Pusaka Jawi, Java Instituut, 1925-02, #335

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1925-02, #335. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1925-02, #335. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 5, Phèbruari 1925. Taun III

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. KATS), Radèn Sastrawijana.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi punika kakintuna dhatêng redhaksi: Salembah 28 Wèltêprèdhên. Sêrat-sêrat panêmbung dados lêngganan, kakintuna dhatêng administrasi: Kêbonsirih 64 Wèltêprèdhên.

Rêginipun sêrat wulanan punika: f 3,- sataus,[1] sarta kedah kabayar rumiyin. Sintên ingkang kaparêng lêngganan, apêsipun kêdah tumrap sataun. Manawi tumbas amung satunggal nomêr, rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- satêngah kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 manawi lêngganan kamirahakên.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara Ingkang Kaping Nêm, Ridêr ing Ordhê Nèdêrlansê Leyo, Komandhur ing Ordhê Oranyê Nasao, Komandhur ing Ordhê Krun ing Siyam, Kolonèl Mêmori Generalên Staph ing Wadyabala Indiya Nèdêrlan, Pangagênging Trah Mangkunagaran saha Gustinipun Têtiyang Sakadipatèn Mangkunagaran ing Surakarta, ingkang Samangke Sampun Ambagawan.

Panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI kala timuripun asma: Gusti Bandara Radèn Mas Suyitna, miyosipun kala tanggal kaping 17 Rêjêb, warsa Wawu, ăngka 1785, utawi kaping 13 Marêt 1857, putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV miyos saking ibu putri dalêm ingkang pambajêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping III. Kangjêng Gusti ingkang kaping VI wau kalêrês ingkang rayi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping V, inggih punika ingkang rama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VII, ingkang jumênêng sapunika.

Kangjêng gusti ingkang kaping VI wau botên beda kalihan ingkang raka tuwin rayi-rayi, kala timuripun wiwit yuswa wolung taun pinardi ing kasusilan [kasu ...]

--- 68 ---

[... silan] Jawi lugu, makatên ugi piwulangipun inggih Jawi lugu. Inggih lêrês sarêng yuswa 10 taun, awit saking karsa dalêm ingkang rama, swargi kangjêng gusti kaping IV, Gusti Bandara Radèn Mas Suyitna kalêbêtakên ing pamulangan Walandi andhap, ananging botên ngantos lami lajêng kapundhut mêdal, sabab saking panggalih dalêm kangjêng gusti kaping IV, prayogi pinardia Jawi lugu. Ngantos dumuginipun yuswa 16 taun, Gusti Bandara Radèn Mas Suyitna winulang ing basa Jawi tuwin Kawi, saha linantih anganggit sêkar (têmbang) punapadene bêksa sarta angidung raras, lan malih sasêlot-sêlotipun pinardi ing pakaryan salêbêting dalêm Mangkunagaran. Wiwit yuswa 16 taun, gusti bandara radèn mas wau lumêbêt dhinês militèr, sakawit kadadosakên suradhadhu jajar ing lesiyun Mangkunagaran, ing măngka ingkang raka tuwin rayi-rayi botên wontên ingkang kawitan makatên, sadaya anjujug pangkat upsir. Lêt sawatawis wulan, gusti bandara radèn mas kapatêdhan pangkat ondêr upsir pholêntèr. Sarêng sampun angsal sataun langkung sakêdhik, winisudha jumênêng litnan ăngka 2. Sarêng anggènipun ngasta pangkat wau sampun angsal sawatawis wulan, lajêng kapêthil, kapiji wontên ing kantoripun kangjêng gusti piyambak (perangan Măndragini). Ngantos langkung saking kalih têngah taun laminipun, gusti bandara radèn mas wau piniji wontên ing ngriku, anuntên kawangsulakên ing dhinêsipun saèstu ing lesiyun, botên antawis dangu winisudha jumênêng litnan ăngka 1 inpantri saha jinunjung apangkat pangeran, salajêngipun asma: Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat.

Kangge anjêmbarakên pamirsa, Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat nalika yuswa 20 taun dhinèrèkakên ingkang raka, sadhèrèk tunggil rama, inggih punika Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, tindak alêlana ngantos pintên-pintên wulan laminipun dhatêng tanah Jawi Kilèn tuwin Jawi Wetan, tindakipun wong agung wau anitih kareta pos, jalaran nalika samantên saking tanah Jawi Kilèn dhatêng tanah Jawi Wetan dèrèng wontên sêpur. Sampun tamtu kemawon, sarêng rawuh ing Bogor, kangjêng pangeran kêkalih wau sowan ing ngarsa dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphêrnur general.

Anggènipun ngasta pangkat litnan ăngka 1 ing lesiyun Mangkunagaran ngantos langkung saking 2 taun, Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat lajêng winisudha jumênêng kaptin, ngumêndhani kumpêni 3. Anggènipun ngasta pangkat makatên punika mèh kawan taun laminipun, lajêng katêtêpakên jumênêng kaptin ajudanipun ingkang raka, swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana ingkang kaping V, pangagênging trah Mangkunagaran kala samantên. Kacariyos kangjêng gusti kaping V wau anggêntosi swargi ingkang rama, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping IV, nanging apangkat litnan kolonèl, kumêndhaning lesiyun ingkang kasêbut [ka ...]

--- 69 ---

[... sêbut] nginggil. Lêt sataun saking anggènipun jumênêng kaptin kumêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat lajêng kabantokakên ing pintên-pintên garap kantor praja (kados ta: kartipraja, arta nagari, yayasan nagari).

Sarêng yuswa 33 taun winisudha jumênêng mayur intêndhansê, taksih anunggil taun, sarèhning anggènipun ngasta pangkat upsir sampun angsal 15 taun, kaparingan medhali minăngka pracihnaning sêtya saha lamining dhinêsipun. Kajawi nindakakên padamêlanipun lami, kangjêng pangeran wau kasampiran padamêlan angulat-ulatakên ubêd kêlêthêkipun salêbêting dalêm Mangkunagaran, ngulat-ulatakên kagungan dalêm kapal sarta rata, upacara kaprabon, lan sanès-sanèsipun. Dados cêkakipun babaganing juru gêdhong.

Amila inggih botên anggumunakên, sarèhne pratelaning lêlampahanipun kangjêng pangeran wau sakalangkung sae, sasurud dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping V, rèhipun botên atilar putra ingkang sampun ginadhang-gadhang anggêntosi, ingkang pinilih anggêntosi jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran lan angêrèh praja botên wontên malih kajawi Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat.

Jumênêng dalêm Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI kiniyatakên dening kangjêng gupêrmèn Indiya Nèdêrlan, anglêrêsi tanggal kaping 15 Jumadilakir, warsa Jimakhir ăngka 1826, utawi kaping 21 Nophèmbêr 1896. Ing dintên punika ugi kangjêng gusti wau tinêtêpakên jumênêng kolonèl kumêndhaning lesiyun.

Nalika wontên pasamuwan agêng, mahargyakakên jumênêng dalêm Kangjêng Sri Maharajaputri, kangjêng gusti kaping VI botên beda kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam, punapadene para raja-raja ing sajawinipun tanah Jawi, sowan anjênêngi dhatêng wèltêphrèdhên sarta dhatêng Bogor. Kalêrês pasamuwan wau Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI winisudha ing Kangjêng Sri Maharajaputri jumênêng ridêring ordhê Nèdêrlansê leyo.

Nalika sang prabu ing Siyêm têdhak dhatêng Surakarta, martamu dhatêng Kasunanan lan Mangkunagaran, kangjêng gusti ingangkat kumandhuring krun ing nagari Siyam. Botên watawis lami kangjêng guphêrnêmèn Indiya Nèdêrlan aparing pangwaos dhatêng kangjêng gusti wau amranata piyambak arta kagunganing nagari tanpa kaawat-awatan ing kangjêng guphêrnêmèn malih, minăngka pracihna bilih guphêrnêmèn sampun pitajêng dhatêng pangastaning paprentahanipun kangjêng gusti. Pangwaos makatên punika nalika panjênênganipun kangjêng gusti ingkang kaping V ngajêngakên seda dalêm, kapundhut ing kangjêng guphêrnêmèn, amargi nalika samantên wêdaling waragad praja nglangkungi kathah sangêt arta kaskayaning nagari. Dene jalaraning kirangipun arta nagari wau, ingkang baku

--- 70 ---

inggih punika plorodipun rêrêgèn kopi sarta gêndhis, satêmah kaskayaning praja ingkang mêdal saking panggaotan, suda kathah sangêt. Dhasar nalika panjênênganipun kangjêng gusti ingkang kaping V kêrêp praja Mangkunagaran kasangsaya makatên punika, ngantos botên sagêd angrancang-ngrancang rumiyin, nyuda wêdaling waragad supados sagêd cundhuk kalihan sudaning kaskaya wau.

Kangjêng gusti ingkang kaping VI dhasar misuwur sakalangkung sagêd pangastanipun arta, pantês pinuji ing jagad, dene sagêd anututi kosèking bêgrotêng Mangkunagaran, ing sadèrèngipun kalajêng-lajêng, satêmah lêbêt wêdaling arta sagêd cocog, nanging anggènipun anggêmèni wau botên pisan-pisan anyahak kaparluaning praja. Awit ingkang makatên wau praja Mangkunagaran botên èstu dhumawah ing kamlaratan. Kangjêng gusti botên namung ngangkah sagêdipun cocog waragad lan kaskayaning nagari, inggih ugi angudi sagêdipun mundhuti sambutaning nagari. Ing salêbêtipun sawatawis taun wêdaling arta suda kathah sangêt, ngantos kaskayaning nagari botên namung sagêd anyêkapi wêdaling waragad kemawon, ugi sagêd nirahakên ing sabên taun. Karsa dalêm ingkang kapêrlokakên sangêt namung murih sugihipun praja Mangkunagaran. Sarèhne kala samantên arta Mangkunagaran kirang sangêt, amila kangjêng gusti kaping VI wau namung kapanci dhahar balănja f 2000 sawulanipun. Sarêng kas wau sampun mindhak saenipun, dhahar dalêm balănja kaindhakakên f 1000. Nalika sarira dalêm tampi indhakan balănja wau, sadaya bayaripun para agung lan para priyantun ing Mangkunagaran ugi kaindhakan kathah. Kangjêng tuwan residhèn wontên salêbêting taun 1913 angrêmbagi, sarèhne sampun têtela bilih praja Mangkunagaran kalêbêt praja gadhuhan ingkang sugih saèstu ing Indiya Nèdêrlan, supados dhahar dalêm balănja kawêwahana malih dados f 4000 sawulanipun, ananging kangjêng gusti botên karsa, awit saking panggalih dalêm indhaking balănja wau kirang adil, sabab botên kasarêngan indhaking bayaripun para agung lan para priyantun ing Mangkunagaran. Ngantos 2 taun laminipun, bêgrotêng tumrap sarira dalêm kangjêng gusti kaping VI sawulanipun kawêwahan f 1000 ananging arta tambahan wau sarêng sampun jangkêp kalih taun kawangsulakên dhatêng kas nagari kirang langkung wontên f 25.000, karsa dalêm supados arta wau katanjakna tumrap kaparluaning kathah. Dados karsa dalêm kangjêng gusti kaping VI angudi murih timbanging wêdalipun waragad sarta kaskayaning nagari, punapadene pundhating sambutanipun nagari, punika botên namung sagêd kalaksanan saèstu, malah sagêd andamêl karuhuraning nagari, dene praja Mangkunagaran kala samantên, kadosdene ingkang kacariyosakên ing nginggil, kagolong praja-praja gadhuhan ingkang sakalangkung sugih ing Indiya Nèdêrlan. [Nè ...]

--- 71 ---

[... dêrlan.] Praja Mangkunagaran anggadhahi arta andhungan ngantos pintên-pintên yuta kathahipun, awit saking atur pirêmbaging supêr intêndhan Mangkunagaran, inggih punika sakawit swargi tuwan de Kock van Leeuwen sarta salajêngipun swargi tuwan W.F.H. Haag, arta andhungan wau kalampahakên sarana katumbasakên, obligasi utawi sêrat sambutan sanès-sanèsipun ingkang kiyat, kauntunganipun kangge mêwahi kaskayaning praja, kalêbêtakên ing kas nagari. Wiwit kala samantên kagungan pabrik-pabrik Mangkunagaran lan panggaotan sanès-sanèsipun, sampun sagêd tumindak tanpa mêndhêt phursêkhot saking bang, malah pabrik sarta panggaotan wau sampun botên kakirangan arta andhungan.

Anggènipun ngasta paprentahaning nagari Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI andadosakên kaparênging panggalih dalêm Kangjêng Sri Maharajaputri, amila nalika taun 1913 kangjêng gusti wau angsal nugraha malih, samangke kaparingan pangkat kumandhur ing ordhê oranyê nasao.

Kangjêng gusti ingkang kaping VI têtêp mantêp panggalihipun. Timur mila prasaja ing sadayanipun, ngantos dumuginipun yuswa (sêpuh) botên ewah.

Butuhing dalêm Mangkunagaran kasuda kathah sangêt, kangjêng gusti awis-awis sangêt ngawontênakên pasamuwan, botên rêmên rinêngga-rêngga, lan babar pisan botên kagungan panggalih angkuh.

Ing salêbêtipun ngasta kalênggahan dalêm ingkang ruhur punika, ingkang pinêlêng sangêt kadospundi pratikêlipun murih praja Mangkunagaran botên kalajêng dhawah ing kamlaratan, amila nalika mêntas jumênêng enggal-enggalan, botên patos anggalih dhatêng sakathahing padamêlan ingkang botên lajêng kêtingal kasilipun. Sarêng sampun lami jumênêng dalêm, langkung-langkung sarêng ngajêngakên sèlèh karuhuran, kangjêng gusti kaparêng angajêngakên lan aparing kamirahan dhatêng pangajaran tuwin kagunan.

Manawi angèngêti bilih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI punika namung angsal pamardi Jawi lugu, pamardinipun cara kina saèstu, amasthi sok tiyanga angintên, tangèh sarira dalêm wau sagêda angênggèni jaman sapunika. Pangintên makatên punika têtela botên lêrês, awit nyatanipun kangjêng gusti wau malah kagolong bangsaning ngaruhur ingkang ambukani ngêcakakên salêbêting praja Mangkunagaran tatacara ingkang rujuk lan jamaman[2] samangke. Kangjêng gusti anyirnakakên pakurmatan cara Jawi ingkang ngantos angasorakên aosing tiyang siti. Tansah angatingalakên bilih panggalih dalêm rêmên ambelani kawula dalêm kathah, lan aparing palilah dhatêng sadaya tiyang wontên salêbêting capuri Mangkunagaran mangangge cara Walandi ingkang mathuk ing hawa bêntèr, gundhulan, lan aparing palilah dhatêng para priyantun ingkang sami sowan, linggih ing kursi, botên karsa dipun dhodhoki. Makatên [Ma ...]

--- 72 ---

[... katên] ugi tumrap lesiyun kathah sangêt labêtipun kangjêng gusti, awit panggalih dalêm wiwit rumiyin ngantos sapunika têtêp upsir. Saupami kangjêng gusti wau kabiyantu ing juru atur pamrayogi sarta mitra ingkang têmên-têmên sucining manah, sampun tamtu langkung saking samantên labêtipun dhatêng nagari tuwin têtiyangipun, ananging biyantu makatên punika kangjêng gusti botên sagêd angsal, amila kêrêp angêsah, bilih karsa dalêm ingkang langkung mulya wau awis-awis ingkang ngrêtos utawi anarimah. Karsa dalêm supados nagari andamêla margi trèm saking Sala dhatêng Kakap lan adanana lampah trèm, supados maèwu-èwu tiyang Jawi sagêd angsal panggaotan, botên sagêd kalaksanan, awit botên wontên ingkang ngrujuki.

Jalaran saking prakawis warni-warni, langkung-langkung prakawis kalihan para santana, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI sampun watawis lami kagungan panggalih karsa ambagawan.

Sanajan para nayakaning praja lan sawênèhing santana sami anggondhèli, ewadene kangjêng gusti wau nalika taun 1914 angaturi sêrat panuwun, konjuk ing kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general, suraos nyuwun kakiyatna karsa dalêm badhe sèlèh karuhuran wau, ananging sarèhne kala samantên sawêg wontên pêrang agêng ing Eropah, milanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Idenburg botên karsa paring palilah tumuntên. Panuwunan sèlèh wau inggih kaparêngakên, ananging ngêntosi benjing wiwitipun wulan Januari 1916. Sarêng sampun kalampahan lèrèh, lêt sawatawis dintên jêngkar dhatêng Jawi Wetan, botên karsa mawi pakurmatad[3] punapa-punapa, salajêngipun kangjêng gusti wau dêdalêm wontên ing Surabaya.

Dados Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VI anggènipun ngêrèh praja Mangkunagaran langkung saking 19 taun.

Sasampuning sèlèh karuhuran pangagênging trah Mangkunagaran, sarèhne sakalangkung pinuji ing kangjêng gupêrnêmèn, amila kangjêng tuwan ingkang wicaksana guphêrnur general kaparêng amisudha kangjêng gusti wau jumênêng kolonèl ing generalên sêtaph, wadyabala Indiya Nèdêrlan (11 Januari 1916). Taun 1916 wau kalêrês jangkêpipun 52 taun saking têtêpipun kangjêng gusti jumênêng litnan, ăngka 2 dados manawi kapêndhêt dhinêsipun nalika kapêthil kantun 50 taun, inggih punika dhinêsipun militèr saèstu.

Ing ngandhap punika, pratelan lêlabêtanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sadangunipun jumênêng:

Andandosi risaking arta nagari.

Nyaèni dhaharipun para agung, para santana, lan bayaripun para priyantun ing Mangkunagaran.

Amaringi balănja dhatêng para santana dalêm èstri

--- 73 ---

nindakakên pranatan pintên-pintên, ingkang sami kawontênakên murih karaharjaning praja lan kawula.

Ambangun dalêm Mangkunagaran lan patamananipun.

Amaringi bêbingah dhumatêng abdi-abdi lami.

Angatur panyêpênging kabutuhan ing dalêm Mangkunagaran miturut cara sapunika, ngicalakên cara angurmati panginggilan ngantos anglongsor lan anyuda sakathahing pakurmatan tuwin rêrênggan, namung kapêndhêt sapêrlunipun.

Angawisi tiyang angêdalakên arta ingkang tanpa tănja.

Ayasa Studiefonds.

Yasa pamulangan kangge lare-lare èstri băngsa Jawi.

Angatur pamulanganipun lare-lare jalêr băngsa Jawi, murih rujukipun kalihan jaman sapunika, lan malih ingkang kaudi sangêt inggih punika: dadosipun sugih praja Mangkunagaran, ngantos sagêd kaewokakên praja-praja gadhuhan ingkang sakalangkung sugih ing Indiya Nèdêrlan. Ing măngka nalika jumênêng dalêm, praja Mangkunagaran wau kothong kasipun, tur sugih sambutan.

Rêmbag Bab Sêkaran

Pamanggihipun Radèn Ngabèi Sastrasutarma

Kula nuwun pangrèhipun Yapha Insêtitut, sangêt panuwun kula ing panjênêngan dene wêkdal punika kula kapatah mêdharakên pamanggih kadospundi sarananipun supados kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur. Kauningana, gêgaran kula purun mêdhar sabda punika namung satunggal bab inggih punika kêconggah, dados nama kêlèntu pamatah panjênêngan ing kula, mila punapa atur kula punika mangke tangèh sagêdipun nyêkapi ing kabêtahan.

Parêpatan, kadospundi sarananipun supados kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur, mangke badhe kula aturakên, akalihan manah kêconggah. Kula botên badhe kêndhak kataman panukarta panjênêngan sadaya, kapara adamêl bombonging manah kula anggèn panjênêngan badhe urun rêmbag punika mangke, cocog akalihan bêbundhêlaning manah kula. Kuciwa sakêdhik, dene pamanggih kula punika panjênêngan sami dèrèng mariksa sadèrèngipun. Dene bêbundhêlanipun ing manah, punapa pamanggih kula punika dadosa têtawuring J.I. anggènipun andamêl pasrasehan basa Jawi wontên ing Surakarta, têmahan sagêd kalaksanan punapa ingkang sinêdya.

Parêpatan, samangke parlu kula gêlarakên rumiyin pêperangan saha kanggenipun sêkar punika. Manawi botên lêpat pangintên kula wontên 3 perangan, inggih punika sêkar agêng, têngahan saha macapat. Bakunipun [Ba ...]

--- 74 ---

[... kunipun] sêkar agêng punika kangge wontên ing gêndhing, sêkar macapat wontên ing sêrat waosan, dene sêkar têngahan punika klawêr, dhatêng gêndhing purun, dhatêng waosan inggih purun. Kintên-kintên ingkang dumados rumiyin sêkar agêng, têngahan, ingkang kantun sêkar macapat.

Awit saking sêpuhipun sêkar agêng, para sarjana ngantos sami kecalan lacak sintên ingkang sami nganggit sêkar agêng wau, makatên ugi sêkar têngahan. Sêkar agêng punika namanipun kathah sangêt, bokmanawi satus kemawon taksih langkung, sami gadhah lagu piyambak-piyambak. Sêkar macapat namung sakêdhik cacahipun, lagunipun inggih namung sakêdhik, nanging langkung angèl tinimbang sêkar agêng utawi têngahan, makatên pangandikanipun sarjana ingkang sampun lêbda.

Sapunika sêkar macapat, kacariyos punika anggitanipun para wali, dados sawêg kala jaman Dêmak. Dumadosipun sapunika prasasat sadhengah kemawon sami sagêd ura-ura sarta nyêkarakên macapat punika, mila kula piyambak taksih rangu-rangu punapa inggih lêrês angèl sêkar macapat tinimbang sêkar agêng wau. Dene wontên ingkang anggalih botên parlu sinau nyêkar macapat, kenging kemawon, dening inggih sabên tiyang prasasat sampun sagêd wau, nanging sagêd-sagêdan punapa sagêd sayêktos punika kalepyan botên dipun raosakên.

Awit saking gampilipun sêkar macapat, kawontênanipun samangke ngantos prasasat botên wontên sêrat neneman ingkang mawi sêkar macapat sae. Dening kathah sangêt sêrat neneman ingkang gêgaranipun anggèning nganggit waton kêconggah kemawon, kalêbêt kula.

Manawi botên kalintu, ingkang kinarsakakên ing J.I. punika bokmanawi inggih kawruh nyêkarakên macapat, amargi punika ingkang sumrambah kangge ing ngakathah, sarta angèl panganggitipun kalêbêt sêkar têngahan. Jalaran botên namung kaguruwicalan, taksih mawi dhongdhing sarta pêdhotan. Dening kathahipun sêrat neneman ingkang dumadosipun saking bêdhagalan punika wau, têmahanipun samangke lajêng ngêsorakên darajatipun sêkar macapat. Kathah ingkang sami kodhêng maos sêrat ingkang mawi sêkar macapat neneman wau, sami pinilalah botên dipun waos, pilih maos sêrat gancaran, anggêpipun langkung cêtha. Sampun lêrês kemawon, saya sêrat waosan sinawung sêkar macapat sastra Walandi, punika lajêng pêjah sêg, ical raosipun. Wontên malih panêmbrama ingkang botên mathuk ungêl kalihan ingkang dipun panêmbrama, punika lucu manawi dipun gatosakên, nanging kosokwangsul balaka bilih maos sêrat-sêrat sêpuh karanganipun para pujăngga, ing pangraos kados ningali maujud, punapa ingkang kacariyosakên katingal sasolah-bawanipun [sasolah- ...]

--- 75 ---

[... bawanipun] wontên ing panon. Kados ta Sêrat Rama, Menak, sapanunggilanipun.

Sababipun punapadene makatên, botên sanès inggih saking saening panganggitipun. Punapa parlunipun sêrat waosan mawi dipun sêkarakên, punapa botên prayogi gancaran kemawon langkung gampil, rancag tur ringkês dhatêng sêratan. Punika ingkang parlu dipun galih ing para sadhèrèk kathah. Wosipun anggèning mawi dipun sêkarakên punika bokmanawi:

Ha: Supados botên kêmba pamaosipun, sakeca dipun mirêngakên ing sadhèrèk kathah.

Na: Kangge anggambar raosipun ingkang nganggit utawi ingkang dipun cariyosakên, sagêda nênangi raos saha kalêbêt dhatêng raosipun ingkang sami maos utawi mirêngakên, katêmahan katuwuhan pangraos kados kasat mata ing pandulu dados bingah utawi wêlas, sapanunggilanipun. Mila nganggit sêkar macapat punika bilih namung guru wêwaton, pêdhotan, dhongdhing, wicalaning wanda tuwin purwakanthi kemawon nama sawêg lêrês, dèrèng paja-paja sae.

Lênggahipun sêrat ingkang sinawung ing sêkar macapat punika wontên ing babad, dongèng, cariyos kawontênan, pahargyan, sasaminipun, piwulang dhatêng kasusilan sapanunggilanipun bilih sae panganggitipun, sinawung sêkar, punika sagêd ngrêmênakên sarta gampil kalêbêtipun dhatêng manah. Dene kawruh kagunan, bilih mawi dipun sêkarakên, angèl sangêt, botên lênggah, dados inggih botên prayogi.

Ningali paedahipun sêkar macapat saha kawontênanipun sapunika, sampum[4] mèmpêr kemawon Yapha Insêtitut ngupados sarana kamajênganipun sêkar ing wêkdal samangke, nanging sayêktosipun prayogi dhawah kantun kemawon, ingkang dipun rumiyinakên basa, manawi basa Jawi sampun majêng, têmtunipun sêkaran badhe lajêng tut wingking, dene pamanggih kula supados kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur:

1. Ngwontênakên bêbadan ingkang kawajibakên andandosi sêrat-sêrat neneman.

2. Nyaèni sêrat-sêrat damêlanipun para pujăngga.

3. Sêrat-sêrat ingkang kangge waosaning ngakathah kaindhakana kathahipun ingkang mawi sêkar.

4. Ing pamulangan-pamulanganipun lare Jawi dipun wontêni wulangan: ura-ura sarta nyêkarakên.

Tutupipun atur kula, sanadyan sampun kawontênakên istiyar 4 prakawis makatên, kula botên purun namtokakên punapa kawruh nyêkarakên badhe mundur malih kados sapunika. Amargi puluh dipun saranana punapa kemawon bilih kasagêdan nyêkarakên botên angsal pangaos samurwatipun.

--- 76 ---

Sintên ingkang kêpengin sagêd nyêkarakên? Punapa botên malah saya dangu saya ical. Wosipun manawi kasagêdan nyêkarakên dèrèng sagêd: pajêng dolipun, botên sagêd majêng. Sampun namung punika atur kula.

R.Ng. Sastrasutarma.

Rêmbag Bab Sêkaran

Pamanggihipun Radèn Ngabèi Wăngsadilaga

Angèl sangêt anggèn kula damêl jawaban pitakenanipun Java Inst. "kadospundi sêtiyaripun, supados kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur" awit pamanah kula tumrap gêgêlênganipun kawruh basa kawruh pangikêting ukara sêkar, punika upami tataran makatên, inggilipun anglangkungi ukara gancaran, dados upaminipun tiyang mêmanah badhe nindakakên pakaryan makatên, lêrêsipun, pancènipun urutipun saking: gancaran, lajêng sêkaran, wontên paribasanipun: obah ngarêp, kobèt buri, yèn sirahipun ebah, buntutipun inggih lajêng molah. Mênggah têlêngipun utawi tukipun ingkang kula wastani sirah, punika basa Jawi, dados ebah molahipun kawruh pangikêting ukara sêkar, punika kawêngku ing kawontênanipun basa Jawi, kenging kangge pasaksèn, kala ngêmbyahipun sêsêkaran, punika anglêrêsi mêkar-mêkaripun basa Jawi, jaman Rănggawarsitan minggah, basa Jawi taksih dipun ajêngakên, botên dipun ungkurakên ing basa Walandi kados samangke punika, nadyan kala samantên ing pangintên basa Walandi inggih sampun dipun bêtahakên, awit saking taksih kathah ingkang dèrèng sagêd, dados dêrêngipun dèrèng patos kraos, kawontênan kasagêdan têmbung Walandi sawêg dados kautaman, nadyan inggih dipun aji-aji sangêt, nanging dèrèng têtêp dados kabêtahan kados samangke, ingkang dados bêtah taksih têmbung Jawi, dados inggih taksih aji, sadaya para paramèng Kawi prasasat dados uyunanipun jagad, sabên tiyang, sabên băngsa sami ngaosi, basa Jawi taksih dados pêpenginan lajêng kathah ingkang sami amarsudi, mila taksih wontên tuwuhing têmbung: lir hyang pudhak sinurat, warsa kusuma sumirat. Bok cinolong ing jagad. Wre samya mèsêm umiyat. Pangraos kula têmbung-têmbung wau wontên yatmakanipun sadaya, gêsang kados gadhah nyawa, dhatêng raos sumèntêg amranani manah, inggih pabênipun tiyang rêmên, mila pêntogipun pamanggih kula, majêng munduripun kawruh pangikêting ukara sêkaran Jawi, punika gumantung wontên ing basa Jawi, manawi basa Jawi majêng, kawruh sêkaran saèstu katut majêng, awit saking punika, sayoginipun ingkang parlu kapindêng sayêktos panggarapipun: sagêda basa Jawi botên dipun pêngkêrakên kados samangke, sagêda dipun aosi kados ingkang sampun, [sa ...]

--- 77 ---

[... mpun,] kalihan malampah manah majêngipun kawruh sêkaran, nanging pangintên kula, manawi basa Jawi sampun dipun ajêngi malih, majêngipun kawruh sêkaran, bokmanawi gampil, mênggah budidayanipun, pamanggih kula makatên:

II. Ha) Ngrêtosakên: kawontênanipun sêkaran punika kadospundi? Utawi nyêrêpakên: punapa ta pigunanipun??

Na) Marahakên kawruhipun pangikêting sêkar.

Makatên wau sasampunipun basa Jawi dipun ajêngi malih. Awit kawontênan ingkang botên dipun ajêngi, botên kangge, utawi botên tumrap ing kathah, punika saèstu rêkaos sangêt anggènipun ngajêngakên manah sampurnanipun, malah kalimrahanipun, kawontênan ingkang makatên wau kawastanan: mundur.

Punapa ta: parlunipun mawi dadak dipun mangrêtosakên rumiyin kawontênan lan pigunanipun? Punika parlu sangêt, margi witing rêmên, punika saking mangrêtos. Măngka rêmên makatên dados dhasaripun majênging manah amarsudi, dene majênging manah amarsudi, punika ingkang badhe andumugèkakên sampurnaning kawruh, inggih makatên punika ingkang dados pangajêng-ajêng kita ing tawang nêtêpi kêkudanganing jagad, sadaya kawontênan punika majêng ngantos sampurna wangsul ing kajatènipun.

Samangke kados wontên parlunipun kagêlarakên sawatawis, kadospundi kawontênanipun sêkaran lan punapa pigunanipun. Manawi anggèn kula ngothak-athik, mathukipun pamanggih kula, makatên:

Sêkaran punika ukara ingkang karakit, kaurutakên larasipun, supados runtut miraos dhatêng raos, eca karaosakên. Manawi sampun kabawaswarakakên, kenging katêmbungakên gêndhèng, punika dados têtimbanganipun gêndhing, inggih punika swara ingkang katata karuntutakên larasipun, supados sakeca kamirêngakên, makatên wêwarahipun para kawiswara.

Mênggah runtutipun rêrakitaning ukara sêkar wau, miturut Sêrat Mardawalagu, anggitanipun Kyai Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pathokanipun wontên kalih:

1) guru laku | 2) guru lagu

Guru laku makatên tumraping sêkar: maca salagu, sarta maca ro lagu, têgêsipun, sêkar ingkang kasapisan, lan sêkar ingkang ping kalih, inggih punika sêkar agêng basa Jawi Kina, kawastanan lagu sêkar Kawi anggitanipun para dewa, sarta para êmpu ing jaman kida.[5] Pathokanipun namung mêndhêt pêpetanganing aksara utawi wandaning sastra, kados ta: sêkar lampah:

5 dumugi 10, kawastanan lagu salisir,

11 dumugi 20, kawastanan lagu siriran,

21 dumugi 28, kawastanan lagu rakêtan,

29 minggah nama dhandhaka, taksih kagolong rakêtan utawi kawastanan lagu simparan.

--- 78 ---

Dene guru lagu, punika tumraping sêkar maca tri lagu, têgêsipun sêkar têngahan, kawastanan lêlagon sêkar jarwa, anggitanipun Rêsi Wiratmaka, brahmana ing Janggala, ing Sêrat Mardawalagu nêrangakên. Dados lêlagoning waosan sêrat jarwa, măngka nalika jaman Jênggala, ing pangintên taksih basa Jawi Kina, punika ragi ngodhêngakên, nanging miturut kawontênanipun, sêkar têngahan makatên, prasasat sadaya namung kangge sêrat jarwa, pathokanipun mawi lagu, dhawahipun dhongdhing maton mawi lagu dhawah i, u, e lan lêgêna, kados sêkar macapat lagu, têgêsipun sêkar alit, anggitanipun para wali Kangjêng Sunan ing Girikadhaton, lajêng kababarakên Kangjêng Sunan ing Benang, waradin dhatêng para wali: dumugi samangke. Dados sêkaran punika kawontênanipun: larasaning ukara, utawi ukara ingkang kalaras.

1) Mênggah pigunanipun sêkaran punika: kangge, 1.) Nglaras raosing ukara, supados sakeca, 2.) Anggampilakên apilipun dhatêng piwulang, 3.) Nglandhêpakên raos, 4.) Ngarih-arih manah sagêda sênêng, 5.) Ngulah wilêting swara, nglandhungakên napas, sapanunggilanipun.

Mila sêrat-sêrat anggitanipun para pujăngga ingkang sinawung sêkar, punika têtêmbunganipun mêsthi sae-sae, ukaranipun sakeca, gampil dipun mangrêtosi, ngantos dipun pathok pangikêtipun, sampun ngantos mêdhot gatra, pêdhotaning ukara dipun angkaha cocogipun kalihan wirama tumbuk kalihan lampahing napas, sagêda: duduk, dhawah, tuwin sèlèhing swara prênah, miraos dipun mirêngakên, mila manawi botên sagêd makatên, sakêdhik parlunipun ukara mawi kasêkarakên, tiwas rêkaos, tuwasipun namung nganyêlakên manah, luwung gancaran kemawon, prasaja.

2. Anggampilakên apilipun dhatêng piwulang. Margi saking saening têtêmbungan, gampil dipun kêcapakên lan nêngsêmakên, dados gampil apilipun, mila sêrat-sêrat Wedha, piwulang kina, tuwin sêrat sanèsipun, prasasat sadaya sinawung ing lêlagon, kados ta: Sêrat-sêrat Suluk, Sêrat Baratayuda, Ramayana, Bomakawya, Arjunawiwaha, kathah sangêt para linangkung ingkang nêngênakên dhatêng sêkaran, băngsa Jawi piyambak sarta băngsa ngamănca, kados ta: sang misuwur ing jagad Rabendranat Tagore ingkang sawêg dados kêmbang lambenipun băngsa wetanan samangke punika karêmênanipun inggih dhatêng ukara lêlagon.

3. Nglandhêpakên raos, manawi tiyang sampun kraos sayêktos dhatêng raosing ukara sêkar, kenging katamtokakên landhêp raosipud,[6] margi ukara sêkar makatên namung

--- 79 ---

kalimpadaning budi botên namung saêbab kemawon, kados ta: rakiting ukara, rarasing swara, lan rosing rasa, punika kawêdhar wontên ing sêkaran sadaya, mila rak inggih mokal sangêt tiyang sampun kraos sayêktos dhatêng lungiding trimurti: basa, swara, lan rasa, kok botên landhêp raosipun punika.

4. Para sadhèrèk ingkang rêmên lêlagoning sêkar, punika ingkang sampun kula sumêrêpi: kêrêp aring utawi aringan, manahipun sênêng, upami nandhang kasusahan, gampil panglipuripun, anggêr rêngêng-rêngêng mêsthi lajêng bingar, kêtungkul ngraosakên rarasing swara lan rosing rasa, inggih punika suraosing piwulang ingkang dipun bawaswarakakên, mila botên wontên polatanipun para kawiswara ingkang botên sajak sênêng, mila punapa botên mulya sangêt tiyang ingkang tansah sênêng manahipun, makatên punika ngantos dados dhasaripun băngsa Jawi "sênêngan manah" para liyan băngsa ingkang dèrèng paham yêktos dhatêng dhasar utawi kawontênanipun băngsa Jawi, wontên ingkang sêling-sêrêp mastani "băngsa Jawi taksih sarwa-sarwi" lajêng dipun wrati paos, mila kathah ingkang kapok, samangke prasasat sampun botên wontên sadhèrèk ingkang rêmên kalongkang-klongkong, nyuda asrining praja, manahipun lajêng kêrêp susah, mêsakakên, mila kula jumurung mangayubagya sangêt sêdyanipun Java Inst. gêsangakên utawi ngajêngakên lêlagoning sêkar, sasagêd-sagêd kula badhe ambiyantu.

5. Kula nyatakakên piyambak, kêjawi kula piyambak, sanèsipun sadhèrèk ingkang sami kula sumêrêpi ugi kathah ingkang makatên, sarêng rêmên ulah swara, punika dhatêng swara inggih mindhak arum, wontên grêgêlipun, dhatêng napas landhung, lajêng mahanani watak sabar, santosa, botên nêson, punapa makatên punika botên nama piguna agêng sangêt.

Mangsuli atur kula, wosipun: bab sêkar punika gumantung wontên ing basa Jawi, manawi sampun sagêd wangsul botên dipun pêngkêrakên malih, inggih lajêng sagêd pulih, dene budidayanipun, inggih kados atur kula wau, namung samantên pamanggih kula.

R.Ng. Wăngsadilaga

Rêmbag Bab Sêkaran

Pamanggihipun Radèn Ngabèi Kartasaksana

Katur ing panjênênganipun pangrèh J.I. ing Wèltêprèdhên Batawi.

Nuwun, kula sampun nampèni sêrat paringipun pangrèh J.I. katitimangsan kaping 18 Sèptèmbêr 1924, suraosipun: ing pasrasehan basa Jawi ing Surakarta, benjing tanggal 18 Oktobêr, badhe ngrêmbag pitakenan bab:

Kadospundi sêtiyaripun, supados kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur

--- 80 ---

pangrèh J.I. kagungan pamundhut dhatêng kula, supados kula anggêlarakên pamanggih babagan kêsêbut ing nginggil wau, benjing wontên ing parêpatan.

Ingkang punika, saking pamanggih kula piyambak supados kawruh nyêkarakên sampun ngantos mundur, sêtiyaripun bokmênawi makatên:

1. Sadaya pamulangan H.I.S. tuwin pamulangan ăngka II sasaminipun ingkang mawi guru priyantun Jawi para muridipun kêdah dipun wulang nyêkar macapat, botên ketang ing dalêm sadintênipun namung satêngah jam.

2. Para sudarmanipun murid ingkang nunggil sagriya, botên ketang kalih dintên namung sapisan, kêdah suka piwulang dhatêng anakipun ing bab nyêkarakên wau, dados tiyang sêpuhing murid inggih kêdah andhasari dhatêng anakipun supados sampun ngantos nyingkur dhatêng kawruh nyêkar. (Sêmantên wau mênawi tiyang sêpuhing murid pancèn sagêd dhatêng sastra, utawi sagêd nyêkarakên, mênawi botên sagêd, inggih botên).

3. Sêkaran ingkang kawulangakên dhatêng murid wau ingkang gampil-gampilan kemawon rumiyin, upaminipun dêdongengan utawi cêcriyosan ingkang nêngsêmakên manahipun lare.

4. Dados ing pamulangan-pamulangan prayogi kasudhiyanan sêrat waosan mawi sêkar, parlu kangge andhasari dhatêng para murid supados kawruh nyêkarakên botên mundur.

5. Mênawi para murid sampun sagêd nyêkarakên, kêdah lajêng dipun ngrêtosakên ingkang nama jêjêring kawruh nyêkarakan wau, inggih punika sasagêd-sagêd anêtêpana pêdhotanipun ing dalêm sapada lingsa, amargi pamanggih kula: nyêkarakên macapat punika sampun têtela inggih kêdah mawi pathokan pêdhotaning wanda, kêjawi miturut ingkang kêsêbut karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita ingkang ngangge sandiasma wontên ing pêdhotan, inggih ugi pancèn nyata sèlèhing napas botên sagêd mrojol wontên ing pêdhotan wau, sintên-sintêna ingkang maos utawi ura-ura sêkar macapat, anggêripun dipun matakên sayêktos, botên lagu bandhangan kados pakartinipun lare alit, sampun tamtu nêtêpi kados atur kula wau, inggih punika sabên wolu dumugi kalih wêlas wanda, sèlèhing napas tamtu wontên kawan wanda.

Sabên pitung wanda, sèlèhing napas tamtu wontên tigang wanda.

Sabên nêm utawi gangsal wanda, sèlèhing napas tamtu wontên kalih wanda.

Wusana namung punika pamanggih kula. Ananging mugi andadosakên ing kauningan, benjing têmpuking parlu sarasehan, kula nyuwun pamit botên sagêd dhatêng sêsorah wontên ing parêpatan, amargi kula kêpambêng parlu sangêt, dados gambaring pamanggih kula namung kados ingkang kasêbut ing sêrat punika, kagêm utawi botên, kula namung nyumanggakakên.

--- 81 ---

Anggèn kula sawêg ngaturi wangsulan dintên punika: punika, amargi kula kêpambêng sakit watuk ragi rêkaos, botên langkung nyuwun pangaksama.

Surakarta kaping 27 Sèptèmbêr 1924

Radèn Ngabèi Kartasaksana.

Ringkêsan Pamanggihipun M.Ng.Yasawidagda

Bab bedaning panganggitipun buku ingkang kangge tiyang sêpuh kalihan ingkang kangge lare.

Sarèhne badhe sêsorahipun punika kathah cocogipun kalihan ingkang kagêlarakên Radèn Sasrasugănda, mila sadhèrèk Yasawidagda namung mêwahi saha nyangêtakên kemawon. Ingkang kamanah langkung pêrlu babagan ingkang kangge lare, amargi sasumêrêpipun, botên wontên sêrat kina ingkang mligi kangge waosanipun lare-lare, manawi wontên para sêpuh dipun prayogèkakên maringi waosan dhatêng lare, punika ingkang dipun sukakakên, sêrat piwulang Wedhatama manawi lare èstri: pêthikan Partakrama, piwulangipun Krêsna dhatêng Wara Sumbadra.

Yapha Insêtitut ngajêngakên bab punika kaluhuran sangêt, amargi manawi băngsa Jawi wiwit lare rêmên maos buku Jawi, inggih dados sarana agêng majêngipun basa Jawi.

Dene sagêdipun lare rêmên maos, kêdah kadamêlakên buku ingkang laras kalihan kawontênanipun, inggih punika kamanah ing bab:

1. Têtêmbunganipun | 2. Ukaranipun. | 3. Suraosipun.

1. Tuladha sawatawis bedaning têtêmbunganipun tiyang sêpuh kalihan lare

Kangge tiyang sêpuh: Saking gêtêre marang gêgantunganing pêpasthèn kang bakal anêkani.

Kanggenipun ing lare: Saka wêdine.

Kangge tiyang sêpuh: Sangêt kuciwa ing sêmu, dene sabarang ingkang sinangkan, nami tanpa tuwas

Kanggenipun ing lare: Sangêt gêla ing manah, dene sabarang ingkang dipun tandangi, sami botên kadadosan

3.[7] Bab ukaranipun:

Satunggal-tunggaling gatra kêdah têrang: punapa ingkang kacariyosakên (onderwerp) saha cariyosipun (Gezegde).

Ukara ingkang gandhengan (samengestelde zinnen) sampun ngantos panjang-panjang, aluwung mangsulana jêjêring cariyos. Punapadene pandèkèking pada, gatra ingkang sampun jangkêp tumuntên kapada lingsa, dene santuning ukara: lajêng kalungsi.

--- 82 ---

Tuladha: Ana wong desa, bangêt susahing ati, dene anak-anake padha congkrah. Anak-anake nuli diundangi, dicalathoni mangkene:

3. Suraosipun sampun ngantos lêbêt-lêbêt, gampila dipun ngêrtosi ing lare.

Wosipun damêl waosan kangge lare, punika dede papan ngatingalakên kabaudan ngikêt ukara kanthi têmbung ingkang dakik-dakik. Sintên ingkang badhe nganggit buku, kêdah wangsul gêsang kados lare malih. Ugi kêdah mêwahi kawruh sawatawis, nanging mawi pancadan punapa sêsêrêpan ingkang kêsrambah ing lare, punika methodisch namanipun.

 


sataun. (kembali)
jaman. (kembali)
pakurmatan. (kembali)
sampun. (kembali)
kina. (kembali)
raosipun. (kembali)
3. (kembali)