Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-01, #365

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-01, #365. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-01, #365. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 1, Januari 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda. Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 1.

1. Mahabarata.

[Iklan]

--- 1 ---

Ăngka 1, Januari 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 12 taun V).

Yudhisthira, atimu aja êmar, aja kuwatir. Aja angggatèkake gurêm rêrasan. Wong asu kikik wae kok arêp ngalahake singa barong. Yèn singane wis gêlêm obah, asune kikik mêngko rak sêmaput tuwa.

Prabu Sisupala mirêng pangandikanipun Sang Bisma makatên punika sakalangkung duka. Sang Bisma dipun gêrang-gêrangakên, sarta dipun ungêl-ungêli ingkang botên eca-eca, dipun wastani pandhita pulasan.

Arya Wêrkudara botên tahan mirêngakên dhatêng panguman-uman makatên wau. Mripatipun andik manthêlêng, rainipun abrit ngatirah kados sêkar dalima, lajêng anjangkah Prabu Sisupala. Namung dipun alang-alangi dhatêng Sang Bisma. Dipun cariyosi makatên:

Arya, kowe aja age-age anjurungi nêpsumu. Rungokna dhisik mulabukane Sisupala iku. Iku têdhaking Cêdhi.[1] Nalika lair, ora lumrah uwong, matane têlu, tangane papat. Yèn nangis, swarane anggêgirisi, kaya swarane kuldi. Rama lan ibune lingsêm bangêt. Bayi arêp dibuwang bae. Ananging banjur ana swara saka ing tawang, mangkene: He, ratu ing Cêdhi, anakmu iku ing têmbe bakal sugih bêgja, tur dadi ratu binathara, mukti wibawa, nyakrawarti ambaudhêndha. Kowe aja kuwatir apa-apa. Anakmu iku opènana sing apik, sing gumati. Iku bakal ora mati-mati, yèn durung têkan jangjine. Dene sing bakal matèni, saiki iya wis lair.

--- 2 ---

Ibune Sisupala krungu swara mangkono mau kumêsar bangêt, banjur takon: Pukulun, sintên ta, ingkang badhe mêjahi dhatêng anak kawula.

Swara amangsuli: Yèn kowe arêp wêruh sapa sing bakal matèni anakmu, rungokna kandhaku iki. Samăngsa-măngsa ana wong mangku anakmu, măngka mripat lan tangane anakmu sing dudu mêsthine kuwe banjur sirna, iya wong iku sing bakal matèni anakmu.

Nalika samana akèh para ratu kang jagong, ngiras arêp wêruh rupane bayi iku. Sabên ana dhayoh têka, dikon mangku bayi mau marang ibune Sisupala. Ananging bayi panggah bae, mripate lan baune ora suda. Sri Krêsna karo kangmase, dhèk samana iya jagong. Ibune Sisupala iku kaprênah bibi, sadulure bapakane Sri Krêsna.

Barêng Sri Krêsna wis rampung ênggone ngaturke kasugêngan marang kang bibi, banjur andikakake mangku bayi mau. Barêng bayi tumumpang ing pangkon, dilalah, baune sing loro gègrèg. Mripate sing siji banjur sirna.

Pramèswari ing Cêdhi bangêt kagète, banjur ngandika marang Sri Krêsna, thole, kowe iku gawemu anglêlipur marang wong kasusahan. Saiki aku iya nêmu kasusahan, ambok ruwatên susahku.

Krêsna matur: Bibi, kadospundi karsa sampeyan, kula dèrèng mangrêtos.

Thole, kowe iku wong pinunjul, wong sinakti. Kang iku panjalukku, ing têmbe, yèn adhimu Sisupala iku nyêrikake atimu, ngapuranên, ya, ênggèr.

Bibi, yèn pun adhi punika adamêl sêrik dhatêng kula, la mbok ngantos kapinga satus pisan, inggih badhe kula ngapuntên, sanajan pantêsipun kula pêjahi, mêksa kula ngapuntên.

Sang Bisma nglajêngakên cariyosipun: Iya Sisupala iki sing tak critakake iku mau. Wis disaguhi arêp diapura. Saiki anguman-uman marang Sri Krêsna. Nanging tak kira ênggone kawêtu gunême sing mangkono iku, pancèn ora mêtu saka karêpe dhewe, pancèn wis miturut pêpasthène Sri Krêsna, jalaran Sri Krêsna iku sajatine Sang Hyang Wisesa. Sisupala ênggone bisa ngena-ngene iku marga anggadhuh pangawasa sathithik, saiki gadhuhane arêp dibalèkake. Ênggone mawuk-mawuk iki mau pancèn dhapur anjaluk ruwat.

Satêlasing cariyosipun Sang Bisma, Sisupala botên pisan andhèh, malah sangsaya sangêt nêpsunipun, Sang Bisma dipun ungêl-ungêli ingkang saru-saru. Makatên ugi Sri Krêsna dipun sor-sorakên, dipun kawonakên kalihan para ratu ingkang sami wontên ing ngriku. Sang Bisma tansah sarèh, mangsuli alon: Sisupala, para ratu sing kounggul-unggulake iku, yèn tak tandhing karo Sri Krêsna,

--- 3 ---

isih aji godhong garing. Nanging... yèn ênggonku pradondi iki tak bacut-bacutake, bakal ora ana uwis-uwise, sabab gunêm iku kêna wae diwangsuli gunêm. Tak cêkak wae mangkene: Iki lo wujude Sang Krêsna, sing tak aji-aji mau. Sing sapa anggenjah lara angêmping pati, majua mrene. Mara ajakên pêrang. Yèn katiban cakrane, măngsa anjaluka banyu, masthi bali mênyang sarirane Sang Krêsna, iya Sang Hyang Bathara Soman prajurit.

Sisupala botên pisan miris, malah sangsaya andadra anggènipun anguman-uman. Sugal pangucapipun, makatên: He, Krêsna, yèn nyata lanang, tadhahana krodhaku. Kowe karo para Pandhawa majua barêng. Măngsa krasaa ing èpèk-èpèkku.

Sri Krêsna amangsuli: He, para ratu sadaya, sampeyan mirêngakên wicantênipun punika. Sampun satus warni panguman-umanipun Sisupala dhatêng kula, taksih kula sabarakên, kula ngapuntên, ingkang awit saking panêdhanipun biyungipun. Sapunika sampun malangkah saking watês, pramila badhe kula tandangi, badhe kula ruwat. Sampeyan sadaya kula aturi angèstrèni.

Sasampunipun ngandika makatên, Sri Krêsna angasta cakra. Prabu Sisupala dipun dhawahi ing cakra, pagas jangganipun, gumêbrug dhawah ing siti, kados kasambêr ing gêlap.

Ing nalika punika para ratu priksa wontên cahya padhang angarab-arab, kados padhanging srêngenge, mêdal saking kuwandhanipun Sisupala, sumungkêm ing ngarsanipun Sri Krêsna, lajêng mangslup dhatêng sariranipun Sri Krêsna.

Sasampunipun ical pêpalanging wiwahan, Sang Yudhisthira anglajêngakên anggènipun wilujêngan, para raja sami angèstrèni anggènipun jumênêng nata wontên ing nagari Indraprasta.

XIV. Prabu Duryodana bêntèr panggalihipun.

Sarêng para tamu ingkang kathah-kathah sampun sami kondur, Prabu Duryodana amriksani rarêngganing kadhatonipun Sang Yudhisthira, kadhèrèkakên ingkang paman, Patih Arya Sangkuni. Kadhaton wau pancèn kangge pasanggrahanipun para raja ingkang sami anjênêngi wiwahan Rajasuya wau. Sang prabu sakalangkung gumun priksa dhatêng endahing rarênggan. Galihipun sakalangkung bêntèr, dene Sang Yudhisthira sagêd amarnèkakên ingkang kados makatên. Wontên sênthong, jrambahipun kaca bêning alerab-lerab, dipun kintên toya dhatêng sang prabu. Sarêng badhe jumangkah mawi cucul agêm-agêman, dados mak jêgagig, kêcelik. Sarêng dumugi ing bale kambang sayêktos, dipun kintên kaca. Anggènipun jumangkah botên mawi taha-taha, dados kacêgur ing toya ngantos kalêbus. Sang Bima sarta Sang Arjuna tuwin rayinipun kêkalih sami anggêgujêng. Para abdi ingkang sami sumêrêp inggih tumut anggêgujêng. [anggêgu ...]

--- 4 ---

[... jêng.] Sang prabu ing galih sakalangkung duka, nanging dipun ampêt, rewa-rewa botên priksa dhatêng ingkang sami anggêgujêng wau.

Wontên malih sênthong, korinipun gêdhah, dipun kintên mênga dhatêng sang prabu. Sarêng badhe dipun lêbêti, mustakanipun kajêglug. Sarêng dumugi ing kori ingkang mênga sayêktos, dipun kintên gêdhah. Sarêng kaduwa, sang prabu dhawah kêrangkang-rangkang. Dukanipun sang prabu botên kenging dipun ampêt, nanging botên kantênan tujuning duka. Sadaya-sadaya adamêl bêntèring panggalihipun. Anggènipun asring kêcêlik, sarta samuwaning wiwahan, tuwin endahing rarêngganing kadhaton, punika sadaya adamêl gêmêsing panggalih. Sang prabu lajêng pamit dhatêng ingkang rayi-rayi para Pandhawa, kanthi anjêlu panggalihipun. Tumuntên kondur dhatêng nagari Astinapura.

Ing samargi-margi botên wontên malih ingkang karaosakên ing galih kajawi namung kamulyaning para Pandhawa, sarta asoring sariranipun. Tansah anjêtung, botên karsa-karsa ngandika. Sangkuni nyundhul atur: Anak prabu, kula tingali panjênêngan kok tansah sungkawa, asring angunjal napas. Punapa ingkang dados sababipun.

Prabu Duryodana mangsuli: Paman, kadospundi anggèn kula botên anjêlu, tiyang Yudhisthira kados makatên kamulyanipun. Para ratu anggènipun ngaosi dhatêng Yudhisthira kok kalangkung-langkung, kados dhatêng bêndaranipun. Kula botên kuwawi sumêrêp ingkang makatên punika, aluwung kula enggala pêjah. Coba ta, wontên sampeyan piyambak kemawon. Punapa sagêd sumèlèh manah sampeyan, yèn sumêrêp mêngsah sampeyan manggih kamulyan, tur sampeyan anglêrêsi nandhang sangsara. Kula punika inggih makatên, kula botên sagêd angsal kamulyan ingkang samantên. Sabab kula namung ijèn, botên gadhah saraya. Pêpuntoning manah kula, aluwung kula pêjaha kemawon, dados botên kêpanjang-panjang sakiting manah kula. Yèn kula manah-manah bab lêlampahanipun para Pandhawa, kula lajêng gadhah pangintên, yèn pêpasthèn punika maha kawasa. Sadaya ihtiyar, botên wontên damêlipun sakêdhik-kêdhika. Sampun kaping pintên anggèn kula ngudi murih sirnanipun para Pandhawa. Botên kakirangan pangreka kula. Ewadene sadaya wau muspra tanpa daya. Para Pandhawa malah lêdhung-lêdhung, kadosdene tarate ingkang tuwuh wontên ing papan ingkang kêbak toya. Manah kula bêntèr kados dipun agar. Punapa malih nalika kula sumêrêp para panakawan ingkang sami anggêgujêng dhatêng badan kula.

Arya Sangkuni mangsuli atur: Anak prabu, sampun sangêt-sangêt anggèn sampeyan mèri dhatêng para Pandhawa. Kalihan malih sampun alit-alit panggalih sampeyan. Sampeyan ngandika yèn botên kagungan saraya utawi bantu, punika klèntu. Rayi-rayi sampeyan, sarta Rêsi Drona, tuwin [tuwi ...]

--- 5 ---

[... n] Sang Karna, punapa malih kula, punika sadaya rak inggih saraya kemawon, kenging kapundhutan sanjata pitulung.

Prabu Duryodana amangsuli pangandika: Paman, yèn pancèn sadaya punika purun amitulungi, kula inggih gadhah pangajêng-ajêng sagêd adamêl tiwasipun para Pandhawa. Yèn sampun kalampahan para Pandhawa sirna, saisining jagad punika dalah para ratunipun, saèstu dhumawah ing tangan kula. Kadhatonipun pun Yudhisthira inggih katut dados gadhahan kula.

Sangkuni amangsuli atur: Anak prabu, mangke kula matur. Anak prabu taksih sêling-sêrêp. Têrangipun makatên: Para Pandhawa, yèn karodapaksa sarana kiyating otot, landhêping dêdamêl, wulêding kulit, atosing balung, sampun tamtu botê[2] kenging, jalaran para Pandhawa pancèn punjul kaprawiranipun. Sagêdipun kasor namung saking pangrekadaya. Wontên reka kula ingkang prêmati, makatên: kula sumêrêp manawi pun Yudhisthira punika rêmên sangêt kasukan main, namung bab main, taksih bentoning bento. Yèn dipun ulêmi main, sampun tamtu cakut kemawon. Mangke kula mêngsahipun. Yèn bab main, kula kadugi ngawonakên sadaya botoh ing sangalam donya punika. Kula gadhah aji-aji sagêdipun tamtu mênang. Yèn Yudhisthira sampun kalampahan dumugi ing ngriki, sadaya rajabrananipun, dalah kratonipun, tuwin barang darbèkipun ingkang sanès-sanès, tamtu larut sadaya dhatêng kula. Namung, kula badhe nglampahakên kemawon, ingkang totohan anak prabu.

Prabu Suyodana nyagahi. Sarêng sampun sami dumugi ing kadhaton, lajêng sami sowan dhatêng Prabu Drêstarastra, ngaturakên niyatipun, sarta gadhah panyuwun, Prabu Drêstarastra karsaa ambiyantu. Nanging sang prabu botên karsa. Makatên ugi Sang Widura inggih anglêrêsakên pamanggihipun sang prabu. Pangandikanipun Prabu Drêstarastra makatên: Suyodana, kowe kuwi kok bangêt têmên ênggonmu panasan marang adhimu Si Yudhisthira. Samubarang sing kokarêpake rak iya bisa katêkan, ta, ora beda karo Yudhisthira. Adhimu kok ora mèri, ta, mênyang kowe. Wong kuwi yèn atine bisa sabar, nrima, prasasat manggon ana ing swarga. Dene yèn cacongkrahan karo sanak sadulur dhewe kuwi, prasasat manggon ana ing naraka. Nyăngga dosa gêdhe.

Suyodana dipun elikakên makatên punika botên pisan-pisan andhèh panggalihipun, malah mangsuli atur makatên: Rama, saking pamanggih kula, tiyang ingkang nrimahan punika lajêng dados icak-icakanipun tiyang sanès. Dene manawi tiyang sugih mèri, dangu-dangu tamtu sagêd anggayuh ingkang inggil-inggil, sagêd anjangkah ingkang têbih-têbih. Manawi kula botên sagêd angêlun barang darbèkipun [dar ...]

--- 6 ---

[... bèkipun] adhi-adhi kula para Pandhawa, aluwung kula pêjaha kemawon.

Prabu Drêstarastra, sarèhne sangêt panggubêlipun ingkang putra, inggih lajêng nglilani. Nanging mawi ngandika makatên: Suyodana, yèn kowe ora kêna dak pênggak, iya sakarêpmu. Mung wae, tak kira, kowe ênbèn[3] buri bakal kaduwung. Mungguh rasaning pikirku, prakara iki bakal dadi jalarane karusakanaku kabèh. Ananging dikapakake manèh, wong kudu mangkono tibaning pêpasthèn, ora kêna disinggahi.

Prabu Drêstarastra lajêng utusan ingkang rayi: Widura, kadhawuhan animbali Yudhisthira, badhe kaajak kasukan main. Sang Widura sangêt anggènipun botên sarju kautus nimbali Yudhisthira wau, ewadene mêksa lumampah.

Sapêngkêripun Sang Widura, Suyodana utusan adamêl pasanggrahan agêng sarta inggil, badhe kadamêl panggenan kasukan wau. Pasanggrahan rinêngga adi luhung, sarwa kancana, sarwa sêsotya, pating pancurat, pating galêbyar ambalêrêngi, saèstu endah tanpa timbang. (Pungkasanipun jilid I)

Isinipun Sêrat Pêthikan Saking Mahabarata Jilid II

XV. Yudhisthira kasukan main, mêngsah Sangkuni.@XVI. Anggènipun kasukan dipun ambali malih.@XVII. Arjuna sagêd nyipati Sang Hyang Siwah ing sablêgêripun.@XVIII. Cariyosipun Rêsi Brahadaswa.@XIX. Cariyosipun Nala kalihan Damayanti.@XX. Cariyosipun Cyawana kalihan Dèwi Sukanya.@XXI. Cariyosipun Lomasa.@XXII. Sang Karna ngrucat kawaca sarta anting-anting, margi kenging paeka.@XXIII. Pungkasaning Pandhawa nandhang sangsara.@XXIV.Pêpanggihanipun Sang Adipati Karna kalihan Mahaprabu Krêsna.

XV. Yudhisthira kasukan main, mêngsah Sangkuni.

Sarêng Sang Widura sampun dumugi ing nagari Indraprasta, lajêng andhawahakên timbalanipun Prabu Drêstarastra dhatêng Sang Yudhisthira. Sang Yudhisthira panggalihipun gajêg-gajêg, lajêng matur dhatêng ingkang uwa makatên: Uwa, kula katimbalan ing uwa prabu manah kula awrat. Saking pangintên kula, manawi kalampahan kasukan, tamtu lajêng wontên prakawis. Ewadene, sarèhne papêsthèn punika botên kenging dipun singgahi, kula inggih mêksa badhe sowan. Namung manah kula sakalangkung rangu-rangu.

Yudhisthira lajêng mangkat, kadhèrèkakên dhatêng rayi-rayinipun sadaya, punapa malih para abdi-abdinipun, [a ...]

--- 7 ---

[... bdi-abdinipun,] badhe sowan dhatêng Astinapura. Dèwi Dropadi inggih andhèrèk, dipun garêbyêg ing para cèthi miwah biyada tuwin manggung.

Sadhatêngipun ing nagari Astinapura para Pandhawa dipun bagèkakên dhatêng para Kurawa sarta dipun arasi dhatêng Sang Drêstarastra, tumuntên kadhawahan ngaso. Sadangunipun ngaso, găngsa kaungêlakên anganyut-anyut.

Sarêng sampun mantun sayah lajêng kaajak dhatêng pasanggrahan. Ing ngriku sadaya pirantosing kasukan sampun cumawis.

Sarêng sampun sami pinarak, Arya Sangkuni nantang ngajak kasukan. Duryodana anyambêti, mratelakakên bilih sariranipun ingkang ambandhani Sangkuni. Dados, sadaya mênangipun, utawi kawonipun Arya Sangkuni badhe dados bêbahanipun utawi têtanggêlanipun. Ingkang makatên punika, miturut pranatanipun kasukan ing jaman samantên, pancènipun botên kenging, ananging Suyodana pancèn maha nêrak pranataning kasukan.

Sang Yudhisthira inggih priksa prakawis punika, ananging sarèhne pakèwêd, dados inggih kêpêksa nginggihi. Lajêng sami kupêng wiwit kasukan. Arya Sangkuni mainipun nakal, yèn ta kêrtua mawi nyolèt, dados Prabu Yudhisthira tansah kawon kemawon. Sadaya pangagêmanipun ingkang warni mas intên, tuwin sêsotya nawa rêtna, larut sadaya. Tumuntên rata, para nyai, panakawan, gajah, titihan, sarta prajuritipun gêntos-gêntos dipun tohakên inggih bablas sadaya. Sangkuni sakalangkung angece-ece. Sabên-sabên mênang mawi mungêl makatên: Lah Yudhisthira, mênang aku.

Nalika samantên Sang Widura panggalihipun botên sakeca sangêt, sabab priksa dhatêng laraping kasukan, lajêng nyundhul atur dhatêng Prabu Drêstarastra, makatên: Kaka prabu, prakawis punika kok botên sakeca larasipun. Kaka prabu kula aturi èngêt, nalika pun Duryodana lair, anggènipun cêngèr-cêngèr botên limrah bayi, swaranipun kados sagawon ambaung, punika dados sasmita yèn badhe anjalari karisakanipun para kadang-kadangipun sadaya. Pramila atur pamrayogi kula, pun Duryodana kasirnakna kemawon, dadosa wadal, murih kadang-kadangipun sagêda wilujêng. Prayogi pun Arjuna kadhawahana ngruwat pun Duryodana. Manawi Duryodana kalampahan sirna, para Pandhawa tamtu dados putra dalêm sadaya, dados gagêntosipun pun Suyodana. Punika kenging dipun sihi. Sagawon ingkang damêlipun ngalup, prayogi dipun bucal, dipun santuni sima. Manawi wontên tiyang, sêmunipun badhe adamêl karisakanipun kaum kulawarganipun, prayogi tiyang wau kasebratakên, kasirnakna. Manawi wontên tiyang sabên dhoyot badhe adamêl karisakanipun wawêngkoning dhusun, prayogi tiyang sabên dhoyot wau

--- 8 ---

kasirnakna. Makatên ugi manawi wontên dhusun badhe adamêl karisakaning sanagari, prayogi dhusun wau kadadosna karang abang. Dene manawi wontên nagari ingkang badhe adamêl karisakaning jagad, prayogi nagari wau dipun gêmpur, kadadosna êndhêg amun-amun. Kaka prabu, para Pandhawa punika botên kenging dipun mêngsah, pramila prayogi dipun rampèk, sampun ngantos dados mêngsah. Sampun kaka prabu kagungan melik dhatêng barang darbèkipun, prayogi ngangkaha murih para Pandhawa suyut sarta asih dhatêng sarira dalêm.

Prabu Drêstarastra nalika samantên kalimput ing panggalih, botên karsa andhahar aturipun ingkang rayi, karêmênên mirêngakên mênangipun ingkang putra, pramila anggènipun kasukan lastantun dipun lajêng-lajêngakên.

Ing wasana Prabu Yudhisthira kawon têlas-têlasan babarpisan, nagari dalah saisinipun sadaya katombokakên, bablas. Rayi-rayinipun katombokakên inggih kamplung. Arjuna, Bima, Nakula, Sadewa, botên wontên ingkang kantun. Lajêng sariranipun piyambak katombokakên, inggih larut.

Sangkuni lajêng wicantên: Yudhisthira, saiki duwèkmu mung kari siji, Si Dropadi, kuwi tombokna pisan. Yèn kowe mênang, awakmu bisa luwar.

Yudhisthira inggih purun.

Tiyang-tiyang ingkang sami wontên salêbêting pasanggrahan, mirêng anggènipun totohan makatên punika sami gêdhêg-gêdhêg, wicantênipun makatên: Iki cara apa, wong bojo kok ditombokake. Sang Widura botên sae aningali, wadananipun dipun tutupi ing asta kalih. Namung Sang Drêstarastra malah karêmênên, sakêdhap-sakêdhap andangu makatên: Kêpriye kabare, Suyodana apa mênang manèh. Dene Sang Karna inggih gumujêng alatah-latah. Sarêng sampun angsal sagêbagan, Sangkuni wicantên abêlik-bêlik: Lah, aku manèh sing mênang.

Duryodana lajêng matur dhatêng Sang Widura: Paman, sapunika pun Dropadi sampun dados gadhahan kula. Waunipun dados semahipun para Pandhawa, sapunika badhe kula kèn anyaponi jogan.

Sang Widura sakalangkung duka mirêng atur candhala makatên punika. Duryodana dipun gênthok-gênthokakên, dene purun-purun mungêl ingkang makatên, anyamah putri garwanipun ratu.

Duryodana lajêng utusan abdi, kadhawahan angirid Dèwi Dropadi. Anamung Dèwi Dropadi lênggana, mawi andangu makatên: Mara nyuwuna priksa marang kaka prabu, nalikane aku ditohake iku, dhisik êndi karo ênggone ngêtohake sarirane. Karo manèh munjuka marang Mahaprabu Duryodana, aku rikuh yèn kadhawuhan malêbu mênyang papan kasukan, amor karo wong akèh.

Duryodana mirêng aturing utusan sakalangkung [saka ...]

--- 9 ---

[... langkung] ewa, lajêng utusan ingkang rayi: Arya Dusasana, kadhawuhan murugi Dèwi Dropadi. Arya Dusasana lajêng mangkat. Sadumugining panggenanipun Dèwi Dropadi, botên mawi taha-taha, Dèwi Dropadi lajêng kajambak remanipun, kaglandhang dhatêng satêngahing pasamuanipun para raja. Agêm-agêmanipun suwèk arontang-ranting.

Para Pandhawa priksa ingkang makatên wau sakalangkung lingsêmipun, punapa malih sarêng sang dèwi amawas, sêmu runtik panggalihipun. Icaling karaton dalah saisinipun sadaya botên adamêl kacipuhan kados nalika dipun priksani dhatêng sang dèwi wau.

Para sêpuh ingkang sami susila ing panggalih botên têgêl amriksani lêlampahan wau, sami tumungkul sêmu rikuh tuwin prihatos. Wondene Sang Bima sakalangkung muring-muringipun, ingkang raka dipun tutuh, dipun uring-uring têlas-têlasan. Cêkakipun, sadaya ingkang wontên ing salêbêting pasanggrahan wau sami botên sarju manahipun. Ingkang makatên wau malah andadosakên gumêndhungipun Suyodana. Ngandika sora makatên: Mangke, ta, sampun sami kasêsa muring-muring makatên, sapunika pun Dropadi rak sampun dados gadhahan kula, anggèn kula mênang kasukan, kenging kula garokakên, kula lukokakên sapikajêngan kula. Prakawis anggènipun rikah-rikuh punika sampun kagalih sangêt-sangêt, sabab Dropadi punika pancèn nyalênèh. Para dewa sampun mranata, yèn tiyang èstri punika namung kenging dipun semah ing tiyang jalêr satunggal, măngka Dropadi punika semahipun kok kathah. Pramila pancèn sanès tiyang sae. Ingkang punika, pangraos kula botên wontên sarunipun manawi kula bêkta dhatêng sangajênging tiyang kathah. He Dusasana, sandhanganen[4] dhèdhèlana, karêbèn wuda.

Dusasana lajêng tumandang andhèdhèli. Nanging sabên-sabên dipun dhèdhèli, lajêng katingal sampun ngagêm-agêm malih, jalaran kaparingan pangagêman dhatêng Sang Hyang Darma. Pramila Dusasana ngantos sayah botên sagêd kalêksanan sêdyanipun. Wasana lajêng kèndêl. Ing sêmu sakalangkung kacuwan sangêt. Sadaya ingkang sami wontên ing pasamuan, sami bingah-bingah asurak-surak, sarta nguring-uring dhatêng Duryodana. Sang Bima andhawahakên prasêtya: Ing têmbe Dusasana badhe kasêmpal-sêmpal sarta kakokop êrahipun.

Sang Widura lajêng jumênêng ngandika sora, anakèkakên, punapa Dèwi Dropadi sampun lêrêsipun dados gadhahanipun Duryodana. Karampunganing rêmbag: manawi Sang Yudhisthira anggènipun ngêtohakên Dèwi Dropadi wau dèrèng kalêbêt ing gantosan, Dèwi Dropadi saèstu dados gadhahanipun Duryodana. Namung sarêng Yudhisthira sariranipun sampun kalêbêt ing gantosan, tamtu sampun botên sagêd ngêtohakên punapa-punapa malih.

--- 10 ---

Sadaya kawonipun utawi mênangipun, tamtu namung kadosdene supêna kemawon, botên kenging dipun ugêri babarpisan.

Suyodana mêksa badhe ngêkahi Dèwi Dropadi, kaanggêp pamênangipun. Anamung lajêng wontên swara barung anggêgirisi, swaraning sagawon ambaung, kuldi sami mungêl agêrok-gêrok, pêksi gagak pating graok, kados nyupaosi dhatêng Suyodana. Prabu Drêstarastra panggalihipun miris sangêt, lajêng ngandika dhatêng putranipun makatên: Suyodana, aja kobacut-bacutake ênggonmu mêmirangake Si Dropadi. Ora bêcik, ora patut.

Prabu Drêstarastra lajêng ngandika dhatêng Dèwi Dropadi: Nini, kowe pancèn mantu sing tak trêsnani. Saiki duwea panjaluk mênyang aku. Dèwi Dropadi lajêng mangsuli atur: Rama prabu, panyuwun kawula, Sang Yudhisthira mugi kaluwarana. Manawi lastantun dados gantosan makatên, benjing yèn kawula gadhah anak, mindhak dipun cêcêngès dhatêng lare-lare kancanipun dolanan, kawastanan anakipun tiyang gantosan utawi tiyang tumbasan.

Iya, wis tak lilani panjalukmu. Saiki anjaluka manèh mênyang aku.

Panyuwun kawula, Bima sarta Arjuna, tuwin Nakula miwah Sadewa kaluwarana.

Iya wis tak kilani.[5] Anjaluka manèh.

O, sampun punika kemawon, rama prabu. Sabab tiyang ngăngsa-ăngsa punika pêtêng angên-angênipun, satêmah sadaya jangkanipun katutupan ing pangăngsa-angsanipun. Ing sapunika semah-semah kula sampun luwar. Tamtunipun sagêd ngupados punapa ingkang dipun pikajêngakên, sok ugi purun kumlawe.

Arya Bima sarêng sampun luwar lajêng badhe malês ukum dhatêng ingkang sami mêmirang Dèwi Dropadi, namung dipun pênggak dhatêng sadhèrèk-sadhèrèkipun. Prabu Yudhisthira ngandika: Bima, kowe kok opèn têmên, ngladèni pangerang-erange wong kang ana sangisormu. Watêking sujana ora gêlêm ngopèni pialaning mungsuhe. Sing diopèni mung kabêcikan.

Sasampunipun ngandika makatên, Yudhisthira lajêng marêk dhatêng ngarsanipun Prabu Drêstarastra sarwi sujud, lajêng matur bokmanawi wontên pamundhutipun ingkang uwa.

Prabu Drêstarastra lajêng ngandika: Kowe balia mênyang nagaramu karo adhi-adhimu sarta bojomu. Lastaria ênggonmu angrênggani nagaramu. Panjalukku, prakara sing uwis kalakon iku mau aja dadi sumêlanging atimu. Kaluputane kakangamu Si Suyodana apuranên. Elinga marang aku, wis tuwa tur wuta. Wis, ya, aja padha tukaran karo kakang-kakangamu.

Para Pandhawa lajêng sami mundur saking ngarsanipun Prabu Drêstarastra, nitih rata kondur dhatêng nagari Indraprasta.

--- 11 ---

XVI. Anggènipun kasukan dipun ambali malih

Para Kurawa sarêng mirêng pangandikanipun ingkang rama, sarta sumêrêp manawi para Pandhawa sampun sami wangsul dhatêng nagarinipun, lajêng marêk ing ngarsanipun ingkang rama sarwi matur: Rama, kadospundi, mêngsah kawula kok panjênêngan luwari, sarta panjênêngan wangsulakên kamulyanipun. Punika rak sangsaya sangêt panginggit-inggitipun[6] dhatêng kula. Para Pandhawa mangsi wontêna ingkang purun ngapuntên dhatêng kula, jalaran kula sampun adamêl wirang dhatêng Dropadi ingkang samantên. Manawi sampun sami dumugi ing nagarinipun, rak lajêng amêpak wadyabalanipun, mêrangi kula sasanak kadang. Ingkang punika panyuwun kula, wontêna karsanipun rama animbali para Pandhawa wangsul mriki, kenginga kula ajak kasukan malih. Ingkang dados tohipun, makatên kemawon: pundi ingkang kawon, puruna kesah saking nagarinipun, anglampahi ngulandara ing wanawasa kalih wêlas taun. Sasampunipun makatên lajêng anamura lampah salêbêting sataun, wontên ing salêbêting nagari, sampun ngantos konangan ing tiyang satunggal-tunggala. Manawi ngantos konangan, kêdah nglampahi ngulandara malih kalih wêlas taun, kados ingkang sampun. Dene ingkang badhe nglampahakên kasukan, paman Arya Sangkuni, tamtu sagêd mênang. Manawi para Pandhawa sampun kalampahan kesah saking nagarinipun tiga wêlas taun, ing ngriki sêdhêng sampun sagêd tata-tata, kaklêmpak wadyabala tuwin dêdamêl. Botên kèwêdan, yèn badhe ngriyêk dhatêng para Pandhawa kemawon. Pramila, kangjêng rama, panyuwun kula, para Pandhawa katimbalana wangsul.

Para sêpuh ingkang wontên ing pasamuan ngriku sami ngèngêtakên dhatêng Prabu Drêstarastra, kapambêngan sampun ngantos andhahar aturipun ingkang putra. Makatên ugi pramèswari Gandari ugi mambêngi. Ewadene sang prabu mêksa marêngakên panyuwunipun ingkang putra. Makatên pangandikanipun: Yèn aku sakulawarga pancèn wus pinasthi arêp tumiba ing karusakan, iya karêbèn enggal tumiba. Aku măngsa bisaa ngalang-alang. Iya uwis, kongkonana nimbali para Pandhawa, konên padha bali.

Utusan lajêng mêsat, Yudhisthira dalah para rayi-rayinipun, kacandhakipun sampun radi têbih saking Astinapura. Utusan lajêng andhawahakên timbalanipun Prabu Drêstarastra. Yudhisthira botên mawi malang tumulih, inggih lajêng wangsul sanalika, kadhèrèkakên dhatêng para rayi-rayinipun. Pancèn angên-angênipun tiyang ingkang badhe dhumawah ing bilahi punika sampun dilalah, pêtêng kados kinêmulan ing ampak-ampak.

Sadumugining pasanggrahan inggih lajêng wiwit kasukan malih. Sadaya ingkang sami wontên ing ngriku, ingkang pancèn sami trêsna dhatêng para Pandhawa, sami wêlas sumêrêp prakawis wau, sabab sumêrêp, manawi Yudhisthira saèstu badhe manggih sangsara.

--- 12 ---

Yudhisthira lajêng ajêng-ajêngan kalihan Sangkuni. Sangkuni lajêng mratelakakên punapa ingkang badhe dados tohipun. Sanajan Yudhisthira sampun angraos, manawi kasukan sapisan punika badhe dados jalaraning karisakanipun para têdhaking Maharaja Kuru, ewadene mêksa purun ngladosi, margi kabêkta saking rikuh sarta saking saening panggalihipun.

Sangkuni ngaping kalihi mratelakakên punapa ingkang dados tohipun, lajêng wiwit kasukan. Botên dangu lajêng wicantên: Lah Yudhisthira, aku sing mênang.

Para Pandhawa anglês manahipun, sami rucat pangangge kasatriyan, nêdya badhe sumingkir saking salêbêting nagari. Dene Dèwi Kunthi katitipakên dhatêng Sang Widura. Tumuntên sami mangkat, Dèwi Dropadi botên kantun. Para Kurawa sakalangkung suka, angerang-erang dhatêng para Pandhawa wau. Rumaos mênang, ngintên yèn badhe sirna klilipipun. Sang Widura aparing pangèstu wilujêng dhatêng lampahing para Pandhawa. Dene para Pandhawa kapêksa ngênêb mubaling manahipun, ananging sangêt ing pangigit-igitipun. Sadaya ingkang sami sumêrêp nalika Pandhawa mangkat, sami gadhah pangintên, yèn ing têmbe wingking tamtu badhe wangsul, sagêd amalês ukum dhatêng para Kurawa. Badhe anggêgirisi pamalêsipun.

XVII. Arjuna sagêd anyipati Sang Hyang Siwah ing saglêgêripun

Para Pandhawa anggènipun ngalambrang dumugi ing satêngahing wana gung liwang-liwung, têbih êlèr, têbih kidul. Wontên ing ngriku lajêng sami têtruka, sumarah ing satitah. Namung Sang Bima ingkang tansah agêtêm-gêtêm, margi badanipun kakên sadaya, kabêkta saking kuwangkungên. Ingkang raka asring-asring dipun aturi kondur, kaajak nandangi para Kurawa. Ananging Sang Yudhisthira sangêt anggènipun mopo, kêdah-kêdah angrungkêbi pangandikanipun: sumêdya nglampahi sangsara ing salêbêtipun tiga wêlas taun. Punapa malih ing waktu punika rumaos sawêg kaoncatan ing kabêgjan, botên kagungan bala, botên kagungan băndha. Sadaya lêlampahan, katingalipun namung adamêl mênangipun para Kurawa kemawon. Suyodana sawêg tinêngga ing samukawis: băndha, kamulyan, karaton. Tur mawi sugih saraya. Para kawula, sanajan botên gêthing dhatêng para Pandhawa, tamtu inggih sayuk dhatêng Suyodana.

Para Pandhawa sawêg rêraosan prakawis punika, Bagawan Byasa dhatêng sarêng sampun sami ngabêkti, Yudhisthira lajêng kaajak sumingkir, dipun dhawuhi makatên: Aku ora kasamaran marang kasangsaranmu lan kasusahaning atimu. Kowe rak wêdi, ta, marang para ratu kang dadi sarayaning mungsuhmu. Ananging kowe tak tuturi. [tutur ...]

--- 13 ---

[... i.] Adhimu Si Arjuna ijèn bae bisa anyirnakake mungsuh-mungsuh iku kabèh. Nanging kudu olèh gêgaman saka dewa, lan kudu ngêrti marang panganggone gêgaman iku mau. Mulane Arjuna konên sowan mênyang Suralaya.

Sang bagawan sarêng sampun mêmulang makatên, lajêng wangsul dhatêng pratapan malih. Yudhisthira lajêng nimbali ingkang rayi Sang Arjuna, kadhawuhan makatên: Arjuna, kowe munggaha ing gunung êlor iki, sikêpa gêgamaning pêrang, panah lan gandhewa, sarta pêdhang. Sowana marang kaendran, nyuwun gêgaman, sarta nyuwuna priksa panganggone pisan. Poma-poma, dinganti olèh. Aja bali-bali yèn durung olèh. Ana ing dalan aja nganti kêna ing godha. Wis, mangkata, aja kaya bocah cilik.

Sang Arjuna lajêng mangkat, dipun sangoni puji pangèstu dhatêng para brahmana. Lampahipun namung sadintên, sampun dumugi ing rêdi Mahamèru utawi Imalaya, amargi kawatêk aji-ajinipun. Rikatipun kados kilat utawi kados lampahing angên-angên. Dumuginipun ing rêdi wau wanci dalu, wontên ing salêbêting wana gung liwang-liwung sarta angkêr. Tumuntên mirêng wontên swara makatên: E, mandhêg. Sarêng katolèh, sumêrêp wontên brahmana cêmêng wontên ing ngandhaping wit-witan, badanipun angronje. Brahmana wau nglajêngakên wicantênipun: Thole, kêpriye kowe kok wani-wani ngambah alas kene nganggo sikêp gêgaman, kang măngka kene iki panggonane wong kang maratapa, ora ana tukar padu, ora ana kasênêngan apa-apa. Dadi ora pisan-pisan ing kene bakal ana papêrangan. Kang iku, panjalukku, gêgamanmu bêcik buwangên bae.

Sang Arjuna botên kasupèn-kasupèn dhatêng dhawuhipun ingkang raka, pramila botên purun anggatosakên dhatêng wicantêning brahmana wau.

Brahmana lajêng mèsêm sarta wicantên: He, Arjuna, bagya satêkamu. Satêmêne aku iki Sang Hyang Endra. Mulane kowe dak lilani duwe panjaluk apa-apa.

Arjuna matur: Pukulun, kawula nyuwun dêdamêl ingkang linangkung.

Sang Hyang Endra mangsuli pangandika: Êlo, wong kowe wis têkan ing kene, kathik anjaluk gêgaman barang. Gaman arêp koanggo apa. Kowe anjaluka manggon ana ing swargaloka kang êndi, amasthi bakal dak lilani.

Sang Arjuna mangsuli atur: Pukulun, kawula botên kapengin manggèn wontên ing swarga. Yèn namung kula piyambak ingkang manggèn wontên ing swarga, kadospundi anggèn kula sagêd ngraosakên bêgja, ingkang mawi sadhèrèk-sadhèrèk kula sami kantun wontên ing satêngahing wana, nandhang sangsara. Punapa ingkang badhe pinanggih ing badan kula, yèn ta kalampahana makatên. [maka ...]

--- 14 ---

[... tên.] Saèstu kula manggih siya-siya dumugi sasirnaning jagad.

Sang Hyang Endra mangsuli pangandika: Yèn mangkono, kowe mrasudia bisamu sowan sapocapan karo Sang Hyang Siwah, pangerane sakèhing titah. Tingale têlu, nganggo ngasta trisula. Yèn kowe bisa kalakon sowan, sarupaning gêgaman ing Suralaya kaduwea ing kowe.

Arjuna sarêng sampun angsal kasagahan saking Hyang Endra ingkang makatên wau nuntên anglajêngakên lampahipun, ijèn kemawon, lumêbêt ing salêbêting wana kêtêl, sumêngka ing rêdi, sangsaya dangu sangsaya inggil, ngantos dumugi pucaking rêdi Imalaya. Wontên ing ngriku lajêng tapa, angêningakên cipta. Ingkang dipun angge namung gagodhongan, sarta wacucal menda cêmêng, ingkang katêdha namung kuleyanging wit-witan ingkang dhumawah ing siti. Wiwitin,[7] namung nêdha woh-wohan, tigang dintên sapisan, laminipun sawulan. Lajêng nêm dintên sapisan. Lajêng satêngah wulan sapisan. Wasana lajêng babarpisan botên nêdha punapa-punapa, namung angin kemawon. Anggènipun jinjit kemawon, botên mawi sendheyan punapa-punapa, sarta tanganipun dipun acungakên manginggil, laminipun ngantos pintên-pintên wulan. Makatên ugi tapa kungkum inggih lami, ngantos rambutipun suda cêmêngipun. Ing satêmah lajêng mêdal tejanipun angênguwung, andadosakên gara-gara ing Jonggringsalaka. Para dewa sami busêkan, gègèr mapuyêngan, sami sowan ing ngarsanipun Sang Hyang Siwah nyuwun tulung.

Sang Hyang Guru lajêng tumurun dhatêng ngarcapada mindha-mindha grêma, sariranipun gumêbyar kados kancana, tur pêngkuh kados rêdi waja. Cahyanipun padhang gumêbyar kados diwangkara. Garwanipun: Dèwi Uma, andhèrèkakên, mindha-mindha dados simahipun grêma wau. Kajawi punika dipun garêbyêg ing abdi kathah. Sarêng Sang Hyang Siwah sampun cêlak, wanawasa ingkang dipun langkungi lajêng mindhak padhang sumêblak. Botên wontên swaranipun walang salisik, malah lèpèn-lèpèn, toyanipun sami sirêp, botên wontên ingkang mungêl kumrawak utawi kumruncung, pêksi-pêksi inggih mak cêp, botên wontên ingkang mungêl.

Botên dnagu wontên cèlèng katingal, amurugi Arjuna. Arjuna lajêng amênthang gandhewa badhe anjêmparing cèlèng wau. Sang Hyang Siwah enggal anguwuh, e, e, aja, aja. Aja kopanah, arêp dak panah, sabab aku sing wêruh dhisik. Dhisik aku olèhe nyipat.

Anamung Arjuna botên angrèwès, jêmparing tamtu kauculakên, lumarap angengingi cèlèng wau. Grêma wau inggih nyarêngi nglêpasakên jêmparing, ngengingi cèlèng wau. Dhawahing jêmparing sarêng. Cèlèng lajêng ambruk, gumuling ing siti. Sarêng sami nyêlaki cèlèng, Arjuna sumêrêp dhatêng grêma wau, dalah

--- 15 ---

semahipun, wontên ing sacêlaking cèlèng lajêng sami pabên, sami ngakên mêjahi cèlèng. Sami ngakên sumêrêp rumiyin, ngakên rumiyin dhawahing jêmparingipun. Sami udur-uduran, nglêpatakên mêngsahipun, dene nusuli tumut anjêmparing. Arjuna têlas sabaripun, lajêng nyandhak gandhewa kalihan jêmparing. Grêma lajêng dipun karutug ing jêmparing, ananging jêmparingipun botên wontên ingkang tumama, sumyur anggalêpung. Grêma wau botên ebah, anadhahi dhawahing jêmparing kados rêdi waja dipun sosog ing alang-alang.

Sarêng jêmparingipun sampun têlas, gandhewa kacandhak dhatêng grêma wau, dipun sêndhal, kabucal têbih. Arjuna lajêng narik pêdhang, kasabêtakên sakayangipun dhatêng sirahing grêma wau. Anamung pêdhang rêmuk dado[8] sawalang-walang, grêma botên busik. Arjuna lajêng anjêboli wit-witan sarta ambrengkali sela agêng-agêng kasawatakên dhatêng grêma wau, ananging grêma botên pisan-pisan gigrig wulunipun, tansah ngadêg mêgêr-mêgêr botên ebah-ebah, kados tugu sinukarta. Arjuna sangêt nêpsunipun, grêma dipun bithèni, dipun sotho, dipun jagur. Grêma lajêng malês ambithi, swaranipun gumludhug kados gêlap ngampar. Lajêng sami gêlut, pêluk-pinêluk, sêndhal-sinêndhal, jorog-jinorog, saklangkung rame. Sarêng anglêrêsi pithing-pinithing, Arjuna kraos têlas kakuwatanipun. Dhadhanipun kados kapèpèt ing sela matangkêb, botên ambêkan. Wêwah-wêwah lajêng dipun bithi dhatêng grêma wau, satêmahan dhawah gumuling ing siti sumaput. Sampun prasasat pêjah.

Sarêng kasilir ing angin sumribit, Arjuna èngêt, namung raosing badanipun sakalangkung rêmpu, êrahipun daleweran, rumaos kawon pêrangipun, nanging manahipun dèrèng lêga, lajêng adamêl lingga lêmpung,[9] tumuntên sujud wontên sangajênging lingga, sarta amuja sêmèdi. Ingkang cinipta ing salêbêting manah namung Sang Hyang Siwah. Punika ingkang dipun suwuni sanjata pitulung. Lingga wau mawi dipun kalungi oncèn sêkar.

Sarêng sampun mudhar saking anggènipun muja sêmèdi, sumêrêp, yèn oncèn sêkar kumalung wontên ing gulunipun grêma wau. Arjuna lajêng anggraita, manawi grêma wau sajatosipun inggih Sang Hyang Siwah. Pramila lajêng sujud ing ngarsanipun.

Sang Hyang Siwah wêlas amriksani Arjuna, badanipun kêra aking, margi saking anggènipun anggêntur tapa, lajêng ngandika: Arjuna, têtungguling trah Barata, mara ingsun awasna. Sira ingsun paringi mripat kang kêna sira anggo andêlêng marang saglêgêring kawujudan ingsun, sira bakal bisa ngalahake sarupaning mungsuhira. Sira bakal ingsun paringi gêgaman kang pinunjul ing jagad. (Taksih wontên sambêtipun)

Sasrasugănda.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


Cèdhi (dan di tempat lain). (kembali)
Cèdhi (dan di tempat lain).
botên. (kembali)
botên.
êmbèn. (kembali)
êmbèn.
sandhangane. (kembali)
sandhangane.
lilani. (kembali)
lilani.
pangigit-igitipun. (kembali)
pangigit-igitipun.
Wiwitipun. (kembali)
Wiwitipun.
dados. (kembali)
dados.
§ Lingga, punika dhapuripun kados saka, nanging cêlak, punika dados prasêmonipun Sang Hyang Siwah, ingkang kenging katingalan ing mripat. (kembali)
§ Lingga, punika dhapuripun kados saka, nanging cêlak, punika dados prasêmonipun Sang Hyang Siwah, ingkang kenging katingalan ing mripat.