Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-08, #343

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-08, #343. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-08, #343. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 8, Agustus 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan

Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Isinipun Pusaka Jawi ăngka: 8

1. Konggrès Yapha Insêtitut, 2. Têgêsipun Kaliyasa, 3. Kapurănta, 4. Ukara Nyêngkal, 5. Mahabarata

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: Sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Wara-wara

Para warganipun Pakêmpalan Yapha Insêtitut, utawi pakêmpalan ingkang dados warganipun Yapha Insêtitut, ingkang badhe dhatêng ing konggrès Yapha Insêtitut, tumrap kawruh basa, tanah saha tiyang bumi ing Jawi Wetan saha Madura, ingkang badhe kawontênakên benjing wiwit ing surya kaping 23 dumugi surya kaping 26 Sèptèmbêr 1926 punika manawi anggènipun dhatêng Surabaya numpak sêpur utawi trèm, sami angsal sudan waragad panumbasipun karcis sêpur utawi trèm ingkang kawrat ing tarip, saking S.S, N.I.S, S.J.S, S.C.S, O.J.S. tuwin S.D.S (kajawi tumrap kitha Surabaya), dene kathahing sudan wau 50%, sarta manawi numpak baita K.P.M. angsal sudan 25%.

Murih sagêd angsal sudan saking S.S kêdah nyêpêng sêrat ingkang kawastanan ligimitatiebewijs. Sintên ingkang pratela dhatêng panitraning Yapha Insêtitut (Secretariaat Java-Instituut, Laan Wichert 13 Weltevreden) bilih badhe andhatêngi konggrès ing Surabaya, badhe lajêng dipun kintuni ligimitatiebewijs wau.

Sêrat ligimitatiebewijs punika wontên ing salêbêting sêpur kêdah katêdahakên dhatêng kondhèktur, kajêngipun dipun isèni saparlunipun. Manawi sampun dumugi ing konggrès katampèkna dhatêng panitra, badhe kalintonan karcis sêpur kangge mantuk, tanpa bayar wragat sêpur. Dados pangkatipun dhatêng Surabaya tumbas karcis kados padatan.

Sintên ingkang botên anêtêpi pranatan ingkang kasêbut ing suwalikipun ligimitatiebewijs wau, badhe botên angsal karcis lêlahanan kangge mantuk saking Surabaya.

Bab sudan saking N.I.S. (Nederlandsch-Indische Spoorweg-Maatschappij) S.J.S. (Semarang Joana Stoomtram-Maatschappij) S.C.S. (Semarang-Cheribon Stoomtram Maatschappij) O.J.S. (Oost-Java-Stoomtram-Maatschappij) tuwin S.D.S (Serajoedal-Stoomtram-Maatschappij).

Para ingkang dhatêng ing konggrès numpak sêpur utawi trèm ingkang kasêbut ing nginggil punika, wontên ing papaning konggrès amratelakna dhatêng panitra: namanipun, panumpakipun sêpur utawi trèm saking pundi dumugi ing pundi sarta ing klas pintên, punapadene angkaning karcisipun (sampun kêsupèn, ăngka punika kêdah dipun cathêt). Sawatawis dintên sabibaring konggrès, artanipun sudan ingkang 50 pCt. wau badhe lajêng kakintunakên dhatêng ingkang wajib tampi pyambak-pyambak. Dados mangkatipun dhatêng Surabaya saha antukipun, tumbas karcis kados adat sabên, amung kaotipun, angkaning karcis kêdah dipun cathêt.

Ing salêbêtipun wulan Agustus tuwin Sèptèmbêr ing ngajêng punika kantoripun panitraning Yapha Insêtitut kapindhah dhatêng Surabaya, manggèn ing griya Kunstkring (Kunstkringhuis) Embong Malang 63-65 Soerabaja.

--- 123 ---

Ăngka: 8, Agustus 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Konggrès Yapha Insêtitut, Ing Surabaya

23-26 Sèptèmbêr 1926

Kumisi panampi tamu

Pangarsa minulya: J.M.Joordaan residhèn Surabaya.

Pangarsa, Ir. G.J.Dijkerman bêrgêmistêr kitha Surabaya.

Para warga: Ir. A. Schweizer, Radèn Adipati Arya Niti Adiningrat (bupati Surabaya), Mr. Dr.D. Talma, H. van Loo, Radèn Mas Arya Suyana, Mr. Radèn Suwana, A. Praasterink, Mr.Dr.Radèn Ngabèi Subrata.

Panitra: J. Zwartveld.

Kumisi têntun sêtèlêng

Pangarsa minulya: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI.

Pangarsa: Dr.Radèn Sutama.

Para warga: Arch, C. Citruen, Radèn Mas Arya Suyana, W. Belonje, B. de Kistarini, Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan) Radèn Adipati Arya Suryawinata (bupati Grêsik), Radèn Adipati Arya Krama Adinagara (bupati Majakêrta), Mas Sukaris, Mr. Radèn Ahmad, Ir. H. Maclaine Pont, Ir. Radèn Sarengat, Mas Prawiradirja [Pra ...]

--- 124 ---

[... wiradirja] (patih Surabaya), Dr.Eichhald. Mr.Radèn Mukiman, Mej.M.E.Mewe, Mas Sunjata.

Kumisi têntun sêtèlêng tumrap Madura

Pangarsa minulya: Th. A. Meister, residhèn Madura.

Para warga: Pangeran Prataning Kusuma, Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan) Radèn Tumênggung Arya Prabuwinata (bupati Sumênêp), Radèn Tumênggung Arya Sasrawinata (bupati Sampang), Radèn Adipati Kêrtamipraja (bupati Pamêkasan), M.J.J.Treur (asistèn residhèn Sampang) A. van Vloten (asistèn residhèn Bangkalan), B.J.Suermondt (asistèn residhèn sumênêp) Radèn Rahmat Suryakusuma, Radèn Sasradanukusuma, Mas Ngabèi Prawata Adikusuma, Dr.A.J.de Voogd.

Kumisi baita

Pangarsa: ...

Para warga: Radèn Adipati Arya Niti Adiningrat (bupati Surabaya), Radèn Tumênggung Arya Suyana (bupati Pasuruhan), Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan), Radèn Tumênggung Arya Sasrawinata (bupati Sampang), Radèn Adipati Arya Jayadianingrat (bupati Rêmbang), A.J.Hui dekoper, Ir.H.Maclaine Pont, C. Cituen,[1] M.J.J.Treur (asistèn residhèn Sampang), Ir. S.F.W. Ladner, Ir.Th.van Rose (dhirèktur plabuhan) ...

Parampara: P.C. Coops, dhirèktur etablisimèn.

Panitraning kumisi têntun sêtèlêng tuwin sêb kumisi-sêb kumisi H.van Dijk.

Kumisi karamean

Pangarsa minulya: C.O. Matraij, asistèn residhèn Surabaya.

Pangarsa: Radèn Adipati Arya Niti Adiningrat (bupati Surabaya).

Para warga: Radèn Adipati Arya Cakraningrat (bupati Bangkalan), radèn Tumênggung Arya Suyana (Bupati Pasuruhan), J. Verboom, J Veersema, Dr. Radèn Suwarna, Radèn Mas Arya Suyana, R. Mac Gillavrij, F.J.Stemmerik, J.H.Lagers, Mas Suryawidigda, Radèn Mubanu Kêrtaarja.

Panitra A.M.Boers.

Kumisi agêng (Centrale Commisie)

Pangarsa: Ir. G.J.Dijkerman.

Panitra: H. van Dijk.

Panitra: H.J.Drukker.

Para warga: Para pangarsanipun kumisi-kumisi.

--- 125 ---

Wara-wara

Katur panitraning konggrès Yapa Insêtitut ing Kêbondalêm 2

Surabaya

Para ingkang badhe andhatêngi konggrès tuwin pasamuwan-pasamuwan, dipun ajêng-ajêng sangêt angintunakên sêrat punika, sasampunipun kaisenan saparlunipun, dhatêng panitraning konggrès ingkang kasêbut ing nginggil punika, ing sadèrèngipun surya kaping 1 Sèptèmbêr 1926.

Ingkang nandhani ing ngandhap punika ...(nami) gêgriya ing ...(kapratelakna ingkang cêtha, jangkêp).

Ingkang botên kangge kacorèka

1. Warga Yapa Insêtitut.

2. Sanès warga Yapa Insêtitut.

3. Abone Pusaka Sundha.

4. Abone Pusaka Jawi.

5. Warganing pakêmpalanipun para bupati Sêdyamulya, Yong Yapha, Sabakarti, Budi Utama, Indonesische Studieclub utawi murid salah satunggilipun pamulangan têngahan utawi pamulangan luhur (middelbare of hoogescholen) mratelakakên bilih badhe tumut/ botên tumut

a.Konggrès Yapa Insêtitut, wiwit surya kaping 23 dumugi 26 Sèptèmbêr 1926.

b. Darmawisata (excursies) panunggilanipun konggrès wau.

Nêdha dhatêng komite ing Surabaya, kacawisan pondhokan wiwit ing surya kaping ...dumugi kaping ...Sèptèmbêr 1926 wontên ing ...(kapratelakna namaning hotèl utawi pènsiyon ingkang dipun karsakakên) ingkang prabeyanipun f...sadintênipun.

(tăndha asta)

--- 126 ---

Para warganing Yapa Insêtitut ingkang sampun bayar lunas urunanipun, (Contributie) tumrap taun 1926 kenging andhatêngi konggrès kalayan lêlahanan (tanpa bayar). Semah utawi warganipun para warga, utawi para ingkang kasêbut ing ăngka 3,4, tuwin 5 ing nginggil wau, manawi andhatêngi konggrès ugi kenging prabeya karcis, ananging rêginipun amung f 5 tumrap tiyang satunggal, kenging tumbas ing kantoring konggrès Yapa Insêtitut ing Surabaya. Arta rêgining karcis wau kêdah kakintunakên rumiyin mawi pos wisêl.

Para ingkang dèrèng dados warganipun pakêmpalan Yapa Insêtitut, kenging mundhut tumbas karcis konggrès, rêginipun f 12,50 (kalihwêlas rupiyah sèkêt sèn) kangge lumêbêt ing konggrès tuwin mirsani pasamuwan-pasamuwan.

Tumrap para warganipun pang-panging pakêmpalan Bond van Nederlandsche Indische Kunstkringen rêginipun karcis wau amung f 10 (sadasa rupiyah).

Para ingkang badhe lumêbêt dados warganipun Yapa Insêtitut, utawi badhe mundhut tumbas karcis konggrès, kêdah ngisèni saha nandhani kalowongan ing ngandhap punika:

Ingkang botên kangge kacorèka

Ingkang nandhani ing ngandhap punika mratelakakên bilih:

Ha. Sêrat panêmbung dados warganipun Yapa Insêtitut, kanthi arta urunan kathahipun f ....

Na. Arta rêgining karcis konggrès, kathahipun f ...nalika ing surya kaping ...1926 sampun kakintunakên dhatêng sèkrêtarising Yapa Insêtitut Laan Wichert 13 Weltevreden utawi dhatêng Tuwan H. van Dijk, Kebondalem 2 Soerabaja.

(tăndha asta)

--- 127 ---

Têgêsipun Kaliyasa

Kaliyasa punika dhusun sacêlakipun haltê N.I.S. (margi sêpur dhatêng Samarang) ingkang rumiyin piyambak saking Sala, dumunung sakidulipun Lèpèn Cêmara ingkang ilinipun mangetan têrus mêdal talatah wana Krêndhawahana. Mirid cariyosipun tiyang kina wana Krêndhawahana punika kahyanganipun Bathari Durga. Mila wana ngriku punika ing kinanipun sanadyan botên nama agêng, ewadene angkêr saha wingit sangêt, sintên ingkang kamipurun lumêbêt wana punika tamtu sirna tanpa kukupan. Awit saking punika wontên wariling kraton, santana dalêm botên kenging ngambah Krêndhawahana wau.

Kalimrahanipun tiyang kathah, Kaliyasa punika dipun têgêsi lèpèn iyasan, sabab saking ing ngriku wontên lèpènipun ingkang sakawit saklangkung bondhot, nanging sarêng katrajang ing sêpur lajêng dipun dandosi punapadene dipun krêtêg ngantos katingal sae wujudipun, inggih punika Lèpèn Cêmara kasêbut nginggil. Kaol kina para darah Mataram ugi kaawisan anglangkahi lèpèn wau. Mila nalika sêpur sawêg dados enggal-enggalan, botên wontên para agêng ingkang karsa nitih, amargi mindhak anglangkahi Lèpèn Cêmara wau. Nanging ing alami-lami wontên ingkang purun nrajang, salajêngipun saya kathah, amargi wontên gotèk, bilih ingkang miwiti nitih sêpur sapisan punika panggalihanipun botên nrajang wêwalêr, dening ingkang mlangkah punika sêpur, dede panjênênganipun, samangke awisan punika sampun sirna babarpisan, malah bokmanawi ingkang sumêrêp namung para sêpuh-sêpuh kemawon.

Anggènipun N.I.S. nyêrat Kalioso punika, bokmanawi sakawit namung ambujêng dening i.o. punika manawi kagandhèng pakêcapanipun mèh sami kalihan j.o.= jo, botên manah dhatêng pêdhotaning wanda= kali + yasa, mila pamanggih kula bab sêpelan wau botên prêlu kamanah panjang bab têgêsipun, amargi sampun têtela yèn lêpat.

Ing nginggil kula sampun cariyos yèn miturut kaol kina Krêndhawahana punika kahyanganipun Sang Pada[2] Bathari, makatên punika wontên pasaksènipun, inggih punika pambucalipun sajèn badhêg, ulam mêntah sarta êrah maesa manawi pinuju wilujêngan Maesa Lawung ing kadhaton, ujubipun ngaturi dhahar Bathari Durga.

Bokmanawi para maos sampun sami uninga yèn Pada Bathari punika miturut kawruh Hindhu garwanipun Bathara Guru manawi pinuju jumênêng guruning para guru, asmanipun piyambak Dèwi Parwati, têgêsipun dèwa putri ingkang dêdunung wontên wukir, amargi dalêmipun wontên sapucakipun ardi Kailas utawi= Kailasa,

--- 128 ---

nama: Rajatadri,[3] têgêsipun gunung salaka, dadosipun wontên kajawèn junggring salaka. Ardinipun Kailas dangu-dangu dados Mèru, amargi Mèru têgêsipun gunung (mirsanana Pusaka Jawi ăngka 2 taun II) dumuginipun tanah Jawi santun dados Mahamèru utawi Sêmèru. Sarèhne ingkang garwa wêktu punika dados gêgununganing paguron, apêparab Mahaguru ugi Jagadguru, Dèwi Parwati ugi andhèrèk santun apêparab: Durga, camboranipun: dur-ga, têgêsipun ingkang nyirnakakên sadaya awon, ingkang cêtha sangêt pêrangipun kalihan asura, inggih punika brakasakan mindha maesa (asura kagandhèngakên kalihan: maesa, dados nama maesa sura), ngantos dados lan sirnanipun. Kathah rêca-rêca utawi gambaran ing dlancang ingkang mêtha sang bathari manawi nuju pêrang kalihan asura, ing musium Sriwêdari wontên satunggal ingkang agêng, inggih punika ingkang kapasang sakilèn kontên ngajêngan, kacirenan ăngka 19, dene ingkang misuwur ingkang wontên ing Prambanan, karan bok Rara Jonggrang. Manawi pinuju pêrang makatên pêparabipun Maha Asura Mardini. Dèwi Durga wau saking anggènipun tansah anyirnakakên piawon, ngantos anjalari mirisipun sadaya dumados, klintunipun sêrêp wontên tanah Jawi, kawastanan dèwi ingkang angrojongi sadaya pandamêl awon, abala băngsa lêlêmbat brakasakan, ingkang katêlah nama Bajubarat, damêlipun angrêridhu sintên ingkang gadhah sêdya sae.

Bathara Guru wau manawi sampun paripurna anggènipun mêncarakên kawruh kasunyatan, lajêng mancalawarna dados danawa agêng angajrih-ajrihi, prêlunipun anyirnakakên dunya, inggih punika badhe wontênipun kiyamat, samantên Mahaguru santun pêparab: Mahabirawa, utawi Mahakala, kawancah Berawa utawi Kala, ingkang garwa ugi andhèrèk mancalawarni, nama: Mahaberawi utawi Mahakali, kawancah Berawi utawi Kali. Makatên punika malihan ingkang kaping tiga utawi pamungkas, amargi Sang Hyang Guru sadèrèngipun dados guru jumênêng nata ngratoni para dewa, ngadhaton wontên ing Rajatadri kasêbut nginggil, mênggah pêparabipun:

Mahadewa = dewa ingkang agêng piyambak. | Iswara = ratu (lêrêsipun: heer, Malajêng: toean). | Nilakăntha = jangganipun bêlang biru (kenging upas). | Paramasiwa = sêsêmbahan ingkang agung. | Jagadnata = ratuning sajagad. | Pasupati = ratuning sêsaji. | Ancalapati = ratuning gunung, gêgununganing ratu. |

--- 129 ---

Girindra = ratuning gunung, gêgununganing ratu. | Girinata = ratuning gunung, gêgununganing ratu lan sanès-sanèsipun.

Sarèhne Kaliyasa punika kalêbêt wawêngkon Krêndhawahana, măngka Krêndhawahana punika kahyanganipun Bathari Durga, mila bokmanawi botên elok yèn kula botên ngajêngi dhatêng têgês: lèpèn iyasan, pamanggih kula kêdah kaupadosan ingkang langkung mêmêt sagêdipun cundhuk kalihan kawontênan nalika jaman kina, amargi anggènipun Lèpèn Cêmara dipun saèni punika saèstunipun namung nyarêngi titimasa wiwit wontênipun sêpur, măngka nama Kaliyasa makatên pangintên kula langkung sêpuh, dados botên pikantuk nalaripun yèn ta lajêng kaprusa dipun têgêsi ingkang namung sagêd mencok kalihan kawontênan enggal, kados upaminipun suryakănta kangge nêgêsi bêling kandêl ingkang kenging kangge mêndhêt dayaning srêngenge. Manawi namung kangge prusan kemawon tamtunipun inggih sagêd kemawon sarta botên wontên ingkang badhe niyat mrakawis, nanging makatên punika sayêktosipun sampun malèncèng kalihan kajêngipun ingkang nyukani nama sakawit.

Awit saking andharan kasêbut nginggil, pamanggih kula Kaliyasa, punika botên dipun têgêsi: lèpèn iyasan, nanging: Kali punika Dèwi Kali= Parwati= Durga, Yasa têmbung Kawi asli saking Sangskrita: Yasa: ingkang kalantur katêgêsan: omah, dados Kaliyasa salêrêsipun KaliyaSa= omahe Bathari Kali. Manawi makatên pamanggih kula sampun lajêng cundhuk kalihan kaol kina yèn Krêndhawahana punika dalêmipun Sang Bathari Durga, lajêng cocog malih kalihan têgêsipun: Krêndhawahana (têmbung Sangskrita) karandha + wahana = sêsotya + tumpakan = tunggangan kang luwih adi. Bokmanawi punika pikajêngipun kangge andunungakên yèn dalêmipun dèwi ingkang saklangkung luhur budinipun punika, griya ingkang sae sarta endah warninipun.

Wujudipun samangke Kaliyasa punika sampun dados dhusun babarpisan, botên wontên tabêtipun wana, samantên ugi Krêndhawahana sampun dados padhukuhan, pasabinan sarta patêgilan, namung ingkang kacriyos têlêngipun, rumiyin kadhatonipun Bathari Durga punika wontên ancêr-ancêripun waringin pêthak[4] sakilènipun wontên sumur alit kawindu sela agêng, karan sumur Cinèt, kalih pisan dados patirakatan agêng. Saking pamanggih kula punika dede barang kina yêktos, bokmanawi umur-umuran 100 utawi 150 taun, sakiwa têngênipun botên wontên sela-sela ingkang angantawisi yèn punika kinanipun [kinanipu ...]

--- 130 ---

[... n] candhi. Namung gotèkipun tiyang ing ngriku kala kina wontên rêcanipun, sapunika kapundhut dhatêng nagari, ewadene sarèhne kula dèrèng jajah dhatêng talatah ngriku, kula botên purun miyagah yèn ing ngriku botên wontên candhinipun, sarta ing ngriku punika rumiyinipun punapa, dene kawastanan kadhatonipun Bathari Durga. Saupami wontên ingkang sumêja anjajah talatah tanah ngriku, bokmanawi sagêd manggih barang kina ingkang suka ancêr-ancêr kawontênanipun Krêndhawahana ing kinanipun.

Panyuwun kula yèn wontên ingkang kaparêng makatên yêktos, mugi-mugi ing têmbe kaandharna ing organ ngriki, murih sagêd anjêmbarakên kawruh kita tumrap wêwêngkon kita piyambak.

Wasana lêrês lêpating pamanggih kula punika namung kula sumanggakakên para nupiksa.

Ha

Kapurănta

Pulas kapurănta punika warninipun kados punapa. Kănca nyungging anggènipun ngancêr-ancêri: pulas pêthak dipun mori abrit, amoripun dados abrit pucêt, botên abrit nèm (jambon), katrangan saking kănca nyungging, têmbung kapurănta punika lêpat, ewah kêlantur wontên ing paginêman, mênggah lêrêsipun: apurêkta, camboranipun têmbung: apu + rêkta, apu punika pêthak, rêkta (têmbung Sangskrita) têgêsipun abrit, dados kajêngipun pamoripun pêthak kalihan abrit.

Nitik dhatêng kawontênan anggèning ngabêni sungging, anggèning mrêdèni têmbung apurêkta punika ing sadlerengan angajêngi, ananging manawi dipun laras kalihan wataking rimbagan kapêksa botên ngajêngi. apu-têmbung: aran, rêkta-abrit, têmbung kaanan, camboranipun atêgês: ênjêt abang, ênjêt ingkang awarni abrit, dados botên gadhah têgês, pêthak kaêmor abrit, kajawi punika ênjêt abrit punika botên wontên, dêstun manawi dipun sukani kayu lêgi punika lajêng sulak jêne. Dene manawi kasuraos baliswara: abanging ênjêt, dados panunggilanipun: kuning gadhing - kuning kaya kuninging gadhing, wungu kêmrunggi - wungu kaya wunguning woh kêmrunggi, biru laut - biru pindha biruning laut, ijo godhong - ijo pindha ijoning godhong.

Manawi katurutakên dados: apurêkta - rêkta pindha rêktaning apu, lajêng sulaya malih kados ing ngajêng.

Ing Bausastra anggitanipun Tuwan Gerikê, têmbung kapurănta dipun wrêdèni: abang pucêt, sarta namaning sêkar. Gèk sêkar punapa baya punika, kula sampun ngupados pitakenan, dèrèng wontên ingkang sumêrêp dhatêng sêkar kapurănta wau.

--- 131 ---

Angsal katrangan kalih warni ing nginggil, ing salêbêtipun manah dèrèng marêm, masthèkakên têmbung kapurănta dede têmbung lingga, dados têmbung camboran, bilih botên makatên inggih basa ngamănca. Awit saking punika lajêng tuwuh pangothak-athiking manah, makatên:

Kapratelakakên ing nginggil, têmbung: kapurănta punika lêrêsipun: apurêkta. Rêkta sampun cêtha atêgês: abrit, wangsul apu, gèk punapa: punika, ênjêt sampun botên cundhuk, lajêng punapa ingkang warninipun abrit. Pangothak-athiking manah pinanggih: apu- kinanipun apuy, dadosipun pakêcapan sapunika: api, cara Mlajêng: api. Dados têmbung camboran: apuyrêkta - abang gêni, abang pindha abanging gêni. Urubing latu punika manawi dipun pramanakakên warninipun botên abrit malerah, sajatosipun kathah pucêtipun. Dados têgêsipun rimbag camboran mantuk akalihan têmbung panunggilanipun: kuning gadhing, wungu kêmrunggi, sasaminipun wau.

Wasana kula ajêng-ajêng sangêt dhatêng paringipun katrangan para sarjana sujana ahli basa ing bab têmbung kapurănta wau, dhuh saiba badhe sapintên gênging panuwun kula.

Ladrang Sêmang

Ukara Ingkang Nyêngkal

(Sambêtipun Pusaka Jawi: ăngka: 7)

Dene murih têrangipun, yèn kula ingkang dipun pêjahi makatên:

B. I : Sanadyan anaa rêrusuh amasthi iya wus sirêp, amarga sajrone rong sasi kapungkur iki ana kuli utawa bojone saradhadhu dibegal ing mungsuh, dipatèni ana ing rawa sacêdhake bètèng kono. Wiwit nalika iku ora ana mungsuh kang ngarubiru kumpêni manèh.

Manawi begalipun ingkang dipun pêjahi, ukaranipun makatên:

B. II : Watara sêsasi rong sasi kang kêpungkur ana kuli utawa bojone saradhadhu dibegal ing mungsuh. Begale banjur dipatèni saradhadhu ana ing sacêdhake bètèng kono. Sabanjure ora ana mungsuh kang wani-wani ngarubiru manèh. Dadi sanadyan anaa rêrusuh amêsthi iya wus sirêp, kayadene kang kasêbut iku mau.

--- 132 ---

Katrangan kalih

Anggèn kula anjèjèri ukara ingkang dados rêmbag (B I sarta B II) punika mêksa dèrèng marêm. Jalaran kula botên sumêrêp dhatêng babonipun cara Walandi ingkang asli, raosipun dèrèng sakeca.

L nyêngkal : 17. Ature saradhadhu mau kapara nyata. Banjur ana wong...

B ingkang kula ajêngi : Ature saradhadhu mau pancèn nyata. Banjur ana wong...

Katrangan

Têtêmbungan: kapara nyata punika panganggenipun manawi prakawisipun dèrèng nyata sayêktos, anamung kathah nyatanipun, upami makatên:

I. Kula mirêng pawartos, manawi bêndara mênggung badhe jiarah dhatêng Mêkah. Manawi pawartos punika kapara nyata, iba lêganing panggalihipun, jalaran sampun lami anggènipun kapengin minggah kaji.

II. Pawartos punika pancèn nyata, sabab bêndara mênggung sampun mundhut tikèt, kula ingkang kautus, (ing ngriku botên kenging ngangge: kapara nyata).

L : 18. Araning taun sawindu yaiku:

Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, lan Jimakir

B : Araning taun sawindu yaiku:

Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir.

L : 1. Sadaya griya umum.

2. Pamulangan kagungan dalêm.

3. Kantor-kantor saha

4. Griya-griyanipun abdi dalêm pangrèh praja.

B : Botên mawi saha.

Katrangan

Têmbung lan, wontên sangajênging Jimakir utawi saha wontên sawingkinging kantor-kantor punika nyêla-nyêla, tanpa damêl sangêt, nyêbutakên namaning dintên saminggu utawi sapêkên utawi namaning wulan sataun, manawi limrahipun, botên mawi lan utawi saha. Manawi kaprusa, malah murugakên botên sakeca.

--- 133 ---

Kadospundi wangsulanipun para sadhèrèk ingkang ngêkahi lan, utawi saha. Makatên: yèn ora nganggo têmbung lan utawi saha, ora wêruh yèn iku wêkasan.

Wangsulan kula: malah manawi mawi lan punika lajêng kados katut dhatêng nama. Dados, namanipun taun ingkang wêkasan (tumraping lampahipun ukara Jawi) lajêng: Lan-jimakir utawi La-njimakir.

Taksih wontên malih jawabipun para sadhèrèk ingkang ngêkahi lan utawi saha wontên ing pungkasan, awarni-warni. Namung sajatosipun inggih namung badhe tumut-tumut ikêtan ukara ngamănca.

Punapa tumut-tumut cara ngamănca punika awon, wangsulan kula: mawi-mawi, wontên ingkang sae, wontên ingkang botên prêlu, wontên ingkang awon, wondene bab lan utawi saha punika kula golongakên dhatêng ingkang botên prêlu utawi awon punika.

L : 19. Wontên ing wana ngriku kula ningali satunggiling griya saking dêling, payonipun kadamêl saking rapak.

B : Wontên ing wana ngriku kula sumêrêp griya dêling, payonipun rapak.

Katrangan

Têmbung: satunggiling utawi satunggaling punika panganggenipun ing ukara Jawi prêlu dipun iwit-iwit, sabab pancènipun kathah ingkang prayogi karimatan kemawon, tumrapipun basa ngamănca sok prêlu kaangge, jalaran dados lidwoord. Manawi tiyang wicantên: Mau aku wêruh ana wong mrene, punika inggih botên ngangge sawijining botên barang. Tumrapipun basa Walandi prêlu ngangge een. Tumrapipun basa Malayu inggih botên prêlu mawi lidwoord, makatên: Tadi akoe lihat ada orang datang kemari.

L : 20. Sawênèhing pabrik dhinamit sacêlakipun hallê (Halle) blêdhos anggêgirisi, kathah tiyang nandhang tatu.

B : Pabrik dhinamit sacêlakipun Hallê (wontên ingkang) amblêdhos anggêgirisi, ... Utawi: wontên pabrik dhinamit sacêlakipun hallê ingkang amblêdhos anggêgirisi, ...

--- 134 ---

Katrangan

Têmbung sawênèhing punika panganggenipun sawênèhing sadhèrèk sok sawênang-wênang, kula botên mangrêtos, kadospundi karsanipun, punapa anjawèkakên saking têmbung een zekere punapa saking een punapa kadospundi. Lajêng kaangge ngikêt ukara Jawi ingkang botên anjarwakakên saking têmbung mănca, lajêng kaanggêp inggih mathis. Manawi kula, sawênèhing punika yèn kaangge anjarwakakên saking têmbung Walandi, ingkang sok mathuk namung saking sommige. Măngka tumrapipun pabrik dhinamit ing hallê punika, sampun tamtu botên saking sommige.

Kusumatmaja

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5 kaca 96)

Ingkang măngka lajêng tampi pangerang-erang kadamêl pangewan-ewan ingkang samantên. Botên tumrap manawi panjênêngan dalêm andhawahakên panguman-uman dhatêng kawula makatên. Kawula botên mangêrtos, punapa pêpuntoning karsa dalêm, dane[5] panjênêngan dalêm sangêt angêsor-êsorakên dhatêng badan kawula wontên sangajênging para kawula dalêm ing kraton ngriki sadaya. Punapa anggèn kawula marak ing ngarsa dalêm punika kados upaminipun tiyang ingkang asêsambat wontên ing sagantên wêdhi, dene panjênêngan dalêm têka botên karsa midhangêtakên dhatêng atur kawula. Dhuh, Prabu Dusanta, manawi panjênêngan dalêm lastantun botên karsa midhangêtakên atur kawula, ing sanalika punika ugi saèstu mustaka dalêm sumyur dados sawalang-walang. Gusti, mugi kawuningana, mênggah laki punika, bilih sampun mangslup dhatêng rabi, mêdalipun malih anama lair. Pramila yèn para bijaksa ing jaman kina, rabi punika kawastanan jaya, têgêsipun: nglairakên. Anak punika angulur lajêring luhur. Sang Bathara Sambu amastani anak punika: putra, sabab anak punika dados pangêntasing lêluhur saking sangsayaning naraka ingkang anama: pud. Tiyang èstri kasêbut nama: semah, manawi prigêl anggènipun nyêpêng dhatêng bale pemahan. Kasêbut nama: garwa, manawi sampun apêputra. Kasêbut nama: têtimbangan, manawi trêsnanipun dhatêng lakinipun, kadosdene dhatêng badanipun piyambak. Kasêbut nama: jodho, manawi sêtya tuhu dhatêng lakinipun.

Tiyang èstri punika kawastanan jodho, kawastanan mitra sinarawèdi, kawastanan dhasaring gêsang tigang prakawis, sapisan: pangajêng-ajêng, kaping kalih: panêmbah dhatêng dewa, kaping tiga: katrêsnan. Kawastanan têtalêsing kasucian.

--- 135 ---

Gusti, tiyang ingkang gadhah rabi punika sagêd anindakakên sadaya pranatan ing bab lampah-lampahing pamuja. Manawi tiyang botên gadhah rabi botên sagêd angraosakên kabêgjaning tiyang gêgriya. Rabi punika anuwuhakên kabêgjan. Manawi tiyang katêngga ing rabi, karawuhan dhatêng Dèwi Sri. (= Kasugihan).

Tiyang èstri ingkang trêsna dhatêng lakinipun punika, gusti, yèn lakinipun manggih kabêgjan, dados mitra, yèn lakinipun pinuju anglampahi pranataning panêmbah, dados bapa. Manawi lakinipun wontên salêbêting kasusahan, dados biyung.

Manawi lakinipun panuju kapêncil, wontên salêbêting wana gung liwang-liwung, bojo punika dados panglipur, adamêl enggar manah. Tiyang yèn gadhah rabi, botên dipun sănggarunggèni dhatêng sasami-sami. Rabi punika sagêd angoncatakên lakinipun saking bêbaya. Manawi lakinipun murud dhatêng sonyaloka, bojo ingkang sêtya tuhu dhatêng lakinipun, angêtutakên dumugi ing aribawana. Yèn tiyang èstri angrumiyini, angêntosi lakinipun wontên ing bukur pangarib-arib. Yèn ingkang jalêr murud rumiyin, rabinipun angêtutakên sanalika. Lah punika, gusti, ingkang anjalari tiyang alakirabi. Mênggah tiyang jalêr kalihan tiyang èstri babojoan punika dados satunggal, wiwit wontên ing ngarcapada ngantos dumugi ing dêlahan. Para bijaksa sami amastani, bilih lairing anak jalêr punika, tumrapipun dhatêng bapa, prasasat bapa wau lair kaping kalih. Pramila tiyang jalêr anggènipun angaosi dhatêng bojonipun ingkang sampun anak-anak, kêdah kados anggènipun angaosi dhatêng biyungipun piyambak.

Dèwi Sakuntala anglajêngakên anggènipun matur dhatêng Prabu Dusanta: Gusti, bapa aningali anakipun, ingkang waunipun kakandhut dhatêng bojonipun, punika kadosdene aningali wayanganipun wontên ing salêbêting pangilon, karaos bingah, kados angraosakên kabingahan ing swarga. Tumrapipun tiyang jalêr ingkang manggih kasusahan, bojo punika adamêl sêgêr, kadosdene tiyang ingkang adus wontên salêbêting toya ingkang asrêp ing măngsa bêntèr. Nêpsua kadospunapa, tiyang jalêr botên kenging wicantên bêngis dhatêng bojonipun, sabab rabi punika ingkang anuwuhakên kabingahanipun, sarta kabêgjanipun, punapa malih kamursidanipun. Rabi punika upaminipun pasitèn ingkang suci, ingkang anuwuhakên anak. Malah sanadyan para rêsi, yèn botên tiyang èstri, botên sagêd angwontênakên manungsa, jalaran manungsa botên sagêd dados sarana kapuja.

Dhuh, gusti, kanikmatan punapa, ta, ingkang ngungkuli kanikmatanipun tiyang karangkul dhatêng anak, [a ...]

--- 136 ---

[... nak,] sanajan ta, manawi anak wau badanipun sarwa rêgêd ingkang amargi saking lêbu.

Kadospundi, gusti, dene panjênêngan dalêm têka botên karsa amirsani dhatêng putra dalêm ingkang karaya-raya sowan ing ngarsa dalêm. Putra dalêm manahipun sakalangkung kapang dhatêng panjênêngan dalêm.

Sêmut punika kemawon, tiganipun kajunjung-junjung mrika-mriki, pangangkahipun supados sampun ngantos pêcah kenging punapa-punapa. Lah măngka panjênêngan dalêm ingkang ngudanèni dhatêng lampah darma, têka botên karsa ngupakara dhatêng putra. Tiyang anggrayang dhatêng bubukan kajêng candhana, utawi dhatêng rabi, utawi dhatêng toya, raosipun botên lumêr kados panguswanipun dhatêng anak. Brahmana punika kasêbut inggil-inggilipun ingkang băngsa suku kalih. Lêmbu kasêbut inggil-inggilipun ingkang băngsa suku sakawan. Hyang Guru punika inggil-inggilipun sumêngkaning sêmbah. Makatên ugi panguswa dhatêng putra punika inggil-inggiling panguswa. Panuwun kawula, gusti, putra dalêm ingkang pêkik punika mugi kaparênga anguswa sarira dalêm, sarta panjênêngan dalêm karsaa angrangkul. Ing salêbêting janaloka botên wontên kabingahan ingkang ngungkuli punika. Dhuh gusti kawula, pamunahing satru sakti, tigang taun laminipun anggèn kawula ngandhut dhatêng putra dalêm, ingkang badhe ambirat sangsaya dalêm ing têmbe.

Dhuh gusti, têdhaking Puru, nalika kula nandhang sakit, alumah-lumah mêntas gadhah anak, kawula mirêng swara saking tawang, ingkang amêca, bilih putra dalêm punika badhe adamêl bujana wajimeda kaping satus.

Wontên tiyang pintên-pintên ingkang lumampah karaya-raya ngantos pintên-pintên yujana, namung prêlu badhe mangku dhatêng anakipun tiyang sanès, prêlu badhe ngraosakên kabingahan, sagêd angambung sirahing lare wau. Tamtunipun panjênêngan dalêm inggih ngawuningani, bilih para dwija sami maos măntra saking Sêrat Weda, ing nalikanipun anindakakên pranatan, ing samăngsa wontên bayi lair, makatên ungêling puja: He, kowe, daginging dagingku, kang lair saka ing jêjantungku, kowe iku iya awakku dhewe kang rupa anak, muga-muga uripmu nganti satus taun. Uripku gumantung ing uripmu, mangkono uga muluring têdhak turunku. Muga-muga kowe tinunggua ing bêgja, ênggèr, nganti satus taun punjul.

Gusti, putra dalêm punika cuwilaning sarira dalêm piyambak, ingkang mijil saking sarira dalêm. Manawi panjênêngan dalêm amriksani dhatêng putra dalêm, katingal kados wêwayangan dalêm piyambak, kadosdene yèn panjênêngan dalêm aningali wêwayangan dalêm ing nalikanipun mriksani toya wêning ing bèji. Kados upaminipun latu padupan, punika pamêndhêtipun saking pawon, lah makatên papindhanipun sarira dalêm, waunipun namung satunggal,

--- 137 ---

sapunika tumangkar dados kalih. Nalika panjênêngan dalêm kasêngsêm ambêbêdhag, kalunta-lunta dumugi ing panggenan kawula, ing pratapanipun bapa kawula. Nalika samantên kawula sampun angaturkên asal kamulan kawula.

Wontên apsara nênêm ingkang pinunjul ing warni, mijil saking Sang Hyang Brama, Dèwi Urwasi, Dèwi Purwaciti, Dèwi Saajanya, Dèwi Menaka, Dèwi Waswaci, Dèwi Grêtaci. Punika Dèwi Menaka ingkang dados gêgununganipun para apsara wau.

Sang dèwi tumurun saking kaswargan, anyèthi dhatêng Sang Pandhita Wiswamitra, têmah apatutan badan kawula punika. Lair kawula wontên sukuning rêdi Imalaya. Kawula tilar wontên ing ngriku botên mawi mandhêg tumolih.

Têka kêsangêtên têmên apêsing badan kawula, kêsangêtên têmên awoning karma kawula, taksih bêbayi, kawula sampun katilar agilang-gilang dhatêng tiyang sêpuh kawula, sapunika sarêng sampun diwasa, kawula panjênêngan dalêm singkang-singkang. Punapa kawula pancèn pinasthi nandhang sangsara salaminipun gêsang. Gusti, kawula piyambak inggih narimah panjênêngan dalêm selaki, ingkang awit pinêgat ing sih, sarta kawula inggih badhe kesah saking ngarsa dalêm ngriki, wangsul dhatêng pratapanipun bapa kawula. Anamung lare punika, ing sarèhning putra dalêm piyambak, saking panuwun kawula mugi sampun panjênêngan dalêm pitambuhi.

Prabu Dusanta midhangêt aturing Dèwi Sakuntala makatên punika botên pisan keguh panggalihipun, malah sangsaya wêngis pangandikanipun: He, Sakuntala, ingsun ora rumăngsa pisan-pisan, yèn kagungan putra saka ing sira. Wus lumrah wong wadon iku calathune sarwa goroh. Mara, sapa kang bisa ngandêl marang gunêmira. Miturut aturira, biyungira Dèwi Menaka, widadari ing swarga. Iku tega aninggal marang sira ana ing tanah pagunungan ing Imalaya, mêsthine biyungira iku wong urakan, kêndho tapihe. Sira ngaku, yèn bapakira: Rêsi Wiswamitra, kang maune băngsa satriya, sumêngka dadi băngsa brahmana, satêmah kalindhih ing Sang Kama. Kang mangkono iku pancèn patut dadi panunggalane biyungira têtungguling para apsara, sarta bapakira rêsi linuwih, lah yagene dene sira, anake, têka jêbul anggodhag priya.

He Sakuntala, ambok sira sing idhêp ing wirang, têka sira ora keguh matur lalawora mangkono ana ing ngarsaningsun. Bêcik sira enggal liwata. Hèh wong kang ngaku-aku, kang sumuci-suci, êndi saiki rupane bapakira si maharêsi, êndi rupane biyungira Si Menaka, têtungguling para apsara. Lah sing ngaku-aku manggon ana ing pratapan iku, ana ngêndi pantêse panggonan.

Anakira iku ora majad bênthote, lagi samono umure, gêdhene têka wis sauwit [sa ...]

--- 138 ---

[... uwit] cêmara. Sira iku nyata yèn bèbèting wong asor, têmbungmu ngayawara kaya gunême wong wadon urakan, ênggonira dadi wujud manungsa, apa ora kagawa saka ardaning hawa. He, Sakuntala, sira ngaku pinandhita, ingsun ora pracaya. Apa-apa kang dadi aturira, ingsun ora rumăngsa nglakoni. Ingsun ora pisan-pisan wanuh karo sira, mulane bêcik sira enggal liwata.

Dèwi Sakuntala mirêng pangandikanipun sang nata makatên punika botên karaos wêgah, lajêng amangsuli atur: He, mahaprabu, awoning tiyang sanès, sanajan namung sawiji sawi, panjênêngan dalêm wuninga, nanging kalêpatan dalêm piyambak, sanajan sauwoh maja, panjênêngan dalêm botên wuninga. Gusti, Dèwi Menaka punika, sami-sami isèn-isèning swarga, punjul piyambak. Kawula mijil saking Dèwi Menaka. Ing bab têdhak, inggil kawula kalihan sarira dalêm. Panjênêngan dalêm namung manggèn wontên ing ngarcapada. Manawi kawula kawawa ngambah ing akasa.

Mugi kawuningana, kawula kalihan panjênêngan dalêm, kaotipun kadosdene rêdi Mèru kalihan wiji sawi. Yèn puruna, kawula sagêd sumêngka dhatêng kahyanganipun Hyang Endra tuwin Hyang Kuwera, kahyanganipun Hyang Yama tuwin Hyang Baruna. Wontên ucap-ucapan ingkang sakalangkung nyata, manawi panjênêngan dalêm karsa midhangêtakên, badhe kawula unjukakên, supados dadosa têpa-tuladha. Anggèn kawula badhe angunjukakên punika, botên pisan-pisan mawi sêdya awon, makatên:

Tiyang jalêr ingkang awon ing warni punika, manawi botên angilo ing kaca, pangraosipun piyambak inggih bagus, ngungkuli tiyang-tiyang sanès, ananging manawi sumêrêp dhatêng warnining rainipun, lajêng sagêd wuninga dhatêng asoripun. Tiyang punika manawi pancèn bagus sayêktos, botên ewa dhatêng awoning warninipun sasami-sami.

Sintên-sintêna ingkang damêlipun angraosi awon dhatêng tiyang sanès, punika botên kasêbut sae, malah kawastanan cangkêm gatêl, tiyang gêmblung punika, manawi mirêng rêraosan sae sarta rêraosan awon, ingkang dipun sênêngi namung anglêmpak-nglêmpakakên ingkang awon-awon kemawon, kadosdene lêkasipun babi, tansah ngupadosi panggenan ingkang jêmbêr-jêmbêr. Ananging manawi tiyang budiman, punapa-punapa ingkang dipun mirêngi, ingkang dipun impuni namung ingkang sae-sae kemawon, kadosdene pêksi amsa (= banyak) anêsêp sarta anyilah puhan, ingkang sampun awor kalihan toya. Tiyang sae punika rumaon[6] gêtun sarta susah sangêt, manawi katrucut wicantênipun angraosi awon dhatêng tiyang sanès, beda kalihan tiyang awon, makatên wau malah dados kasênênganipun. (Taksih wontên sambêtipun)

--- [0] ---

Rancangan Pratelaning Lampah-lampahipun Pasarasehan (konggrès) Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Tumrap Kawruh Basa, Tanah Tuwin Têtiyang Bumi Ing Jawi Wetan Saha Madura, Ingkang Badhe Dipun Wontênakên Wiwit Ing Surya Kaping 23 Dumugi Kaping 26 Sèptèmbêr 1926.

Kêmis, surya kaping 23 Sèptèmbêr 1926

Jam 9 sontên. Pambagyanipun pangarsaning komite panampi tamu, Tuwan G.J. Dijkerman Bêrgêmistêr Surabaya.

Sêsorahipun tuwan Mr.J. Kunst bab găngsa Jawi.

Jumuwah surya kaping 24 Sèptèmbêr 1926

Jam 9 enjing. Pangarsanipun Yapha Insêtitut, Tuwan Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat, ambikak pasarasehan.

Sêsorahipun Radèn Sasradanukusuma, Abdul Asis tuwin Radèn Rahmat Suryakusuma bab tanah Madura dalah têtiyangipun bumi. Tuwan J.S. Brandt Buys bab gêndhing Madura, saha Dhoktêr Radèn Suwarna bab kawruh angusadani tiyang sakit cara Jawi.

Jam 5 sontên. Pambikakipun tèntunsêtèlêng kagunan kriya Jawi tuwin mirsani samukawis ingkang kapitontonakên ing ngriku. Lajêng sêsorahipun Tuwan Ir.H. Maclaine Pont bab Majapait.

Jam 9 1/2 sontên dumugi antawisipun jam 12 dalu.

Pasamuwan Langêndriya saking Surakarta.

Z.O.Z.

--- [0] ---

Saptu surya kaping 25 Sèptèmbêr 1926.

Jam 7 enjing. Darmawisata (excursie) dhatêng Majapait, ingkang dados pangajêngipun Tuwan Ir.H. Maclaine Pont. Mirsani musium ing Majakêrta, dipun pangajêngi dening tuwan Dr.F.D.K. Bosch. Ing pandhapi Kabupatèn Majakêrta badhe dipun wontêni pasamuwan ringgit kalithik.

Jam 5 1/2 sontên. Pambikakipun pêkên taunan (jaarmarkt) saha mirsani pêkên wau. Ing ngriku badhe dipun wontêni pasamuwan topèng saking Jawi Wetan tuwin Jawi Têngah.

Jam 7 dumugi jam 9 sontên. Sêsorah bab andon lêlayaran mawi baita ing tanah Jawi Wetan saha Madura ing jaman kina tuwin sapunika, dening tuwan Prof.Dr.B. Schrieke sarta bab kagunan adiluhung ing Jawi Wetan, dening tuwan Dr.W.F. Stutterheim.

Ngahad surya kaping 26 Sèptèmbêr 1926.

Jam 6 1/2 enjing. Darmawisata (excursie) ing Supitan Madura, mirsani baita-baita saking Jawi Wetan tuwin Madura. Wiwitipun balapan baita.

Darmawisata dhatêng Bangkalan, mirsani karapan ingkang kawontênakên sabên taun.

Sangking Bangkalan wangsul dhatêng Supitan Madura malih mirsani karampunganipun balapan baita.

Jam 6 sontên. Mirsani baita-baita ingkang kakêmpalakên ing Supitan Madura sarta ingkang rinêngga-rêngga mawi dilah sèwu.

Jam 9 sontên. Panutuping pasarasehan (konggrès). Pasamuwan ringgit tiyang saking Ngayogyakarta.

--- [0] ---

 


Citruen. (kembali)
§ Kalimrahanipun wontên paginêman: padiya, utawi: wadya. (kembali)
§ Rajatadi, tanpa cakran, wontên têgêsipun piyambak, punika camboranipun têmbung: raja + adi- têgêsipun: sayaka sasaminipun. (kembali)
§ Têtiyang ing kiwa têngênipun ngriku mastani wit krasak, gèsèhipun kalihan waringin utawi prèh, godhongipun ragi wiyar, tuwin wohipun kenging karujak, raosipun kêcut. (kembali)
dene. (kembali)
rumaos. (kembali)