Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
11. Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
12. Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 7, Juli 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1135 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Golongan paprentahan praja sarta pangadilan.

Ăngka 233 C/4/I

Bab Nyuwun Gêsanging Pranatan Pratigan

Dhawuh dhumatêng pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa, sêrat paturan katitimasan kaping 4 wulan April punika ăngka 24/487, sampun kula tampèni, bab anggènipun pakêmpalan Narpawandawa nyuwun gêsangipun pranatan pratigan, kula paring sumêrêp, bilih miturut pangrêmbag ing ngajêng pranatan pratigan wau sagêd anuwuhakên pakèwêd warni-warni tumrap para abdi dalêm, mila lajêng kasuwak. Wondene pakèwêdipun wau wosipun, para abdi dalêm kathah ingkang sami gumampil nyambut arta [ar...]

--- 72 ---

[...ta] kalayan sarêman awrat, amargi amung anjagèkakên puputipun botên sagêd nyaur amung lajêng dipun pratiga blanjanipun, utawi wontên ingkang sarana dipun gigat rumiyin lajêng nicil sapratiganing balănja. Awit saking punika panyuwunipun pakêmpalan Narpawandawa wau pakèwêd kaparêngakên, ingkang punika pakêmpalan Narpawandawa supados sumêrêp.

Dhawuh kaping 24 April 1935.

Pêpatih dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adipati W.g. Jayanagara.

Cariyos ingkang lacut, ing donya punika botên wontên adil, sadaya tiyang ingkang ngudi ngadil punika namung ujar ngayawara. Nanging kawuningana: cariyos punika gênah saking botên mangrêtosipun ingkang nama: ngadil, inggih punika sadhengah prakawis ingkang sumèlèh ing panggenanipun ingkang têmtu.

Udaya.

Turunan

Nyuwun Gêsanging Pranatan Pratigan

Ăngka 32/I 492

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, pangrèh Narpawandawa sampun nampèni sêrat dhawuh nagari, katitimasan kaping 24 April 1935 ăngka 233 C/4/I bab anggènipun pakêmpalan Narpawandawa nyuwun gêsangipun pranatan pratigan, pêpatih dalêm pakèwêd marêngakên, amargi kagalih nuwuhakên kathahipun para abdi dalêm ingkang sami gumampil nyambut arta kalayan sarêman awrat, ing sapiturutipun.

Nuwun, sarèhning sasuwakipun pranatan pratigan punika miturut sasêrêpanipun pangrèh Narpawandawa, para santana tuwin abdi dalêm inggih taksih kathah ingkang sami nyambut arta kalayan sarêman langkung awrat, malah ngantos wontên ingkang têlas balanjanipun kangge nicil sambutanipun, dados suwakipun pranatan pratigan [pra...]

--- 73 ---

[...tigan] wau botên migunani dhatêng para santana sarta abdi dalêm, punapa malih pamirêngipun pangrèh Narpawandawa pranatan pratigan punika tumrapipun wontên ing kadipatèn Mangkunagaran taksih tumindak, amila pangrèh nyuwun kalayan sangêt, kaparêngipun nagari paring pangayoman dhatêng para santana saha abdi dalêm wau, sagêdipun sampun ngantos têlas balanjanipun kangge nicil sambutanipun, amargi tumrapipun ing wêkdal măngsa rêkaos makatên punika agêng sangêt pigunanipun.

Wondene bab tuwuhing prakawis warni-warni punika, manawi têrang papriksanipun prakawis tindak akal-akalan, pangrèh Narpawandawa amrayogèkakên nagari anggantungi patrapan piyambak ing samurwatipun, mênggah punika pangrèh Narpawandawa nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 10 Juni 1935.

Pangarsa, Wg. Suryaamijaya.

Panitra, Wg. Purwasastra.

Yèn santana, dèn rila ing labêt tama, mrih tan kêmba, ing lyan gèneman darsana.

K.Th.

Pamêcanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita Nalika Wiyos Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kaping X

(Kintunan saking Radèn Ngabèi Ănggapradata).

Amarêngi ing wulan Sura taun Alip, ăngka 1795, sinangkalan tataning wiwara pandhitaning ratu, ing wanci jam 11 siyang, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX lênggah wontên ing panêpèn (parangkarsa) kaadhêp para abdi dalêm urdênas kasêpuhan, abdi dalêm urdênas ranan- gidês ing kadipatèn anom, pangadhêpipun sami linggih ing palataran panêpèn, sangandhaping wit pêlêm sêngir sangajêng kapilihan, ingkang ngadhêp wontên ing ngarsa dalêm cakêt namung abdi dalêm tiga iji: 1. Radèn Ngabèi Rănggawarsita, ingkang

--- 74 ---

sampun kalokèng rat, abdi dalêm kaliwon pujăngga ing praja Surakarta. 2. Kyai Jaladikara, abdi dalêm juru silêm. 3. Kyai Surasêmita, kawula dalêm tiyang mardika gêgriya ing kampung Rêsanitèn. Ki Jaladikara punika maripatipun kalih pisan cacad calaina, ananging kaparingan palaling Pangeran manahipun sakalangkung wicaksana, sagêd sumêrêp sadèrèngipun winarah, sampun nate kacobi băngsa luhur, kaparingan tigan ayam, tigan punika ingkang nigan babon wulu punapa, sarêng tigan sampun kacêpêng lajêng munjuk, punika tiganing babon balorok, manawi katêtêsakên tigan punika dados ayam jalêr, benjing sagêd dados sawung abênan, ulêsipun wido cêpaka, sukunipun jêne têrus sacucukipun, jalunipun bungalan, cènggèripun wilah, sarêng kanyatakakên dipun têtêsakên, wiwit kuthuk dumuginipun dados sawung pambatangipun Kyai Jaladikara sagêd cocog sadaya. Kados makatên kalangkunganipun sadhèrèk Jawi, manawi sampun sagêd angêmpalakên kawula lan Gusti, utawi satu mungging rimbagan. Kyai Surasêmita punika guru kasunyatan, ingkang sampun nyata sayêktos, sagêd anjampèni sadaya sêsakit, kalayan namung dipun damoni sagêd saras sanalika, dados abdi dalêm tiga ingkang kakarsakakên ngadhêp ing ngarsa dalêm punika, sami gêgêdhugipun ing praja Surakarta sadaya.

Abdi dalêm tiga wau sarêng sampun sami satata, sampeyan dalêm amiyosakên raosing panggalih dalêm, sawêrni ngiras amatêdhani uninga, manawi sapunika, pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana, sampun ambobot tigang wulan, abdi dalêm tiga wau dhawuh timbalan dalêm sami kadhawuhan amêmuji widada raharjanipun pramèswari dalêm saha putra dalêm ingkang taksih wontên ing bobotan wau, makatên malih raosing panggalih dalêm, putra dalêm ingkang taksih wontên ing bobotan punika, benjing badhe miyos kakung, amila abdi dalêm tiga wau dhawuh timbalan dalêm sami kadhawuhan mêsu cipta, kapundhutan pamanggih piyambak-piyambak, punapa inggih lêrês miyos kakung anocogi kados pangraosing panggalih dalêm wau.

Kala samantên ingkang caos unjuk rumiyin abdi dalêm Kyai Jaladikara, unjukipun: kawula nuwun gusti, kaluhuran dhawuh pangandika dalêm,

--- 75 ---

pambobotipun pramèswari dalêm punika benjing saèstu miyos kakung.

Unjukipun Kyai Surasêmita: kawula nuwun, abdi dalêm kawula inggih angunjukakên uninga, putra dalêm ingkang wontên ing bobotan punika benjing miyos kakung. Sarêng sampeyan dalêm midhangêt unjukipun para pandhita kêkalih wau, panggalih dalêm kawistara sakalangkung bingah, katitik saking pasuryan dalêm angantawisi karênaning panggalih dalêm, dening pandangu dalêm taksih dipun wungsal-wangsuli. Kala samantên Radèn Ngabèi Rănggawarsita botên tansah amawas kawontênanipun sarira dalêm, kêdhap-kêdhap lajêng tumungkul marikêlu. Anyênyadhang dhawuhing pangandika dalêm, sampeyan dalêm gêntos andangu dhumatêng Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pandangu dalêm inggih botên siwah kados pandangu dalêm ingkang dhumatêng Kyai Jaladikara 2: Kyai Surasêmita wau. Unjukipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita makatên:

Kawula nuwun, jrih kawula kaabdèkakên, mênggah pandangu dalêm dhumatêng abdi dalêm kawula, pambobotipun pramèswari dalêm punika, unjuk kawula benjing miyos sakalangkung ayu, saha sarwa linangkung samukawisipun, yuswanipun badhe panjang.

Sarêng sampeyan dalêm midhangêt unjukipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita ingkang kados makatên wau, kawistara panggalih dalêm cuwa sangêt, sanadyan unjukipun sadaya sarwa sae, ananging sarêng kaunjukakên badhe miyos putri, punapa ing benjing namung badhe dados putri linangkung, dados pangandika dalêm botên kalajêngakên, ing batos sêmu kadukan, amila lajêng kadhawuhan mundur.

Ingkang ngadhêp ing ngarsa dalêm namung kantun Kyai Jaladikara 2. Kyai Surasêmita, sampeyan dalêm lajêng andhawuhakên dhatêng abdi dalêm parampara kalih wau, unjukipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita wau dhawuh dalêm kadhawuhan anyathêt salêbêting batos, satêlasing pangandika dalêm wau sampeyan dalêm lajêng jêngkar. Kyai Jaladikara, 2. Kyai Surasêmita lajêng sami mundur.

Sajêngkar dalêm wau saya kawungu rêntênging panggalih dalêm, awit saking sangêting pangèsthi

--- 76 ---

dalêm, pambobotipun pramèswari dalêm wau têtêpa kados raosing panggalih dalêm, sagêda miyos kakung, amila sarêng sadintên wau sampeyan dalêm wiwit botên karsa dhahar, ingkang kadhahar namung dhangkèling wurtêl kasêtup, gontas-gantos kalihan êbung panjalin tuwin isining kara kapri, saha sabên dalu sampeyan dalêm lajêng andagan pusaka dalêm Kangjêng Nyai Satomi, dhumatêng ing sitinggil êlèr, sajêngkar dalêm andagan lajêng angubêngi capuri dalêm salêbêting baluwarti, saking rosaning pangèsthi dalêm, salêbêtipun pitung wulan botên wontên sangsayanipun, sarêng sampun dumugi watêsing măngsa miyosipun putra dalêm wau, dados wontên salêbêtipun wulan Rêjêb, saya sakalangkung sangêting pangèsthi dalêm, malah saking cariyosipun abdi dalêm lurah kaparak èstri, sampeyan dalêm namung angunjuk wedang kemawon, enggaling cariyos, sarêng ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 nunggil wulan Rejêb wau, pramèswari dalêm ambabar miyos kakung sayêktos, sugêng botên wontên sangsayanipun, sukaning panggalih dalêm sampun tanpa upami, sarêng wanci jam 10 enjing, sampeyan dalêm lênggah wontên ing panêpèn, abdi dalêm ingkang sami ngadhêp botên ewah kados adat, sampeyan dalêm lajêng andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng Radèn Ngabèi Rănggawarsita, 2 dhumatêng Kyai Jaladikara, 3 dhumatêng Kyai Surasêmita, sarêng sadaya sampun sami sumiwi ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm andhawuhakên pangandika dalêm dhumatêng Kyai Jaladikara, 2 dhumatêng Kyai Surasêmita, sampeyan dalêm amatêdhani tarima kasih dhumatêng abdi dalêm kêkalih wau, dene unjukipun cocog kalihan raosing panggalih dalêm, kala wau pramèswari dalêm sampun ambabar, putra dalêm miyos kakung sayêktos, wasana lajêng andangu dhumatêng Radèn Ngabèi Rănggawarsita, wiyosing dhawuh pangandika dalêm.

Rănggawarsita, kapriye kowe pujăngga kang ora têtêp pamêcamu.

Unjukipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita kalayan sarèh. Kawula nuwun, jrih kawula kaunjukakên, abdi dalêm kawula mêca punapa.

Dhawuhing pangandika dalêm: nalika kowe lan Si Jaladikara lan Si Surasêmita, padha tak patêdhani wêruh rasaning pênggalihku,

--- 77 ---

pambobote pramèswariku Si Jaladikara lan si Surasêmita unjuke wong loro mau padha karo rasaning panggalihku, mêtu lanang, mung kowe kang nyulayani munjukmu mêtu putri, barêng saiki miyos lanang tênan kapriye, kowe têtêp pujăngga goroh.

Unjukipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, kawula nuwun, jrih kawula kaabdèkakên, abdi dalêm kawula botên rumaos munjuk manawi putra dalêm badhe miyos putri.

Sampeyan dalêm kawistara anawung dêduka, Ki Jaladikara, 2 Kyai Surasêmita, sami anêtêpakên manawi kala samantên Radèn Ngabèi Rănggawarsita munjuk ing saandhap sampeyan dalêm manawi putra dalêm badhe miyos putri, sampeyan dalêm saya kawistara duka dalêm dhumatêng Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pangandika dalêm: nalika aku andangu mênyang kowe, aku isih eling bangêt, unjukmu mangkene: benjing putra dalêm badhe miyos ayu, sabanjure, ayu mau mêsthine putri.

Unjukipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, kawula nuwun, jrih kawula kaabdèlakên, manawi dhawuh pangandika dalêm kados makatên punika, inggih lêrês, abdi dalêm kawula lakar munjuk putra dalêm miyos ayu, têgêsipun ayu punika mangayu. Nayogyani, utawi sugêng, kajêng kawula unjukipun prikănca kalih wau abdi dalêm kawula, mangayubagya, utawi anayogyani, sarèhning abdi dalêm pun Jaladikara tuwin abdi dalêm pun Surasêmita, sampun sami munjuk ing sahandhap sampeyan dalêm, bilih putra dalêm lêrês badhe miyos kakung, anocogi kalihan raosipun panggalih dalêm, punika sampun nama tiga-tiganing atunggal, mênggahing raos sampun kêkah sangêt, sanadyan abdi dalêm kawula sampun sumêrêp bilih putra dalêm wau badhe miyos kakung, ananging manawi abdi dalêm kawula lajêng nyakawani inggih munjuk miyos kakung, [ka...]

--- 78 ---

[...kung,] punika saya rosa sangêt raosing panggalih dalêm, kabêkta saking rosaning pangraos panggalih dalêm ingkang makatên wau botên wande lajêng kagêm pangandikan, manawi putra dalêm benjing sampun tamtu badhe miyos kakung, inggih kados makatên punika gusti marginipun anjog dhatêng sêsiku, dene angrumiyini kaparêngipun ingkang adamêl gêsang, utawi ambikak warana ingkang taksih kinêkêr dening Ingkang Maha Kuwasa, mila unjuk kawula abdi dalêm samar, miyos ayu, supados panggalih dalêm cuwa sangêt, sarêng abdi dalêm kawula munjuk makatên, panampinipun panggalih dalêm putra dalêm wau badhe miyos putri, kala samantên sahandhap sampeyan dalêm botên amanjangakên pandangu dalêm dhumatêng unjuk kawula wau, saupami kala samantên sahandhap sampeyan dalêm lajêng mundhut têgêsipun unjuk kawula têmbung ayu, abdi dalêm kawula lajêng munjuk punapa kawontênanipun kados unjuk kawula kala wau, saèstunipun abdi dalêm kawula ajrih sangêt angikibi, sarêng kala samantên pandangu dalêm botên kalajêngakên, manah kawula bingah sangêt, dene badhe kadumugen ingkang dados pangèsthi kawula, amila sahandhap sampeyan dalêm lajêng anawung prihatos, sampeyan dalêm sabên dalu andagan pusaka dalêm Kangjêng Nyai Satomi, saha angêngirangi dhahar dalêm tuwin sare dalêm, mênggah brataning sarira dalêm wau sakalangkung utami sangêt, lajêng sagêd dhumawah dhumatêng putra dalêm ingkang nêmbe miyos, kawula nuwun gusti, jrih kawula kaabdèkakên, putra dalêm ingkang nêmbe miyos punika benjing jumênêngipun Nata Binathara Aanyakrawati, linulutan para ratu măncanagari, sugih mitra para raja-raja, jumênêng dalêm abăndha- bandhu, yuswanipun panjang sangêt, sadaya punika inggih saking uwohipun subrata dalêm wau.

--- 79 ---

Sarêng sampeyan dalêm amidhangêtakên unjukipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita ingkang kados makatên wau, dêduka dalêm ical tanpa tabêt, kados binuncang ing samirana, malik garembyang lajêng andadosakên karênaning panggalih dalêm, wasana wiyosing pangandika dalêm sêmu angêla-êla:

Rănggawarsita, kowe pancèn pujăngga linuwih tênan, aku kang bêgja bangêt, dene jumênêngku nata isih tinunggu ing pujăngga kang linuwih kaya kowe, iya kaya mêngkono mau kuwajibaning pujăngga, bisa mangayu hayuning praja, bisa ngelingake ati kalimput, tak pêpuji kowe awèta ngêmong panjênêngaku, nganti tumêka besuk jumênênge nata putraku kang lagi miyos iki, êmongên kayadene pangêmongmu mênyang aku, tak pêpuji kowe dawaa umurmu.

Sarêng Radèn Ngabèi Rănggawarsita mirêng dhawuh pangandika dalêm ingkang kados makatên wau raosing manahipun sakalangkung kararănta, unjukipun, kawula nuwun mugi angsala pangèstu dalêm.

Wara-wara

Pangrèh Narpawandawa nampèni sêratipun komisi pamulangan kraton Surakarta, katitimasan kaping 22 Juni 1935, ăngka 113, bab kawontênanipun para murid Kasatriyan saha Pamardi Putri, ingkang sami nglêbêti iksamên, voorklas, 1e. klas Mulo, punapadene H.B.S. cacah murid 14 (saking Kasatriyan 11, Pamardi Putri 3) sami lulus iksamênipun sadaya. Ingkang makatên wau nama kalêrêsan tatananipun komisi pamulangan kraton Surakarta, anggèning damêl tatanan anyar kangge lêbêt wêdalipun para murid ing taun kapêngkêr punika, sarta prayogi sangêt kangge anjagi nama utawi ajining kagungan dalêm pamulangan. Wondene pratelan [prate...]

--- 80 ---

[...lan] nama utawi asmanipun para murid ingkang sami nglêbêti iksamên, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

--- 81 ---

Asma dalêm

Tatêdhakan Dhawuhing Pangandika Dalêm

Ingkang dhihin salam ingsun, dhawuha marang sira Pangeran Angabèi wadananing putra santananingsun têngên, Pangeran Arya Kusumayuda, wadananing putra santananingsun kiwa.

Kapindhone, kaparênging karsaningsun, santananingsun canggah Si Jayèngkusuma, sarèhning bisa ngaturake katrangan pasareyane uwakira bok ayu Radèn Ajêng Suratiyah ing desa Mungup, ing saiki Si Jayèngkusuma mau ingsun paringi sêsêbutan panji, banjur jênêng Radèn Mas Panji Jayèngkusuma, ingsun lilani seba sabên ing dina gêdhe, manawa karaton ana gawe, sarta ngabêkti ing panjênêngan ingsun, dene panganggone kaya bocah santana panji, iku banjur dhawuha saprêlune.

Dhawuhing timbalan dalêm, ing dintên Salasa tanggal kaping 23 wulan Rabingulawal, ing tan Jimakir angkaning warsa 1866.

Pratelan Isining Organ Punika:

... Kaca

Turunan dhawuh nagari, bab gêsanging pranatan pratigan ... 71 | Turunan paturan, bab nyuwun gêsanging pranatan pratigan ... 72 | Pamêcanipun pujăngga R.Ng. Rănggawarsita ... 72 | Wara-wara murid Kasatriyan sarta Pamardi Putri, ingkang sami lulus iksamênipun ... 79 | Tatêdhakan dhawuh pangandika dalêm ... 81 | Pananggalan ... 82 | Nitik Sultan Agungan.

--- [82] ---

Agustus 1935

[Grafik]