Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-11, #347

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-11, #347. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-11, #347. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 11, Nophèmbêr 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda. Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 11.

1. Marcapada - Ngarcapada, 2. Tatacaranipun tiyang mantu ing tanah Sukawati. 3. Mahabarata.

[Iklan]

--- 171 ---

Ăngka: 11, Nopèmbêr 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda. Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden. Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30.

Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Marcapada - Ngarcapada

Ing Pusaka Jawi ăngka 9 taun 5, wontên ungêl-ungêlan ingkang adamêl judhêgipun sadhèrèk Kusumatmaja, dene wontên ingkang nglêpatakên anggènipun mardèni, inggih punika ungêl-ungêlan:

Ing marcapada punapa ing ngarcapada.

Sanajan sadhèrèk Kusumatmaja sampun kagungan panêdha dhatêng ingkang nglêpatakên ungêl-ungêlan: ing ngarcapada, supados karsaa suka katrangan, ewadene kula ugi urun sêsuluh, ingkang saking pangintên kula badhe sagêd damêl marêming panggalihipun sadhèrèk Kusumatmaja.

Miturut pasinaon kula, sampun cêtha, manawi ungêl-ungêlan punika lêrêsipun: ing marcapada, mênggah katranganipun makatên:

Marca: punika saking uwod: mart (mrt) têgêsipun asli: pêjah + ya, saèmpêr panambang ingkang atêgês: kenging, dados: martya (marca) atêgês kenging ing pêjah. Pada: atêgês: panggenan (gebied). Dados: marcapada, atêgês: panggenan ingkang kenging ing pêjah ('t sterfelijk gebied) kajêngipun: panggenaning samukawis ingkang kenging ing pêjah utawi risak, botên langgêng, inggih punika: ngalam donya punika.

Gêgandhengan kalihan ungêl-ungêlan: ing marcapada, kados botên wontên awonipun, manawi kula ing ngriki ugi angudhari ungêl-ungêlan, ingkang isi uwod

--- 172 ---

mart nunggil kalihan: marca, minăngkaa pasaksèn, inggih punika: tirta marta. Marta: saking amarta (amrêta) utawi: amarta. Sapunikanipun: a, kita anggêp atêr-atêr anuswara, mila kenging kita bucal, dados mungêl: marta. Nanging punika lêrêsipun saking atêr-atêr Sangskrita: a, ingkang atêgês: botên a, utawi: an, ing basa Walandi saminipun on atêgês niet. (a=an=on=niet).

Dados: amarta (amrêta) ugi atêgês: botên kenging ing pêjah (onsterfelijk) sampun mathuk wontênipun ing ungêl-ungêlan: tirta marta (tirta amrêta) ingkang gadhah kasiyat: sintên ingkang ngombe tirta marta (toya marta) botên kenging ing pêjah.

Lêbêtipun malih.

Ngamarta: saking ngAmarta (amrêta) prajanipun Sang Yudhisthira. Punika saking panggrayangan kula saking ng + Amart. Ngayoja = ngAyodyo. ng ing basa kina: têmbung panyêlah (lid-woord) ingkang saminipun ing basa Walandi ing ngriki: het ngAmarta = het Amarta. Pêpiridanipun Salatiga is het Bandoeng van Midden-Java.

Dados ngAmarta têgêsipun het onsterfelijke kajêngipun Het onsterfelijke rijk. Saking pangraos kula têka inggih sampun turut, manawi prajanipun Sang Yudhisthira kanamakakên het onsterfelijke rijk amargi miturut para winasis, Sang Yudhisthira punika imbaning: atma (atma) de onsterfelijke ziel saya mathuk malih, manawi kita ngèngêti cêcriyosan, bilih Sang Darmaputra punika muksanipun sarananipun,[1] amargi pancèn Sang Yudhisthira punika imbaning: atma - tanpa raga.

Prakawis punika kados sampun cêkap samantên kemawon, mugi-mugi sagêda dados pamarêmipun sadhèrèk Kusumatmaja. Wondene mênggah lêrês lêpating katrangan kula punika, kula sumanggakakên sang sastrawan.

Dr. Radèn Ngabèi Purbacaraka, sukur karsa paring katrangan ing saparlunipun, utawi anglêrêsakên ingkang dèrèng lêrês.

Tatacaranipun Tiyang Mantu ing Tanah Sukawati

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 10)

Sarampungipun anggèning dandan, gangsanipun santun gêndhing Taliwăngsa, badhud kêkalih sami ngadêg ambêkta colok oncor.

Badhud Ha kalihan Na.

Ha. Nyariyosakên sampun dangu anggènipun madosi: Na, botên kapanggih-kapanggih, sapunika sagêd kêpanggih, mila sangêt bingahipun.

--- 173 ---

Na. Nyiraosakên,[2] kesah anjajah dhusun milangkori, manggèn ing anu botên kraos, lajêng manggèn ing anu, botên kraos malih, lajêng ngalih malih, makatên sapiturutipun, wusananipun angsal pangengeran, ngèngèr dhatêng Ngabèi Paljaya abdi dalêm badhud ingkang madanani talèdhèk sarta badhud sabawah dalêm nagari Surakarta sadaya, la inggih ngriku punika ingkang dipun kraosi.

Ha. Nyariyosakên, anggènipun madosi punika wontên parlunipun, sayêktosipun dipun kèngkèn Surarêja ing Jatitêngah (ingkang gadhah damêl) dipun kèngkèn pados talèdhèk, sarèhne dèrèng sumêrêp panggenan talèdhèk ingkang sae, nêdha sêsêrêpan dhatêng: Na, prayoginipun nanggap talèdhèk ing pundi.

Na. Nyagahi badhe dipun suwunakên dhatêng Ngabèi Paljaya kemawon, mêsthi dipun sukani talèdhèk ingkang sae.

Talèdhèkipun lajêng ngadêg ambondhan, nyêpêng payung, gêndhingipun Cangklèk. Badhudipun inggih ngadêg ngapit-apit sakiwa-têngêning talèdhèk ambêkta colok oncor, mirid solah pratingkah sarta suraosing sêsindhènipun, mujudakên wontên tiyang èstri mêntas kemawon gadhah anak (bayi), pamanggènipun taksih nunggil sagriya kalihan bapakipun. Sarèhning bapa kalihan bojonipun sangêt malaratipun, tiyang èstri punika kêncêng ngajak nusul biyungipun, ingkang sawêg ngumbara bêbakulan dhatêng Tandhês Grêsik, badhud ingkang satunggal minăngka bapa, badhud satunggalipun minăngka bojo. Bapa kalihan bojonipun sarèhning rumaos malarat sangêt, wêkasan mituruti sêdya sami nusul dhatêng Tandhês Grêsik, lajêng pangkat, tiyang èstri wau anggendhong bayi dipun payungi, wirandhungan lampahipun tansah sêsambat sayah sarta karaos luwe sangêt padharanipun, sarèhning tanpa sêsangon, barang panganggenipun dipun urupakên têtêdhan. Tiyang èstri wau tansah sêsambat mêlas asih, bapa kalihan bojonipun sami ngêngimur pinurih ingkang sabar tarima, anggêr mantêp sêdyanipun masthi sagêd dumugi Tandhês Grêsik kapanggih êmbokipun.

Nalikanipun talèdhèk ambondhan, sabên nuju ngajêngakên dhawah gong, payungipun dipun ubêngakên sêsêr ngaling-alingi rai badanipun. Manawi sawêg makatên têtiyang ningali rame sangêt suwaranipun, wontên ingkang bêngok-bêngok, iya-iya kene wae. Wontên ingkang wicantên sêru: Tibakna kene wae. Wontên ingkang anjêrit sakayangipun: Aja kono, tibakna kene wae, aku gondhalmu ing anu. Nyarêngi dhawahing êgong tanganipun têngên nyêblakakên payungipun manginggil, tanganipun kiwa ambiyak kêmbên ngatingalakên susunipun sapalih, suwaranipun tiyang ningali rame gumêrah: Alah-alah kathik kaya cêngkir [cêng ...]

--- 174 ---

[... kir] gadhing: sinèh, ora larang dak tuntunake kêbo, êndhuk. Wontên ingkang lajêng bêngah kados lêmbu, wontên ingkang lajêng ngungêlakên sanjata.

Sabibaring ambondhan, lajêng wiwit nayuban, pangantèn anjogèd rumiyin gêndhing Boyong utawi Êla-êla, lajêng tamu gêntosan. Limrahipun tiyang Sukawati ingkang dipun rêmêni gêndhing Babat Kêncêng, dipun wastani Sipat Anjir, Dhêngklung, Kagok Madura, Rangsang Tuban, Cangklèk, Sumyar, Grompol.

Enjingipun pangantèn sarimbit pangkat dhatêng griyanipun Dêmang Kêrtayuda Singgih, dipun iring tiyang sawatawis, sipêng sadalu, enjingipun dhatêng griyanipun Surarêja Jatitêngah, sipêng sadalu, tansah wongsal-wangsul makatên salêbêtipun sapêkên.

Sapêkênipun saking dintên panggihing pangantèn, pangantèn dipun undhuh dhatêng griyaning besan, ugi mawi pasamuan kados ing Jatitêngah.

Tatacara makatên punika taksih lêstantun dumugi sapriki. Amung badhud kalihan talèdhèk ambondhan sampun ical, sapunika manawi wontên tiyang gadhah damêl mawi nayuban, lajêng nayuban kemawon kados ing sanès panggenan. Tamat.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 10)

V. Pandadaring kagunanipun para rajaputra katingalan ing tiyang kathah.

Drona badhe angebarakên angsal-angsalanipun anggènipun mulang. Satunggaling dintên matur dhatêng Prabu Dhrêtarastra, yèn para rajaputra sampun putus kagunanipun, badhe kagiyarakên ing ngajênging tiyang kathah. Prabu Dhrêtarastra inggih angidini kanthi sarjuning panggalih. Patrap-patrapipun sarta papanipun tuwin mangsanipun kaborongakên dhatêng Drona. Drona lajêng milih papan wiyar sarta milih dintên ingkang sae, ing ngriku nuntên asêsaji dhatêng dewa, kinêpang ing tiyang kathah. Papanipun dipun gawari têpung gêlang, dêdamêl warni-warni kasadhiyakakên wontên ing ngriku. Sarta malih kaadêgan pasanggrahan endah kangge panggenanipun para putri ingkang badhe sami ningali. Tiyang-tiyang ing kitha sami angadêgakên panggungan mubêng, kangge panggenanipun tiyang ingkang badhe sami ningali.

Sarêng sampun dumugi ing dintênipun, Prabu Dhrêtarastra têdhak amriksani, kadhèrèkakên ing para punggawa tuwin wadyabala. Sang Bisma ingkang manggalani. Dèwi Gandari sarta Dèwi Kunthi tuwin para putri sanèsipun inggih sami andhèrèk. [andhè ...]

--- 175 ---

[... rèk.] Tiyang-tiyang salêbêting kitha agêng alit, jalêr èstri sêpuh anèm, andalêdêg wêdalipun saking sakèthèng sami badhe aningali anggènipun abên kagunan para rajaputra. Swaraning têtabuhan: gong bèri kalasăngka amêlingi kados angontragna langit. Lampahing tiyang angombak-ombak kados samodra bêna.

Botên dangu Drona mêdal saking kitha kairingakên dhatêng anakipun: Aswatama. Anjujug ing galanggang, panganggenipun sarwa pêthak, rambut sarta jenggotipun inggih pêthak, ngangge kalung oncèn sêkar capaka pêthak sarta mawi upawita pêthak, badanipun abêborèh bubukan candhana pêthak, sarêng sarat-saratipun sampun sumadhia, Drona lajêng mêmuja kasarêngan i[3] laguning têtabuhan angrangin. Dêdamêl ingkang pancèn badhe kangge nuntên kaaturakên. Botên dangu Yudhisthira majêng. Ing wingkingipun, para rayi-rayinipun urut sêpuh, tumuntên sami angebarakên kalangkunganipun ulah dêdamêl. Tiyang-tiyang ingkang sami ningali kathah ingkang êmar sarta kuwatos, yèn wontên jêmparing dhawah saking nginggil, wontên ingkang tumut andhingkluk, wontên ingkang anjola, wontên ingkang indha, kuwatos manawi kêdhawahan ing jêmparing. Wontên ingkang anglangak, paningalipun angêtutakên lumêpasing jêmparing manginggil.

Para rajaputra nuntên sami nitih turăngga mêdhar anyongklang mawi angasta gandhewa sarta jêmparing. Jêmparingipun sami kacirenan namanipun piyambak, nuntên anglêpasakên jêmparingipun dhatêng lesan. Sabibaripun punika lajêng mudhun saking turăngga anyandhak pêdhang têtamèng, sami angentha-entha pêrangan, saklangkung trampilipun. Ingkang sami ningali kagawokan akanthi êmar kuwatos. Botên dangu Sang Bima majêng kalihan Sang Duryodana. Kêkalihipun sami anyêpêng gada agêng, lajêng pupuh-pinupuh. Pangikaling gada musêr kados kitiran. Trampiling indha adamêl eramipun ingkang sami ningali. Swaranipun pating barêkuh kados dirada mêta. Midêr ing satêngahing galanggang, malumpat ngiwa malumpat nêngên amrih pikantuking papan, pikantuking pamupuh. Tiyang-tiyang sami pakèwêd pamilihipun, botên sagêd mastani: trampil ingkang pundi. Sawênèh bae Sang Bima, sawênèh bae Sang Duryodana. Orêging tiyang kados aluning sagantên agagulungan. Wasana Drona lajêng kengkenan Aswatama amisah dhatêng ingkang sami abăndayuda, sabat[4] kuwatos bokmanawi kalajêng dados kêrêngan.

Drona nuntên majêng ngadêg wontên satêngahing galanggang anyuwuk ungêling găngsa sarta wicantên dhatêng tiyang-tiyang ingkang wontên ing ngriku, swaranipun gumludhug angumandhang makatên: He,

--- 176 ---

kang padha ana ing kene kabèh, iki mêngko sing mêtoni: Arjuna, Endraputra, pinunjul ing kagunane. Mara dêlêngên.

Sang Arjuna nuntên majêng dhatêng satêngahing galanggang anyêpêng gandhewa sarta anyangklong endhong, mangangge sandhangan kaprajuritan sarwa kancana, gêbyaripun ambalêrêngi, mancorong kados mega ing wanci sandyakala. Tiyang ningali sumêrêp wêdalipun Sang Arjuna sami surak mawurahan kados ambêlahna bumi. Dèwi Kunthi panggalihipun saklangkung agêng priksa ingkang putra kinurmatan ing sakathahing tiyang makatên, têmah waspanipun botên kenging dipun tambak, margi saking sukaning panggalih, rumaos sakalangkung bêgja.

Sarêng orêging tiyang sampun ragi mêndha, Sang Arjuna wiwit angebarakên kasantikanipun, ngêdalakên pangabaran latu agêng magiri-giri, mega, mêndhung, jawah dêrês, bayu bajra, rêdi, sagantên, dharatan, sadaya wau ugi kasirnakakên sami sakala sarana pangabaran, nuntên mancala putra mancala putri. Malih dados agêng anggêgirisi, sakêdhap mancik ing gigiring turăngga, sakêdhap wontên ing salêbêting rata, sakêdhap lumampah dharat. Wontên entra-entraning cèlèng kabêkta mlajêng ing tiyang, punika cangkêmipun kajêmparing dhatêng Sang Arjuna, jêmparingipun gangsal kaêtrapakên sêsarêngan ing gandhewa. Dupi kalêpasakên, gangsal pisan tumancêb ing salêbêting cangkêmipun cèlèng wau. Wontên singating andaka kagondhal-gandhulakên ing tangsul, kajêmparing mawi jêmparing salikur sêsarêngan, sadaya klêbêt dhatêng growonganing singat wau. Makatên Sang Arjuna anggènipun angebarakên kawêgiganipun ulah dêdamêl wontên satêngahing galanggang.

VI. Karna

Sarêng tatingalan wau mèh bibar, sarta tiyang-tiyang sampun ragi mêndha anggènipun asurak-surak, tuwin găngsa sawêg anglêrêsi kèndêl, tiyang mirêng swaraning dêdamêl kumrapyak amêlingi. Sangsaya dangu swaranipun sangsaya bantêr, prênahing swara saking korining sakèthèng. Tiyang ingkang sami nonton sami andêngingak angupadosi ingkang adamêl swara wau. Drona ingkang panuju kinubêng ing para Pandhawa kados surya kinubêng ing lintang gangsal, inggih tumut andêngongok angawasakên, makatên ugi Sang Duryodana dalah sadhèrèkipun sata Korawa inggih cingak.

Botên dangu katingal wontên satriya dhatêng bagus taksih anèm, anyangking gandhewa sarta jêmparing. Lampahipun dhangah-dhangah amêndat-mêndat amilangoni, cahyanipun gumêbyar arêbat sorot kalihan panganggenipun kaprajuritan ingkang sarwa kancana, ngangge gêlang tuwin kalung, jêjamang tuwin anting-anting. Mripatipun ablalak-blalak, namaning satriya: Sang Karna, putranipun pambajêng Dèwi Kunthi, patutan saking Sanghyang Bathara Surya. Gêbyaring

--- 177 ---

cahyanipun pindha ingkang rama ambalêrêngi, bagusipun kados Sanghyang Candra, pancêrênging netranipun pindha dahana, dêdêgipun pidêksa pindha witing êtal, dhasar nêdhêng-nêdhênging diwasa. Sang Karna tumuntên sujud asarèh wontên ing ngarsanipun Sang Drona. Tiyang-tiyang sami kamitênggêngên anggènipun ningali, wicantênipun ing salêbêting batos makatên: Iki sapa baya, dene bangêt têmên olèhe angedab-edabi.

Sang Karna nalika samantên dèrèng sumêrêp manawi Sang Arjuna sadhèrèkipun tunggil ibu. Wicantênipun dhatêng Arjuna kumrampyang: Arjuna, mara awasna, aku arêp angebarake kasantikan ana sangarêpe wong kang padha nonton iki, tak tanggung masthi ngungkuli kang wus kopitongtonake. Kowe dhewe amasthi iya bakal milu kagawokan, Arjuna.

Sang Duryodana bingah sangêt mirêng têmbung makatên punika, namung Sang Arjuna kraos wirang, têmahing batos duka yayah sinipi. Sang Karna inggih kalilan dhatêng Drona angebarakên kasantikanipun, tumuntên tumandang angebat-ebati, plêk kadosdene ingkang sampun kakebarakên dhatêng Sang Arjuna. Duryodana dalah para sata Korawa nuntên ngrangkul dhatêng Sang Karna, sakalangkung anggènipun bingah sarta lêga. Karaton dalah sariranipun sami kapasrahakên dhatêng Sang Karna. Namung Sang Karna amangsuli; Rajaputra, mugi sampun dados panggalih, punika sadaya kula aturakên wangsul, kula sampun narimah manawi kaakên mitra. Ingkang dados pangajêng-ajêng kula namung saprakawis: kapengin sangêt sagêda pêrang tandhing kalihan pun Arjuna.

Sang Arjuna rumaos dipun ina sarta dipun sor-sorakên, wangsulanipun ladak lirih: Karna, aja anggenjah lara angêmping pati, êmbèn buri ora-orane kowe ora mati dening aku.

Sang Karna anyauri: Ora kêjamak gumêndhungmu kowe Arjuna, ambok aja umblug, aja kakehan wicara. Yèn prajurit prawira, adate ora ngêcèh-êcèh gunêm, sing dianggo caturan: panah. Lah mara nuli tumandanga, karêbèn êndhasmu pothol, gumlundhung ing ngarsaning Sang Drona kene.

Sang Arjuna botên bêtah mirêngakên sumbaripun Sang Karna, nuntên majêng ayun-ayunan kalihan Sang Karna, sami ngiwa gandhewa sarta ngêmbat-êmbat jêmparing. Ing sanalika langit sumingub katutupan ing mega tuwin mêndhung, kilat thathit sêsambêran, kaluwung ingkang măngka gandhewanipun Sanghyang Endra katingal angrêgancang malêngkung. Cahyanipun măncawarni wontên pêksi amsa abayak-bayak mibêr ing dirgantara narajang sêla-sêlaning mega, kados-kados sang Jaladara katingal malêngèh. Bathara Endra amriksani putranipun: Sang Arjuna ayun-ayunan kalihan Sang Karna mawi pangaribawa ingkang makatên wau kabêkta saking trêsnanipun dhatêng ingkang putra. Nalika samantên Sanghyang Surya inggih amriksani [amri ...]

--- 178 ---

[... ksani] putranipun: Sang Karna. Mega tuwin mêndhung katrajang ing sorotipun katingal butul. Dewa kêkalih sami anjangkung putranipun piyambak-piyambak: Sang Arjuna èsthinipun kados pinayungan ing mega, Sang Karna kados kaêsokan ing sorotipun Sang Bathara Surya, cahyanipun mancorong agêbyar-gêbyar. Sang Karna dipun bombong dhatêng para Korawa, Sang Arjuna dipun bombong dhatêng Drona sarta Bisma. Tiyang-tiyang ingkang nonton sami orêg apiyak dados kalih golongan, gadhah pamilih piyambak-piyambak, sabab satriya kalih sami bagusipun, kados Hyang Guru kêmbar, tajêm kados tinimbang. Para pawèstri sarta para putri inggih pêcah dados kalih golongan. Namung Dèwi Kunthi ingkang lajêng dhawah kantaka, botên tahan amriksani putranipun kêkalih bagus-bagus sami ayun-ayunan ngasta dêdamêl, badhe misah botên sagêd, jalaran pakèwêd ing lampah, botên sagêd minangkani. Botên sagêd badhe nyulang-nyulangakên, awit kabundhêlan ing wêwados. Tujunipun lajêng wontên santananipun Sang Prabu Dhrêtarastra ingkang murugi dhatêng satriya kalih ingkang badhe mangun pêrang wau, awicantên dhatêng Sang Karna makatên: Karna, sarèh dhisik, aja kasusu, mungsuhmu iki anggêr uwong bae wis wêruh yèn satriya, putrane Dèwi Kunthi, têdhak Barata, lah kowe, sapa laluhurmu, sapa wong tuwamu. Mara kandhakna dhisik, karêbèn ditimbang marang Sang Arjuna. Apa kowe pantês dadi mungsuhe apa ora, sabab satriya iku yèn pêrang iya karo padha satriya, ratu mungsuhe iya ratu, ora anggêr uwong bae.

Sang Karna mirêng wicantên makatên punika botên sagêd kumêcap, cahyanipun katawis suda, kadosdene sêkar tunjung ingkang mêntas kadhawahan ing jawah dêrês ing măngsa rêndhêng. Namung lajêng kapitulungan ing rêmbag dhatêng Sang Duryodana makatên: Mêngko-mêngko, yèn Arjuna anjaluk mungsuh padha satriya, padha ratu, ing saiki uga Sang Karna dak junjung dadi ratu ing nagara Angga.

Ing nalika punika ugi Sang Karna kajunjung dados ratu ing nagari Angga, kalênggahakên wontên ing dhampar kancana, sinongsongan ing songsong rukmi, kinêbutan ing lar badhak nganan ngering, sinajenan ing tumpêng sèwu tuwin sêkar arum-arum miwah toya tuwin kancana, sinidhikara dhatêng para brahmana, dipun siram ing toya mawi dipun mantrani minăngka panêtêpipun anggènipun dados ratu. Tiyang-tiyang ingkang nonton sami surak asuka-suka. Sang Karna kalihan Sang Duryodana arêrangkulan, sami aprajangjean sabaya pêjah.

Sawêg makatên, kasaru dhatêngipun Adirata, badanipun kêra tur têlês kêbês amargi kringêt, lampahipun gumêtêr atatêkênan. Sarêng Sang Karna sumêrêp dhatêng bapakipun angkat, lajêng jlog mandhap saking dhampar kancana amurugi amêndhak-mêndhak, [a ...]

--- 179 ---

[... mêndhak-mêndhak,] kados caranipun anak manawi kapanggih bapakipun, tumuntên kinêkêp-kêkêp dhatêng Adirata. Sirahipun ingkang taksih têlês margi mêntas kasiram wau dipun ambungi, dipun ênggèr-ênggèr, katawis manawi Adirata bingah sangêt, ngantos angêdalakên êluh saking bingahipun, awit anakipun kaangkat dados ratu. Bima sarêng sumêrêp lêlampahan ingkang makatên punika ewa sangêt, ngintên yèn Sang Karna anakipun Adirata, lajêng wicantên anyênyampahi: Kalingane kowe kuwi anake tukang nglakokake kareta, ora patut yèn pêranga karo Arjuna, patutmu mung nyêkêli talining kareta. Dadi ratu ing Angga sangsaya ora patut, sarune kaya asu kang nocok panganan sêsajèn.

Sang Karna kados tinêpak mukanipun, duka yayah sinipi, kumêdut padoning lathi, idêp mangada-ada, gathik wajanipun, andik paningalipun, napasipun asasaran, lajêng tumênga ing tawang mawas Sanghyang Bathara Surya. Duryodana enggal-enggal mancolot anêngahi awicantên dhatêng Bima: Bima, mungguh prajurit kawasa iku asal-usule wis lumrah samar apêtêng kayadene tuking kali kang gêdhe-gêdhe. Mara pikirên, ngêndi ana wêdhus anak-anak macan. Satriya iki koarani ora patut dadi ratu ngêrèhake nagara ing Angga. Măngka satêmêne ora mung ing Angga bae sing patut diêrèhake, malah nagara-nagara ing salumahing bumi sakurêbing langit iki kabèh patut diêrèhke marang Sang Karna. Aku dhewe iki iya patut dadi kawulane. Mara, sapa sing ora rujuk karo gunêmku iki, têkakna budimu, unggahana ratane Sang Karna, pênthangên gandhewane.

Tiyang-tiyang ingkang sami nonton pating kalêsik anglêrêsakên ginêmipun Duryodana. Nanging nalika samantên lajêng kasaput ing dalu. Papan galanggang sinumêdan ing dilah lilin sarta dilah kurung pintên-pintên atus pating kalêncar. Padhangipun kados wanci siyang. Sang Karna kakanthi astanipun dhatêng Duryodana, kaajak sumingkir saking salêbêting galanggang, kabêkta mantuk. Para Pandhawa inggih tumuntên sami mantuk, kaatêrakên dhatêng Bisma sarta Drona. Têtiyang ingkang sami nonton inggih tumut bibaran, ing samargi-margi ingkang kaucapakên botên sanès kajawi namung Arjuna, Karna, tuwin Duryodana. Dèwi Kunthi panggalihipun suka rêna dene putranipun kajumênêngakên ratu ing nagari Angga. Duryodana, sarêng sampun angsal mitra Sang Karna, panggalihipun mantun uwas utawi ajrih dhatêng kasantikanipun Sang Arjuna.

VII. Drona malês ukum dhatêng Prabu Dropada

Sarêng para putra sampun sami angebarakên kasantikanipun, katingalan ing tiyang maèwu-èwu kathahipun, katawis bilih sampun putus anggènipun ulah dêdamêl. Sang Drona ngintên yèn sampun dumugi mangsanipun malês ukum [u ...]

--- 180 ---

[... kum] dhatêng Prabu Dropada. Para putra lajêng sami dipun timbali kaklêmpakakên, badhe dipun têdha damêlipun, minăngka prabeyaning pasinaonipun. Sarêng sampun sami nglêmpak, sang brahmana ngandika: He, para satriya, ing samêngko aku duwe panjaluk marang kowe, lakonana panjalukku. Si Drupada, ratu ing Pancala cêkêlên, gawanên mrene. Ênggonmu kangelan nyêkêl iku sumurup dadi prabeyane ênggonmu padha puruita saprana-saprene iki.

Para putra sami saur pêksi, lajêng sami nitih titihanipun, kairid ing Sang Drona dhatêng nagarinipun Prabu Drupada. Wontên ingkang nitih turăngga, wontên ingkang nitih rata. Ing samargi-margi, manawi kapanggih dêdamêl ing Pancala dipun gulung, kados ambêrêk sato wana. Prajurit ing Pancala botên wontên ingkang kuwawi nadhahi. Sarêng sampun dumugi ing sangajênging sakèthèng, kitha lajêng kakêpang. Para putra sami rêbatan rumiyin anggènipun badhe nêmpuh. Lajêng sami sêsarêngan lumêbêt gumrêdêg anggêgirisi.

Prabu Drupada sampun midhangêt saking aturing para kawula, bilih wontên mêngsah dhatêng. Lajêng amêpak bala, tumuntên amapagakên dhatênging mêngsah, kadhèrèkakên ing para rayi-rayinipun. Prabu Drupada dhasar punjul ing kaprawiran, nitih rata pêthak katingal ngegla, botên ajrih karoban ing mêngsah. Dhatênging jêmparingipun mêngsah angampak-ampak kados mêndhung, anyurêmakên soroting surya, ewadene sang prabu botên rumaos ulap. Lajêng anglêpasakên jêmparing ambrubul anawon kambu, andhawahi mêngsah. Nalika samantên para Pandhawa taksih wontên ing wingking, sami nrimah kantun-kantunan kemawon pamagutipun, supados botên cawuh.

Sang Arjuna matur dhatêng Sang Drona: Sang brahmana, kajêngipun, kakang-kakang kula Korawa sami magut rumiyin, kintên kula botên wontên ingkang badhe sagêd mikut Prabu Drupada.

Pangamukipun Prabu Drupada sakalangkung anggêgirisi, kados banthèng kêtaton. Para Korawa bingung asasaran, pangraosipun kados katêmpuh ing mêngsah kathah. Măngka ingkang mangsah namung sang prabu piyambak, botên kèndêl-kèndêl anggênipun anglêpasakên jêmparing. Pabaratan kaèbêkan ing jêmparingipun, têmahan balanipun para Korawa kathah ingkang kêplajêng.

Wadyabala Pancala ingkang taksih wontên ing satêngah-têngahing kitha sami surak amêlingi kados panggêronipun singa sayuta. Jumêbrèting kêndhêng katungka sumrapating jêmparing swaranipun kados prahara yèn anglêrêsi salah măngsa. Para Korawa lajêng sami gumrêgut, kados banthèng mirêng swaraning sanjata. Ewadene Prabu Dropada botên kewran, malah sangsaya berag pangamukipun, sangsaya dêrês anggènipun anglêpasakên jêmparing. Sang Duryodana sarta Karna sami kabranan, makatên [ma ...]

--- 181 ---

[... katên] ugi para prajurit tuwin senapati kathah ingkang kabranan. Ewasamantên pangangsêgipun botên mêndha. Wadyabala Pancala ingkang sami jagi ing wingking sarta para kawula ingkang wontên ing salêbêting kitha sami tumandang angêbyuki para Korawa. Satêmah para Korawa lajêng sami kêplajêng asasaran, kathah ingkang nandhang brana.

Sarêng para Pandhawa mirêng pasambatipun bala Korawa ingkang sami kaplajêng, lajêng pamit dhatêng Sang Drona, sami mangsah pêrang nitih rata. Namung Sang Arjuna mênggak dhatêng ingkang raka Sang Darmakusuma, kaaturan ngeca-eca kemawon. Nakula Sahadewa kadhawahan ngamping-ampingi ratanipun. Ingkang raka, Arya Sena wontên sangajênging rata angobat-abitakên gadanipun. Lampahing rata gumêrit, barung kalihan sumiyuting gada kados swaranipun samodra ingkang anglêrêsi êrob katrajang ing prahara.

Sang Bima botên kèndêl-kèndêl anggadani sirahing liman ingkang pating janggêlêg. Limanipun lajêng sami ambrug gumêbrug ing siti kados swaraning rêdi jugrug ingkang sigar margi sinambêr ing gêlap. Singa ingkang katrajang dhadhal, kados bêndungan ingkang katêmpuh ing ampuhan agêng, bêdhol salajêripun. Têmah wadyabala ing Pancala kêplajêng kadosdene kewan-kewan ingkang kagêrêg ing pangènipun.

Sang Arjuna lajêng sagêd ayun-ayunan kalihan Prabu Drupada. Botên kèndêl-kèndêl anggènipun anglêpasakên jêmparing, kados jawah ingkang dêrês. Wadyabala ing Pancala lajêng sami angrubut, sarta anglêpasakên dêdamêl dhatêng Sang Arjuna. Anamung Sang Arjuna botên kewran anggènipun anadhahi, malah sangsaya berag. Jêmparingipun ambrubul andhawahi wadyabala ing Pancala. Prabu Pancala kadhèrèkakên ing pêpatihipun, angajêngakên ratanipun, suwaranipun gumêrèt, anyêlaki Sang Arjuna. Sarêng Sang Arjuna badhe ngancab sang prabu, dipun tadhahi kyai patih. Arame sarta dangu pêrangipun. Namung kyai patih lajêng kenging kapikut. Prabu Drupada lajêng kesisan ing bala, ayun-ayunan kalihan Sang Arjuna.

Wiwitanipun gandhewanipun sang prabu dipun lêpasi ing jêmparing, tikêl dados kalih. Lajêng ganderanipun kadhawahan ing jêmparing, tugêl. Tumuntên kapal pangiriding ratanipun kadhawahan jêmparing, sami ambruk. Wasana wuruking ratanipun dipun dhawahi jêmparing, kumleyang dhawah ing siti. Sang Arjuna lajêng anyèlèhakên gandhewanipun, narik candrasa, anjlog saking rata angancab minggah dhatêng ratanipun sang prabu. Sang prabu dipun rukêt kados pangrukêtipun paksi garudha dhatêng sawêr naga. Wadyabala Pancala sami giris, lumajêng asasaran kados kuthuk ingkang sumêrêp pêksi wulung. Sarêng sampun watawis dangu, Sang Arjuna wangsul saking pabarisaning mêngsah ambêkta Prabu Drupada, badhe kasowanakên dhatêng Sang Drona. Wadyabala Pandhawa lajêng badhe anglajêngakên anggêmpur kitha, [ki ...]

--- 182 ---

[... tha,] nanging dipun pênging dhatêng Sang Arjuna. Matur dhatêng Arya Bima makatên: Kakangmas, Prabu Drupada punika, kilap têbih kilap cêlak, taksih kadanging para Pandhawa. Pramila mugi kawulanipun sampun ngantos dipun risak, kithanipun sampun ngantos dipun gêmpur. Ingkang dados pamundhutipun sang panêmbahan, ingkang măngka prabeyanipun anggèn kula sami puruita, namung kacêpêngipun Prabu Drupada. Pramila sumăngga sami sowan ngaturakên sang prabu punika kemawon.

Prabu Drupada sarta tawanan sanèsipun lajêng sami kasowanakên ing ngarsanipun Sang Drona. Sang Drona sakalangkung lêga manahipun, priksa dhatêng Prabu Drupada dados tawanan lênggah mêlas asih wontên ing ngarsanipun. Lajêng wicantên makatên: Drupada, saiki nagaramu lan kuthamu wis dak bêdhah. Ananging kowe aja kuwatir yèn bakal dak patèni. Iya bênêr pati uripmu iku ana ing tanganku, nanging aku ora ngarah marang patimu. Saiki aku takon marang kowe. Kêpriye: Apa kowe isih êmoh ngaku mitra marang aku.

Sang Drona lajêng mèsêm-mèsêm kalihan wicantên malih: Drupada, kowe pancèn ratu prawira, aja wêdi yèn bakal nêmu pati marga dening aku. Kowe rak iya wis wêruh, yèn para brahmana padha sabar, maklum, momot, mêngku. Karo manèh sihku marang kowe saprana-saprene iki ora suda, malah wuwuh, wong kowe kuwi kancaku dolanan dhèk isih padha bocah. Kang iku aku isih ngarêp-arêp koaku dadi mitramu. Mulane nagaramu sing sêparo tak balèkake marang kowe, sing sêparo dak êpèk dadia nagaraku, sabab biyèn kowe kăndha, yèn ratu kuwi mitrane iya padha ratu.

Prabu Drupada mangsuli: Drona, aku pancèn wêruh, yèn kowe jêmbar sagaramu, gêdhe pangapuramu. Mulane aku iya ora gumun marang tumibaning kawêlasanamu kang marang awakku. Saiki aku mung sumarah ing sakarêpmu, sarta ngarêp-arêp isih koanggêp mitra. Karo manèh bangêt ing panarimaku marang sih katrêsnanmu.

Sang Drona lajêng kengkenan angluwari Prabu Drupada, sarta kajumênêngakên ratu malih, angêrèhakên sapalihing nagarinipun, dumunung ing sakiduling lèpèn Ganggês.

Prabu Drupada anggènipun jumênêng nata panggalihipun sumêlang sangêt, sakalangkung bêntèr panggalihipun, dene Sang Drona nyêpêng pangawasa ingkang samantên agêngipun, lajêng anglampahi atapa brata, anglaya bumi, nênêdha ing dewa, mugi kaparingana putra, ingkang kawawa ngasorakên Sang Drona.

VIII. Griya damar sela

Lêt sataun kalihan lêlampahan ingkang kasêbut punika wau Prabu Drêtarasthra kagungan karsa nyalonakên Sang Yudhisthira dados ratu ing Ngastinapura anggêntosi sariranipun, anampèni waris saking ingkang rama swargi. Jalaran [Jalar ...]

--- 183 ---

[... an] Sang Yudhisthira katawis bilih prawira ing yuda tur sabar, maklum, momot, mêngku. Santosa panggalihipun, luhur bêbudènipun, jatmika tondak-tandukipun, angrêsêpakên pasêmonipun. Anggènipun nyalonakên Sang Yudhisthira wau inggih kabêkta saking trêsnanipun dhatêng para kawulanipun.

Sang Yudhisthira sadangunipun jumênêng pangeran adipati anom, kautamènipun sangsaya wêwah-wêwah, malah ngantos angungkuli swargi Prabu Pandhu. Makatên ugi rayi-rayinipun inggih mindhak-mindhak kautamènipun sarta kaprawiranipun. Kathah nagari ing sakiwa-têngênipun ingkang sami katêlukakên, pramila sangsaya lami sangsaya mindhak-mindhak panguwasanipun. Ingkang makatên wau andadosakên marasipun Prabu Drêtarasthra. Panggalihipun tansah kuwatos, bokmanawi kalungsur saking kaprabon. Pramila dhahar botên eca, sare botên sakeca.

Prabu Drêtarasthra lajêng mundhut rêmbag dhatêng pêpatihipun, makatên: Patih, para Pandhawa iki kaliwat-liwat kaprawirane, ing jagad tanpa timbang, atiku kok ora kêpenak, kapriye bêcike rêmbugmu: lêstari dibêciki bae, apa kêpriye.

Patih lajêng matur makatên: Gusti, mênggah ratu ingkang utami punika pakaryanipun anyirnakakên sakathahing satru tuwin mêngsahipun, botên mawi pilih-pilih sarananipun. Manawi botên kenging sarana pêrang, inggih sarana alus. Makatên ugi sarira dalêm, ing sapunika para putra dalêm sami kaungkulan dhatêng para Pandhawa ing bab katiyasanipun, ingkang punika prayogi panjênêngan dalêm tumuntêna ngupados guna sarana, supados sampun ngantos amiduhung ing têmbe wingking.

Prabu Drêstharasthra sawêg ribêng panggalihipun angraos-raosakên aturipun patih wau, kasaru sowanipun Sang Duryodana, putranipun pambajêng, asigra-sigra munjuk dhatêng ingkang rama bab gêdêring salêbêting nagari, tiyang-tiyang limrah sami ngalêmbana dhatêng kautamènipun Sang Yudhisthira. Makatên aturipun: Rama, tiyang-tiyang sami gadhah kandhutan awon, sami ngajêng-ajêng supados pun Yudhisthira dadosa ratu. Panjênêngan dalêm sarta eyang Rêsi Bisma angkahipun badhe dipun langkahi kemawon. Manawi eyang Rêsi Bisma, tamtunipun inggih narimah kemawon kasingkur, jalaran pancèn botên karsa jumênêng nata. Anamung manawi panjênêngan dalêm dipun singkur, kawula dalah sadhèrèk-sadhèrèk sadaya harak badhe sami kapintên. Sumăngga kagaliha: rumiyin-rumiyin, pancènipun ingkang kagungan wêwênang anggêntosi kaprabon jumênêng nata: harak panjênêngan dalêm. Wontênipun panjênêngan dalêm botên kalampahan jumênêng punika rak namung kabêkta saking gêrah dalêm: ina tingal. Dados ingkang pancèn kagungan waris karaton punika salêrêsipun panjênêngan dalêm dalah putra wayah sadaya. Paman Pandhu punika rak namung

--- 184 ---

nama nyêlani. Sapunika panjênêngan dalêm sampun kagungan tuwuh, harak sampun lêrêsipun manawi karaton dhumawah ing putra wayah dalêm. Manawi sapunika karaton lajêng dhumawah dhatêng para Pandhawa, tamtu badhe kalajêng-lajêng. Karaton lastantun dhumawah dhatêng putra wayahipun paman Pandhu. Kawula sasêdhèrèk lajêng katimplak-timplak, botên kaduman kamulyan sakêdhik-kêdhika, malah tamtunipun lajêng asor kaèsi-èsi. Saupami panjênêngan dalêm rumiyin jumênêng ratu anggêntosi kangjêng eyang, kaprabon tamtu lajêng lumintir piyambak dhumawah ing badan kawula sasêdhèrèk, botên prêlu maèlu dhatêng grênêngipun tiyang-tiyang.

Prabu Drêtarasthra wêwah ribêng panggalihipun mirêng aturipun ingkang putra, botên sagêd paring dhawuh wangsulan ing sanalika. Sang Duryodana lajêng mundur saking ngarsanipun ingkang rama, taksih anjêlu panggalihipun. Wontên ing jawi lajêng anglêmpakakên ingkang rayi-rayi, sami kaajak rêrêmbagan. Sarêng sampun sami manggih nalar, Sang Duryodana lajêng sowan malih dhatêng ngarsanipun ingkang rama, munjuk makatên: Rama, panyuwun kawula para Pandhawa mugi kadhawuhana kesah dhatêng nagari Waranawata. Manawi sampun sami manggèn ing ngrika, ing ngriki isis.

Prabu Drêtarasthra botên angrujuki dhatêng aturipun ingkang putra. Duryodana kasêrap-sêrapakên, bilih lampah ingkang makatên punika botên prayogi, jalaran para Pandhawa punika sami ambapa dhatêng panjênênganipun, makatên ugi Sang Pandhu nalika taksih sugêngipun, sangêt pangêmongipun dhatêng sariranipun tuwin dhatêng têtiyang sanagari. Măngka para Pandhawa punika inggih taksih lastantun makatên, botên wontên sliwahipun kalihan ingkang rama swargi. Satêmah tiyang-tiyang sanagari sami ajrih asih dhatêng para Pandhawa. Manawi ngantos kalampahan para Pandhawa kasingkirakên, tiyang-tiyang punapa botên badhe gonjing manahipun, wantala andhawahakên pamisesa dhatêng para Kurawa.

Makatên anggènipun anggênah-gênahakên Prabu Drêtarasthra dhatêng ingkang putra, anamung Duryodana sagêd ngaturi wangsulan ambengkas pakèwêd-pakèwêd wau sadaya. Aturipun makatên: Rama, manawi para Pandhawa sampun botên katingal wontên ing ngriki, tiyang-tiyang rak kenging kathukulakên sihipun dhatêng kula sasêdhèrèk sarana kaêroban ing rajabarana miwah arta. Tamtu inggih lajêng sami suyud dening dayaning barana. Ing têmbe manawi kula sampun jumênêng ratu, botên wontên pakèwêdipun manawi para Pandhawa tuwin bibi Kunthi sami wangsul mrika malih.

Prabu Drêtarasthra botên sagêd anduwa dhatêng panggubêlipun ingkang putra, lajêng angglewang panggalihipun, satêmah dhawuh dhatêng para santana tuwin abdi ing kadhaton sarana dhêdhêmitan, kadhawuhan angalêm saenipun nagari Waranawata, makatên wau mawi kamirêng-mirêngna [kamirêng-mirêng ...]

--- 185 ---

[... na] dhatêng para Pandhawa. Para santana wau inggih anglêksanani dhawuh, angalêm endahing nagari Waranawata. Sarta kacariyosakên, bilih sabên taun ing ngriku wontên têtingalan ingkang rame sangêt: tiyang-tiyang saking măncanagari sami dhatêng ing ngriku badhe atur pêpuja dhatêng Sanghyang Siwah. Măngka wontênipun têtingalan punika nalika samantên sampun cêlak.

Para Pandhawa sami karênan mirêngakên cariyos-cariyos wau, sêmu kêpengin badhe sumêrêp kawontênanipun nagari wau. Sarêng Prabu Drêtarasthra priksa, bilih para Pandhawa sampun gadhah kapengin ingkang makatên wau, lajêng dipun dhawuhi makatên: He, putra-putra pulunan ingsun, lamun sira kapengin arêp wêruh rame-rame iku, iya padha sira nontona, panakawan miwah pangiringira padha sira gawaa. Sarta manèh padha anggawaa sangu rajabrana sakarêpira kèhe. Ana ing kana padha sira êdum-êduma marang para brahmana. Dene lamun wus tutug ênggonira padha nênonton, nuli sira padha balia mênyang Ngastinapura.

Yudhisthira ing batos inggih sampun mangrêtos dhatêng sajatosing karsanipun Prabu Drêtarasthra, anamung rewa-rewa botên mangêrtos, mila inggih lajêng matur sandika tuwin nyuwun pamit sarta nyuwun pangèstu dhatêng sang prabu sarta para sêpuh ingkang sami sumewa ing ngarsanipun sang prabu. Punapa malih nyuwunakên pangèstu dhatêng ingkang ibu tuwin rayi-rayinipun, sagêda wilujêng lampahipun, sampun ngantos manggih bêbaya pakèwêd ing margi. Sasampunipun kalilan lajêng tata-tata badhe sami bidhalan.

Duryodana bingah priksa para Pandhawa sampun wiwit kenging ing sandi upaya, lajêng manggihi pitadosipun anama Puracana, kadhawahan anglancangi lampahipun para Pandhawa dhatêng ing Waranawata. Wontên ing ngrika kadhawahan adamêl griya ingkang badhe kaangge pondhokan para Pandhawa. Griya wau kalepaa mawi damar sela tuwin awul-awulaning siladan dêling miwah rami sarta sanès-sanèsipun ingkang gampil murubipun. Manawi sampun, gêdhèg ingkang sampun kalepa makatên wau tumuntên kalabura mawi siti ingkang kaulêt kalihan martega, gajih tuwin lisah, punapa malih gêgala (utawi damar sela). Puracana mawi kadhawuhan wantos-wantos, sampun ngantos para Pandhawa tuwin têtiyang ing ngriku wontên ingkang sumêrêp dhatêng prakawis punika wau. Wondene griya wau ing nglêbêt kadhawuhan ngrêngga ingkang asri ingkang endah angrêsêpakên. Yèn Pandhawa tuwin Dèwi Kunthi sampun dumugi ing ngrika, katampènana ingkang prayogi sarta kaaturana pambagya ingkang angrêsêpakên, nuntên kaajaka malêbêt sadaya dalah para panakawan tuwin pandhèrèkipun. Dene manawi sampun sami wontên ing nglêbêt sadaya, sarta sampun sami tilêm kêpatos, griya nuntên kasulêda, supados sadaya tiyang ingkang wontên salêbêting griya sami agêsêng apêrêng.

--- 186 ---

Manawi sagêd kalampahan makatên, tamtunipun botên wontên ingkang ngintên, bilih kabêsmining griya katêmaha, tamtu dipun kintên manawi margi kenging salad kemawon.

Kacariyos Sang Widura, botên kasamaran dhatêng sandi upaya ingkang makatên wau. Pancèn asih dhatêng para Pandhawa. Pramila sarêng sami nguntapakên bidhalipun para Pandhawa, Sang Widura wangsulipun dhatêng Ngastinapura ngantuni. Sanès-sanèsipun sampun sami wangsul, panjênênganipun taksih lastantun ngêtutakên. Wontên ing margi anggènipun tindak tansah cêlak kalihan Yudhisthira kemawon. Ing ngriku ngandika dhatêng Yudhisthira mawi têmbung mănca, botên wontên ingkang mangêrtos, kajawi Yudhisthira. Pangandikanipun inggih botên ngêblak. Makatên pangandikanipun: Yudhisthira, dingati-ati, aja kurang wêweka. Sing sapa manggon ana ing omah kang gampang murube, tur gaweane mungsuhe, kathik ênggone miturut saka karêpe mungsuh mau, iku bisane slamêt mung yèn bisa niru laku-lakuning landhak. Yèn kêrêp anjajah sajroning nagara lan sajabane nagara, bisa wêruh sarupaning dalan kang gupit-gupit lan kang adhakan. Dene kang kêna dianggo pandoman minăngka tatêngêring prênah, iku lintang. Sing sapa sugih graita sarta sugih prayitna, ora bakal kêna ing sandi upayaning mungsuh.

Makatên wulangipun Sang Widura. Yudhisthira inggih lajêng nyandhak kemawon dhatêng suraos sarta êmpaning piwulang. Lajêng matur makatên: Sampun kadhadha sadaya piwulangipun kangjêng paman. Kêkalihipun tumuntên andum wilujêng.

Botên kacariyos lampahipun para Pandhawa wontên ing margi. Sarêng sampun sami dumugi ing Waranawata kapapagakên ing têtiyang ing ngriku akanthi pahargyan ingkang saklangkung angrêsêpakên. Malêbêtipun dhatêng nagari kairingakên tiyang pintên-pintên asuka-suka. (Taksih wontên sambêtipun)

[Iklan]

--- [0] ---


saraganipun. (kembali)
saraganipun.
Nyariyosakên. (kembali)
Nyariyosakên.
ing. (kembali)
ing.
sabab. (kembali)
sabab.