Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1938-01, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1938-02, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1938-03, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1938-04, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1938-05, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1938-06/07, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1938-08, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1938-09, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1938-10/11, #408. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 4, April 1938

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên sawulan sapisan, ing wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 810 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '38. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Mugi Sampun Kalajêng Salah Kêdadèn

Sadhèrèk rêdhaktur, sawêdalipun sêrat dhawuh kêkancingan nagari, bab amaringi wawênang tumrap para sadhèrèk grad V ngangge sêsêbutan radèn mas, radèn ajêng utawi radèn ayu, lajêng dados rêmbag rame wontên ing samadyaning pabaratan ari utawi kalawarti. Sanadyan wosing rêmbag-rêmbag wau lajêng katingal bilih prakawisipun satunggal-satunggalipun tiyang, ingkang lagak-lagunipun beda-beda, sarta watak bêbudènipun inggih warni-warni, kula mastani nama lajêng salah kêdadèn, awit ing ngriku lajêng isi poyok-pinoyok, satêmah nuwuhakên pangèmbèt dhatêng golongan sanèsipun, ingkang botên tumut punapa- punapa. Tumrap kula piyambak wontênipun namung lajêng bingung, mênggèh-mênggèh, sabab dening sulaya kalihan karsa tujunipun Narpawandawa angudi tumurunipun sêsêbutan wau, namung kula rumaos [ruma...]

--- 50 ---

[...os] ontung, dene lajêng wontên sadhèrèk asêsinglon S. Tj. S. kaparêng paring gêgubahan wontên ing D.K. ăngka 50 sarta 51 minăngka pambengkasing rêmbag, murih para warga Narpawandawa sami uninga, kula têdhak sungging kemawon, kados ngandhap punika:

Rahadi

Trahing kusuma, rêmbêsing madu, ngèsthi tama, ambêg rahayu

Dening S.Tj. S.

Rêmbag bab radèn mas anyaran dèrèng wontên mêndhanipun. Kula kêpêksa nimbrung, awit lacuting ginêm, kula raosakên botên sakeca. Sanès pikajêng kula sumêdya nangkis panyaruwe dhatêng para radèn mas anyaran wau. Lênging manah kumêdah-kêdah mungkasi rêmbag, sampun ngantos kêpanjang-panjang.

Ingkang rumiyin bab panganggenipun têtêmbungan, wola-wali kula mrangguli têmbung: radèn mas panti pidana. Kula botên widagda ing basa, ewadene wani mastani, êmpaning têmbung wau gadhah lêgêtan murang kasusilan. Kula tumut kataman, raosipun dhatêng manah anjarêm sangêt. Kula mangrêtos bilih ingkang dipun pikajêngakên: radèn mas panti pidana, punika santana dalêm grad IV minggah. Wontênipun kasêbut makatên, awit kalunturan sihing narendra wicaksana, manawi kenging prakawis ingkang nyêrêg sanès pangadilan gupêrmèn. Samantên ugi manawi ngantos katliwêng, botên kapondhokakên nunggil sênthong kalihan dèn bagus (kamar tikus).

Kapisan, têmbungipun sampun kalèntu. Têmbung: radèn mas panti pidana, punika nawung raos: ndara ukuman.

Lêrês, ujubipun ingkang sami tirah wontên ing srimanganti punika dipun êrès, têmbung êrès, punika sagêd ugi blastêran saking têmbung mănca in arrest. Lêrês lêpatipun nyumanggakakên. Namung sanadyan ujubipun dipun êrès, anjingipun inggih dipun pidana, dipun kunjara. Punapa botên anjarêm?

Kaping kalih, wontênipun têtêmbungan radèn mas panti pidana, ingkang lajêng dipun sisihi radèn mas ngarêp Kauman, punika tumandukipun dhatêng bêbrayan kabangsan botên sae, awit gadhah raos misah-misahakên. Măngka wêkdal punika kula sadaya kêdah tansah [ta...]

--- 51 ---

[...nsah] ambudidaya nyantosakakên raos manunggil kados idham-idhamanipun Parindra. Kula botên rila sangêt wontên lêkas ingkang tundonipun namung damêl onya, ngrêrêndhêti lampah ngudi kamulyan saha kawibawaning băngsa.

Katiga, bab wêwênanging pangadilan tumrap sadhèrèk grad V punika sampun wontên ingkang majibi piyambak, Narpawandawa anggènipun nyuwunakên sêsêbutan radèn mas tumrap warèng dalêm sampun kalihan wêwênangipun. Mila sadaya rêmbag pangowêl punapa pamurina, nanging yêktinipun namung nyêmoni, sinêbut radèn mas tanpa guna yèn dudu radèn mas panti pidana, punika namung rêmbag lalawora, rêmbagipun tiyang ingkang sawêg brai nyêrat ing pustaka warti. Narpawandawa botên tanggêl-tanggêl anggènipun manah bab punika. Mila inggih sampun andhapuk panitya, nyinau bab wêwênang wau.

Prakawis pangadilan tumrap santana dalêm punika sanès rêmbag gampil-gampilan, mila sampun age-age mêdharakên pamanggih. Saru: nun. Sisip sêmbiripun sagêd malorodakên drajading sêrat kabar.

Kalihdene malih, dados radèn mas têka butuhe dhewe didèkèk ngarêp. Wontên ingkang nyariyosakên, gothanging wêwênang babagan pangadilan wau damêl kêndho, nglokro, botên gadhah bayu ...

Têka mêmêlas têmên. Punapa anggènipun dados radèn mas punika namung badhe dipun angge sangu culika, êmbuh dadine, anggêr ora ana wetan kabupatèn kutha.

Ya talah, punapa inggih namung samantên punika drajading băngsa kula sami. Manawi nyata wontên kandhutaning manah makatên, baya bêbrayan kula sami wêkdal punika sampun ngêmprok-êmprok, prêlu dipun wangun anyar ...

Kula gadhah pangintên, wêdharaning pamanggih wau namung saking baudipun tiyang ingkang canggèh, padune tunggak waru ora mèlu-mèlu.

Kawuningana, dados ndara punika kinêmulan kawajiban awrat, radèn mas, inggih: rahadi. Wrêdinipun anggènipun tinitah gêsang ing ngalam dunya namung tansah makarti, tanpa kêndhat ambabar kautaman, nut ing jaman kalakone, nênuntun ngayomi kawula, nanggêl bot-repoting praja, nanggulangi bêbaya, mêmayu hayuning praja. Ambêg rahayu, têgêsipun ngracut raos-pangraos, sêpên ing suprih pamrih.

--- 52 ---

Dados, ndara sampun têka butuhe dhewe didokok ngarêp, mung sênêng sing diudi.

Satriya kawajiban nanjakakên gêsangipun kados pêpêthan kasêbut ing nginggil.

Kula isin dados, ndara botên wani suwita praja, ngabdi dhatêng băngsa, botên wani rêkaos tumandang anggayuh kamardikan, kamulyan, kawibawan.

Pêpèngêt sampun ngantos sarêng sinêbut radèn mas lembehane gèsèh, pacake beda, ngêdir-êdirake, sapiturutipun, punika namung damêl karêrantaning manahipun para ingkang tanggap dhatêng kêdhap kilating jaman, pana panyawangipun dhatêng gêlar wutahing kawontênan.

Jaman sampun padhang têka taksih wontên tiyang ingkang ambabar prêntuling manah, kaya iya- iyaa.

Kula akêni, satunggal kalih tamtu wontên warèng dalêm ingkang lajêng lali ing purwa duksina. Namung makatên punika botên kenging sarta inggih botên sagêd dipun angge wêwaton ngêngis-êngis, nyênyêmoni. Manawi karaosakên, sintên baya ingkang nandhang kalingsêman, botên sanès inggih băngsa kula sami. Coba dipun êningakên. Ingatasipun sampun andungkap santun jaman, sampun ngancik XXe Eeuw, têka băngsa Indhonesiah taksih dipun wêjang barang ingkang rèmèh, punapa botên mêmêlas.

Tutuping atur kula, para sadhèrèk warèng dalêm, sumăngga sami nyantosakakên pakêmpalan kula Narpawandawa, sampun ngopèni barang rèmèh.

Papan ing Parindra inggih taksih kathah ingkang maluwa. Suwawi, mupung gêdhe rêmbulane.

Sêsantine wandawaning nata: Trahing kusuma, rêmbêsing madu. Ngèsthi tama, ambêg rahayu. Tan lyan gène mandarsana. Swarga ginawe ayu.

--- 53 ---

Sadhèrèk rêdhaktur, wontênipun bab punika kula sangsangakên wontên ing ngriki, pikajêng kula botên badhe mêmanjang rêmbag, nanging andhèrèk idhêm sadhèrèk S.Tj.S. wau, sumăngga para santana wiwit grad V minggah, sami saiyêg saeka kapti, mêmayu adêging nagari, mrih lastari, sinartan dhêdhasar utami, luhura jêng sri bupati.

Trah Ngèksigănda

Santana Dalêm Grad V

Sakalangkung suka sukur kula ing Pangeran, saha sêmbah sungkêm kula ing sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, punapa malih sakalangkung gênging panuwun kula katur Narpawandawa, dene santana dalêm grad V samangke kawênangakên ngangge sêsêbutan darah, ingkang jalêr radèn mas, ingkang èstri radèn ajêng, manawi sampun emah-emah radèn ayu. Kadadosan makatên wau botên liya inggih namung saking panggrêguting tandangipun Narpawandawa, saking kawicaksanan dalêm, saha saking kuwaosipun ingkang Murbèng Alam. Kêmpalipun daya kêkiyatan têtiga ing nginggil punika ngantos sagêd amujudakên kêkancingan nagari katitimangsan kaping 25 Januari 1938 ăngka 1 C/4/I. Awit saking punika [puni...]

--- 54 ---

[...ka] kula sadaya wajib anjagi tuwin ambantu murih widadaning adêgipun Narpawandawa, tuwin kasêmbadaning sêdyanipun Narpawandawa, dening Narpawandawa pancèn satunggiling pakêmpalan ingkang labêt labuh tuwin inggih anjagi sayêktos dhatêng jêjêg adêging karaton dalêm, punapadene inggih sakalangkung ing sungkêmipun saha angluhurakên ing panjênêngan dalêm nata, mila inggih pantês kula rungkêbi sarta kula bantu kanthi tekad sakatogipun.

Mênggahing kabatosanipun, kula sadaya santana dalêm grad V sanajan tanpa tăndha wujud barang-bèrèng, inggih sampun dados darahing panjênêngan dalêm nata. Namung mênggahing kalairanipun, punika kêdah mawi wujud paugêran. Awit saking punika, mila kula kêdah damêl paturan sagêdipun angsal pikêkah saking ingkang wajib. Supados botên ngaping kalih damêl, utawi botên slura-sluru, kula ngaturakên rèngrèng kados ing ngandhap punika.

Atur kula radèn mas/radèn ayu (*)[1] ...

... griya ing kampung ... bawah kaondêran dhistrik ing ...

... kabupatèn ... katur pangagêng ...

Nuwun ingkang kula aturakên, kula ngaturi uninga, miturut wêwaton sêrat dhawuh kêkancinganipun pêpatih dalêm, katitimasan kaping 25 Januari 1938, ăngka 1 C/4/I kula gadhah wawênang sêsêbutan radèn mas/radèn ayu (*) amargi kalêrês santana dalêm grad V saking Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping ... urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:

Eyang canggah bandara kangjêng pangeran/bandara radèn ayu (*) ... putra/putra ingkang sinuhun kaping ... wau: pêputra.

Eyang buyut bandara radèn mas/ bandara radèn ayu (*) ... pêputra.

Eyang radèn mas/radèn ayu (*) ... pêputra

Bapa radèn mas/ibu radèn ayu (*) ... kawrat ampilanipun pikêkah santana katitimasan [kati...]

--- 55 ---

[...timasan] kaping ... ăngka ... lajêng anak-anak.

Kula radèn mas/radèn ayu (*) ... lair nalika ing dintên ... tanggal kaping ... utawi kaping ... wontên ing kampung/dhusun (*) bawah kalurahan ... ondêr dhistrik ... wadana dhistrik, kabupatèn ing ...

Ingkang punika salajêngipun kula kaparingan pikêkah kadarahan, nyumanggakakên saha nyuwun cumadhong dhawuh.

Katur tanggal kaping ...

Tăndha nama

Sêrat paturan wau kêdah tumuju dhatêng pundi,[2] mawi katêmênakên dhatêng pangrèh praja punapa botên,[3] utawi mawi saksi punapa botên, sarta waragadipun pintên.[4]

Kajawi punika kula nyuwun sêsêrêpan, santana dalêm grad gangsal wau:

Ha: madana dhatêng pundi.[5]

Na: sagêd kalêbêt dados warga Narpawandawa utawi Putri Narpawandawa punapa botên.[6]

Ca: pangadilanipun wontên pundi.[7]

Ra: sandhang panganggenipun punapa sampun sami kalihan grad sanès-sanèsipun.[8]

Ka: wêwênangipun suwita punapa inggih sampun sami kalihan grad sanès-sanèsipun. Kados ta: dados magang dèn masan. Manawi wontên kawadanan prajurit, dados polêntèr, kenging sakolah Kasatriyan, Pamardi Putri utawi Pamardi Siwi, tuwin sapanunggilanipun.[9]

Wasana matur nuwun.

Warèng.

--- 56 ---

Sumungkêmipun Kawula Santana ing Ratu Gustinipun

Ing salêbêtipun sami usrêg angrêmbag suwaking ngabêktènipun para santana dalêm, ingkang sami dados abdi dalêm, kados ingkang sampun kawrat ing kalawarti ngriki, nama rêmbag dèrèng rampung, rêdhaksi nampèni sêrat kintunan saking sadhèrèk warga R.L. Darmasucitra, bab anggènipun ngonjukakên babêktèn, awarni pêpêthan tugu, turunanipun sêrat paturan kados ing ngandhap punika:

Atur kawula Darmasucitra, abdi dalêm lurah damêl ing kadipatèn anom, katur ing parentah kabupatèn patih kadipatèn anom, panjênêngan dalêm Kangjêng Radèn Mas Arya Jayadiningrat.

Nuwun ingkang kawula aturakên, nalika pakêmpalan Narpawandawa ambikak tugu pisungsung, pangèngêt-èngêt tingalan dalêm têtêp yuswa 72 taun, mawi kaestrenan para putra santana dalêm, tuwin para wakilipun pakêmpalan-pakêmpalan sawatawis, ingkang sami mahargya nalika tingalan dalêm têtêp yuswa 72 taun wau, sasampunipun kalampahan kabikak, adamêl katêtangining manah kawula, langkung malih kawula nyumêrêpi pintên-pintên cacahing tugu pangèngêt-èngêt nyarêngi tingalan saha jumênêngan dalêm, gusti ratu pêpundhèn kawula, ing pundi-pundi panggenan, punika saya amimbuhi dêrênging manah kawula, amila kawula lajêng kamipurun anêmpuh biyat sumêngka pangawak braja, ngunjukakên babêktèn awarni pêpêthan tugu alit, garapan kawula piyambak, kagêm mèngêti amarêngi tingalan jumênênganipun pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas 23 taun, mênggah pêpêthan tugu alit wau amung minăngka unjuk sêmbah sungkêm kawula sakukuban, ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan.

Nuwun, ingkang punika pantês konjuk utawi botênipun, kawula sumăngga ing parentah, saha nyuwun dhawuh.

--- 57 ---

Sasampunipun sêrat paturan wau kalampahakên, nalika ing dintên Slasa kaping 22 Bêsar Ehe 1868, pêpêthan tugu konjuk ing ngarsa dalêm, anuntên dintênipun Kêmis kaping 24 ugi Bêsar kapêngkêr punika, wanci jam satêngah pitu enjing, Radèn Lurah Darmasucitra tampi dhawuh dintên wau wanci jam 10 katamtokakên sowan, mangangge kêmisan rasukan sikêpan agêng cêmêng, anjujug ing kantor marduyagnya. Ing sajêngkar dalêm lênggah miyos siniwaka, abdi dalêm ajidan kautus nimbali, lajêng kairit majêng, sowan ing palataran kalêrês cêlak pasowananipun Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat. Ing palataran pasowanan taksih andhèr supênuh dèrèng ewah, sasampunipun majêng, Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat andhawuhakên ing timbalan dalêm, wosipun Radèn Lurah Darmasucitra kapatêdhan ganjaran mêndhali pangèngêt-èngêt nalika putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun yuswa 16 taun, salajêngipun dipun pasangakên pisan ing rasukan, kalêrês ing dhadha kering, kadhawuhan ngangge ing salami-laminipun. Dhuh samantên kawicaksananing panggalih dalêm gusti ratu pêpundhèn kawula, tamtunipun sapintên gênging manahipun ingkang nêmbe tampi têtêngêr mêndhali, bêbasan sagunung Kut, dene tampi ganjaran dalêm wontên ing pasewakan taksih dèrèng bibaran, majêngipun katingal angegla, dening botên wontên sêsarênganipun, mênggah agênging manahipun ingkang kapatêdhan ganjaran dalêm têtêngêr mandhali wau, botên namung wêkdal nalika nampèni kemawon, nanging tansah kaèngêt-èngêt ing salami-laminipun, jalaran kalamăngsa manawi nuju pasowanan, pajagongan sasaminipun, têngêr sih kamirahan dalêm wau tamtu dipun angge, satêmah amêwahi asrining sawangan, saha mimbuhi bingaring guwayanipun.

Mênggah pikajêngipun rêdhaksi ngêwrat bab kasêbut ing nginggil wau, amung dadosa tăndha pasaksèn, bilih sumungkêmipun kawula santana dalêm punika taksih agêng sangêt, dados para sadhèrèk botên prêlu kuwatos, bilih suwaking ngabêktèn wau botên badhe salami-laminipun, ugêr sampun nyarêngi wahyaning masakala, saèstu badhe sagêd wangsul kalilan ngabêkti malih, mila sumăngga sami dipun sêsuwun kemawon, dhumawuhing suwakan ngabêktèn, lajêng linintu dhawuh kados èsthining manahipun pangrèh Narpawandawa, ingkang sampun kawrat ing căndrawarti ăngka 2, mugi tumuntên kinabulna.

--- 58 ---

Nata, Satriya, Kawula

Kêdah dados sêsangkulanipun Narpawandawa, dening S. Sasramijaya.

Ha: Nyampurnakakên olah kasubratan, mila ing jaman kina para putra wandawaning nata kathah ingkang dipun puruhitakakên dhatêng para rêsi maharsi, tujuning puruhita wau anjêmbarakên sasêrêpan. Kulina gêsang sêsrawungan kalihan para kawula.

Na: Nyampurnakakên olah kaprajuritan, amargi ing têmbenipun badhe dados tatungguling para kawula, sagêdipun para kawula agêng kapitadosanipun.

Ca: Ambêk wêlasan saha pitulungan.

Dados manawi makatên wajibipun para satriya wau, prawira santosa ambêg utami, mila panjênêngan para maos nun inggih lajêng sagêd nguningani, bilih para satriya botên kagungan dhêdhasar ambêg makatên wau inggih nama ical talêsing kasatriyanipun, kantun pangaran-aran kemawon, punapa yêktos panjênêngan para satriya, kantun narimah pangaran- aran.

3. Kawula.

Kawula punika gadhah kawajiban, tumut nyanggi bot-repotipun praja, sarana daya kakiyataning băndha tênaga pikiran. Mila manawi karaosakên kalihan êninging manah, jêjêring praja utawi nagari têmtu botên badhe sagêd katilar salah satunggalipun, saking wêwicalan têtiga wau, nata, satriya, kawula.

Tigang tataran wau dumugi sapunika kadospundi gêgancênganipun, tataran nginggil (nata) manawi nguningani dhatêng tataran andhap (kawula) têmtu kemawon kirang trêwacanipun. Jalaran saking têbih, makatên kosokwangsulipun, tataran ngandhap, tumênga dhatêng tataran nginggil, têmtu inggih sulapipun. Mila ingkang langkung sayogi tataran têngah (satriya), ingkang minăngka tusêtèl, kontakanipun. Nanging manawi kula ningali kawontênan sapunika, punika dèrèng wontên gêgancênganipun bilih tataran têngah dados tusêtèl, têgêsipun kaparêng tumiyung mangandhap, lajêng tumênga manginggil.

--- 59 ---

Manawi nitik ingkang gumêlar sapunika sintên ingkang pantês utawi sampun lênggah ing perangan têngah kajawi pakêmpalan kita para darah (Narpawandawa) utawi sanès-sanèsipun, ingkang kêdah ambudi saha rekadaya, perangan têngah wau sagêd sami anglênggahi wajib, dados tataranipun nginggil lan ngandhap. Mila inggih lajêng kula gêrba kemawon, kados ukara ing nginggil: kêdah dadosa rangkulanipun Narpawandawa.

Sapunika ihtiyaripun Narpawandawa, murih kadumugèn sêdya wau, para manggalaning Narpa botên badhe kakilapan. Ewadene kula kapêksa ngaturakên ular-ular pamanggih manawi kagêm. Sagêdipun dados sêsambêtan ingkang sajati bilih Narpa sampun kagungan papan kangge nglairakên pamanggih, saking golongan nginggil têngahan sarta ngandhap, kadhapuk sêrat kabar apêsipun kalawarti (Weekblad) sokur sagêd ariwarti, mungguhipun sêrat kabar wau lajêng kaparingan pêparab Satriya.

Ancasipun sêrat kabar Satriya, kêdah nyakup kawontênaning tigang tataran wau, kados ta:

Ha: paring sasêrêpan utawi katrangan, manawi wontên pakabaran ingkang ngengingi sarira dalêm nata, ingkang botên nyata (Persdienst).

Na: Bageyan têngahan, satriya. Tansah suka margi kautamèn, gêgancanganipun dhatêng indhaking kapitadosanipun para kawula.

Ca: nampèni saha migatosakên swaranipun para kawula, makatên pamanggih kula.

Wasana tutuping gubahan kula punika kula pêpuji, mugi dadosa panggalihanipun Narpawandawa.

S. Sasramijaya.

Kandêlan Kêmalo Abrit

Kula nuwun, sadèrèngipun kula ngandharakên pamanggih kula, tamtunipun panjênênganipun pangrèh Narpawandawa sampun botên kêkilapan tuwin botên kirang trêwaca, ananging kula kapêksa usul kangge ngiyatakên pitakènipun M.Ng. Nitisuharja, ing Gondhangwinangun (Klathèn) kawrat ing palapuran taunan adêg-adêg [adê...]

--- 60 ---

[...g-adêg]

5 căndrawarti Narpawandawa ăngka 1 kaca 4 pancèn saupami lajêng dipun parêngakên kathah paedahipun, kados ta: 1 ngindhakakên ajining santana dalêm putri, 2. lajêng salaras kalihan tumindakipun prakawis, dening sampun dipun parêngakên tumindak wontên pangadilan dalêm pradata, 3. damêl kamayaran, saya wêdalipun măngsa rêkaos punika, awit ragadipun sakêdhik, warninipun èdi, aji enz botên dupèh kula kabêkta salakirabi, ingkang langkung prayogi paedah agêng lajêng damêl kamayaran punika wau. Wondene èwêt pakèwêtipun, sarèhning dados panganggèn, saupami pindhahan lajêng botên semah santana dalêm, punika mênggahing pamanah kula langkung gampil anggèning badhe ngicali,[10] sampun ngantos lastari ngangge kêmalo abrit, saya panjênênganipun pangrèh langkung waskitha, botên langkung sumăngga ingkang wajib anggalih.

Darmasucitra.

N.B. Gandhèngipun kalihan kawontênan grad V sarèhning sampun dipun parêngakên sêsêbutan R.M. prayogi kasuwunakên pisan.

Kawruh Têtakan

Nuwun, sanadyan prakawis têtakan wau tumrap băngsa kita, botên nama barang anyar, nanging pangintên kula taksih kathah para sanak sadhèrèk ingkang dèrèng wuninga piguna tuwin sarananipun manawi lare ingkang dipun têtaki wau manggih rubeda, amila badhe ngandharakên bab têtakan wau, ingkang supados saya nambahi sêsêrêpanipun para sanak sadhèrèk ingkang kaparêng migatosakên, mênggah kawruh bab têtakan ingkang badhe kula andharakên punika awêwaton sêrat ingkang kadamêl ing kabupatèn Kridhanirmala, nanging amung kula pêthiki ingkang prêlu-prêlu kemawon, kados ing ngandhap punika.

Sadèrèngipun amratelakakên andharanipun kawruh têtakan, langkung rumiyin angandharakên mulabukanipun tiyang dipun têtaki, punika miturut cacriyosan wiwit kala panjênênganipun Kangjêng Nabi Ibrahim, kagungan mala wontên ing dakar.

--- 61 ---

Sagêdipun waluya sarana mawi kabêlèk ikutipun. Sasampunipun kabêlèk wau kangjêng nabi nguningani manawi ing nglêbêt ikut punika ngandhung sêsukêr, amila lajêng kagungan panggalih:

Ha: langkung prayogi bilih prakawis ambikak ikut wau katindakakên sadèrèngipun kenging sêsakit, prêlunipun supados botên ngandhung sêsukêr, sarta botên gampil kenging sêsakit.

Na. Manawi gadhah mala wontên ing dakar, măngka ikutipun dèrèng bêlekan, badhe botên gampil pangupakaranipun.

Ca. Langkung prayogi bilih para sakabatipun, saya malih sadhengaha tiyang jalêr sami purun ambêlèk ikutipun wau, amila sintên ingkang badhe ngrasuk agami, dipun wajibakên ngêdalakên rah sakêdhik sarana ambêlèk kulitipun, lajêng sêsuci dhatêng sêndhang bong, tinimbang bêlekan kulit wau dhawah saênggèn- ênggèn ingkang kirang têgês, panggalihipun kangjêng nabi langkung prayogi kadhawahakên ing dakar, kingkang [11] lajêng sagêd kalih-kalih damêl, inggih punika: têtak tuwin anglampahi sunat agami.

Dados têtak punika têgêsipun ambikak, ambêlèk, utawi nyidhang, ikuting dakar, ugi kalêbêt babagan kasarasan, amila sampun mapan samangke bab têtak wau katambahan kawruh kadhoktêran. Miturut kadhoktêran bab punika kaperang dados 4 inggih punika:

1. Bab rêsikan, têmbungipun kadhoktêran, sêtiril (Steriel) tuwin dhèsinpèksi (desinfectie).

2. Pangirisipun.

3. Pangukara[12] sasampunipun ris.

4. Tumindakipun têtulung, manawi wontên sabab, ingkang kawastanan bludhêng (bloeding = ngêdalakên rah têrusan).

Kauningana, sadaya barang wujud punika wontên krumanipun (bacil bacterie) inggih kruma-kruma wau ingkang ambêbayani, satêmah nuwuhakên sêsakit, tetanus sagêd [sa...]

--- 62 ---

[...gêd] anjalari tiwasipun ingkang kataman sêsakit wau. Makatên ugi sadaya pirantos ingkang kangge nêtaki, tuwin tanganipun juru nêtaki (bong) sarta dakaripun ingkang dipun têtaki, punika sami wontên krumanipun, pramila sadèrèngipun tumindak nêtaki, kruma-kruma wau kêdah kasirnakakên langkung rumiyin. Mênggah sagêdipun katingal kruma-kruma wau dipun tingali mawi mikroskup (microscoop) ihtiyaripun supados botên ambêbayani, sarana dipun rêsiki mawi jampi-jampi, kados ta: mawi sublimat 1% lisol (lijsol) 3 % utawi sanès- sanèsipun (makatên punika ingkang kawastanan desinfectie) dipun bêntèri sacêkapipun, upaminipun kagodhog ngantos ¼ jam dangunipun (kapetang saking wiwit umobing toya). Manawi barang punapa pirantos sanès-sanèsipun wau sampun dipun rêsiki miturut wêwaton ing nginggil, utawi sampun kagodhog, punika kawastanan sampun Steriel têgêsipun sami pêjah kruma-krumanipun, makatên ugi ikuting lare ingkang badhe dipun têtaki, inggih kêdah dipun damêl sêtèril, sadaya wau sadèrèngipun kangge ing parlu kêdah kapiyambakakên, sampun ngantos gêgêpokan kalihan barang-barang sanèsipun, ingkang botên Steriel prêlunipun supados botên anguwatosakên anulari punapa-punapa dhatêng ingkang dipun garap. Dene urutipun wisuh tangan (desinfectie) makatên.

1. Sasampunipun kuku- kukuning driji dipun kêthoki, lajêng wisuh toya angêt mawi sabun, mawi sikat, ngantos dumugi sikut. Jêpitaning kuku-kuku tuwin sêla-sêlaning driji dipun sikati, ngantos 10 mênit dangunipun.

2. Lajêng wisuh toya angêt mawi sipsiperitus (zeepspiritus) ugi mawi sikat, patrapipun kados ing nginggil (adêg-adêg 1) dangunipun antawis 3 mênit.

3. Sasampunipun lajêng wisuh malih ingkang kaping tiga, mawi sêpiritus dhelitus (spiritus delutus) patrap saha dangunipun sami ing nginggil.

4. Lajêng wisuh malih ingkang kaping sakawan (pungkasan) mawi sublimat (sublimat) utawi lisol (lysol) patrap sarta dangunipun sami ing nginggil.

Dados wisuh kawan rambahan wau gunggung dangunipun antawisipun ¼ jam. Amung

--- 63 ---

tumrap bong limrahipun cêkap wisuh mawi toya angêt mawi sabun, lajêng lisol, oplosing, mawi sikat, patrapipun kados ing nginggil, dene dangunipun 20 mênit.

Pirantosing nêtaki, kados ta: sogok, japit sapanunggilanipun, manawi badhe kangge kêdah dipun sêtêril rumiyin, kagodhog antawis ¼ jam, kapetang saking umobing toya, lajêng kasadhiyakakên dalah sawadhahipun ingkang kangge anggodhog. Ugi kenging pirantos-pirantos wau kapindhah ing wadhah sanèsipun, nanging wadhah wau inggih kêdah ingkang sampun sêtèril (Steriel) dene anggènipun madhahakên kêdah mawi pingsèt (pincet) ingkang ugi sampun sêtèril. Wondene patrapipun damêl sêtèril wadhah wau, kados ing ngandhap punika. Taksih wontên sambêtipun.

Isinipun Organ punika

1. Mugi sampun kalajêng salah kêdadèn ... kaca 49 | 2. Katrangan ambênêrake luputing panulis ... kaca 53 | 3. Santana dalêm grad V ... kaca 53 | 4. Sumungkêmipun kawula santana ing ratu gustinipun ... kaca 56 | 5. Nata, satriya, kawula ... kaca 58 | 6. Kandêlan kêmalo abrit ... kaca 59 | 7. Kawruh têtakan ... kaca 60 | 8. Pananggalan

 


(*) § Pundi ingkang botên kangge kacorèka. (kembali)
§ Dhatêng pangagêng kantor C kapatihan. (kembali)
§ mawi. (kembali)
§ Waragadipun lintu panyêratan f 1,- lintu sègêl f 1,50. (kembali)
§ Dèrèng sagêd ngaturi katrangan, sabab sawêg dados panggalihan. (kembali)
§ Sawêg dados pamanahanipun panitya ingkang kapatah manah bab ewahing pranatan baku Narpawandawa. (kembali)
§ Ugi sawêg dados pamanahanipun panitya babagan pangadilan. (kembali)
§ Pamirêng kula pangrèh sawêg gadhah atur dhatêng kawadanan putra santana dalêm. (kembali)
§ Pamirêng kula pangrèh sawêg gadhah atur dhatêng kawadanan putra santana dalêm. Red. (kembali)
10 § Rekanipun kadospundi. Red. (kembali)
11 ingkang. (kembali)
12 Pangupakara. (kembali)