami pangkat asistèn residhèn, ewadene saking Kêbumèn dhatêng Majakêrta makatên kenging kaewokakên minggah. Amargi soka asistèn residhèn ing Majakêrta punika calon residhèn, sabab ing Majakêrta punika kalêbêt kitha andhèling ingkang agêng tur kathah urusanipun. Anjawi Tuwan Phan Dhêr Yah piyambak, inggih punika Tuwan H. C. van den Bos ingkang kala samantên anggêntosi Tuwan Phan Dhêr Yah, wasana sapunika residhèn ing Madiun.

Nalika tanggal kaping 17 wulan Juni taun 1922 (dados yuswa kawandasa nêm taun) Tuwan Phan Dhêr Yah kawisudha dados residhèn Kêdhu manggèn ing kitha Magêlang, anggêntosi Tuwan J. R. Schench de Jong ingkang kaingsêr dados residhèn Bêtawi. Dumugi sapunika dados residhèn Kêdhu lajêng tampi kanugrahan anggêntosi Tuwan Niwênhis dados wakiling parentah Walandi ing Surakarta. Ing ngriki pêrlu katêrangakên bilih Tuwan Phan Dhêr Yah wau sampun tampi ganjaran bintang Ridêr Nèdêrlansê Leyo.

Indhiya Nèdêrlan

I

Sadèrèngipun kapratelakakên pranatan -pranatan, tuwin pêpilahaning kawajibanipun ingkang sami ngasta tanah Indhiya Nèdêrlan, bokmanawi langkung parlu kapratelakakên rumiyin wontênipun nagari warni-warni = (Pêthikan saking Brochure No. 3) kados ing ngandhap punika:

Mênggah nagari-nagari ing salumahing buwana punika kawontênanipun warni -warni wontên ingkang:

1. Bawa piyambak kadosdene praja Nèdêrlan, Inggris, Jêpan lan sanès- sanèsipun, nagari wau botên dipun rèhakên nagari sanès babarpisan, dados mardika ing sadayanipun.

2. Ing têmbungipun Prasman nama protèktorat (protectoraat) punika prakawis [praka...]

--- 169 ---

[...wis] paprentahanipun ing salêbêting nagari mèh mardika, namung dipun awat-awati nagari sanès sakêdhik. Dene prakawis gêgayutanipun kalihan nagari sanès, punika gumantung wontên nagari ingkang ngawat-awati wau, wujudipun nagari protectoraat inggih punika kasultanan Maroko, ingkang ngawat-awati nagari Prangkrik.

3. Dados jajahanipun nagari sanès ingkang bawa piyambak, gampilipun jajahan punika kabawahakên nagari sanès, mila paprentahanipun inggih kirang mardika. Namung kirangipun mardika wau warni-warni. Wontên ingkang kirang mardika namung sakêdhik, wontên ingkang kirang mardika sangêt. Ingkang kirang sakêdhik mardikaning paprentahanipun inggih punika upaminipun tanah Ostrali, Kanadha, punika dados jajahanipun praja Inggris. Nanging prakawis paprentahan ing salêbêting tanah wau praja Inggris namung wênang nêtêpakên pangagênging paprentahan, apangkat: raja mudha (onder Koning) namung ing bab sanès paprentahanipun ing tanah wau sampun nama mardika.

Dene ingkang sangêt kirang mardikanipun, inggih punika upaminipun tanah Indhiya Walandi kala tigang dasa taunan kapêngkêr. Tanah Indhiya Walandi punika dados jajahanipun praja Nèdêrlan, kala samantên paprentahanipun tanah Indhiya punika gumantung saking praja Nèdêrlan babarpisan, namung sapunika sampun wontên sudanipun sawatawis.

Wondene prakawis gêgayutanipun kalihan praja sanès, jajahan punika namung nunut kalihan nagari ingkang ambawahakên, dados botên mardika. Dados prakawis punika tanah Indhiya punika nunut praja Nèdêrlan.

Wêwaton Kangge Paprentahanipun Tanah Indhiya

Gronwèt

Praja Nèdêrlan punika anggadhahi gronwèt, sarèhning tanah Indhiya punika dados jajahanipun, mila gronwèt wau magêpokan ugi kalihan tanah Indhiya. Mênggahing gronwèt wau nêrangakên:

1. Bilih ingkang nyêpêng paprentahan luhur (opperbestuur) tumrap tanah Indhiya ngriki punika [puni...]

--- 170 ---

[...ka] sang nata ing praja Nèdêrlan (dalah para nayakanipun jajahan sarta sêtatên general).

2. Ingkang dados wakilipun sang nata marentahakên tanah Indhiya punika paduka kangjêng tuwan guprênur jendral (K.T.G.G.) kajawi prakawis-prakawis ingkang pancèn dados kuwaosipun sang nata piyambak.

3. Pranatan-pranatan ingkang mligi magêpokan kalihan paprentahan Indhiya, punika kenging kadamêl wontên ing tanah Indhiya piyambak, kajawi tumrapipun prakawis ingkang dados panguwaosipun sang nata.

4. Pranatan ingkang kadamêl ing tanah Indhiya punika botên kenging sulaya kalihan gronwèt, wèt sanèsipun utawi kaparluwaning umum. Manawi ngantos sulaya, paprentahan luhur wênang nyuwak pranatan wau.

5. Tumrapipun prakawis babagan tanah Indhiya, ingkang dipun pranata mawi wèt, punika rad kawula kêdah dipun têdhani rêmbag (nanging ugi wontên prakawis ingkang nyêbal saking pathokan, botên parlu dipun têdhakakên rêmbag dhatêng rad kawula wau).

Prakawis-prakawis ingkang dados panguwaosipun sang nata piyambak (kasêbut ing ăngka 2 lan 3 ing nginggil wau) punika dipun pratelakakên wontên ing wèt, samantên ugi prakawis nyêbalipun saking pathokan kasêbut ing ăngka 5 nginggil punika.

Rekanipun damêl wèt.

Miturut ing Brochure ăngka 2 kaca 13 bab 26, ingkang kuwaos damêl wèt (pranatan) punika sang nata kalihan sêtatên jendral, dados sang nata kêdah nyambut damêl sêsarêngan kalihan sêtatên jendral, dene ingkang wênang damêl ada-ada ngwontênakên pranatan punika:

Ha: sang nata.

Na: sêtatên jendral.

Sapunika kadospundi tumindakipun manawi sang bata badhe yasa pranatan, upami: pranatan bab piwulang, mênggah lampahipun makatên:

ha: damêl rancangan.

1. Sang nata dhawuh dhatêng nayaka piwulang damêl rancanganing pranatan wau (ontwerp).

--- 171 ---

2. Rancangan punika kaperang dados pintên-pintên pacak (artikel) sarta karêmbag wontên ing parêpatanipun para nayaka sadaya.

3. Sasampunipun makatên lajêng dipun lêstantunakên dhatêng rad phan sêtatê, kapurih nyukani pamrayogi.

4. Manawi sang nata cocog kalihan pamrayogi wau, rancangan lajêng kaparingakên dhatêng twèdhê kamêr, mawi dipun kanthèni:

a. Sêrat dhawuh saking sang nata (Koninklijk Boodschap).

b. Sêrat katrangan (Memorie van Toelichting) inggih punika katranganipun rancanganing pranatan wau.

na: Wontên ing Twèdhêkamêr bagean papriksan (afd. onderzoek).

5. Warganing Twèdhêkamêr lajêng ngrêmbag rancangan wau, mênggah pangrêmbagipun botên sêsarêngan, nanging para warga kapăntha-păntha dados 5 golongan (afdeeling = sectie) tiyang ingkang sanès warga botên kenging nênggani parêpatanipun apdhèling-apdhèling wau. Dene anggènipun merang dados 5 sèksi wau sarana dipun undhi, sabên kalih wulan sapisan.

Sabên apdhèling gadhah pangarsa lan panitra (rapporteur) piyambak, pangarsanipun apdhèling 5 kalihan pangarsanipun, twèdhêkamêr kawastanan sentralisèksi (Centrale sectie) ingkang dados panuntunipun sentralisèksi punika pangarsaning twèdhêkamêr.

6. Wontên ing parêpatanipun afd.2 wau para panitra damêl palapuran (verslag) piyambak-piyambak, yèn sampun rampung, palapuran saking 5 apdhèling wau karingkês dados satunggal, namanipun (voorloopig verslag) sarta nuntên kaladosakên dhatêng nayaka ingkang kabêbahan damêl rancangan.

7. Nayaka lajêng maringi sêrat wangsulan (Memorie van Antwoord) dhatêng Twèdhêkamêr, sêrat wau ngêwrat wangsulanipun pitakenan-pitakenan sarta gagasan ingkang kapacak wontên ing purlopêh pêrslah.

ca: Parêpatan opênbar.

8. Manawi para warga twèdhêkamêr sampun tampi sêrat wangsulan saking nayaka, lajêng ngwontênakên parêpatan sêsarêngan, parlu ngrêmbag rancangan wau malih, parêpatan punika opênbar, têgêsipun sabên sok tiyanga kenging dhatêng mirêngakên.

--- 172 ---

9. Ingkang karêmbag rumiyinipun namung maksuding (suraos) rancangan, dados bab awon saening maksud, bab cocog lan botênipun kalihan sêdyanipun ingkang damêl (Algemeene bescbouwingen).

10. Manawi sampun, lajêng karêmbag wiwit saartikêl-saartikêl, kaurutakên angkanipun. Sintên ingkang kapengin ngewahi, mêwahi utawi ngicali salah satunggaling artikêl, kenging nglêbêtakên amandhêmèn.

11. Yèn rêmbag sampun têlas, artikêl wau lajêng dipun mupakatakên (dipun sêtèm) saking satunggal (ingkang dipun mupakatakên punika artikêl-artikêl manut rancanganipun nayaka ingkang damêl).

12. Sasampunipun makatên rancangan sadaya wau lajêng dipun mupakatakên malih, parlunipun, twèdhêkamêr sagêd damêl putusan (Eindstemming) manawi cacahing warga ingkang rujuk langkung kathah tinimbang ingkang botên rujuk, rancangan lajêng kaanggêp sampun katampi (aangenomen) yèn ingkang botên rujuk langkung kathah, rancangan kaanggêp dipun tulak (verworpen).

ca: Wontên ing Irstêkamêr.

13. Manawi ing twèdhêkamêr sampun nampi, rancangan lajêng karêmbag malih wontên ing irstêkamêr, tumindakipun inggih sami kemawon kalihan wontên ing twèdhêkamêr, nanging para warga irstêkamêr botên kenging damêl amandhêmèn malih, dados rancangan wau sampun botên kenging kaewahan, bilih purun inggih kados putusan twèdhêkamêr wau, bilih botên purun inggih katulak babarpisan.

Taksih badhe kasambêtan

Uran-uran Minăngka Sudarsana

[Dhandhanggula]

yogyanira kang para prajurit | anulada kang laku utama | (punapa laku kang utama) kadya nguni caritane | andêlira Sang Prabu | Sasrabau ing Maèspati | aran Patih Suwănda | lêlabuhanipun | kang ginulung[8] tri prakara | guna kaya purun ingkang dèn antêpi | Suwănda[9] trah utama ||

wontên malih tuladan prayogi | satriya gung nagari Ngalêngka | Sang Kumbakarna [Kumbakar...]

--- 173 ---

[...na] arane | tur iku warna diyu | parandene gayuh utami | duk wiwit prang Ngalêngka | dènnya darbe atur | mring raka amrih raharja | Dasamuka tan kengguh aturing ari | dening mungsuh wanara ||

Manawi kula ngèngêti sudarsana ing nginggil, adhuh awrat sangêt dados satriya punika. Liripun makatên, sabab punapa ta: dene ingkang minăngka sudarsana têka namung patih Suwănda, kalihan Kumbakarna, Sang Gunawan Wibisana sarta Adipati Karna botên kocap, măngka mênggahing Sêrat Rama, punapa malih wontên ing wiraosaning tiyang, Sang Gunawan wau sae sangêt, dene Ngawăngga inggih sêtya labuh dhatêng nagari ingkang dipun suwitani. Dados ambokmanawi karsanipun ingkang damêl palupi, atêgês bilih satriya tumindak kados ingkang dipun lampahi Kumbakarna punika dèrèng nama utami, sawêg lêrês kemawon, nanging tumrap kangge Kumbakarna, sampun utami sangêt, dening lêrêsipun ingkang sipat buta punika botên sagêd gadhah watak pamrayogi sae măngka punika gadhah, Adipati Karna lan Wibisana botên pantês dados sudarsana, sabab sêtya lan mantêp dhatêng ratu ingkang botên lêrês, Wibisana botên anglênggahi kasatriyanipun. Mila para ingkang winênang sinêbut satriya sami tansah mèngêtana dhatêng kautaman ingkang pundi ingkang kêdah dipun lampahi, ingkang sagêd cocog kalihan jamanipun, atur kula kula jugag, kangge ngengehan ambok bilih wontên sadhèrèk ingkang kaparêng ngudhoni.

Purwawahana.

Nusuli Katrangan

Ing organ Narpawandawa ăngka 10 kaca 156, wontên kêkirangan kalih pada lingsa, murih sampun damêl gêlanipun para maos, kula wangsuli sapada lêrêsipun mungêl makatên.

wayang bêbêr ingaranan | yèn kagêm anèng kadhatyan | lêstari slendro gamêlan | liyane anêng kadhatyan | kang nglakokke pêdhalangan | amung rêbab kang gamêlan | hnalu kanggo murwakala | yèn wong kêna ngila-ila ||

Mugi sampun kirang gunging pangaksama.

--- 174 ---

Turunan

Kêkancingan ăngka 15 A/3.

Manira pêpatihing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse mirêngake rêmbuge para bupati jaba jêro saanon-anone, anêmtokake wêwaton bayarane kang padha lara manggon ing kagungan dalêm panti roga (klinik) sapiturute kaya kang kasêbut dhawuh manira kêkancingan katitimangsan kaping 27 Pasa Ehe 1844, utawa kaping 19 Agustus 1914 ăngka 37 A/3 kaping 24 Rêjêb Be 1846 utawa kaping 27 Mèi 1916 ăngka 60 A/3 sarta kaping 15 Bêsar Jimawal 1850 utawa kaping 30 Agustus 1920 ăngka 70 A/3 padha kasuwak, wiwit tanggal kaping 1 Agustus 1923 kasalinan kaya ing ngisor iki.

Bab I

1. Kang wênang manggon ing kamar ăngka 1.

a. Pangeran sarta bupati f 3,- b. santana riya, litnan kolonèl, kaliwon f 2,-, c. mayor f 1,50 ... sadina sawêngi.

Kamar ăngka II

a. santana dalêm wayah, panèwu f 1,25, b. abdi dalêm kaptin, mantri f 1,-,c. santana dalêm buyut, irstê litnan f 0,75, d. santana dalêm canggah, twèdhê litnan f 0,50 ... sadina sawêngi.

Kamar ăngka III

a. abdi dalêm lurah bêkêl f 0,50, b. ondêr litnan sapangisor, jajar panakawan, pamagang f 0,25 ... sadina sawêngi

1. Tumrape abdi dalêm kang wus pènsiyun, bayarane kasudakake miturut wêwaton sangisor cakêt.

Wêwaton bayaran kabèh mau uga tumrap anak bojo utawa sêlire, sarta wus ora kakênakake bayaran marang abdi dalêm dhoktêr sarta tukon jamu, [ja...]

--- 175 ---

[...mu,] kang garap dhoktêr partikêlir rêsèpe uga kêna kacadhongake jamu marang kagungan dalêm panti usada.

2. santana wayah dalêm putri, manawa wus omah -omah miturut pangkate kang mêngku, dene santana dalêm lanang manawa wus dadi abdi dalêm, wawênange miturut pangkate.

3. manawa ana santana utawa abdi dalêm anjaluk manggon ing kamar sadhuwure kang wus diwênangake uga kêna nanging bayarane miturut partikêliran, dene dhoktêr sarta tukon jamu lêstari ora bayar.

4. santana sarta abdi dalêm apadene liyane santana utawa abdi dalêm kang malarat, manawa lara manggon ing panti roga klilan tanpa bayar apa-apa, nanging kudu mawa katrangan saka kabupatèn, kawadanan utawa abdi dalêm pangrèh praja kang ambawahake, tumrape santana utawa abdi dalêm ora ngowahake wawênang pamanggone kaya kang kasêbut ing dhuwur.

Bab II

1 Tumrap sadhengah kang dudu santana utawa abdi dalêm (partikêlir).

a. Manggon ing kamar ăngka I sadina sawêngi f 6,- b. Manggon ing kamar ăngka II sadina sawêngi f 5,- c. Manggon ing kamar ăngka III sadina sawêngi f 2,-

Kabèh mau isih kakênakake bayaran marang abdi dalêm dhoktêr sarta panukuning jamu sapanunggalane.

2. Kang lara anjaluk digarap manggon ing panti roga, kudu bayar dhisik sumurup bayaran sapuluh dina.

3. Kang pangupakaraning larane nganggo dibêdhèl, kakênakake pasewan kamar pambêdhelan.

a. Kang manggon kamar ăngka I kabêdhèl sarambahan f 35,- b. Kang manggon kamar ăngka II kabêdhèl sarambahan f 15,- c. Kang manggon kamar ăngka III kabêdhèl sarambahan f 10,-

--- 176 ---

Kêkancingan iki turunane kapacak ing kabar paprentahan, supaya padha sumurup sarta ngèstokake saparlune.

Dhawuhing kêkancingan kaping 8 Bêsar Jimawal 1853.

Utawa kaping 23 Juli 1923.

Pêpatih dalêm, Wg. Jayanagara.

Garapan wisudha, Wg. Sasranagara.

[Iklan]

 


kasambutan. (kembali)
§ Ing kupi mungêl kasalahanipun, ambokmanawi kasagahanipun. Red. (kembali)
§ Pancèn inggih makatên, manawi pamanggih kula cêkapanipun kaindhakakên dados nyatangsul. (kembali)
§ Pamanggih punika prayogi sangêt, nanging rèhning anggayuh tindak utami punika kathah rubedanipun ing margi, panggalihanipun kêdah ingkang sami santosa. Waspada. (kembali)
§ Tamtunipun kêdah makatên. (kembali)
§ Gêrbanipun usul-usul punika prayogi sadaya, mila sadèrèngipun karêmbag ing parêpatan agêng, para warga langkung prayogi sami anggalih rumiyin, kaupadosana èwêd-pakèwêdipun, langkung prayogi malih panggalihan kabèbèr ing organ ngriki, mangke kula ingkang nyadhiyani papanipun. Red. (kembali)
Indhonesiah. (kembali)
ginêlung. (kembali)
nuhoni. (kembali)