Pusaka Jawi, Java Instituut, 1925-01, #334

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1925-01, #334. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1925-01, #334. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka 4, Januari 1925. Taun III

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. KATS), Radèn Sastrawijana.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi punika kakintuna dhatêng redhaksi: Salembah 28 Wèltêprèdhên. Sêrat-sêrat panêmbung dados lêngganan, kakintuna dhatêng administrasi: Kêtonsirih 64 Wèltêprèdhên.

Rêginipun sêrat wulanan punika: f 3 sataus,[1] sarta kêdah kabayar rumiyin. Sintên ingkang kaparêng lêngganan, apêsipun kêdah tumrap sataun. Manawi tumbas amung satunggal nomêr, rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- satêngah kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 manawi lêngganan kamirahakên.

--- 49 ---

Pèngêtan Wontênipun Parêpatan Agêng

(Pasrasehan Basa Tumrap Basa Jawi)

Parêpatan punika manggèn wontên ing gêdhong kumidhi gadhahanipun tuwan Renêkêr ing Pasar Pon Surakarta, dhawah ing dintên Rêbo surya kaping 8 Oktobêr sarta ing dintên Kêmis kaping 9 Oktobêr 1924. Wanci jam satêngah sadasa enjing parêpatan katapukakên.

Para pangrèh Yapha Insêtitut ingkang wontên: Radèn Arya Dhoktor Husin Jayadiningrat, pangarsa, Tuwan Kopêrbèrêh, panitra ngiras artaka, sarta Tuwan Kat, warga.

Para warganing bêbadan nampèni tamu ingkang rawuh saha dhatêng: Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, Bandara Radèn Mas Arya Wuryaningrat, Tuwan Insinyur Mun, Radèn Mas Ngabèi Yasadipura, Radèn Mas Ngabèi Prawirasartana, Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, Mas Ngabèi Yasawidagda, Mas Ngabèi Martasuwignya, tuwin Mas Dêmang Amongdênta.

Para tamu luhur sarta tuwan-tuwan ingkang rawuh: Kangjêng Tuwan Residhèn ing Surakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Radèn Adipati Arya Purba Adiningrat, bupati ing Sêmarang, ajung insêpèktur tanah Jawi Wetan Mas Budiarja, Tuwan Dhoktor phan Andhêl, Tuwan Pastur phan Lit, Tuwan Pastur Lukas, Insêpèktur pamulangan Jawi Tuwan Krus, dhirèktur pamulangan normal guru bantu Tuwan Pandhig, sarta Tuwan Dhoktor Krèmêr, pujăngga basa Jawi Kina ing Ngayoja.

Pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ngintunakên wakil, Budi Utama êpang Sala, Pahêman Radyapustaka ing Surakarta, Mardiguna, Kridhawacana, kwiksêkulbon pangrèh agêng, kwiksêkulbon êpang Sala, Mardibasa ing Surakarta, Suryangalam ing Sêmarang, pakêmpalan P.G.H.B. êpang Sala, wakil guru-guru Jawi ing Lamongan, ing Malang, ing Banyumas, ing Sêmarang, ing Indramayu, tuwin Balepustaka ing Batawi.

Sêrat kabar ingkang ngintunakên wakil: Dhê Lokomotiph, Surabaya Koran, Budi Utama, Dhêtak, sarta Darmakăndha.

Sarêng sampun satata pangarsa Radèn Arya Dhoktor Husin Jayadiningrat, ngaturakên panuwun ing ngarsanipun para luhur, para tuwan, para pakêmpalan sarta sêrat kabar ingkang sami ngintunakên wakil, tuwin dhatêng sadaya ingkang sami mrêlokakên dhatêng ing parêpatan. Punapadene katur ing kangjêng pangarsa bêbadan nampèni tamu, dene sampun nyadhiyakakên dalêmipun kangge papan pêpanggihanipun sadaya tamunipun Yapha Insêtitut, makatên ugi sadaya ingkang sami tumut rêrencang sagêdipun pasrasehan basa Jawi kalampahan. Langkung-langkung [Langkung ...]

--- 50 ---

[... -langkung] matur nuwun dhatêng sadaya ingkang sami kasdu dados juru sêsorah.

Sadèrèngipun kabikak, pangarsa ngaturakên mulabukanipun angwontênakên ada-ada damêl pasrasehan tumrap basa Jawi. Ingkang suwau awit saking rêraosanipun sadhèrèk Suryadiraja tumrap munduripun basa Sundha, sabab dening ajêngipun basa sanès ing tanah Pasundhan. Rekadaya kadospundi murih bab punika dipun gatosakên dening ingkang sami kawogan. Kalampahan lajêng ngwontênakên ada-ada pasrasehan tumrap basa Sundha, makatên ugi tumrap basa Jawi.

Ing dintên wau ingkang karêmbag:

1. Basa Jawi punika mundur punapa botên. Manawi mundur, kadospundi anggènipun nyêtiyari.

2. Kadospundi rekadayanipun, murih kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur.

Tumrap bab 1, ingkang sami dados juru sêsorah: 1. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, dados wakiling pakêmpalan Mardiguna ing Surakarta, 2. Sadhèrèk Arjasusastra, saking Samarang, 3. Sadhèrèk Sastrasugănda dados wakilipun pakêmpalan Mardibasa ing Surakarta, 4. Sadhèrèk Yasawiyata dados wakilipun Pahêman Radyapustaka ing Surakarta, 5. Radèn Wadana Dwijasewaya.

Sadaya sêsorah sampun kasêbut wontên ing: Pusaka Jawi ăngka: 1, sarta 2, wulan Oktobêr tuwin Nopèmbêr 1924 taun ingkang kaping III. Manawi badhe mirsani wêtahing orean supados maos ingkang kasêbut ing ngriku.

1. Juru wêwarah Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat nambahi katrangan bab: piwulangipun Prabu Ramawijaya dhatêng ingkang rayi Prabu Barata, kasêbut ing sêkar Mijil, ungêlipun:

Lamun sira madêg narapati / yayi wêkas ingong / mapan ana ing prabu ugêre / Sastra Cêtha ulatana yayi / omahna dèn pasthi / wulanging sastrèku //

Mawi katambahan ancêr-ancêr wosing pangandikanipun sang prabu bab Sastra Cêtha, utawi wulanging sastra, gandhèng kalihan pusaka tigang prakawis ing dalêm paramasastra, inggih punika: aksara, sastra, tuwin sutra, dipun wêrdèni: aksara= awak-awaking lêlandhêp. Sastra= satunggaling lêlandhêp. Sutra= alusing lêlandhêp. Têgêsing carakan Jawi kalih dasa aksara, gandhèng kalihan sangkan paraning dumadi, bedanipun kawruh kilenan kalihan wetanan, tumraping kawruh Eropah, samukawis kawawas saking lair. Dene yèn ing kawruh wetanan, sadaya ingkang gumêlar kawawas saking kabatosan. Wosipun sêsorah wau purugipun dhatêng wingiting têmbung: kasusastran. Supados para sadhèrèk Jawi sami anggatosakên [ang ...]

--- 51 ---

[... gatosakên] dhatêng sanepanipun Prabu Ramawijaya, amargi piwulang wau botên tumrap ing para narendra kemawon, sadhengah tiyang inggih wêwajib anggilut murih kacakup pangingsêpipun dhatêng piwulang Sastra Cêtha wau. (Sastra Cêtha inggih Sastrajendrayuningrat), supados ing têmbe sagêd mahanani jaman sae, kabêkta saking sampurnaning Jawi lêbêtipun ingkang sami kawogan. Babaranipun kados ingkang kasêbut ing Sêkar Dhandhanggêndhis, dhawuhipun Prabu Ramawijaya dhatêng Prabu Wibisana, makatên:

Kamulyaning sajagad dumadi / karêksane ing jagad durcara / dursila salah lêpase / suyasanên pinangguh / guwa pêtêng lan jurang têrbis / kali-kali kalingan / ing sastra sang prabu / amadhangi sabuwana / jroning guwa katon pinanduk ing tulis / padhang rêgêd katawang //

2. Juru sêsorah ăngka kalih, sadhèrèk Arjasusastra, wêwarahipun kasêbu[2] ing Pusaka Jawi kaca 14 dumugi kaca 17. Sadèrèngipun mêwahi katrangan suraosing oreanipun, mratelakakên kêkiranganing pangêcap. Ing Pusaka Jawi kaca 15 bageyan kolêman kiwa sangang larik saking nginggil, lêrêsipun mawi tambahan, dados wêtahipun mungêl: wontên tuladha malih basanipun tiyang ingkang sawêg asor prajanipun, ewasamantên sagêd angluluhakên basanipun băngsa ingkang sawêg tinitah luhur, bawanipun băngsa ingkang pinarentah wau dumadakan mênang sêpuh ing kabudayanipun. Upami: băngsa Nurman sagêd kelud dhatêng basanipun tiyang Inggris utawi Prasman. Ing kaca 16 kolêman kiwa larikan kapisan mawi tambahan: dhasar basa punika tumusaning băngsa, têgêsipun: basa botên sagêd pêdhot saking băngsa. Upami băngsa uwitipun, basa punika uwohipun. Bêgja cilakanipun sêsarêngan. Manawi băngsa sawêg tinitah asor, basanipun inggih tumut asor. Kosokwangsulipun băngsa ingkang sawêg tinitah luhur mulya, basanipun inggih tumut kajèn. Kadospundi kawontênanipun băngsa Jawi ing samangke, botên donya, botên praja, basanipun inggih tumut botên donya botên praja. Tujunipun wontên gondhelanipun, dening băngsa Jawi gadhah kabudayan piyambak (cultuur). Punika ingkang nuwuhakên piandêl bilih basa Jawi botên badhe kêndhih dening basa sanèsipun ingkang botên nunggil babon. Miturut kanyataan ingkang kawahya ing salêbêting babad, yèn satunggaling băngsa kêrèh ing sanès băngsa, dangu-dangu lair batosipun inggih tumut kêrèh, kajawi yèn sampun kadunungan kabudayan piyambak. Amila tumrapipun basa Jawi, juru sabda

--- 52 ---

botên gadhah sumêlang sakêdhik-kêdhika anggènipun basa Jawi kêndhih dening basa mănca ingkang sanès aslinipun. Ingkang dipun samarakên malah pandhêsêkipun basa Mlajêng ing basa Jawi, awit basa Mlajêng punika nunggil asal kalihan basa Jawi. Liripun: lêlèjêmipun, sambung rapêting ukara, sarta têtêmbunganipun angèmpêri sangêt kalihan basa Jawi. Pramila sumăngga sami dipun rekadaya murih botên kêndhih.

Dhatêng risakipun basa Jawi juru sabda botên kuwatos, amargi basa Jawi punika basa ingkang gêsang, kosokwangsulipun basa ingkang sampun pêjah, wujudipun basa Latin, basa Sansêkrit, sarta basa Kawi. Basa ingkang sampun pêjah wau sami langgêng botên ewah gingsir. Têtêmbunganipun botên ewah-ewah, botên wêwah, paramasastranipun ajêg. Beda kalihan basa Jawi sapunika. Wujudipun sagêd wêwah sagêd suda. Têmbung-têmbung ingkang sampun luwas, sumimpên botên kangge. Têmbung-têmbung ngamănca sagêd dados Jawi, wêwah cengkok enggal. Kados ta ukara: taksih dados pitakenan, saking ukara Walandi: Het is nog een vraag.

Kajawi punika basa Jawi gadhah adêg piyambak, purun dipun lêbêti têmbung-têmbung ngamănca, ugêripun purun mangangge cara Jawi, kados ta: têmbung resident mawi suwantên t ing wanda wêkasan. Ing basa Jawi botên ajêng. Pramila dadosipun têmbung Jawi mungêl: rêsidhèn.

Têmbung Gouvernement dados guprêmèn (lagu Jawi),

Têmbung balk dados balok (lagu Jawi),

Têmbung moenfa'at dados mupangat (lagu Jawi),

Botên namung lagunipun, dalah pakêcapan ugi manut cara Jawi.

Basa Jawi jêmbar, lêmpar, mêmbat, momot. Cêkap kangge wadhahipun kawruh-kawruh kilenan. Ugêr ingkang anjawèkakên ingkang kawogan piyambak, sarta para kawogan wau sami trêsna dhatêng basanipun Jawi. Wujudipun: kawruh kadhoktêran, ingkang anjawèkakên inggih kêdah para dhoktêr Jawi. Kawruh pangadilan, ingkang anjawèkakên inggih kêdah para ahli kukum tiyang Jawi. Awit tiyang mrêtal buku punika sakêdhik-kêdhikipun kêdah gadhah kawruh kalih rupi, inggih punika: kawruh isinipun, kalihan kawruh basanipun (upami basa Walandi kalihan basa Jawi). Enggalipun: tiyang badhe anjawèkakên kawruh yêyasan, kêdah mangrêtos kawruh yêyasan, sarta mumpuni ing basa Walandi Jawi. Kawontênanipun sapunika kenging kawastanan pincang. Ingkang sami kawogan (ingkang sami mangrêtos kawruhipun), sami botên purun wanuh kalihan basa Jawi, ingkang mangrêtos basa Jawi, sami botên mangrêtos kawruhipun.

Rekadaya anjagi adêgipun basa Jawi, kita kêdah saekakapti anduwa mlêbêtipun basa

--- 53 ---

Mlajêng ing basa Jawi. Pramila juru sabda kêncêng gadhah panyuwun, mugi-mugi piwulang basa Mlajêng ing sakolahan Jawi dipun suwak. Kajawi nyumêlangakên basa Jawi, ugi sakêdhik sangêt paedahipun, awit cara Mlajêng ingkang kawulangakên ing pamulangan, ing têmbenipun wontên ing praja (maatschappij) botên kangge. Basa Mlajêng ingkang kangge ing paginêman sarta ing sêrat-sêrat ibêr basa Mlajêng plajêngan, sanès basa Mlajêng Rio ingkang sampun suwarga. Kajawi punika basa Mlajêng botên isi kabudayan, botên ngindhakakên kasusastran tumraping băngsa Jawi.

3. Juru sêsorah ăngka 3 sadhèrèk Sastrasugănda, wakil Mardibasa ing Surakarta, wêtahing wêwarah kawrat ing Pusaka Jawi kaca 17 dumugi 22. Minăngka pambuka juru sabda nyêbutakên ungêl-ungêlan: nambut gawe tan agawe. Sarta têtêmbunganing satunggalipun pujăngga agêng băngsa Walandi: tiyang Jawi punika sanajan kados punapa kemawon kawontênanipun, panjênênganipun mêksa botên sagêd anjajagi lêbêting raosipun. Punapadene wêwarah ing Sêrat Wedhatama: ngèlmu iku kalakone kanthi laku, wosipun: kita sadaya kêdah tumandang anggêgêsang basa Jawi, sampun anggadhahi cipta: anjagèkakên pitulunganipun ing sanès kados ingkang kasêbut ing paribasan: anjagakake êndhoge si blorok.

Kajawi ingkang kasêbut ing sêsorah kawrat ing Pusaka Jawi, juru sabda mêwahi katrangan, gandhèngipun basa Jawi kalihan panggêsangan. Tiyang kathah sami mastani rêkaos, nanging sajatosipun botên, ugêr ingkang kawogan sami purun sêtiyar kemawon. Basa Jawi tumrapipun para neneman, sarta wontênipun ing pamulangan-pamulangan Jawi kirang dipun aosi, dening kêsuk ing basa sanès. Juru sabda rujuk sangêt ing icalipun basa Mlajêng wontên ing sakolahan-sakolahan kangge tiyang Jawi, condhong usulipun sadhèrèk Arjasusastra ing Samarang. Tiyang Jawi sanajan botên sinau cara Mlajêng wontên ing pamulangan, inggih sagêd ngangge cara Mlajêng lêlayanan kalihan para among dagang, kalihan tiyang Arab, sapanunggilanipun. Saiba saenipun, saupami basa Jawi punika sagêd anggêntosi pangkatipun basa Mlajêng anggènipun dados: basa sêsrawunganipun sadaya băngsa wontên ing tanah Indiya Nèdêrlan ngriki (de omgangstaal in Ned. Indië).

4. Juru sêsorah ăngka sakawan, sadhèrèk Yasawiyata, wakil Pahêman Radyapustaka ing Surakarta, orean panjang kawrat ing

--- 54 ---

Pusaka Jawi kaca 22 dumugi kaca 27. Radyapustaka mêthik sêkaran saking sêrat-sêrat ing jaman nagari Pajang, Mataram, Kartasura, Surakarta kina, sarta Surakarta samangke. Pramila namung mêthiki sêkaran, awit wiwit jaman Kartasura sapanginggil, botên wontên sêrat gancaran, ing ngriki prêluning mêthiki botên badhe ngrêmbag bab sêkaranipun, ingkang karêmbag bab basanipun, kangge minangkani pitakènipun Yapha Insêtitut bab majêng munduring basa Jawi.

Pamanggihipun Radyapustaka basa Jawi punika saya mundur, katitik saking sêrat-sêrat ingkang dipun pêthiki wau. Ing sêrat: Lokapala, Ramayana, sarta Witaradya, inggih punika sêrat kina, katingal sami wilêt-wilêt. Sêrat-sêrat sapunika kados ta sêrat: Supit Dalêm, sarta Panji Rêmêng, katingal kirang wilêt. Racakipun sêrat-sêrat sapunika ikêtanipun kirang gêsang, ingkang pancènipun sêrêng, kirang nangèkakên kêkêndêlan. Ingkang pancènipun êngês, kirang damêl trênyuh ing raos, sapanunggilanipun. Ing sêrat-sêrat wau katingal, bilih wiwit jaman Surakarta kawruh Kawi kirang, nanging wontên lêlintunipun, inggih punika angsal têmbung-têmbung ngamănca dados Jawi.

Kala rumiyin bab majêng munduring basa Jawi punika wontên ingkang ngulat-ulatakên, inggih punika para pujăngga. Sanadyan cacahipun botên kathah, ewadene dayanipun sagêd mradini ing sadayanipun. Inggih para pujăngga wau ingkang dados paranpara kangge sadaya ingkang sami kapêtêngan ing saliring kawruh basa. Sasedanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, manawi wontên ingkang kapêtêngan ing bab kawruh basa, botên wontên ingkang dipun takèn-takèni. Ingkang makatên punika sagêd andayani munduring basa, dening kasingkur botên dipun opèni dhatêng ingkang sami kajibah.

Kajawi punika, wontên jalaran ingkang andadosakên risakipun basa Jawi, inggih punika saking kirang dipun aosi. Tuladhanipun: lare wêdalan saking pamulangan, H.I.S. ing pangkat nêm, sagêd cara Walandi, sanajan dèrèng sapintêna. Kawruh-kawruh sanèsipun kalêbêt basa Jawi, nama dèrèng cêkap. Katandhing kalihan lare wêdalan pamulangan normal Jawi kangge guru bantu, botên tampi pangajaran cara Walandi. Basanipun Jawi saha kawruh sanès-sanèsipun langkung kathah lare wêdalan normal Jawi tinimbang kalihan lare wêdalan H.I.S. saking pangkat 6. Ewadene wontênipun ing praja, mênang ombèr ingkang saking H.I.S. jêr punika langkung dipun aosi amung sabab saking dayaning gadhah kasagêdan basa Walandi thok.

Sabab sanèsipun malih, saking kirang kopènipun. Wulangan basa Jawi, wiwit saking pamulangan dhusun, minggah-minggah dumugi ing pamulangan calon guru Jawi, basanipun Jawi kirang dipun gatosakên. Saya malih manawi sêsarêngan kalihan [ka ...]

--- 55 ---

[... lihan] basa Walandi, ing ngriku ingkang dipun têngênakên inggih cara Wlandinipun, cara Jawi kenging kapanggih ing wingking.

Radyapustaka gadhah panyuwun, ikêtan ingkang lêpat, lajêng kalêrêsna, murih sampun ngantos kalajêng. Tuwin parentah kaparênga ngangge basa Jawi kados kala rumiyin. Ing sadèrèngipun taun 1890, kangjêng guprêmèn manawi sêrat-sêratan taksih mawi basa Jawi, sarta para priyantun lêlayananipun inggih mawi basa Jawi. Ing sapunika mawi cara Mlajêng utawi cara Walandi, murugakên kasingkuripun basa Jawi. Nyarêngi jamanipun sapunika ambujêng kacêkaping pandamêlan, basa Jawi kalajêng anggènipun botên dipun opèni. Pramila Radyapustaka ngambali pamujinipun, mugi-mugi para neneman sami mrêlokna basanipun, sampun ngantos kalajêng risaking basa Jawi.

5. Juru sêsorah ăngka gangsal, Radèn Wadana Dwijasewaya. Mirsanana Pusaka Jawi kaca 28 dumugi kaca 30. Pamanggihipun ingkang kawrat ing Pusaka Jawi sayêktosipun namung cêkakan. Cêthanipun badhe katêrangakên panjang wontên ing parêpatan agêng punika, ananging sarèhning wancinipun dipun cumpi namung saprasakawan jam, dados namung badhe mêndhêti ingkang sakintên dèrèng têrang kemawon. Inggih punika bab: luwês sarta cêtha.

Luwês, têgêsipun nyakecakakên pamirêng. Karanganipun para kina katandhing kalihan karanganipun tiyang sapunika, luwês ingkang kina. Ananging jêjêr, lesan lan katranganipun (dados bab pêcahing ukara-zinsontleding) yèn dipun petani: pêtêng.

Ikêtan sapunika, jêjêr lan lesanipun kathah cêthanipun, nanging kirang luwês ing pamirêng. Cêthaning ikêtan wau bokmanawi saking dayanipun gadhah kawruh basa sanès, dening wontên ing ngriku kulina mêcah ukara. Saya malih tumraping anggêr-anggêr, pathok-pathokan adatipun kirang luwês, nanging cêtha. Dhasar luwêsing ukara punika pancèn angèl, amargi:

a. Kêdah patitis pamilihing têmbung ingkang cocog kalihan raosipun. Têmbung jagad kalihan donya, sanajan têgêsipun wontên bedanipun, ewadene panganggenipun sampun wor suh. Inggih kabêkta saking kirang patitis pamilihipun.

b. Kêdah mapan, têmbung-têmbung ingkang botên lêrês prênahipun kados ta tumraping rêrênggan ing ikêtan Jawi, kêdah dipun singkiri.

c. Kêdah runtut, ungêl-ungêlan limrah asring kasêsêlan Kawi, utawi ikêtan Kawi kasêsêlan Jawi, lajêng nama kirang runtut. Inggih lêrês, pasêmon, wangsalan sarta purwakanthi punika dados busananing basa Jawi, nanging panganggenipun kêdah runtut.

d. Kêdah rêsik, têgêsipun botên kamomoran ing têmbung mănca ingkang kirang mapan, inggih punika ingkang dèrèng mangsuk Jawi.

--- 56 ---

Botên prêlu kêdah rêsik atêgês botên kasêsêlan têmbung ngamănca satunggal-tunggala, jêr ingkang makatên punika kangge ing jaman samangke sampun botên sagêd, dening saking sêsrawungan kalihan băngsa sanès. Kathah kawontênan enggal gadhahanipun băngsa mănca, sampun ambêkta nama piyambak, lajêng lumêbêt ing basa Jawi, ingkang botên sagêd nyukani nama mawi têmbung Jawi. Sampun tamtu kemawon kita kêdah ngajêngi ngangge nama saking mănca wau. Dados sanajan ngangge têmbung mănca, yèn sampun mangsuk Jawi, utawi pancèn jawinipun botên wontên, inggih nama sampun rêsik.

Sadèrèngipun ngaso, Radèn Tumênggung Wedyadiningrat majêng mêdhar sabda awit saking namanipun pakêmpalan Mardiguna. Anggènipun nampèni Mardiguna bab majêng munduripun basa Jawi, wontên dhêdhasaranipun ingkang panjang, punapadene anggènipun mêcah-mêcah pitakènanipun Yapha Insêtitut wau taksih gadhah nalar ingkang pêtêng. Mardiguna rumaos tumut wajib manah bab kasusastran Jawi, amargi punika ugi kalêbêt kagunan Jawi. Sarèhning kagunan Jawi punika têtela beda kalihan kagunanipun băngsa Eropah, dados gêgêbênganing kasusastran Jawi wau tamtu inggih beda kalihan têgêsipun têmbung kasusastran tumrap ing băngsa Eropah. Awit saking punika panjênênganipun ngajêng-ajêng sangêt, mugi-mugi wontêna sarjana sujana ingkang kaparêng aparing pêpadhang, ngoncèki wos-wosipun ungêl-ungêlan ingkang wingit-wingit, miturut wêwaton ingkang sagêd sayuk, dipun ajêngi ing tiyang kathah. Sukur bage para sadhèrèk sami sarujuk nyuwun ing Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, supados krêsa adamêl karangan ingkang nêrangakên bab Sastra Cêtha, ingkang cêtha. Supados têrang pangrêtosipun para sadhèrèk dhatêng têtêmbungan: Sastrajendra Hayuningrat.

Bibar punika ngaso saprasakawan jam. Jam satêngah sawêlas parêpatan katapukakên malih. Ingkang mêdhar sabda wontên wolu, wêkdalipun katamtokakên dangu-dangunipun wolung mênit. Sarèhning suraosing pratelan wau ingkang kathah nunggil raos kalihan ingkang kawrat ing Pusaka Jawi sarta orean katrangan-katrangan saking para juru sêsorah ingkang kasêbut ing ngajêng, pramila ing ngriki namung kapratelakakên cêkak, kapêndhêt ingkang sakintên prêlu.

1. Mas Budiarja ngakêni munduripun basa Jawi, sarta anggènipun kirang dipun gatosakên dhatêng para ingkang kawogan. Basa Jawi supados dados basa ular-ular (voertaal) wontên ing pamulangan H.I.S. enz. ing wêgdal samangke botên sagêd tumindak. Pasêksèn basa Jawi kirang dipun ajêngi ing akathah, ing tanah Jawi Wetan, basa Jawi namung kangge ginêman. Ing sêrat ulêm-ulêm, sanajan Jawi sami Jawi tur sami priyantun, gadhah damêl agêng-agêngan, mawi basa Mlajêng.

--- 57 ---

2. Sadhèrèk Prawiraatmaja ing Surakarta, pratela bilih tiyang mrêsudi basa Jawi botên sagêd sampurna, manawi botên sinau basa Kawi. Mangsuli sêsorah Dwijasewayan bab têmbung: nujya ing ungêl-ungêlan: nujya ri Buda Manis (ikêtan kina Kawi kasêsêlan Jawi, lajêng karimbag Kawi). Nujya linta-lintu kalihan nujwa, saminipun: wadwa kalihan wadya, sanajan wadwa mèh botên nate kangge.

Prawiraatmajan gadhah pamanggih, sarèhning manahipun tiyang Jawi ing sapunika sawêg risak, basanipun inggih tumut risak. Amargi basa punika gambaring băngsa. Sadaya karang-karangan inggih ngumandhang numusi. Sapunika botên wontên pujăngga, punika têgêsipun: sapunika basa Jawi mundur. Kawontênanipun băngsa Jawi kados ingkang kawahya ing Kalatidha, ingkang nyêbutakên:

[Sinom]

Mangkya darajading praja / kawuryan wus sunya ruri / rurah pangrèhing ukara / karana tanpa palupi / atilar silastuti/ sarjana sujana kèlu / kalulun Kalatidha / tidhêm tandhaning dumadi / ardayèng rat dening karoban rubeda //

3. Sadhèrèk Mas Ngabèi Yasahartana ngêncêngakên pamanggih ingkang dipun condhongi, inggih punika:

a. Basa Jawi sapunika risak.

b. Parentah kêparênga nêngênakên basa Jawi, ngagêm lan ngaosi cara Jawi.

4. Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, ngakêni bilih basa botên sagêd pêthal kalihan băngsa, wontênipun daya-dinayan ing salami-laminipun. Sarèhning kawontênaning băngsa sawêg risak, basanipun inggih tumut risak. Rekadaya ingkang prêmati kangge nyaèkakên basa Jawi, inggih kêdah rekadaya nuju: nyaèkakên kawontênanipun tiyang Jawi.

5. Sadhèrèk Martadarmaja saking Indramayu ngakêni:

a. Basa Jawi botên kopèn, dados risak.

b. Basa Jawi kirang dipun aosi.

Gadhah panyuwun:

a. Kangjêng Guprêmèn krêsaa ngaosi basa Jawi.

b. Kangjêng Guprêmèn krêsaa ngêsahakên paramasastra sarta Bausastra Jawi, kangge babon pamrêsudining basa Jawi, sarta paranpara sadhengah ingkang kapêtêngan ing bab basa Jawi.

6. Sadhèrèk Suteja, wakil pakêmpalan Suryangalam ing Sêmarang. Pratela risaking kawontênanipun băngsa Jawi awit saking tilar pamêlênging Pusaka Jawi. Dados kêdah mêsu tapabrata, supados sae kawontênanipun. Botên nyondhongi pamanggih Dwijasewayan, bab ikêtan Jawi Kina kirang cêtha, jalaran saking kirang pamêrsudi. Yèn ikêtan Jawi Kina kadamêl ngêblak, lajêng ical êngês, wingit sarta

--- 58 ---

wilêtipun. Inggih ing ngriku dununging kagunan kasusastran Jawi (kunst-taal) yèn kadamêl limrah-limrahan lajêng dados barang rucah (prulwerk), ikêtaning kasusastran pancèn kêdah beda kalihan ikêtan ing sêrat-sêrat kabar. Prakawis mêcah ukara, madosi: jêjêr, wasesa, sarta katranganing ukara, kaanggêp kirang prêlu, amargi basa Jawi mila pancèn beda lagonipun kalihan basa Walandi.

Ingkang dipun wastani kasusastran (pamanggih Sutejan), punika sêkaring gêsangipun băngsa. Dene wujudipun, raosipun, sarta ngêsipun beda-beda, miturut kawontênaning jaman-jaman ingkang dipun ênciki. Idham-idhamanipun tiyang ing jaman Ajisaka, beda kalihan kala jaman Prabu Jayabaya. Makatên ugi kalihan kala jaman Prabu Hayamwuruk sarta apatih Gajahmada.

Kala jamanipun Prabu Widayaka inggih Ajisaka, idham-idhamaning tiyang kawahya wontên ing Sêrat Ramayana, ing bab marentah nagari, sarta bab kagunan. Kala jaman Kêdhiri jumênêngipun Prabu Jayabaya, idham-idhamanipun tiyang kapêtha wontên ing Sêrat Bratayuda sarta Sêrat Arjunawiwaha. Kala jaman Majapait, grêgêting tiyang kasêbut wontên ing Sêrat Nagara Kartagama, damêlanipun Êmpu Prapanca, kala jumênêngipun Prabu Hayamwuruk. Kala jaman kuwalean, sêkaring gêsangipun tiyang Jawi kawahya wontên ing ungêl-ungêlan: babaring kawula gusti, inggih punika ingkang dipun wastani kasusastran wingit (mystieke letterkunde). Kasêbut ing ngajêng punika sadaya kenging kangge bukti, bilih kasusastran Jawi dipun gatosakên sayêktos. Sapunika basa Jawi sawêg kasingkur, sagêdipun wangsul dipun gatosakên malih, manawi tiyang Jawi sagêd nyêpêng panguwaos malih (barung kêplok mawurahan).

8. Sadhèrèk Radèn Sutapa sakalangkung gambiraning manah mirêng muluking sêsorah Kusumadiningratan, sarta wèntèhing oreanipun sadhèrèk Arjasusastra ing Samarang. Kanthi ngèngêti pêpêsing raos, kados pratelanipun para juru sabda ingkang nêtêpakên risak utawi munduring basa Jawi. Pangajêng-ajêngipun sampun ngantos para mirêngakên gambira ing manah kados gambiranipun tiyang gingsir, utawi sampun ngantos pêpês kados manahipun tiyang ingkang sampun ngajêngakên kukut. Basa Jawa, kapêndhêt raosing purwa lan wasana, wujud: bawa, Jawa dipun wulu, têgêsipun dados suci, wujud: jiwa, yèn bawa, sampun sagêd karon sih kalihan jiwa, mulukipun gadug gandhèng lan ingkang Mahasuci, ing ngriku dhatênging kamulyanipun băngsa lan basa Jawi.

Juru sêsorah ingkang mangsuli utawi mêwahi katrangan:

1. Wakil Radyapustaka, pratela kajêngipun, anggènipun nêtêpakên, bilih basa Jawi ing

--- 59 ---

sapunika sawêg manggih apês, punika namung nêdahakên kawontênan ing samangke, prêlu kangge anggigah manahipun para sadhèrèk gadhaha krêkat nyaèkakên basa Jawi.

2. Radèn Wadana Dwijasewaya, pratela bilih basa punika gadhahanipun tiyang kathah, botên kenging kapurba ing salah satunggaling tiyang, kados ta têmbung: salin, anyar. Inggih lêrês punika têmbung krama ngoko. Nanging tiyang kathah sami nêtêpakên ing panganggenipun sami dados: têmbung ngoko, dados inggih lêrês ingkang ngangge ngoko, kramanipun: santun, enggal. Tumuntên mangsuli bab cêtha sarta luwêsing ukara, ikêtan ing jaman kina katandhing kalihan ikêtan ing sapunika. Sampurnaning ikêtan ingkang luwês tur inggih cêtha. Ikêtan kina kajawi kirang cêtha, anggènipun anggambar wujuding rêrupèn, têrkadhang kêkathahên busana wurwakanthi,[3] ngantos asring ical têgêsipun, kados ta: kalong kalung kolang kaling, kadospundi sagêdipun mencok. Makatên ugi: urung-urunge pring ori, asring sinêrang karang-rang, angrêrèwèng urang garing (sami kasêbut ing Sêrat Rama), ing jaman sapunika wosipun pados cêtha, sampun ngantos ambingungakên.

Dumugi samantên rêmbag ingkang ăngka satunggal kèndêl. Santun rêmbag ăngka kalih: bab nyêkarakên. Kadospundi rekadayanipun murih kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur. Sarèhning wancinipun sampun siyang, namung badhe mêdharakên oreaning sêsorah, bab pasrasehanipun kadhawahakên ing dintênipun Kêmis.

Juru sêsorah wontên kalih, inggih punika Radèn Ngabèi Sastrasutarma, kalihan Radèn Ngabèi Wăngsadilaga. Wosing sêsorah Sastrasutarman makatên: (Mriksanana Pusaka Jawi ăngka... )

Juru sêsorah sadhèrèk Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, wosing pamanggihipun: (mriksanana Pusaka Jawi ăngka?).

Dumugi samantên parêpatan ingkang kapisan katutup, kanthi wilujêng ing sadayanipun.

Ing dintênipun Kêmis surya kaping 9 Oktobêr 1924 para warga pangrèh Yapha Insêtitut sarta para tamu luhur Jawi para tuwan kados kala ing dintên Rêbo, makatên ugi pakêmpalan ingkang sami ngintunakên wakil, punapadene sêrat-sêrat kabar saha tamu sanès-sanèsipun. Gunggung kêmpal kirang langkung wontên tiyang kalih atus.

Wanci jam sanga parêpatan wiwit. Ingkang karêmbag:

Ha: Pasrasehan sêkaran sambêtipun sêsorah kala dintênipun Rêbo.

--- 60 ---

Na: Piwulang basa Jawi wontên ing sawarninipun pamulangan ingkang mawi basa punika.

Ca: Ikêtaning basa ing buku waosanipun lare-lare, sarta waosanipun lare ingkang sampun diwasa.

Têrangipun sêsorah bab sêkaran kawrat ing Pusaka Jawi ăngka:? wulan? 1924 taun III. Ing ngriki namung ngaturakên cêkakaning pasrasehan.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat anjarwani têmbung: têmbang, saking têm+bang. Têm têgêsipun têmbung, bang kawêrdenan panggenan, pasêksènipun ing têtêmbungan bang wetan, bang kulon. Dados têmbang, punika têgêsipun panggenan têmbung, inggih punika panggenan madosi lungiting têmbung, inggih kangge anggagapi ukaraning têmbung. Manawi têmbungipun ura, têgêsipun buyar, lajêng botên nama têmbang. Namanipun ura-ura, kadosdene ingkang kasêbut ing sêrat anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping sakawan, mungêl: ukara datanpa sastra. Pangajêng-ajêngipun para linangkung ingkang sami nganggit sêrat mawi sêkaran wau, supados para maos langkung rêmên, wêkasan anggilut kêpengin sumêrêp sasuraosipun, langkung anggatosakên isining piwulangipun.

Suwargi Kangjêng Sultan Agung ing Mataram sangêt-sangêt anggènipun mrêsudi murih kawruh sêkaran sagêd waradin. Panjêriting panggalih dalêm kacêtha wontên ing ungêl-ungêlan: pan ora ingsun akên darah, lamun ora bisa nêmbang Kawi-enz. Têgêsipun: sanajan putra wayah piyambak, manawi botên sagêd nêmbang agêng inggih botên dipun akên darah Sultan Agungan.

Wosipun juru sabda rujuk sangêt, sagêdipun têmbung salaras kalihan têmbangipun, sampun ngantos kèndêl wontên ing lagu, dados ura-ura kemawon. Ngênggèni têgêsipun têmbung maos, dipun wêrdèni:

1. Andawa. Liripun: kêdah kagalih panjang.

2. Anggigit. Liripun: sagêda pinanggih raosipun.

3. Numbak. Liripun: sagêda namakakên lêlandhêp sarta ampuhipun. Punapadene sagêda gandhèng kalihan pusakaning paramasastra: aksara, sastra, sutra, ingkang wrêdinipun: wujud, landhêpipun, alusipun.

Juru sabda ăngka kalih Radèn Ngabèi Sastrasutarma, mêwahi katrangan, prêlunipun sêrat dipun sêkarakên, supados: tumancêb, anggigah raos cêtha, coplok, wêkasan pinanggih kajêngipun ingkang ngarang. Kathah sêkaran ingkang botên angsal purwakanthi sarta pêdhotanipun, ewadene racakipun [racakipu ...]

--- 61 ---

[... n] tiyang sami apil, awit saking gumolonging raos. Kados ta ing sêkaran:

anoman malumpat sampun/ praptèng witing nagasari/ enz.

sayêkti kalamun suwung/ enz.

laras ati nêmbah matur/ enz.

putri Cina gêlangsaran mêlas-asih/ enz.

Sarèhning kawruh batos punika tumrap băngsa Jawi kalêbêt nalar ingkang gawat, pamêjangipun rumput ujungan sampun ngantos mirêng, pramila yèn badhe kasêrat ing dlancang kadhapur pasêmon. Kados ta ing Sêrat Sopanalaya, anggitan Rănggawarsitan, nyêbutakên: gajah putih titihana, nêmbang gêdhe têmbung Kawi, wilêting kang Sastra Cêtha, cêthakna sawiji-wiji, enz, têtêmbungan punika têmtu nawung prêlu ingkang wigatos.

Sadhèrèk Dwijawiyata saking Batawi, nglairakên bêtah kawruh sêkaran, ngajêng-ajêng wontênipun kawruh nyêkar ingkang gumathok sarta golong. Amargi wontênipun ing sapunika dèrèng nama maton. Wontên ingkang nganggêp langkung pêrlu: pêdhotaning wanda, wontên ingkang mastani langkung pêrlu: iramanipun, ngrêmbag irama kêndho, irama kêncêng. Sadaya wau tuladhanipun para ingkang kêpengin sumêrêp sagêd mirsani ing buku karangan Rănggawarsitan. Ing sapunika ingkang prêlu dipun manah bab rêmbag pêdhotan sarta irama. Prakawis dhongdhinging sêkar, suku wulunipun, sarta pilahanipun, kalêbêt gampil. Dununging angèl wontên ing pêdhotaning wanda. Juru sabda nyambi ngrêmbag bab sêkaran wontên ing sêrat kabar Darmakăndha, ngwontênakên pasanggiri cangkriman mawi sêkar, batanganipun ugi kadhapuk sêkaran, ing wusana lajêng wontên gèsèhing pamanggihipun para ingkang sami ambatang kalihan para panimbang, inggih punika bab pêdhotaning wanda. Sêrat kabar Bramartani watawis sadasa taunan kapêngkêr, ugi asring ngêwrat sêsêkaran. Amung emanipun dene kathah ingkang kalêbêtan têmbung ngamănca. Ingkang makatên punika juru sabda botên rujuk. Ngambali pangajêng-ajêng bab pêncar sumrambahing kawruh sêkaran, supados sadhengah tiyang gadhah rumaos mardika bab damêl sêkaran. Dados botên ngêmungakên para mumpuni kemawon ingkang kenging damêl sêkaran.

Rampung punika lajêng ngrêmbag bab ingkang ăngka tiga inggih punika: piwulang basa Jawi wontên ing pamulangan. Juru sêsorah Mas Ngabèi Jayasugita saking ing Ngayogyakarta, wêtahing orean kawrat ing Pusaka Jawi kaca satunggal dumugi kaca sadasa. Sêsorah panjang, cêtha anjalimêt, tumuntên kawêwahan katrangan bab pêrluning atur cêkakan, mawi sinarêng pamrayogi. Karingkês dados gangsal wêlas panyuwunan sarta pamuji. Minăngka tambahan katrangan juru sabda anggêlarakên malêbêtipun basa ngamănca ing basa Jawi, kados ta basa Sansêkrit,

--- 62 ---

basa Portêgis, basa Arab, basa Walandi sapanunggilanipun. Sadèrèngipun taun 600/700, basa Jawi dèrèng kalêbêtan ing basa Sansêkrit, watêkipun tiyang sagêd basa ngamănca enggal-enggalan punika nuwuhakên manah birai utawi brăngta dhatêng panganggening basa wau, wujudipun pakêcapanipun dipun pasèh-pasèhakên, panganggenipun dipun kêrêpi. Bab punika katitik wontên ing sêrat-sêrat ingkang pandamêlipun sasampunipun taun pitung atusan. Dumugi ing jaman Majapait basa ngamănca ingkang kangge wontên ing basa Jawi wau sampun kajiwa, têtiyang Jawi sampun kulina, ngantos botên rumaos bilih basanipun kalêbêtan têmbung-têmbung Sansêkrit kathah. Kabiraènipun dhatêng basa Sansêkrit sampun kêmba. Têmbung-têmbung ngamănca kasêbut ing ngajêng gêsangipun cara Jawi, lugu, pakêcapan sarta panganggenipun ugi cara Jawi kala jaman samantên.

Bibar jaman Indhu santun jaman ka-Islaman. Wiwit kala samantên basa Arab andayani ugi dhatêng basa Jawi, ngantos kathah têmbung-têmbung Arab ingkang mangsuk Jawi. Lajêng katungka jaman dhatêngipun têtiyang Eropah angêjawi. Ing sapunika taksih wontên têmbung-têmbung Jawi sawatawis ingkang asli saking tanah Portêgal. Mila namung sawatawis, awit băngsa Portêgis botên dangu ngancikipun ing tanah Jawi, katungka dhatêngipun băngsa Walandi, sapriki lêstantun wontên ing tanah Jawi. Sampun tamtu kemawon kathah dayanipun tumraping samukawis, ugi tumraping basa Jawi, saya dangu saya kathah dayanipun. Pamanggihipun juru sabda, basa Jawi botên dados risak, utawi botên dados awon, dening kalêbêtan têmbung-têmbung ngamănca kathah. Malah kêdah ajêng, sok ugi sami mangsuk Jawi kemawon.

Panyuwunipun juru sabda, para ingkang mirêngakên sampun ngantos cawuh panampinipun bab: wadhah lan isi. Basa Jawi botên sêsak kangge wadhah kawruh kaprawiran, kagunan, kawruh pangadilan, sapanunggilanipun. Nanging ingkang dipun wadhahi botên wontên. Sabab ingkang wos: dening băngsa Jawi ing sapunika ical kamardikanipun, tamtu kemawon pagêsanganipun sarta sanès-sanèsipun, kados ta dhapukaning pangadilan enz. inggih sami santun sadaya dhêdhapukanipun. Ing wusana wadhahipun inggih punika basa Jawi inggih lajêng botên kangge.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika wêwahan katrangan tumrap usulipun juru sabda ingkang sampun kawrat ing Pusaka Jawi ing bagean ăngka 1 lan 2.

Tumrap usul ăngka 3, botên mêwahi katrangan.

Wêwahan tumrap usul ăngka 4. Adhakanipun para neneman ingkang ngrêtos basa Walandi, srawunganipun mawi basa punika, dangu-dangu basanipun Walandi tugêlan, santunipun cara Jawi dados Jawadipa sami ngokon. Langkung prayogi [pra ...]

--- 63 ---

[... yogi] mawi basa Jawi kemawon ingkang alus kangge srawungan, sumêrêp-sumêrêp anggêgêsang basanipun. Saking sangêting kêlajêng, ngantos wontên tiyang sêpuh ingkang cariyos: saiki anakku wis ora bisa cara Jawa. Sêmuning cariyos adhapur pamèr. Punika têtêp nama: jaman ora wêruh ing prêlu.

Wêwahan katrangan tumrap usul ăngka 5. Ing pakaryan nagari kêdah mawi basa Jawi, pikangsalipun padhang, mangrêtosakên dhatêng tiyang kathah, tur sagêd rêsik. Tuladha pakèwêdipun cara Mlajêng kangge pakaryan nagari: pulisi damêl prosès prêbal, badhe ngangge têmbung klirak-klirik. Yèn kadamêl cara Mlajêng Riyo (lêrês), kêdah kasêrat?, sebab matanja mengerling-ngerling. Cara Mlajêngipun lêrês, nanging tiyang kathah botên mangrêtos, lajêng kasêrat?, sebab matanja klirak-klirik, punika nama cara Mlajêng awon utawi tugêlan. Tinimbang makatên, bok inggih mawi cara Jawi lugu kemawon, tur gampil, mayar, mangrêtosakên.

Wêwahan katrangan tumrap usul ăngka 6 ngandêl badhe ngrêmbakanipun basa Jawi, dening kawontênan warni-warni, kados ta wontênipun Yapa Insêtitut, pakêmpalan Budi Utama, Mardibasa, Mardiguna sapanunggilanipun. Anamung dhapukanipun mêsthi beda tinimbang kala jaman Majapait, jêr jamanipun sampun sanès. Ing sapunika jaman sêtum, èlêktris, montor mabur sapiturutipun. Basa Jawi badhe dados wadhahipun kawruh enggal, kêdah cêkap, kêdah purun dipun êlak-êluk, kêdah purun tampi têmbung-têmbung enggal.

Tumrap usul ăngka 7. Panyuwun supados ical kawontênan ingkang sarupi ngrèmèhakên basa Jawi. Wujudipun: piwulang basa Jawi wontên ing H.I.S, ing Milo, ing kwiksêkul, ing pamulangan calon priyantun, ing ngriku basa Jawi nama wulangan nunutan. Ing panjăngka sagêda ing sakolahan Cina H.C.S., ing pamulangan Walandi andhap (Europeesche algere scholen) inggih mawi wulangan basa Jawi, awit: ing ngriku pamulanganipun calon juru mangrèh băngsa Jawi, wajib mangrêtos dhatêng basanipun băngsa ingkang badhe dipun êrèh ing têmbenipun. Langkung prêlu malih ing pamulangan pradata luhur sarta pamulangan dhoktêr. Amargi tiyang badhe ngadili wajib mangrêtos kalihan rencangipun lêlayanan. Kadospundi sagêdipun nindakakên adil, bilih priyantun pradata botên mangrêtos basanipun tiyang ingkang dipun adili, botên sumêrêp ingkang dipun wastani adil mênggahing raosipun tiyang Jawi. Priyantun pradata Jawi wajib mangrêtos sêrat-sêrat Suryangalam, Makutharama sarta Adigama, awit ing ngriku dununging babon ngadil mênggahing raos Jawi.

Tumrap usul ăngka 8. Basa Jawi prayogi kangge basa opisil, undhang-undhang, pranatan sapanunggilanipun prayogi mawi

--- 64 ---

cara Jawi, supados kawula Jawi sami mangrêtos. Kawontênanipun sapunika botên makatên. Ingkang dipun prentah băngsa Jawi, ingkang kangge mrentah basa Walandi utawi Mlajêng, nama kirang laras. Dalasan kintun tilgram mawi basa Jawi, sanajan kasêrat mawi aksara Latin, inggih botên katampèn. Damêl pranataning pakêmpalan mawi basa Jawi, inggih nuwuhakên botên anggampilakên angsal idi. Sêtatutên kêdah cara Walandi.

Tumrap usul ăngka 9. Kêkirangan buku-buku Jawi kangge mulang wontên ing sakolahan, kosokwangsul kalihan buku-buku cara Walandi, ngantos bingung anggènipun milih.

Tumrap usul ăngka 10. Supados ing pamulangan calon guru, pamulangan guru normal Jawi, sami kawulang kasusastran Jawi, basa Jawi Kina (Kawi), sarta basa Jawi ing samangke.

Tumrap usul ăngka 11, 12, 13, sarta 14, botên kawêwahan katrangan. Usul ăngka 15 wêwah katrangan bilih pangaturanipun sakolahan H.I.S. punika prayogi dipun gatosakên yêktos. Lare umur gangsal taun ing klas das, sampun wiwit ngoncati tagdiripun, dening sinau mastani barang-barang mawi têmbung Wlandi, ingkang Jawinipun dèrèng mangrêtos, kabêkta dèrèng umur.

Panyuwunipun juru sabda, sagêda usul wiwit ăngka 1 dumugi ăngka 15, punika dados panyuwunanipun pakêmpalan Yapa Insêtitut dhatêng ing kangjêng parentah (guprêmèn), langkung-langkung bab Bausastra Jawi mugi lajêng krêsaa nandangi. Usul punika katampèn.

Bibar punika ngaso saprasakawan jam, lajêng wiwit pasrasehan. Ingkang sami urun rêmbag:

1. Sadhèrèk Sumartaya Atmadilaga, ngajêng-ajêng wontênipun lagu (methode) mulang sêkaran Jawi, murih anggampilakên wulangan sarta ugi ngenggalakên, wusana andadosakên kamajênganipun basa Jawi ugi.

2. Sadhèrèk Adiwijaya usul:

I. Supados basa Jawi sampun ngantos kasingkur, biji cara Jawi wontên ing pamulangan H.I.S. enz. kêdah dipun aosi. Yèn biji cara Jawi angsal gangsal mangandhap, kêdah botên kainggahakên.

II. Pamulangan maligi kangge sinau basa Jawi dipun wontênakên, kados ingkang sampun nate tumindak adêgipun kursus basa ing nagari Batawi. Emanipun sapunika kasuwak.

III. Pamuji sagêda wontên basa Jawi namung satunggal warni ingkang kangge wontên ing pamulangan-pamulangan, sumrambah ing sadayanipun.

3. Radèn Ngabèi Sastrasutarma pitakèn:

I. Yèn ingkang gadhah sakolahan botên purun (ngaosi basa Jawi) kadospundi. Kawangsulan Jayasugitan: inggih kojur namanipun.

--- 65 ---

II. Yèn basa Jawi kangge ngêsokakên kawruh-kawruh kilenan, dèrèng mangrêtosakên tiyang ingkang dipun soki kawruh kadospundi.

4. Sadhèrèk Suyud, nguwatosakên, bokmanawi indhaking wulangan cara Jawi andadosakên andhapipun wulangan cara Walandi, wêkasan botên sagêd sambêt kalihan sakolahan sanginggilipun.

5. Sadhèrèk Wignyadisastra, ngrêmbag sêrat-sêrat ingkang kangge ing pamulangan klas II, kathah ingkang isinipun botên cocog kalihan kawontênanipun lare, kados ta buku karanganipun Tuwan Bèrês sarta Mas Nirman, mrayogèkakên: sampun kêkathahên warninipun, supados sagêd tumănja, sarta lare-lare sami sênêng maos. Pramasastranipun kêdah manut paramasastra guprêmenan, supados botên damêl bingung.

6. Sadhèrèk Yasawiyata nêrangakên bilih lare-lare H.I.S. sami ngiwakakên basa Jawi, nêngênakên basa Walandi punika botên awit saking trêsna dhatêng cara Walandi, namung kabêkta saking bab pangupa boga. Botên kuwatos icalipun basa Jawi, mawi lupiya nagari Polên ingkang kabawah dening băngsa Rus. Anggènipun nêtêpakên kêdah mawi basa Rus, botên kenging mawi basa Polên, nuwuhakên sakolahan dhêdhêmitan, prêlu mulangakên basa Polên.

7. Sadhèrèk Duryat, andumuk buku-buku ingkang kirang lêrês basanipun, kados ta buku Suyud, sarta sêkar sêtaman.

8. Sadhèrèk Prawiraatmaja ngambali usulipun kados ingkang sampun nate kauncalakên kala parêpatan agêng bab pangajaran wontên ing Bandhung, supados pangajaran tumrap calon guru dipun inggilakên.

9. Sadhèrèk Sastrasugănda usulipun nunggil laras kalihan Prawiraatmajan, mawi jerengan tumrap ingkang prasasat namung sakêdhap tuntunanipun anggènipun dados guru.

10. Sadhèrèk Sutadi warga Rad Kawula, botên rujuk wontênipun lagu basa warni-warni (veeltallig-systeem). Mrayogèkakên icalipun basa Mlajêng saking pamulangan Jawi, jamipun kangge wulangan Jawi dipun wêwahi. Ngajêng-ajêng adêgipun kursus kangge guru-guru Jawi sinau basa Jawi.

Juru sêsorah Jayasugitan mêwahi katrangan utawi suka wangsulan pitakenan, wosing katrangan mratelakakên bilih pamanahan ngajêngakên basa Jawi wontên ing H.I.S. punika botên nyamarakên inggiling pangajaran cara Walandi. Mawi pasêksèn para neneman wêdalan pamulangan A.M.S. ing Ngayoja ingkang kawitan, wontên sawatawis ingkang asli saking sakolahan Jawi klas kalih, malah wontên ingkang waunipun saking sakolahan dhusun, ewadene bijinipun malah kalêbêt onjokalaiksamên wêkasan. Punika sanès pathokan, nanging kenging kangge pasêksèn. Mastani basa Walandi kangge [kang ...]

--- [66] ---

[... ge] tiyang Jawi punika basa pangawulan. Prêcaya ing têmbenipun bokmanawi basa Jawi ugi kenging kangge ngawula.

Rêmbag ingkang ăngka kalih ing dintên Kêmis wau bab ikêtaning ukara ing buku waosanipun lare-lare.

Juru sêsorah wontên kalih, Radèn Sasrasugănda saking Ngayoja kalihan Mas Ngabèi Yasawidagda saking Surakarta.

Radèn Sasrasugănda mratelakakên bilih buku-buku waosan kêdah nêtêpi kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika. (Mriksanana Pusaka Jawi ăngka?).

Juru sabda ăngka kalih Mas Ngabèi Yasawidagda, mratelakakên (mriksanana Pusaka Jawi ăngka?).

Dumugi samantên pasrasehan basa tumrap basa Jawi rampung. Sadèrèngipun bibaran, pangarsa mêdhar pangajêng-ajêng dhatêng para kawogan sami mrêlokna dhatêng Pusaka Jawi, awit ing ngriku kangge ajangipun ngrêmbag kasusastran, kagunan, sarta kawruh Jawi. Kaparênga sami urun wudhu, murih majêngipun. Pangarsa ngambali ngaturakên panuwun dhatêng para juru wêwarah, sarta ingkang sami mudhoni rêmbag, sumarambahipun dhatêng sadaya para tamu, punapadene para ingkang sami têtulung ngantos sagêd angwontênakên pasrasehan punika. Mugi-mugi sadaya rêmbag sagêda maedahi tumrap ajêngipun kasusastran Jawi. Jam satunggal siyang parêpatan bibaran kalayan wilujêng ing sadayanipun.

Ingkang damêl pèngêtên punika Adisasmita.

--- 67 ---


sataun. (kembali)
sataun.
kasêbut. (kembali)
kasêbut.
purwakanthi. (kembali)
purwakanthi.