Narpawandawa, Persatuan, 1933-08, #412


Ôngka 8, Kaping 8 Rabingulakir Be 1864, Utawi Kaping 1 Agustus 1933

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pathining Satriya, Anyirnakna Piguna, Angurbana Salira, Kinarya Widada Arjaning Praja

VISeharusnya IV.

Sawèg kèndêl kemawon anggènipun Sang Bima matur dhatêng ingkang ibu, katungka konduripun para Pandhawa kalihan ambêkta angsal-angsal anggènipun pêpariman. Nalika Sang Yudhisthira ningali pasuryanipun sang panênggak, lajêng andugi manawi Sang Bima mirantos badhe anggarap pakaryan wigati, mila enggal marêpêki ingkang ibu. Sasampunipun manêmbah lajêng matur bisik-bisik makatên: Kangjêng Ibu, yayi Bima ingkang anggêgirisi kakêndêlanipun, punika badhe anglampahi pandamêlan punapa, punapa punika saking dhawuhipun kangjêng ibu, punapa tuwuh saking manahipun piyambak. Dhawuh pangandikanipun [panga...]

--- 109 ---

[...ndikanipun] sang dèwi: kulup, kadangira si panênggak, pangrurahing satru sêkti, arêp anglakoni panggawe abot atas saka dhawuh ingsun, kanggo ngêntas kasusahane sang brahmana kang padha dak pondhoki uga kanggo amrih tata raharjaning praja iki.

Atur wangsulipun wangsulanipun. Sang Yudhisthira: dhuh, kangjêng ibu, karsa paduka wau sêmunipun kaduk daya-daya, dèrèng kagalih ngantos sawatawis dangu, awit manawi pandamêl wau awrat dipun lampahi, punika sami kalihan anglampus dhiri. Para wicaksana botên nayogyani, tiyang negakakên anakipun. Kadospundi wiwitipun, dene kangjêng ibu lajêng kaparêng nglilahakên putra kangge pêrluning liyan, dados karsanipun kangjêng ibu wau botên amung nalisir saking inggêringanggêring. kamanungsan kemawon, nanging ugi murang warahing wedha. O ibu tiyang sêpuh kula, wontên wigatos punapa dene kangjêng ibu lajêng negakakên yayi Bima, punapa sanès yayi Bima ingkang dados jalaran kangjêng ibu dalah para ari sadaya lajêng sagêd sakeca anggènipun tilêm. Utawi kula darbe pangajêng-ajêng sagêd angrêbat wangsul karaton kula ingkang sampun wontên rêgêmaning Drêtarastra putra ingkang candhala budi, awit kula dalah para ari pitados dhatêng karosaning lêngênipun. Punapa sanès yayi Bima ingkang damêl mirisipun kakang Duryudana, tuwin Sangkuni ngantos botên sagêd nendra, sarta ingkang dados sarana kula sagêd oncat saking Bale Sagala-gala, tuwin bêbaya sanès-sanèsipun, saha inggih yayi Bima ingkang sagêd anjalari pêjahipun Purucana. Awit saking pitadosipun dhatêng kaprawiraning pun yayi panênggak, ngantos tiyang Pandhawa darbe pangintên sagêd unggul kalihan para putranipun uwa Prabu Drêtarastra, wasana sagêd mangwasani sakathahipun nagari saindênging bawana, saisènipun sadaya. Dhuh, ibuning Pandhawa, punapa kangjêng ibu kalimput dhatêng sadaya wau, sarta panggalihipun kangjêng ibu rinubeda ing raos sumêlang.

Nalika sang dèwi musthikaning wanodya, midhangêt aturing putra makatên wau, enggal mangsuli pangandika: o, putraningsun Yudhisthira, sira aja nyumêlangake arinira kaki Bima, sarta aja nutuh marang jênêng ingsun, dene duwe panêmu mangkono mau, aja ngira yèn iku tuwuh saka pêtêng lan kabodhoan ingsun, wruhanira kulup, sajroning ingsun lan sira dalah para kadangira kabèh mondhok ing wismaning brahmana

--- 110 ---

iki, tansah diaji-aji marang kang darbe wisma, sarta susahing panggalih ingsun lan sira kabèh, samêngko wus sirna, dene kalakon ora kawruhan marang kaki Duryudana, mula ingsun banjur darbe panêmu mangkono mau, saka gon ingsun malês kabêcikane kang darbe wisma, wong kang kaya sang brahmana iki prêlu dirêksa murih widadane, awit lêlabêtane gêdhe tumrap pêpadhaning tumitah, malah yèn bênêre ganjarane kudu luwih saka kabêcikane kang wus disramakake kanggo mitulungi ing liyan. Barêng ingsun mêruhi dhewe kaprawirane arinira kaki Wrêkudara, yaiku nalika oncate saka Waranawata, sarta kalane prang tandhing lan Idhimba, piandêl ingsun marang kaprawirane kaki Bimasena saya wuwuh, karosane timbang lan gajah salêksa, mula Bima kuwat anggendhong ingsun lan sira dalah para ari-arinira, kagawa mêtu saka Bale Sagala-gala, môngka bobote siji-sijining wong padha lan gajah siji, ing salumahing bantala, sakurêping ngakasa, ayak ora ana titah kang kaprawirane timbang lan Bimasena. Nalika arinira isih abang (bayi) tau tiba saka pangkon ingsun, kacêmplung ing jurang kang dhasare ana watu kumalasa, watu mau barêng katiban arinira sumyur dadi sawalang-walang. Hèh kulup Pandhuputra, wus wiwit nalika samana sumurup ingsun marang kaprawirane kadangira si panênggak, sarèhning mangkono kaanane arinira, mula ingsun tega nglilahake dadi pambirat, klilipe kakang brahmana. Karsaningsun mau ora saka pamutatuli, utawa kapengin marang opahan, kulup. Ingatase sira kadangira parlu nindakake kautaman, panggawe kang arêp dilakoni arinira iku pigunane rong prakara, sapisan kanggo malês kabêcikane wong kang wus awèh pangayoman, kapindhone kanggo anggayuh kautaman, anêtêpi warahing agama. Ingsun ing nguni tômpa dhawuhe Sang Wiyasa mangkene: satriya kang mitulungi brahmana iku bakal antuk kamulyan ing dêlahan, yèn satriya ngêntas satriya saka bêbaya pati, bakal misuwur ing donya, yèn satriya mitulungi wong sing papa, anane ing marcapada bakal kajèn kinamulèn. Darahing narendra iku wajib ngayomi sudra, ugêr ana panêmbunge. Yèn darah narendra mangkono tindake uripe ing têmbe bakal [baka...]

--- 111 ---

[...l] tômpa nugraha, linairake dadi putra utawa santananing narendra kang kawênangake murba amisesa nagara, sarta tansah ingaji-aji para ratu, jajahane praja kang diênggoni mau. Iya wêwaton dhawuhe eyangira mau, mula ingsun kongsi têgêl nyangkuli pakaryan kang samono abote marang arinira.

Satêlasing pangandikanipun ingkang ibu, Sang Yudhisthira lajêng manêmbah sarwi matur makatên: dhuh kangjêng ibu, kalampahanipun yayi Bima kadhawuhan nambut pakaryan samantên awratipun wau, saking wêlasipun ibu dhatêng sang brahmana, ingkang samangke sawêg prihatos. Manawi makatên kula sokur sakêthi jumurung, yayi Bima kenging katamtokakên sagêd amungkasi karya, inggih punika sagêd nyirnakakên raksasa lêlêthêking bumi ingkang karêm môngsa janma punika, sarta wangsul kalihan botên kirang satunggal punapa. Amung kemawon mugi kangjêng ibu mitungkasa dhatêng sang brahmana, sampun ngantos pratela dhatêng tiyang sanès, murih tiyang ing Ekacakra ngriki sami botên priksa lêlampahan punika, sang brahmana kaaturan prasêtya bilih badhe angèstokakên sawêdharing pitungkas.

Enjingipun wanci plêthèking surya, Sang Bimasena, pangkat dhatêng kadhatoning raksasa raja ngirit ngrobag kaisenan sêkul, katarik ing maesa kalih, minôngka bulubêktinipun sang brahmana ingkang dipun pondhoki. Dupi sampun dumugi ing wana sacêlaking kadhatonipun raksasa Baka, enggal manguwuh sora dhatêng sang raksasa kalihan dhahar sêkul bulubêkti babêktanipun wau. Kawuningana, nalika raksasa Baka midhangêt panguwuhipun Sang Bima ingkang anjangkar naminipun, sakalangkung nêpsu lajêng mêdal ing jawi, tumuju dhatêng dunung swaraning panguwuh. Raksasa Baka punika dêdêg pangadêgipun agêng inggil, balung ototipun santosa, warnanipun angajrih-ajrihi, manawi lumampah dhumawahing suku antêp, ngantos ngorêgakên siti cangkêmipun sakalangkung wiyar ngantos gathuk kalihan kuping, kupingipun japiping, bathukipun pating jangkêrut katingal jalarèh tiga. Dupi pun rêksasa Baka priksa Sang Bima dhahar sêkul [sê...]

--- 112 ---

[...kul] ingkang têtela bulubêktining kawula ing wawêngkonipun, kadi ingububan kanêpsonipun, enggal lumajêng anyêlaki Sang Bima kalihan anggêgêt untu, netranipun marbabak, wusana nguwuh dhatêng Sang Bima: hèh wong gêmblung sapa jênêngmu, apa kowe sêlak kapengin wêruh yomani, têka wanuh wani mangan dhaharanku. Taksih wontên sambêtipun.

Pèdhêrasi ing Praja Kajawèn

Anusuli sêrat dhawuh nagari katitimasan kaping 18 Januari 1933 ôngka 27C/4/I (kawrat ing organ Narpawandawa ôngka 2) bab pèdhêrasi ing praja Kajawèn, samangke pangrèh Narpawandawa nampèni sêrat dhawuh saking pêpatih dalêm, ingkang ngêwrat dhawuh kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, turunanipun kados ing ngandhap punika.

Bab pèdhêrasi

Ôngka 26/418

Turunan

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, pangrèh ngaturi uninga, bilih Narpawandawa sampun wancinipun angrancang parêpatan agêng, nglapurakên punapa kawontênanipun pandamêlan ingkang katindakakên, amila sadaya pandamêlan ingkang dèrèng rampung, parlu dipun rancagakên rampungipun.

Awit saking punika, sarèhning sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa katitimasan kaping 16 Agustus 1932 ôngka 88/382, bab pèdhêrasi ing praja Kajawèn, punika kasuwun konjukipun ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dumugi sapunika dèrèng wontên dhawuhing timbalan dalêm, amila samangke pangrèh Narpawandawa nyuwun mitêrangakên, manawi sêrat paturan wau sampun kaunjukakên, kadospundi wiyosing dhawuh [dha...]

--- 113 ---

[...wuh] timbalan dalêm, pangrèh Narpawandawa nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 20 Juli 1933.

Mudha pangarsa, Wg. Kusumayuda

Panitra II

Wg. Purwasastra

Golongan paprentahan praja sarta pangadilan

Ôngka 464 C/4/I

Turunan

Bab pèdhêrasi

Sêratipun pêpatih dalêm, dhumatêng pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

Awit saking sêrat katitimasan kaping 20 wulan punika ôngka 26/418, mênggah sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa katitimasan kaping 16 Agustus 1932 ôngka 88/382, punika sampun kalampahan kula unjukakên sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, wondene wiyosing dhawuh dalêm, bab parêpatanipun para wakiling parentah Jawi kalihan kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta sarta Ngayogyakarta, punika sampeyan dalêm ingkang wicaksana amarêngakên kados pamanggihpun parêpatan wêwakilipun para parentah Jawi wau, ing samangke dèrèng parlu dipun wontêni pranatanipun, amung kaparênging karsa dalêm, prayogi lajêng katata kangge wêwaton tumindakipun, kados ing ngandhap punika:

1. Bab-bab ingkang badhe karêmbag, apêsipun kirang sadasa dintên saking tamtuning pangrêmbag, kêdah sampun kaprasabênakên dhumatêng wêwakiling parentah Jawi, supados sagêd kobèt pamanahan sarta sanèsipun.

2. Parêpatan botên kenging mutus bab-bab ingkang karêmbag, amargi sawêg dumunung rêrêmbagan ngupados pamanggih ingkang prayogi, wondene pikantuking rêmbag kêdah kasuwunakên dhawuh timbalan dalêm rumiyin, kadospundi kaparênging karsa dalêm.

--- 114 ---

3. Sadaya bab ingkang karêmbag ing parêpatan sarta pikantuking rêmbag, sampun ngantos kasiyarakên kawrat ing sêrat kabar sasaminipun kados ingkang sampun, amargi parêpatan wau sawêg dumunung rêrêmbagan piyambakan.

4. Sabên parêpatan, wêwakilipun parentah Jawi kalihan kangjêng tuwan guprênur sami kawênangakên ambêkta kanthi nyatunggal supados ambiyantu tuwin ngèngêtakên sasaminipun dhumatêng pangagêngipun piyambak-piyambak tumrap bab ingkang karêmbag.

5. Manawi parlu parêpatan kenging nêdha sêsêrêpan sarta andhatêngakên sadhengaha kemawon, ugêripun wêwaton mupakatipun para warganing parêpatan.

Mênggah ingkang kasêbut ôngka 1 dumugi 5 ing nginggil wau kula kadhawuhan angrêmbag wontên parêpatan kasêbut nginggil, sarta kadospundi pikantuking rêmbag, kula kadhawuhan saos unjuk. Ingkang punika pakêmpalan Narpawandawa supados sumêrêp.

Dhawuh kaping 24 Juli 1933.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Wg. Jayanagara

Kawruh Kalang

Sambêtipun organ Narpa ôngka 7

Tlumpah, kajêng mujur lênggahing gêbyog.

Topèng, blabag ingkang wontên pucuking kêjèn, tumumpang ing dudur, gathuk kalihan molo, katumpangan utawi kaanjingan pucuking usuk.

Topèng janur, blabag ciyut nutupi sambunganing gêbyog, tala êmprit gantil, kancinging topèng angsal molo.

Tala takir, kancinging takir angsal takir gamblok, sarta lumajang, tala jantur, kancingipun takir lambang.

Tadhahan, blabag pancang manut sapanjanging payon, patrapipun kados topengan.

--- 115 ---

Tumpang, blandar pangêrêt tumumpang ing pamidhangan.

Tumpangsari, panitih tanpa tumpang pamidhangan lajêng panitih. Dados namung blandar pangêrêt sungsun kalih.

Togog kancing pathokipun sadaya usuk.

Togog sanggan pathokipun duduring gajah.

Togog jalak pathokipun sadaya tumpang sarta sithut.

Têbêng blabag sanginggiling kori.

Suh: kuningan tumrap bongkoting saka tumumpang umpak.

Sindik, ngrangkêpi kancing utawi abên-abênan ingkang rênggang.

Sunduk, ngandhaping pamidhangan pamanjang, bênggang kalihan balandar miring manjing saka.

Sunduk kili sanggan, ingkang nyanggi jrambah gêdhogan.

Sirah gada: molo gilig pamasangipun ngadêg.

Srisig, blabag tampinging siti urug griya, saka èmpèr sakaning blandar èmpèr.

Cagak, saka botên sami utawi botên turut kalihan balandar utawi pangêrêtipun.

Tratag, sakanipun balandar tratag.

Santên, saka alit gilig, nyanggi blandar pangêrêt tumumpang ing sunduk.

Paningrat, sakanipun balandar paningrat.

Pananggap, sakanipun balandar pananggap.

Palèn, sakanipun balandar kandhang.

Dhanyang, saka mayat ugi angsal sami badaning kajêng.

Goco, sakaning blandar pananggap èmpèr paningrat, ingkang wontên pojokan.

Saka guru, punika sakanipun guru ingkang dipun wastani guru punika pamidhangan.

Bêndhung, sakaning duduripun gajah, utawi trunjunging griya.

Joglo, manjing lumajang sarta sakaning lambang.

Slarak, inêbing kori gêdhogan.

Slorok, ngrêmbuku kancinging inêb.

Sapiturang, bongkok utawi pucuking kajêng ingkang katirahakên kêkancingan purus, [pu...]

--- 116 ---

[...rus,] utawi anon- anon.

Singup, tumpang ingkang wontên salêbêting ulêng.

Wuwung, tutuping sirap tumumpang dudur.

Wayang, pipining kori gêdhogan.

Lotèng, blabag tumprap sanginggilipun pangêrêt, wiyaripun sapanjanging balandar saha pangêrêt.

Lis payung lis kopyah, ing patangaring.

Lêmpit, inêb langkung kalih.

Lumajang, kapanjingan pucuking usuk pananggap, usuk èmpèr utawi usuk paningrat, kaotipun kalihan takir gamblog patrapipun malumah wontên sangandhaping takir.

Lambang, kajêng ingkang kapanjingan pucuking usuk.

Lambang gantung, kajêng ingkang kapanjingan pucuking usuk, manjing saka bênthung, langkung langkahaning kori.

Panitih, tumpang wêkasan ingkang nginggil piyambak, paningrat, êmpyak sangandhaping èmpèr utawi èmpèr wêkasan.

Pananggap, êmpyaking griya joglo sangandhaping brunjung.

Pacêl, kancing slarag, purus oyod, purusing saka ingkang manjing ing umpak.

Siruk, purusing dudur manjing molo. Kili, purusing sunduk panyêlak ingkang pucuk, purus tip, badaning sunduk manjing saka.

Kathèk, purus gèpèng kangge anggathukakên gêbyog.

Sanggan, purusing saka ingkang manjing ing jôngga.

Warayang, purusing dhadha pêksi manjing pamidhangan.

Wedokan, purusing sunduk.

Patil sapiturang, purusing takir lambang manjing saka bênthung.

Pathok, purusing saka ingkang manjing blandar pangêrêt.

Pèthèk, purus alit manjing ing purus, utawi kangge ngancing.

Jabung, purusing sunduk ingkang têngah.

Gadhing: purusing takir manjing purus bam, têpang pojok adu mancung.

--- 117 ---

Bukur, kruwing, purusing dudur ingkang ngandhap, bungkul takir, ingkang mandhukul nama: bukur, kruwikanipun nama: kruwing.

Bam, purusing dudur ingkang ngandhap, wujud bongkot manjing takir, patil, kancing gilig wontên salêbêting takir.

Patangaring, blabag kajèjèr kêrêp, aling-aling sênthongan utawi patanèn, pustaka, mênuring sirah gada.

Palog, saka gêdhogan, saka palang, pagêr gêdhogan manjing palog.

Pyan, blabag tumrap sanginggil utawi sangandhaping usuk, wiyar panjangipun sami wiyar panjanging usuk.

Payon, sasabing êmpyak utawi usuk.

Pangêrêt, panyêlaking blandar ingkang nyathok kalihan balandar.

Dhadha pêksi, pangêrêt ingkang wontên satêngahing pamidhangan.

Janur irung, tutuping inêb kori kupu tarung.

Molo, kajêng mujur ingkang nginggil piyambak, ingkang kawastanan sirah gunting: usuk ingkang manjing topèng.

Gônja, sopakaning saka sanginggiling sunduk, katumpangan guru utawi pamidhangan, guru, pamidhangan, blandar pangêrêting brunjungipun joglo ingkang ngandhap piyambak.

Gajah, sadaya êmpyak, ingkang mawi èmpèr ing nginggil piyambak nama gajah. Amung griya joglo gajahipun nama brunjung.

Gimbal, langkunganipun cathokan balandar sarta pangêrêt, utawi cathokan sanèsipun, panjangipun sami kalihan kandêlipun.

Gêbyog, blabag kajèjèr rapêt pagêring griya.

Brunjung, êmpyaking griya, joglo, ingkang nginggil piyambak.

Blandar: kajêng panjang ingkang kasanggi ing saka.

Kêndhit, kajêng panjang tumrap ing satêngahipun payon.

Kiping, langkunganing blandar pangêrêt saking payon.

Bibis, wêsi tutuping pakunipun wuwungan tumancêp ing dudur, sarta molo.

Bukak, wuwunging molonipun griya joglo, utawi limasan tuwin kampung.

Mênggah wêwatoning ukuranipun, panjang cêlaking pamidhangan, kados ta: pamidhangan [pamidhanga...]

--- 118 ---

[...n] panjang saha pamidhangan panyêlakipun griya joglo, balandar pangêrêting griya limasan, balandar pangêrêting griya kampung, saha balandar pangêrêting griya masjid, ingkang minôngka guru utawi têturutaning balungan sapanunggilanipun, kados upami ing nginggil wau punika, botên namung kaangkah pantês sêmbadaning warni, saha santosanipun kemawon, inggih ugi wontên angangkah malih pitajêngipun têtiyang Jawi kaanggêp sagêd anjalari karêjêkèn, kawilujêngan sapanunggilanipun, pangangkah wau pamêndhêtipun saking petanganing ukuran, panjang cêlaking pamidhangan, utawi blandar pangêrêt, mawi ungêl-ungêlan gangsal têmbung: 1. sri, 2. kitri, 3. gana, 4. liyu, 5. pokah, katranganipun makatên.

Bab kaping 5 ing nginggil wau sampun amratelakakên bilih griyanipun tiyang Jawi punika kajawi dhapur utawi wangunipun mawi wontên namanipun malih, kapirit saking pêrlu, utawi kanggenipun, kados ta: griya: pêndhapa, gandhok utawi sanès-sanèsipun, sadaya wau petangipun ukuraning pamidhangan utawi balandar pangêrêtipun kêdah beda-beda kados ing ngandhap punika.

Manawi griya wingking pancèn dipun ênggèni rintên dalu dhatêng ingkang gadhah, saha mawi patanèn, mawi gêdhong utawi sênthong, punika panjanging pamidhangan utawi balandar pangêrêtipun kêdah ingkang ukuranipun kacêngklong gangsal kantun satunggal, kados ta upami panjanging balandaripun 26 kaki, punika manawi dipun cêngklong gangsal-gangsal kaping gangsal, utawi 25 kaki, kantunipun 1 kaki, makatên ugi upami panjanging pangêrêtipun 16 kaki, punika manawi dipun cêngklong gangsal-gangsal kaping tiga. Utawi 15 kaki, kantunipun 1 kaki, petanganing ukuran ingkang dipun cêngklong gangsal gangsal kantun satunggal wau kanamakakên dhawah: sri, sarèhning limrah utawi manggènipun griya punika kêdah dhapur limasan, milanipun upami ingkang minôngka wêwaton ing nginggil wau panjanging balandaripun griya limasan kadamêl 26 kaki, panjanging pangêrêtipun kadamêl 16 kaki, amargi manawa kacêngklong gangsal kaping gangsal, utawi 25 kantun 1 kaki, gangsal kaping tiga utawi 15 ugi kantun 1 kaki, dados petangipun dhawah sri.

Manawi pandhapa utawi griya ngajêng botên dipun ênggèni dhatêng ingkang gadhah, tanpa patanèn tanpa gêdhong, utawi sênthong, namung kangge nampèni tamu jalêr utawi

- -- 119 ---

utusan sasaminipun, punika panjanging pamidhangan utawi balandar pangêrêtipun kêdah ingkang ukuranipun kacêngklong gangsal gangsal kantun kalih, kados ta: panjanging pamidhanganipun pamanjang utawi balandaripun 17 kaki, punika manawi dipun cêngklong gangsal kaping tiga utawi 15 kantunipun 2 kaki, makatên upami panjanging pamidhanganipun panyêlak utawi pangêrêtipun 12 kaki, sapunika manawi dipun cêngklong gangsal kaping 2 utawi 10 kantunipun ugi 2 kaki, petanging ukuran ingkang dipun cêngklong gangsal gangsal kaping kalih wau kanamakakên dhawah kitri. Sarèhning limrah utawi pamanggènipun pandhapa wau kêdah dhapur joglo, milanipun upami minôngka wêwaton ing nginggil wau panjanging pamidhangan griya joglo kadamêl 17 kaki, panjanging pamidhanganipun panyêlak 12 kaki, amargi manawi petangipun kacêngklong gangsal kaping 3 utawi 15 kantun 2 kaki, gangsal kaping 2 utawi 10 ugi kantun 2 kaki, dados petangipun dhawah kitri.

Manawi gandhok, inggih punika ingkang trêpipun wontên kiwa têngênipun griya wingking, limrahipun kangge rimatan sêkul ulam sapanunggilanipun, pirantos nêdha utawi pirantos olah-olah sapanunggilanipun, punika panjanging pamidhangan utawi blandar pangêrêtipun kêdah ingkang ukuranipun kacêngklong gangsakgangsal. gangsal kantun 3 kados ta: upami panjanging pamidhangan pamanjang utawi balandaripun 43 kaki, punika manawi dipun cêngklong gangsal kaping 8 utawi 40 kantun 3 kaki, makatên ugi upami panjanging pamidhangan panyêlak utawi pangêrêtipun 23 kaki punika manawi dipun cêngklong gangsal gangsal kaping 4 utawi 20 kantunipun ugi 3 kaki, petanganing ukuran ingkang dipun cêngklong gangsal gangsal kantun 3 wau kadhawahakên dhawah, gana: sarèhning limrah pamanggènipun gandhok wau kêdah dhapur kampung, milanipun upami ingkang minôngka wêwaton ing nginggil wau panjanging balandaripun griya kampung kadamêl 43 kaki, panjanging pangêrêtipun kadamêl 23 kaki, bilih kacêngklong gangsal gangsal kados griya limasan utawi joglo wau sagêd kantun 3 kaki, dados dhawah: gana.

Manawi masjid, inggih punika panggenan sêmbahyang, petanging ukuranipun balandar pangêrêtipun bilih dipun cêngklong gangsal gangsal kantun 3 utawi dhawah gana, kados dhapur kampung ingkang dipun angge gandhok wau, milanipun balandar pangêrêting masjid kados [kado...]

--- 120 ---

[...s] upami ingkang minôngka wêwaton ingkang nginggil wau, panjangipun kadamêl 18 kaki, pasagi.

Kajawi punika wontên ugi ukuraning pamidhangan utawi balandar pangêrêting griya, bilih kacêngklong gangsal gangsal kantun 4 kanamakakên dhawah liyu, wontên ingkang kantun 5 utawi têlas, kanamakakên dhawah pokah.

Petang ingkang makatên wau botên tumraping ukuranipun pamidhangan utawi balandar pangêrêt kemawon, dalah cacahing usukipun ugi kaetang kados ing nginggil wau, kados ta upami griya limasan ingkang pancèn dipun angge griya wingking, usukipun ing dalêm sapayon utawi satêbak, cacahipun kêdah: 41, 31, 21 sasaminipun, upami kacêngklong gangsal gangsal kantunipun 1 kanamakakên dhawah: sri, manawi griya joglo, ingkang pancèn dipun angge pandhapa, kêdah ingkang kantun kalih, ugi kanamakakên dhawah: kitri, manawi griya kampung ingkang pancèn dipun angge gandhok, kêdah kantun tiga, ugi kanamakakên dhawah gana, mênggah petanganing ukuran ingkang makatên wau botên wêwaton saking dhapur, wêwaton saking kangge utawi parlunipun, kados ta: sanadyan dhapur limasan, ingkang limrah utawi manggènipun dipun angge griya wingking, ewadene manawi dipun angge pandhapa, inggih kêdah kadhawahakên kitri, sanadyan dhapur joglo ingkang limrah utawi manggènipun dipun angge pandhapa, môngka dipun angge gandhok, inggih kêdah kadhawahakên gana, sanadyan dhapur kampung ingkang limrah utawi manggènipun dipun angge gandhok, môngka dipun angge griya wingking kêdah kadhawahakên: sri, makatên sasaminipun. Taksih wontên sambêtipun.

Turunan

Kêkancingan ôngka 41 A/1/I

Awit saka kaparênging karsa dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Manira pêpatih karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, nusuli dhawuh kêkancingan nagara katitimasan kaping 26 Rabingulawal Dal 1863. Utawa kaping [ka...]

--- 121 ---

[...ping] 1 Agustus 1932 ôngka 45 A/1/I sarta sawuse nguningani layang paturane komandhaning abdi dalêm prajurit jaba jêro katitimasan kaping 19 Jumadilawal 1863 ôngka 85/2 Ha I ing mêngko para abdi dalêm bupati sarta mayor, bupati anom, kaptin upsir sapêpadhane, kang dudu santana dalêm, uga padha kalilan nganggo pêndhok kêmalo abang.

Kêkancingan iki turunane kakirimake marang wadananing putra santana dalêm têngên lan kiwa, kaparingake marang komandhaning abdi dalêm prajurit jaba jêro sarta para bupati sapêpadhane, supaya padha kadhawuhake sapêrlune.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 4 Rabingulakir Be 1864.

Utawa kaping 28 Juli 1933.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati (W.G.) Jayanagara.

Sampun cocog kalihan lugunipun (W.G) Purwadiningrat.

Kawruh Kadhoktêran

Pêthikan saking V.A. Taun 1931.

I.

Bab Pangupakaraning Bayi

Angupakara bayi punika botên sok tiyanga ngrêtos, amargi kêdah sinau rumiyin, botên beda kalihan kawruh sanès.

Tiyang èstri ingkang sawêg gadhah anak sapisan, limrahipun kawulang rumiyin dening tiyang sêpuhipun, bab pangupakaraning bayi. Patrap makatên punika inggih sae, sok ugi tiyang sêpuhipun mangrêtos saèstu dhatêng bab wau. Kosokwangsulipun, bilih botên mangrêtos, sagêd adamêl kapitunan, môngka limrahipun bôngsa kita tiyang siti taksih kirang sangêt dhatêng kawruh wau.

Wontên ugi bayi ingkang kaupakara botên miturut pangajaran, ewadene sagêd wilujêng ngantos agêng malah ngants dados tiyang sêpuh, nanging ingkang makatên wau nama sawêg kalêrêsan kemawon. Milanipun kula gadhah pamanggih ingkang makatên, jalaran: upami ing satunggiling panggenan (nagari) cacahing bayi lair sataun wontên 100 ingkang pêjah salêbêtipun umur sataun 25 iji. Ing sanès nagari kathahing [ka...]

--- 122 ---

[...thahing] bayi pêjah namung 6 utawi kirang, ing dalêm 100 iji. Dene sababipun warni-warni.

Ing nalika taun 1908 ing nagari Walandi cacahing bayi ingkang pêjah racak-racak wontên 13%. Ananging sampun wiwit 20 taun kapara langkung dumuginipun sapunika, cacahing bayi ingkang pêjah sadèrèngipun umur 1 taun, namung wontên 6%. Dene sababipun suda, punika makatên:

1e. Têtiyang èstri ingkang sampun gadhah semah, asring kapurih sinau bab pangupakaraning bayi dhatêng pêrplihsêtêr (verpleegster) ingkang sampun sagêd dhatêng prakawis wau.

2e. Bilih anakipun katrajang ing sêsakit, lajêng enggal katêdahakên dhatêng dhoktêr utawi kabêkta dhatêng poliklinik, sampun ngêntosi ing sapêjahipun.

3e. Lare-lare ingkang badanipun kêra, ugi lajêng kabêkta dhatêng poliklinik, supados kapriksa. Bilih pinanggihing papriksan têtela badanipun kirang saras, inggih lajêng dipun jampèni. Kajawi punika ing poliklinik tiyang ugi sagêd nimbangakên lare. Saupami anakipun botên purun nêsêp, lajêng enggal kemawon kapriksakna dhatêng dhoktêr utawi kabêkta dhatêng poliklinik.

Ing pulo Jawi cacahing bayi ingkang pêjah kathah sangêt. Ing Sêmarang kithaning malariah, nalika taun 1927 cacahing bayi ingkang pêjah ing salêbêting sataun botên kirang saking 24% ing Wèltêprèdhên 20% ing Bandhung 16%. Cacah wau sagêd kirang, bilih para ibu sami karsa sinau ing bab pangupakaraning bayi dhatêng para sagêd ing bab punika.

Bilih makatên, sawêg griya sakit lan poliklinik katingal wontên pitulunganipun, punapa malih dhoktêr lan prudpro malah rekadaya sanès, ihtiyar margining kasarasan, tamtu badhe kalampahan.

Para ibu kêdah rêsikan tumrap sariranipun piyambak lan tumrap ing bayinipun. Tangan ingkang badhe kangge anggrayang bayi kêdah rêsik. Bilih bayi punika badanipun katingal sêgêr, botên karubeda ing sêsakit, sabên dintên kêdah dipun êdusi. Patrapipun angêdusi bayi, kados ingkang kapratelakakên ing wingking.

Asring kemawon kadadosan bayi lajêng kêra, jalaran saking kêmprohing ibu utawi babunipun. Upami: manawi wontên bayi, irung, mripat lan sanès-sanèsipun [sanès-sa...]

--- 123 ---

[...nèsipun] rêgêd, punika asring dipun rêsiki mawi tapihing ibu utawi babunipun, môngka tapih punika sagêd angandhut bibiting sêsakit, ingkang makatên punika pancèn sampun limrah.

Sampun pisan-pisan bayi katilêmakên dados sapatilêman kalihan lare sanès utawi tiyang sêpuhipun, awit gampil sangêt katrajang ing sêsakit, upaminipun: lare-lare wau pinuju sakit watuk, bayi inggih lajêng katularan. Jalaran ingkang makatên wau, bilih tiyang utawi tiyang sêpuhipun pinuju sakit watuk utawi pilêg, sampun pisan-pisan amangku utawi ngêmban, malah nyakêt utawi ngambung kemawon botên kenging, kangge anjagi supados bayinipun botên katularan ing sêsakit wau.

Sadaya ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, saking pamanggih kula sok tiyanga sagêd anglampahi, sanajana tiyang mlarat pisan, awit patilêmanipun bayi punika botên kumêdah sae, sok ugi rêsik. Sanajana ing pêthi ingkang awon, janji kajêngipun kadamêl alus, utawi ing kranjang ingkang rêsik, inggih kenging, namung ingkang prayogi piyambak ing kranjang bayi.

Sandhanganing bayi kêdah rêsik, botên prêlu sae utawi awis rêginipun. Taksih wontên sambêtipun.

[Iklan]