Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1933-01, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1933-02, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1933-03/04, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1933-05, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1933-06, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1933-07, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1933-09, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1933-10, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Persatuan, 1933-11, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
11. Narpawandawa, Persatuan, 1933-12, #412. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 14-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 7, Kaping 7 Mulud Be 1864, Utawi Kaping 1 Juli 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pathining Satriya, Anyirnakna Piguna, Angurbana Salira, Kinarya Widada Arjaning Praja.

III

Sarêng sutanipun èstri sang brahmana mirêng panggrêsahing tiyang sêpuhipun makatên wau, sêdhih manahipun, lajêng sanjang makatên: dhuh tiyang sêpuh kula, kadospundi dene panjênêngan sami muwun saha sêsambat, cobi kamirêngna atur pamrayogi kula, minăngka kangge sisihanipun pamanggih punika wau sadaya, kados sampun mèh mangsanipun panjênêngan kêdah nglilahakên badan kula, kangge panambaking gêsangipun kulawarga. Mênggah anggènipun tiyang kêpengin sêsuta punika, parlu kajagèkakên kangge pangêntas sangsaraning gêsang, o tiyang sêpuh kula, bêbaya ingkang candranipun kadi narmada punika mugi dipun sabrangana, kula dipun anggea gèthèkipun, amargi sampun dados kawajibaning anak, manawi tiyang sêpuhipun manggih pakèwêd, punika

--- 93 ---

anak kawajiban ngêntas, amila para wicaksana mastani anak wau putra. Rama ibu masthi ngajêng-ajêng darbea putu mêdal saking kula, wigatosipun dadosa sarana sagêdipun para lêluhur anginggahi kamulyan luhur, nanging samangke kula piyambak ingkang nêdya badhe ngêntas para lêluhur saking ing yomani, kula pinangkani saking nambak sugêngipun rama lan ibu, dados botên susah ngêntosi lairing lare saking jasat kula. O rama, sadhèrèk kula jalêr taksih lare, manawi katilar tiyang sêpuhipun gèk lajêng kadospundi, bokmanawi kemawon ugi lajêng nêmahi pêjah, manawi rama sarta pun adhi botên wontên, pun ibu tamtu botên kuwawi gêsang piyambak, saèstunipun kula lajêng ngênês, wêkasanipun inggih lajêng pêjah, dhuh rama, anak jalêr punika dipun wastani jiwaning tiyang sêpuhipun, semah dipun wastani mitra, nanging anak èstri amung dados tuking rêribêd, amila rama dipun owêla salira panjênêngan, kula kemawon kategakna kangge sêsaji dhatêng sang raksasa raja, o tiyang sêpuh kula, manawi kula kalampahan panjênêngan tilar, gèk sintên pangayoman kula, kula tamtu nandhang sangsara gluyuran dhatêng pundi-pundi, kakêncênganing manah kula langkung prayogi kula kemawon kanggea kurban, gèk saiba bingahing manah kula, manawi rama brahmana kaparêng lajêng tindak dhatêng dhangkaning raksasa raja amasrahakên badan kula, amila sampun andêdangu prakawis ingkang sampun botên kenging dipun singgahi punika, tumuntên lajêng kalêksananana, awit gêsang kula wontên ing dêlahan amasthi manggih kamulyan, ujaring wasita yèn bapa mêntas anglilahakên anakipun èstri, măngka lajêng sêsaji, punika badhe kinasihan para dewa tuwin widadari.

Sarêng sang brahmana tuwin semahipun mirêng sanjanging anakipun èstri makatên wau, saya trênyuh raosing manahipun, lajêng sami karuna kalara-lara. Anakipun jalêr sang brahmana ingkang taksih alit, sarta taksih pelo cantênanipun, dupi priksa sadaya sami nangis, clêbang-clêbung wicantênipun, nanging anyênêngakên manah, ucapipun makatên: lo lo, lo, lama ibu lan yu thik adha anis, bok ya ênêng. Sasampunipun wicantên, lare wau lajêng marêpêki sarwi ngrangkuli tiyang sêpuhipun, wusana lajêng ambêdhol rumput kalihan wicantên makatên: uta kang awene măngsa alma iku ayêp tak atèni kalo gamanku iyi. Sanadyan tiga-tiganipun wau taksih sami kalara-lara nangis, dening risaking manahipun, ewadene [e...]

--- 94 ---

[...wadene] sarêng mirêng ucaping lare wau inggih sami mèsêm. Kacriyos Dèwi Kunthi ingkang sampun dangu anggènipun ngintip, sampun waspaos anggènipun maspadakakên sasolah-bawanipun sang brahmana saha anak semahipun, nalika samantên osiking panggalihipun, kados sampun wancinipun anglairakên pamrayogi dhatêng ingkang sami prihatos, mila sang dèwi enggal-enggal malêbêt ing sênthong, lajêng ngandika kathah-kathah, ingkang murih sirnaning prihatosipun sang brahmana, makatên pangandikanipun: sang brahmana, kula kêpengin sangêt priksa punapa ingkang dados witing prihatos, inggih bokmanawi kula sagêd, pancèn nêdya kula tanggulangi.

Atur wangsulanipun sang brahmana: dhuh sang dèwi, ingkang agêng tapabratanipun, mênggah karsa panjênêngan wau pancèn utami sangêt, nanging bokmanawi botên wontên titah wujud manungsa ingkang sagêd nyirnakakên prihatos kula punika. Kauningana, botên watawis têbih saking ing ngriki, punika wontên karaton dhangkaning raksasa raja ajêjuluk Prabu Baka, inggih punika ingkang mangrèh praja ing Ekacakra ngriki. Raksasa wau linangkung kaprawiranipun, măngka karêm măngsa jalma, amila têtiyang ing ngriki sami botên sumêlang dening panangsayaning mêngsah, amargi kaayoman ing kaprawiranipun sang raksasa raja wau, nanging pituwas anggènipun ngayomi wau sang raksasa raja mundhut bulubêkti dhêdhaharan, inggih punika sêkul sagrobag, maesa sarakit, dalah satiyangipun ingkang ngaturakên satunggal, sabên tiyang wawêngkonipun sang raksasa ingkang sampun mêngku bale wisma, kawajiban atur bulubêkti makatên wau gêntos-gêntos. Sanadyan tampinipun asok bulubêkti wau sabên tiyang botên sabên taun, nanging lamining lami ugi badhe tampi giliran pasok malih, dene manawi wontên tiyang ingkang nglirwakakên kawajibanipun, lajêng dipun pêjahi sami sanalika dalah saanak-semahipun, kunarpanipun kamăngsa. Hêm, bêgja têmên lêlampahan kula, dene manggèn ing nagari ingkang ratunipun makatên kawontênanipun. Para wicaksana ngandika bilih tiyang punika wajib rumêksa dhatêng ratu, (nanging ingkang ambêkipun sae) dhatêng semah, tuwin dhatêng rajabrananipun, manawi pangrêksanipun dhatêng tigang prakawis punika sagêd kacakup, nama sagêd ngêntas anak tuwin kadang warganipun saking sakathahing pakèwêd, ing măngka satunggal kemawon kula

--- 95 ---

botên sagêd nêtêpi, mila kawontênan kula inggih lajêng kosokwangsul, inggih punika kula dalah anak semah sami kacêmplung ing bêbaya agêng, têmah sami nandhang kasusahan punika. Samangke urak panumpêsing kulawarga badhe dhumawah ing kula, kula kêdah asok bulubêkti dhatêng sang raksasa raja, warni têtêdhan kados ingkang kula aturakên wau, ing măngka kula punika mlarat, dados botên sagêd tumbas tiyang, sarta botên sagêd oncat saking wawêngkon ing ngriki, dados ing wêkdal punika kula wontên salêbêting kasusahan, ingkang botên sagêd angoncati, kakêncênganing manah kula saanak semah amung badhe sowan sang raksasa, supados dipun măngsaa sadaya kemawon.

Pangandikanipun Dèwi Kunthi: dhuh kakang brahmana, jêngandika sampun prihatos, kula sumêrêp sarana pambengkasing bêbaya punika. O kakang brahmana, putra jêngandika ingkang jalêr taksih alit, ingkang èstri dèrèng nambut silaning krama, tur inggih namung satunggal, punapa garwa utawi jêngandika piyambak kalampahan ngantos dhatêng ing dhangkaning raksasa wau, jêngandika priksa manawi anak kula gangsal tur jalêr sadaya, punika kemawon salah satunggal kanggea lintunipun, katur sang raksasa raja.

Rikala sang brahmana mirêng pangandikanipun sang dèwi makatên wau, lajêng mangsuli atur makatên: o sang dèwi, punapa kula têgêl ningali kasangsaran punika dipun sandhang ing tiyang sanès, ingkang amung mrih wilujêng kula piyambak, kula botên badhe nyajèkakên brahmana utawi tamu, parlu kangge rumêksa badan kula piyambak, nadyan upaminipun kula punika turunipun tiyang ingkang asor drajadipun, utawi tiyang ingkang rêmênipun nindakakên pandamêl dosa pisan, saèstunipun botên mêntala nampèni pitulunganipun sang dèwi makatên wau, pamrayoginipun sang dèwi punika langkung patitis, mila kula inggih kadugi nulak pitulungan wau, nanging manawi kula dipun purih milih, nglilahakên sugêngipun brahmana punapa gêsang kula piyambak, kula suka lila nglilahakên gêsang kula piyambak, awit mêjahi brahmana punika agêng sangêt dosanipun, badhe botên angsal pangapura. Manawi kêdah sêsaji aluwung nyajèkakên badanipun piyambak, punika botên kaanggêp dosa rajapêjah, dados manawi kula pêjah kangge sêsaji, punika kula botên kalepetan ing dosa pêjah, nanging kosokwangsulipun, manawi kula nyuwawèni pêjahing brahmana, punika [pu...]

--- 96 ---

[...nika] kula dosa ingkang botên sagêd oncat saking paukuman, miturut pangandikanipun para sujana sarjana, ingkang kaanggêp daksiya punika 1 tiyang ingkang nglilahakên tiyang ingkang mondhok ing griyanipun, 2 tiyang ingkang nêdha pangayoman, 3 mêjahi tiyang ingkang ngupaya jalaran murih dipun pêjahi, para wicaksana ngandika. Wong aja kongsi nglakoni panggawe daksiya utawa dosa. Dados langkung prayogi dintên punika kula pêjah sêsarêngan saanak semah kula, awit kula sangêt botên nayogyani manawi ngantos wontên brahmana dipun pêjahi.

Pangandikanipun Dèwi Kunthi: dhuh sang brahmana, pamanggih kula ugi kados pangandika jêngandika wau, brahmana makatên wajib dipun ayomi. Kauningana kakang, sih kula dhatêng anak punika sadaya sami kemawon, upami kula gadhah anak satus, punika botên beda kalihan anak gangsal. Nanging kauningana, sang raksasa raja kintên-kintên botên sagêd mêjahi anak kula, awit anak-anak kula sami sêkti măndraguna, lêbda dhatêng saliring mantra, anak-anak kula tamtu kalayan suka lêgawaning manahipun, manawi kapurih ngirid bulubêkti wau, sarta kula pitados manawi anak kula masthi sagêd ngêntas dhiripun piyambak, saking sakathahing bêbaya, kula sampun manoni piyambak, amung panyuwun kula kakang, prakawis punika mugi sampun ngantos kapirêng ing akathah, awit mindhak kirang sakeca têmbe wingkingipun.

Kacariyos nalika sang brahmana dalah semahipun wau, mirêng pangandikanipun Dèwi Kunthi makatên, sakalangkung bingahing manahipun, mila lajêng nayogyani dhatêng karsanipun sang dèwi, asrêping panggalihipun sang brahmana prasasat angunjuk toya sawindu, wasana Dèwi Kunthi lajêng nyêlaki ingkang putra panênggak, sang brahmana tut wingking salampahipun sang dèwi, sarêng sampun cêlak, Dèwi Kunthi lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra, supados nyangkul sakaryanipun sang brahmana, ingkang awrat punika, atur wangsulanipun Sang Bima makatên: iya Kunthi ibuku, dhawuhmu masthi tak èstokake. Taksih wontên sambêtipun.

--- 97 ---

Panggulawênthahing Bayi Sadèrèngipun Lair

Sambêtipun organ Narpa Ăngka 6

Ing nagari Prangkrik wontên băngsa Prasman (băngsa Prasman makatên kulitipun inggih pêthak kados băngsa Eropah totok) gadhah anak mêdal cêmêng kados tiyang Nègêr. Ingkang jalêr lajêng milênggahakên dhatêng ing parentah sarta nêdha pêgatan, amargi gadhah dakwa ingkang botên prayogi. Parentah lajêng dhawuh dhatêng dhoktêr nindakakên papriksan, pinanggihing papriksan sakiwatêngênipun ngriku botên wontên tiyangipun Nègêr (tiyang Nègêr punika wujudipun cêmêng) namung ing temboking kamar patilêman pinanggih wontên gambaripun tiyang Nègêr, punika ingkang kaanggêp sagêd anjalari kadadosaning jabang bayi. Ingkang jalêr lajêng narimah.

Samangke kadospundi sabab-sababipun, dene lêlampahan makatên têka lajêng andayani dhatêng bayi wawratanipun, punika mênggahing pamanggih makatên.

Ha. Tamtunipun sadaya sami angraosakên, bilih tiyang pinuju nêpsu, grêgêtên, kagèt sapanunggilanipun, punika botên ngêmungakên saranduning badan kemawon ingkang ebah gumêtêr, mripat angatirah, nanging dalah kabatosanipun ugi tumut kocak, malah sanadyan saranduning badan sampun lêrêm, nanging raosipun taksih tumanêm, tandhanipun: tiyang tilêm punika sanadyan păncadriyanipun sampun lêrêm, nanging taksih ngimpi utawi nglindur, kagum, sapanunggilanipun. Punika katarik saking tuwuhing raos ingkang kataman lêlampahan kala sadèrèngipun tilêm, ing măngka bayi wontên kandhutan punika taksih kalêbêt dados peranganing badan, wah taksih alus lan lêmbat sangêt, dados gampil sangêt kasêmpyok gêgêtêring badan.

Na. Badaning tiyang kasanepakna lèpèn, samasa lèpèn wau cinêmplungan dhinamit, botên ngamungakên toyanipun kemawon ingkang mawut mawalikan, dalasan ulam saha isèn-isènipun sadaya sami manggih karisakan.

Awit saking punika mênggahing panggulawênthah sarta panjaginipun bayi wontên ing wawratan.

1. Sampun ngantos biyung gadhah tindak saha gagasan ingkang botên prayogi, daksiya, anginggit- inggit saha ngincim-incim, ngasorakên ing sasami,

--- 98 ---

amargi tandhêsing raos sagêd anêmahi dhatêng kandhutanipun.

2. Kajagi saha anjagi sampun ngantos mênangi sabarang ingkang adamêl kagèt, giris, kamigilanên sasaminipun (botên prayogi sangêt manawi tiyang wawrat kaajak ningali kumidhi arêmsêton enz.

Manawi kapêksa mênangi kados makatên, sampun kasupèn angucapakên wasiyat Jawi jabang bayi aja kagèt. Nanging inggih sampun wontên ing lathi kemawon, kêdah têrusing batos, kanthi nalăngsa ing Pangeran, punika japa ingkang sagêd nyingkirakên păncabaya sayêktos.

3. Kosokwangsulipun ing nginggil, parlu para ingkang wawrat angenggar-enggar nyawang sêkaran, pasabinan, parêdèn. Kêkadhar ing latar ningali sumêbaring lintang-lintang ing langit, supados mêdal gagasanipun ngalêm dhatêng kaluhuran saha kaelokaning Pangeran, têmahan putranipun ing têmbe dados tiyang ingkang ajrih saha bêkti ing Gusti Allah.

4. Ngraosakên, maos- maos ing bab lêlampahaning tiyang ingkang dipun sênêngi, lah punika ingkang nama panggulawênthah sayêktos, tiyang wawrat ingkang kasêngsêm maos lêlampahaning prajurit, putranipun badhe sagêd dados senapati.

Dados wosipun, tiyang wawrat punika punapa saciptanipun, awit sagêd numusi dhatêng bayi ingkang kawawratakên, amila manawi pancènipun pawèstri sawêg anggarbini, punika jalêr èstri parlu kêdah angêgungakên prihatos (Zelfbeheerschend) murih kasidaning sêdya.

Tamtunipun lajêng wontên pitakenan, mênggah ingkang dipun cariyosakên ing nginggil wau sawêg tindaking biyung, lah lêlampahaning bapa têka inggih sagêd numusi dhatêng bayi ingkang wontên wawratan, katatalan-katatalan inggih kathah, upaminipun, pun bapa nyanjata sagawon, kenging dhadhanipun, botên pêjah sanalika, andadak ngrintih, măngka kala samantên ingkang èstri sawêg pinuju wawrat, wasana sarêng jabang bayi lair, ing dhadhanipun sampun wontên kadosdene wudun, lêt tigang dintên wudun wau mêcah, pun lare lajêng ngrintih kados ungêling sagawon, lajêng ngajal.

Bab punika ing pamanah cêkap kagamblokakên wontên wèting kodrat: sing sapa utang wirang nyaur wirang, utang pati nyaur pati, kosok wangsulipun: [wangsulipu...]

--- 99 ---

[...n:] sing sapa gawe bêcik, bakal nêmu bêcik. Kauningana, tiyang nyuwara punika angêdhêrakên hawa, samasa kêdhêring hawa mêntog dhusun utawi parêdèn, lajêng wangsul anamani kupingipun ingkang nywara, inggih punika ingkang nama kumandhang. Nywara awon, wangsul awon, mungêl sae tampi têmbung sae. Sarêng ebahing batos, punika angombakakên swasana, pantoganing swasana wontên ing akasa (lohkilmakpul) ing ngriku ingkang mangsulakên dhatêng ingkang gadhah tindak (malês) manawi ingkang gadhah tindak sampun botên wontên, inggih dhawah ingkang nunggil êrah (salaras) mila bayi ingkang tinitah taksih lêmbat (zwak) malah langkung gampil kasêmpyok ombaking swasana.

Pitakenan ingkang têbih malih, punapa bapa biyung sagêd nindakakên panggulawênthah sadèrèngipun lair. Lair dèrèng, wontên wawratan inggih dèrèng.

Ing ngriki prayogi angèngêti R. Lêmbupêtêng dumuginipun Kiyai Agêng Sela, saha Kangjêng Panêmbahan Senapati, wontên malih lampahan Wahyu Cakraningrat.

Kauningana, jiwa ingkang badhe tumurun ing donya, punika pencokanipun kêdah salaras kalihan kawontênanipun. Liripun barang sae, botên sagêd nyêmplung dhatêng barang awon, pramila tiyang jêjodhoan kêdah dipun langkungi anggènipun sami nindakakên kautamèn, prêlunipun samasa badhe angsal momongan, sagêd angsal wiji ingkang pêngpêngan, dados nama anocogi kalihan pangajêng-ajêng kita ing wêkdal samangke, supados jumêdhulipun anak-anak kita, sagêda dados gêgembonging bawana.

Kawruh Kalang

Sambêtipun organ Narpawandawa ăngka 5

Bab 4

Katrangan nêgor, damêl gêbingan, sarta damêl sirap

Nêgor kajêng jati ingkang sae anggenipun, punika kêdah katêrês rumiyin, nêrês makatên poking wit kintên-kintên: 3 utawi 4 kaki, saking siti kabacok wadung mubêng atêpung gêlang, wiwit kulit dumugi ingkang sampun warni abrit, godhong lajêng sami gogrog, saha lajêng angglinggang, manawi sampun sataun saking panêrêsipun [panêrêsi...]

--- 100 ---

[...pun] sawêk kenging katêgor, amargi sampun garing, dados sagêd wantèg botên angolèt.

Rêbahing kajêng ingkang katêgor wau kaangkah sagêda rêbah mangalèr utawi mangilèn, sarta sampun ngantos andhawahi kajêng ingkang taksih gêsang, kasangsang tumumpang tunggak, kantêp sapanunggilanipun, ingkang dados tampikan kados bab 3.[1]

Mênggah pratikêlipun supados sumêrêp dhawahipun pucaking kajêng ingkang badhe karêbahakên, punika kêdah ngangkah wanci enjing utawi sontên, punika wayanganipun wujud sami kalihan panjangipun, upami balêbês ingkang panjangipun gangsal kaki, dipun dêgakên, măngka wayanganipun pinanggih sami gangsal kaki, punika wayanganipun kajêng ingkang badhe karêbahakên kaukura, sapintên panjanging wayanganipun, inggih punika badhe ukuran dhawahing pucukipun, pratikêl ingkang makatên wau ugi tumrap kangge nêpsir panjang cêlakipun kajêng ingkang badhe kangge dandosan, kados upaminipun badhe ngangge saka ingkang panjangipun kalih dasa kaki, manawi wayanganipun kajêng kados ing nginggil wau, wontên utawi langkung saking kalih dasa kaki, inggih badhe sagêd cêkap kangge saka ingkang panjangipun kalih dasa kaki wau, wondene panapsir agênging bongkotipun. Upami kajêng ingkang kubêng bongkotipun 6 kaki, măngka wiyaring wayanganipun wontên 2 kaki, punika wayanganing pucukipun kaukura, upami agêngipun wontên 1 kaki, dados agênging pucukipun inggih 3 kaki, panapsir sadaya wau sanadyan wontêna tuna dungkapipun, nanging amung sawatawis.

Dene pangangkahipun supados dhawahing kajêng sagêd prayogi rêbahipun, punika kêdah kadhawahakên sêlaning kajêng ingkang gêsang, nanging kasrampatakên ing êpang alit-alit, supados sampun rêmuk utawi tugêl saking dhawah kantêp.

Upami karêbahakên mangalèr, ingkang lèr kalihan kidul dipun gêthak sarta kapacal, ingkang lèr panggêthakipun ing ngandhap lêbêtipun kalih bageyan, ingkang kidul ing nginggil lêbêtipun sabageyan, bênggangipun gêthakan ngandhap kalihan gêthakan nginggil, sarta inggiling pamacal miturut agêng aliting kajêng, saupami agêngipun kajêng samaesa, bênggangipun gêthakan ngandhap kalihan nginggil 1 kaki, inggiling pamancas 4 kaki, manawi agênging kajêng saprangkul, bênggangipun gêthakan ngandhap kalihan nginggil 1/4

--- 101 ---

kaki, inggiling pamacal 1 1/2 kaki, sanadyan kajêng dhoyong mangidul, manawi patrapipun kados ing nginggil wau tamtu rêbah mangalèr.

Wondene ingkang kanamakakên gêthak sarta pamacal wau makatên, kagêthak punika dipun kêthok ingkang botên ngantos tugêl, kapacal punika sanginggiling gêthakan dipun pêrang mancas utawi ngrupêt têpang kalihan gêthakan wau.

Sasampunipun rêbah lajêng kaprèjèng utawi karimbas kalih wadana, ngiras ngupadosi manahing kajêng, amargi botên tamtu panganggenipun, têrkadhang wontên têngah lêrês turut, têrkadhang wontên ing pinggir turut, utawi menggak-menggok, kaprèjèng punika dipun wadung, patrapipun madung kairingakên, ingkang kawadung iringaning kajêng.

Karimbas punika dipun wadung nanging wadungipun kaethokakên, ingkang kawadung lumahing kajêng manawi sampun kapanggih manahipun kajêng lajêng kagêthok-gêthok miturut manahipun kajêng, lajêng kasipat damêl pasagi, ingkang bongkot kagêmbês-gêmbês punika pêntholan ingkang dipun patrapi tangsul damêl nyarat, manawi gêmbês tanah Kaduwang kaestha bluluk, pundhakan kados anggêndul, manawi tanah rêdi Kêndhêng gêmbêsa namung sasisih kados cènggèring ayam, sasampuning dados gêbingan utawi balok, lajêng kenging kangge dandosan griya. Mênggah pangangkahing kajêng wau, ingkang sae piyambak manah kabucal, kawastanan kajêng kethetan, madyanipun manah wontên têngah turut, ingkang asor manah menggak-menggok, wontên têngah kalihan pinggir.

Manawi kangge dandosan baita, talang sarta wuwung, manah kêdah kabucal, sarta calonan sadhapuring wuwung sapanunggilanipun.

Panyigar kajêng namanipun kapaju, patrapipun kakencong mujur, wiwit ing pucuk dumugi ing bongkot, kiwa têngên utawi ngandhap nginggil, kencongan wau ing nginggil katancêban paju, ugi wiwit pucuk dumugi bongkot, lobangipun satunggal-tunggaling paju sami nyakaki, paju lajêng sami dipun gandhèn ngantos dumugi kencongan ngandhap, punika kajêng lajêng sigar piyambak, wondene kajêng ingkang agêng patrapipun bongkot utawi pucuk labêt gêthokan, kakencong malang lajêng katancêban paju, pajunipun lajêng dipun gandhèn, manawi kajêng agêngipun samaesa, gandhènipun kanamakakên sêmprong, agênging sêmprong wau kêdah ngungkuli sawatawis kalihan kajêng ingkang kapaju, kagantung malang wontên wit-witan, cêlakipun wit-witan kasêmprong [kasê...]

--- 102 ---

[...mprong] kabandul utawi katarik kaangkah sagêdipun nuthuk paju, sasampuning sigar lajêng karimbas utawi kaprèjèng damêl gêbingan, utawi balabag.

Ingkang nama kencong mujur wau makatên, kiwa têngên utawi ngandhap nginggiling kajêng, wiwit ing bongkot dumugi ing pucuk, dados kados kalenan, wondene kencong malang, bongkot utawi pucuking kajêng dipun wadung, supados kalong utawi krowak, kenging dipun sêsêli paju, mênggah paju wau ingkang dipun angge ugi sami kajêng jati.

Wondene ingkang nama kajêng kocoran punika, kajêng gêsang lajêng dipun têgor kemawon, botên mawi katêrês rumiyin, patrap-patraping panêgor pangrimbas, pangrèjèng sapanunggilanipun ugi kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, sasampuning dados gêbingan lajêng dipun kênthèng kagambang kados galar karêtêg, dipun ganjêl inggil kados ambèn, wontên panggenan ingkang bunar, laminipun tigang wulan minggah, manawi kajêng badhe kangge baita, wuwung sapanunggilanipun, pangênthèngipun wontên panggenan ingkang asrêp, utawi eyup, laminipun ugi tigang wulan minggah.

Pandamêlipun sirap punika wontên sakawan warni: 1 dhomba, wiyaripun wiwit 1 1/2 kaki, panjang 3 kaki minggah. 2 Gupe, wiyaripun 1 kaki, panjang 1 1/2 kaki minggah. 3 Dhara wiyaripun 7 dim, panjang 2 kaki minggah. 4 Gowong, wiyaripun 4 dim, panjang 15 dim minggah. Kajêng ingkang kadamêl sirap, têrêsan ingkang burus, manawi tiyang alit utawi băngsa andhap purun damêl sirap galinggang, sarta brongkah. Manawi pundhutan dalêm, utawi băngsa luhur kêdah nêgor saking têrêsan, utawi nêgor kajêng ingkang taksih gêsang, pilihanipun ingkang burus.

Patrap anggènipun nyigar makatên, sasampuning kajêng rêbah kapiliha ingkang burus, tanpa cacad, sasisih dipun gêthak sapanjangipun ukuraning sirap, dipun pancas ngiras kadamêl lancur, gêthakan wau kaanjingan paju, lajêng kagandhèn, dene pajunipun kapara kathah, patrapipun kapara kêrêp, mila makatên supados turut sêrating kajêng saha botên nisip, utawi botên pêcah, manawi sampun dados balebekan kajêng karimbas kacalonan wangun sirap, nanging taksih kandêl, dipun kèndêlakên [kèndê...]

--- 103 ---

[...lakên] tigang wulan minggah lajêng kapacak dados, manawi katutan manah kêdah kabucal (botên kangge), amargi watakipun kisut, ngolèt utawi mandhêlong.

Manawi kajêng kocoran patraping panggarapipun ugi kados ing nginggil, nanging panglêrêpipun rambah kaping kalih, sasampuning lêrêp, karimbas kaalitakên, lajêng kalêrêpakên malih, laminipun ugi tigang wulan minggah, manawi kirang panglêrêpipun badhe ngolèt, mandhêlong ngiwa utawi ngelo, lajêng rêmuk enggal trocoh.

Dhapuring griya Jawi punika ugêripun namung sakawan.

1. Joglo, 2. limasan, 3. kampung, 4. masjid.

Dhapur joglo wau wontên wijanganipun malih, kados ta: 1. Joglo cêblokan. 2. Joglo kêpuhan. 3. Joglo traju mas. 4. Joglo tawon boni. 5. Joglo sêmar tinandhu. 6. Joglo wantah. 7. Joglo pangrawit.

Sadaya punika manawi wangun kalih warni, manawi ujuripun kapara panjang sakanipun ugi kapara panjang, dados dêdêgipun inggil, pasanging payonipun kapara ngadêg, katêmbungakên ênèm, balunganipun kapara kandêl, punika nama wangun lanangan, manawi mujuripun kapara cêlak, sakanipun ugi kapara cêlak, dados dêdêgipun andhap, pasanging payonipun kapara tadhah, katêmbungakên sêpuh, balunganipun kapara tipis-tipis, punika nama wangun èstri, katêmbungakên padaringan kêbak, wangunipun padaringan kêbak, ewahipun dados dhapur joglo, sanèsipun kados ing ngandhap punika: joglo cêblokan manawi tanpa sunduk, saka kapêndhêm, kêpuhan joglo ingkang botên mawi gănja, traju mas, manawi pangêrêtipun tiga sakanipun nênêm, èmpèr mubêng.

Tawon boni, manawi ukuranipun pasagi mawi sirah gada tanpa andêr mawi tumpang.

5. Mawi singut, mawi lumajang saha mawi gănja sêmar tinandhu, manawi pangêrêt namung 2 saka namung kalih wontên têngahingg pangêrêt.

--- 104 ---

Wantah, manawi mawi tumpang gangsal, mawi singut, mawi gănja, saha mawi takir lumajang.

Pangrawit, manawi lambang gantung, payonipun brunjung bênggang kalihan payon pananggap, saha payonipun èmpèr ugi bênggang kalihan payon pananggap, pojokanipun mawi saka bênthung manjing dudur, bêngganganipun wau sami mawi tutup balabag, mawi tumpang gangsal.

Limasan

Griya dhapur limasan, wontên wijanganipun malih, kados ta: ênom, klabang nyandêr, kampung bali, sinom, srotongan, sêmar tinandhu, pacul gowang, gajah mungkur, gajah ngombe, bapangan.

Ênom, namung andêr kapara panjang

Klabang nyandêr, manawi pangêrêtipun langkung saking sakawan.

Kampung bali, manawi panjangipun blandar tikêl kalihan pangêrêt, traju mas manawi pangêrêtipun namung tiga. Sinom, manawi mawi takir lumajang, saha mawi èmpèr mubêng srotongan, manawi tunjungipun ingkang sisih tutup keyong sisihipun mawi kêjèn, kaemperan tiga, ingkang kalêrês tutup keyong tanpa èmpèr.

Sêmar tinandhu, manawi pangêrêtipun kalih saka namung kalih wontên têngah pangêpat.

Pacul gowang, manawi kiwa utawi têngênipun namung salah satunggal dipun èmpèri.

Gajah mungkur, manawi bunjungipun[2] ingkang sasisih tutup keyong sisihipun mawi kêjèn, tanpa èmpèr. Gajah ngombe, manawi èmpèripun namung sasisih. Bapangan, manawi panjanging blandaripun langkung saking tikêl kalihan pangêrêt.

Kampung

Griya dhapur kampung wontên wêwijanganipun malih, kados ta: ênom, dara gêpak, traju mas, srotongan, sêmar tinandhu, pacul gowang, jompongan, gêdhang salirang, gajah ngombe.

Ênom, andêr ingkang kapara panjang. Dara gêpak, mawi èmpèr mubêng. Traju mas, manawi pangêrêtipun namung tiga, srotongan, manawi pangêrêtipun langkung saking sakawan. Sêmar tinandhu, manawi pangêrêt namung kalih, saka namung kalih wontên têngah pangêrêt, pacul gowang, manawi kiwa têngênipun brunjung namung salah satunggalipun ingkang emperan, [e...]

--- 105 ---

[...mperan,] jompongan, manawi pangêrêtipun namung kalih ukuran kubuk, gêdhang salirang, manawi payonipun namung sasisih. Gajah ngombe, manawi èmpèripun namung sasisih.

Masjid, dhapuring griya masjid namung warni kalih, nama tajun, langgar.

Tajun, lêrêsipun taju, 1. ukuran pasagi tanpa molo namung sirah gada.

Langgar, manawi tanpa pananggap mubêng sarta payonipun gathuk.

Wondene griya Jawi sanès-sanèsipun, kajawi ingkang kapratelakên ing nginggil wau, kados ta: lumbung, gêdhogan, kandhang, gandhok, pawon, paringgitan, topengan, surambi, bangsal sapanunggilanipun, punika namung wijangipun ing nama, utawi kapirit ing parlunipun kemawon, nanging pamêndhêtipun dhapur ugi saking paugêranipun ing nginggil wau.

Mênggah dhapuring griya pêperengan kagêm utawi kanggenipun kados ing ngandhap punika, ingkang kagêm ing karaton dalêm, limasan sinom, pandhapa joglo, pangrawit, pringgitan joglo kêpuhan tanpa pananggap, amung brunjung kemawon.

Ingkang kagêm ing karaton, para agêng, dalêm sarta pandhapi sami joglo, pringgitan kalabang nyandêr.

Ingkang kangge priyantun utawi tiyang alit, punika warni-warni, wontên ingkang ngangge griya pandhapa sami joglo sawênèh limasan sami limasan, tuwin kampung sami kampung, punapadene joglo kalihan limasan, saha kosokwangsulipun, limasan kalihan joglo sasaminipun.

Sadaya wau ingkang nama awisan, amung griya dhapuripun sinom, kagêm ing karaton, kalihan kori ingkang wontên sangandhaping pangêrêt, nama kêjèn têrus, samantên wau manawi griyanipun mawi kêjèn, aliya griya sinom akalihan kori kêjèn têrus wau botên nama awisan.

Mênggah awisan ingkang makatên wau wêwaton ingkang kawrat ing sêrat, dèrèng manggih, amung ing karaton Surakarta sampun mupakat têtiyang amastani awisan.

Ing ngandhap punika namaning prabot-prabot griya.

Inêp, blabag tutuping kori, 2 tangkêb, inêping kori namung satunggal, 3 andêr. Cagaking molo, manawi joglo tumumpang manjing dhadha pêksi, manawi

--- 106 ---

limasan utawi kampung tumumpang pangêrêt. Ura-ura, duk utawi tosan tangsuling lumajang kalihan takir angsal balandar utawi panitih. Usuk aling manjing ing pinggir patrap miring, ri gêrèh, usuking perangan ingkang pucuk manjing dudur, lorog, usuk sacêlaking dudur, usuk panêrus, sawarnining usuk ingkang dipun kancing. Pinayung manjing ing takir sarta molo, nurut ujuring dudur, pandêdêl, usuk ingkang kaprênah wontên ing têngahing jejeranipun ing usuk, pangarak, sawarnining usuk ingkang botên dipun kancing, dhandhan, manjing ing topengan.

Dhêmpelan, tumrap bongkot dudur tumumpang blandar kadamêl anjangkêpi usuk ri gêrèh supados angsal petang ingkang sae.

Ulêng, godhaganing pamidhangan ingkang têngahan dhadha pêksi, èmpèr, êmpyak sangandhaping pananggap.

Êmprit gantil, dudur ingkang dhèmpèt, ingkang kiwa manjing topengan, ingkang têngên manjing molo.

Umpak, ganjêl utawi lungguhing saka kenging kadamêl saking sela, saking banon utawi kajêng.

Iga-iga: kajêng ingkang nyanggi blabag, turut ujuring pangêrêt, cukit, usuk sambêtan, wontên balandar pungkasan.

Cathokan, anjing-ajinganing blandar kalihan pucuk, bongkotipun pangêrêt.

Rèng, wangun pasagi utawi gèpèng panjangipun miturut sakpanjanging payon, dipun trapi sirap.

Alis-alis, tumumpang lumajang utawi takir, dipun trapi sirap têtêp, kruwing, ingkang sasisih mawi waton, pêrlunipun nutupi bongkoting sirap, kili, rèng alit tumumpang ing êrèng, kangge nangsuli sirap, supados tangsulipun botên katingal saking ngandhap nglipin tumumpang blabag plisir, ngrangkêpi êrèng ingkang ngandhap, nyanggi singgating kêtêp.

Gendhong, tumrap sanginggilipun sirap, pungkasan ingkang nginggil.

Kili, sangandhaping pangêrêt, miring ugi manjing saka.

Kêlam, gapit namung sasisih, kupu tarung, inêp kalih.

koplok ingkang kapanjingan palang.

--- 107 ---

Kopyah, wuwung sirah gada.

Kopyah kajêng, mujur ingkang ngakên gêbyog nginggil.

Kêpêl, kancing inêb, dudur pucuk nyanggi molo ngandhap tumumpang pojoking blandar pangêrêt.

Têtaban, galar sarta undhak-undhakaning gêdhogan.

Trêmbuku, tadhah sabarang sanggan, patrapipun tumèmplèk ing saka, utawi blandar nurut ujuring kajêng.

Tarip, blabag miring wontên usuk pungkasan.

Tarip, blabag tutuping gulu mêlêt utawi aling- alinging talang.

Takir: ingkang kapanjingan bongkoting usuk. Taksih wontên sambêtipun.

Wara- wara

I. Awig[3] saking dhawuh timbalan dalêm, kawrat nawala amarêngi ing dintên Sênèn tanggal kaping 5 Mukaram, taun Be, angkaning warsa 1864 kaparênging karsa dalêm, panganggenipun para abdi dalêm ingkang nglampahi pandamêlan wajibipun, sarta ingkang botên anglampahi pandamêlan wajibipun, sami kalihan ngangge lurik wêdalan ing ngriki, dene tumrapipun panganggèn rasukan atelah ijêm sarta pêthak, manawi badhe lurik sampun katingal prayogi, inggih kalilan ngangge badhe lurik damêlan ngriki wau. Ingkang makatên punika kaparênging karsa dalêm namung supados tênunan lurik damêlan ing ngriki saya majêng.

II. Miturut sêrat dhawuh nagari katitimasan kaping 3 Juni 1933 ăngka C 5796/450 B/1/I guprêmèn namtokakên wiwit tanggal kaping 1 Juni 1933 nyuwak lampahipun arta kêrtas nyaringgit tuwin nyarupiyah, arta kêrtas wau supados kalintokakên ing Landskas kasèp-kasèpipun tanggal kaping 31 Juli 1933 sarta wiwit benjing tanggal kaping sapisan Januari 1934 guprêmèn nyuwak lampahipun arta ringgit, rupiyah, tuwin têngahan, ingkang ngangge wawrat lami, kajawi ringgit ingkang kadamêl ing taun 1929, rupiyah damêlan ing taun 1922 sarta têngahan ingkang kadamêl ing taun 1921 sami dumugi sapunika.

 


Bab 3 tidak ada. (kembali)
brunjungipun. (kembali)
Awit. (kembali)