Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-04, #370

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-04, #370. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-04, #370. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 4, April 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 4.

Konggrès Basa Jawi - Pasanggiri - Preadpis Sasrasugandan - Kaliyasa - Krêndhawahana - Nyai Sêtomi - Paramasastra - Mahabarata.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 49 ---

Ăngka: 4. April 1927. Taun VI.

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Konggrès Bab Basa Jawi

Pranatan konggrès basa Jawi ing Ngayogyakarta: (panggenanipun kasêbut ing pungkasan).

1. Malêm Sabtu tanggal kaping 25-26 Marêt 1927 jam satêngah wolu (7½) nampèni para tamu, sêsorahipun pangarsaning pakêmpalan, panjênênganipun Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat. Lajêng para murid Abirandha ngebarakên katiyasanipun, angsal-angsalaning wulangan saking guru.

2. Dintên Sabtu tanggal kaping 26 Marêt 1927 jam 9 enjing dumugi jam 1 siyang, sêsorah (preadpis) bab wulangan basa Jawi ing sakolahan normal, calon guru sarta calon priyantun. Ingkang mangarsani pakêmpalan taksih panjênênganipun Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat. Ingkang badhe sêsorah:

Radèn Prawiraarja, Salatiga.

Radèn Sasrasugănda, Ngayogya.

3. Malêm Minggu tanggal kaping 26-27 Marêt 1927 jam 7 dumugi jam 9, sêsorah (preadpis) bab saenipun sarta awonipun basa Jawi kasêrat mawi sastra Jawi tuwin sastra Latin. Sarta pahargyan tumrap para ingkang sami ngrawuhi konggrès. Pangarsanipun taksih panggah. Ingkang sêsorah:

Radyapustaka, Surakarta, Radèn Suyud, Mas Surawidigda, Surabaya.

--- 50 ---

4. Dintên Minggu tanggal kaping 27 Marêt 1927 jam 9 enjing dumugi jam 1 siyang, sêsorah (preadpis) bab paedahipun têmbang Jawi sarta gamêlan Jawi tumrap alusing raos ingkang dumunung wontên ing manahipun para murid Jawi, sarta ngrêmbag punapa sarananipun, supados prakawis kalih warni wau sagêda tumut kawulangakên wontên ing pamulangan, ingkang muridipun: lare Jawi. Lajêng sêsorah bab bibaran. Ingkang mangarsani pakêmpalan: Bêndara Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat.

Ingkang badhe sêsorah:

Radèn Mas Suwardi Suryaningrat, Ngayogyakarta.

5. Malêm Sênèn tanggal 27-28 Marêt 1927 wiwit jam 7 dumugi jam 9, bêksan pêthilan, saking pakêmpalan: Kridhabêksa Wirama.

Pranatan ing nginggil wau manawi wontên prakawis ingkang prêlu, sagêd ewah.

Wondene panggenanipun punika wau sadaya wontên ing tilas dalêm Sasranêgaran, ing sawinggiring[1] margi Yudanêgaran, ing sawetaning alun-alun lèr, ing sacêlakipun tilas dalêm Ngabean. Dados wontên ing dalêm ingkang kangge panggenanipun kursus dhalang, kursusipun pakêmpalan Abirandha.

Komite konggrès.

Pasanggiri

Pusaka Jawi adamêl pasanggiri: dongèng-dongèng kina dhialèk ing : 1. Bantên, 2. Cirêbon, 3. Pakalongan, 4. Sêmarang sarta Rêmbang, 5. Surabaya, 6. Pasuruhan, 7. Banyuwangi, 8. Banyumas, 9. Pagêlèn, 10. Kêdhu, 11. Madiun sarta Kêdhiri, mawi dipun gantungi ganjaran awujud arta:

Ăngka: 1 kathahipun f 30.-
Ăngka: 2 kathahipun f 20.-
Ăngka: 3 kathahipun f 30.-

Pêpanggilipun Pusaka Jawi:

1. Dongèng kasêrat ing dalancang polio, sakêdhikipun 10 kaca, isi dongèng kathah-kathahipun 5 warni (kasêrat sastra Jawi, kasusastran enggal).

2. Ingkang katampèn, karangan ingkang katampèkakên akir-akiripun 31 Mèi 1927.

3. Karangan dipun kanthèni sêrat sorogan, kalêbêtakên ing amplop piyambak-piyambak. Karangan namung kenging dipun cirèni utawi sandinama, botên kenging dipun tandhani. Sorogan mratelakna ciri utawi sandinamanipun karangan.

Pusaka Jawi aprajanji:

1. Numbas karangan wau f 5.- karangan lajêng kadarbe Pusaka Jawi.

--- 51 ---

2. Sasampunipun katêtêpakên ingkang angsal pasanggiri, karang-karangan ingkang kaanggêp prayogi kapacak ing Pusaka Jawi, ingkang gadhah karangan badhe tampi pituwas mirunggan (honorarium) sabên sakolêm f 0,50.

Ingkang dados kali damaripun pasanggiri wau, rêdhaksi Pusaka Jawi, akalihan Tuwan Dhoktêr Piso, guru A.M.S. ing Surakarta.

Karang-karangan kakintunakên dhatêng sèkrêtaris redhaksi Pusaka Jawi ing Ngadikusuman, Surakarta.

Wulangan Basa Jawi

Ing Kwiksêkul, ing Oplèdhêngsêkul, ing Normalsêkul.

Prakawis ing nginggil punika botên kula rêmbag sapintên watêsipun ing satunggal-tunggalipun pangkat, namung badhe kula pratelakakên, kêdah sapintên kawruhipun lare-lare ingkang sampun rampung pasinaonipun wontên ing pamulangan tigang warni wau. Manawi nitik saking prêlunipun, wulangan ing oplèdhêngsêkul punika ragi gèsèh piyambak. Lare-lare ing oplèdhêngsêkul, sinau basa Jawi punika supados sagêd ngangge kawruhipun, tumrap ing padamêlanipun ing têmbe dados priyantun pangrèh praja, sarta sagêda nyêrati punapa saraosing angên-angênipun. Namung lare-lare ing kwiksêkul sarta normalsêkul, kajawi prêlu ingkang kasêbut ing nginggil, kêdah sagêd anyêbar kawruhipun dhatêng lare-lare alit. Wondene andhap inggiling kawruh utawi warni-warninipun, pancènipun kêdah mèmpêr-mèmpêr tigang sêkolahan wau.

Mênggah suwuripun ing sapunika, lare-lare wêdalan ing kwiksêkul punika, kawruhipun basa Jawi, yèn kangge mulang ing pamulangan ăngka kalih, kawon kalihan lare-lare wêdalan ing normalsêkul. Dalah para priyantun băngsa insêpèksi, inggih mastani makatên pawartosipun. Prakawis punika kula botên mirêng piyambak, namung inggih sagêd ngintên-intên, bilih punika kathah èmpêripun. Ingkang makatên wau pantêsipun namung tumrap lare ingkang sawêg mêdal saking pamulangan, jalaran,

1. Wulangan basa Jawi wontênipun ing pamulangan calon guru kaêsuk sangêt dhatêng wulangan cara Walandi, ing bab kêrasipun sarta bab ajinipun.

2. Basa Jawi, kanggenipun wontên ing salêbêting pamulangan calon guru kawon kathah kalihan lare-lare ing pamulangan normal. Makatên ugi cacahing jam wulangan, tamtu inggih kawon.

Manawi katingalipun, pancèn sarwa kawon, namung wontên dhedhekan kula sawatawis. Manawi lare-lare ingkang saking pamulangan calon guru wau sagêd karaos kirang kawruhipun, lajêng purun ngudi murih indhakipun, punika pirantosipun [pi ...]

--- 52 ---

[... rantosipun] angungkuli lare-lare ingkang wêdalan pamulangan normal. Cara Walandinipun kenging kaangge anggayuh kawruh ingkang inggil, angungkuli lare wêdalan normal. Ing salêbêting kalih tigang taun inggih sagêd nusul kawruhipun lare wêdalan normal. Yèn sampun gangsal taun, tamtu sagêd anglancangi ing bab samukawisipun. Sadaya wau tumrap lare ingkang sami kalantipanipun sarta katabêrènipun. Kaotipun namung bab kawruh cara Walandi.

Ing têmbe tatananipun pamulangan tigang warni wau badhe ewah sadaya. Oplèdhêngsêkul badhe namung nampèni lare wêdalan Milo. Pamulangan calon guru ingkang anama H.I.K. pangkatipun nênêm. Badhe nampèni lare wêdalan H.I.S. ingkang tamat pasinaonipun. Pamulangan normal, lastantun badhe nampèni lare wêdalan pamulangan klas kalih, namung wontên ing pamulangan normal mawi kawulang basa Walandi sawatawis. Punika bab wulangan basa Jawi, ingkang katingal rakaos, lare ingkang malêbêt dhatêng pamulangan oplèdhêng, sabab wontênipun ing pamulangan Milo namung kawulang cara Jawi thok-thok, utawi cara Mlayu. Manawi badhe anjangkêpi kalih warni, kêdah sinau mirunggan.

Kula botên ngrêmbag sapintên dangunipun lare-lare sinau wontên ing satunggal-tunggaling klas ing saminggunipun, namung kula rêmbag watêsipun kemawon: yèn sampun mêdal saking pamulangan tigang warni wau pantêsipun kêdah sapintên kawruhipun. Sarta punapa ingkang prêlu dipun sumêrêpi.

Prakawis punika sampun kula rêmbag sarta kula sêmantakakên dhatêng para kănca ingkang sami mrasudi sarta sami kawogan bab basa Jawi wau. Wontên ingkang usul: prayogi katata utawi karêmbag saking ngandhap. Têgêsipun, kêdah karêmbag wulangan ing pamulangan ngandhap rumiyin, sabab pamulangan alit punika dados têtalêsipun pamulangan ing nginggilipun. Manawi pamanggih kula botên makatên, wujudipun utawi jênggêrêngipun kêdah kapathok rumiyin, manawi sampun rampung pangrêmbaging wujud ing nginggil, lêbêt sarta santosaning têtalês lajêng karêmbag sarta katata, kêdah sapintên lêlêt sarta santosanipun, murih kwawi nyanggi wujud wau. Pramila têtalês badhe karêmbag malih ing wingking. Manawi pamulangan alit kirang klasipun (upaminipun) utawi kêkathahên, inggih katata murih cocogipun.

Kasagêdan ingkang prêlu dipun sumêrêpi kula princi makatên:

1. Kawruh basa.
2. Bab picantên.[2]

3. Bab ngarang.
4. Bab paramasastra.
5. Bab kathah kêdhiking waosan.

1. Kawruh Basa

Ingkang kula wastani kawruh basa punika kula princi makatên :

--- 53 ---

1. Basa ngoko, madya, tuwin krama ingkang kangge ing Surakarta utawi Ngayogyakarta. Unggah-ungguh tigang warni wau dalah sêngkan turunanipun.

2. Basa Kawi ingkang kangge ing sêrat-sêrat waosan Jawi sêkar tuwin ingkang kawastanan Jawi kina.

3. Bêbasan sarta saloka.
4. Parikan sarta srempedan.
5. Lampahing ukara Jawi gancaran, tuwin sêkar.
6. Nyêkar Macapat, Têngahan, Agêng.
7. Căndrasangkala utawi suryasangkala.
8. Căndra.
9. Wangsalan.
10. Purwakanthi.

2. Bab Wicantên

Saking paningal kula, racak-carakipun, kănca kula guru-guru, kirang prigêl manawi ngandika. Kula punapa malih. Punika kintên kula botên kabêkta saking bêktanipun, bokmanawi saking dèrèng kalêrêsan anggènipun anggêgulang. Kintên kula botên margi saking kirang kawruhipun, namung saking kirang gêsang angên-angênipun. Ingkang punika prayogi dipun lêlantih, dipun gêgulang wicantên ingkang urut, ingkang mêntês, ingkang ngrêsêpakên. Kados ta:

1. Bab amratelakakên samukawis ingkang sampun dipun tingali, dipun mirêngi, utawi dipun waos. Lugu kemawon, utawi mawi nglairakên timbangan.

2. Mratelakakên angên-angênipun ing bab punapa kemawon.

Punika anggènipun anggêgulang punapa wontên ing sakolahan, ing sangajênging kănca-kănca, punapa wontên ing griya, kula nyumanggakakên.

3. Bab Ngarang

Manawi lare sampun sagêd wicantênan trampil, jangkêp kawruhipun basa, kathah-kathahipun ngarang inggih sagêd sae. Ewasamantên manawi botên dipun kulinakakên, inggih sok jiguh, sabab pancèn ragi gèsèh tiyang wicantên kalihan nyêrat punika. Wontên ingkang trampil wicantên, namung manawi nyêrat-nyêrat lajêng wêgah utawi kao, margi pun tangan botên sagêd nututi katrampilanipun pun lambe utawi ilat. Wontên ingkang sarwa kadugi nyênyêrat, margi botên mawi ngadhêpakên tiyang kathah, namung manawi wicantên lajêng botên kantên-kantênan, margi kenging prabawanipun tiyang ingkang dipun adhêpakên.

Prakawis ngarang kêdah sagêd ngarang warni-warni sajakipun, kados ta:

1. Cara cariyos.
2. Cara sêrat kintunan.
3. Cara sêrat kabar.
4. Cara pawicantênan.
5. Cara sêsorah.
6. Cara palapuran.
7. Cara ringgit (dhalang).

--- 54 ---

4. Paramasastra

Tiyang sinau basa, botên kenging nilar kawruh paramasastra. Manawi namung cèthèk-cèthèkan kemawon, botên mawi paramasastra inggih sampun kenging. Tumrap lare-lare ing pamulangan tigang warni wau apês-apêsipun kêdah sumêrêp prakawis ingkang badhe kula aturakên punika:

1. Sagêd madosi lingganipun, utawi wodipun têmbung andhahan. Sagêd sumêrêp urut-urutaning pangrimbagipun.

2. Sagêd angrimbag têmbung, sarta sumêrêp, pundi ingkang limrah kangge, pundi ingkang botên.

3. Sagêd sumêrêp sarta sagêd ngêtutakên cara-caraning panyêratipun têtêmbungan.

4. Sagêd sumêrêp caraning panggarba.

5. Sagêd sumêrêp sastra lampah.

5. Waosan

Prakawis waosan, tumrapipun lare sakolah, pancèn kirang kobêr, amargi kathah ingkang prêlu dipun sinau, dipun priksa sabên dintên. Ewasamantên prayogi dipun ancêr-ancêri, pundi ingkang prêlu dipun waos. Tumrapipun lare-lare ing normal, waosanipun sêrat cara Jawi sagêd langkung kathah, margi botên kamaru ing waosan cara Walandi. (Cara Mlajêng, sami-sami, namung kathah-kathahipun cara Mlajêng punika kêsingkur sangêt, bêbasanipun: kakêbonakên).

Lare ingkang wêdalan oplèdhêng utawi calon guru, prayogi maos sêrat wêdalan Balepustaka (ingkang cara Jawi). Kajawi punika:

2. Sêrat karanganipun para ahli sastra ing jaman kapujanggan, ingkang gancaran utawi têmbang. Sarta sêrat wêdalan enggal.

Tumrap lare ing normal, inggih makatên, namung dipun kaoti cacahipun utawi kathahipun.

Prakawis waosan punika manawi lare-lare sampun mêdal saking pamulangan, kêdah sangsaya dipun rosani, kadamêla ngindhakakên kawruhipun ing basa Jawi, sarta kadamêla pangangguran, utawi kasênêngan. Lare-lare wau sasampunipun mêdal watawis kalih taun, sampun ngantos botên sumêrêp dhatêng isinipun sêrat-sêrat ingkang dados waosanipun lare-lare, ingkang kawastanan volksbibliotheek. Sagêda ngaturi timbangan dhatêng Balepustaka, pundi ingkang pantês kasingkirakên saking bibliotik. Akanthi sabab-sabab ingkang yakin utawi maton.

Indhaking kawruhipun tiyang-tiyang bumi pancènipun kenging sangêt dipun rosani sarana wêwaosan. Ingkang kula wastani kawruh punika, dede kawruh ingkang angèl-angèl, kawruh ingkang sagêd sumarambah dhatêng tiyang, ingkang namung sagêd maos kemawon, kados ta: bab nanêm-nanêm, bab kasusilan, sapanunggilanipun.

Sasrasugănda.

--- 55 ---

Kaliyasa - Krêdhawahana

Sakalangkung bingahing manah kula dene pamanggih kula bab nama Krêndhawahana wontên ingkang kaparêng anyaruwe, amargi makatên punika kula anggêp yèn karangan kula wau wontên raosipun, têgêsipun botên dipun sawiyah dening para sarjana, jalaran sayêktosipun, nalika tumètèsing karangan kula kasêbut, kula botên gadhah pangintên-intên bilih pamanggih kula wau anuwuhakên panggalihanipun para sastrawan, dening sampun nyumêrêpi tunanipun kawruh kula, namung kabêkta saking dêrênging manah ngandharakên raosing manah. Mila sapintên gênging manah kula dene sang sastrawan, Dhoktor Radèn Ngabèi Purbacaraka, sarjana Jawi ingkang nimpuna kawruh sarta kasusastran Jawi kina kaparêng nyaring pamanggih kula kasêbut nginggil. Ambêdhêdhêging manah kula tanpa upami, mila botên kasupèn kula ngaturakên sangêt gênging panuwun, tuwin suka sukuring manah dhatêng sang minulya, kanthi pamuji upami ing têmbe kula damêl karangan malih, kaparênga nglêrêsakên, ingkang supados anjalari sangsaya jêmbaring sêsêrêpan kula ngiras kangge ngramèkakên kalawarti (tijdschrift) kita Pusaka Jawi.

Sayêktosipun kula botên pisan-pisan badhe nyulayani pangandikanipun Dr. R. Ng. Purbacaraka ing serangan[3] wau, sintên kula. Tujuning waluyan punika namung mligi ngèngêtakên bilih jêjêring rêmbag kula rumiyin èngêt kula anggrejah têgêsipun nama Kaliyasa, angsal-angsalaning pamanggih: dalêmipun sang wadya bathari, Krêndhawahana namung kangge prabot nyantosakakên ing bab anggèn kula nêgêsi: Kaliyasa, mila irah-irahaning karangan inggih mungêl: têgêsipun Kaliyasa, botên Krêndhawahana.

Bab candhi ingkang pinanggih wontên ing dhusun Nusukan, sacêlakipun lèpèn enggal (banjir kanal) kados ingkang kapangandikakakên Dr. R. Ng. Purbacaraka punika, pamanggih kula malah saya nêmênakên anggèn kula nêgêsi rumiyin, amargi Nusukan makatên sampun kenging kaewokakên talatah Kaliyasa. Ewadene lêpating pamanggih kula wau namung kasumanggakakên para nupiksa. Dene minăngka tutuping atur kula, anggènipun Dr. R. Ng. Purbacaraka kaparêng badhe ngandharakên candhi Nusukan, mugi lajêng sinambadanana, nanging panuwun kula sampun ngagêm basa Walandi, amargi sayêktosipun kula cotho, mindhak botên sagêd tumut ngraosakên, prayogi ngagêm basa Jawi kemawon ngiras kangge ngisèni Pusaka Jawi, bokmanawi malah badhe andadosakên dhanganipun rêdhaksi, jalaran kula mirêng yèn pancèn sakêdhik sangêt ingkang kaparêng ambiyantu karang-karangan, wasana kula borong.

Ha.

--- 56 ---

Mulabukanipun Wontên Kangjêng Nyai Satomi

Pêthikan wêdalipun sêrat kabar Budiutama ăngka 1, 2, 3, 4 taun III - 1925.

Bokmanawi para maos sampun sami uninga bilih ing karaton Surakarta wontên mariyêm agêng, ingkang kina-kumina kalêbêt pusaka dalêm, inggih punika ingkang nama Kangjêng Nyai Satomi, pamanggènipun wontên bangsal witana (ing sitinggil), wontên ing salêbêtipun gêdhong gêdhah ingkang karêngga-rêngga sakalangkung adi, gêdhahipun kêlêm sarta ing nglêbêt kalangse ing mori, dados saking jawi botên katingal babarpisan, namung pêndhak garêbêg tuwin têdhak loji, langse mori wau kasantunan gubah cindhe, sariranipun dipun singêbi mori, sarta manawi nuju pasamuan kados ingkang kapratelakakên ing ngajêng ugi dipun rangkêpi cindhe. Jarambah ingkang kalêrês dalêmipun kangjêng nyai wau dipun kajog inggil, ingkang makatên wau mratandhani wontênipun ing karaton sangêt ingaji-aji sarta kadamêl wingit.

Sanadyan ing karaton Surakarta ewon sugih pusaka mriyêm tilaran jaman karaton Kartasura, Pajang tuwin Mataram, kados ta: Kyai Swuhbrastha Sagarawana[4] saha păncawara[5][6] ingkang sami dipun angge pasrèn wontên ing alun-alun sangajêng bangsal sanasumewa[7] tuwin wontên ing sitinggil, nanging sadaya wau botên dipun pêpêtri utawi ingaji-aji kados Kangjêng Nyai Satomi. Têtiyang salêbêtipun kitha Surakarta sangêt pamundhi-mundhinipun[8] dalasan tiyang mănca tumut sami mundhi-mundhi, awit saking kajawi sêpuh piyambak, babadipun ingkang anjalari ingaji-aji tiyang, gotèkipun ing akathah, kangjêng nyai akalihan sisihanipun Kangjêng Kyai Satama, ingkang sapunika wontên ing Batawi nama :

--- 57 ---

Si Jagur, sami kadadosan saking tiyang. Dene aluranipun kapratelakakên ing ngandhap punika:

Prabu Banjaransari, nata ing Galuh (Pajajaran) supêna kaparingan mariyêm sakêmbaran dening Sang Hyang Jagadnata, enjingipun sang nata dhawuh dhatêng Kyai Patih Satama, ngupadosi supênanipun sang prabu, wantêr dhawuhipun sang prabu. Kyai patih sakalangkung putêk ing manah, dèrèng uninga dhatêng wujudipun dêdamêl ingkang dipun supênakakên sang prabu, mila namung mêmpên wontên ing dalêm saha ambantêr puja sakalihan garwa. Katarimah ing pujabratanipun, kyai patih sakalihan garwa dados mariyêm agêng-agêng sakêmbaran. Sang prabu kaaturan uninga sakalangkung sêkêl ing galih sirnanipun kyai patih, pinupus ing pêpasthèn, ing wasana wontên lilihipun, dening sirnanipun wau dados jalaran kalaksanan ingkang kasupênakakên, wasana malah dados suka pirêna, dening malihanipun kyai patih, malah badhe ingaji-aji, dados bêbrêkatan tanah Jawi. Mariyêm sakêmbaran kagêm pusakaning karaton, kanamakakên Kyai Satama tuwin Nyai Satomi.

Kacariyos mariyêm sakêmbaran wau sabên malêm dintên malang tansah gathik, gathikipun dado[9] sabab tanah Jawi kala samantên tansah kirang têntrêm. Sarêng jaman karaton Mataram, Nyai Satomi kapundhut dhatêng Mataram, dene ingkang jalêr botên kapundhut, sabab botên purun, tandhanipun kausung tiyang pintên-pintên botên kuwawi. Mariyêm kêkalih wau ing têmbe kêmpal malih, sarta lajêng mungêl piyambak jumêgur marambah-rambah, dados ngalamat badhe dhatêngipun kiyamat.

Pindhah-pindhahipun karaton, Nyai Satomi kabêkta minăngka pusakanipun tanah Jawi, sarta ngantos dumugi sapunika taksih dados pêpundhènipun karaton Surakarta. Lacutipun ing ginêm, ing ngajênging padalêmanipun kangjêng nyai wontên pangaronipun kangge tadhah waspanipun kangjêng nyai anggènipun tansah muwun[10] sampun pintên-pintên atus taun pisah akalihan ingkang raka Kyai Satama dèrèng sagêd kapanggih. (Wontên sambêtipun).

S. Suhari.

Karampungan Pangrêmbagipun Wêwaton Panyêratipun Têmbung Jawi Mawi Sastra Jawi, Miturut Putusan Parêpatan Kumisi Kasusastran Marêngi Kaping 29 Oktobêr 1922 Sarta 31 Dhesèmbêr 1922.

I. Têmbung Lingga

1. Têmbung lingga kasêrat botên ngrangkêp aksara, kados ta: tuna, wani, sêrat, lênga, banyu, dahana. Botên kasêrat: tunna, wanni, sêrrat, lêngnga, bannyu, dahhana.

Wontên ingkang nyêbal: tannya.

Dene: rahayu, sanadyan sanès têmbung lingga ugi botên kasêrat: rahhayu. Awit saking têmbung lingga: hayu angsal atêr-atêr: ra.

2. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun mênga nglêgêna, sanadyan ungêlipun purwaning lingga wau mawi sandhangan pêpêt, inggih kasêrat nglêgêna, kados ta: nagara, salaka, watara, manawa, badhaya.

3. Têmbung lingga nigang wanda ingkang purwanipun sigêg ing aksara irung, kasêrat kados pakêcapanipun, kados ta:

Ha: cêmpurit, têmbaga, sêmbada, lênggana, jêmpana.

Na: lampita, sangsara.

4. Wanda ingkang dede wanda wêkasan botên sagêd ngangge pêpêt layar, manawi botên dipun kêrêt, inggih namung dipun layar, kados ta: drêkuku, grêji, warna, warta. Kajawi têmbung ngamănca ingkang badhe kacêthakakên, kados ta: gupêrnur jendral, prosès pêrbal.

5. Manawi nunggil têmbung, pasangan: ca, ja, botên kenging wontên sangandhapipun sêsigêg: na, kêdah: nya, kados ta: wanci, janji.

6. Têmbung: klapa, botên kasêrat kalapa.

Bludru, botên kasêrat baludru.

Sasaminipun.

Namung manawi wontên prêlunipun, sawêg keging kasêrat kalapa, baludru.

7. Donya, sarta: sonya, sami kasêrat ngangge taling tarung, botên ngangge suku.

8. Têmbung ngamănca ingkang sampun kangge ing têmbung Jawi, panyêratipun miturut pakêcapanipun têmbung ngamănca wau, kados ta: bagasi, saking BAGAGE.

II. Têmbung andhahan ingkang mawi atêr-atêr.

1. Anuswara

Ha. Manawi purwaning lingga luluh, atêr-atêripun anuswara botên kasêrat ngangge: ha. Kados ta: ngatag, nantang, nyambêr, mranata.

Manawi wontên prêlunipun kenging kasêrat: angatag, anantang, anyambêr, amranata.

Na. Manawi purwaning lingga botên luluh, kados ta: andadar, anjakêtêt, andhêdhêr, [a ...]

--- 59 ---

[... ndhêdhêr,] anggithing, ambuwang, punika botên kenging kasêrat: dadar, jakêtêt, dhêdhêr, githing, buwang.

2. Têmbung-têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kalihan atêr-atêripun anuswara, manawi angsal atêr-atêr: pa, purwaning tanduk botên karangkêp, kados ta: panêmbah, panyêkêl, botên pannêmbah, pannyêkêl.

3. Bawa: ka.

Têmbung bawa: ka, ingkang atêr-atêripun botên luluh kalihan purwaning lingga, atêr-atêripun: ka, kêdah kapêpêt, kados ta: kêdadak.

4. Têmbung ingkang apurwa aksara: ha, manawi dipun atêr-atêri: pi, pri, botên ewah, kados ta: piangkuh, piawon, piala.

Ingkang nyêbal, purwanipun ewah dados: ya, kados ta: piyagêm, priyăngga.

III. Têmbung andhahan ingkang ngangge sêsêlan.

1. Sêsêlan: ra, la.

Sêsêlan: ra, la, kasêrat miturut pangrimbagipun sêsêlan, kados ta: prêntul, jlêrit, glêrêng, botên kasêrat: parêntul, jalêrit, galêrêng.

Manawi wontên prêlunipun kenging kasêrat: parêntul, jalêrit, galêrêng.

2. Sêsêlan: na, kados ta: pinayungan, punika kasêrat tanpa pasangan: na.

IV. Têmbung andhahan ingkang mawi panambang

1. Panambang ingkang apurwa aksara: ha, manawi tumrap ing wanda sigêg ha: nipun malih dados aksara sêsigêg wau, kados ta: awanna, watakke, lêlêssan, nanggappi, gêgêmmên, rahabbana.

2. Panambang: ha.

Ha. Manawi wontên sawingkingipun wanda mênga nglêgêna, kasêrat têtêp: ha, kados ta: bisaa.

Na. Ewah dados: ya, manawi sumambêt wanda mênga kanthi: wulu, utawi taling, samantên punika manawi wanda wau sanès: ya, kados ta: waniya, dhedheya, nanging: priyayia, kapriyea, botên kasêrat: priyayiya, kapriyeya.

Ca. Ewah dados: wa, manawi sumambêt ing wanda mênga kanthi: suku, utawi: taling tarung, samantên punika bilih wanda wau sanès: wa, kados ta: niruwa, bodhowa, nanging: nawua, cuwoa, botên kasêrat: nawuwa, cuwowa.

3. Panambang: e, manawi sumambêt wanda mênga, ewah dados: ne, dados tanpa pasangan: na, kados ta:

jara - jarane, botên jaranne.

Alu - alune, botên alunne.

4. Panambang: i, manawi wontên sawingkingipun wanda mênga, kapitulungan panambang: an rumiyin, kados ta: padha = madhanni.

Gênti - anggêntènni

Bau - ambaonni.

--- 60 ---

5. Panambang: an.

Ha. Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan: wulu, utawi: taling, măngka botên luluh, purwaning panambang malih dados: ya, kados ta:

Dadi - kadadiyan.

Gadhe - pagadheyan.

Manawi tumrap ing wanda mênga, ingkang mawi sandhangan: suku, utawi: taling tarung, măngka botên luluh, purwaning panambang malih dados: wa, kados ta:

Laku - kalakuwan.

Jago - jagowan.

Na. Wontên têmbung sawatawis ingkang wandanipun wêkasan kadunungan wignyan, nyêbal saking waton IV.1. Kados ta:

Wêruh - karuwan.

Kalih - kaliyan.

Palih - paliyan (sadhèrèk nunggil suson).

Nanging: palihan (krama) ngokonipun: paron.

Ca. Têmbung-têmbung ing adêg-adêg: na, nginggil punika, manawi angsal panambang: e, wignyanipun tarkadhang wangsul, kados ta:

Karuwan - karuhane.

Paliyan - palihane.

6. Panambang: ên, manawi sumambêt ing wanda mênga, ewah dados: nên, kados ta:

uja - ujanên.

Panu - panunên.

7. Panambang: ana, manawi sumambêt ing wanda mênga, mawi kapitulungan panambang: an rumiyin, kados ta:

aba - abananna.
Tali - talènanna.
Pepe - pèpènanna
Laku - lakonanna
Gadho - gadhonanna.

8. Panambang: ake.

Ha. Manawi sumambêt ing wanda mênga, wanda wau kasigêgakên: ka, rumiyin, panambangipun lastantun: ake, bilih wanda wau kadunungan: wulu, malih dados: taling, manawi kadunungan: suku, dados: taling tarung, kados ta:

Tapa - napakake.

Tali - nglalèkake.[11]

Gêdhe - anggêdhèkake.

Aju - ngajokake.

Bodho - ambodhokake.

Na. Têmbung ingkang wandanipun sigêg: na, manawi angsal panambang: ake, wontên ingkang sêsigêgipun: na, punika malih dados: ka, salajêngipun panambang: ake, ewah dados: kake, kados ta:

Pakan - makakake.

Ewon - kaewokake.

6. Panambang: na, manawi sumambêt ing wanda sigêg, botên ewah, kados ta:

Golèk - golèkna.

Manawi wontên parlunipun badhe ngulur, panambang: [pana ...]

--- 61 ---

[... mbang:] na, kenging kaulur, êna, kados ta: golèkêna.

10. Panambang: ipun, manawi tumrap ing wanda mênga, malih dados: nipun, kados ta:

cuwa - cuwanipun.

Roti - rotinipun.

Putu - putunipun, botên kasêrat: cuwannipun, rotènnipun, putonnipun.

11. Têmbung wisesa na lingga, manawi angsal panambang: ha, kasêrat manut pakêcapanipun, dados tanpa pasangan: na, kados ta:

Sabukkan - sabukkana, botên kasêrat: sabukkanna.

V. Dwipurwa

Têmbung dwipurwa ngrangkêp sandhangan swara, kados ta:

Rigên - ririgên.
Truka - tutruka.
Weka - weweka.
Bondhot - bobondhot
Nanging: gănda - gagănda, botên: gogănda.

VI. Dwilingga

Têmbung ingkang purwanipun: ha, sarta wandanipun wêkasan sigêg, manawi kadamêl dwilingga, purwanipun têmbung ingkang wingking botên ewah dados sêsigêg wau, kados ta:

Alun - alun-alun, botên alun-nalun.

Alang - alang-alang, botên alang-ngalang.

VII. Camboran

Runtutipun akalihan bab VI (dwilingga) têmbung camboran ingkang têmbungipun ing ngajêng wandanipun ing wingking sigêg, sarta têmbungipun ingkang wingking apurwa: ha, purwa: ha, wau botên ewah, kados ta: udan arum - botên - udan narum.

Sapit abon - botên - sapit tabon.

VIII. Têmbung: ing

Têmbung ingkang apurwa: ha, ra, la, manawi dumunung wontên sawingkingipun: ing, botên ewah, kados ta:

Ing alas, ing Rêmbang, ing latar.

Wontên têmbung sawatawis ingkang nyêbal, kados ta: ing ngisor, ing ngandhap, ing ngarêp, ing ngajêng, ing ngatase, ing ngaurip, ing ngriku.

IX. Gêmbung (pasangan: wa)

Gêmbung botên kenging tumrap ing pasangan ingkang kasêrat wontên sangandhapipun sêsigêg, kados ta: anak kwalon, botên kasêrat: anak kwalon.

Rimbag dwipura [Huruf Jawa: ga dipangku.], botên kasêrat rimbag dwipurw. [Huruf Jawa: ga dipasangi dwi]

X. Aksara murda

1. Aksara murda namung kangge wontên ing tataprunggu, têgêsipun kangge pakurmatan, sêsêratan sanèsipun botên kenging ngangge aksara murda wau.

--- 62 ---

2. Botên ngwontênakên aksara murda: Re, sarta I.

IX.[12] Aksara murda

1. Ha. Aksara swara: A, I, E, U, O, kangge nyêrati têmbung mănca, manawi sumêdya kacêthakakên.

Na. rê kalihan lê, lastantun kangge ing sêsêratan.

2. A, I, E, U, O botên wênang dados pasangan, mila sêsigêg ing ngajêngipun kapangku, kados ta: wulan April.

2. Manawi dados pasangan kawangsulakên lê, kados ta: adol lênga, êdolên.

rê, pasanganipun lastantun: rê.

XII. Aksara rekan.

1. Aksara rekan kangge nyêrati têmbung mănca manawi parlu badhe kacêthakakên.

2. Aksara rekan ingkang sumambêt ing wanda sigêg, manawi pasanganipun aksara rekan wau botên kalêrês kasêrat wontên sawingkinging sêsigêg, aksaranipun sêsigêg kêdah kapangku, kados ta:

Mukthir, Ngabdul Ghani.

3. Aksara rekan manawi angsal sandhangan:

Wulu, pêpêt, cêcak, utawi layar, cêcakipun tiga wontên ngajêng (kiwa) sandhangan, kados ta: dhikhir, pharlu.

XIII. Ăngka Jawi

Ăngka Jawi amung kenging kangge urut-urutaning bab sarta kangge titimăngsa.

XIV. Ăngka Rum

Ăngka Rum kenging kaangge wontên ing sêratan sastra Jawi, inggih punika kangge urut-urutan ăngka taun, sasaminipun. Dene aksara Latin kenging kasambut kangge urut-urutan.

XV. Aksara Latin dalah angkanipun

Aksara Latin dalah angkanipun manawi kasêrat amor kalihan aksara Jawi: kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.

XVI. Aksara Arab dalah angkanipun.

Aksara Arab dalah angkanipun, manawi kasêrat awor kalihan aksara Jawi, kajèjèr, dados tumut kasêrat sangandhap garis.

XVII. Ăngka 2.

Ăngka 2 botên kenging kangge nyêkak têmbung: sakalihan, utawi têmbung dwilingga, kados ta: pangabêkti sakalihan, botên kenging kasêrat: pangabêkti 2 yan. Alun-alun, botên kenging kasêrat: alun 2.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3)

Sarêng sowan malih kok badhe mawi adhepe-dhepe sade wêlas, kalêbêt nisthaning nistha. Pramila lajêng andumugèkakên anggènipun ngalambrang, nasak wana angayam alas kalihan ingkang garwa. Ingkang

--- 63 ---

kangge nutupi sariranipun, nyampingipun ingkang rayi sapalih sowang. Tiyang kalih dados satunggal, pating kruntêl kados sarimpungan. Sarêng sayah, sami ngaso wontên ing gubug ingkang wontên ing satêngahing wana, lajêng sami sare. Sang Nala saking sangêt kapêtêk ing prihatos, botên dangu nglilir apungun-pungun. Sakalangkung wêlas amriksani garwanipun sare gumlethak wontên ing siti. Panggalihipun jibêg botên kantênan. Makatên pangunandikanipun: Awak, awak, kok bangêt têmên ênggonmu mêsakat, anggêgawa marang bojo. Saiki kêpriye. Saupama bojoku iki tak tinggal, apa bisa mêntas saka ing sangsara, apa malah wuwuh sangsarane. Kok bingung têmên atiku. Yèn lastari mèlu aku bae, wis gênah yèn bakal tansah nandhang sangsara bae, kang marga saka ing inaku. Dene yèn tak tinggal, bokmanawa banjur kapêksa bisa mulih mênyang nagarane. Yèn mung tak tuturi bae, tak kon mulih, wis gênah yèn ora gêlêm. Apike iya tak...

Sang Nala lajêng jumênêng alon-alon. Makatên wau margi angên-angênipun katuntun dhatêng Hyang Kali.

Sinjang ingkang kaangge tiyang kalih wau lajêng katigas mawi pêdhang, ingkang anglêrêsi sumandhing wontên ing ngriku, ingkang sapalih kaubêdakên ing sariranipun, ingkang sapalih kakêmulakên dhatêng sang dèwi.

Sarêng tumindak angsal sawatawis pêcak badhe nilar sang dèwi, manahipun sakalangkung rangu-rangu, lajêng wangsul. Sarêng sumêrêp dhatêng sang dèwi agilang-gilang sare ing siti, namung kasasaban ing sinjang sacuwil, Nala botên sagêd anambak wêdaling êluh, lajêng nangis kalara-lara. Ananging lajêng kapupus. Sang dèwi katitipakên dhatêng dewa linangkung, mugi-mugi rinêksaa. Sampun ngantos manggih bilahi. Nala lajêng kesah.

Wontên ing margi manahipun tansah gajêg-gajêg, kêdah wangsul kemawon dhatêng gubug wau, kabêkta saking trêsnanipun dhatêng sang dèwi. Anamung Hyang Kali panuntunipun kapurih ngesahi, pramila inggih lajêng kesah. Manahipun sakalangkung bruwêt, ngalambrang sapurug-purug.

Gêntos kacariyos Dèwi Damayanti. Sarêng wungu, panggalihipun kumêsar, kados pêcat jiwanipun, dene ingkang raka botên wontên. Dipun uwuh wali-wali botên wontên mangsuli. Lajêng rumaos manawi kijenan, satêmah muwun kalara-lara. Ewadene sarêng dangu-dangu, ingkang dipun prihatosakên dede sariranipun piyambak, mrihatosakên ingkang raka Sang Nala. Saiba anggènipun badhe nandhang sangsara. Pramila lajêng enggal-enggal analasak salêbêting wanawasa, bokmanawi sagêd anglarah lacakipun.

--- 64 ---

Wasana wontên satêngahing wana kasaut ing sawêr naga ingkang kaluwèn. Sang dèwi wontên cangkêming sawêr naga wau, sakiting sariranipun botên patos kagalih. Ingkang dipun èngêt-èngêt namung ingkang raka. Makatên panggalihipun: Saupami sariranipun kalajêng tiwas, măngka Sang Nala sagêd wangsul mulya, saiba panalangsanipun, saiba gêtunipun, dene tega anilar ingkang rayi ngantos anêmahi tiwas makatên, sang dèwi lajêng ajêlih-jêlih nêdha tulung. Swaranipun kapirêng dhatêng grêma ingkang pinuju cêlak ing ngriku. Grêma enggal-enggal murgi. Sawêr katigas gulunipun, sang dèwi sagêd uwal saking bêbaya agêng.

Grêma awas dhatêng endahing warnanipun sang dèwi, wasana ing sanalika ngriku sakalangkung kasmaran. Sang dèwi sarêng priksa dhatêng pasêmoning grêma yèn badhe salah pandamêl, sakalangkung runtik panggalihipun. Lajêng ngandika makatên: He, disaksènana dewa linuwih. Yèn pancèn atiku ora salah, isih mantêp marang guru lakiku Sang Nala, grêma iki matia padha sanalika.

Pun grêma dipun pangandikani makatên punika, ing sanalika wau lajêng pêjah ngadêg, kados kasambêr ing gêlap.

Sang dèwi tumuntên anglajêngakên tindakipun kalunta-lunta ing sapurug-purug. Kasangsaran ingkang kasandhang botên dipun raosakên sakêdhik-kêdhika, ingkang dipun prihatosakên namung ingkang raka kemawon. Wasana tindakipun dumugi ing satunggaling padhepokan. Ing ngriku pinanggih kalihan pandhita ingkang anggêntur tapa. Sang pandhita sakalangkung bingah kadhatêngan sang dèwi, lajêng kapurih nyariyosakên lêlampahanipun. Satamating cariyos, sang pandhita awicantên: Anggèr, sampeyan kula aturi nyantosakakên panggalih. Saking têrusing paningal kula, kula sagêd sumêrêp, yèn ing têmbe sampeyan badhe sagêd pinanggih malih kalihan ingkang raka, sarta ingkang raka badhe wangsul kamulyanipun, jumênêng ratu malih. Sadaya rajabrananipun inggih badhe wangsul malih.

Sang pandhita sasampunipun ngandika makatên lajêng sirna, ical dalah pasramanipun sadaya. Sang putri raosipun kados supêna kemawon.

Dèwi Damayanti sakêdhap panggalihipun ragi asrêp, anamung lajêng kèngêtan dhatêng ingkang raka sarta kèngêtan dhatêng srakating sariranipun, satêmah lajêng tindak sapurug-purug, angêtutakên dhawahing suku kemawon.

Sarêng sampun angsal sawatawis dintên, priksa tiyang kathah lumampah asêlur, kados tiyang dagang, anglêrêsi badhe nyabrang lèpèn wiyar. Lajêng enggal-enggal dipun purugi, sumêdya nunut. (Taksih wontên sambêtipun)

Sasrasugănda.

--- [0] ---

 


sapinggiring. (kembali)
wicantên. (kembali)
perangan. (kembali)
§ Swuhbrastha Sagarawana katêlah nama Subrastha Sagarawana, punika upami sangkalan 1400 (kala samantên jaman Dêmak), mriyêm kalih punika damêlan Walandi, sabên garêbêg Mulud kaungêlakên gêntosan, sarta manawi taun Dal kaungêlakên kalih pisan, kajawi punika ugi kasumêd manawi wontên damêl agêng. (kembali)
§ Păncawara, wancahanipun sêngkalan: pandhita carêm wuruk ing ratu = 1527. Sabab saking agêngipun katêlah nama Sapujagad. Kyai Păncawara punika yasan Jawi, katitik saking grobohipun garapan. Eman mriyêm-mriyêm wau sami kaêcèt, dados botên sagêd nyumêrêpi awon saening prunggunipun. (kembali)
Tanggal: pandhita carêm wuruk ing ratu (S 1527). Tahun Masehi: 1605–6. (kembali)
§ Kala rumiyin nama pagêlaran. (kembali)
§ Tiyang badhe gadhah damêl ngaturi dhahar, sêkul wuduk sapirantosipun, toya jamasanipun kaombe prêlu ngalab brêkah. (kembali)
dados. (kembali)
10 § Waspa tuwin turuhan jamasanipun Kangjêng Nyai Satomi punika dados rêbatan, prêlu kaombe utawi kangge sanèsipun, saking piandêlipun dados sarana têguh rahayu. Nyumêrêpi ing bab makatên punika, têka lajêng kèngêtan dhatêng kawontênan ing Bali, sabên ing pura (candhi) wontên wilujêngan agêng-agêngan, ngumbah (anjamasi K.I) rêca pêpundhènipun, punika toya turuhanipun kabage waradin dhatêng têtiyang kukuban ngriku, kangge tumbal utawi sarana sanès-sanèsipun, murih wilujêng. (kembali)
11 nalèkake. (kembali)
12 XI. (kembali)