Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-12, #364

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-12, #364. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-12, #364. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 12, Dhesèmbêr 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Kabar Adminisêtrasi

Tunggakan yatra lêngganan taun 1926 badhe katagih sarana pos, kwitansi, para lêngganan kasuwun kaparênga sami ambayar tagihan wau

Adminisêtrasi

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng:

Sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi Ăngka 12

1. Mahabarata.

[Iklan]

--- 187 ---

Ăngka: 12, Dhesèmbêr 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 11)

Ing samargi-margi kampir dhatêng griyanipun tiyang-tiyang ingkang sami kalangkungan. Griyanipun para brahmana, para satriya, para wesiya, para sudra, sami dipun ampiri, adamêl bingahipun tiyang-tiyang ingkang gadhah griya. Sarêng sampun dumugi ing sacêlaking pasanggrahan, Purocana angacarani malêbêt. Inggih lajêng sami malêbêt ing pasanggrahan. Tiyang-tiyang sami kasok sih trêsnanipun dhatêng para satriya wau.

Sarêng para Pandhawa sampun angsal sadasa dintên anggènipun lêrêm wontên ing pasangrahan wau, Purocana wicantên dhatêng para Pandhawa, suka priksa, bilih para Pandhawa sampun dipun sadhiyani griya sanès radi alit, anamung saking èdinipun, pantês sangêt kawastanan Pantisari, jalaran pancèn endah, tur sae angsaripun.

Makatên suraosing wicantênipun Purocana dhatêng para Pandhawa. Griya ingkang sajatosipun badhe adamêl karisakan, kaawadakên sae angsaripun. Ewasamantên saking panêdhanipun Purocana, para Pandhawa inggih lajêng sami pindhah dhatêng griya ingkang sampun kasadhiyakakên wau. Sarêng sampun sami malêbêt ing griya, Yudhisthira mambêt gandaning lisah sarta gajih. Lajêng ngandika dhatêng Arya Bima: Yayi, omah iki wangune kok nglênga têmên, ambune kok gajih wae. Yèn kêgêpok ing gêni rak mak bêl wae iki. Arya Bima lajêng ngajak wangsul kemawon dhatêng pasanggrahan ingkang rumiyin, anamung dipun wangsuli makatên dhatêng ingkang raka: Yayi, mungguh pangrasaku kok apik nuruti [nu ...]

--- 188 ---

[... ruti] panjaluke Purocana, manggon ana ing kene wae, dadi kana ngira yèn aku kowe iki ora ngêrti apa-apa, dadi ora diprayitnani. Mung wae kene aja nganti weya, kudu tansah prayitna wae. Yèn kana ngêrti, nèk aku kowe padha anggraita, Purocana mêsthi banjur duwe kuwatir yèn mrucut, omah masthi age-age diobong, karêbèn aku kowe sasêdulur padha mati kobong kabèh. Sabab, Purocana yèn diêbang marang kakang Duryodana, mêsthi banjur wani nekad, ora wêdi nrajang duraka. Mulane bêcik ayo padha rewa-rewa ayêm, têntrêm. Ing kana aja nganti wêruh yèn ing kene wis duwe kaprayitnan, dadi ing samăngsa-măngsa ana bêbaya, kene bisa ngoncati, tur ing kana ora wêruh yèn aku kowe bisa oncat.

Arya Bima inggih miturut ing pamrayoginipun ingkang raka. Botên antawis lami wontên tiyang dhatêng kapanggih para Pandhawa, cariyos yèn utusanipun Sang Widura. Tiyang wau tukang adamêl landhakan, pinunjul kagunanipun. Wicantênipun makatên: Bêndara, griya punika benjing manawi anglêrêsi măngsa pêtêngan, badhe dipun bêsmi. Pramila panjênêngan badhe kula damêlakên landhakan saking salêbêting griya ngriki, dumugi ing satêngahing wana. Kenginga kangge margi angoncati bêbaya.

Yudhisthira bingah sangêt angsal saraya ingkang makatên punika. Tiyang wau tumuntên miwiti adamêl landhakan agêng sangêt wontên ing satêngahing jogan. Sasampunipun dados, dipun tutupi mawi blabag, dados botên katawis. Sabên dalu para Pandhawa manawi tilêm, dêdamêlipun dipun sandhing kemawon, yèn siyang sami ambêbujêng dhatêng wana ing sakiwa têngênipun ngriku. Prêlunipun ngiras anjajah, supados sagêd sumêrêp dhatêng wontênipun margi-margi ing ngriku. Purocana sarta têtiyang ing salêbêting nagari botên wontên ingkang sumêrêp, bilih para Pandhawa sampun gadhah pandakwa ingkang patitis sarta sampun ajagi-jagi.

Lêlampahan ingkang makatên wau ngantos sataun laminipun. Wasana malah Purocana piyambak ingkang katawis suda kaprayitnanipun, ngintên manawi para Pandhawa sami katungkul ing pakarêman. Yudhisthira lajêng ngandika dhatêng ingkang ibu tuwin ingkang rayi-rayi, suraosipun angèngêtakên, bilih waktu punika sampun mangsanipun oncat.

Anuju satunggaling dintên wanci sontên, Dèwi Kunthi adamêl bujana agêng-agêngan. Kathah sangêt para brahmana tuwin para putri ingkang sami rawuh angèstrèni. Ing dalunipun, sarêng sampun bibaran, sarta para tamu sampun sami wangsul sadaya, wontên tiyang èstri băngsa sudra malarat langkung ing sangajênging griya wau kalihan anakipun jalêr gangsal. Punika dipun ampirakên, sarta sami dipun paringi lorodan dhatêng Dèwi Kunthi. Saking kathahipun anggènipun nêdha têtêdhan, sarta anggènipun ngombe [ngo ...]

--- 189 ---

[... mbe] waragang, ngantos botên sagêd anglajêngakên lampahipun, têmah sami kalajêng tilêm wontên ing griya ngriku.

Sarêng tiyang-tiyang ing salêbêting nagari sampun sami tilêm sadaya, wontên angin agêng gumrubug angebat-ebati. Arya Bima lajêng mêdal saking salêbêting griya amurugi griyanipun Purocana. Griya wau dipun nyunyuk ing latu rumiyin, kapilih prênahing panggenanipun tilêm Purocana. Sasampunipun makatên, lajêng griya damar sela ingkang sami dipun ênggèni punika dipun nyunyuk ing latu majêng sakawan. Sarêng latu sampun wiwit amulad-mulad, para Pandhawa tuwin Dèwi Kunthi sami malêbêt dhatêng landhakan.

Latu ing kalih panggenan wau mulad-mulad akantar-kantar kados rêdi ingkang kabasmi. Dhasar kasêntor ing lampahing angin, kados dipun ububi. Dene griya damar sela wau urubipun kagiri-giri, mawi anggêrêng tur pating jarêthot, pating jarêblos, kados swaraning gêlap ing măngsa kasapta.

Tiyang-tiyang salêbêting nagari sami gègèr mirêng swaraning latu, sami tandang nêdya anyirêp. Anamung botên sagêd têtulung margi saking agênging latu, satêmah sami akêkitrang anggêtuni para Pandhawa. Purocana ingkang dipun umpah-umpah sarta dipun sosot-sosotakên, jalaran punika ingkang kadakwa ambêsmi, sarta dipun wastani dados tuking bilai.

Sarêng sampun prak enjing latu sawêg kenging dipun pêjahi. Tiyang-tiyang lajêng sami sagêd sumêrêp, bilih griya wau dede griya sabaènipun. Lajêng sami mangêrtos, bilih bilai wau pancèn sampun dipun rantam ing sadèrèng-dèrèngipun, botên margi saking katiwasan utawi kenging ing salad. Wondene Purocana kapanggih pêrêng wontên ing salêbêting awuning griyanipun. Sarêng awuning griya ingkang dipun ênggèni para Pandhawa dipun osak-asik, katingal wontên bangkenipun tiyang èstri satunggal sarta tiyang jalêr gangsal. Tiyang-tiyang sami ngintên, bilih punika bangkenipun Dèwi Kunthi dalah putranipun gangsal. Nalika sami ngosak-asik awu wau tukang landhak wau inggih tumut ngrencangi. Anamung anggènipun ngrencangi mawi mrênah-mrênahakên awu dhatêng sanginggiling tutupipun landhakan, sampun ngantos tiyang-tiyang sumêrêp, bilih ing ngriku wontên landhakanipun.

Tiyang-tiyang ing Waranawata lajêng sami ngaturi wuninga dhatêng Ngastinapura, bilih para Pandhawa dalah ibunipun sami pêjah kabêsmi. Prabu Drêstharastra lajêng dhawuh nyandhi awuning bangke-bangke wau sarta lajêng atur pêpuja dhatêng dewa, sang prabu muwun margi ngintên yèn kecalan pulunan sarta ipe. Makatên ugi tiyang-tiyang sanagari inggih sami nangis, margi rumaos katilar ing para satriya ingkang dipun aji-aji. Namung Sang Widura ingkang botên muwun, jalaran sampun priksa gêlat-gêliting lêlampahan sadaya.

--- 190 ---

IX. Oncatipun Para Pandhawa

Para Pandhawa lampahipun wontên ing salêbêting landhakan botên kacariyos. Dangu-dangu dumugi ing jawi, enggal-enggal malêbêt dhatêng salêbêting wanawasa. Nalika samantên taksih nunggil dalu. Sadaya sami arip, pramila lampahipun rareyongan, Sang Bima panggalihipun kirang sabar, ingkang raka sarta ingkang ibu sarta ingkang rayi-rayi dipun rangkus sadaya kabêkta mlajêng. Ingkang ibu kapanggul ing pundhak, Nangkula sarta Sadewa kacangklèk ing bangkekan, Yudhisthira sarta Arjuna kabopong ing bau. Marginipun pêtêng nasak-nasak gagrumbulan. Kathah wit-witan ingkang rungkad utawi kaparapal margi katrajang ing Sang Bima. Tatuwuhan ing wana abosah-basih kados katêmpuh ing lesus. Wasana tindakipun dumugi ing satêpining lèpèn Gangga. Wontên ing ngriku kapanggih utusanipun Sang Widura sampun sadhiya baita, pancèn badhe nyabrangakên. Lampahing toya sarta angin, punapa malih trampilipun tiyang-tiyang ingkang sami nglampahakên baita sami adamêl gampiling panyabrang. Botên dangu sampun dumugi ing sisihing lèpèn ingkang ngrika. Lajêng sami minggah dhatêng dharatan, tindak mangidul mawi panêngêran lintang. Dene ingkang wontên ing ngajêng: Sang Bima, prêlunipun supados sagêd miyak galagah tuwin rayungan ingkang wontên ing wana. Manawi sami karaos sayah lajêng dipun candhak dhatêng Sang Bima, dipun bopong sarta dipun panggul. Samargi-margi tansah nandhang sangsara: ngêlak tuwin luwe sarta arip. Yèn sare sami angglethak saênggèn-ênggèn. Nalika samantên agêm-agêmanipun namur brahmana, awarni klokopaning kajêng. Tindakipun kalunta-lunta ngantos têbih, anglangkungi padhusunan tuwin nagari pintên-pintên. Wasana dumugi ing nagari Ekacakra. Ing ngriku kapanggih kalihan brahmana ingkang ambêg pinandhita. Sami kapurih manggèn ing griyanipun, inggih sami karsa. Wondene gêsangipun cara biksu. Yèn siyang kêkesahan dhusun-ngadhusun apapriman, manawi dalu wangsul dhatêng pondhokan. Angsal-angsalanipun papriman kaaturakên dhatêng ingkang ibu. Lajêng kaêdum dados kalih panduman, ingkang sapalih kaparingakên dhatêng Arya Bima piyambak, ingkang saduman kadhahar dhatêng Dèwi Kunthi dalah putra-putra sakawan sanèsipun. Ngantos lami anggènipun nglampahi makatên wau kasambi anggilut suraosipun Sêrat Wedha.

Anuju satunggaling dintên, brahmana ingkang dipun pondhoki para Pandhawa wau katamuan Brahmana Sadu. Dèwi Kunthi sarta para putranipun sami mirêngakên cariyosipun brahmana wau. Sang brahmana kathah cariyosipun bab anggènipun anjajah nagari. Inggih mawi nyariyosakên bilih badhe wontên sayêmbara pilih ingkang ngebat-ebati. Wondene ingkang ngadêgakên sayêmbara: Dèwi Dropadi, putrinipun ratu ing Pancala. Sang brahmana sakalangkung panggunggungipun dhatêng endahipun Dèwi [Dè ...]

--- 191 ---

[... wi] Drupadi. Socanipun gumêbyar sumunu, remanipun ngandhan-andhan wilis. Para Pandhawa anggènipun mirêngakên cariyos wau mawi nganggit ing salêbêting manah. Wasana lajêng sami karungrungan.

Dèwi Kunthi botên kasamaran dhatêng karêntêging galihipun para putranipun, lajêng dhawuh dhatêng Sang Yudhisthira makatên: Yudhisthira, kok wis lawas têmên ênggonku padha dadi gawene sang brahmana. Apa manèh wis kêrêp têmên ênggonmu padha papriman mênyang wong-wong sajroning nagara kene sarta ing desa-desa sakubênge. Mêsthine rak ya padha jêlèh kêrêp kojêjaluki iku. Mulane pawèwèhe saiki iya ora sapiraa. Bok coba saiki ayo padha ngalih mênyang Pancala wae, bokmanawa ing kana rada gampang golèk rêjêki.

Para Pandhawa mirêng dhawuhipun ingkang ibu makatên wau rumaos kapasang yoga sangêt, pramila lajêng pamitan dhatêng brahmana ingkang dipun pondhoki, badhe alihan dhatêng nagarinipun Prabu Dropada. Inggih dipun lilani sarta dipun pangèstoni. Tumuntên sami mangkat. Wontên ing margi lampahipun nyarêngi lampahipun para brahmana ingkang inggih badhe dhatêng nagari Pancala. Para brahmana wau sami cariyos, bilih ing Pancala wontên sayêmbara pilih, pramila para Pandhawa kaajak sami ningali. Wicantênipun makatên: Sadhèrèk, kathah para raja tuwin rajaputra ingkang sami badhe ngadêgi sayêmbara punika. Tamtu kathah anggènipun sami adêdana dhatêng para brahmana, sabab sami ngangkah supados kuncara asmanipun. Tamtunipun kula sampeyan punika rak inggih kacipratan radi kathah, tur sagêd ngiras ningali kawontênanipun sayêmbara. Tatingalan punapa kemawon botên kirang. Tiyang ambarang ngrêrêpi utawi ura-ura ingkang ngalêmbana dhatêng para ratu wau tamtu inggih kathah. Pramila suwawi sami sêsarêngan ningali. Malah bokmanawi sang dèwi milih sampeyan salah satunggal, sintên sumêrêp. Bêgjanipun tiyang botên kenging.

Para Pandhawa manahipun sami măngkog. Pancèn anggènipun badhe dhatêng Pancala punika inggih sayêmbara wau ingkang dipun kajêngakên, pramila dipun ajak dhatêng para brahmana wau kados dhayung angsal kêdhung. Manahipun sami adaya-daya enggala dumugi ing papaning sayêmbara. Sarêng sampun dumugi ing salêbêting nagari, Dèwi Kunthi saputranipun sami mondhok ing griyanipun kundhi. Wontên ing ngriku gêsangipun inggih cara brahmana, sami nêdha kadarman dhatêng têtiyang salêbêting nagari. Tiyang-tiyang inggih sami ngintên, manawi punika brahmana sayêktos, botên sumêrêp bilih sajatosipun satriya anamur lampah.

X. Sayêmbaranipun Dèwi Drupadi

Prabu Drupada kagungan putra-putri sakalangkung endah warnanipun, anama Dèwi Drupadi. Sampun lami kapengin mundhut mantu dhatêng Sang Arjuna,

--- 192 ---

namung pakèwêd anggènipun minangkani. Wasana lajêng utusan damêl gandhewa ingkang sakalangkung kakên. Kaangkah sampun ngantos wontên tiyang ingkang kawawa mênthang kajawi Sang Arjuna. Sasampunipun dados, lajêng ngadêgakên sayêmbara makatên: Sintên ingkang kawawa mênthang gandhewa wau, sarta manah lesan ingkang kapasang inggil ing awang-awang ngangge gandhewa wau, badhe kapundhut mantu, kaangsalakên Dèwi Drupadi.

Botên lami sayêmbara wau misuwur ing pundi-pundi, wasana kathah putra raja sarta pandhita ingkang sami nglêbêti sayêmbara. Duryodana sarta para Kurawa inggih sami dhatêng kairing dhatêng Karna. Sadaya sami sinungga-sungga dhatêng Prabu Drupada.

Panggenaning sayêmbara wontên ing salèr wetaning kitha. Kathahing tiyang ingkang sami ningali tanpa wicalan, prasasat kados dipun sokakên dhatêngipun, swaranipun gumrunggung kumruwuk sakalangkung rame. Nalika samantên para Pandhawa inggih tumut ningali, amor kalihan tiyang-tiyang kathah, panganggenipun cara brahmana. Pasanggrahaning para nata, para satriya, rinêngga ing buntal, angubêngi papaning sayêmbara, sakalangkung asri tiningalan. Wontên ing ngriku sami amangun suka sarta paring dana ambanyu mili dhatêng tiyang ingkang sami kasangsara. Sangsaya dangu anggènipun andrawina malah sangsaya rame. Sarêng dumugi ing nêm dintênipun, sang putri miyos dhatêng papaning sayêmbara, ngendah sarira sarta ngadi busana tuwin ngagêm buntal sêkar kancana pinatik ing sêsotya, cahyanipun kados angêsorna diwangkara.

Sawarnining têtabuhan lajêng kasuwuk. Puruhitaning kadhaton lajêng amêmuja dhatêng dewa, ambasmi dupa ratus, kukusipun kumêlun, ngayuh ing dirgantara. Tiyang-tiyang sami kèndêl anjêjêp, sidhêm pramanêm, botên wontên ingkang nyabawa. Rayinipun sang dèwi ingkang lair dhampit kalihan sang dèwi anama Drêsthajumna anganthi ingkang bok ayu, kabêkta manêngah, lajêng ngandika kumlènthèng arênyah makatên: He, para raja, para nata, ingkang sami lênggah wontên ing ngriki. Kula ngaturi priksa ing panjênêngan sadaya, yèn gandhewa ingkang dados sayêmbara, sumèlèh ing ngajêng kula punika, jêmparing sarta lesanipun sampun mirantos. Sintên ingkang sagêd amênthang gandhewa punika, sarta sagêd manah ngengingi lesanipun, badhe dados jatukramanipun kakang êmbok punika.

Sasampunipun ngandika makatên, Radèn Drêsthajumna lajêng matur dhatêng ingkang bok ayu, mratelakakên namaning para raja ingkang sami nglêbêti sayêmbara, sarta mratelakakên lêlabêtan utawi kaprawiranipun.

Para raja sarta para sinatriya sami jumênêng, katingal sami bagus-bagus, anèm-anèm, tur karêngga ing busana sarwa endah. Sarêng sami sumêrêp dhatêng warninipun Dèwi Drupadi sami karungrungan. Ingkang waunipun mêmitran, sami ewa-ingewanan, sabab kuwatos manawi kasoran. Sanak sarta sadhèrèk inggih

--- 193 ---

sami ngandhut drigama. Para Pandhawa inggih sami kandhuhan brăngta, nanging botên kapaèlu dhatêng para raja utawi satriya sanèsipun. Para dewa sami tumurun angèstrèni adêging sayêmbara wau, mawi anjawahakên sêkar. Swaraning têtabuhan umyung gumuruh angèbêki papaning sayêmbara. Makatên ugi tiyang ingkang sami ningali jêjêl uyêlan-uyêlan, ngantos karetanipun para dewa botên sagêd langkung.

Para sinatriya lajêng gêntos-gêntos tumandang angêtog kadibyan, nêdya mênthang gandhewa. Ananging botên wontên ingkang kuwawi, malah kathah ingkang kêpancal ing gandhewa wau ngantos dhawah kêrangkang-rangkang, wontên ingkang kajêmpalik gulung koming. Polatanipun sami anjalêbut sêmu kawirangan.

Sang Karna lajêng majêng, gandhewa kacandhak sarta kaêmbat, kapênthang katawis botên rêkaos. Gandhewa malêngkung abuwêng kados rêmbulan tanggal sapisan. Jêmparing kaêtrapakên ing gandhewa badhe kalêpasakên dhatêng ing lesan.

Dèwi Drupadi sarêng priksa yèn gandhewa sagêd kapênthang, măngka ingkang mênthang Sang Karna, lajêng anjêlih karuna. Pangandikanipun makatên: Aku ora sotah laki olèh wong turun pidak padarakan.

Sang Karna mènjêp, lajêng tumênga ngawasakên Sang Hyang Arka sarwi ambucal gandhewa ingkang wontên ing astanipun.

Sasampunipun punika taksih wontên raja tiga ingkang nêdya mênthang gandhewa wau, nanging botên wontên ingkang kuwawi. Gandhewa tansah pugal, mancal dhatêng ingkang amênthang.

Sarêng para raja sampun têlas sadaya, botên wontên ingkang kaconggah mênthang, Sang Arjuna lajêng ngadêg, panganggenipun cara brahmana, sarta lênggahipun inggih kêmpal kalihan para brahmana. Mila tiyang-tiyang ingkang sami nonton inggih sami kagawokan, dene brahmana tumut anglêbêti sayêmbara. Wicantênipun makatên: La wong brahmana isih bocah mangkono kok arêp mèlu-mèlu mênthang gêndhewa. Măngsa kuwata, wong ora tau nyêkêl gaman. Rara-raja sing rosa-rosa ora kuwat, kok kuwi arêp mèlu-mèlu. Aja awèh, kuwi. Mundhak ngisin-isini kancane brahmana wae.

Wontên ingkang mangsuli: Karêbèn, ta. Wong isih nonoman, tur bagus rupane. Wangune bênthot kaya gajah, sêmune ayêm kaya gunung Mahamèru. Mênawa-mênawa bisa ambangkat.

Sang Arjuna sampun dumugi ing panggenanipun gandhewa, anjêjêr kados rêdi. Lajêng sujud dhatêng Sang Hyang Wasesa. Tumuntên lumampah angubêngi gandhewa. Gandhewa lajêng dipun candhak sarta kapênthang. Jêmparing gangsal pisan kaêtrapakên ing gandhewa, kalêpasakên dhatêng lesan. Lesanipun kenging, dhawah ing siti.

Tiyang ingkang sami ningali sami surak mawurahan,

--- 194 ---

swaranipun kados anjêbol-jêbolna langit. Para dewa anjawahakên sêkar ing sirahipun Sang Arjuna. Para brahmana pintên-pintên èwu sami angobat-abitakên samiripun, mratandhani bingahipun. Namung para raja ingkang sami kacuwan lajêng sami pêtak-pêtak anglairakên bêntèring manahipun. Têtabuhan sangsaya umyung swaranipun, tiyang-tiyang sami gambira angalêmbana dhatêng sang pinunjul ingkang unggul ing sayêmbara. Prabu Drupada priksa yèn Sang Arjuna ingkang angêntasi karya sakalangkung kascaryan galihipun. Makatên ugi Dèwi Drupadi rumaos bêgja linangkung sarêng priksa dhatêng ingkang unggul ing sayêmbara, lajêng amurugi Sang Arjuna mawi ambêkta oncèn sêkar, pangagêmanipun sutra pêthak ambalêrêngi.

Sarêng swaraning têtabuhan sarta swaraning tiyang sampun radi mêndha, Yudhisthira kalihan ingkang rayi kêmbar lajêng mêdal saking papaning sayêmbara. Sang Arjuna inggih badhe andhèrèkakên, kalihan anganthi Dèwi Drupadi. Ananging para raja ingkang sami kacuwan, sangêt botên sarjunipun, lajêng sami wicantên sora: E, lah, kêparat, aku iki padha dianggêp apa. Pangrasane apa godhong jati garing wae. Karo manèh Drupada kok ayêm bae wangune, anake digawa marang wong kang kaya mêngkono. Iku rak kaya upamane wong nandur têtanduran, barêng arêp uwoh, jêbul dibêdhol dhewe. E, iya, kowe, ora lêga ora lila aku. Rasakna krodhaku.

Para raja wau lajêng sami anyandhak dêdamêl badhe angrubut dhatêng Prabu Drupada. Prabu Drupada panggalihipun miris, lajêng amurugi panggenanipun para brahmana nêdha tulung. Sang Bima kalihan Sang Arjuna lajêng sami majêng angalang-alangi dhatêngipun para raja-raja wau. Bima lajêng anjêbol uwit nagasari, Sang Arjuna nyêpêng gandhewa kalihan jêmparing, jèjèr kalihan Sang Bima, anadhahi dhatênging mêngsah.

Nalika samantên Sang Krêsna kalihan Baladewa inggih anglêrêsi ningali sayêmbara wau. Sarêng priksa dhatêng Arjuna sarta dhatêng Bima, botên pandung. Krêsna ngandika dhatêng ingkang raka: Kakangmas, ingkang nyêpêng gandhewa dibya punika tamtu pun Arjuna, dene ingkang nyêpêngi uwit nagasari punika sampun saèstu pun Bima. Yèn tiyang sanès, măngsa kaconggaha makatên. Dene tiyang neneman ingkang bagus, irungipun ambangir punika wau, pun Yudhisthira. Ingkang angiringakên: pun Nangkula sarta Sadewa. Kula sampun mirêng kabar, bilih bibi Kunthi dalah putranipun, botên seda kabasmi wontên ing griya ingkang isi damar sela rumiyin punika.

Para brahmana sami gambira, panganggenipun wacucal menda sami dipun obat-abitakên, kados angrencang-ngrencangana dhatêng Arjuna sarta Bima. Nanging Sang Arjuna ayêm kemawon, wicantên makatên: Wis, aja padha

--- 195 ---

mèlu-mèlu. Sawangên wae aku, tak ladènane para raja iki.

Nalika samantên Sang Karna ayun-ayunan kalihan Sang Arjuna. Kêkalihipun sami pêkik-pêkik, pantês dados kondhanging bawana. Satriya kalih sami anglêpasakên jêmparing naracabala, kumutug, kumêbul pindha pêdhut, angêbaki papan paprangan, angampak-ampak kados kukus, anglimputi sariranipun satriya kalih. Botên dangu Sang Karna andhawah ing siti: kabranan. Nanging namung sakêdhap, lajêng nglilir anjênggirat, angantêp pêrangipun. Ewadene botên sagêd ngawonakên Sang Arjuna. Lajêng mundur.

Nalika samantên Sang Bima sawêg rame-ramenipun pêrang, angikal gada mobat-mabit kados jinăntra. Dangu-dangu mêngsahipun dipun candhak sarta kawasuh, lajêng kauncalakên têbih.

Para raja, sarêng sumêrêp tandangipun satriya kalih wau lajêng kraos wêgah. Sami dipun eman dhatêng Sang Krêsna, sampun ngantos mangsah pêrang. Inggih miturut, sarta lajêng sami wangsul dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Ngungun sangêt, dene makatên kawusananing sayêmbara wau.

XI. Para Pandhawa Krama

Sang Arjuna kalihan Sang Bima sagêd miyak margi, ambêkta Dèwi Drupadi dhatêng pondhokan, ing griyanipun kundhi. Dèwi Kunthi sampun dangu anggènipun angantu-antu ngêntosi dhatêngipun ingkang putra, jalaran ngantos lungse, botên dhatêng-dhatêng. Para putra rawuhipun sampun rêpêt-rêpêt, sami matur makatên: Ibu, punika lo, sampeyan priksani, angsal-angsalan kula ing dintên punika. Dèwi Kunthi nalika samantên panuju wontên ing sênthong, botên priksa warninipun ingkang dipun aturakên dhatêng ingkang putra, mangsuli saking nglêbêt makatên: Iya, wis ta, padha panganên sasêdulurmu.

Sawêg cul pangandikanipun makatên wau, priksa dhatêng Dèwi Drupadi kairingakên dhatêng para satriya. Dèwi Kunthi sakalangkung kampita, lajêng ngandika: Êlo, lo, lo, la aku kok jêbul calathu mangkono, iki mau.

Dèwi Kunthi lajêng nyandhak astanipun Dèwi Drupadi, kabêkta dhatêng ngajênganipun Yudhisthira. Dèwi Kunthi ngandika: Iki mau aku ora wêruh sing padha kogawa, dadi kêtrucut gunêmku mêngkene: Padha panganên sasêdulurmu. Saiki kêpriye rêmbugmu, supaya aku aja padha kêbanjur nêmu pakewuh.

Yudhisthira sasampunipun anggalih-galih sakêdhap, lajêng ngandika dhatêng Sang Arjuna: Adhi, sarèhne kowe sing nglêboni sayêmbara, dadi kowe sing wênang anduwèni Dèwi Drupadi, iku dadia jodhomu.

Sang Arjuna mangsuli: Kadospundi, kangmas, kula kok sampeyan karsakakên anglangkahi sampeyan, sarta kangmas Bima. Sampun saèstu kula botên purun.

Para sadhèrèk sami kawêkèn, sarta gêntos-gêntos pandêngan kalihan Dèwi Drupadi.

--- 196 ---

Sadaya sami karungrungan dhatêng Dèwi Drupadi, sabab Dèwi Drupadi pancèn endah linangkung. Yudhisthira anggraita punapa ingkang wontên ing salêbêting manahipun para sadhèrèk, lajêng ngandika: Ya wis, ta, bêcike Drupadi iki dadia bojone sadulur lima.

Anggènipun ngandika makatên wau jalaran kuwatos, bokmanawi sami pradondi, têmah badhe adamêl tiwasipun sadhèrèk gangsal pisan.

Sawêg dumugi samantên anggènipun sami imbal pangandika, Sang Krêsna kalihan Sang Balarama malêbêt, sami pratela, yèn sariranipun sarta ingkang rayi punika kalêrês sadhèrèkipun nak sadhèrèk. Yudhisthira matur gumun, dene Sang Krêsna botên pangling, măngka para Pandhawa sami namur brahmana. Krêsna mangsuli sarwi mèsêm: Yayi, gêni kuwi sanajan katutupana, măngsa ilanga larine, mêsthi isih ana tăndha tandhane. Mangkono uga para Pandhawa, ditutup-tutupana, mêsthi iya isih katara bae. Mara, sapa bisa ngubalake kasantikan kaya mangkana kae mau liyane para Pandhawa. Aku wong loro padha bungah, dene bisa nyatakake, yèn kowe ora padha mati dhèk kobonge Bale Sigala-gala kae biyèn.[1] Olèhku mrene iki pancèn kêplantrang-plantrang anggolèki kowe, ngisêp-isêp kabar. Saiki wis padha katêmu raharja, aku arêp padha bali.

Sadhèrèk kêkalih lajêng sami wangsul dhatêng nagari.

Sontên punika Dèwi Drupadi olah-olah badhe nyadhiyani para Pandhawa. Dèwi Kunthi ingkang anuntuni. Sarêng sampun matêng lajêng dipun êdumakên. Sarêng para Pandhawa sampun sami dhahar, joganipun dipun lèmèki rumput aking dhatêng Dèwi Drupadi, lajêng dipun tumpangi wacucal menda, kangge lèmèk tilêm tiyang sagriya. Lajêng sami mapan tilêm. Dèwi Kunthi wontên ing ulon-ulon, Dèwi Drupadi wontên ing dagan. Para sadhèrèk wau lajêng sami wicantênan. Ingkang dipun ginêm namung prakawis dêdamêl, rata, liman, jêmparing, lamêng sarta pecok kemawon.

Nalika samantên sadhèrèkipun Dèwi Drupadi ingkang anama Drêsthadyumna mirêngakên anggènipun sami rêrêmbagan wau wontên ing sênthong sanès. Pancèn lampahipun wau niyat ngisêp-isêp, badhe sumêrêp, sintên sajatosipun ingkang mênang wontên ing sayêmbara punika. Enjingipun anggagat raintên, Radèn Drêsthadyumna enggal-enggal wangsul dhatêng nagari, ngaturakên ingkang dipun mirêngi punika dhatêng ingkang rama. Prabu Drupada sarêng priksa dhatêngipun ingkang putra, enggal-enggal andangu: Mara, enggal kăndhaa, sapa sing amboyong putraku. Rak dudu wong sêmbarangan bae, ta. Pangarêp-arêpku, ambok iya

--- 197 ---

Si Arjuna: wong kae. Harak iya Arjuna ta, sing bisa ngênani lesan kae.

Radèn Drêsthadyumna matur: Rama, pancèn inggih dede tiyang sêmbarangan, sarta dede brahmana. Yèn nitik rêmbagipun, kados-kados satriya trahing kusuma. Yèn miturut gumyahing pawartos, punika para Pandhawa.

Para Pandhawa botên sami ngatingal-ngatingal malih. Sarêng sami kabayang karya wontên ing nagari Pancala, para Pandhawa sawêg sami mrasajakakên asal kamulanipun. Sang Prabu sakalangkung rêna panggalihipun, dene cocog kalihan kintên-kintênipun, namung kemawon ragi pakèwêd panggalihipun, dene putranipun putri satunggal, kagarwa ing satriya gangsal. Ewasamantên Sang Yudhisthira botên karsa nyandèkakên pangandikanipun ingkang sampun kawêdal pangandikanipun makatên: Kula punika sasadhèrèk, angsal punapa-punapa kemawon inggih kaêdum. Pramila Dèwi Drupadi punika inggih dadosa gadhahan kula tiyang gangsal.

XII. Adêgipun Nagari Indraprasta

Sampun misuwur bilih para Pandhawa botên saèstu pêjah kabêsmi wontên ing griya damar sela. Sami sagêd oncat sarta ing wusananipun sagêd anggarwa Dèwi Drupadi. Para Kurawa inggih sami mirêng pawartos wau, pramila sami anjêtung. Para Kurawa saunduripun saking anggènipun anglêbêti sayêmbara lajêng sami wangsul dhatêng nagari Astinapura, asuntrut pasêmonipun. Sarêng Sang Widura priksa dhatêng pasêmoning para pulunanipun, lajêng kagungan pangintên, yèn sami nandhang prihatos, pramila lajêng kadangu jalaranipun. Para Kurawa tumuntên ngaturakên tiwasing lampahipun: Anggènipun anglêbêti sayêmbara botên angsal damêl, sarta matur bilih ingkang angêntasi damêl, para Pandhawa. Sang Widura lajêng sowan dhatêng ngarsanipun ingkang raka: Prabu Drêtarasthra,[2] matur asuka-suka bilih para Pandhawa taksih gêsang sarta sampun krama angsal Dèwi Drupadi. Prabu Drupada tamtu badhe dados sarayanipun para Pandhawa, adamêl kêkahipun. Prabu Drêtarasthra midhangêt aturipun ingkang rayi makatên wau ngatingalakên rênaning panggalihipun. Anamung sarêng Sang Widura sampun mundur saking ngarsanipun lajêng animbali para putranipun, sami rêraosan ngupados guna sarana sagêdipun angimpês dhatêng para Pandhawa. Duryodana ngaturi rêmbag, prayogi Pandhawa dipun sirnakakên sarana alus, kados ta: dipun damêl sagêda cêcongkrahan kalihan sadhèrèkipun piyambak, supados sami pêjah-pinêjahan piyambak, utawi dipun reka murih rênggangipun kalihan Prabu Drupada. Utawi Bima dipun pêjahi rumiyin, supados Pandhawa ical jêjêd wêngkunipun. Yèn Bima sampun pêjah, sadhèrèk-sadhèrèkipun tamtu botên badhe ambăndakalani. Anamung rêmbag ingkang makatên wau Adipati Karna sangêt [sangê ...]

--- 198 ---

[... t] anggènipun anduwa, sabab sumêrêp, bilih para Pandhawa sampun kawêdal prasêtyanipun, bilih sami sabaya pêjah sabaya gêsang. Upaminipun tigan sapatarangan, pêcah satunggal, pêcah sadaya, pêjah satunggal, pêjah sadaya. Anggènipun makatên wau jalaran sumêrêp, yèn botên patos kasinungan ing pangawasa. Sagêdipun santosa namung sarana angêkahakên têtangsuling anggènipun akêkadang. Punapa malih Prabu Drupada tamtunipun inggih botên badhe ngènthèngakên dhatêng rêngganging têpangipun kalihan Pandhawa, ingkang mawi para Pandhawa sampun têtela bilih pinunjul ing kautamèn. Adipati Karna mrayogèkakên, para Pandhawa katantanga pêrang kemawon, ngegla sami prawira. Dene murih supados sagêd mêsthèkakên mênangipun, kêdah dipun lêksanani enggal-enggal, dados para Pandhawa dèrèng tata-tata sarta dèrèng sagêd nyuruhi sarayanipun.

Prabu Drêtarasthra lajêng nantun dhatêng para putra kadugi lan botênipun anglêksanani atur pirêmbagipun Adipati Karna ingkang makatên wau. Aturipun para putra: Kadugi. Prabu Drêtarasthra lajêng nglêmpakakên para nayaka tuwin para pinisêpuh akanthi dhanganing panggalih.

Rêsi Bisma, Drona sarta Sang Widura sami botên mrayogèkakên, sabab para Pandhawa pancèn inggih tumut gadhah nagari Ngastinapura punika, botên beda kalihan para Kurawa. Pramila para sêpuh wau mrayogèkakên, supados para Pandhawa karampèka sarta katimbalana wangsul dhatêng Ngastinapura. Lajêng kaparingana sapalihing nagari. Prakawis ingkang pancènipun kenging dipun rampungi saèn-saenan, kok badhe dipun saranani pêrang. Punapa botên ajrih sapudhêndhaning jawata.

Prabu Drêtarasthra midhangêt aturipun para sêpuh wau panggalihipun lajêng luluh, tumuntên anglampahakên utusan dhatêng Pancala ngaturi pisungsung sêsotya nawarêtna tuwin pèni-pèni, punapa malih nyuwun para Pandhawa, kaparênga wangsul dhatêng Ngastinapura dalah Dèwi Kunthi sarta Dèwi Drupadi.

Prabu Drupada inggih marêngakên, punapa malih Krêsna sarta Baladewa sami anjurungakên wangsulipun. Pramila lajêng sami pradangdosan badhe wangsul dhatêng nagari Ngastinapura. Dèwi Kunthi sarta Dèwi Drupadi botên kantun.

Prabu Drêtarasthra sarêng mirêng bilih para Pandhawa sampun sami mèh dumugi ing Ngastina, lajêng utusan putranipun sawatawis mêthuk. Sarêng sami lumêbêt ing nagari, tiyang-tiyang sami bingah-bingah asurak-surak.

Sarêng sampun sami ngaso sawatawis, lajêng kadhawuhan sowan ing ngarsanipun Prabu Drêtarasthra. Sang Prabu dhawuh makatên: Ênggèr, sira wus padha ingsun sudhiyani panggonan rada adoh saka kene, aran desa Kandhawaprasta, supaya aja tansah congkrahan bae karo kakang-kakangira. Mulane sira bêcik nuli mangkata [mang ...]

--- 199 ---

[... kata] mrana. Sarta sira ingsun wênangake ngêrèh saparoning nagara Ngastinapura.

Para Pandhawa inggih andhèrèk dhawuhipun ingkang uwa kanthi sarjuning manah. Sasampunipun nyuwun pamit, lajêng sami bidhal dhatêng Kandhawaprasta. Krêsna sarta Baladewa angiringakên, wondene dhusun ingkang kadhawuhakên wau, sayêktosipun wujud wana ingkang sêpên, sitinipun dèrèng nate dipun ênggèni ing tiyang. Anamung sarêng para Pandhawa sampun sami têtruka wontên ing ngriku, siti lajêng dipun upakara, dipun cithak badhe kadamêl kraton. Botên antawis lami kraton wau ngadêg, mawi babiting kandêl sarta jêjagang lêbêt. Margi-marginipun wiyar-wiyar sarta waradin. Wondene kadhatonipun dumunung ing siti lêmpar, anjêgarang tur singêr. Ing sakubênging nagari kathah patamananipun endah-endah, kêkajênganipun pating grêmbêl angrêmbaka, sasêkaranipun asri angrêsêpakên, sinaba ing pêksi mawarni-warni, sami mungêl adamêl lam-laming pandulu tuwin pamirêng. Ing patamanan wau inggih wontên bèji tuwin sêndhangipun wêning alerab-lerab. Mungguh sangêt kangge lêlangên para luhur. Nagari wau lajêng kanamakakên Indraprasta. Kathah para brahmana tuwin sudagar punapa malih para mardiguna saking nagari sanès ingkang sami alihan manggèn ing nagari Indraprasta wau.

Prabu Yudhisthira anggènipun ngasta nagari kanthi adil aparamarta. Sariranipun piyambak ingkang minăngka dados tatuladanipun para kawula. Dhasar ratu ambêg pinandhita, panggalihipun sarèh tur lêgawa. Tansah manggalih dhatêng karaharjaning dasih, tur botên kasupèn adamêl sukaning para wadya. Awit saking sagêdipun angasta nagari, tiyang-tiyang sami ajrih asih dhatêng sariranipun, sami katularan sumungkêm dhatêng ingkang Mahakawasa. Pramila tiyang-tiyang sami wêwah ing kamursidanipun. Wondene ingkang dipun agêm cacêpêngan ing bab pangastaning nagari, wêwulang makatên ungêlipun: Sarupaning uwong wènèhana miturut wawênange. Ing nagari Indraprasta botên wontên colong jupuk, punapa malih prakawis panganiaya inggih sêpên, raja tatu raja pêjah têbih. Pamicara saru ingkang adamêl sêriking manah sami kasirik. Ingkang wontên namung basa rahayu tuwin lampah sae, satêmah nagari Indraprasta gêmah aripah krêta raharja.

Wondene rayi-rayinipun inggih sami kumawula ambangun turut, rumaos bêgja linangkung. Tansah angêlar jajahan, ananêlukakên para ratu ingkang wontên ing sakiwa têngêning nagari. Wasana Prabu Yudhisthira kamulyanipun tuwin kaluhuranipun kalangkung-langkung. Pramila lajêng wontên ingkang anyundhul atur, supados karsaa adamêl bujana rajasuya, murih punjuling kaluhuranipun dipun akênana dhatêng para raja sanèsipun. Anamung Prabu Yudhisthira botên lajêng karsa kemawon andhahar atur ingkang makatên wau, sabab rumaos awrat, [awra ...]

--- 200 ---

[... t,] yèn ta lajêng angêngkokana makatên, sabab inggih lajêng awrat têtanggêlanipun. Pramila lajêng mundhut rêmbag dhatêng para brahmana punapa malih dhatêng para nayaka. Sadaya wau inggih sami jumurung, makatên aturipun: Mahaprabu, sampun mungguh sangêt manawi panjênêngan dalêm akarya bojana rajasuya punika, para abdi dalêm sadaya ingkang kadugi nyanggi bot repotipun.

Prabu Yudhisthira mêksa dèrèng karsa andhahar atur wau, jalaran priksa bilih kasagahan punika wontên ingkang namung mijil saking gênging katrêsnan, botên ngetang agênging pringgabaya ingkang badhe andhatêngi. Wontên malih ingkang namung mijil saking gênging kamelikan. Bokmanawi wontên ingkang kawêdal ing têmbung manuhara namung margi gadhah pangajêng-ajêng kapiturutana, gadhah pangangkah badhe sagêd katut mindhak kamulyanipun, kabêkta saking ungguling juriting ratu gustinipun. Namung wontên priyagung satunggal ingkang kagalih sêpên ing pangangkah utawi kamelikan ingkang tumrap sariranipun piyambak, tur kalêbêt wangsanipun piyambak, ingkang dipun trêsnani sarta dipun pêpundhi sangêt, inggih punika: Mahaprabu Krêsna. Pramila Prabu Yudhisthira lajêng nglampahakên utusan dhatêng nagarinipun para yadawa, ngaturi Prabu Krêsna enggal-enggalan. Botên dangu Prabu Krêsna rawuh kadhèrèkakên utusan wau.

Para nata tuwin satriya lajêng sami pirêmbagan prakawis bujana wau. Tumraping para kawula punapa sae punapa botên. Lajêng sami ngrêmbag mênggah panguwasanipun nagari-nagari ingkang wontên ing sakiwa têngênipun, punapa malih agêng alitipun tuwin awon saening pambêkanipun ratunipun. Tumuntên angrêmbag ingar-ingêring lampahing bujana, sampun ngantos wontên kuciwanipun ing salêbêting bujana.

XIII. Bojana Rajasuya

Kajujug cariyosipun, Sang Yudhisthira sampun jumênêng ratu ing nagari Indraprasta, luhur kamulyanipun, wiyar jajahanipun, têbih kuncaranipun. Lajêng wontên ingkang ngaturi rêmbag, supados sang nata adamêla wiwiha[3] rajasuya. Sarêng sampun karêmbag dangu kalihan Sri Krêsna, lajêng katêtêpakên dintênipun, sarta karancang pundi para raja ingkang badhe dipun ulêmi.

Sarêng sampun dumugi ing dintên dhawahing wiwaha kathah para raja ingkang sami dhatêng. Sarêng sampun pêpak ulêm-ulêmanipun, lajêng wiwit. Para raja ingkang sami têluk, sami jor-joran anggènipun nyumbang. Dene Sang Yudhisthira, anggènipun nampèni tamunipun sakalangkung angrêsêpakên, para brahmana sami kaparingan dana kathah, sarta lajêng sami amêmuja tuwin asêsorah, murih rêsêping para tamu. Anggènipun makatên wau ngantos sawatawis dintên.

Sarêng sampun dumugi ing dintên ing wêkasan piyambak, para raja tuwin para brahmana sami

--- 201 ---

ngrubung Sang Yudhisthira prêlu badhe ngaturakên pêpuja sarta sêsanti. Wondene ingkang pinunjul piyambak kaluhuranipun: Sang Krêsna, têdhak Yadu, titising Sang Hyang Wisnu, inggih Sang Hyang Kesawa.

Sarêng Yudhisthira badhe ngaturakên panuwun sarta panêmbrama dhatêng para tamu, mawi nyuwun rêmbag dhatêng Sang Bisma, sintên ingkang prayogi dipun rumiyinakên, Sang Bisma paring pitêdah, bilih ingkang kêdah kadamêl unggul: Sang Krêsna. Sang Yudhisthira inggih miturut, sarta lajêng anglêksanani. Sri Krêsna inggih karsa anampèni panêmbrama wau.

Ing pasamuwan wau wontên raja saking nagari Cêdhi, anama Prabu Sisupala. Sakalangkung botên sarju, dene Sri Krêsna dipun damêl unggul. Sang Bisma kalihan Sang Yudhisthira sami dipun uman-uman. Punapa malih Sri Krêsna inggih dipun ungêl-ungêli. Makatên têmbungipun: He Prabu Yudhisthira, kadospundi, dene anggèn sampeyan anêmbrama para raja punika, ingkang sampeyan rumiyinakên kok pun Krêsna. Măngka punika dede raja. Punapa ta jalaranipun, dene Krêsna sampeyan unggul-unggulakên angungkuli para raja agêng-agêng sarta sêpuh-sêpuh ingkang sami wontên ing ngriki. Malah wontên ratu ingkang dados marasêpuh sampeyan, sarta wontên brahmana, tilas guru sampeyan, Rêsi Drona punika punapa sampeyan ical-icalakên kemawon. Makatên punika harak adamêl lingsêmipun para raja ingkang sami wontên ing ngriki. Kalihan malih Sang Bisma punika, adatipun sumêrêp ing lêrês, sapunika jêbul suka rêmbag dhatêng sampeyan ingkang nujah-nujah makatên. Ingkang langkung-langkung kula gumuni, sampeyan, Krêsna, kok purun-purun sampeyan anampèni panêmbramanipun Sang Yusthira.[4] Yudhisthira kalihan Bisma pancèn sagêd kalimput ing angên-angên. Namung sampeyan pancènipun rak sagêd anglêrêsakên. Pancènipun sampeyan rak kêdah ngêmohi dhatêng panêmbrama ingkang botên tumrap makatên punika. Kok botên, angglênggêm kemawon, dados tiyang tiga pisan botên wontên ingkang kenging dipun pilih, pating bênyunyuk, botên sumêrêp ing patrap sae.

Sarêng Prabu Sisupala sampun ngandika makatên, lajêng jumênêng, mêdal saking pasamuwan. Ratu-ratu sanèsipun, kathah ingkang sami tumut mêdal.

Sang Yudhisthira kumêlap panggalihipun, lajêng nututi Prabu Sisupala, kalihan ngandika angrêrêpa: Êlo, sampeyan badhe dhatêng pundi. Kalihan malih ambok ngèngèh-ngèngèh anggèn sampeyan ngandika. Sang Bisma kok sampeyan wastani botên sumêrêp ing tata, punika rak kêsangêtên. Para raja sanès-sanèsipun, ingkang sêpuh-sêpuh, sami anglêrêsakên pamanggihipun Sang Bisma, sami rumaos kawon luhur kalihan Sri Krêsna. Sampeyan kok anggèsèhi. Sang Bisma punika rak priyantun waskitha, [waski ...]

--- 202 ---

[... tha,] tamtunipun priksa takêring kaluhuranipun Sri Krêsna.

Sang Bisma inggih ngarih-arih dhatêng Sisupala, nanging Sisupala mêksa mampang-mampang. Para ratu ingkang sami ngubyungi Prabu Supala, sami badhe tumut kesah. Manawi kalampahan makatên, pasamuwan tamtu ebra. Pramila Sang Bisma lajêng ngandika sarèh dhatêng Sang Yudhisthira, makatên: (Taksih wontên sambêtipun)

Sasrasugănda

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


§ Griya damar sela. (kembali)
Drêtarastra (dan di tempat lain). (kembali)
wiwaha. (kembali)
Yudhisthira. (kembali)