Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
11. Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 11, Nopèmbêr 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ăngka 42/453

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, nalika dintên Kêmis sontên tanggal kaping 20/21 Sèptèmbêr punika, pangrèh Narpawandawa damêl parêpatan, angraosakên swaraning sêrat-sêrat kabar anggènipun nukarta sandenipun Radèn Suhari katêtêpakên dados warga rad nagari Surakarta. Angèngêti suraosipun sêrat pranatan dalêm, katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1918 ăngka 25 bab II adêg-adêg 2 mênggah têtêpipun para warga rad nagari, punika wontên ing asta dalêm, mila bab anggènipun Radèn Suhari botên saèstu têtêp dados warga rad nagari wau, lajêng andadosakên kirang prayogining asma dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

--- 156 ---

Ing ngriki Narpawandawa botên badhe ngrêmbag sabab-sababipun Radèn Suhari, botên saèstu têtêp dados warga rad nagari, namung Narpawandawa wajib rumêksa ing nagari saha karaton dalêm, pangrèh prêlu macak atur ing nagari kagêm ing têmbe wingkingipun, manawi nagari ngunjukakên calon warganing rad, kaparênga anggalih ingkang salêsih, supados botên amindho damêl, makatên ugi tumrapipun calon warganing rad bale agung ingkang badhe dumados, mênggah punika pangrèh Narpawandawa anyumanggakakên ing pêpatih dalêm.

Katur tanggal kaping 30 Sèptèmbêr 1934.

Panitra: Wg. Purwasastra. Mudha pangarsa: Wg. Suryaamijaya.

Rad Kawula Ngrêmbag Porsêtênlandhên

Pêthikan saking D.K.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wakil Porsêtênlandhên wontên ing rad kawula mêdhar sabda kapêndhêt wosipun kemawon kados ing ngandhap punika:

I. Guprênur ing praja Kajawèn

Kula rumaos bingah, dene parentah sampun kaparêng badhe manggalih rêmbag kula bab samăngsa salah satunggilipun guprênur ing praja Kajawèn wontên ingkang anglêrêsi kapambêng botên sagêd nyambut damêl, ingkang kapiji amakili sagêda guprênur satunggilipun ingkang botên kapambêng, sanadyan sampun limrahipun manawi pangagêng paprentahan ing satunggiling gêwès pinuju kapambêng ingkang kapatah makili karerehan ingkang kalênggahanipun cêlak piyambak kalihan pangagêng wau, nanging tumrap Porsêtênlandhên kados prayogi sangêt manawi kabeda, tumrap Porsêtênlandhên, ningali kawontênanipun samangke punika manawi guprênuripun anglêrêsi botên wontên, ingkang makili padamêlanipun, asistèn residhèn ingkang kabiyantokakên. Kaotipun guprênur kalihan asistèn residhèn punika agêng, mila manawi asistèn residhèn wau kapiji makili padamêlanipun guprênur, punika angèngêti padamêlan paprentahan punapadene sambêtipun kalihan nata Jawi, tumindakipun masthi rèbyèg.

Kajawi punika saupami ing kraton anglêrêsi wontên pahargyan utawi karamean [kara...]

--- 157 ---

[...mean] opisil, lajêng parentah Indhia Nèdêrlan namung dipun wakili asistèn residhèn, punika saking pamanah kula tumrap parentah lan inggih tumrap praja Kajawèn kirang prayogi.

Kala rumiyin, nalika ing tanah Kajawèn dèrèng dipun wontêni guprênur, tumindakipun inggih kados ingkang kula kajêngakên wau, liripun manawi ing praja Kajawèn wontên residhèn ingkang pinuju kapambêng, punika ingkang makili padamêlanipun inggih residhèn sacêlakipun ngriku. Kula sampun nate mênangi residhèn Kêdhu makili residhèn Ngayugya, lajêng residhèn Madiun makili dados residhèn wontên ing Surakarta. Mila sapisan êngkas mugi parentah kaparêng minangkani rêmbag kula bab panatanipun manawi ing praja Kajawèn pinuju wontên salah satunggiling guprênur ingkang kapambêng.

Kajawi punika, gandhèng kalihan rêmbag wisudhan gupêrnur ing praja Kajawèn, kula ngaturakên rêmbag ing sadèrèngipun andhawahakên pilihan, prayoginipun parentah sarêmbag rumiyin kalihan sampeyan dalêm nata ingkang badhe magêpokan. Lampah makatên wau saking pangraos kula mêwahi saening sêsambêtanipun parentah kalihan praja Kajawèn. Ing tanah Hindhu, pamilihing wêwakilipun parentah ingkang lêlawanan kalihan ratu ing ngriku tumindakipun inggih satiti sangêt. Supados botên anuwuhakên sêling- sêrêp, prêlu kula ngaturakên bilih guprênur praja Kajawèn ingkang samangke punika sami sagêd anyêkapi pêpanggiling ayahan ing bab sêsambêtanipun parentah kalihan kraton.

Kajawi punika prêlu ugi dipun èngêti, guprênur ing praja Kajawèn punika lênggahipun warni kalih, inggih punika amtênar ingkang ngasta paprentahan kalihan ingkang dados wakiling pulitikipun parentah wontên ing kraton Jawi. Awit saking punika kala jamanipun Daendels sami pikantuk sêsêbutan: ministêr ing kraton Jawi (ministers aan de Javaansche Hoven). Inggih makatên punika ingkang anjalari kula wontên ing rad kawula ngriki sampun nate anglairakên anggèn kula botên cocog kalihan sêsêbutan: guprênur.

Urun Rêmbag Bab: Kumisèn Arta Kas Narpawandawa

Motto: Het oog van den meester maakt 't paard vet.

Sarampunging pamaos kula organ Narpawandawa, wulan Sèptèmbêr 1934 katarik manah [ma...]

--- 158 ---

[...nah] kula lajêng badhe urun rêmbag bab murih prayoginipun kumisèn arta kas Narpawandawa, kados ing ngandhap punika:

I. Sampun dados ngadating pakêmpalan sabên taun damêl pêrslah lêbêt wêdalipun arta pakêmpalan. Narpawandawa ugi andamêl pêranwordhing (verantwoording) ingkang mriksa sadhèrèk warga, sae tur cêtha, amung kula ragi gêla sakêdhik dene radi kasèp (1932–1934) lêrêsipun sabên taun. (Inggih sampun gêla, ta, Red) awit têmbung Walandi wontên paribasan (Spreekwoord): Het oog van den meester maakt 't paard vet têgêsipun kirang langkung: sakabèhing pakaryan, manawa kêrêp ditiliki dhewe, ngundhakake pangasilan.

Kula têpang salah satunggaling Walandi, wêkdal punika piyambakipun dados artakaning sakawan pakêmpalan. Ingkang sabên wulanipun anampèni sêtoran arta botên kirang saking pitung atusan rupiyah, punika kajawi sabên tutup taun kapriksa lêbêt wêdalipun arta, sabên kalih wulan sapisan ugi kapriksa, kalihan komisaris wulanan, (maand commissaris) ingkang mriksa buku-buku, nyathêti Deposito of giro rekening arta ingkang wontên têmbang, sarampungipun lajêng nocogakên dhatêng bang, manawi sampun cocok lajêng nyukani sêrat minăngka katrangan dhatêng artaka, tindak makatên punika ingkang kenging kawastanan: pupur sadurunge bênjut. Nanging watakipun băngsa kula Indhonesiêr punika umumipun, ngandêlan. Amung ragi gadhah watak anèh inggih punika: kula piyambak punika botên tanggêl dhatêng badan kula piyambak. Awit manungsa, ugêr taksih gêsang wontên ing ngalam donya, elok kasupèn, tur melikan.

II. Ing plapuran ringkêsan, botên wontên pêrslah.

Ha: tuna, lan bathining pagêrjèn Narpawandawa.

Na: Dhipidhèn (bêbathèn) tumrap arta ingkang wontên 1. N.V. Budi Utama, 2. Băndha lumaksana, (mirsanana lêbêtipun arta sabên taun, tamtu ngêwrat arta rèntên saking B.L. Red.), 3. N.V. Mardi Mulya, 4. Pos sêparbang, pikajêng kula punika supados ing ringkêsan mawi dipun sukani katrangan, upaminipun andhil N.V. Budi Utama, f 100,- taun 1932–1938 bathi f 0,10,- saandhil. Manawi andhil N.V. Budi Utama rêgi á f 5,- dados arta f 100,- asal bêbathèn

--- 159 ---

20 X f 0,10,- = f 2,- makatên sapiturutipun.

Anggèn kula kamipurun mrinci kados kasêbut nginggil wau, kabêkta anggèn kula trêsna dhatêng pakêmpalan kula Narpawandawa. Awit saking pêjah, tuwin gêsanging pakêmpalan punika gumantung wontên katrêsnaning para warga, sêtya ambayar urunan ingkang sampun kapêsthèkakên, ing ngriki pikajêng kula, arta pakêmpalan punika panjagi of pangrêngkuhipun kêdah kados anjagi darbèkipun piyambak. (dipun gêmèni).

Gandhèng kalihan rêmbag kasêbut nginggil. Sarèhning punika ngrêmbag pêrluning Narpawandawa, kula ngaturi ancêr-ancêr sakêdhik. Sokur manawi sapunika sampun tumindak. Manawi dèrèng, mugi para sadhèrèk tumut angrêmbag inggih punika bab andhil Mardi Mulya.

Bokmanawi para sadhèrèk sampun sami priksa manawi Naamlooze Vennootschap kados ta: N.V. Budi Utama N.V. Mardi Mulya, punika ngadêgipun sarana nyade andhil. Budi Utama satunggal andhil f 5,- Mardi Mulya satunggal andhil f 25,- manawi kula botên kalèntu, pakêmpalan kasêbut nginggil, sabên tutup taun andamêl (aandeelhouders vergadering) kalêmpakanipun para ingkang sami tumbas andhil, nêtêpakên dhipidhènipun (tuna lan bathi), tumrap N.V. Budi Utama, sabên taun kula tamtu maos wontên sêrat kabar "Darma Kăndha" ingkang ungêlipun: benjing tanggal kaping anu, N.V. Budi Utama, badhe andamêl aandeelhouders vergadering manggèn wontên sus abipraya, ngrêmbag bab: Divident para andhil ondhêr dipun suwun rawuh kanthi bêkta sêrat andhil.

Amung tumrap N.V. Mardi Mulya, dumugi taun punika botên wontên wartosipun. Malah kula mirêng kabar N.V. Mardi Mulya sapunika sampun katumbas, punapa kacêpêngakên O.L. mij. Boemipoetra en ... zonder medeweten van de aandeelhouders, dat is 't toppunt van ... bab andhil Mardi Mulya 8 lêmbar a. f 25,- f 200,- (zie orgaan N.W. Sept. No. 9 bldz. 135) kasêbut nginggil pantês dadosa panggalihanipun pangrèh tuwin para warga sadaya.

Putra: Parta.

--- 160 ---

Wajibing Wanita Kêdah Adamêl Pamarêming Priya

II

Sasampunipun ingkang jalêr mirêng wangsulanipun ingkang èstri makatên wau, enggaling cariyos lajêng sande pikajêngipun anggèning badhe ngênèmakên, malah wiwit dintên kalênggahan wau ingkang èstri mantuk dipun cumpi tadhahipun kabêtahan, blanjanipun lajêng dipun brukakên sadaya, lastari atut runtut anggènipun jêjodhoan dumugi sapriki.

Samantên dayaning pawèstri ingkang sagêd anggêmèni kas gunakayaning tiyang jalêr, tur prasaja kalayan dhêdhasar utamining budi, sanadyan pikajêngipun ingkang jalêr wau inggih nama kalêbêt prêluning prêlu ingatasipun tiyang jêjodhoan, ewadene sarêng angsal wangsulan makatên, manahipun sampun marêm, wêkasan lajêng murungakên sêdyanipun anggèning badhe angudi tuwuh, punika pancèn sampun lêrês, amargi prakawis tuwuh wau manawi kaparêng ambudi sarana ihtiyar ingkang sayêktos, ugêr pirantosing wanita botên wontên sababipun ingkang prêlu, taksih sagêd kasêmbadan pangajêng-ajêngipun, têtuladanipun kados ing ngandhap punika:

Wontên sawênèhing pawèstri winêngku ing kakung, sampun sawatawis taun botên gadhah gadhah anak, saking sangêting kapenginipun, sarujuk lan ingkang mêngku, nalika taun 1932 dhatêng ing dhoktêran supados katitipriksa, kalampahan lajêng kapriksa mawi dipun sorot, katranganipun saking dhoktêr kawontênanipun widhungan bayi kirang sampurna (cacad) lajêng katantun manawi purun dipun opêrasi (kabêdhèl) pêrlu widhunganipun bayi kasampurnakakên, punika gadhah pangajêng-ajêng sagêd wawrat. Pawèstri purun dipun opêrasi, laminipun sawulan sampun saras, watawis satêngah taun lajêng wawrat, dumugining wanci jabang bayi lair dumugi sapriki wilujêng. Samantên daya sampurnaning ihtiyar yèn binudi sayêktos, inggih sagêd angewahakên pêpasthèning takdir.

Amangsuli bab wajibing wanita sagêda adamêl pamarêming priya, punika mênggahing tumindakipun pancèn inggih angèl sayêktos, awit kêdah tansah mawas dhatêng wahyaning masakala, punika botên gampil, nanging manawi sagêd kalêrêsakên anggènipun ngêmpalakên, sarta mapan papanipun, punika priya ingkang kataman, bêbasanipun, [bêba...]

--- 161 ---

[...sanipun,] lir kataman ing astra bagni, têtuladanipun kadosdene Dèwi Tantri sutaning Patih Niti Badhèswarya, sagêd amarêmakên karsanipun Sang Prabu Eswaryapala, kawrat ing kalawarti Pusaka Jawi taun XIII dêdongenganipun kados ing ngandhap punika.

Ing jaman kina wontên ratu agêng ajêjuluk Maha Prabu Eswaryapala, têdhakipun Sang Samudra Gupta, nagaripun anama Pataliputra. Prênahipun wontên ing parêdèn, ing pèrènging rêdi Himalaya sisih kidul. Tapêl watêsing nagarinipun awujud lèpèn kêkalih, lèpèn Gangga kalihan lèpèn Yamuna.

Prabu Eswaryapala sakalangkung luhur kamulyanipun, sakti măndraguna, wicaksana linangkung, putus salwiring kawruh. Sang prabu sakalangkung prawira ing ayuda, tanpa sisihan kagunanipun ing aprang. Manawi wadyabalanipun mangsah pêrang, sêsarêngan kalihan rata tuwin liman punapa malih turangganipun, suwaranipun gumrêdêg, gumludhug, kados swaraning samodra bêna. Warnanipun bagus kados dewa andharat, manawi pinarak ing singangsana pinatik ing nawarêtna, ngêsokakên kawicaksananipun kados jawata. Dhawahing wulangipun kadosdene kêpyuring jawah, ingkang adamêl sêgêring badan. Anuju satunggaling dintên, sarêng sang prabu bibar siniwaka, kondur angadhaton, lajêng lumêbêt ing kamar, lênggah piyambak kemawon. Wontên ing ngriku sang prabu sagêd priksa kawontênanipun ing salêbêting kitha sadaya. Wasana lajêng wontên arak-arakan pangantènipun tiyang alit. Tiyangipun sami katingal sênêng-sênêng kados botên gadhah susah sakêdhik-kêdhika. Sang prabu anggalih salêbêting batos, aku iki ratu kawasa, têka ora ana kaluwihanaku kang ngungkuli uwong-uwong iku. Besuk kapan olèhku bisa ngrasakake sênêng. Yèn aku mangan enak, mangan sêga karo jangan karo iwak banyu ... Ah, wong-wong kae iya bisa mangan sing mêngkono. Kêpriye bisaku gèsèh karo uwong-uwong kuwi, măngsa bisaa aku mangan intên kaya mangan sêga kae, gèk lawuhe mas, măngsa bisaa. Manganggo sandhangan sing rêsik, jêbad kasturi sing wangi-wangi utawa lênga cêm-cêman sing arum, wong kae iya bisa. Ananging aku jêbul ora bisa bungah sarta sênêng kaya wong sing ngarak pangantèn kae. Yèn wong mau mung nonton arak-arakan pangantène wong cilik mêngkono bae sênênge wis mêngkana,

--- 162 ---

mendah sênênge yèn ana pangantèn ratu. Lah măngka kuwajibanaku iki rak agawe sênênge lan bêgjane wong -wong iku sabên dina tanpa towong, yèn mêngkono aku tak dadi pangantèn sabên dina. Mêngkono iku, sing bisa nglakoni, rak mung para ratu. Wong sing lumrah-lumrah măngsa kêconggaha yèn aku dadi pangantèn sabên dina, uwong-uwong sabên dina rak nonton pangantèn. Măngka aku isih ênom, arêp apa manèh.

Makatên panggalihanipun Prabu Eswaryapala. Enjingipun sang prabu andhawuhakên panggalihanipun wau dhatêng para adipati tuwin para senapati. Wondene pêpatihipun dipun timbali piyambakan, sarta kadhawuhan anglêksanani punapa karsanipun wau. Sabên dintên kyai patih kadhawuhan angladosakên lare èstri ingkang sae warninipun, badhe kadadosakên pangantèn èstri calon garwanipun sang prabu, kyai patih wau anama Kyai Nitibadhèswarya. Punika sila marikêlu wontên ngarsanipun sang prabu, tanganipun ngapurancang. Sarêng sampun têrang pamirêngipun dhatêng dhawuhing sang prabu, lajêng munjuk sarwi nyêmbah.

Gusti, kaparênga kawula munjuk ing ngarsa dalêm. Manawi botên kalèntu panampi kawula dhatêng dhawuh dalêm, sabên dintên kawula kakarsakakên ngunjukakên pêpêthinganing abdi dalêm lare èstri ing sangandhaping pada dalêm, punika inggih badhe kawula pundhi, kawula tindakakên, anamung mugi kawula kalêpatna ing dêduka dalêm, dene kamipurun badhe nyundhul unjuk ing ngarsa dalêm, gusti. Sêrat-sêrat yasanipun para bijaksa: Itiyasa, Purana, tuwin Manawa sami nyêbutakên, bilih panjênênganing ratu botên kenging ngumbar hawa, ingkang ngangkah dhatêng kanikmataning sarira. Sampun ngantos panjênênganing ratu dados tawananing pawèstri, kêdah dados prajurit ingkang prawira, dados pangaubaning jagad, para lêluhur dalêm, garwanipun inggih namung satunggal.

Sanajan botên kirang pawèstri.

- Panjênênganing ratu kêdah sampun rumaos krama.

- Manawi sampun kagungan garwa satunggal ingkang rigên.

- Punika prasasat wêwayanganipun Dèwi Laksmi.

Makatên unjukipun kyai patih.

--- 163 ---

Sang prabu paring wangsulan, iya wis bênêr Nitibadhèswarya, bab pakewuh- pakewuh lan critane babad-babad, sarta kêkidungan pêpêthikan saka layang sing apik-apik iku, wus lawas wêruhku, nanging kowe aja lali. Ing layang-layang mau rak iya nyritakake, yèn anggêr ana wong lanang kumpul karo wong wadon, ing kono Sang Hyang Siwah karo garwane masthi mangslup marang pangantèn lanang wadon, kaayap ing para dewa, nanging kang ngayap mau ora katon, iku mau marakake gêmah ripahe nagara sarta agawe loh jinawi, apa manèh marakake akèh udan, têtanduran ing bumi banjur lêdhung-lêdhung, wohe ngêmohi, mulane sabên dina aku arêp krama, kowe mung nindakna dhawuhku bae.

Makatên dhawuh pangandikanipun sang prabu, lajêng anggêganjar dhatêng para kawula, kyai patih ingkang angsal ganjaran kathah piyambak: mas, intên rajabrana.

Nagari lajêng tata-tata damêl rêrênggan badhe pikramanipun sang prabu ingkang wiwitan. Sadaya kêdah sarwa sae sarwa endah, kêdah trêp kalihan pranataning kraton.

Wiwit kala samantên lajêng kalampahan sayêktos, sabên dintên wontên lare èstri satunggal-satunggal, sae warni sarta candranipun, kaaturakên dhatêng karaton, kadadosakên pangantèn, badhe dados garwanipun sang prabu. Ingkang andhatêngakên lare-lare wau inggih kyai patih, kapêndhêtakên saking salêbêting talatahipun nagari sadaya. Anggènipun ngladosakên dhatêng kadhaton, sasampunipun dipun dandosi sarwa endah, raja kaputrèn êmas intên, rajabrana, tuwin dipun paèsi. Sang prabu sakalangkung rêna panggalihipun, dene kyai patih sakalangkung sae anggènipun anglêksanani dhawuhipun.

Sarêng sampun watawis lami tumindakipun ingkang makatên wau, lare èstri anaking priyantun, ingkang sae warninipun têlas, sampun botên wontên ingkang pantês kaladosakên dhatêng kadhaton. Ingkang kantun piyambak sampun mêntas kaladosakên ing wanci enjing dados pangantèn, badhe dados garwa dalêm. Sang prabu sampun kondur ngadhaton ambêkta lare èstri ingkang sampun dipun dandosi cara pangantèn wau. Para priyantun abdi dalêm sampun sami mantuk dhatêng griyanipun piyambak-piyambak. Taksih wontên sambêtipun.

--- [164] ---

Wara-wara

Awit saking palapuranipun artaka II lopêripun ingkang nama Wirasumarta aliyas Tumuwuh, kabêkta saking wontên sababipun ingkang parlu, sapunika dipun kèndêli, mila manawi lopêr lami wau sowan mriki, nyuwun arta kontribisi sampun dipun paringi, malah kwitansinipun kapundhuta lajêng kakintuna dhatêng pangrèh, dados wiwit ing wulan Nopèmbêr 1934 lopêripun artaka II santun anyar.

Kajawi punika para warga ingkang walêd kontribisinipun, kasuwun kalayan sangêt-sangêt kaparênga nglunasi, prêlu badhe kangge palapuran tutupipun taun 1934 punika, nglunasi walêdanipun kontribisi punika, sanadyan sawêg nama nêtêpi dhatêng kawajibanipun warga, ewadene pangrèh matur sangêt nuwun.

Pangrèh.

Salêbêtipun Wulan Siyam Ugi Ing Taun Wawu, Dintên Sae Wontên 2

I. Tanggal kaping 6, Kêmis Lêgi, Gumbrêg, Hyang Uma, dangu, paningron, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

II. Tanggal kaping 26, Rêbo Lêgi, Julungwangi, Hyang Yama mawulu gigis, sri tumurun paturon, sumur sinaba, aras kêmbang, dêmang kandhuruan, sangat wiwit jam 1.12 siyang, dumugi jam 3.36 Yusup slamêt.

Salêbêtipun wulan Sawal ugi taun Wawu, botên wontên dintên Anggara Kasihipun.

Isining Organ Punika

... Kaca

Turunan sêrat paturan dhatêng nagari ... 155 | Rad kawula ngrêmbag Porstênlandhên ... 156 | Urun rêmbag bab kumisèn kas ... 157 | Wajibing wanita ... 160 | Wara-waranipun pangrèh ... 164 | Pratelan dintên sae ... 164 | Nitik Sultan Agungan ...

--- [165] ---

Nopèmbêr 1934

[Grafik]

--- [166] ---

Dhesèmbêr 1934

[Grafik]