Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-02, #368

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-02, #368. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-02, #368. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 2, Pèbruari 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 2

1. Pasanggiri, 2. Marcapada - Ngarcapada, 3. Paramasastra Radyapustakan, 4. Krêndhawahana, 5. Mahabarata.

[Iklan]

--- 17 ---

Ăngka 2, Pèbruari 1927. Taun VI.

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan Yapa Instêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Pasanggiri

Pusaka Jawi adamêl pasanggiri: dongèng-dongèng kina dhialèk ing: 1 Bantên, 2 Cirêbon, 3 Pakalongan, 4. Sêmarang sarta Rêmbang, 5. Surabaya, 6. Pasuruhan, 7 Banyuwangi, 8. Banyumas, 9. Pagêlèn, 10. Kêdhu, 11. Madiun sarta Kêdhiri, mawi dipun gantungi ganjaran awujud arta:

Ăngka 1 kathahipun f 30.-, Ăngka 2 kathahipun f 20.-, Ăngka 3 kathahipun f 10.-

Pêpanggilipun Pusaka Jawi:

1. Dongèng kasêrat ing dalancang polio, sakêdhikipun 10 kaca, isi dongèng kathah-kathahipun 5 warni (kasêrat Sastra Jawi, kasusastran enggal).

2. Ingkang katampèn, karangan ingkang katampèkakên akir-akiripun 31 Mèi 1927.

3. Karangan dipun kanthèni sêrat sorogan, kalêbêtakên ing amplop piyambak-piyambak. Karangan namung kenging dipun cirèni utawi sandi nama, botên kenging dipun tandhani. Sorogan mratelakna ciri utawi sandi namanipun karangan.

Pusaka Jawi aprajanji:

1. Numbas karangan wau f 5.- karangan lajêng kadarbe Pusaka Jawi.

2. Sasampunipun katêtêpakên ingkang angsal pasanggiri, karang-karangan ingkang kaanggêp prayogi kapacak ing Pusaka Jawi, ingkang gadhah karangan badhe tampi pituwas mirunggan (honorarium) sabên sakolêm f 0.50.

Ingkang dados kalidamaripun pasanggiri wau,

--- 18 ---

rêdhaksi Pusaka Jawi, akalihan Tuwan Dhoktêr Piso, guru AMS ing Surakarta.

Karang-karangan kakintunakên dhatêng sèkrêtaris redhaksi Pusaka Jawi ing Ngadikusuman, Surakarta.

Marcapada - Ngarcapada

Wontên ing Pu. Ja. ăngka 11 Nopèmbêr 1926, kula dipun sumanggani (dipun bodhoni) bab lêrês lêpatipun katrangan têmbung marcapada - ngarcapada, sarta sukur manawi kula purun suka katrangan ing saparlunipun. Awit saking punika, sakalangkung bingahing manah kula, dene kula kasaruwe dening salah satunggaling sajana[1] ingkang sampun lumêbêt ing kalanganing Pu. Ja. têgêsipun dede korèspondhèn sok tiyanga. Amila kula inggih sangêt dhangan asuka katrangan bab wau ing sasumêrêp kula.

Sarèhne kula sampun nama purun suka katrangan, dados sisan katrangan kula wau botên namung anggêpok bab têgêsipun: marcapada - ngarcapada kemawon, ugi kula gêpokakên bab pangrêmbagipun.

Sang Kusumatmaja ing Pu. Ja. ăngka 9 Sèptèmbêr 1926, mratelakakên: rumiyin ing Pusaka Jawi ăngka pintên, kula kêsupèn, punika tumrapipun tiyang nyêrat wontên ing Pu. Ja. ajinipun Pu. Ja. sampun kasumêrêpan. Pamanah kula kirang mungguh, sêtêngah botên kenging (manawi Wetenschappelijk cêtha botên kenging), awit kajawi sajak kirang ngajèni dhatêng para maos, mawi andamêl bingungipun ingkang sumêdya nyinau babipun. Kados ta kula, ingkang dipun bodhoni bab lêrês lêpatipun, lajêng rêkaos madosi: kêpriye mulabukane rêmbuge. Pu. Ja. kula lacak ngantos dumugi Oktobêr 1925, bab marcapada - ngarcapada botên kêpanggih (kilap manawi kêlangkungan), amila anggèn kula ngaturi katrangan inggih namung wiwit Pu. Ja. ăngka 9 kasbut ing nginggil.

Katranganipun Sang Kusumatmaja ingkang prêlu kula têrangakên namung bab anggènipun anêgêsi: marcapada punika saking têmbung Sangsêkrêta: mrêcapada. Têgêsipun, mrêca punika siti, utawi lêmpung... mrêca katika dipun wardèni ing têmbung Walandi: het leemen wagentje enz.

Bab punika, pamrayogi kula, yèn kenging utawi yèn karsa. Sampun sok anêgêsi têmbung yèn dèrèng sumêrêp têrang dhatêng udhal-udhalanipun, prayogi andangu kemawon, mangke yèn pinuju sêla, rak wontên ingkang purun ngaturi katrangan, yèn sagêd.

Mrêca katika punika lêrêsing panyêrat, mrêca kathika, saking mrêd= lêmpung, kalihan sakathika= sakatha cilik= kreta cilik. (zie voor de sandhi Elementarbuch der Sanskritsprache § 31 op p. 7), dados mrêca kathika dipun udhal utawi

--- 19 ---

dipun sêrat mrêca katika punika kajawi botên lêrês, saru.

Katrangan ing Pu. Ja. ăngka 11: punika ingkang tumrap marcapada sampun nama lêrês. Sanès-sanèsipun botên kula rêmbag, mangke mindhak kêpanjangên. Namung marca saking wod mart, (mrt) punika kirang lêrês, lêrêsipun saking wod mar (mar) utawi mr (mrê) têgêsipun pêjah, kalihan malih panyêratipun ingkang lêrês, martyapada, nanging tya punika kêrêp dados ca, kados ta: Satyaki dados Sêncaki e. a

Wasana mugi-mugi ing nginggil punika cêkapa kangge katranganipun marcapada.

Welt. December 1926.

Purbacaraka.

Paramasastra Radyapustakan

Ing ăngka VIII bab têmbung: ing, nyêbutakên makatên:

Têmbung ingkang apurwa: ha, ra, la, manawi dumunung wontên sawingkingipun ing, botên ewah, kados ta: Ing alas, ing Rêmbang, ing latar.

Wontên têmbung sawatawis ingkang nyêbal, kados ta: ing ngisor, ing ngandhap, ing ngarêp, ing ngajêng, ing ngatase, ing ngaurip, ing ngriku.

Sigêg.

Pratelan ing nginggil punika pangraos kula kenging kasilah makatên:

I. Yèn têmbung ingkang dumunung sawingkinging: ing punika têmbung aran. Ha purwaning lingga panggah, kados ta: alas - ing alas.

Ênggon - ing ênggon.

Yèn ing wau namung kakantunakên anuswaranipun kemawon, purwaning lingga dados nga, kados ta:

Mati ngênggon, lungguh ngambèn.

II. Yèn têmbung ing sawingkinging: ing wau namaning prênah, (yèn ing têmbung Walandi kawastanan bijw. v. plaats utawi voorzetsels), ha purwaning lingga ewah dados: nga. Tuladhanipun kados ingkang kasêbut ing nginggil. (Ing ngisor, ing ngajêng, sapanunggilanipun).

Namung prakawis ing ngaurip, kula taksih judhêg.

Atêr-atêr: ma (dede Radyapustakan)

Wontên têmbung sawatawis ingkang angsal atêr-atêr: ma. Punika wontên ingkang mawi sêsigêg aksara irung, wontên ingkang tanpa, kados ta:

I. Mancolot, mantêlung, manggrêgut, mandhiri,

--- 20 ---

manangis.

II. maguru, madhukun, mapulih, magawe.

I. Miturut pamanggihipun swargi Ki Padmasusastra, têmbung mancolot, karimbag saking pancolot, makatên ugi panunggilanipun têmbung ingkang makatên, karimbag saking têmbung ingkang angsal atêr-atêr pa mawi sêsigêg aksara irung.

Pamanggih makatên wau sadlerengan kados inggih mèmpêr, kapirid saking têmbung lingga andhahan, kados ta:

Tutur - pitutur - mituturi

Kara - prakara - mrakara.

Anamung kawuningana, têmbung pancolot, punika dede bangsanipun têmbung pitutur sapanunggilanipun.

Wondene pamanggih kula, têmbung mancolot, karimbag saking têmbung colot, angsal atêr-atêr man (ma kanthi sêgigêg aksara irung), lajêng anama têmbung tanduk kriya wantah kina. Upami sanèsipun kados ta:

Saut - manaut.

Tulis - manulis.

Sêmbah - manêmbah.

Têlung - mantêlung. Manêlung botên kangge.

Atêr-atêr ma ingkang kanthi sêsigêg aksara irung punika cundhuk kalihan atêr-atêr ing têmbung Malayu me utawi ber. Wondene atêr-atêr me punika wontên ingkang kanthi aksara irung wontên ingkang botên. Ingkang kanthi aksara irung, wontên ingkang ngewahakên aksara purwaning lingga, wontên ingkang botên.

Kados ta:

Curi (tjoeri) - mencuri

Cabut - sok mêncabut, sok menyabut.

Cukur - sok mencukur, sok mênyukur.

Yèn cara Mlayu, ingkang kaanggêp sae, ingkang mêncukur utawi mêncabut. Makatên ugi tumrapipun mantêlung, punika botên ngewahakên purwaning lingga, ta. Sarêng manulis, ta ewah dados na.

II. Sapunika bab têmbung: maguru, madhukun, mapulih, magawe sapanunggilanipun. Ing pramasastra, têmbung ingkang makatên punika kawastanan têmbung bawa: ha, ingkang atêr-atêripun ma. Punapaa têka dipun wastani têmbung bawa: ha. Jalaran têgêsipun mèmpêr kalihan têmbung ingkang angsal atêr-atêr ha, dados lajêng kaewokakên dhatêng têmbung bawa: ha. Anamung nama bawa: ha tumrap wêwarnèn ingkang makatên punika inggih kalêbêt nyêngklèng, jalaran botên abawa: ha. Punapaa botên kawastanan bawa: ma. Jalaran têmbung ingkang kawastanan bawa: ma punika ajêg [ajê ...]

--- 21 ---

[... g] angsal sêsêlan ma, dados manawi kawastanan têmbung bawa: ma inggih botên trêp, botên purun.

Têmbung ingkang makatên wau yèn têmbung Malayu, cocogipun kalihan têmbung ingkang mawi atêt-atêr ber, dados radi gèsèh kalihan ingkang kasêbut ing ăngka I. Lajêng sapunika sakecanipun kawastanan rimbag punapa. Sanajan kawruh bab nama-namaning rimbag punika kêlêbêt kawruh ingkang sapele sangêt, ewasamantên tarkadhang-kadhang wontên damêlipun. Minăngka pangangguran, inggih kenging kagalih.

Kusumatmaja.

Krêndhawahana - Kaliyasa

1. Ha. Kula nuwun, ndara punapa pangling ing wujud kula.

Na. Mêngko ta, kaya-kaya: ya isih kèlingan, mung jênêngmu aku lali babarpisan. Kowe rak iya pangonku dhèk ana Kêdhiri biyèn.

2. Ha. Inggih, jalaran anggèn panjênêngan nimbali rumiyin mawi paraban, tur gontas-gantos. Sapamirêng kula, nalika kula angèn lêmbu, anggèn panjênêngan nimbali: Dhowak. Sarêng mantun angèn lêmbu, lajêng kadhawuhan angèn kagungan panjênêngan kambangan, kula panjênêngan parabi Kêndhog punapa kadospundi, kula botên nglêgewa.

3. Na. Apa iya. Mêngko tak eling-elinge dhisik. Ah mêksa lali aku. Wis ta aja kopikir, lah saikine kowe rak iya wis julukan ta, têgêse wis duwe anak bojo. Nyambut gawe apa. Lah mbok gancarna lêlakonmu, sahmu saka Kêdhiri. Wong lungaku saka kana dhisik, kowe isih kèri.

4. Ha. Inggih ndara, kula lajêng kêlunta-lunta, tumut paman dados pangèn dhatêng bawah Sala, ing dhusun punapa dhêkah Kaliyasa. Kula inggih angèn kambangan, paman angèn lêmbu. Têbanipun ing sacêlakipun wana ingkang singit punapa angkêr. Criyosipun ndara Wèkling, mantunipun kyai ingkang dipun ngèngèri pun paman: inggih wana ngriku punika kayanganipun Bathari Durga. Wah ndara, sarêng sontên kula dipun dongèngi, yèn Bathari Durga punika ratuning dhêmit, enjingipun kula rumaos sêdhih, ajrih, lajêng niyat minggat mantuk, nanging sarêng kèngêtan sampun lola, sarta kabêkta saking trêsna kula dhatêng paman, ingkang mupu kula, manah kula têka jênjêm malih, pulih kados wingi-wingi, bingah narimah nglampahi kadaring titah, èngêt kula, nalika samantên Sênèn Wage. Kula sawêg nêdhêng-nêdhêngipun sênêng tiru-tiru nglampahi tirakat, ing panggenan ingkang kacriyos wingit. Kula niyat nêpi ing ngriku, botên wangsul dhatêng dhusun, dhasar kambangan kula sami gumolong botên [botê ...]

--- 22 ---

[... n] nate pating blêsar, sarêng wanci rêp, kula wiwit masangyogi, ngèmpêri cariyos ing ringgit.

5. Na. Mêngko dhisik, wedange ombenên, kasêlak adhêm.

Ha. We la, nyuwun pangapuntên, ndara. Tamtunipun dara anggalih makatên: aku iki ora ngubêngake jăntra, kok kêdhayohan wong edan.

6. Na. E, aja dadi atimu lo, aja klèru tămpa. Saking bungahku, sapisan. Kapindho, wuwuh-wuwuh kowe mratelakake lêlakonmu kang nuju prana. Mara kêpriye bacute.

7. Ha. Botên dangu, sumiyuting prahara nêmpuh grêng ori tuwin kêkajêngan, gumrubug, pating gropak, pating jrêthot. Upami kula botêna sampun niyat tekadan, kintên kula inggih mlajêng. Waktu punika kula mandhak bingah. Kula kraos, wontên barang dhawah ing pangkon kula. Niyat kula badhe (linang suksma sarira), nglajêngakên tapa sadalu punika, nanging jêbul mak byar, rumaos padhang. Sumêrêp barang ingkang dhawah ing pangkon punika, wujud: kropak, roning tal, kula inggih gumun, dene rumaos kula, kula waktu punika, sanalika sagêd maos, saha mirêng swara, makatên: prithilan pustaka lingga pranala tak gadhuhake marang kowe, bocah angon, jalaran aku ngèlingi lêlakone garwaku, minăngka tandhane patobate.

8. Na. Nah, lo, lo, lo. Mêngko ta, kowe apa tau sêkolah.

9. Ha. Botên nate, ndara. Namung rumiyin punika, ingkang rayi punapa sintên, ndara timur punika sok maringi wulangan sêratan. Dados sagêd kula namung gêthok tular, mipil-mipil.

10. Na. Lah iya. Sing kogumuni:[2] kowe bisa maca iku, kapriye cêthane.

11. Ha. Makatên ungêlipun ingkang kula tingali. Sanglèng kelasa yar ton ala ayuni ngulah lawan ambêk nikang rat, sarta sakwat punika kula rumaos marêm.

12. Na. Lah apa kowe ngrêti, têtêmbungan mangkono iku.

13. Ha. O, botên mangrêtos. Namung manah kula têka marêm, rumaos katarimah. Ungêl-ungêlanipun taksih kèngêtan, jalaran kadosdene wontên ingkang nuntun maosakên. Tiyang mèh kados nyupêna.

14. Na. La kandhakna bacute, sing korungu.

15. Ha. Makatên: wis kèria, Ndhowak, Ndhog, lêstarèkna nêgês cêthane sakèhing lêlakonmu, kaya ing bêngi iki. Jênggirat, kula kagèt, jalaran [jalar ...]

--- 23 ---

[... an] kambangan mungêl pating kruwèk. Sawêg ngrêtos, bilih kula nyupêna. Kropak pustaka inggih botên wontên.

16. Na. Rak iya wis lawas ta, kalakone mangkono iku.

17. Ha. Nun inggih. Sarêng paman mêdal saking pangengeran, kula inggih dipun jak. Nanging dalunipun paman taksih kadhawuhan tilêm ing dalêmipun kyai. Tiyang botên wontên jalaranipun ingkang prêlu, namung saking adrêngipun badhe sumêrêp purug. Nanging kula susah sangêt. Sarêng lingsir dalu, kok inggih nunggil kados rumiyin: malêm Anggara Kasih, kula kesah dhatêng panggenan lami lajêng mapan kados rumiyin, nênuwun kêdhatêngan kados ingkang sampun. Pangraos kula botên dangu, tumuntên anginipun midid mêsês sumiyut, sarta gumrubuk swaraning prahara ugi kados swaraning lampor kados rumiyin. Nanging mangkirig murinding kula namung sakêdhap, mandhak ing batos bingah, jêr sampun kula tekandakên[3] nênêpi, tur ugi magrêtos kupiyanipun, sarta èngêt dhawuh ingkang rumiyin kula pirêng, ngêndikakakên bab prithilan, pustaka lingga pranala, têmên-têmên kula suwun ing batos. Lo, kok inggih: byar, cêtha paningal kula, ing sangajênging mripat, wontên rontal mawi sêratan, tur rumaos tinuntun maosipun mungêl: dhatêng Sri Maha Nilakantha. Dene swara ing langit ing sapamirêng kula makatên: ênggèr, mêngko kowe nuruta lakune lan ibêre karandha, lunga saka andakawana kene, ngungsi mênyang liya panggonan kang slamêt.

18. Na. La la la, hla kowe apa ora matur, nyuwun têrange, sing durung kowe ngêri[4] têgêse, apa kowe ngrêti têgêse têmbung karandha, andakawana. Lan biyèn kae, unine tulisan jare kowe iya ora ngrêti.

19. Ha. Pancènipun inggih nyuwun mitêrang. Nanging, la tiyang kados nyupêna, ndara. Hla ndara kadospundi yèn pinuju nyupêna, lumêbêt warung bakmi. Măngka manawi tiyang nyupêna nêdha... yèn kasukan main, pawartosipun sagêd mênang kathah.

20. Na. Ya wis ta, aku kok dahwèn. Mara bacutna kandhamu, nanging aku mêngko arêp nyulang-nyulangake ênggonku marabi kowe biyèn. Jalaran, kowe kăndha yèn krungu swara nganggo têmbung: andakawana. Wis têrusna olèhmu ngandhakake impènmu.

21. Ha. Lo, sanès supênan. Ndara kok mêstani kula nglindur.

22. Na. Ya wis, wangsiting jawata kapriye têruse.

23. Ha. Kula inggih botên ngrumaosi manawi [ma ...]

--- 24 ---

[... nawi] angsal wangsit, nanging nyupêna inggih botên. Icaling lontar, kèndêling swara, gêntos wontên rêrupèn: kambangan lumajêng, ngalèr ngilèn, pêksi bango inggih mibêr ngalèr ngilèn. Ing ngriku sampun byar, dados ndara inggih botên lêpat, kula kawastanan nyupêna.

24. Na. Lah lêga pikirku. Ora kok dumèh kowe wis ngapura ênggonku konyana nyêpèlèkake. Seje kang dadi bungahku manèh. Rêrupan bèbèk, iku kang dadi jalarane ênggonku marabi kowe: Êndhog. Dene: Ndhowak, iku, marga elingku têmbung: kandhawawana, karo andakawana, lira-liru. Nalikane kowe angon sapi, tak parabi: Andaka. Nalikane angon bèbèk, tak undang: Karandha.

25. Ha. Kok lucu. Sêmbah nuwun, atur kula, dene brêgas timên titêl kula, namung cacad anggèn panjênêngan ngêdalakên, kok nyrêwèntèh, Dhowak, Êndhog. Nanging kula wêkdal samantên, salugut botên rumaos sakit manah.

26. Na. Aku tak kăndha, ya. Biyèn aku rak doyan nginang, ngêmut susur barang, nganti bêndana. Ing pasamuwan, kumpulan karo băngsa Walănda, ora rumasa saru, têrus ngêmut bae. Sawiji dina, aku barêng dolan sore, sanjan, karo priyayi guru wêton Prabalingga, samana taun 1886, aku ana ing Singasari (Malang), mênyang dalême Radèn Panji. Radèn Panji nuju ngadhêp ing pandhapa kawêdanan, katon saka dalan. Aku njarag, tak aturi saka kadohan bae, karo ngêmut susur, karêpku mêngkene: Dèn Panji, măngga mlampah-mlampah dhatêng sêpur. Dhimas guru, kok nyêkikik, angguyu. Tak takoni: napaa kok gumujêng. Banjur mangsuli: Dèn Kanji, nggok, klakah-klakah, thêng skur. Aku rumasa digawe gêguyon, ditirokake. Susurku banjur dak buwang sêbrung. Wiwit nalika iku aku moh susuran manèh.

Dhimas guru, saiki iya ana nagara kene.

Dhimas guru tau kăndha, wong Bali iku isih padha dhêmên nginang ngêmut susur, mulane: têmbung madhe, dadi kadhe, nyoman, dadi komang. Bagus, dadi kagus.

Ing Grêsik akèh sêsêbutan: guk, kang cêthane muni: gus. Ing pamulangane dhimas guru wus nêtêpake katrangan, yèn aksara: pa, mau sok kêndhih ing aksara: ka, jalarane, iya kaya lêlakonku iku mau.

Mulane nalika kowe malèhake parabanmu: Dhowak, lan :

--- 25 ---

Êndhog, aku pancèn ora kèlingan, jalaran lambeku lan gorokanku, biyèn ora mrêduli marang kupinging wong-wong kang padha ngrungu swaraku. Sing luput, ya aku.

Ha. Klilan nyuwun pamit mantuk.

Na. Iya, nanging aku wêling, ya, ênggonmu samadi iku lah mbok aja ngêntèni malêm Anggara Kasih. Utamane: sabên bêngi, utawa samăngsa-măngsa luwih utama. Mung yèn Anggara Kasih undhakana mêmpêngmu.

Ringkêsaning cariyos ing nginggil:

Karandha : Bèbèk

Andaka : Banthèng

Krêndhawahana : Andakawana

Karandhawahana : Kandhawawana

Kaliyasa : Kaelasa. Mèru, kayanganipun Bathara Siwa.

Pustaka lingga pranala : Namaning sêrat, kagunganipun Bathara Winayaka utawi Ganesa, ingkang kasuwèk-suwèk dhatêng Bathari Uma, ingkang lajêng kuwalat, santun warni dados Bathari Durga.

Kinang : Pinang

Dhèn Kanji, ênggok, klakah-klakah thêng sêkur. : Dèn Panji, êngga mlampah-mlampah têng sêpur.

Natawijaya.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 1).

Arjuna lajêng ngawasakên Sang Hyang Siwah ngagêm kamulyan linangkung, jajar kalihan paramèswarinipun: Dèwi Uma. Lajêng sujud sumungkêm ing ngarsanipun Sang Hyang Siwah nyuwun pangaksama. Aturipun makatên: Pukulun, kawula nêmbah ing tuwan, tuwan punika pranyata dewaning para dewa, jalaraning sadaya jalaran. Ingkang nitahakên sadaya titah, pangeraning sadaya ingkang tumitah. Inggih ingkang jêjuluk Sang Hyang Nilakăntha, margi angêmbêng wisa. Inggih tuwan ingkang asoca têtiga, ingkang satunggal wontên ing larapan. Tuwan tuking sadaya kawiryan. Tuwan ingkang maha luhur. Mugi tuwan karsaa paring pangapuntên, dene kawula sakalangkung kamipurun dhatêng tuwan. Pramila kawula karaya-raya dumugi ing ngriki prêlunipun inggih mligi namung badhe nyumêrêpi glêgêring sarira tuwan. Mugi-mugi tuwan karsaa nglêbur dosa kawula, dene kawula longok-longok, sarta purun-purun pêrang mêngsah tuwan. Punika namung kabêkta saking botên sumêrêp kawula.

Sang Hyang Siwah lajêng ngasta tanganipun Arjuna kalih pisan kalihan ngandika sêmu mèsêm: Arjuna, aja maras atinira. Kaluputanira wus ingsun ngapura.

Arjuna lajêng dipun rangkul. Tumuntên kaparingan dêdamêl ingkang sakalangkung ampuh. Sadaya

--- 26 ---

ingkang kumêlip ing ngarcapada sarta ing Suralaya botên wontên ingkang kawawa nadhahi. Danawa utawi yaksa, sato utawi brakasakan, janma manungsa sarta para dewa, botên wontên ingkang kawawa nadhahi. Anamung dêdamêl wau botên kenging dipun èngsrèng. Kengingipun katamakakên namung manawi wontên damêl-paridamêl ingkang agêng.

Arjuna badhe nampèni pêparingipun Sang Hyang Siwah wau mawi sêsuci rumiyin. Sarampunging sêsuci lajêng nampèni ganjaran wau kanthi bingahing manah. Ing nalika punika lajêng wontên gara-gara agêng, bumi horêg, sagantên kocak mawalikan kados kinêbur, rêdi horêg amanggut-manggut, wana sarta nagari sami busêkan.

Sang Hyang Siwah lajêng maringakên wangsul gandhewanipun Arjuna ingkang kasêndhal nalika pêrang, tumuntên wangsul dhatêng kahyangan malih, kadhèrèkakên dhatêng Dèwi Uma.

Sarêng Sang Hyang Siwah sampun tindak, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Baruna, sarta dewa-dewa sanèsipun sami rawuh, amaringi sanjata dibya dhatêng Sang Arjuna.

XVIII. Cariyosipun Rêsi Brahadaswa.

Sadangunipun Arjuna wontên ing sapucaking rêdi Mahamèru, kadosdene ingkang kasêbut ing ngajêng, sadhèrèk-sadhèrèkipun ingkang kantun sami nawung sungkawa, kadhèrèkakên dhatêng Dèwi Dropadi. Anggènipun sami susah wau margi Arjuna lami botên dhatêng-dhatêng, nalika samantên sami manggèn wontên ing wana agêng Kamyaka.

Anuju satunggaling dintên sawêg sami rêraosan prakawis kesahipun Arjuna, tumuntên wontên rêsi dhatêng, anama Brahadaswa. Para Pandhawa sami bingah, ngacarani ingkang sawêg dhatêng, sarta kabagèkakên. Sang rêsi dipun sêgah sawontên-wontênipun. Sarêng sampun ngaso, Yudhisthira lajêng ngaturakên kasusahanipun. Satêlasing cariyos lajêng matur makatên: Sumăngga, ta, panêmbahan, kula aturi anggalih, ing ngarcapada punapa wontên ratu ingkang nandhang sangsara kados kula. Kok kêsangêtên têmên badan kula, dados tiyang kok kêtula-tula. Punapa badan kula punika dados pataranganing kasangsaran. Pundi wontên tiyang nandhang sangsara kados kula.

Sang rêsi angimur-imur, makatên ngandikanipun: Anak prabu, lêlampahan sampeyan punika dèrèng sapintêna. Yèn sampeyan karsa mirêngakên cariyos kula, tamtu suda susah sampeyan. Sabab rumiyin inggih wontên ratu ingkang sangsaranipun angungkuli sampeyan. Tur lêlampahanipun mèmpêr.

Yudhisthira matur: Panêmbahan, cobi kula aturi nyariyosakên, kula kapengin sangêt mirêngakên.

Rêsi Brahadaswa lajêng cariyos makatên :

--- 27 ---

XIX. Cariyosipun Nala kalihan Damayanti.

Ing jaman kina ing nagari Nisada wontên ingkang jumênêng ratu taksih neneman, ajêjuluk Prabu Nala. Warninipun sakalangkung bagus, tur ambêg paramarta. Undhagi olah dêdamêl, wêwah-wêwah prawira ing ayuda. Lêbda sangêt ngasta gandhewa sarta jêmparing. Manawi anjêmparing botên nate lêpat. Para ratu botên wontên ingkang sagêd nimbangi kaprigêlanipun olah dêdamêl. Kajawi punika, sakalangkung wasis ngasta pusaraning kapal, botên wontên ingkang nyamèni. Ingkang dados lêlangênipun, anggêgulang katrampilan sarta kaprigêlanipun ngasta dêdamêl. Namung sang prabu wau ing pawingkingipun lajêng kenging godha, sangêt rêmênipun kasukan main.

Nalika samantên ing nagari Widarba wontên ingkang jumênêng ratu, ajêjuluk Prabu Bima. Sang prabu kagungan putra putri sakalangkung endah ing warni, anama Dèwi Damayanti. Sang putri endahipun tanpa timbang. Sang putri wau sampun asring mirêng mênggahing kapunjulanipun Prabu Nala, makatên ugi Prabu Nala inggih sampun asring mirêng mênggahing endahipun sang putri. Kêkalihipun sanajan dèrèng sami priksa dhatêng warninipun, sampun kraos kapencut.

Anuju satunggaling dintên Prabu Nala sawêg anggalih-galih dhatêng sang putri, kalihan tindak-tindak wontên ing patamanan, lajêng priksa wontên pêksi kathah abayak-bayak, wulunipun kancana. Pêksi sami saba wontên sangandhaping sasêkaran, sang prabu sakalangkung karênan ing galih nyaut satunggal, kenging. Pêksi wau lajêng wicantên atata jalma, makatên aturipun: Gusti, mugi kawula uculna. Kawula botên sagêd gêsang manawi kaingah wontên ing sêngkêran. Manawi panjênêngan dalêm karsa andhahar atur kawula, kawula badhe labêt ing panjênêngan dalêm. Kawula badhe matur dhatêng nagari Widarba, manggihi sang putri ing ngrika, ngaturakên mênggahing kapunjulan dalêm, supados sang putri kasmaran dhatêng panjênêngan dalêm. Tamtu botên karsa krama yèn botên kagarwa ing panjênêngan dalêm.

Pêksi lajêng kaêculakên, nuntên mibêr kaêtutakên dhatêng pêksi sanèsipun wau sadaya, purugipun dhatêng nagari Widarba. Wontên ing ngriku sami nêba cêlak kalihan sang putri. Sarêng sang putri priksa lajêng badhe nyêpêng pêksi wulu kancana wau, sadaya para nyainipun inggih angrencangi. Pêksi-pêksi wau lajêng anjrunthul pating salêbar. Para pawèstri sami amblêdig satunggal-satunggal. Sang putri inggih ambujêng satunggal. Sarêng sang putri sampun kapisah radi têbih kalihan para abdi, pêksi wau wicantên makatên: Sang putri, ing nagari Nisada wontên ratu neneman taksih dèrèng krama, pinunjul ing sasamining kakung mênggah ing warni sarta panggalihanipun. Makatên ugi panjênêngan punika inggih pinunjul ing sasamining putri. Manawi panjênêngan sagêd krama angsal sang

--- 28 ---

prabu punika, saèstu kadosdene Sang Kamadewa kalihan Dèwi Ratih.

Sang putri mangsuli pangandika: Yèn pancèn têmên-têmên kandhamu iku, kowe dak kongkon. Saiki mibêra mênyang Nisada, matura kaya aturmu iku mau marang sang prabu ing kana. Pêksi lajêng mabur.

Sapêngkêring pêksi sang putri sakalangkung nandhang brăngta, sariranipun ngantos kêra aking, pasuryanipun ngalêntrih kados rêmbulan karainan, panggalihipun tansah dhat-dhatan. Botên wontên sanès ingkang kacipta ing galih, kajawi namung sang prabu ing Nisada.

Para pawongan cèthi sumêrêp sariranipun sang putri sangsaya nglayung lajêng matur dhatêng ingkang rama. Sang prabu sarêng sampun ngawuningani larah-larahing lêlampahan, lajêng karsa mikramèkakên putranipun wau, supados sang putri sagêda lêjar malih. Lajêng dhawuh anglimrahakên karsanipun wau. Suraosipun: sang putri badhe kapikramèkakên, dene ingkang badhe kapundhut mantu badhe kapilih piyambak dhatêng sang putri.

Sayêmbara pilih wau lajêng kapirêng ing sanagari ngriku sadaya, malah nagari-nagari mănca inggih sami mirêng. Tiyang-tiyang sami gègèr manahipun, jalaran sang putri pancèn endah linangkung. Para satriya tuwin para raja saking măncanagari dhatêngipun kados dipun sokakên. Wontên ing nagari Widarba sami dipun suba-suba dhatêng sang prabu.

Kacariyos Bathara Narada sarta Bathara Parwata, nalika samantên sawêg sami kondur saking anggènipun nganglang jagad. Wontên ing Suralaya paring priksa bab sayêmbara pilih wau dhatêng para dewa. Para dewa wau inggih wontên ingkang kapengin anglêbêti sayêmbara. Satunggal, Sang Hyang Endra, kalih Sang Hyang Agni, tiga Sang Hyang Baruna, sakawan Sang Hyang Yama. Lajêng sami tumurun anitih puspaka, badhe dhatêng nagari Widarba.

Saking dirgantara para dewa wau priksa dhatêng Sang Prabu Nala, bagus tanpa timbang, prasasat Sang Hyang Kamadewa. Anggènipun nitih puspaka lajêng kaandhapakên dumugi ing siti, wontên ing ngajênganipun Prabu Nala. Prabu Nala katantun badhe kapurih dados dhandhan. Prabu Nala inggih sagah. Namung sarêng sampun kajalèntrèhakên badhe puruging lampah sarta gatosing damêl, sang prabu panggalihipun ngêndhêlong, lajêng ngaturakên ingkang dados sêdyanipun piyambak, pramila manawi kaparêng, nyuwun mopo. Ananging para dewa botên marêngakên, jalaran sang prabu sampun kawiyos kasagahanipun. Prabu Nala inggih lajêng botên lênggana, sumêdya nuhoni kasagahanipun.

Sadumugining nagari Widarba, Prabu Nala kadhawuhan malêbêt dhatêng kadhaton manggihi sang putri. Lêbêtipun dhatêng kadhaton, botên wontên tiyang ingkang sumêrêp, jalaran Prabu Nala kaparingan kamayan dhatêng para dewa wau. Sang prabu sagêd ajêng-ajêngan kalihan sang putri cêlak [cê ...]

--- 29 ---

[... lak] sangêt, priksa yèn sang putri sanyata endah linangkung. Sariranipun lênjang alurus, cahyanipun gumêbyar pindha wulan purnama, pasêmonipun sumèh amêrak-ati. Sang prabu anggènipun karungrungan sangsaya sangêt, ewadene dipun sayuti, margi kèngêtan, yèn sawêg badhe anglêksanani kasagahanipun ingkang sampun kawiyos.

Para putri ing kadhaton sarêng sami sumêrêp dhatêng Prabu Nala sakalangkung ngungunipun, dipun kintên yèn dewa kamanungsan, sabab saking bagusipun, ananging botên wontên ingkang purun nyêlaki utawi ngaruh-aruhi. Dèwi Damayanti piyambak ingkang karsa nyêlak, andangu sintên namanipun, sarta punapa sêdyanipun, sarta malih kadospundi anggènipun sagêd malêbêt ing kaputrèn, krana kaputrèn punika kajagi ambathithit.

Prabu Nala lajêng masajakakên namanipun sarta pratela, bilih anggènipun malêbêt dhatêng kaputrèn wau kautus ing dewa. Sang putri sanalika kèngêtan, lajêng mrasajakakên raosing panggalih, niyat botên badhe krama yèn botên angsal sang prabu. Yèn botên sagêd kalêksanan, dipun pilalah seda.

Sang prabu mangsuli pangandika: Sang putri, saèstunipun manah kula inggih botên beda kalihan panggalihipun sang putri, anamung badan kula rumaos sumêngka. Sang putri badhe kapundhut garwa ing dewa, kadospundi kok badhe milih kawula, namung janma nistha. Têbih sungsatipun kalihan para dewa. Manawi sang putri mêksa-mêksa mopo, sampun saèstu badan kula manggih sangsara agêng, anampèni sapudhêndhaning para jawata wau. Dene manawi sang putri kagarwa dhatêng dewa, tamtu badhe manggih kamulyan linangkung, punapa ingkang kacipta kadumugèn. Ingkang kakarsakakên, wontên. Pramila atur kula, sampun sang putri kadêrêng ing panggalih.

Dèwi Damayanti mangsuli pangandika: Sinuwun, para dewa punika pancèn kula aji-aji kula sêmbah-sêmbah sarta kula bêktèni. Anamung manawi kadadosakên jodhonipun, kula mopo. Ingkang kula pilih namung panjênêngan dalêm.

Sang putri lajêng muwus kalara-lara, êluhipun sumawur dhumawah ing siti, kados kalung sêsotya ingkang ambyar margi pêdhot oncènipun.

Prabu Nala lajêng ngandika: Sang putri, kula aturi anggalih ingkang radi panjang, anggèn kula mriki punika rak dados utusan namanipun. Kadospundi sagêd kula ngangsal-angsalakên badan kula piyambak. Gèk dipun wastani punapa, kula, manawi botên anglêksanani kasagahan kula. Punika namanipun cidra muput. Saupami lampah kula punika awit saking pikajêngan kula piyambak...

Sawêg dumugi samantên pangandikanipun Prabu Nala, dipun sêlani pangandika dhatêng sang putri. Saking bingahipun, luhipun taksih dleweran, [dlewer ...]

--- 30 ---

[... an,] anggènipun ngandika dipun sarêngi gujêng, makatên: Sinuwun, kula sampun manggih pratikêl, makatên pratikêl kula: benjing dhawahing dintên kêpyaking sayêmbara, panjênêngan kula aturi nyarêngi rawuhing para dewa ingkang sami badhe nglêbêti sayêmbara. Kula badhe milih panjênêngan. Dados panjênêngan luwar saking panyana-nyana.

Prabu Nala sagah, lajêng mundur saking ngarsanipun sang putri, wangsul dhatêng panggenanipun para dewa. Wontên ing ngriku ngaturakên salampahing dinuta.

Sarêng dumugi ing dintên dhawahing sayêmbara, papaning sayêmbara karêngga adiluhung. Gêbyaring parênggan pating pancurat, pating palancur ambalêrêngi. Para ratu sarta para satriya rawuhipun kados dipun sokakên. Sarêng sampun sami lênggah satata, sang putri miyos saking kadhaton, wêrnanipun angêsorakên widadari ing swarga. Asmanipun para raja tuwin satriya lajêng dipun giyarakên dhatêng tiyang ingkang kapatah nglampahakên padamêlan wau. Sadangunipun makatên punika sang putri priksa wontên tiyang jalêr gangsal, bagus-bagus. Warninipun sarta panganggenipun tuwin solah-tingkahipun sadaya sami, plêk, kados Sang Nala kêmbar gangsal.

Sang putri lajêng anggraita, bilih ingkang sakawan tamtu dewa. Satunggal Bathara Endra, satunggalipun Bathara Agni, satunggalipun Bathara Baruna, satunggalipun malih Bathara Yama. Sami mancala warni kados Prabu Nala, sarta ngagêm caraning manungsa, anyingkirakên kadewatanipun.

Dèwi Damayanti sakalangkung kawêkèn ing galih, botên sagêd priksa: pundi ingkang manungsa sajatos, ingkang dados woding panggalih, pundi ingkang dewa. Saking kapêtêking sêkêl, lajêng nênuwun ing salêbêting galih dhatêng para dewa sakawan wau. Sujud ing ngarsanipun, matur angrarêpa makatên, pukulun, kawula manggih karibêdan agêng, mugi sang pukulun karsa paring pitulung, paring priksa pundi Prabu Nala ingkang saèstu. Sang hyang pukulun mugi karsaa ngagêm kaluhuran sarta kamulyaning jawata, supados kawula sagêd anyilah sarira tuwan saking Prabu Nala.

Dewa sakawan mirêng aturipun Dèwi Damayanti lajêng priksa dhatêng kasantosaning panggalihipun sang dèwi, sarta kasusilanipun, satêmah panggalihipun sami trênyuh, ngijabahi ingkang dados panuwunipun, lajêng ngagêm kamulyan kadewatan malih: oncèn sêkar ingkang kaagêm sami sêgêr botên sagêd alum, pakulitanipun katingal garing botên anglisah, tingalipun manthêlêng botên kocak, agêm-agêmanipun rêsik, botên wontên blêdugipun. Sariranipun botên wontên wêwayanganipun, sampeyanipun botên tumapak ing siti, wondene Prabu Nala sariranipun katawis rêgêd kêbak blêdug, tuwin wontên riwenipun. Tingalipun mawi kêdhèp-kêdhèp, oncèn sêkar ingkang kaagêm katawis alum.

--- 31 ---

Sang putri lajêng murugi, anyandhak têpining kampuhipun, oncèn sêkar agêmipun piyambak kakalungakên dhatêng jangganipun Prabu Nala. Punika pratandhanipun, yèn sang putri amilih Prabu Nala, dados garwanipun.

Tiyang-tiyang ingkang sami wontên ing ngriku sakalangkung suka manahipun, sami surak mawurahan.

Prabu Nala katawis ing sêmu manawi sangêt sihipun dhatêng sang dèwi, lajêng prasêtya, yèn sihipun punika botên badhe pêdhot-pêdhot ing salaminipun gêsang.

Para dewa lajêng paring jaya kawijayan, tuwin guna kasantikan dhatêng Prabu Nala. Wontên ingkang paring kakuwatan, murih botên sagêd wungkuk ing salami-laminipun. Wontên ingkang paring kanuragan, botên gêsêng dening latu, botên têlês dening toya. Wontên ingkang paring kasagêdan olah-olah, pinunjul ing jagad. Wontên ingkang paring kamayan sagêd angwontênakên toya sarta latu ing samăngsa-măngsa sarta saênggèn-ênggèn miturut ing sakarsanipun. Wontên ingkang paring kasantikan, murih oncèning sêkar botên alum. Wontên ingkang paring pangèstu: badhe pêputra kalih. Sasampunipun apêparing punika sadaya, para dewa lajêng muksa, wangsul dhatêng kahyangan.

Sarêng para raja ingkang sami nglêbêti sayêmbara sampun kathah ingkang wangsul dhatêng nagarinipun, sang putri kalihan sang prabu kabayang karya. Sabibaring damêl, sang prabu kondur dhatêng nagarinipun kalihan Dèwi Damayanti. Sakalangkung sih-sinihan, kados Sang Hyang Kamadewa kalihan Dèwi Ratih.

Sadumuginipun ing nagari, pangastanipun paprentahan sakalangkung adil aparamarta. Para kawula sami ajrih asih, sarta suyud kumawula. Ing alami-alami lajêng kagungan putra kêkalih, satunggal kakung, satunggal putri. Anètèsi pangandikanipun para dewa. Sang prabu kakung putri sakalangkung bingah, rumaos bêgja linangkung.

Wangsulipun para dewa dhatêng kahyangan, wontên ing margi kapanggih kalihan Hyang Kali.[5] Dipun dangu dhatêng para dewa mênggahing niyatipun. Amangsuli bilih badhe anglêbêti sayêmbara. Para dewa paring priksa bilih sayêmbara sampun bibar, Dèwi Damayanti kenging dhatêng Prabu Nala. Hyang Kali sarta Hyang Dwapara sakalangkung bramantya, mirêng yèn Dèwi Damayanti namung kagarwa dhatêng manungsa kemawon. Badhe adamêl karisakanipun Prabu Nala. Para dewa sami mênggak, nanging botên dipun rèwès. Niyatipun malah badhe lumêbêt dhatêng salêbêting galihipun Prabu Nala. Dene Dwapara badhe manjing dhatêng dhadhu. (Taksih wontên sambêtipun).

--- 32 ---

Pariwara

[Iklan]

--- [0-0] ---

[Iklan]

--- [33] ---

 


sarjana. (kembali)
dak gumuni. (kembali)
tekadakên. (kembali)
ngêrti. (kembali)
§ Kalih-kalihipun punika inggih namaning wêdalipun pamainan cara Indhu, ingkang murugakên kawon. (kembali)