Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-10, #346

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-10, #346. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-10, #346. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 10. Oktobêr 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Wangsulan saking Kusumatmaja, Katur Sadhèrèk Sutakrama

Wiyosipun, kula sampun maos paring panjênêngan, urun rêmbag.

Ingkang dados jêjêring rêmbag, bab ukara: kondur dalêm kangjêng saking karaton, punika sagêd dhumawah ing lêrês, punapa botên.

Bab ukara: mundur dalêm kangjêng saking karaton, punika kula botên sêmang-sêmang, sampun kula pratelakakên ing pungkasaning atur kula, sarta botên dados jêjêring rêmbag. Namung têgêsipun sagêd gèsèh kalihan kondur dalêm kangjêng saking karaton.

Mundur punika sahipun saking karaton. Dumuginipun ing dalêm kawastanan rawuh. Rawuhipun ing dalêm inggih kawastanan kondur.

Kondur, ngokonipun mulih.

Mundur, ngokonipun punapa botên mulih. Botên tamtu. Upaminipun makatên: mundur saking karaton, botên mawi kondur, lajêng tindak dhatêng Nglawiyan.

Mundur saking karaton jam sawêlas, botên mawi kampir ing dalêm, lajêng tindak dhatêng Nglawiyan. Rawuhipun ing dalêm jam kalih.

Sapunika wangsul malih bab ingkang dados jêjêring rêmbag:

Kondur dalêm kangjêng saking ing karaton.

Nitik ungêl-ungêlan ing Urapsari, têtela yèn ing Surakarta botên kirang ingkang ngandika utawi wicantên makatên. Namung sawêdalipun Urapsari sêmunipun lajêng sami [sa ...]

--- 156 ---

[... mi] ajrih nglangkahi, kuwatos manawi dipun tudingi ing batos, kawastanan pados pêndhok.

Wontên ingkang pitakèn makatên: kondur dalêm kangjêng saking karaton, adatipun jam pintên. (Punika ingkang dipun takèkakên, kajêngipun, rawuhipun ing dalêm).

Wangsulan: manawi mundur dalêm saking karaton, adat sabên jam satunggal. Yèn lajêng kondur, jam satunggal langkung kalih dasa mênut, inggih sampun rawuh ing dalêm. Namung manawi wontên prakawis ingkang prêlu, tarkadhang jam kalih sawêg mundur saking karaton.

Sapunika kula kêpengin sumêrêp, kadospundi anggèn panjênêngan nglêpatakên:

Kondur dalêm kangjêng saking ing karaton.

Rawuh dalêm kangjêng saking ing karaton.

Punapa namung cêkap, kula panjênêngan wastani: pados pêndhok, kemawon. Utawi: dèrèng patos lêbêt raosipun dhatêng ukara Jawi.

Bab pangikêt kula ukara, panjênêngan têtêpakên dados titikanipun anggèn kula: dèrèng patos matêng saèstu dhatêng raosipun ukara Jawi, kula namung nyumanggakakên, anamung punika dede lajêring rêmbag, manawi kula mastani bab benjoning tigan, pangraos kula, botên prêlu kula sagêd nigan ingkang botên benjo.

Cêkap manawi kula sagêd anggênahakên, punapaa kula wastani benjo, sarta kadospundi ingkang botên benjo.

Wondene pangandika panjênêngan: namung saking awor sarta pisahipun ingkang kacariyosakên, kalihan ingkang nyariyosakên, punika pancèn kasinggihan sangêt. Ukara ingkang dados rêmbag punika inggih kabêkta saking prakawis punika.

Urapsari anggènipun nglêpatakên dhatêng ungêl-ungêlan, kondur dalêm kangjêng saking karaton, mawi pêpagêr têtêmbungan: pados pêndhok, wong agung sujana, wong agung angkara. Sapunika wêwah: gawat, botên gampil. Prakawis ingkang gawat, prayogi dipun rêmbag, dipun udi, murih sagêdipun padhang, lajêng suda gawatipun, suda angèlipun.

Prakawis sanès-sanèsipun, benjing karêmbag malih.

Kusumatmaja.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 9)

Prabu Dusanta angluwari duka cipta, krana utusanipun Hyang Wisesa sampun angrêsikakên putranipun saking panyakrabawa, lajêng adamêl bujana miturut caraning pranatan suci. Putranipun [Putra ...]

--- 157 ---

[... nipun] dipun arasi mustakanipun awanti-wanti, sarta kinêkêp-kêkêp, jalaran kasok sihipun. Para brahmana sami amêmuja sarta sêsanti, amujèkakên sang nata. Para êmpu asurak-surak mawurahan, angluhurkên panjênênganipun, sang nata angraosakên kanikmataning panguswa dhatêng putra, ingkang mijil saking gênging trêsna.

Sang prabu lajêng mandêng dhatêng Dèwi Sakuntala sêmu mêmalad sih, tumuntên ngandika manuhara: He Sakuntala, patêmon ingsun lawan sira ora ana janma kang wêruh, mulane ingsun bangêt kawêkèn, ênggon ingsun arsa anggêlarake rêsikira, sabab ingsun kuwatir, bokmanawa wong-wong duwe panyana-nyana, yèn anak ingsun iku dadine mung kagawa saka nuruti ardaning hawa. Yèn nganti kalakon mangkono, dèwi, kang mêsthi wong-wong banjur padha mamang ênggone nganggêp, yèn iku putraningsun têmênan, kang pantês gumanti jumênêng nata. Mungguh wêtuning ujarira, kang kagawa saka mubaling păncadriya, kang tumiba marang sariraningsun, ingsun ngapura kalawan têrusing galih, sabab sira têmên woding galih ingsun.

Sang prabu sarêng sampun ngandika makatên dhatêng Dèwi Sakuntala, lajêng angonyohi sariranipun sang dèwi, mawi burat arum. Lajêng kaparingan dhahar sarta ngunjuk, andadosakên sêgêr sumyahing sariranipun, tumuntên putranipun kaparingan nama Sang Barata, sarta kajunjung kajumênêngakên Prabu Anom, ginadhang-gadhang anggêntosi kaprabon.

Ing pawingkingipun, sarêng sampun jumênêng nata, angêrèhakên samining nata tanpa wicalan. Anggènipun angasta puraning[1] praja kanthi kadarman, andadosakên misuwuripun ing tribawana. Botên wontên sisihanipun ing jagad têtiga.

II. Drona

Sarêng para putranipun Pandhu sarta para Kurawa sampun sami rumaja putra, anuju satunggaling dintên sami dolanan undhi wontên ing ara-ara, ing ngriku undhinipun dhawah ing salêbêting sumur kawak, sadaya sami kawêkèn anggènipun badhe mêndhêt undhi wau. Dipun reka-reka mêksa botên sagêd, têmah sami sungkawa, badhe katilar, wasana lajêng sumêrêp brahmana sêpuh tur kêra, warninipun cêmêng akusi, mêntas nungku puja. Anggènipun linggih botên têbih kalihan sumur wau. Para rajaputra sami murugi, anêdha pitulung ngêrahakên undhinipun. Sang brahmana mèsêm sumêrêp anggènipun para rajaputra sami kêtingal judhêg, lajêng wicantên: He, para rajaputra, aku kok gumun wêruh ênggonmu padha kawêkèn, kowe rak padha trahing Sang Barata, ta, mêngkono bae kok ora bisa, bok sing rada prawira sathithik, kok ngilang-ilangake kapunjulaning laluhurmu. Prakara gampang mangkono bae kok kogawe angèl. Yèn kowe [ko ...]

--- 158 ---

[... we] saguh awèh pangan marang aku kanggo ing dina iki, undhimu iya tak jupukake saka sajroning sumur iku. Karo manèh kowe bakal padha dak pamèri kagunanku. Ali-ali sing tak anggo iki arêp dak cêmplungake ing sumur kono, nuli arêp dak jupuk nganggo piranti rèmèh-remehan bae, pirantine mung sukêt dondoman.

Sasampunipun wicantên makatên, sêsupe ingkang kaangge dipun lolos, kabucal dhatêng salêbêting sumur.

Yudhisthira lajêng wicantên: O, sang brahmana, manawi sampeyan anuhoni pangandika sampeyan punika, sampun ingkang dhahar sampeyan sadintên punika, sanajan dhahar sampeyan ing salaminipun gêsang, saèstu kula caosi, sarta malih sampeyan badhe kula pundhi-pundhi ing salami-laminipun, kula saosi punapa ing sapamundhut sampeyan.

Sang brahmana lajêng ambêdholi rumput kalihan mèsêm-mèsêm angsal satêkêm, tumuntên wicantên dhatêng para putra wau makatên: Mara padha awasna, sukêt iki tak mantrani, masthi kadunungan ing kaluwihan angungkuli sakèhing gêgaman. Mara dêlêngên tak tujokne.

Rumput wau lajêng kapêndhêt saêlêr, dipun talorongakên dhatêng undhi ingkang wontên ing salêbêting sumur, kenging sarta tumancêb. Nuntên mêndhêt rumput saêlêr malih katlorongakên dhatêng bongkoting rumput ingkang tumancêb ing undhi wau, inggih kenging malih, makatên salajêngipun, ngantos rumput wau arèntèng-rèntèng kados rante dumugi ing lambening sumur, rumput ingkang acongat-congat wontên ing nginggil piyambak lajêng kacandhak dhatêng sang brahmana, kadudut minggah, undhinipun katut, katampèkakên dhatêng para putra wau.

Para putra sangêt anggènipun kagawokan, lajêng sami ngudi badhe sumêrêp, kadospundi pamêndhêtipun sêsupe. Aturipun makatên: Sang brahmana, sakalangkung gumun kula, dene sang brahmana kagungan kalangkungan ingkang samantên, măngka punika dèrèng sapintêna ingkang kagêlarakên, coba sapunika kula aturi ngêntasakên sêsupe ingkang kabucal punika wau.

Sang brahmana lajêng anyandhak gandhewanipun ingkang sumèlèh ing sacêlakipun, sarta mêndhêt jêmparing satunggal saking ing endhong. Jêmparing kalêpasakên dhatêng salêbêting sumur, botên dangu wangsul dhatêng astanipun sang brahmana, pucukipun kêkanthilan ing sêsupe ingkang kabucal, sêsupe kapêndhêt, katêdahakên dhatêng para putra wau. Sangsaya sangêt gumunipun. Sadaya sami pitakèn: Sang brahmana, kalilana kula nyuwun sumêrêp, sintên asma sampeyan, sarta saking pundi pinăngka sampeyan. Sang brahmana amangsuli: Yèn kowe kapengin wêruh marang jênêngku sarta pinangkaku, takona marang Bisma. Kandhakna sing mêntas kodêlêng iki mau, sarta kandhakna kawujudanaku.

Para rajaputra tumuntên sami enggal-enggal marak dhatêng Sang Bisma, ngaturakên punapa ingkang [ing ...]

--- 159 ---

[... kang] mêntas kalampahan punika sarta nyuwun priksa namanipun sang brahmana wau. Sang Bisma lajêng priksa kemawon, yèn brahmana ingkang kaaturakên wau botên kenging botên amasthi Sang Drona. Sarèhning Sang Bisma pancèn ngupados guru ingkang badhe kapurih mulang dhatêng para putra wau, pramila enggal-enggal murugi Sang Drona. Sarêng sampun kapanggih lajêng dipun boyongi dhatêng kadhaton ing Ngastinapura. Sadumugining kadhaton, Drona dipun pitakèni Sang Bisma, kadospundi mulabukanipun, dene ngantos dumugi ing Ngastinapura. Drona inggih anjalèntrèhakên nalar-nalaripun, makatên: Nalika kula taksih alit, kula gadhah mitra tunggil guru anama Drupada. Anggèn kula kêmpal pintên-pintên taun sami sih-sinihan. Ing ngriku sok kawêdal wicantênipun makatên dhatêng kula: Besuk yèn aku wis dadi ratu, ana ing Pancala anggêntèni kangjêng rama, kowe tak ajak mukti ana ing kratonku, karatonku diêrèhake wong loro. Dadi aku karo kowe barêngan puruita, barêngan mukti, barêngan mulya.

Ing alami-lami kula lajêng sami papisahan, pun Drupada wangsul dhatêng nagarinipun, kula kantun wontên ing nagari kula piyambak, ewadene wicantênipun pun Drupada ingkang makatên wau kula botên kasupèn-kasupèn. Kula lajêng rabi sarta gadhah anak anama Aswatama, măngka kula punika mlarat sangêt, yèn anak kula mothah nêdha punapa-punapa, kula botên sagêd nyukani, manah kula saklangkung ribêng. Kula lajêng nêdya nungsung dhatêng nagarinipun mitra kula wau. Tumuntên kula mangkat saanak bojo dhatêng Pancala. Dumugi ing ngriku kula mirêng pawartos, bilih pun Drupada sampun dados ratu, anggêntosi bapakipun. Manah kula saklangkung bingah, rumaos yèn badhe luwar saking sangsara. Kula tumuntên malêbêt dhatêng kadhaton, amanggihi pun Drupada, patrap kula kadosdene nalika taksih puruita, pun Drupada ngêgungakên piangkuhipun, dupèh sampun dados ratu. Kula dipun singkang-singkang kadosdede[2] sagawon gudhigên. Criyosipun: anggènipun mamitran sampun dipun pêdhot lami. Wicantênipun makatên: Ratu kok mêmitran karo kere. Kasagahanipun dipun selaki babarpisan, kula namung dipun sukani sêkul sakêdhik, kalihan pondhokan namung sadalu. Kula botên bêtah manggèn ing ngrika, enggal-enggal kesah, kula sakalangkung wirang, raosing manah kula bêntèr kados dipun soki mawa bathok, angontog-ontog badhe malês ukum dhatêng pun Drupada. Botên kêjamak-jamak anggènipun sumangkehan. Pramila kula lajêng mriki, sumêdya mêmulang, bokmanawi wontên tiyang ingkang badhe lumêbêt dados murid kula. Lah punika lêlampahan kula, pramila kula kalunta-lunta ngantos dumugi ing ngriki. Sapunika kula namung nyumanggakakên [nyu ...]

--- 160 ---

[... manggakakên] badan kula, kadospundi pamrayogi sampeyan.

Bisma amangsuli: Sang brahmana, pamrayogi kula makatên, sampeyan manggèna ing ngriki kemawon, sabên dintên amênthanga langkap, amuruki ulah dêdamêl dhatêng putu-putu kula punika. Sampeyan ulig ingkang ngantos pintêr sayêktos. Sadaya ing sagadhah-gadhahan kula ing kadhaton ngriki inggih dadosa gadhahan sampeyan. Sangêt ing bingah kula, dene sampeyan dhatêng ing Ngastinapura ngriki.

Sarêng Drona sampun lêrêm, anuju ing satunggaling dintên para putra wau lajêng dipun undangi, kapurih ngabêkti dhatêng piyambakipun, sarta katêdha prasêtyanipun, benjing yèn sampun widagda, puruna nglampahi pakènipun ingkang sapunika taksih dèrèng kawêdharakên. Para putra sami kèndêl anjêjêp kemawon, botên wontên ingkang purun nginggihi, namung Arjuna ingkang sagah akanthi prasêtya, sagah badhe anglampahi punapa ingkang badhe kadhawuhakên dhatêng Drona. Drona sangêt bingahipun, Arjuna dipun rangkul sarta dipun kêkêp-kêkêp, Drona saking bingahipun ngantos mêdal luhipun acarocosan.

Kajawi para Pandhawa sarta para Kurawa inggih wontên putra raja sanès-sanèsipun ingkang maguru dhatêng Drona, Sang Karna inggih lumêbêt dados murid. Wondene Karna punika putranipun Dèwi Kunthi nalika taksih prawan, patutan saking Bathara Surya. Sarêng sawêg lair lajêng kabucal, kapupu dhatêng tukang nglampahakên kareta anama: Adirata, dipun opèni kalihan semahipun Adirata wau anama: Rada. Mila Sang Karna nalika taksih ênèm, inggih kasêbut Bambang Radeya.

Karna wau ing manah sakalangkung bêntèr aningali Arjuna, pramila pangudinipun dhatêng ulah dêdamêl sakalangkung mêmpêng, kêdah-kêdah angungkuli Arjuna ing bab wasising anjêmparing. Wondene yèn kakêmpalan sami murid, amilih kêmpal băngsa Kurawa, botên milih băngsa Pandhawa.

Arjuna anggènipun anggêgulang anjêmparing inggih botên kèndêl-kèndêl, pramila kasagêdanipun angungkuli sadaya kănca-kancanipun sami murid.

Anuju satunggaling dintên wanci sontên, sarêng Arjuna panuju nêdha, dilahipun pêjah, ewasamantên anggènipun nêdha dipun lajêngakên kemawon, ing ngriku anggraita, bilih puruging puluk sagêd dumugi cangkêm, botên kalintu mrika-mrika. Pramila lajêng gadhah pamanah: samukawis punika yèn dipun kulinakakên, inggih sagêd tumindak, dalah anjêmparing ing wanci dalu pêtêngan, yèn dipun kulinakakên inggih badhe tumindak, makatên pamanahipun Arjuna. Pramila anggènipun anggêgulang anjêmparing lajêng rintên dalu. Anuju satunggaling dalu Drona mirêng swaraning kênthêng thar-thêr lajêng mêdal saking ing griya, sumêrêp yèn Arjuna ingkang taksih [ta ...]

--- 161 ---

[... ksih] anggêgulang anjêmparing, tumuntên karangkul, wicantênipun: Putuku, ênggèr, kowe kok tabêri têmên, yèn mêngkono katabêrènmu, olèhku muruki kowe iya bakal angungkuli sing uwis-uwis, kowe bakal dak gawe punjul ing sabumi, ora ana kang bisa ngungkuli kowe ing bab manah.

Wiwit nalika samantên, Drona anggènipun mulang dhatêng Arjuna sangsaya dipun tabêrèni.

III. Ekalaya

Ing satunggaling dintên wontên putra raja anama Ekalaya badhe lumêbêt dados muridipun Drona. Ananging sarèhning bapakipun namung ratu alit kemawon, panêmbungipun badhe mlêbêt dados murid botên dipun tampèni. Kalihan malih Drona ragi kuwatos, bokmanawi ing wingking kasagêdanipun anjêmparing angungkuli para Pandhawa utawi para Kurawa. Ekalaya sangêt cuwa manahipun, dene katampik, ewasamantên saking kêncênging manahipun, lajêng lumêbêt ing wana, wontên ing ngriku adamêl papêthanipun Drona, ingkang kadamêl lêmpung. Sarêng sampun dados, Ekalaya sujud wontên ing ngajênging papêthan wau, ing batos kaanggêp sujud wontên ing ngajênging Drona, nuntên wiwit anggêgulang anjêmparing. Sakalangkung bantêr anggènipun anggêgulang, wasana kadumugèn niyatipun, kawasisanipun anjêmparing angungkuli sasamining tumitah.

Anuju satunggaling dintên para putra ing Astinapura sami ambêbujêng dhatêng wana, ing ngriku wontên sagawonipun satunggal kasasar-sasar ngantos dumugi ing satêngahing wana, kapanggih kalihan tiyang warninipun cêmêng, badanipun akulu-kulu gupak êndhut, rambutipun klabangan, panganggenipun sarwa cêmêng. Sagawon jêgog anggantêr. Ekalaya anglêpasakên jêmparing rikatipun angedab-edabi. Sagawon dèrèng ngantos mingkêm saking anggènipun jêgog, cangkêmipun sampun kalêbêtan ing jêmparing pitu. Panyipatipun Ekalaya namung dipun ênêrakên dhatêng prênahing swaraning jêgog kemawon, botên mawi sumêrêp dhatêng wujuding sagawon. Sagawon lajêng klèngkèngan wangsul murugi panggenaning bêndaranipun, cangkêmipun kados kasundukan ing jêmparing pitu. Para rajaputra sumêrêp sagawonipun makatên, sakalangkung eram, lajêng sami ngubrês salêbêting wana, ngupadosi tiyangipun ingkang anjêmparing wau, botên jalaran sagawonipun dipun pisakit, namung jalaran gumun dhatêng kagunanipun, sarta bêntèr manahipun, dene wontên tiyang ingkang ngungkul-ungkuli. Sarêng sampun kapanggih lajêng dipun pitakèni nama sarta pinangkanipun. Wangsulanipun: Kula punika putranipun raja ing Nisada, nama kula Ekalaya. Kula punika inggih muridipun Sang Drona, ngudi dhatêng punjuling ulah dêdamêl.

Para rajaputra lajêng sami wangsul dhatêng kraton, wontên ing ngriku sami matur dhatêng Drona

--- 162 ---

ing bab lêlampahanipun wontên ing wana. Arjuna mawi mular amêwahi atur makatên: Panêmbahan, rumiyin sampeyan ngandika, manawi kula badhe sampeyan damêl punjul ing sasami-sami ing bab ulah dêdamêl, ing wasana sapunika jêbul wontên murid sampeyan anama Ekalaya ingkang kagunanipun angungkuli kula. Punika kadospundi karsa sampeyan.

Ing sanalika punika Drona dhatêng wana kadhèrèkakên dhatêng Arjuna ngupadosi Ekalaya. Sarêng Ekalaya sumêrêp yèn dipun purugi dhatêng Drona, taksih têbih sampun mêndhak-mêndhak angurmati. Sarêng sampun cêlak lajêng sujud ing sukunipun, nuntên linggih amarikêlu angapurancang.

Drona wicantên: He satriya, yèn nyata têmên-têmên pangakumu guru marang aku, kowe ambayara patuwase ênggonku dadi gurumu.

Ekalaya mangsuli: Panêmbahan, punapa sapamundhutipun sang panêmbahan, sok ugi kula gadhah, tamtu kula caosakên, sadaya gêgadhahan kula katura ing ngarsanipun sang panêmbahan.

Drona mangsuli: Yèn gunêmmu iku têmên, mara aku anjaluk jêmpolmu têngên.

Ekalaya lajêng tumandang angêthok jêmpolipun ingkang têngên, tandangipun sarèh tur lêgawa, botên mawi anggrêsah botên katingal susah utawi gêla. Jêmpol sasampunipun uwal saking tangan lajêng kaulungakên dhatêng Drona. Sasampunipun makatên, sawêg sumêrêp manawi sirna kagunanipun anjêmparing. Namung Arjuna lêga manahipun.

IV. Anjêmparing pêksi

Pamulangipun Drona dhatêng para putra sampun angsal sawatawis laminipun, sampun sami katingal katrampilanipun, Bima sarta Duryodana sami pinunjul kasagêdanipun ulah gada. Aswatama, anakipun piyambak, sakalangkung-langkung kapintêranipun ulah sawarnining dêdamêl tuwin pangabaran, Nangkula sarta Sahadewa pinunjul kasagêdanipun ulah pêdhang. Yudhisthira pintêr sangêt anyêpêng lisipun raya.[3] Namung Arjuna angungkul-ungkuli sadaya kănca-kancanipun ing samukawis, kalantipan sarta kakuwatanipun angungkuli sadaya sadhèrèk sarta nak-dhèrèkipun, wontên ing paprangan punjul ing sasami-sami, bêktinipun dhatêng gurunipun inggih kalangkung-langkung. Yèn panuju numpak rata, kawawa ngawonakên mêngsah nêm lêksa. Para nak-dhèrèkipun sami bêntèr manahipun dhatêng Sang Arjuna wau.

Sarêng sampun putus anggènipun sami sinau, anuju satunggaling dintên sami kadadar kaprigêlanipun, sami dipun kalêmpakakên wontên ing palataran. Ragi têbih saking ngriku wontên uwit nagasari agêng satunggal, ing nginggiling uwit wau dipun sukani pêpindhaning pêksi

--- 163 ---

anglongok. Drona lajêng wicantên dhatêng para putra: Mara, gandhewamu padha cêkêlên, pênthangên, panahmu incêngên mênyang manukan kae, arahên êndhase. Mêngko yèn wis tak abani: cul, panahe uculna. Coba kowe Yudhisthira, uwis olèhmu ngincêng. Yudhisthira amangsuli: Sampun.

Mara awasna manukan sing ana ing pucaking uwit kae.

Inggih.

Apa sing katon, uwite, apa aku, apa sadulur-sadulurmu.

Ingkang katingal, uwitipun, sadhèrèk-sadhèrèk kula, sampeyan, tuwin pêksinipun.

Drona angambali anggènipun pitakèn wongsal-wangsul, namung wangsulanipun panggah kemawon, Drona kêju manahipun lajêng wicantên: Wis, ora kanggo kowe sumingkira. Măngsa bisaa kowe ngênakake manukan kae.

Drona lajêng nyobi para putra sanèsipun agêntos-gêntos, wangsulanipun inggih makatên sadaya. Namung sarêng dumugi Arjuna, wangsulanipun sanès, makatên: Ingkang katingal namung pêksinipun kemawon, sanèsipun botên katingal. Drona bingah sangêt, lajêng pitakèn malih: Yèn nyata kowe wêruh manuke, mara kandhakna kêpriye rupane. Arjuna mangsuli: Ingkang katingal namung sirahipun thok-thok. Drona kumêsar margi saking bingahipun, angraos yèn Arjuna sampun nyakot sangêt dhatêng piwulangipun, lajêng wicantên: Cul. Jêmparing lumêpas sumrapat kados kilat. Sanalika sêsirahing pêksi dhawah ing siti margi kacundhuk ing jêmparing. Arjuna lajêng kinêkêp-kêkêp dhatêng Drona, margi bingahipun botên kantênan, ing pangraos, satrunipun Prabu Drupada prasasat sampun katêkêm ing tanganipun. (Taksih wontên sambêtipun).

Tatacaranipun Tiyang Mantu ing Tanah Sukawati

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 9)

Na. Bok Surarêja: Ênggih, kula ênggih ajêng ngundang Nyai Dêrma, Bok Dipa, tiyang sêpah kathah pangrêtose.

Ha. Surarêja: Trunakarya.

Trunakarya: Kula, lurah, wontên dhawuh napa.

Ha. Kowe mênyanga omahe Si Kramarêja, Sutarêja, Rêjawikrama, Kramadipa, warahên mêngko bakda ngisa padha tak undang ana prêlune, kowe ambacuta mênyang Dayu kêtêmua Dhi Gunasabda, mêngko bakda ngisa tak arêp-arêp têkaa mrene.

Trunakarya: Inggih, napa sampun parêng mangkat.

Ha. Iya, nuli mangkata.

--- 164 ---

Sontênipun ingkang dipun undang sami dhatêng sadaya, Surarêja suka sumêrêp anggènipun badhe gadhah damêl mantu, dipun purih manah sapêrlunipun, wêkasaning wicantênipun Surarêja makatên: Besanku kuwe wong băndha-bandhu, lakine Si Samiyêm ora ketang mung sêga salèmpèr iya tak bancaki.

Botên dangu Gunasabda dhatêng.

Ha. Surarêja: Ngriki-ngriki linggih salu ngriki, Dhi Guna.

Na. Gunasabda: Ênggih kang lurah.

Ha. Anu: Dhi, kula êmpun angsal pilihan dintên, damêle Si Samiyêm niku benjing dintên Sênèn Kaliwon tanggal patbêlas wulan Rêjêb, samang criyos kangmas dêmang êmpun ngrujuki napa botên.

Na. Ênggih priyogi: kang lurah, kados êmpun kalêrêsan, manawi wulan Rêjêb sing sae pyambak inggih tanggal kawan wêlas niku.

Ha. Sokur ta, mupakat padha ngarani sae.

Ha. Dêmang Kêrtayuda: Lagi mingkêm bae lèhku ngrasani karo êmbokne thole, mak jêdhul kowe têka, rak ya padha slamêt bae ta: Gunasabda.

Na. Bok dêmang: Tênan ki: Na, mêntas tak rasani kok wis sawatara suwe ora kenjik-kenjik, mak bêdhêngus saiki têka.

Ca. Gunasabda: Ênggih-ênggih sami wilujêng mawon: mas dêmang, anu, sawêg mêrlokke ngênèni sabin, sêlak rêbatan kalih pêksi mawon: kok.

Ha. Priye sawahmu, kêmêton apa ora.

Ca. Magak, mas dêmang, kula kalilana matur, kula dikèngkèn Kang Surarêja, manawi mas dêmang ngrujuki, damêle putrane niku disuwun kêlampahane benjing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kawan wêlas wulan Rêjêb.

Ha. Tanggal patbêlas Rêjêb, aku iya rujuk: Na, măngsa bodhoa kowe, êmbokne, kowe krungu dhewe gawene anakmu mung kurang têlung sasi kêlakon, măngsa bodhoa: lo, karêpku sasrahane anaa jodhang sapuluh, jolène rolas, pikirên isine kang ganêp, aja nganti nguciwani.

Na. Iya-iya, wong wis dikarêpake wae kok.

Ha. Na: Besuk sing masrahake sasrahan iya kowe.

Ca. Ênggih priyogi: mas dêmang.

Sarêng têmpuking damêl kantun kirang sawulan, Surarêja lajêng nglêmpakakên sanak sadhèrèkipun ingkang cêlak, kalihan tăngga-tangganipun.

Ha. Surarêja: Kowe Kramarêja kang katêmpuh tuwa dhewe, kabèh-kabèh aku pasrah marang kowe, măngsa bodhoa, nèk bab omah wis ana, pawon, kanggo ênggon wedang iya wis ana, kang kurang rak gêmblangan, pagongan (panggenan găngsa).

--- 165 ---

Na. Kramarêja: Inggih namung gêmblangan mawon, tiyang gangsanipun namung: bonang agêng sarancak, bonang alit sarancak, slênthêm, saron, panithi, kênong satunggil, kêthuk, gong sêtunggil, kêmpul sêtunggil, kêndhang, damêla griya inggih alit-alitan mawon. Găngsa rak inggih ngangge gangsane pyambak mawon.

Ha. Iya, nèk panjak (niyaga) wis duwe dhewe, la, sindire sapa. Ta, sabisa-bisa miliha kang lagi mugal (= kombul, laris).

Na. Manawi pamirêng kula sindir sing sawêg mugal, Takêr ing Jagan.

Ha. Ya kuwe wae panjêrana, la badhude sapa.

Na. Sintên malih kajawi Jaingga ing Srawung, kalih Sarikrama Prampelan.

Ha. La iya padha panjêrana, kêjabane kuwe kowe mataha sapa sing kok kongkon marah (= ulêm-ulêm).

Na. Inggih, sampun kula manah, kula badhe matah tiyang sakawan.

Ha. Rèhne tanpa layang wêlingku sing cêtha: Lo, aja nganti klèru, e la aku kèlingan, Si Lêbdawicara Putatsèwu prasabênana, bakal tak pasrahi nampani sasrahan.

Na. Inggih.

Bok Surarêja: Kowe Biyang Soblah, Bok Dipa, Parêja, Trunasana, Patragala, Biyang Gambrèng, Suracêmpa, Patruna, Soblêm, wong sanga padha dak undang, lèhku duwe gawe wis kurang sapasar, kudu kothekan, kowe padha kothekana.

Sadaya sami saurpêksi, lajêng wiwit kothekan, sabên nuju kèndêl, sumyak-sumyak gumêr sami gêgujêngan, manahipun sênêng, anggènipun kothekan sontan-santun gêndhing.

Wondene gêndhing kothekan punika: Kutut Manggung, Ngudang Putu, Jaran Anjojrog, Lompong Kèli, Lêmpang, Tukar Maru, Pak Blènthu Nêgor Pring, Dhudha Anjaluk lawang, Banyakan Blandhong, Răndha Nênun, Onang-aning, Nginthil Ngalih, Cing-cing Nak, Kupu Tarung, Bluluk Jiblok, Macan Nubruk, Wayangan, Rujak Terong, Jaran Nylenthak, Arak-arakan, Wêdhus Pincang, Buta Mêtu, Sêntèk Suri, Asu Gandhèng, Dhêplok Lumpang, sapanunggilanipun.

Ha. Nyai Dêrma: Mas lurah, dintên Ngahat benjing êmbèn niku, rak êmpun wiwit nabuh: ta, dintên niki sampeyan kêdah sade dhawêt sapangaron, ontên nglatar, disade têng lare-lare, yatrane wingka krèwèng, supados kathah tamune kumruwêt kados dhawêt.

--- 166 ---

Na. Bok Surarêja: O ênggih, kula pasrah sampeyan mawon, bok, samang gawe dhawêt banjur sampeyan êdol, măngsa bodhoa kêlakone.

Ha. Ênggih.

Dintên Jumuwah tanggal kaping sawêlas Rêjêb, Surarêja pasang tarub, balungan dêling payon balarak, ingkang dipun tarubi tritising griya ngajêng.

Ing dintên wau gêbyog utawi gêdhèging griya wingking ingkang ngajêng kalihan gêdhèging griya ngajêng ingkang ngajêng sami kabikak, dados griya wingking kalihan griya ngajêng baladhahan tanpa singgêtan gêdhèg.

Dintên Sêtu Pon tanggal kaping kalih wêlas, Dêmang Kêrtayuda ngangkatakên sasrahan. Ingkang wontên ngajêng maesa jalêr kalih, singatipun dipun ênjêti, lajêng jolèn balungan dêling payon dêbog kalih wêlas iji, wangun griya joglo kalihan limasan, isi klapa, iyan, ilir sapanunggilanipun, kados ing salimrahing sasrahan, lajêng jodhang sadasa iji isi panggang bucu, jadah jênang, tape, wajik, rêngginang, lèmpèng, pondhoh, kumbu kalihan panganan warni-warni, dipun iringakên tiyang jalêr èstri kathah, wontên ingkang ambêkta sanjata gangsal utawi nêm, samargi-margi dipun ungêlakên gêgêntosan.

Dumugining Jatitêngah pangiring èstri anjujug ing griya wingking, pangiring jalêr wontên griya ngajêng, sasrahanipun katata ing latar, Gunasabda ingkang dados sêsêpuhing lampah linggih ajêng-ajêngan kalihan Lêbdawicara ingkang kapatah nampèni sasrahan.

Ha. Gunasabda: Amit-amit: inggih, ingkang sami pinarak salêbêting sawo sajawining tritis, kula aturi lêrêp saking sakêdhap, kula punika badhe nyêlak wicantên, dhatêng yayi ingkang gadhah griya, sêmrambah sanak prapat têpung ropoh sinambung larèn, punapa sampun dhatêng sadaya punapa dèrèng, rèhne kula nyaosakên tindak kula sapêcak, ambêkan kula sakêjotan, kringêt kula sausapan, paningal kula sacleretan, lampah lênggah kula kang kula tata, lênggah salu kumlasa sanginggilipun baturana, sangandhapipun payung agung, lampah kula sinilih raga sinambung lathi, dhapur kautus kang raka besan, kala rumiyin gadhah cancangan, galayangan tan kênaning pêdhot, nagra wora-wari bang, bêndhe mèdêm kang dados lampah kula, lir trênggiling: yayi, mulata ngiwa mulata nêngên, ningali sapadhaning trênggiling kok radi supe, gilap mandar ingkêng sami pinarak sanginggilipun baturana sangandhaping payung agung, sintên ingkang priyogi nampèni.

Na. Lêbdawicara: Inggih kula ingkang nampèni, dados pulang dhadha, cêngkahing baita kêrta [kêr ...]

--- 167 ---

[... ta] wêdana, kêrta ujare gajah, wêdana ujare srati, inggih kula kêng nyratèni lampahe kakang sadintên punika.

Ha. Ênggih ampun kagèt mawon: yayi, ningali lampahe raka jêngandika ambêkta bala jalêr sêtri sêpuh kalawan anèm, gêdêbêging manungsa, siriging kuda, gêpraking landheyan, suraking ngampo-ampo, kula wêstani utusan nama gandhèk mantri anèm, lampah kêng saprêkawis, badhe sumêrêp banjar pomahan lan salaprantine pun yayi, jangkêp kalih prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm, wêrni pêksi kêng madal êpang (= uwos) katura kalih pun yayi. Jangkêp tigang prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm, wêrni tunggul pulaya tracak waja, singat kancana êndhas bongkah mata kumala, ilat enthong kuping ilir gulu dandang wadhuk gênthong, wulu dom ginorèng, buntut dhandhang tinja malam (= maesa), katura kalih pun yayi. Jangkêp sêkawan prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, wêrni sawung sakêmbaran, katura kalih pun yayi. Jangkêp gangsal prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, wêrni bulus kura wawêdale saking dharatan (= klapa) katura kalih pun yayi. Jangkêp nêm prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, warni bêjimbaran-bêjumbaran, gogrog midêg rasa, juru silêm tega pati (= iyan ilir enthong irus sapanunggilanipun) katura kalih pun yayi. Jangkêp pitung prêkawis, nyaosakên pundhutan dalêm malih, ingkang katur yayi wontên pêngiring pun lêmbu pêthak, cacahipun sadasa gotongan, jlinggring sukunipun, gumandhul wadhukipun, anjêbèbèh laripun, mêcuthata tanpa suthang, mibêra tanpa êlar, pèni-pèni rajapèni banyak dhalang sawung galing, sampun kumrêbêt, sampun kumrincing, gêlar wênyah wontên pasamuan dalêm, corèng curiga tumbak bêdhil kacungan sanjata (= jolèn, jodhang saisinipun) wontên awisanipun, salêbêtipun pare wana wangsula dhatêng raka jêngandika, sajawinipun pare wana malang kajang sumăngga yayi.

Na. Lêbdawicara: Kula kêng nampèni lampahe si kakang kumêjot kumitir ngandhut maras kalawan botên, dene lampahe si kakang dumrojog tanpa larapan, tiyang sêdhusun ngriki gègère kados gabah diintêri, tiyang anggêntang tilar lêsung saalunipun, tiyang nêdhi tilar ajang sakokohipun, tiyang bêthak tilar dandang sapawonipun, lampahe si kakang kok botên ambucal sêrat saking sasuwir, botên utusan panakawan satunggil, si kakang sadintên punika kenging awisan, mêdal wetan kula pagêri, mêdal kidul kula ropohi, mêdal kilèn kula palangi, mêdal lèr kula borangi, mêdala nginggil kula [ku ...]

--- 168 ---

[... la] wêstani pêksi prêkutut, mêdala ngandhap kula wastani wrêjit orong-orong, mêdalipun kakang saking pundi.

Ha. Gunasabda: Pun yayi tanglêt raka jêngandika botên ambucal sêrat sêbab botên gadhah panyarik, botên utusan punakawan sêbab botên gadhah punakawan. Gadhah punakawan sêtunggil kula utus mêndhêt titihan sabuk janur kuda ulês napas, sănggawêdhi gitikan Tuban, kêndhali gitikan Majapait, apuspu[4] Rănggalawe, cumêthi kula si sada lanang, kula sêblakake tempong kiwa kliru tempong têngên, kula sêblakake tempong têngên kenging pok kuping, mumbul dêl silir-silir amor angin, andungkap wana Mêrganala, wana ujare alas, mêrga ujare dalan, lajêng kula gêdhêg madharanipun, kula cêpêng apusipun, anggêndring andungkap nêgari têpsir, sir kula mriki inggih dhatêng ngriki.

Na. Lêbdawicara: Inggih kakang, sadaya-sadaya sampun kula tampèni.

Dintên Ngahat Wage enjing ing griyanipun Surarêja, wiwit ngungêlakên găngsa, wiwit ing dintên wau dumugi panggihing pangantèn kathah tamu jalêr èstri, dhatêng sami nyumbang, wontên ingkang nyumbang arta, uwos, panganan warni jadah, wajik, opak, sapanunggilanipun. Amung manawi wontên ingkang nyumbang maesa utawi lêmbu ingkang nampèni takèn, maesa utawi lêmbu ingkang kasumbangakên punika sukunipun pincang punapa botên, manawi pincang suku ingkang wingking punapa ngajêng. Manawi wangsulanipun ingkang nyumbang sukunipun wingking, têgêsipun nêdha wangsul sampilipun ingkang wingking.

Manawi tamu ingkang dhatêng sadhèrèkipun ingkang awis kapanggih, lajêng sami rêrangkulan utawi sami nangis pating salênggruk, ketang trêsnaning sadhèrèk sampun dangu botên pinanggih.

Ing dintên Ngahat sontên pangantèn jalêr dhatêng, dipun iring sanak sadhèrèkipun, dipun wastani nyantri, pangantèn sapangiringipun lajêng kapapanakên dhatêng pondhokan.

Ing dintên wau Surarêja ngundang tiyang tukang damêl kêmbarmayang, pandamêlipun kapapanakên wontên ing griya ngajêng ingkang ragi kêpering.

Malêm dintên Sênèn jagongan midadarèni, tamunipun tiyang sêpuh-sêpuh, namung lêlinggihan kemawon, manawi wontên ingkang main, mainipun sêlikuran, wondene sêgahanipun, kajawi wedang panganan sêkul, ugi kasêgah candu, sanadyan tamu ingkang botên madati inggih kathah lajêng tumut sêretan.

Wanci têngah dalu ingkang gadhah damêl matah tiyang èstri satunggal, tiyang jalêr kalih, tiyang èstri wau anggendhong kadut nyangking payung, kapurih nêbus kêmbarmayang, lajêng murugi [muru ...]

--- 169 ---

[... gi] dhatêng palinggihanipun ingkang damêl kêmbarmayang.

Ha. Kengkenan èstri: Kakang kula takèn dika, ontên suwara grêmbyêng-grêmbyêng niki suwarane napa.@Na. Ingkang damêl kêmbarmayang: Suwarane tiyang ngadêgake pêkên.@Ha. Diarani pêkên pundi.@Na. Pêkên Purwadadi (pêkên Suradadi, utawi pêkên Logandhêng).@Ha. Sing disade napa.@Na. Sade kêmbang măncawarna.@Ha. Ditumbas napa angsal.@Na. Angsal mêlih.@Ha. Rêgine pintên.@Na. Rêgine sataksawe (suwang saprapat) ajêng kangge napa, ta.@Ha. Ajêng kangge dolanan anak kula, kula ênggih ajêng sataksawe, nanging samang têrake.

Na. Lah bok ênggih napaa, janjine disangoni gêndhing Kalaganjur.

Gangsanipun lajêng mungêl gêndhing Kalaganjur, kêmbarmayangipun kabêkta tiyang kalih, lampahipun têtayungan, lajêng kadèkèk sangajênging patanèn.

Wanci lingsir dalu tiyang èstri sêpuh-sêpuh, ingkang olah-olah wontên tiyang sakawan utawi gangsal, sami malêbêt griya wingking, nêdha mungêlipun gêndhing Cangklèk, lajêng sami ngadêk wontên sangajênging patanèn sêsarêngan anjogèt, dipun wastani bêdhudhukan, jogètipun ngalètèr pating kêthuwil sasagêd-sagêdipun piyambak, sasampunipun bêdhudhukan, lajêng nyêlaki pangantèn èstri dipun purih ngadêg, dipun payungi, payungipun dipun sawur-sawuri uwos.

Enjingipun pangantèn jalêr kalihan walinipun pangkat dhatêng pangulon utawi kanaipan, dipun wastani munggah haji, kairing tiyang kathah, pangantènipun numpak kapal katuntun tiyang, panganggening pangantèn: ngangge sinjang sawitan, kulambi cêmêng, udhêngipun katumpangan kacu abrit kalêmpit panjang, lajêng dipun tumpangi tudhung pacul gowang, anggembol kacu, dhuwungipun mawi gombyok sêkar katès, mawi kairing waos satunggal, godhi dipun dèkèki pantun kalihan janur, wondene ingkang malèni, pundhakipun dipun sampiri sinjang lurik.

Wanci ngasar pangantèn dipun panggihakên, pangantèn jalêr mangangge sinjang sawitan, kupingipun mawi sumping janur, tanpa kulambi, pupuran borehan atal, ngangge rimong kacu abrit, dhuwungipun mawi gombyok sêkar katès. Pangantèn èstri mangangge: pupuran borèh atal, gêlungipun malang mawi ganjêl pupus pisang, sêkaripun sêkar katès, ngangge jamang, kalung, gêlang, slepe, kêmbênipun sêkar papasan [pa ...]

--- 170 ---

[... pasan] matêng, sinjangipun lurik abrit. Anggènipun manggihakên wontên tarub ngajêng griya, lajêng kalêbêtakên dhatêng griya wingking kalinggihakên jèjèr sangajênging patanèn, lajêng dhêngkulan, dhêngkulan makatên ujung-ujungan, pangantèn ujung dhatêng ingkang kaprênah sêpuh, ingkang dipun ujungi sami nyukani arta, sasampunipun dhêngkulan sadaya tamu sami bibaran.

Pangantèn jalêr èstri lajêng dhatêng pundhèn, ngubêngi pundhèn wongsal-wangsul, sarta dhatêng kêbon nanêm pisang utawi cikal, lajêng cucul pangangge sami adus.

Kacariyos talèdhèk nama Takêr ing Jagan, sasampunipun nampèni panjêr, lajêng suka sumêrêp dhatêng gondhal-gondhalipun (rêmênanipun) bilih benjing tanggal kaping kawan wêlas badhe katanggap dhatêng Jatitêngah, ing dintên wau gondhalipun sami dhatêng, sadaya wontên tiyang gangsal wêlas utawi langkung, sarêng pêthukanipun kapal sampun dhatêng, Takêr mangkat numpak kapal, ambêkta rencang unthulipun (ajaranipun) dipun iringakên gondhalipun sadaya.

Malêmipun Salasa Lêgi ing griyanipun Surarêja, mawi pasamuan malih, tamunipun namung tiyang nem-neman kemawon.

Wanci jam satêngah pitu sontên sadèrèngipun dandan, talèdhèk Takêr mêdal dhatêng nglatar manggihi gondhalipun sadaya, sami dipun sukani kinang kalihan sês.

Watawis wanci jam sanga, badhud kalih wiwit dandan, udhêng-udhêngan cara badhud, brêngosan angus mawi lisah, manawi badhudan makatên gangsanipun mungêl gêndhing Ladrang Bonggrèk. (Taksih wontên sambêtipun)

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


pusaraning. (kembali)
kadosdene. (kembali)
rata. (kembali)
apusipun. (kembali)