Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-03, #369

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-03, #369. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-03, #369. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 3. Marêt 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Konggrès Bab Basa Jawi

Pranatan konggrès basa Jawi ing Ngayogyakarta: (panggenanipun kasêbut ing pungkasan).

1. Malêm Sabtu tanggal kaping 25-26 Marêt 1927 jam satêngah wolu (7½) nampèni para tamu, sêsorahipun pangarsaning pakêmpalan, panjênênganipun Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat. Lajêng para murid Abirandha ngebarakên katiyasanipun, angsal-angsalaning wulangan saking guru.

2. Dintên Sabtu tanggal kaping 29 Marêt 1927 jam 9 enjing dumugi jam 1 siyang, sêsorah (preadpis) bab wulangan basa Jawi ing sakolahan normal, calon guru sarta calon priyantun. Ingkang mangarsani pakêmpalan taksih panjênênganipun Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat. Ingkang badhe sêsorah:

Radèn Prawiraarja, Salatiga; Radèn Sasrasugănda, Ngayogya.

3. Malêm Minggu tanggal kaping 26-27 Marêt 1927 jam 7 dumugi jam 9, sêsorah (preadpis) bab saenipun sarta awonipun basa Jawi kasêrat mawi sastra Jawi tuwin sastra Latin. Sarta pahargyan tumrap para ingkang sami ngrawuhi konggrès. Pangarsanipun taksih panggah. Ingkang sêsorah:

Radyapustaka, Surakarta, Radèn Suyud, Mas Surawidigda, Surabaya.

--- 34 ---

4. Dintên Minggu tanggal kaping 27 Marêt 1927 jam 9 enjing dumugi jam 1 siyang, sêsorah (preadpis) bab paedahipun têmbang Jawi sarta gamêlan Jawi tumrap alusing raos ingkang dumunung wontên ing manahipun para murid Jawi, sarta ngrêmbag punapa sarananipun, supados prakawis kalih warni wau sagêda tumut kawulangakên wontên ing pamulangan, ingkang muridipun: lare Jawi. Lajêng sêsorah bab bibaran. Ingkang mangarsani pakêmpalan: Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat.

Ingkang badhe sêsorah: Mardiguna, Surakarta, Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ngayogyakarta.

5. Malêm Sênèn tanggal 27-28 Marêt 1927 wiwit jam 7 dumugi jam 9, bêksan pêthilan, saking pakêmpalan: Kridhabêksawirama.

Pranatan ing nginggil wau manawi wontên prakawis ingkang prêlu, sagêd ewah.

Wondene panggenanipun punika wau sadaya wontên ing tilas dalêm Cakranêgaran, ing sapinggiring margi Yudanêgaran, ing sawetaning alun-alun lèr, ing sacêlakipun tilas dalêm Ngabean. Dados wontên ing dalêm ingkang kangge panggenanipun kursus dhalang, kursusipun pakêmpalan Abirandha.

Komite konggrès.

Kula nuwun, Radyapustaka sampun nampèni sêratipun pangrèh agêng Yapa Insêtitut, katitimangsan kaping 11 Dhesèmbêr 1926, suraos, Radyapustaka supados angwontênakên sêsorab bab: awon saenipun basa Jawi kasêrat sastra Latin. Punika andadosakên bingahipun Radyapustaka, dene kapasangyogi sagêd angsal margi mêdhar pamanggihipun bab wau. Awit sajatosipun, bab basa Jawi kasêrat sastra Latin, punika katingal dados pamanahan sayêktos, wiwit wêdalipun basa Jawi kasêrat sastra Latin, lajêng dados wiraosanipun para guru, sarta para sadhèrèk sanès-sanèsipun, langkung malih para ingkang anggatosakên kawontênan sarta kamajênganipun băngsa Jawi tuwin rêmên dhatêng basa Jawi.

Rêraosan makatên wau ugi kêrêp kawêdhar wontên ing pêpanggihan pakêmpalan Mardibasa ing Surakarta, emanipun rêmbag wau namung rêmbaging pêpanggihan piyambakan, măngka ingkang andhatêngi utawi warganipun ugi kathah, kawêdharipun sayêktos ingkang lajêng kamirêngan ing akathah, punika kala Radyapustaka aparêpatan agêng ngrêmbag tataning panyêrat sastra Jawi, kathah warganing panitya ingkang mrayogèkakên supados Radyapustaka manah: kadospundi sagêdipun sastra Jawi sampun ngantos sirna, mila Radyapustaka lajêng manah bab wau sapikantukipun.

--- 35 ---

Saèstunipun sadaya sampun sagêd anggalih piyambak, wontênipun para sadhèrèk gadhah usul ingkang makatên wau dhatêng Radyapustaka, punika mêsthi wontên raosipun, kadospundi gandhèngipun kalihan sastra sarta kalihan băngsa Jawi, mokal sangêt manawi kawontênan prabot sipating băngsa badhe dipun ewahi têka botên kraos, mila prêlu kawawas ingkang cêtha.

Ing waunipun Radyapustaka botên gadhah pangintên, manawi sastra Jawi badhe sirna, awit sampun pitados dhatêng panggalihanipun para ingkang ngakên badhe ngajêngakên băngsa Jawi, nanging sarêng nyumêrêpi kawontênanipun samangke, tuwuh pangraosipun, sisip-sisip sêmbiripun sastra Jawi sagêd sirna santun sastra Latin, awit kawontênanipun ing sakolahan-sakolahan Jawi, langkung malih ing H.I.S. sêrat-sêrat piwulang sastra Jawi, sarta waosan basa Jawi kenging kawastanan botên samêsthinipun, kathah ingkang kasêrat sastra Latin, sêrat-sêrat waosan Jawi ing Balepustaka, kathah sangêt ingkang kasêrat ing sastra Latin, botên namung anggitan enggal, dalasan sêrat kina sampun wontên ingkang dipun wiwiti kasêrat sastra Latin, inggih punika Sêrat Rama, măngka mirit nama Volkslectuur, lectuur tumrap Volk ingkang sampun gadhah sastra piyambak.

Awit saking kawontênanipun sakolahan-sakolahan sampun dipun balêbêg piwulang sastra Latin, wontên ing Jawi waosan-waosan Balepustaka sampun kathah ingkang kasêrat ing sastra Latin, saha dipun rêgèni mirah, badhe ngupados waosan ingkang taksih aksara Jawi rêkaos, dados lajêng kapêksa nêngênakên sastra Latin, rêmên sarta katrêsnanipun dhatêng sastra Jawi botên kamanah, saèstunipun dangu-dangu badhe sagêd sirna sayêktos, măngka sanadyan botên dipun angkah, bilih kawontênanipun kawula kalihan ingkang marentah punika beda, mêsthi sagêd ngewahakên kawontênan, sarèhning punika prakawis gawat, Radyapustaka prêlu nglairakên pamanggih supados dados panggalihanipun ingkang wajib, kados ta: paprentahan luhur sarta sanès-sanèsipun.

Radyapustaka botên rujuk, bilih sastra Jawi kasirnakakên kasantunan sastra Latin, dene manawi kamanah prêlu, tumrapipun ing wêkdal punika, dipun wêwahi piwulang basa Jawi sastra Latin, kenging kemawon, nanging namung dumunung wêwahan, botên kangge nyantuni jêjêripun sastra Jawi, punika kêdah taksih kalêstantunakên, mênggah sababipun, kados ing ngandhap punika:

Manawi kalarasakên kalihan kamajêngan, sastra makatên ugi dados ancêr-ancêr titikaning kamajênganing băngsa. Kajênging kamajêngan, botên nyirnakakên kabudayaning băngsa, nanging malah andandosi, têgêsipun pundi ingkang kirang sampurna dipun sampurnakakên, ingkang kirang prigêl dipun prigêlakên.

--- 36 ---

Kenging mêndhêt saking kawontênaning sanès, namung dumunung wêwahan kemawon. Pamanggihipun Radyapustaka, kabudayaning băngsa ingkang botên adamêl pakèwêd dhatêng lampah sampurnaning gêsang, bilih dipun sirnakakên, ingkang kapitunan botên amung băngsa ingkang gadhah kagunan wau, nanging ugi donya tumut kapitunan.

Lêrês băngsa mănca wontên ingkang prêlu nyumêrêpi kawontênan Jawi, nanging cacahipun botên kathah. Tumrapipun para marsudi sagêdipun paham saèstu dhatêng kawontênan Jawi, punika prêlu matrapakên tatacara Jawi, botên cêkap namung nyumêrêpi kemawon, têgêsipun, sintên ingkang sêdya sinau basa Jawi kêdah ngrêtos aksaranipun, manawi botên makatên inggih botên sampurna, mila botên sagêd bilih băngsa mănca prêlu nyumêrêpi kawontênan Jawi, paripêksa nyirnakakên sastra Jawi, tiyang bêtah makatên kêdah wragad rêkaos, botên namung ngeca-eca lajêng damêl karisakaning liyan.

Tumrapipun băngsa Jawi piyambak, kalèntu bilih nêdya nyirnakakên sastra Jawi, amargi pancèn botên makèwêdi lampah, malah sagêd nama karisakan, awit bilih dipun larasakên mirit waton physiologie, sastra kalihan raos pangraos, angên-angên, pamikir, punika wontên sêsanggitanipun, inggih punika gêgambaranipun satunggil-tunggiling aksara, sandhangan swara, dalah saungêlipun, punika sampun cumithak wontên ing raos pangraos, malah cengkok, luking wêwangunanipun, punika sampun ambêkta dhêdhasaraning raos, sipat sarta wêwangunaning raos Jawi, ingkang beda kalihan raos Eropah, kados ta: bab raos wujud, upaminipun rêca, ukir-ukiran, sarta kawontênaning corak, punika sampun sami gadhah dhasar raos, utawi lêlungidan piyambak-piyambak, samăngsa dipun ewahi, lajêng ngewahakên raos pangraos kemawon, botên prêlu kula aturakên panjang-panjang, wujud ingkang mêdal saking pikiranipun piyambak, sampun tamtu langkung gampil punapadene sakeca cumithakipun katimbang wêwêdalan sanès.

Manawi miturut kawruh bab biologie sastra Jawi kapêksa kasantunan sastra Latin, punika rêkaos sangêt, awit aksara Jawi wau, tumrapipun băngsa Jawi tamtu sampun laras kalihan kawontênanipun, awit sampun pintên-pintên taun pangrasukipun băngsa Jawi dhatêng sastranipun wau, sêlak mokal bilih botên sampun anyêkapi ing bêtah sarta mapan, makatên punika sampun samêsthinipun, kabudayan babaring budi, punika sampun prêsasat dados satunggal kalihan kawontênaning băngsa, mila ugi kenging katêmbungakên dados dhêdhasaring băngsa, bilih badhe dipun rudapaksa dipun satuni, amutawatosi, badhe kirang prayogi kadadosanipun, amargi dèrèng tamtu sagêd nyêkapi sarta laras kalihan kawontênanipun, [ka ...]

--- 37 ---

[... wontênanipun,] punapadene botên jumbuh kalihan pangraosipun.

Tumraping pêpiritan, sumăngga ta amriksanana praja agêng-agêng ingkang pancèn anggadhahi basa, sastra, tuwin kabudayan piyambak, limrahipun mêsthi dipun lêluri, botên lila manawi badhe dipun risak, kados ta: Yapan, Dhitsêlan, malah nagari Cina samangke sawêg ambangun enggal badhe mulyakakên sastra sarta basanipun, makatên pamanahan ingkang lugu ngangkah kamajêngan tuwin kamulyan ingkang sajati.

Wondene panacad-panacad dhatêng sastra Jawi ingkang sampun kawêdal wontên ing sêrat kabar utawi ginêman, pamanggihipun Balepustaka taksih rèmèh tur dèrèng pratitis, ingkang dipun manah namung gandhèngipun kalihan economie. Sanadyan kasêrat aksara Latin ugi botên kirang cacadipun, malah bokmanawi ugêr dipun petani langkung kathah, sabab dening aksara Latin kangge basa Jawi nama damêl-damêl. Coba kula jèrèngipun sawatawis panacad-panacad wau kados ing ngandhap punika.

1. Wontên ingkang mastani bilih basa Jawi kasêrat aksara Jawi langkung rindhik, katimbang kasêrat ing aksara Latin, awit sêratan Latin satêmbung sagêd amung sacorekan, botên susah anjunjung tangan, wangsul kasêrat ing aksara Jawi mawi anjunjung tangan. Samantên anggènipun pados-pados. Nanging makatên wau dèrèng têmtu. Rikat sarta rindhiking panyêrat gumantung wontên kulina sarta kaprigêlanipun ingkang nyêrat. Sumăngga kacoba nyêrat Jawi sastra Jawi katandhing panyêratipun ing sastra Latin. Upaminipun: pang pang. cuwèr tjoewer, jamu djamoe... bokmanawi badhe katawis bilih aksara Jawi kathah ingkang mênang rikat, mênang ringkês.

2. Aksara Jawi winastan damêl musabiyating suraos, manawi kasêrat Latin botên. Kados ta: têmbung: nagarajagung, manawi kasêrat Latin sagêd cêtha. naga radja goeng. Pancènipun bilih nêdya kacêthakakên aksara Jawi inggih sagêd, upaminipun: naga raja gung. Punapa aksara Latin botên wontên ingkang kirang cêtha. Kathah, kados ta: sêratan keboné, aloené, punika ingkang dipun kajêngakên, kêbone (kebo) punapa kêbonne (kêbon). Alune (alu) punapa alunne (alun) bilih kajawab punika namung gumantung wontên ing suraos, sanadyan sêratan Jawi inggih makatên.

3. Wontên malih amastani aksara Jawi damêl risak basa Jawi kina, dene botên katata kêthokanipun satêmbung-satêmbung. Kados ta: têmbung: tanpawêkas, punika lêrêsipun tan pawekas, bilih kasêrat Latin lajêng cêtha. Sanadyan kasêrat Jawi inggih sagêd, upaminipun: tan pawêkas. Bab pêdhotaning gatra, cêthaning pakêcapan, sapanunggilanipun, punika manawi dipun manah sayêktos, mêsthi [mê ...]

--- 38 ---

[... sthi] sagêdipun. Upaminipun sêrat-sêrat ingkang prêlu kangge pasinaon, kadhapuk kados sêrat Ramayana, Bratayuda Kawi, kapêdhot-pêdhot gatranipun, sasaminipun.

4. Aksara Jawi kacacad botên nyêkapi kangge madhahi têmbung mănca, kangge nyêrati têmbung mănca sastra Jawi inggih sagêd, anggêr purun ngangge aksara rekan. Kangge nyêthakakên pakêcapanipun têmbung mănca, botên wontên pakèwêdipun mêwahi utawi ngreka panyêratipun. Kados ta: gupêrnur ghenêral, ekonomi, sasaminipun. Sanadyan aksara Latin inggih dèrèng nyêkapi kangge nyêrati têmbung-têmbung mănca. Tandhanipun kangge nyêrati basa Jawi kemawon inggih taksih damêl-damêl. Kados ta: ca = tj, nya = nj, dha = [Huruf d titik bawah], tha= [Huruf t titik bawah]

Aksara Latin prabotipun pêpak, sagêd nyêkapi kangge madhahi têmbung mănca. Manawi namung pados pêpaking prabot kathahing cacah, punapa botên prayogi milih aksara Arab, utawi Sangsêkrita.

5. Basa Jawi manawi kasêrat aksara Latin sagêd amiyarakên jajahan, awit tumrap băngsa mănca sarta para sagêd Jawi ingkang botên angsal wulangan basa Jawi, manawi purun sinau basa Jawi botên susah sinau sastranipun, dados sagêd gampil tur rancag. Sarèhning gampil, lajêng kathah ingkang purun sinau basa Jawi. Punapa lêrês makatên. Kauningana sapintên cacahipun băngsa ngamănca ingkang lajêng sami ngudi sinau basa Jawi. Ingkang sami sinau kados amung băngsa mănca ingkang wajibipun gêgayutan kalihan tiyang Jawi. Wontênipun para sagêd Jawi (intellect) sami botên purun ngudi sinau basa Jawi, kawruhipun basa Jawi kirang, punika dede lêpatipun sintên-sintên. Wiwit alit ingkang kagulang basa Walandi, sakolahipun ing sakolahan Walandi. Ewadene sanadyan makatên, kathah para intellect ingkang sami purun ngudi sinau basa Jawi inggih enggal sagêd, pasaksènipun kathah.

Bilih kita anjăngka, supados kawruh kita dipun aosi băngsa liyan, punika harak langkung prayogi, kawruh kita wau kasêrata ing basanipun băngsa mănca ingkang kita tuju.

6. Sêratan Latin dipun ajêngi, piritanipun, sêrat kabar Tyonghwa ingkang kawêdalakên ing basa Cina sastra Cina botên pajêng, dene ingkang kawêdalakên ing basa Mlayu sastra Latin pajêng. Pancèn makatên, awit wontên ing Indiya. Manawi wontên ing nagari Cina mêsthi kosokwangsul. Kauningana sêrat kabar Jawi botên wontên ingkang kasêrat Latin, dening manawi kasêrat Latin sagêd ugi pêjah.

7. Sastra Jawi gandhèngipun kalihan economie cap-cap sastra Jawi rêginipun awis, sakêdhik ingkang sade (andamêl), wujudipun rowa, panatanipun riwil tur dangu. Dadosipun buku langkung agêng, rêginipun langkung awis. Manawi kaêcap Latin bukunipun sagêd tipis, ringkês, gampil [ga ...]

--- 39 ---

[... mpil] pangêsètipun, jalaran sampun wontên mêsin ingkang anggampilakên sarta ngrikatakên pangêsèt. Sêrat cap-capan Latin rêginipun langkung mirah. Punika sadaya pancèn kula akêni nyata makatên.

Cap satsra Jawi kacacad rowa, riwil, panatanipun botên rikat, botên sagêd ngirit. Ewadene Radyapustaka botên gadhah kuwatos, anggêr tiyang Jawi taksih gadhah trêsna dhatêng basa sarta sastranipun piyambak, para sagêd sarta ingkang kawogan purun angudi ringkêsipun, gampilipun, rikatipun panata, sampurnaning wangunipun, mêsthi sagêd kalampahan. Punapa cap sastra Latin ing mulabukanipun inggih botên rowa, botên riwil, sagêdipun dados pangalêman kados sapunika, harak jalaran tansah kaudi ringkês sarta rikatipun, makatên ugi tumrap cap sastra Jawi.

Sasampunipun kula ngaturakên andharan kados kasbut ing nginggil wau sadaya, wosipun Radyapustaka botên rujuk dhatêng sêdya utawi tindak-tanduk ingkang sagêd nyirnakakên aksara Jawi, awit punika sampun nama gêgadhahanipun băngsa Jawi, sampun dipun angge atusan taun, sampun rumasuk balung sungsum, sarta sampun anyêkapi kangge madhahi basanipun piyambak, pokoking prêlu, basa dalah sastranipun, tamtu amung kangge paedahipun băngsa piyambak, manawi wontên băngsa liyan ingkang nêdya nyumêrêpi kawontênanipun basa Jawi, sampurnanipun kêdah sinau sastra Jawi.

Wondene cacad-cacad ingkang sampun katingal, ing pamanggih taksih kenging dipun tata utawi dipun udi sagêdipun sirna, ugêr băngsa Jawi dhatêng aksara Jawi taksih kalêbêt dhatêng manah, kosokwangsulipun bilih kasuda kalêbêtipun manah, pangudinipun tamtu lajêng kirang, sampun malih ingkang sagêd nyêpêng kêkiranganipun, sawêga kawontênanipun sapunika kemawon malah sagêd mundur, tur santunipun aksara Jawi dhatêng aksara Latin kapêksa taksih yasa aksara utawi nata. Sami-sami nata utawi yasa tumrapipun băngsa Jawi tamtu langkung gampil sarta langkung cumithak nata utawi yasa aksara Jawi, sabab punika pancèn mêdal saking raosipun piyambak. Upami aksara Latin wau sampun dipun tata dipun yasani kangge basa Jawi ingkang sampurna, ewadene tamtu taksih botên samêsthinipun, amargi pancèn dede raosipun, kasaranipun aksara palsu kangge basa Jawi.

Pancèn lêrêsipun ingkang gadhah moga nata aksara Latin kangge madhahi basa Jawi, punika kêdah saking băngsa Eropah, amargi badhe anggampilakên utawi maedahi bangsanipun anggènipun sinau saking băngsa Jawi, kosokwangsulipun băngsa Jawi, kêdah ngudi sagêda aksara Jawi madhahi basa pundi

--- 40 ---

ingkang dipun sêdya wau, dados nama sami angsal wêwah paedah kangge bangsanipun piyambak-piyambak.

Radyapustaka botên mancahi upami ing sakolahan-sakolahan dipun lajêngakên mawi ajar basa Jawi sastra Latin, amung kêdah kados wêwahan kasagêdan kemawon, awit Radyapustaka ugi angèngêti bilih wêkdal punika băngsa kilenan sawêg dados pandêngan, ananging dede lêrêsipun bilih ngantos damêl suda ing pamanahan langkung malih damêl sirnaning aksara Jawi, lajêng nama damêl kapitunan.

Awit saking tancêb kados ing nginggil wau, mila Radyapustaka anggadhahi usul, inggih punika sadaya waosan-waosan basa Jawi ingkang kawêdalakên dening Volkslectuur kêdah kasêrat ing sastra Jawi, awit ing ngriku nama kagunganing parentah, tumuju ing băngsa Jawi, manawi wontên anggitan ingkang dipun galih maedahi dhatêng sawarnining bongsa ingkang wontên Indhiya. Manawi botên kaparêng nyêrat ing têmbungipun băngsa piyambak-piyambak, prayogi dipun sêrat ing têmbung Mlajêng utawi ing têmbung Walandi kemawon, sanadyan makatên wau wragadipun radi mindhak, nanging kula wani tanggêl, tamtu langkung lampah katimbang tumindak kados wujud sapunika, saha paprentahan katingal anggalih dhatêng kawontênanipun satunggal-tunggaling băngsa. Kajawi punika buku-buku ingkang kangge pangajaran, kados ta: buku waosan, buku petang, ilmu bumi sapanunggilanipun, ingkang botên kangge mulang aksara Latin, kêdah kasêrat ing aksara Jawi, awit kados wujud sapunika ing sakolahan ăngka II, ingkang ing ngriku basa Jawi langkung dipun prêlokakên katimbang H.I.S. sagêbyaran piwulang aksara Jawi sajak kathah, nanging sayêktosipun botên, piwulang aksara Latin ingkang langkung kathah.

Cêkak kajêngipun Radyapustaka, kawontênaning băngsa ingkang botên makèwêdi lampah dhatêng sampurnaning gêsang, kêdah dipun lastantunakên, awit punika ugi têtela kagunaning donya. Manawi wontên salah satunggaling băngsa sirna kagunanipun, têgêsipun donya ugi kecalan sêsêrêpan ingkang adi. Pancèn Radyapustaka rêmên ningali, upami băngsa Jawi sagêd dados pandêngan ing kamajêngan, botênipun sagêda nama tumut damêl ombaking kamajêngan, sampun ngantos namung kèli ing ombak kemawon, ingkang lajêng sagêd ngicalakên kawujudan.

Kasêrat ing Surakarta tanggal kaping 5 Marêt 1927.

Pangrèh.

Awon Saenipun, Punapadene Paedah lan Pigunanipun Basa Jawi Kasêrat ing Sastra Jawi sarta Sastra Latin.

Badhe mastani awon saening samukawis punika gampil kemawon, samantên wau manawi

--- 41 ---

namung sêdya nacad utawi ngalêm, bêbasanipun sampun wontên: wong sêngit ora kurang panacad, wong sênêng ora kurang pangalêm. Ananging manawi anggènipun mastani awon saening samukawis punika nêdya nandhing milih, dados botên namung saking nuruti dêrênging manah sêngit utawi sênêng, nacad utawi ngalêm punika sanès padamêlan gampil, awit panacad utawi pangalêmipun kêdah maton saèstu, kêdah kanthi wêninging manah, kuciwa sangêt dene manahing tiyang punika kathah bawuripun tinimbang kalihan wêningipun, jalaran kathah ingkang dipun gagas lan dipun raosakên, pramila tiyang ingkang sêdyanipun têmên-têmên badhe nandhing milih, mêksa taksih asring kirang patitis panimbangipun. Dene ingkang asring ambêbawuri wêninging manah anggènipun nêdya nandhing milih punika, inggih dêrênging raos sênêng utawi sêngit wau. Saking koruping manah dhatêng raos sênêng utawi sêngit, satêmah dados kirang patitis panimbang lan pamilihipun.

Ing ngriki kula botên badhe nyriyosakên sabab-sababipun tuwuhing raos sênêng utawi sêngit, awit warni-warni sangêt sarta gumantung dhatêng kawontênanipun ingkang dipun timbang, namung kemawon manawi gêgayutan kalihan jêjêring rêmbag ing ngriki, inggih badhe kula criyosakên ing saprêlunipun.

Sarèhning parêpatan punika larasipun gadhah sêdya nandhing milih ingkang pratitis murih prayogining tindak ingkang badhe linampahan, pramila ing sasagêd-sagêdipun, kula inggih badhe ngaturakên timbangan ingkang maton, mêdal saking wêninging manah, inggih ing sawêning-wêningipun manah kula.

Mênggah saenipun basa Jawi kasêrat mawi aksara Jawi punika cara bodhon-bodhonipun: sampun mastani. Ananging têtêmbungan: sampun mastani: wau bakunipun sawêg mêdal saking raosing manah, dados dèrèng kanthi wêninging manah, ingkang atêgês panimbang sarana pambudi. Namung kemawon têka kêlêrêsan sangêt, dene manawi dipun budi pancèn inggih wontên watonipun, ingkang anjalari aksara Jawi sampun prayogi kangge nyêrati basa Jawi. Saking pinanggihing pamanah kula, makatên wêwaton utawi sababipun.

Saenipun sastra Jawi

1. Wiwit kina mila tiyang Jawi sampun kulina nyêrati basanipun ngangge sastra Jawi, dados tiyang Jawi sampun pundhuh sangêt dhatêng panyêrat lan pamaosipun basa Jawi ngangge sastra Jawi.

2. Paramasastra Jawi punika pêpathokanipun ingkang baku sampun nama maton, dados panyêrat lan pamaosing têmbung-têmbung sampun nama têtêp.

3. Awit saking gêgayutanipun ingkang kasêbut ing ăngka 1 lan 2, sastra Jawi sampun nama prayogi lan nyêkapi, dados sampun srêg kangge nyêrati basa Jawi. Samantên punika tumrapipun basa Jawi ingkang sumrambah. Dene tumrapipun [tu ...]

--- 42 ---

[... mrapipun] têtêmbungan ingkang kirang sumrambah, badhe kacariyosakên ing ngandhap.

Namung samantên pangalêm kula dhatêng sastra Jawi, jalaran sampun kula pados-padosi têka angèl têmên badhe manggihakên pangalêm ingkang maton. Dene awon utawi kuciwanipun sastra Jawi, kula pados-padosi têka dhawahipun inggih botên sagêd pinanggih kathah. Makatên kawontênanipun:

Kuciwanipun sastra Jawi

1. Sêratan Jawi punika têrusan kemawon, satunggil-tunggiling têmbung botên kapisah, mila manawi kangge nyêrati basa ingkang kirang sumrambah, upaminipun kemawon basa Jawi ingkang kathah têmbungipun Kawi, minggahipun malih dhatêng basa Kawi dêlês, lajêng anjalari gampilipun kalintuning pamaos, ngantos asring anjudhêgakên, awit aksaranipun kêcorak-kêcaruk.

2. Sastra Jawi kenging kula wastani kirang pêpak prabotipun, mila manawi kangge nyêrati têmbung-têmbung mănca lajêng repot sangêt. Măngka ing jaman sapunika băngsa Jawi saya kathah pasrawunganipun kalihan băngsa mănca, sarta saya kathah anggènipun nganggèkakên têmbung-têmbung mănca kangge lantaran ngrêmbag kawruh lan kamajêngan.

3. Sastra Jawi punika manawi dipun cap, rowa sarta riwil sangêt, anjalari awisipun rêgining sêrat. Kêjawi punika prabot ingkang kangge ngêcap sastra Jawi botên wontên ingkang marsudi sampurnanipun, awit kirang sumbut.

4. Nitik kawontênan ingkang sampun kasêbut ing ăngka 1, 2 sarta 3, saking pamanggih kula sampun têtela, bilih sastra Jawi punika sampun kirang jumbuh kalihan kamajênganing jaman, awit jaman sapunika jamanipun tiyang kêdah mubêt panyêpênging arta, jamanipun tiyang kêdah cekat-cèkêt ing damêl, sarta jamanipun tiyang ambudi kawruh, daya-daya majênga. Măngka sastra Jawi botên kenging kangge sarana nindakakên pandamêlan ingkang makatên. Dados sastra Jawi sampun botên nyêkapi dhatêng kabêtahanipun băngsa Jawi kangge nututi ajênging jaman.

Kêlêrêsan wontên sastra sanès ingkang kenging kangge nyêrati basa Jawi, inggih punika sastra Arab sarta sastra Latin. Awon saenipun sastra Arab kangge nyêrati basa Jawi botên badhe kacariyosakên, awit pancèn botên kadamêl jêjêring rêmbag. Bab sastra Latin kadospundi, punapa sagêd nyêkapi bêtahipun băngsa Jawi. Sumăngga sami katitipriksa sae miwah kuciwanipun.

Saenipun sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi

1. Sastra Latin punika prabotipun pêpak, mila luwês, kenging kangge nyêrati basa warni-warni, buktinipun sampun cêtha, inggih punika dipun angge ing pintên-pintên băngsa.

2. Prabotipun ngêcap sastra Latin saya dangu saya sampurna, jalaran saking kathahipun ingkang [ing ...]

--- 43 ---

[... kang] sami ambudidaya tur sarwa sêmbada. Wujuding kasampurnanipun:

a. Wêwangunaning sastra pêpak sangêt, botên kèwêdan kangge nyilah-nyilahakên, upami: agêng, alit, kandêl, tipis, dhoyong lan sapanunggilanipun. Măngka ingkang makatên wau pancèn agêng sangêt paedahipun. Dados botên kados cap-capan sastra Jawi, ingkang sasumêrêp kula namung wontên tigang warni.

b. Ngêcap sêrat sastra Latin punika sagêd rikat sangêt, saya sarêng sampun wontên mêsin kangge ngêsèt, anjalari cekat-cèkêting padamêlan.

3. Nitik ingkang kasêbut ing ăngka 1 sarta 2, sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi punika sampun têtela nyêkap kabêtahan anggèn kula sami ambudi kamajêngan, awit:

a. Anggampilakên, dados ngenggalakên pêncaring kawruh ingkang anjalari enggaling kamajêngan.

b. Ngrancagakên pandamêlan sarta ngobètakên tanjaning arta, ingkang tundonipun ugi ngenggalakên kamajêngan.

Ananing punapa sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi botên wontên kuciwanipun. Mêsthi wontênipun. Sumăngga sami katitipriksa.

Kuciwanipun sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi

1. Tiyang Jawi kathah ingkang dèrèng kulina maos utawi nyêrati basa Jawi ngangge sastra Latin, mila dèrèng gadhah raos srêg dhatêng panganggenipun sastra Latin.

2. Pranataning panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin dèrèng sampurna lan dèrèng têtêp, anjalari tuwuhing pakèwêd warni-warni sarta rangu-ranguning manahipun tiyang ingkang badhe nganggèkakên sastra Latin.

Ingkang pinanggih ing manah kula, namung punika kuciwanipun sastra Latin ingkang baku.

Manawi dipun tandhing lan dipun timbang-timbang ingkang lêrês, sastra Jawi punika sanadyan kanggea nyêrati basa Jawi pisan, tumraping kamajêngan kenging kula basakakên kawon atas kalihan sastra Latin. Ing măngka ingkang tansah dados idham-idhamanipun băngsa Jawi ing jaman samangke, botên sanès namung kamajêngan. Mila manawi băngsa Jawi nêdya majêng saèstu, inggih kêdah ngajêngi dhatêng sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi. Saya manawi pranatan panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin wau dipun sampurnakakên lan dipun têtêpakên, tamtu sastra Latin punika dados srana ingkang agêng sangêt paedahipun tumrap kamajênganing băngsa Jawi.

Ananging kawuningana: nitik suwantêning sêrat-sêrat kabar, ing wêkdal samangke têtiyang Jawi taksih sami ewa kemawon dhatêng sastra Latin, sarta taksih ngunggul-unggulakên sangêt dhatêng sastra Jawi. Ingkang makatên punika botên anggumunakên, jalaran sastra Jawi sampun kêlajêng dipun sênêngi dhatêng băngsa Jawi, malah dipun anggêp wasiyat ingkang pantês dipun pêpundhi. Sarêng [Sa ...]

--- 44 ---

[... rêng] sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi, punika ada-ada enggal. Măngka sadayaning ada-ada ingkang enggal, punika limrahipun ing sakawit mêsthi dèrèng sampurna, anjalari tuwuhing pangrêsula warni-warni. Kêjawi punika sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi wau ada-adanipun băngsa kilenan, măngka wontênipun ing jaman sapunika, samukawis ingkang asalipun saking băngsa kilenan wau sêmu tansah dipun sujanani kemawon ing băngsa Jawi.

Kula ngaturi têtimbangan: jaman sapunika jamanipun tiyang jas-jasan, malah kathah ingkang jas bikakan ngangge dhasi, tarkadhang sêtelan ngangge clana pisan, sampun nilar rasukan lurik potongan Jawi, anggènipun ngangge-angge cara Jawi namung kalamănga, tur sampun botên dêlês. Wontên ingkang taksih ajêg mangangge cara Jawi, ananging sampun botên mawi dhuwung. Manawi gadhah dhuwung, kathah ingkang namung kangge wasiyat simpênan kemawon, anggènipun ngangge awis-awis sangêt, namung kalamăngsa manawi dhinês cara Jawi. Dêdamêl jêmparing ing sapunika sampun namung kangge kasênêngan, manawi wontên ingkang nêdya sadhiya dêdamêl saèstu lajêng tumbas pistul.

Sapunika kula gadhah pitakèn: băngsa Jawi nêdya majêng saèstu, punapa namung badhe nuruti sênênging manah. Tiyang gadhah kasênêngan, sintên ingkang ngawisi. Ananging punapa prayogi nguja dêrênging manah kemawon. Tiyang gadhah kasênêngan wajib mawi dugi prayogi, ngangge kalamăngsa tur yèn sawêg sêmbada. Dene tiyang ingkang nêdya majêng saèstu, kêdah botên wangwang nindakakên pangrekadaya ingkang dados jalaraning kamajêngan, sanadyan ta pancènipun kirang adamêl sênênging manah. Sampun kados tiyang sakit kêpengin mantun, nanging wêgah jêjampi. Prakawis kasujananing manah prayogi dipun bucal, manawi tuwuhipun namung saking panyana-nyana ingkang botên pinanggih sabab-sababipun ingkang maton saèstu.

Sapunika kula mangsuli bab sastra Jawi sarta Latin wau. Makatên pêpuntoning pamanggih kula.

1. Băngsa Jawi kêdah ngajêngi sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi.

2. Pranataning panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin kêdah karêmbag malih, kaudi murih icaling kuciwanipun.

3. Pranataning panyêratipun basa Jawi ngangge sastra Latin botên kenging lajêng katêtêpakên saking nginggil kemawon tanpa mawi sarujukipun parêpataning para ahli basa kalihan tiyang-tiyang ingkang sampun kathah sêsêrêpanipun prakawis êcakipun sastra Latin kangge nyêrati basa Jawi.

4. Sadangunipun tiyang Jawi piyambak dèrèng ngêmohi dhatêng sêratan Jawi, ing sapêrlunipun inggih prayogi taksih nganggèkakên sastra Jawi, ananging sampun ngantos makèwêdi sumrambahipun sastra Latin.

Wusana kula sumăngga dhatêng panggalihipun para sadhèrèk. Namung kemawon kula ngaturi

--- 45 ---

pèngêt: anggènipun manggalih sampun ngantos kêdhasaran raos sênêng utawi sêngit rumiyin, awit dêrênging raos wau mindhak ambêbawuri wêninging panggalih, ingkang satêmah damêl kapitunanipun piyambak.

Suyud.

Wèltêphrèdhên.

Marcapada - Ngarcapada

Katur Radèn Ngabèi Purbacaraka.

Lêga raosing manah kula maos katrangan saking panjênênganipun Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka bab warninipun sarta lênggahipun têmbung: marcapada sarta ngarcapada. Makatên ugi kula inggih matur nuwun dhatêng sadhèrèk, ingkang paring katrangan bab ulur-uluranipun têmbung marcapada wau = (Pusaka Jawi ăngka 11). Anggèn kula kèndêl, botên anglajêngakên rêmbag prakawis punika wau jalaran saking rumaos sampun katêlasan uluran. Badhe kula lajêng-lajêngakên, kuwatos manawi sangsaya ngisin-isini katrangan kula. Rêbat lêrês prakawis têmbung-têmbung ingkang tumrapipun kula namung kawruh têmpilan.

Wondene anggèn kula botên nyêbutakên nomêripun Pusaka Jawi punika sajatosipun margi kula piyambak madosi inggih botên sagêd kêpanggih, kasupèn panggenanipun. Ewadene benjing malih badhe kula prasudi, sampun ngantos makatên malih.

Sapunika panyuwun kula wontêna karsanipun Radèn Ngabèi paring katrangan, bab têmbung ingkang taksih andadosakên kodhêng kula, kasêbut ing Pusaka Jawi ăngka 9 taun 1926. Inggih punika têmbung: basunănda. Kadospundi wrêdinipun sarta lênggahipun.

Wondene saking pangintên kula, têmbung basunănda sami têgêsipun kalihan wasunănda, wasunanda.

Wasu, têgêsipun: manggèn.

Nanda saking têmbung ananda, têgêsipun kasênêngan.

Dados basunănda utawi wasunanda wasunand(a) têgêsipun, manggèn ing kasênêngan.

Wasana nyumanggakakên. Botên kapok-kapok.

Kusumatmaja.

Lêngganan Pusaka Jawi ingkang sampun lunas yatranipun lêngganan taun 1927 kenging mlêbêt mriksani konggrès punika lêlahanan.

Warga Java-Instituut ingkang sampun lunas kontribusinipun taun 1927 inggih kenging mriksani lêlahanan.

Para lid Java-Instituut sarta lêngganan Pusaka Jawi, kenging nglunasi bab ing nginggil punika ing salêbêtipun konggrès.

--- 46 ---

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 2)

Hyang Kali anggènipun kalintêran badhe manjing dhatêng galihipun Prabu Nala ngantos kalih wêlas taun, botên sagêd-sagêd. Anuju satunggiling dintên Prabu Nala anggènipun sêsaji dhatêng dewa wontên cèwètipun sakêdhik, botên mulus sucinipun. Punika ingkang murugakên Sang Kali sagêd angsal margi anggènipun manjing dhatêng salêbêting galihipun Prabu Nala.

Wontên sadhèrèkipun Prabu Nala anama Puskara. Punika dipun godha dhatêng Sang Kali. Satêmah purun nantang kasukan dhatêng ingkang raka Prabu Nala. Prabu Nala, sarèhne panggalihipun sampun kapanjingan dhatêng Sang Hyang Kali, dipun tantang kasukan inggih sumrinthil kemawon. Lajêng sami kasukan main. Prabu Nala tansah kawon kemawon. Ananing sarèhne panggalihipun sampun kapanjingan dhatêng Sang Hyang Kali, dados botên karsa mundur, malah sangsaya amboroti. Anggènipun kasukan ngantos pintên-pintên dintên, ewadene Prabu Nala botên mênang-mênang. Rajabrana dalah titihanipun kareta tuwin turăngga, larut sadaya. Para santana utawi mantri nayaka punapa malih para kawulanipun sami angèngêtakên, namung botên wontên ingkang dipun gêga. Ingkang dipun jurungi namung angkaraning panggalihipun, ingkang katuntun dhatêng Sang Hyang Kali. Dalah garwanipun angèngêtakên, inggih botên kagalih.

Dèwi Damayanti, sarêng priksa yèn ingkang raka badhe dhumawah ing sangsara, lajêng nimbali kusir ingkang sampun kawula kraga, kadhawahan ngrakiti kreta. Kapalipun kadhawahan amilih ingkang dipun trêsnani piyambak dhatêng sang prabu. Sasampunipun mirantos sadaya, putranipun kêkalih kadhawahan ambêkta dhatêng dalêmipun ingkang eyang Prabu Bima ing Widarba, supados sampun ngantos katut dhumawah ing sangsara.

Wondene Prabu Nala anggènipun kasukan botên kèndêl-kèndêl. Satêmah kawon têlas-têlasan, rajabrana dalah nagarinipun kagêm totohan larut sadaya.

Puskara matur: Kangmas, sapunika panjênêngan sampun botên kagungan punapa-punapa, kajawi namung garwa, bok ayu Dèwi Damayanti. Sumăngga punika panjênêngan wudhokakên.

Prabu Nala lajêng madêg kaprawiranipun, èngêt dhatêng sihipun dhatêng ingkang garwa. Kawonipun dipun pupus, lajêng jumênêng angrucat agêm-agêmanipun kaprabon. Puskara dipun pancêrêngi, lajêng tindak angajak ingkang garwa, miyos dhatêng sajawining nagari.

Prabu Nala kalihan Dèwi Damayanti tindakipun kalunta-lunta. Tiyang-tiyang sami dipun pacuhi dhatêng Puskara, botên kalilan kêpondhokan dhatêng Sang Nala kalihan ingkang garwa. Sintên-sintên ingkang anglirwakakên dhawuh wau, badhe kaukum kisas, pramila sami ajrih ngaturi [ngatur ...]

--- 47 ---

[... i] pondhokan. Saking kapêtêk ing susah, sang prabu kalihan ingkang garwa lajêng lumêbêt ing wana, ngupados wowohan badhe kadhahar. Wontên salêbêting wana kalangkung nalăngsa. Ingkang kadhahar namung wowohan utawi gêgodhongan tuwin uwi gêmbili, punika ingkang gampil kadhudhuk. Namung sarèhne kulinanipun dhahar ingkang sarwa eca, pamêdaling wana wau botên sagêd adamêl tuwukipun.

Anuju satunggaling dintên Sang Nala priksa wontên pêksi kathah sami nêba wontên ing ara-ara. Sang prabu sakalangkung kapengin badhe ngraosakên ulam pêksi. Nyampingipun dipun uculi, kangge anjaring pêksi wau. Pêksi inggih kathah ingkang kenging kêjaring. Nanging dilalah, nyamping ingkang ngrukubi pêksi-pêksi wau malah kabêkta mabur, kalihan nguwuh-uwuh makatên: He, Prabu Nala, ora mundhak-mundhak ngêrti kowe kuwi. Aku kokira manuk, dudu. Aku iki dhadhu. Durung lêga-lêga atiku, yèn kowe isih duwe sandhangan, durung wuda ambalêjêd.

Prabu Nala sakalangkung jibêg panggalihipun, lajêng ngandika dhatêng sang dèwi: Yayi, saiki aku wis wuda, ora duwe apa-apa sathithik-thithika. Kang iku, yayi, amung bisa anuduhake dalane mênyang nagaramu. Dalan iki, yèn koturut wae, kowe bisa têkan ing Widarba.

Sang dèwi mirêng pangandikanipun ingkang raka lajêng muwun kalara-lara, sabab anggraita, yèn ingkang raka kagungan pangangkah badhe nilar. Lajêng matur: Kakangmas, kadospundi dene panjênêngan kagungan karsa ingkang makatên. Sapunika panjênêngan wontên ing salêbêting kasangsaran. Têbih sangêt yèn ta kula gadhaha niyat badhe pisah kalihan sarira panjênêngan. Kula gêsang dumugi ing pêjah niyat badhe angladosi panjênêngan. Nalika panjênêngan taksih wontên salêbêting kamulyan, botên kirang ingkang ngladosi. Sapunika panjênêngan wontên ing salêbêting kasangsaran, sintên ingkang ngladosi kajawi kula. Botên wontên ing salêbêting kasangsaran ingkang angungkuli sihing semah ingkang sêtya tuhu dhatêng guru lakinipun. Pramila panyuwun kula, mugi panjênêngan sampun kagungan pakèwêd anganthi kula. Botên pisan-pisan kula ngrêsula, agêngipun angundhamana. Wondene manawi kula panjênêngan karsakakên mantuk dhatêng nagari kula, purun kula namung manawi panjênêngan inggih karsa tindak mrika, bokmanawi sagêd luwar saking sangsara. Tamtunipun kangjêng rama karsa ngukup sarira panjênêngan kalihan lêgawaning panggalih.

Sang Nala panggalihipun taksih prawira, botên karsa sowan ingkang rama marasêpuh yèn taksih wontên salêbêting sangsara, sabab nalika dados pangantèn, taksih jumênêng ratu, abăndha-bandhu. (Taksih wontên sambêtipun)

Sasrasugănda.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---