Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
11. Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 12, Dhesèmbêr 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Parlu Kawaos

Kula nuwun, tamtunipun para sadhèrèk warga Narpawandawa sampun sami nguningani, bilih sagêdipun santosa adêgipun pakêmpalan punika muhung saking agênging kasipun (kathahing arta kas) sarana kaklêmpak saking sakêdhik sabên wulan nariki arta urunan (kontribisi) nipun para warga, namung tumrap Narpawandawa tumindakipun anariki arta kontribisi, pangrèh piyambak angrumaosi yèn dèrèng kados sêdyanipun, sabab pun juru panarik (lopêr) botên tumêmên dhatêng ing kawajiban, amila sarêng dipun titèkakên sayêktos, kathah pêthuk-pêthuk ingkang namung tumandho wontên lopêr, anjalari walêdipun para warga, nanging kosokwangsulipun ugi botên sakêdhik sadhèrèk warga ingkang sabên-sabên dipun suwuni arta kontribisi amung tansah sêmados, anjalari damêl wêgahing lopêr.

--- 168 ---

Awit saking punika, sarèhning sadaya tumindakipun pakêmpalan punika sarana mawi beya, dados manawi bandhanipun saya nipis, badhe andadosakên ringkihing adêgipun pakêmpalan Narpawandawa, ingkang tundonipun badhe nyandèkakên kalaksananing sêdya, mila sadèrèngipun parêpatan agêng taunan ngajêng punika, panyuwunipun pangrèh, para warga ingkang sami nunggak kontribisinipun (kathah kêdhikipun amirsanana kwitansi-kwitansi ingkang dipun bêkta lopêr) kasuwun kalayan sangêt-sangêt kaparêngipun anglunasi, sagêda dumugi benjing parêpatan agêng taunan palapuranipun artaka botên anglêlingsêmi kamirêngakên ing akathah.

Kajawi punika pangrèh pêrlu ngèngêtakên dhatêng sadaya warga, bilih miturut putusanipun parêpatan agêng mirunggan, kala tanggal kaping 22/23 Dhesèmbêr 1931 (mirsanana organ Narpa ăngka 1 taun 1932 kaca 9) para warga sami katêtêpakên sami bayar urunan waragadipun organ, sabên wulanipun namung f 0,05 amila pêthuk-pêthuk bayaran organ wau manawi dipun sowanakên ngriki ugi kasuwun kalayan sangêt kaparêng lajêng nglunasi, wasana sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika, mugi andadosna panggalihanipun para warga.

Kasêrat kaping 1 Dhesèmbêr 1934.

Mudha pangarsa: Suryaamijaya. Panitra: Purwasastra.

Rad Kawula Ngrêmbag Porstênlandhên

Sambêtipun organ ăngka 11

Kikis Surakarta Kalihan Samarang

Tuwan pangarsa, kula gumun sangêt dene manut ingkang kawrat wontên ing Memorie van Antwoord, dumugi sapriki prakawis saening kikisipun paresidhenan Samarang lami kalihan Surakarta, taksih ajêg dèrèng angsal wêwêngan, măngka sayêktosipun wêwêngkon siti enclaves ing kikis wau sagêd kemawon dipun icali. Punapa ing bab punika wontên pakèwêdipun ingkang nganèh-anèhi, tuwan pangarsa. Kula kapengin sangêt mangrêtos punapa sababipun dene parentah botên [bo...]

--- 169 ---

[...tên] sagêd minangkani usul kula ingkang kala samantên kula lairakên wontên ing ngriki, inggih punika dipun wontêni garis Amerikah minăngka watês.

Paos Montor

Kula nglairakên gênging panuwun kula, dene parentah sampun anyagahi samăngsa paos montor èstu kasantunan ingindhakakên accijn bènsin, parentah badhe angwontênakên pranatan ingkang nyukani pitêmpah accijn bènsin wau dhatêng praja Kajawèn, jalaran parentah angakêni bilih paos montor ing Porsêtênlandhên, samangke punika badhe botên sagêd kalastantunakên.

Bab Watêrsêkap

Sawêg teorinipun kemawon, ingkang kasêbut ing Vorstenlandsche grondhuur reglement bab 12 b. anggènipun anglastantunakên prakawis wêwênang toya ingkang saking pamanggih kula yasanipun kabudidayan piyambak, punapadene yêyasan watêrsêkap, ingkang panguwasanipun kabudidayan wontên ing ngriki mênang agêng, punika taksih gampil sangêt dipun pabêni. Panguwasa ing bab toya ing Porsêtênlandhên, punika ing sakawitipun dumunung wontên ing parentah Kajawèn, bab punika inggih dipun akêni Tuwan Dr. Angenent wontên ing buku karanganipun, sarèhning makatên bab panguwasa prakawis toya punika wau inggih kêdah kawangsulakên malih dhatêng praja Kajawèn, botên beda kalihan kawontênan ing tanah guprêmenan, irigasi punika dados cêpênganing nagari. Ing tanah guprêmenan ugi kathah kabudidayan gêndhis, irigasi kacêpêng guprêmèn piyambak, ewadene kabêtahanipun kabudidayan ing bab toya, kangge tanêman tuwin pabrikipun inggih tansah kacêkap, punapa manawi ing praja Kajawèn anindakakên têtuladan ing guprêmenan, prakawis toya kacêpêng ing parentah praja Kajawèn, botên sagêd tumindak kados ing guprêmenan wau. Mila kula ambali malih pangajêng-ajêng kula mugi parentah kaparêng anindakakên rêrigên murih suwakipun watêrsêkap ing tanah Kajawèn.

Kajawi awêwaton teori, anggèn kula ngangkah suwakipun watêrsêkap wau inggih ngèngêti cak-cakanipun, manawi watêrsêkap sagêd kasuwak, urusan toya ing tanah Kajawèn punika lajêng sagêd langkung mirah, tumrap jaman samangke, agêng pigunanipun. Kados ta: waragad administrasi ingkang botên pêrlu tumrap watêrsêkap tiga wau [wa...]

--- 170 ---

[...u] lajêng ical. Saha lajêng kabêtahanipun rakyat inggih botên kapitunan punapa-punapa. Jêr wontên watêrsêkap kalihan botên wontên, punika anggêr artikêl 12. b ing Vorstenlandsche Grondhuur reglement taksih wontên, kabêtahanipun kabudidayan ing bab toya inggih taksih langkung karumiyinakên tinimbang kabêtahanipun rakyat, tumrap rakyat, yêyasan watêrsêkap punika ingkang dipun tingali namung peranganipun ingkang botên sae kemawon, inggih punika kaanggêp yêyasan ingkang nuwuhakên paos toya, ingkang kala jaman sadèrèngipun wontên watêrsêkap dèrèng wontên, kajawi punika panganggêpipun dhatêng yêyasan wau, yêyasan ingkang kala 1916 nêdha padamêlanipun satêngah dintên tanpa epahan, kamanah langkung awrat tinimbang kala sadèrèngipun wontên watêrsêkap.

Bab paos toya ingkang kêdah kabayar rakyat wau, prêlu kula aturakên malih sakêdhik, ngèngêti calonipun kathah kabudidayan ingkang botên anglajêngakên bab panyewanipun siti, kula kuwatos manawi paos toya badhe saya mindhak kathah. Ing jaman pangasilanipun rakyat saya suda punika, kawontênan makatên wau tumandukipun dhatêng rakyat badhe kraos langkung awrat. Dados prêlu sangêt waragad prakawis kabêtahan toya dipun kirangi, sagêdipun makatên lampahipun botên wontên malih kajawi namung anyuwak watêrsêkap, lajêng tumindakipun urusan toya katata kados ing tanah guprêmenan.

Manawi makatên punika katindakakên sayêktos, praja Kajawèn botên prêlu rikuh ing bab pamilihipun priyantun ingkang tinanggênah mangagêngi irigasi Porsêtênlandhên, margi kula dugi kemawon pangagêng Centraal waterschap kantoor ingkang samangke punika mêsthi purun anglampahi dados pangagêng irigasi Porsêtênlandhên, saking pamanggih kula botên wontên priyantun sanèsipun ingkang manawi kapatah mangagêngi irigasi praja Kajawèn wau, kacakêpanipun angungkuli pangagêng C.W.K. ingkang kula aturakên wau, jalaran kajawi mumpuni dhatêng babagan irigasi, inggih luwêsan, srawunganipun kalihan sintên kemawon sagêd lobok, kajawi makatên priyantun wau agêng sangêt sarta mêgah-mêgahakên sayêktos katrêsnanipun dhatêng kabudayan kagunan Jawi.

--- 171 ---

Kok Taksih Ajêg Kemawon

Manawi kula angraosakên băngsa kula ingkang taksih kapiluyu mêmundhi bangsanipun takayul, adhu lêmês raosing manah kula, punapa inggih dèrèng insap ta, manawi bangsaning takayul punika wohipun namung damêl karisakan, sampun pintên atus èwu băngsa kula ingkang dados kurbaning takayul, ewadene sabotênipun sampun katula-tula kapalu niyatipun sami botên purun kapok. Punika sababipun punapa inggih ki raka rêdhaktur, ing măngka manawi kula angèngêti Babad Tanah Jawi, sipêng kêpung, kintên kula sampun botên sudi malih dhatêng takayul ingkang ngrisakakên moril punika, kirang cêtha punapa gêlaripun main sulapan Kandhuruan Bahman lan Wiradigda anggèning tansah angebarakên kasombonganipun, godhong waru dadi bulus, janur kuning dadi wêlut (sinjang kalêmpit dados rêdana, e, kêplantrang kèlingan gaweane) la ... sarêng têmpuking damêl ubayane balenjani, pêcicas-pêcicis padha pating pringis, upamia kula sagêd nyumêrêpi kintên kula gêgambaranipun botên têbih kadosdene monyèt dipun krakal, la ... kirang pituna punapa kulunun manawi tansah wontên kadadosan makatên punika, punapa punika taksih kirang kathah malih kurban-kurban ingkang damêl gênging kapitunèn sabab saking taksih kandêling takayul. Namung ingkang kula gumuni punika sêsakit takayul wau kok botên namung angêmungakên ngroyok dhumatêng para sêpuh kemawon, nanging katranganipun jêbul sampun nular dhatêng para anak putu kita ingkang kula manah sampun ngambah jaman pêpadhang, la ... punapa wontên pasinaon ingkang sampun samantên inggilipun têka ngabyantara dhumatêng panggenanipun si tukang bêbingung, kyai (owah kaya Si Togog) sowan kula mriki anggèn kula nglêbêti damêl, eksamên sagêda angsal. Adhuh kirang ngalênthar punapa ki raka rêdhaktur, punapa punika botên kenging kula wastani mêrêming wong mêlèk. Hê ... m punapa, baya sampun kinodrat manawi kita punika ngantos sabêjading jagad kêdah maris sêsakit takayul ingkang bêbayani punika, atur kula, kintên kula botên ta manawi sêsakit takayul ingkang ambêbayani wau ngantos sabêjading jagad tansah dados warisan kita, dêstun inggih mawi inah salangkung abad êngkas ta. Nanging kula pitados sarèhning kita punika turunipun tiyang linangkung, (manawi botên kalèntu isi Babad Majapait, Prabu Hayamwuruk) [Ha...]

--- 172 ---

[...yamwuruk)] manawi kita purun ambungkar (ngudhari) sasêrêpan kita ingkang asalipun saking si tukang damêl bingung kasêbut nginggil, kintên kula bêbasan sakêdhèp netra kemawon kita sampun angsal sasêrêpan inggal, inggih sasêrêpan inggal punika ingkang sagêd anjunjung luhuring băngsa dalah sasiti wutah rah kita. Nanging inggih taksih mawi ananging, manawi kita tansah sêsongaran ambêk kumalungkung, aku ... aku ... aku ... Nanging botên kêrsa ambuktèkakên, kintên kula lăngka sagêdipun kacêpêng sajatine: aku wau, mila sumăngga jimat ingkang damêl asoring dlajad punika sami dipun larung dhatêng sajawining jagad, ingkang supados kita sagêd nyêpêng sajatining aku wau, si unyik.

Cakrapangarsa.

[Iklan]

Wajibing Wanita Kêdah Adamêl Pamarêming Priya

III

Namung kyai patih botên mantuk dhatêng ing griyanipun, anjujug dhatêng griya panêpèn, lajêng mêmpên wontên ing ngriku botên mêdal-mêdal. Para abdi ing kapatihan, [kapatiha...]

--- 173 ---

[...n,] ingkang adat sabênipun angladosi, dipun dhawuhi botên kaparêng nyêlak, panêpèn wau wujudipun bale kambang sakalangkung sae, dumunung satêngahing sagaran. Wontên salêbêting bale kambang wau kyai patih tansah tilêman kemawon. Sanginggiling toya sagaran wontên pêthetanipun sêsêkaran wangi-wangi bêbanjêngan, winadhahan ing jêmbangan, anampèni toya siraman saking pancuran, bale kambang wau toyanipun, ing pojokipun sakawan pisan, wontên pêpêthanipun gajah mina, ukir-ukiranipun dêdamêlan ing tanah Jawi. Langitanipun dipun sukani gêgambaran sae-sae. Pranyata nyênêngakên sarta asri papanipun kyai patih wontên ing ngriku punika. Pikantuk sangêt kangge nglêlipur manah susah utawi nyênyupe dhatêng bunêking manah, kyai patih anggènipun mapan tilêm, botên mawi cucul pangangge.

Punika sadaya para nyai inggih sami ngyêktosi, pramila lajêng sami matur dhatêng nyai patih, bêndaranipun. Nyai patih anama Dyah Rupini. Punika mangrêtos, bilih kakungipun manggih pakèwêd, pramila lajêng nimbali putranipun èstri nama Tantri. Sang dyah punika saklangkung sae tondak-tandukipun,[1] tur warninipun endah sangêt, putus ing saliring kawruh, prasasat Dèwi Saraswati, widadari ingkang dados gêdhonging sawarnining kawruh, sang dyah inggih priksa dhatêng sadaya suraosing sêrat Wedha tuwin sêrat sanès-sanèsipun ingkang dakik-dakik. Kajawi punika inggih mumpuni dhatêng dêdamêlan ingkang adi [...][2] pramila sang dyah namanipun kawêntar ing pundi-pundi.

Sang dyah marak ibunipun sarwi nêmbah, lajêng dipun dhawuhi makatên: anakku, ênggèr, muga-muga ênggonmu mungkul nêmbah marang jawata dadia jalarane kowe pinaringan nugraha. Ênggonmu nêmbah marang Dèwi Saraswati ora ilang, ênggèr: coba nyêdhaka mrene. Mulane kowe tak undang, bapakmu mundur saka ing kraton, têkan ngomah têka banjur nyêpi ana ing bale kambang, batur-batur ora awèh nyêdhak, saikine isih sare, durung salin durung barang. Kuwi rak mratandhani yèn susah. Pancène aku iya kêpengin niliki, nanging ora wani, bokmanawa disrêngêni.

Kaanane ing kalairan, tindak-tanduke sarta kalakuane, solah tingkahe, luwih-luwih têmbunge, padoning lesan, sarta kêdhèping mripat, iku [i...]

--- 174 ---

[...ku] kabèh dadi titikane kaananing batin.

Kang iku banjur têtela, yèn bapakmu pêrih atine. Ambok kowe niliki, kowe rak iya wêruh, gêdhe-gêdhene trêsna iku rak trêsna marang anake dhewe, ta.

Kawruh iku yèn ditandhing karo mitra bae, adoh sungsate.

- Dene lêlara, mungsuh ora bisa madhani.

- Katrêsnan iku katone sing cêtha dhewe mung marang anak.

- Panguwasa iku ora ana sing bisa padha karo pêpasthèn kang kala.

Kang iku, ênggèr, aja tlompe, enggal tilikana bapakmu, susahe bangêt, aku kuwatir, bokmanawa kêbobo ing lara.

Makatên wicantênipun Nyai Patih Rupini dhatêng anakipun èstri. Dyah Tantri amangsuli: ibu, dhawuh panjênêngan kula lampahi tumuntên, mugi sampun kadamêl prihatos.

Sang dyah lajêng dhatêng ing bale kambang, kapanggih ramanipun taksih sare miring, lajêng dhatêng kadhaton, mêngkêrakên griyanipun piyambak, Dyah Tantri anggènipun malêbêt ing bale alon-alon, anjujug ing dagan, lajêng ngêbuti ingkang rama supados mantun sumuk sarta mantun prihatos, sarêng kyai patih kraos isis, lajêng alihan sawatawis, nanging anggènipun tilêm taksih kapatos, sukunipun lajêng dipun pijêti alon-alon dhatêng sang dyah. Kyai patih kraos manawi dipun pijêti lajêng nglilir, sumêrêp dhatêng putranipun, sarêng sampun têtela sumêrêpipun lajêng lênggah, apitakèn: o, dadi iki mau kowe, ngono, ênggèr. Ana prêlune apa kowe mrene. Adat sabên kowe rak ora sok mrene, ta, ênggèr.

Dyah Tantri nata anggènipun sila lajêng amangsuli sarta nyêmbah. Rama, mugi-mugi rama karsa anampèni pangaji-aji kawula anggèn kawula mriki punika sapisan, prêlu ngaturakên sêmbah kawula, kaping kalihipun, badhe nyuwun priksa punapa darunanipun, dene rama katingal prihatos sarta ngandhut kuwatos.

Kyai patih mirêng wangsulaning putranipun sangsaya wêwah sihipun dhatêng ingkang putra. Dipun aras êmbun-êmbunanipun sarta dipun usapi paraupanipun, wasana kyai [kya...]

--- 175 ---

[...i] patih lajêng nangis angguguk, êluhipun dêrês marawayan, dhumawah ing pilinganing putra, lajêng wicantên: o, ênggèr, ora kayaa. Mara nyêdhaka mrene olèhmu lungguh, tak tuturi jalarane susahku. Kowe rak iya wêruh pamundhute sang prabu. Sabên dina sang prabu mundhut bocah wadon sing bêcik rupane, tur kang luhur wijile, diagêm garwa, sabên dina siji siji. Nganti dina iki aku iya bisa ngladèni pamundhute, ananging saiki wis êntèk sing kêna dak unjukake, mêsthine sang prabu bakal bangêt dukane marang aku.

Aja pisan-pisan ngenak-enak.

- Sandhingan wong sikêp gêgaman utawa sandhingan kali.

- Sandhingan kewan kang asêsungu utawa kang duwe kuku landhêp.

- Apa manèh yèn sandhingan wong wadon utawa ratu.

Sarèhne ana unèn-unèn kang kaya mangkono, dadi ora bisa, wong ngêjibake sihing ratu, kang iku kowe kudu narima, mung kari sapisan iki kowe bisa wêruh aku, sesuk esuk aku mêsthi tumêka ing pati.

Makatên wicantênipun kyai patih dhatêng putranipun, Dyah Tantri lajêng mangsuli, o, rama, dados punika ingkang panjênêngan prihatosakên. Kaparênga kula ngaturi rêmbag, pancènipun inggih botên pantês, anak kok ngaturi rêmbag dhatêng bapa, anamung punika wau inggih saking kumêdah-kêdah kula badhe nyakecakakên panggalihipun rama.

Makatên, rama, manawi badan kula sagêd kagêm, panyuwun kula, mugi kula kaunjukakên dhatêng sang prabu. Bokmanawi kula sagêd ngêndhakakên karsanipun sang prabu, jalaran kasêngsêm mirêngakên dongèng utawi cariyos kula, pêndhêtan saking sêrat-sêrat wulangan utawi sêrat wêwuruk dhatêng lampah sae. Bokmanawi sang prabu lajêng botên mundhut-mundhut garwa enggal malih. Manawi sagêd makatên, rak andadosakên kawilujênganipun tiyang-tiyang sanagari. Pramila, rama, mugi panjênêngan karsaa tumuntên anglêksanani panyuwun kawula.

Kyai patih amangsuli: o, dhenok, bangêt lêga rasaning atiku, dene kowe awèh rêmbug kang mangkono. Sêdyamu iku kêjaba mitulungi aku, iya mitulungi ngêndhakake karsane sang prabu ênggone tansah mundhut [...] bae.[3]

--- 176 ---

Dadi sêdyamu iku kalêbu sêdya sing pinunjul. Ewasamono unèn-unèn iki rasakna:

Mênjangan utawa kidang, babi utawa kêthèk, yèn kowènèhi êmas, mêsthi ora andadèkake bungahe. Kang dadi kasênêngane mung mangan, playon, gêgupak ana ing êndhut-êndhutan, utawa kluyuran ana ing alas.

Manungsa iya mangkono, padha dadi tawananing pêpenginane sing ala utawa sing apik. Mulane ênggèr, kang prêlu dhewe kowe kudu nglêksanani apa kang dadi karsane sang prabu.

Makatên wulangipun kyai patih dhatêng putranipun. Dyah Tantri amangsuli: sampun saèstu kemawon, kula kêdah makatên punika. Anggèn kula badhe ngêmpakakên angên-angên kula, kula pilihakên măngsa ingkang tumrap. Botên pisan-pisan badhe kula unthêt, punapa damêlipun kawruh ingkang saking sêrat-sêrat, manawi botên sagêd mitulungi dhatêng ingkang gadhah nalikanipun wontên ing salêbêting manggih bêbaya. Punapa damêlipun kawruh bab lampah sae, manawi namung dipun umpêtakên kemawon, botên dipun giyarakên. Arak kados dilah ingkang dipun kudhungi kwali. Padhangipun botên sagêd katingal ing jagad, pramila kawruh punika kêdah dipun katingalakên wontên ing salêbêting măngsa ingkang trêp.

Makatên aturipun Dyah Tantri dhatêng ramanipun, kyai patih saklangkung suka manahipun, lajêng mantun prihatos, wangsul lêjar kados wau-waunipun, margi mirêng aturing putranipun. Sang dyah lajêng ngaturi kondur ramanipun dhatêng ing dalêm, aturipun makatên: Taksih wontên sambêtipun.

Pratelan Isining Organ Punika

1. Prêlu kawaos ... kaca 167 | 2. Rad kawula ngrêmbag Porstênlandhên ... kaca 168 | 3. Kok taksih ajêg kemawon ... kaca 171 | 4. Wajibing wanita ... kaca 172 | 5. Pawartos saking rêdhaksi saha dintên sae ... kaca 177 | 6. Pananggalan ... kaca 178 | 7. Nitik Sultan Agungan ...

--- 177 ---

Pawartos Saking Rêdhaksi

Nuwun, awit saking usulipun sadhèrèk warga sawatawis, pratelan dintên sae saha pananggalan ingkang kapacak ing organ, punika kagalih migunani dhatêng ing akathah, namung kuciwanipun anggèning ngêwrat wêdalipun angidaki wulanipun, punika ingkang andadosakên kirangipun piguna, cawadan makatên punika rêdhaksi matur nuwun. Namung murih sami kalaksanan sadayanipun, pratelan dintên sae wau samangke kadamêl kangge salêbêtipun tigang wulan ing wulan Walandi, dene pananggalanipun kaajêngakên sawulan, mila wêdalipun organ ing wulan Dhesèmbêr 1934 punika angêwrat pananggalan ing wulan Januari 1935 makatên sapiturutipun, mugi andadosakên kauningan.

Kasêrat kaping 1 Dhesèmbêr 1934.

Rêdhaksi

Pratelan Kawontênanipun Dintên Sae, Wiwit Tanggal Sapisan Januari Dumugi Pungkasaning Wulan Marêt 1935

I. Ing salêbêtipun wulan Dulkangidah, wontên:

Tanggal kaping 9 utawi kaping 13 Pèbruari, Rêbo Pon, julungpujut, Hyang Yama, mawulu, dadi, bumi kapêtak, lakuning rêmbulan, mantri sinaroja, sangat wiwit jam 10.48 enjing, dumugi jam 1.12 siyang, Amad rijêki.

Tanggal kaping 27 utawi kaping 3 Marêt, Akad Lêgi, mrakèh, Hyang Brama, mawulu, dadi, sri tumurun taman, sumur sinaba, aras pêpêt, macan katawang, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Amad slamêt.

II. Ing salêbêtipun wulan Bêsar, wontên:

Tanggal kaping 22 utawi kaping 28 Marêt, Kêmis Lêgi, maktal, Hyang Kala, tulus, tungle, satriya wibawa, lakuning lintang, sanggar waringin, sangat wiwit jam 6 enjing, dumugi jam 8.24 Jabrail rijêki, utawi wiwit jam 3.36 siyang, dumugi sadalu pisan, Amad slamêt.

--- [178] ---

Januari 1935

[Grafik]

 


tindak-tandukipun. (kembali)
Tulisan tidak terbaca. (kembali)
Tulisan tidak terbaca. (kembali)