Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-09, #345

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-09, #345. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-09, #345. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka 9, Sèptèmbêr 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan

Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Isinipun Pusaka Jawi ăngka: 9

1. Pêpanggihanipun Pangrèh Agêng Yapha Insêtitut, 2. Sela Padasan, 3. Ngarcapada-Marcapada, 4. Tlumpah Madu: Kacrêma, 5. Tatacaranipun Tiyang Mantu Ing Tanah Sukawati, 6. Krêndhawahana, 9.[1] Mahabarata.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: Sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Wara-wara

Para warganipun Pakêmpalan Yapha Insêtitut, utawi pakêmpalan ingkang dados warganipun Yapha Insêtitut, ingkang badhe dhatêng ing konggrès Yapha Insêtitut, tumrap kawruh basa, tanah saha tiyang bumi ing Jawi Wetan saha Madura, ingkang badhe kawontênakên benjing wiwit ing surya kaping 23 dumugi surya kaping 26 Sèptèmbêr 1926 punika manawi anggènipun dhatêng Surabaya numpak sêpur utawi trèm, sami angsal sudan waragad panumbasipun karcis sêpur utawi trèm ingkang kawrat ing tarip, saking S.S, N.I.S, S.J.S, S.C.S, O.J.S. tuwin S.D.S (kajawi tumrap kitha Surabaya), dene kathahing sudan wau 50%, sarta manawi numpak baita K.P.M. angsal sudan 25%.

Murih sagêd angsal sudan saking S.S kêdah nyêpêng sêrat ingkang kawastanan ligimitatiebewijs. Sintên ingkang pratela dhatêng panitraning Yapha Insêtitut (Secretariaat Java-Instituut, Laan Wichert 13 Weltevreden) bilih badhe andhatêngi konggrès ing Surabaya, badhe lajêng dipun kintuni ligimitatiebewijs wau.

Sêrat ligimitatiebewijs punika wontên ing salêbêting sêpur kêdah katêdahakên dhatêng kondhèktur, kajêngipun dipun isèni saparlunipun. Manawi sampun dumugi ing konggrès katampèkna dhatêng panitra, badhe kalintonan karcis sêpur kangge mantuk, tanpa bayar wragat sêpur. Dados pangkatipun dhatêng Surabaya tumbas karcis kados padatan.

Sintên ingkang botên anêtêpi pranatan ingkang kasêbut ing suwalikipun ligimitatiebewijs wau, badhe botên angsal karcis lêlahanan kangge mantuk saking Surabaya.

Bab sudan saking N.I.S. (Nederlandsch-Indische Spoorweg-Maatschappij) S.J.S. (Semarang Joana Stoomtram-Maatschappij) S.C.S. (Semarang-Cheribon Stoomtram Maatschappij) O.J.S. (Oost-Java-Stoomtram-Maatschappij) tuwin S.D.S (Serajoedal-Stoomtram-Maatschappij).

Para ingkang dhatêng ing konggrès numpak sêpur utawi trèm ingkang kasêbut ing nginggil punika, wontên ing papaning konggrès amratelakna dhatêng panitra: namanipun, panumpakipun sêpur utawi trèm saking pundi dumugi ing pundi sarta ing klas pintên, punapadene angkaning karcisipun (sampun kêsupèn, ăngka punika kêdah dipun cathêt). Sawatawis dintên sabibaring konggrès, artanipun sudan ingkang 50 pCt. wau badhe lajêng kakintunakên dhatêng ingkang wajib tampi pyambak-pyambak. Dados mangkatipun dhatêng Surabaya saha antukipun, tumbas karcis kados adat sabên, amung kaotipun, angkaning karcis kêdah dipun cathêt.

Ing salêbêtipun wulan Agustus tuwin Sèptèmbêr ing ngajêng punika kantoripun panitraning Yapha Insêtitut kapindhah dhatêng Surabaya, manggèn ing griya Kunstkring (Kunstkringhuis) Embong Malang 63-65 Soerabaja.

--- 139 ---

Ăngka 9, Sèptèmbêr 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Nalika ngrintênakên dintên Salasa kaping 2/3 Ogustus 1926 punika, pangrèh agêng Yapa Insêtitut: pangarsa akalihan panitra, adamêl pêpanggihan manggèn ing sositit abipraya Surakarta, ingkang kasêdhahan: pangrèh Yapa Insêtitut kring ing Ngayogyakarta,[2] warga-warganipun kontak komite ing Surakarta, tuwin redhaksi Pusaka Jawi. Rêmbag ingkang dipun rampungi ing pêpanggihan wau:

1. Pêpanggihan manah prêlu Yapa Insêtitut ngambali damêl pasrasehan basa (taalcongres) kados ingkang sampun kalampahan, kaping 8 Oktobêr 1924 wontên ing Surakarta), kaangkah wontên ing salêbêtipun wulan Ramêlan wau 1857 punika, sagêda nyarêngi konggrès sanès-sanèsipun, manggèpun[3] wontên ing Ngayogyakarta.

2. Ingkang dados jêjêring rêmbag pasrasehan wau:

Ha. Bab piwulang basa Jawi ing pamulangan têngahan tuwin andhap. Manawi kacêkap wancinipun, ngrêmbag sêrat-sêratipun ingkang kaangge ing pamulangan-pamulangan wau sisan.

Na. Bab têmbung Jawi kasêrat aksara Latin.

Ca. Bab ikêtan ukara Jawi, gancaran sarta kidung.

--- 140 ---

Sela Padasan

Para ningali musium ing Sriwêdari Surakarta, bokmanawi sampun sami sumêrêp yèn ing gêdhong barang kina, wontên selanipun pêthak pasagi dhapur tugu, inggilipun 71 sèntimètêr, wiyar 20 sèntimètêr, kiwa têngên sami tinatah wangun hèk, sarta ing nginggil wontên bolonganipun bundêr ragi lêbêt. Sela wau dipun inggahakên ing buku ăngka 45, asli saking dhusun Karangmaja, sampun kalêbêt talatah Rêdikidul bawah Kasunanan. Sadlerengan sela wau dede barang adi, botên anèh, tuwin botên wontên punapa-punapanipun, nanging miturut cariyosipun têtiyang ing dhusun Karangmaja wontên aluranipun kados ing ngandhap punika:

Sela wau karan nama Kyai Watu Padasan, manggèn wontên ing salêbêting pakaranganipun tuwan adminisêtratir Karangmaja, ngadêg wontên sangandhapipun uwit asêm, kaprênah sangajêngipun tilas pabrik kopi, dados pangunjukanipun Kyai Jalak, dhuwung pusaka ing Wăngga. Kyai Jalak wau mèh sabên malêm Jumungah dhatêng ing ngriku, prêlu andêdagan pasareanipun Pangeran Jungut, salah satunggalipun trah ing Wăngga, ingkang kapêtak wontên ing rêdi Wijil, sacêlakipun Karangmaja. Dhatêngipun Kyai Jalak punika ingkang tamtu sasampunipun lingsir dalu, amawa cahya sakilan mubêng, anjujug ing astana. Ngajêngakên bangun raina mêdal saking pasarean midêr-midêr sanginggilipun têtanêman ing sabin, kajawi namung ngenggar-enggar manah, ugi prêlu paring sawab dhatêng sarwa ingkang tinanêm. Sasampunipun lajêng ngaso wontên ing wit waung. Watawis ngajêngakên palêthèking bagaspati wangsul dhatêng Wăngga malih, mawi mampir dhatêng watu padasan prêlu ngombe. Wondene anggènipun tamtu ngaso, wontên wit waung punika, amargi rumiyin griyanipun Sang Pangeran Jungut wontên sangandhaping wit wau, dados punika kalêbêt pangèngêt-èngêt. Tumrapipun têtiyang ing talatah Karangmaja, dhatêngipun Kyai Jalak punika kaajêng-ajêng sangêt, amargi panganggêpipun, kajawi sagêd nulak sakathahipun ama tanêman, ugi nulak sêsakit tuwin sambekala. Dene wujudipun: warăngka kajêng trêmbalo gayaman, ukiran kajêng cukit, tanpa pêndhok, mawi kalung kacu gêmbaya abrit, kinupêng ing cahya sakilan mubêng. Nanging ingkang sagêd sumêrêp têrang, namung tiyang ingkang katarimah, limrahipun namung kasumêrêpan cumlorot wontên sanginggilipun sabin, dhatêng wit waung utawi wontên watu padasan. Namung samantên sajarahipun watu padasan.

Anèhipun, dene sabobotipun sela wau kalêbêt pêpundhèn, ewadene botên nate dipun caosi dhahar, agêngipun dipun sêsuwuni, malah kapara dipun uwakakên kemawon, awit saking kawontênan punika, pamanahan kula owêl sangêt [sa ...]

--- 141 ---

[... ngêt] yèn ta sela wau kalajêng risak wontên ingriku, amargi punika kalêbêt barang elok, dene prabot candhi, badhenipun sela pêthak panunggilanipun ingkang kadamêl jobin (kalêksêtin), mila lajêng kula têmbung dhatêng tuwan adminisêtratir tuwin para pinisêpuh ing ngriku. Sarêng sampun botên wontên pakèwêdipun nuntên kabêkta dhatêng ing musium.

Wontênipun sela padasan wau kabêkta dhatêng musium, amargi sanadyan wujudipun sajatosipun botên patos adi, nanging tumrapipun tanah Jawi kalêbêt anèh, dene dumugi samangke candhi sela pêthak punika dèrèng kasumêrêpan, kajawi ingkang badhe kula cariyosakên ing ngandhap punika.

Miturut wujudipun, sela wau kintên-kintên pêndhêtan saking candhi Selagada, inggih punika tilas candhi sacêlakipun dhusun Karangmaja. Saking gotèkipun tiyang ing ngriku, kala kinanipun patapanipun Radèn Sêtyaki, samangke sampun risak sangêt, wontênipun Karang Selagada amargi ing ngriku kathah tugu-tugunipun ingkang wujudipun mimba gada. Nanging têka gada sayêktos tamtu sanès, kintên-kintên kemawon rêrêngganing candhi, namung kaprênah ing pundi, kula dèrèng sagêd mratelakakên, amargi wujudipun nyimpang sangêt kalihan dhapuring prabot candhi sanès-sanèsipun. Mila wontên ingkang ngintên bilih candhi wau sêpuh sangêt, sadèrèngipun tiyang Hindhu ngajawi. Lêrês lêpatipun pamanggih wau têmtu kêdah dipun rêmbag rumiyin ingkang absah. Dene candhi Selagada punika badhenipun jobin.

Sanadyan sajarahipun watu padasan sampun têlas, sarèhning sajarah wau gêgandhengan kalihan Kyai Jalak, bokmanawi para maos botên sami kagungan pakèwêd manawi kula santun rêmbag nyariyosakên kawontênanipun pusaka ing Wăngga. Ing sasumêrêp kula makatên:

Wăngga punika dhusun sacêlakipun Cèpèr, bawah kabupatèn Klathèn, kinanipun pradikan kabandhang dhatêng Ngayogya jaman Pagiyanti. Sarêng bakda brandhalan, pêrang Dipanagaran, nata watês-watêsing siti. Sarèhning Wăngga kaslêmpit wontên ing bawah Kasunanan, mila kapasrahakên dhatêng Surakarta, miturut pranatan enggal agrarisêsakên samangke pradikanipun sampun dipun suwak. Kala kinanipun ingkang mandhegani wontên ing ngriku punika rumiyinipun Pangeran Sutakarya Agêng, darahipun Sunan Kalijaga. Sapunika pangagênging trahipun nama Radèn Wiryadikara, dados kajinêman ondêr dhistrik Cèpèr, kabêkta saking pradikan sampun suwak wau.

Miturut aluranipun, Kyai Jalak punika rumiyinipun wangkinganipun Adipati Karna ing Ngawăngga, sarêng sirna nalika pêrang Bratayuda, wangkingan kadarbe dhatêng para Pandhawa, sirnanipun Pandhawa kaasta Prabu Puntadewa. Kacariyos Prabu Puntadewa punika tansah mrayangyang botên sagêd sampurna kadosdene para [pa ...]

--- 142 ---

[... ra] Pandhawa sanèsipun, awit saking kagungan pusaka Kalimasada. Manawi punika dèrèng wontên ingkang sagêd maos, dèrèng sagêd muksa. Wêkasan sang nata tansah amrayang dhatêng pundi-pundi madosi tiyang ingkang sagêd maos pusakanipun. Satêmah kapanggih Sunan Kalijaga, punika ingkang sagêd maos, ungêlipun sadat rasul. Prabu Puntadewa sanalika lajêng sagêd muksa. Kala samantên Sunan Kali dipun tilari wangkinganipun, inggih punika Kyai Jalak, ingkang pawingkingipun kaparingakên ingkang putra Pangeran Sutakara Agêng wau, sarta atilar wêling nglêluria siti pradikanipun, dipun namakakên Ngawăngga, kacêkak dados Wăngga.

Kyai Jalak wau tumrapipun trah Wăngga kadamêl wingit sangêt, panyimpênipun wontên ing kêndhaga katarang wontên ing pangêrêt griyanipun ingkang anggadhuh. Sintên kemawon botên kenging nyumêrêpi, malah kaandhapakên kemawon botên nate. Wontênipun namung dipun dhahari kalihan dipun suwuni. Mila botên lăngka yèn nalika taun 1921 kula badhe nyumêrêpi wilahipun botên kenging dipun tarik, jalaran ganjanipun sampun kêbak tinja. Cariyosipun, Kyai Jalak dipun tarik punika nalika jaman jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX, Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya kautus kadhawuhan nguningani, sapriki watawis sampun 60 taun, ing ngriki botên susah kula cariyosakên, kintên-kintên manawi badhe ningali punika andadak mawi wilujêngan rumiyin, sarta dipun suwun lilahipun.

Dilalah karsa Allah dèrèng dangu punika kula mirêng bilih Kyai Jalak wau sampun kenging dipun tarik, botên sarănta kula lajêng gita-gita aningali. Saking pitulunganipun abdi dalêm pangrèh praja kula sagêd ngunus wontên ing kadhistrikan Dêlanggu, sarta saking lêgawanipun ingkang andarbèni sagêd kasorotan kados gambar punika. Makatên punika kula suka panarimah dhatêng ingkang gadhah tuwin abdi dalêm pangrèh praja ingkang mitulungi kula. Paprincèning wujudipun, sanadyan sampun kacêtha ing gambar, bokmanawi prêlu kula cariyosakên kalayan cêkakan.

[Grafik]

Sarunganipun sambilan (tanpa pêndhok) kajêng cêndhana wangun capu kagok Ngayogyan mawi

--- 143 ---

widhêng, garapipun kalêbêt kirang adi. Ukiran tayuman Ngayogyan sampun kathah ingkang bênthèt, garapan cêkapan, mêndhak jêne Ngayogyan. Wilah dhapur jalak gănja iras sêbit sirah cêcak Mantaraman. Dêdêging wilah 32 sèntimètêr, wiyaripun 2,5 sèntimètêr, panjangipu[4] gănja 7 sèntimètêr. Dêdêgipun gandar dumugi anjing-anjingan 35 sèntimètêr, panjanging godhong dumugi latha 16. Pamoripun sampun botên katingal, ing pucuk tinjanên sangêt ngantos nama sampun risak, manawi dipun rêsiki ingkang sayêktos, bokmanawi sagêd katingal sae sarta sagêd ugi pamoripun mêdal malih. Mirit wujud sarta pasikutanipun, kintên kula pancèn sêpuh sayêktos, caranipun êmpu bokmanawi punika tangguhipun jaman purwa (lempoh).

Dados miturut wujudipun, sajarah Karangmaja wau malèncèng, amargi nyariyosakên manawi sarunganipun gayaman, măngka yêktosipun ladrang, punapadene sajarah wau tumrapipun ing Wăngga botên wontên ingkang mumêrêp[5] pasareanipun Pangeran Jungut botên wontên rêdi Wijil, lajêng kadospundi punika. Ewadene para maos sampun lajêng ngrèmèhakên dhatêng piandêlipun tiyang Karangmaja, makatên punika adatipun malah piandêl sêpuh sangêt, nyarêngi santun agami dipun santuni busana, kadosdene saupaminipun bab sangat, sakawit ngangge namaning dewa, sarêng santun agami Islam kasantunan nama nabi, tur ambak ambing sangat punika sasumêrêp kula pancèn inggih dede Buda, langkung sêpuh malih, bokmanawi mligi piandêl Jawi, namung nama-namanipun rumiyinipun punapa, kula botên têrang. Dintên pêkênan punika ugi langkung sêpuh katimbang dhatêngipun agami Buda. Kajawi punika sapintên ta kathahipun pasareanipun para linangkung, ing pundi-pundi wontên pasareanipun Sunan Kali, Kêbokanigara lan sanès-sanèsipun. Dados bab lêledhangipun Kyai Jalak punika sagêd ugi langkung sêpuh katimbang dhatêngipun kyai piyambak wontên Wăngga, namung rumiyin namanipun kemawon sanès.

Amangsuli cariyos ing Wăngga. Awit saking sarunganipun Kyai Jalak wau kajêng cêndhana, mila ing ngriku awisan agêng tumrapipun ngangge sarungan cêndhana, kinanipun pundi ingkang wanuh wani nrajang awisan wau, tamtu lajêng dipun pêrjaya dening sang prêdikan, malah trêkadhang dèrèng kasumêrêpan tiyang, răngka wau sampun sêmpal piyambak saking kadayan ing bêndunipun Kyai Jalak, dening panjênênganipun dipun kêmbari prabotipun.

Awisan ăngka kalih kajêng năngka, sintêna ingkang dêdunung ing ngriku, utawi trahing Wăngga gêgriyaa ing pundi-pundi, sirik agêng yèn nganggea kajêng năngka kangge balunganing griya, amargi anyamèni balunganipun masjid ing ngriku, ingkang kinanipun botên gadhah layangan amargi saking angkêripun, (nalika kula dhatêng

--- 144 ---

ngriku ing taun 1921, layanganipun têka sampun wela-wela kados limrahipun griya ing pundi-pundi). Sintêna ingkang kamipurun ngangge kajêng năngka, tamtu manggih sambekala, inggih punika griyanipun lajêng kabêsmèn.

Kajawi awis-awisan, Kyai Jalak punika inggih wontên dayanipun ingatasipun tiyang kecalan. Sintên kemawon ingkang dipun dakwa mukir, dipun ombèni turuhanipun kyai wau, ingkang rêsik sayêktos tamtunipun wilujêng, ingkang goroh sagêd sirna tanpa kukupan dening dayanipun pusaka ing Wăngga. Mila limrahipun tiyang ingkang badhe dipun ombèni toya Wăngga punika manawi pancèn lêpat sayêktos, sampun lajêng blaka piyambak, supados sampun ngantos lajêng dhawah ing sangsara.

Kula sampun nyumêrêpi toya Wăngga wau, wujudipun toya limrah bukêt sangêt kawadhahan ing êncèh sawatawis agêng kasimpên wontên griyanipun sang pradikan, ingkang anggadhuh Kyai Jalak, kasèlèh ing sênthong wetan, ugêr wontên tiyang nyuwun toya, kacidhukakên sacêkapipun, wondene manawi toyanipun sampun radi asat, dipun êjogi malih kapêndhêtakên saking sumur, botên mawi katuruhakên pusakanipun rumiyin. Mila sayêktosipun toya Wăngga punika dede toya turuhanipun kyai kados salimrahing pangintêning tiyang-tiyang, lugu toya sumur. Sagêd ugi kinanipun pancèn inggih turuhan sayêktos, nanging punika tamtu sampun dangu sangêt, amargi ing nginggil sampun kula pratelakakên bilih pungkasanipun kyai dipun unus makatên sapriki sampun wontên 60 taun, sadèrèngipun punika ingkang gadhah dèrèng nate mirêng. Mila sapintên bingahing manah kula dene kula salêbêtipun wulan April punika sagêd narik kyai wau, malah sagêd anggambar. Namung piwêling kula supados dipun rêsiki ingkang ngantos rêsik sayêktos, sarta têmbenipun dipun opènana ingkang sae, pamuji kula supados dipun èstokakên.

Surakarta, Sawal 1856 utawi April 1926.

Ha

Ngarcapada-Marcapada

Rumiyin ing Pusaka Jawi ăngka pintên kula kasupèn, amratelakakên bilih ungêl-ungêlan ingkang limrah kangge: ing ngarcapada, punika lêpat, lêrêsipun: ing marcapada. Manawi dipun wardèni têgêsipun, ing ngarcapada, têgêsipun ing sukuning rêca. Namung botên mawi dipun wardèni têgêsipun ing marcapada. Punika kula lajêng judhêg. Măngka manawi saking pamanggih kula: ing ngarcapada punika sampun lêrês,

--- 145 ---

sagêd gadhah têgês ing bumi utawi ing jagad. Anamung mawi katrangan sanès, makatên:

arcapada utawi Arcapada saking têmbung Arca kalihan pada.

Arca têgêsipun rêca. Wondene rêca punika inggih gambaripun utawi pêpêthaning sêsêmbahan.

pada têgêsipun suku.

Arcapada têgêsipun I. Sukuning rêca, II. Sukuning sêsêmbahan. Wondene sukuning sêsêmbahan sagêd gadhah têgês bumi, utawi jagad, kaanggêp bilih ingkang sinêmbah-sêmbah punika manggèn wontên ing swarga.

Sapunika bab marcapada. Punika saking têmbung Sangsêkrêta: mrêcapada. Têgêsipun mrêca punika siti, utawi lêmpung, bokmanawi inggih gadhah têgês bumi. Mrêcakatika dipun wardèni ing têmbung Walandi: het leemen wagentje, kula jawèkakên: karetanan lêmpung, utawi rata pratala. Dados manawi kaurutakên punika, têgêsipun marcapada utawi mrêcapada: suku lêmpung utawi suku siti. Punapa sukuning lêmpung utawi sukuning bumi, punika ingkang adamêl judhêging manah kula.

Ingkang punika mugi wontêna karsanipun paring katrangan, priyantun ingkang anglêpatakên ungêl-ungêlan ing ngarcapada utawi anglêrêsakên ungêl-ungêlan ing marcapada, supados marêm manah kula tuwin panunggilan kula ingkang sami kulina ngangge ungêl-ungêlan ing ngarcapada.

Kusumatmaja.

Ngagêm Trumpah: Madu Kacrêma. Kotang: ăntra kusuma. Caping: basu nănda.

Ungêl-ungêlan ing nginggil punika badhe kula bikak lurubipun, kadospundi sajatosipun wardinipun.

I. Trumpah Madu kacrêma.

Manawi kula pirid saking pasinaon, trumpah madu kacrêma punika botên sagêd gadhah têgês ingkang mèmpêr. Sagêdipun gadhah têgês, kêdah dipun lêrêsakên ungêl-ungêlanipun, makatên:

Trumpah Padukacrêma.

Paduka têgêsipun sêpatu utawi trumpah sapanunggilanipun, saking têmbung pada têgêsipun dlamakan utawi suku. Sripaduka têgêsipun cahyaning sêpatu. Crêma têgêsipun wacucal.

Dados padukacrêma têgêsipun sêpatu wacucal utawi trumpah wacucal. Wondene wontênipun ungêl-ungêlan trumpah padukacrêma (kêrangkêp) punika, jalaran padukacrêma wau kaanggêp dados namaning trumpah, kadosdene ungêl-ungêlan sakolahan [sakolaha ...]

--- 146 ---

[... n] H.B.S, A.M.S, T.S. S punika kacêkakanipun School, têgêsipun inggih sêkolahan, dados inggih krangkêp.

Wondene wontênipun pakêcapan kacrêma punika, saking klèntuning pamaos, aksara ka gadhahanipun paduka, kêcaruk dhatêng crêma. Punika pun crêma nama ngrayut.

Têmbung Jawi kina utawi Sangsêkrêta ingkang kêcorak-caruk pamaosipun, botên namung satunggal punika. Benjing manawi wontên mangsanipun, badhe kula pratelakakên ing sasagêd-sagêd kula.

II. Kotang Ăntrakusuma Utawi rasukan Ăntrakusuma.

Ungêl-ungêlan ăntra wontênipun ing ngriku punika inggih sampun mingsêd, lêrêsipun anta, têgêsipun watêk, kaanan, (wontênipun ing gandhengan ngriku), kusuma, têgêsipun sêkar.

Dados antakusuma gadhah têgês awarni sêkar, utawi kados warnining sêkar utawi sêsêkaran, utawi măncawarni.

Mênggah wujuding rasukan antakusuma ingkang sampun kula sumêrêpi, adhapur tambal, ingkang kadamêl bludru utawi sutra awarni-warni, dipun guntingi majêng tiga, lajêng dipun dondomi kagathuk-gathukakên, utawi malih cita awarni-warni dipun guntingi makatên, anamung kemawon, sarèhne ingkang kula sumêrêpi punika sanès paringanipun dewa, kasiyatipun kok inggih botên kadosdene ingkang kasêbut ing ringgit. manawi Radèn Gathutkaca ngagêm rasukan antakusuma, lajêng sagêd mibêr tanpa êlar, nylênthik tanpa suthang. Ingkang kula sumêrêpi punika botên sagêd mibêr. Manawi nylênthik, inggih pancèn lêrês, botên mawi suthang, mawi driji.

Sapunika bab malêbêtipun sandhangan cakran dhatêng têmbung anta, dados ăntra. Punika têmbung mănca sawatawis, mlêbêtipun dados têmbung Jawi wontêna ingkang wêwah aksara Ra, utawi cakran, utawi layar, kados ta: têmbung Arab paduli, dados praduli. Têmbung Sangsêkrêta: padapa dados pradapa.

III. Caping Basunănda.

Ungêl-ungêlan punika kula botên sagêd ngoncèki, kula sumanggakakên dhatêng para winasis. Sumăngga.

Kusumatmaja

Tatacaranipun Tiyang Mantu Ing Tanah Sukawati

Karanganipun Radèn Tumênggung Sumanagara, bupati pangrèh praja ing Sragèn.

Katampèkakên dhatêng Tuwan Dhoktêr Piso, guru A.M.S. ing Surakarta, salajêngipun kapanjurungakên dhatêng Pusaka Jawi.

--- 147 ---

Tatacara wau kadhapur ginêman, sarta kaangkah nglugokakên ginêm lagu Sukawati.

Rêdhaksi

Bêbuka

Sêrat Tatacara karanganipun Ki Padmasusastra sampun mratelakakên tatacaranipun mijulêngi tiyang wawrat, bayi lair, nêtakakên, nyunatakên, mantu, dumugi tiyang ajal, nanging anggènipun mratelakakên tatacaranipun tiyang mantu punika sayêktosipun sawêg tatacaranipun ingkang kangge para priyayi salêbêtipun nagari tuwin kutha-kutha, sarta tumrap dhatêng têtiyang padhusunan ing tanah Pajang kemawon. Tatacara tiyang mantu ing tanah Sukawati: dèrèng kasêbut.

Kauningana para maos, bawah dalêm nagari Surakarta punika kaperang kalih, ingkang sisih kilèn dipun wastani tanah Pajang, ingkang sisih wetan dipun wastani tanah Sukawati, wondene ingkang dados watêsipun banawi kalihan lèpèn Camara, sakilèn banawi sakiduling lèpèn Camara nama tanah Pajang, sawetaning banawi saêlèring lèpèn Camara nama tanah Sukawati.

Milanipun tanah Sukawati, amargi kabêkta ingkang kagungan lênggah kala rumiyin asmanipun: Pangeran Sukawati, kacariyos Pangeran Sukawati makatên wayahipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga nagari Mataram, dêdalêm wontên laladan rêdi Kêndhêng saêlèring banawi, lênggahipun siti watês sawetaning banawi sapangalèr sapangidul, ngantos dumugi padhusunan bawah dhistrik Sukaharja, kabupatèn kutha Surakarta, dumugi sapriki ing ngriku taksih dipun wastani Sukawati Kidul, sarta watês saêlèring lèpèn Camara sapangetan sapangilèn.

Kacariyos Pangeran Sukawati punika botên pêputra, sarêng seda lajêng kasarèkakên ing pasitèn Gênêng sapinggiring banawi, dipun wastani pasarean Sukawati, sapunika kalêbêt wawêngkon kalurahan dhusun Pengkol, bawah ondêr dhistrik Tanon, dhistrik Gêmolong, Kabupatèn Sragèn, dados pêpundhènipun têtiyang tanah Sukawati sadaya.

Wêwatêkanipun tiyang Sukawati punika beda kalihan wêwatêkanipun tiyang tanah Pajang, têtiyang Sukawati kêndêl-kêndêl, pawicantênanipun braok-braok, botên sagêd lirih, manahipun prasaja, manawi kenging prakawis ngècu, begal, mêjahi tiyang, kapriksa ngakên kemawon.

Tatacaranipun tiyang Sukawati wontên ingkang sami kalihan tatacara tanah Pajang, nanging wontên ugi ingkang nyêbal. Awit saking mituruti pamurihipun saudara tuwan Dhoktêr Piso guru basa Jawi ing A.M.S. Surakarta, kula badhe mratelakakên tatacaranipun tiyang mantu ingkang nyêbal kemawon, ingkang badhe kula pratelakakên punika tatacara kuna, lêstantun kangge dumugi sapriki, sagêda kauningan para ingkang dèrèng nguningani.

--- 148 ---

Ha. Dêmang Kartayuda ing singgih, bokne, anakmu si Jana kuwe torèhe[6] (= têtak, sunat) elingku lagi rong taun iki, kok wis gêdhe têmên: silèh.

Na. Bok Dêmang: Niyat iya: thik. Patahe (pancèn) longgor, sabên ana sindur (= sindir, talèdhèk) kudu andêlok wae.

Ha. Ih, dadi wis dhêmên andêlok talèdhèk, ne.

Na. Iya, iya, tak pênging ambiying wae, jare.

Ha. E la nèk ngono bêcik nuli dirabèkake wae, golèka padikan, ta: ngêndi kapenake.

Na. Jare dhi Surarêja Jatitêngah duwe anak wedok, umure nêm bêlasan taun, bok coba kuwi wae ditêmbung.

Ha. Alon dhisik, ta, tak ngundang Si Gunasabda ing Dayu wae, manawa bisa ngrêmbugake.

Sanès dintên Dêmang Kêrtayuda kengkenan ngundang Gunasabda, sarêng sampun dhatêng lajêng pirêmbagan.

Ha. Dêmang Kêrtayuda: Guna, mulane kowe tak undang mrene arêp tak ajak rêmbugan.

Na. Gunasabda: Rêmbugan napa ta mas dêmang.

Ha. Anu, anakku Jana kuwe srapate wis duwe karêp mênyang wong wedok. Sirku arêp tak rabèkake wae, jare dhi Surarêja Jatitêngah duwe anak prawan, rèhne kowe kêrêp nyongkogi, mênèk kêparêng jodho bok jijal rêmbugna.

Na. Kang Surarêja bêkêl Jatitêngah ênggih lêrês gadhah prawan, kula êmpun sumêrêp, namine Samiyêm, warnine ênggih sae, kula kok ênggih mriyogèkake, upamine dados besan êmpun timbang, sami cêkape, sami kathah misane.

Ha. Kêbone Surarêja pira.

Na. Nèk tigang amêt mawon ênggih ontên.

Ha. Êlo kaya aku ane, kêboku ana têlung amêt sawuwa (cara Sukawati petanganipun maesa sami kalihan petangan pantun, maesa satunggal dipun wastani sagèdhèng, maesa kawan likur dipun wastani saamêt).

Na. Yèn botên ênggih imbang-imbangan mawon: mas dêmang.

Ha. La iya ta: Na, rêmbugana, aku măngsa bodhoa kowe, priye katrangane kowe enggal kăndhaa.

Na. Ênggih ta: mas dêmang, kula sadêrmi lumampah, coba kula dhodhoge lawange, kula linggihane salune, kula kinange jambe suruhe, ênggih êmpun ta mas dêmang kula kalilan mandhap.

--- 149 ---

Ha. Iya, nyangoni slamêt, muga-muga kacondhongana.

Lampahipun Gunasabda dhatêng griyanipun Surarêja Jatitêngah, anggènipun kakèngkèn Dêmang Kêrtayuda inggih botên kula pratelakakên, amargi sami kemawon kados salimrahing rêmbagipun congkog sanès panggenan.

Ha. Dêmang Kêrtayuda: Padha slamêt, Guna, têkamu kene.

Na. Gunasabda: Pangèstu sampeyan ênggih sami wilujêng, mas dêmang.

Ha. Rada tak arêp-arêp, kowe, wis sawatara dina kok ora muncul-muncul.

Na. Ênggih mas dêmang, kula ênggih pun rumaos dados pêngajêng-ajêng, sababe dangu ontên lare (anakipun) sing botên sakeca.

Ha. Anakmu lara apa.

Na. Sakit bêntèr tis

Ha. O, nèk Sukawati kene wis adade, sabên panèn bêlik iya akèh wong panas tis. Nanging ora dadi apa, kiraku mung sabab mangan bêras anyar bae.

Na. Wos enggal kok damêl sakit niku kêpripun ta mas dêmang.

Ha. Sababe pangêpene durung garing wis kêsusu ditutu, rasane enak kuwe apa, ora wêruh gawe sabab panas tis.

Na. E, mêkotên mas dêmang.

Ha. Yake lo, seje gunêm, kapriye apa kowe wis mênyang Jatitêngah.

Na. Ênggih dèrèng matur mawon: mas dêmang, kula sampeyan kèngkèn têng griyane kang Surarêja ênggih êmpun kalampahan. Langite katingal padhang, kontêne mênga.

Ha. Sokur lah kamdulilah, la kapriye kandhane Surarêja.

Na. Sajare kang Surarêja priyogine nontoni kriyin.

Ha. Iya, iya, ya bêcik mangkono: bokne, bokne, mrenea, gilo Gunasabda têka.

Ca. Bok dêmang: Padha slamêt bae, Guna, têkamu kene.

Na. Pangèstu sampeyan, ênggih wilujêng bok mas dêmang.

Ha. Bokne, Guna wis kêtêmu dhi Surarêja, langite padhang, lawange mênga, diprayogakake nontoni dhisik.

Ca. Sokur ta sokur, bêcike suk kapan: Na, olèhe nontoni.

Na. Măngsaborong krêsane mas dêmang kalih sampeyan, benjing punapa, kula bejanane kriyin.

Bab nontoni botên prêlu kula pratelakakên, amargi limrah kemawon kados ing sanès panggenan.

--- 150 ---

Ha. Dêmang Kêrtayuda: Bokne, sarèhne rêmbug arêp anjodhokake anakmu karo anake dhi Surarêja wis padha condhonge, saiki pikirên ênggone arêp nêngêri (mêningsêti).

Na. Bok dêmang: La iya ta, nèk ali-ali aku wis duwe rong rakit, jarik kêmbêne iya wis ana, kari angganêpi gêdhang satangkêp, karo kêmbang campur bawur bae.

Ha. Sokur: ta, nèk ngono suk Kêmis Lêgi wae, kowe ajak-ajaka sanak sadulur sing cêdhak kene, karo tăngga-tanggamu, Ni Gunasabda tak kone bêbeja dhisik.

Na. Iya.

Ing dintên Kêmis Lêgi Dêmang Kêrtayuda kengkenan nampèkakên paningsêt dhatêng Jatitêngah, dipun iringakên sanak sadhèrèkipun sawatawis, ingkang dados sêsêpuhing lampah Gunasabda. Wondene rêmbag-rêmbagipun kados salimrahipun tiyang nampakakên paningsêt.

Ha. Surarêja: Dhi Gunasabda, pakintune Kangmas Dêmang Kêrtayuda wêrni ali-ali kalih sinjang kêmbên paningsête anak kula Samiyêm, ênggih êmpun kula tampèni, dene kêlampahane sanès dintên mawon kula ngaturi katrangan, tanggal wulane. Kêjawi niku, dhi Guna, niki le, kula gêntos nyukani udhêng kalih sinjang têng putrane kangmas dêmang sing nama Jana, kalampahane katampèn, kula borong si adhi, kula mêling mawon: dhi, kula nêdha sêmuwane margi.

Na. Ênggih kang, kula sadêrmi ngaturake têng mas dêmang, ênggih sampun, ta, kula sadaya sampeyan lilani mandhap.

Ha. Ênggih dhi, kula andhèrèkke wilujêng sadaya kemawon.

Ha. Dêmang Kêrtayuda: Padha slamêt kabèh lakumu mênyang Jatitêngah.

Na. Ênggih, pangèstu sampeyan mas dêmang: sami wilujêng sadaya, kula enggal matur, kula sampeyan kèngkèn têng Jatitêngah ênggih êmpun kalampahan, paningsêt êmpun katampèn kalih kang Surarêja, kang Surarêja gêntos ngintuni udhêng kalih sinjang, kalih mêling nêdha sêmuwane mêrgi, dèntên kêlampahane sanès dintên ngaturi katrangan tanggal wulane.

Ha. Bokne: tampanana udhêng karo jarike kuwe, ana bundhêlane apa ora.

Ca. Êmbok dêmang: Kene, Guna, tak tampanane, e, udhênge ana bundhêlane, isi dhuwit satali karo kêmiri papat, karo agêl.

Na. Têgêse arta satangsul niku nêdha tumbasan bumbu, dherekan niku pasêmoning pringsilan [pringsi ...]

--- 151 ---

[... lan] misa, manawi sakawan ênggih mawi misa pêlèn kalih, agêl niku pasêmoning dhadhung.

Ha. Iya-iya aku wis ngêrti, anjaluk sêmuwane dalan iku nganggo pasasrahan, anjaluk dhuwit tukon bumbu, kêbone loro, ah, ah, ah, lêga pikirku êmbokne, kari tata-tata wae.

Ca. Aku ya ngono, lêga, têgêse wis gênah, aja sing kêbo loro, êmbok sapuluh iya dak wujudi.

Ha. Surarêja: Bokne, sarèhdene anakmu wis nampani têtêngêr, kudu tata-tata besuk apa kêlakone.

Na. Êmbok Surarêja: Kula tiyang botên wêruh petunging dina, măngsa bodho samang tiyang jalêr.

Ha. Lo: iya ta, mêsthine sing golèk dina ya aku, mung ênggonmu tata-tata arêp duwe gawe kuwe kira-kira wise miranti pirang sasi êngkas.

Na. Kintên kula ênggih têlung sasi.

Ha. Nèk ngono apa suk sasi Rêjêb.

Na. La ênggih măngga mawon, lêrês lêrêse ênggih êmpun mrantos.

Ha. Tak nyuwun sêsurupan Mas Bèi Wanapati wae, besuk sasi Rêjêb sing bêcik dina apa.

Ha. Ngabèi Wanapati: Kowe Surarêja, esuk-esuk têka ana parlu apa.

Na. Surarêja: Ênggih dèrèng matur, sowan kula ngaturi priksa, kula badhe ngêntas anak kula Samiyêm, angsal anakipun kangmas Dêmang Kêrtayuda ing Singgih, manawi kajêng kula: mas bèi, sagêda kêlampahan benjing wulan Rêjêb. Kula nyuwun bêrkah, kaparingana katrangan dintên tanggal punapa ingkang sae.

Ba. E, sukur ta arêp mantu, coba tak andêlok primbon dhisik, sasi Rêjêb, êm, kang bêcik dina Sênèn Kliwon, tanggal ping patbêlas.

Na. Inggih, inggih prayogi dene pajar surya. Nun sampun, kula kalilana mandhap, sangêt panuwun kula. (Wontên sambêtipun)

Krêndhawahana

Ing Pusaka Jawi ăngka 8 Agustus 1926, taun V wontên panjurung mawi sêsirah têgêsipun Kaliyasa, karanganipun sang Ha.

Ing ngriki kula botên pisan-pisan badhe nyaruwe, namung badhe ngaturi katrangan sakêdhik bab wana Krêndhawahana. Krêndhawahana wau dipun têgêsi dening sang Ha: krêndhawahana (têmbung Sangskrita) karandha + wahana = sêsotya + tumpakan = tunggangan kang luwih adi, enz enz.

--- 152 ---

Kintên kula, têgêsing Krêndhawahana saking sang Ha kados ing nginggil punika, kirang lêrês. Dugi kula, nama Krêndhawahana punika ewah-ewahan saking kăndhawawana (khan-dawa wana) = alas kăndhawa, inggih punika wana ingkang kadhahar dening Sang Hyang Agni, kalayan pitulunganipun Sang Krêsna Arjuna, wondene wana wau dunungipun wontên sacêlaking kadhaton Indraprasta, kadhatonipun Prabu Yudhisthira.[7]

Bab gugon tuhonipun tiyang Surakarta dhatêng wana Krêndhawahana, punika sampun kêsêbut ing sêrat Saridin.[8]

Kadhatonipun Bathari Durga ing Krêndhawahana, malah Batharinipun Durga piyambak, sakalihan ingkang raka Srinilakantha = Bathara Guru, anggènipun kêpanggih sampun sawatawis dangu,[9] nanging dumugi sapriki, sasumêrêp kula dèrèng wontên ingkang amratelakakên bilih candhi ingkang pinanggih kala taun 1917, wontên sapinggiring lèpèn enggal, sawetan sêtatsiyun ing Balapan, Surakarta punika kadhatonipun Bathari Durga, kados ingkang kêsêbut ing sêrat Saridin wau.

Kula piyambak sampun dangu anggèn kula badhe amratelakakên bab punika, ing têmbung Walandi, ananging dèrèng kobêr-kobêr.

Anggènipun kadhaton Surakarta dumunung sacêlaking wana Krêndhawahana, utawi sawangsulipun wana ingkang cêlak karaton Jawi dipun namakakên Krêndhawawana, punika kintên kula, para ingkang ayasa nagari Surakarta kala rumiyin, sami kagungan pamuji, kadhaton enggal punika angsala sawabipun kadhaton ing Indraprasta, kadhatonipun para Pandhawa.

Wasana lêrês lêpatipun atur kula ing nginggil punika, kula borongakên dhatêng para sastrawan ingkang sagêd nimbang bab ing nginggil punika.

Weltevreden, September 1926.

Purbacaraka.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi: ăngka: 8, kaca: 134)

Tiyang sae punika ngaosi sangêt dhatêng tiyang ingkang sêpuh. Ananging manawi tiyang awon, tiyang sêpuh-sêpuh malah dipun cêcampahi. Tiyang awon punika damêlipun ngupadosi awonipun tiyang sanès, dipun kalêmpakakên, dipun angge isèn-isèning rêraosan, botên kados lampahipun tiyang ingkang sumêrêp dhatêng tatakrama. Tiyang sae punika manawi dipun awon-awon dhatêng tiyang urakan, mêksa botên purun malês, gêntos angawon-awon, sabab sumêrêp, bilih angawon-awon punika, sanajan anama malês, mêksa kasêbut awon. Tiyang awon punika, manawi mastani dhatêng tiyang

--- 153 ---

ingkang sae, inggih awon. Sumăngga kagaliha, punapa ing ngarcapada wontên lêlampahan ingkang nyalênèhipun ngungkuli punika. Tiyang ingkang ambaèkakên dhatêng dewa kemawon sami nyêrtu dhatêng tiyang ingkang cidra ing ubaya. Punapa malih tiyang ingkang pancèn dhasar mursid. Tiyang ingkang botên purun ngakên anak dhatêng anakipun, anggènipun ngukir-ukir piyambak, amêtha badanipun, punika badhe botên manggih wilujêng wontên ing ngarcapada dumugi ing dêlahan. Wontên ucap-ucapanipun tiyang sêpuh-sêpuh makatên: Anak jalêr punika amanjangakên têdhak, punika pancèn nyata. Pramila ngakên dhatêng anak jalêr punika dados kawajiban ingkang sakalangkung agêng. Sang Manu mêmulang makatên: Anadene anak lanang iku ana limang rupa, sapisan: kang lair saka ing bojo, ping pindho: kang saka pawèwèhing wong atuwane, ping têlu: kang olèhe sarana tuku, ping pat: bocah têmon kang awit dibuwang marang wong tuwane, ping lima: kang patutan saka saliyane bojo.

Anak jalêr punika anuntun dhatêng kamursidan, sarta murugakên kajèn keringan, tuwin dados marginipun tiyang angraosakên kabingahan sajati, punapa malih angêntas lêluhur saking salêbêting naraka. Dhuh gusti, ratu binathara, panuwun kawula, mugi panjênêngan dalêm sampun anyelaki putra dalêm, ingkang badhe dados pangauban dalêm ing bab kamursidan tuwin kasaenan, mugi panjênêngan dalêm sampun nyidrani putra dalêm, ingkang mijil saking tatimbangan dalêm, ingkang manggèn wontên ing griyaning bapakipun.

Gusti, tiyang adamêl balumbang satunggal, ingkang murakabi dhatêng tiyang kathah punika, saenipun angungkuli adamêl sumur satus. Damêl balumbang satus, kawon kalihan atur pêpuja sapisan. Atur pêpuja kaping satus, kaungkulan dening anak jalêr satunggal. Anak jalêr satus kawon kalihan kasunyatan. Bujana aswameda kaping sèwu, manawi dipun traju kalihan kasunyatan, tamtu anjomplang, kawon awrat. Anggilut suraosipun sakathahing wedha, sarta jiyarah dhatêng panggenan ingkang suci-suci, kautamènipun botên anyundhul kasunyatan, gusti. Botên wontên darma ingkang anyamèni kasunyatan. Cêkakipun, ing tribawana botên wontên kautamèn ingkang ngungkuli kasunyatan. Kosokwangsulipun, botên wontên ingkang awonipun angungkuli cidra.

Dhuh mahaprabu, kasunyatan punika inggil-inggiling brama. Kasunyatan punika inggil-inggiling samaya (ujar).

Dhuh mahaprabu, pangajêng-ajêng kawula, mugi-mugi panjênêngan dalêm sampun dhumawah ing cidra, mugi panjênêngan dalêm tinênggaa ing kasunyatan. Ewasamantên, gusti, manawi panjênêngan dalêm mêksa ngrakêti dhatêng cidra, sarta kêkah anyelaki badan kawula, kawula inggih badhe kesah saking ngarsa dalêm, botên sarana kapêksa. Punapa ta saenipun, tiyang kêmpal [kêmpa ...]

--- 154 ---

[... l] kalihan tiyang ingkang angrungkêbi cidra, ananging mugi kawuningana, gusti, anak kawula punika, ing sasurud dalêm badhe dados pangayomanipun tiyang-tiyang ingkang kawêngku dening Hyang Girinata, sarta ingkang kinubêng ing samodra.

Dèwi Sakuntala, sasampunipun matur makatên, lajêng mundur saking ngarsanipun sang nata. Ing nalika punika lajêng wontên swara saking akasa, botên katingal ingkang gadhah swara, dhumawuh dhatêng Prabu Dusanta, ingkang sawêg pinarak, kaayap ing para ahli wedha, tuwin para mantri, para puruhita. Makatên ujaring swara: He Dusanta, mungguh biyung iku mung cêngkorongan bae, dene wujud kang satêmêne iku iya anak lanang kang mijil saka ing bapa: mulane, Prabu Dusanta, anakira iku sira pilalaa, mangkono uga, Si Sakuntala aja sira siya-siya. Anak lanang kang dadine saka wijinira, iku angêntasi rasa kapangawasane sang maya. Sira dhewe kang nyèlèh anakira ana ing guwa garbane biyunge. Tuture Sakuntala iku mau têmên kabèh. Wong kang duwe anak lanang iku ngrangkêpi awake, duwe nyawa loro. Mulane sira milalaa anakira, sabab iku awakira dhewe, kang mijil saka Si Sakuntala. Wong urip iku aran kalêbu ing naraka, yèn nganti anyelaki anake lanang. Mulane anakira, kang pinunjul ing atma iku, sira rêksaa. Lan maninge sarèhne sira wajib rumêksa, kang krana asmaningsun, anakira sira jênêngna: Barata.

Prabu Dusanta, sarêng mirêng ujaring swara wau lajêng angandika akanthi lêjaring galih dhatêng para mantri sarta puruhita ingkang sami sumewa, makatên pangandikanipun: Sira kang padha ana ing ngarsaningsun, padha anggatèkna pangandikaning utusane Hyang Wisesa kang padha sira rungu mau. Mungguh ingsun dhewe satêmêne wus priksa, yèn iku anak ingsun, ananging saupama age-age banjur ingsun akua bae, ingsun kuwatir, bokmanawa kawulaningsun padha angandhut sănggarunggi, anak ingsun didakwa sing ora-ora. (Taksih wontên sambêtipun).

[Iklan]

--- [0] ---

Rancangan Pratelaning Lampah-lampahipun Pasarasehan (konggrès) Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Tumrap Kawruh Basa, Tanah Tuwin Têtiyang Bumi Ing Jawi Wetan Saha Madura, Ingkang Badhe Dipun Wontênakên Wiwit Ing Surya Kaping 23 Dumugi Kaping 26 Sèptèmbêr 1926.

Kêmis, surya kaping 23 Sèptèmbêr 1926

Jam 9 sontên. Pambagyanipun pangarsaning komite panampi tamu, Tuwan G.J. Dijkerman Bêrgêmistêr Surabaya.

Sêsorahipun tuwan Mr.J. Kunst bab găngsa Jawi.

Jumuwah surya kaping 24 Sèptèmbêr 1926

Jam 9 enjing. Pangarsanipun Yapha Insêtitut, Tuwan Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat, ambikak pasarasehan.

Sêsorahipun Radèn Sasradanukusuma, Abdul Asis tuwin Radèn Rahmat Suryakusuma bab tanah Madura dalah têtiyangipun bumi. Tuwan J.S. Brandt Buys bab gêndhing Madura, saha Dhoktêr Radèn Suwarna bab kawruh angusadani tiyang sakit cara Jawi.

Jam 5 sontên. Pambikakipun tèntunsêtèlêng kagunan kriya Jawi tuwin mirsani samukawis ingkang kapitontonakên ing ngriku. Lajêng sêsorahipun Tuwan Ir.H. Maclaine Pont bab Majapait.

Jam 9 1/2 sontên dumugi antawisipun jam 12 dalu.

Pasamuwan Langêndriya saking Surakarta.

Z.O.Z.

--- [0] ---

Saptu surya kaping 25 Sèptèmbêr 1926.

Jam 7 enjing. Darmawisata (excursie) dhatêng Majapait, ingkang dados pangajêngipun Tuwan Ir.H. Maclaine Pont. Mirsani musium ing Majakêrta, dipun pangajêngi dening tuwan Dr.F.D.K. Bosch. Ing pandhapi Kabupatèn Majakêrta badhe dipun wontêni pasamuwan ringgit kalithik.

Jam 5 1/2 sontên. Pambikakipun pêkên taunan (jaarmarkt) saha mirsani pêkên wau. Ing ngriku badhe dipun wontêni pasamuwan topèng saking Jawi Wetan tuwin Jawi Têngah.

Jam 7 dumugi jam 9 sontên. Sêsorah bab andon lêlayaran mawi baita ing tanah Jawi Wetan saha Madura ing jaman kina tuwin sapunika, dening tuwan Prof.Dr.B. Schrieke sarta bab kagunan adiluhung ing Jawi Wetan, dening tuwan Dr.W.F. Stutterheim.

Ngahad surya kaping 26 Sèptèmbêr 1926.

Jam 6 1/2 enjing. Darmawisata (excursie) ing Supitan Madura, mirsani baita-baita saking Jawi Wetan tuwin Madura. Wiwitipun balapan baita.

Darmawisata dhatêng Bangkalan, mirsani karapan ingkang kawontênakên sabên taun.

Sangking Bangkalan wangsul dhatêng Supitan Madura malih mirsani karampunganipun balapan baita.

Jam 6 sontên. Mirsani baita-baita ingkang kakêmpalakên ing Supitan Madura sarta ingkang rinêngga-rêngga mawi dilah sèwu.

Jam 9 sontên. Panutuping pasarasehan (konggrès). Pasamuwan ringgit tiyang saking Ngayogyakarta.

--- 155 ---


7. (kembali)
7.
§ Ing Surakarta botên dipun wontêni kringipun Yapa Insêtitut kados ing Ngayogyakarta, namung dipun wontênakên komite ngalêmpakakên pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ugi gadhah ancas ngajêngakên kabudayan Jawi kados Yapa Insêtitut, warganipun pakêmpalan: Mardiguna, Budi Utama, Radyapustaka, Mardibasa, sarta P.G.H.B. pang Surakarta. (kembali)
§ Ing Surakarta botên dipun wontêni kringipun Yapa Insêtitut kados ing Ngayogyakarta, namung dipun wontênakên komite ngalêmpakakên pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ugi gadhah ancas ngajêngakên kabudayan Jawi kados Yapa Insêtitut, warganipun pakêmpalan: Mardiguna, Budi Utama, Radyapustaka, Mardibasa, sarta P.G.H.B. pang Surakarta.
manggènipun. (kembali)
manggènipun.
panjangipun. (kembali)
panjangipun.
sumêrêp. (kembali)
sumêrêp.
§ Wontên Basa Mlayu toréh têgêsipun mèmpêr: torèh (dhialèk Sukawati). Red. (kembali)
§ Wontên Basa Mlayu toréh têgêsipun mèmpêr: torèh (dhialèk Sukawati). Red.
§ zie Oud. Jav. Adiparwa blz 206 enz. (kembali)
§ zie Oud. Jav. Adiparwa blz 206 enz.
§ Javaanshe Samenspraken (Winter) 5e druk blz. 2-3. (kembali)
§ Javaanshe Samenspraken (Winter) 5e druk blz. 2-3.
§ zie Oudheidk. Verslag 1917p. 3,42, voor-al p. 74. (kembali)
§ zie Oudheidk. Verslag 1917p. 3,42, voor-al p. 74.