Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-05, #371

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-05, #371. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-05, #371. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka 5, Mèi 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi Ăngka 5

1. Sêsorahipun pangarsa agêng Yapha Insêtitut, 2. Gêbyaripun Konggrès Basa Jawi, 3. Ngarcapada - Marcapada, 4. Tatacaranipun Tiyang Tani ing Tanah Sokawati, 5. Wontênipun Kangjêng Nyai Sêtomi, 6. Mahabarata.

[Iklan]

--- 65 ---

Ăngka 5, Mèi 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Sêsorahipun Pangarsa Agêng Yapa Insêtitut Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat, Ambikak Konggrès Amarêngi Kaping 25 Dumugi 27 Marêt 1927 Wontên ing Ngayogyakarta

Para ingkang rawuh ing konggrès punika.

Awit namaning pangrèh Yapa Insêtitut, kula ngaturi wilujêng rawuh panjênêngan sadaya.

Pangrèhing Yapa Insêtitut sakalangkung bingah, dene samangke sagêd ngawontênakên konggrès ingkang kaping kalih, saha ingkang badhe ngrêmbag bab basa Jawi sarta ingkang gêgayutan kalihan basa Jawi. Kados para sadhèrèk sadaya sampun sami sumêrêp, bilih ancaging[1] Yapa Insêtitut punika niyat ngajêngakên: kagunan, kasusilan lan kautamèn Jawi, kiltir Jawi ingkang ugi mêngku basa sarta kasusilan. Punapa sagêd ginayuh tanpa pitulunganipun băngsa Jawi. Tangèh lamun? Jêr sintên malih sanèsipun băngsa Jawi piyambak (dados inggih sanèsipun para sadhèrèk sadaya) ingkang sagêd ngajêngakên basa Jawi lan kasusastran Jawi. Manawi kemawon ajalaran wontênipun konggrès-konggrès ingkang kados makatên punika, samangke băngsa Jawi lajêng sêngkut sami migatosakên ancasing Yapa Insêtitut, sarta têmên-têmên ambiyantu. Pangrèhing Yapa Insêtitut nganggêp, bilih sadaya wau kathah ingkang sampun kasêmbadan.

Sampun tamtu tumrap wontêning konggrès-konggrès punika, kadosdene ingkang sampun sami kula pirêngakên, wontên pitakenan: [pitake ...]

--- 66 ---

[... nan:] Punapa pigunanipun konggrès-konggrès Yapa Insêtitut punika, lan punapa sagêd mêdal wohipun. Bilih sagêd mêdal, badhe wujud punapa. Konggrès ingkang kapêngkêr punika punapa sampun mêdal wohipun.

Saking pamanah kula, konggrès-konggrès makatên punika botên kenging lajêng badhe kasumêrêpan wohipun, kacara pakêmpalan ingkang lajêng mutusi prakawis-prakawis ingkang rinêmbag, sarta ingkang kêdah tumuntên katindakakên putusanipun, satêmah prakawis wau kaanggêp sampun rampung.

Kêmpalan-kêmpalaning Yapa Insêtitut botên sami kalihan pakêmpalaning rêpat ingkang adamêl anggêr-anggêr, awit rêpat punika lajêng mutus, lan sanalika dhawuh nindakakên putusanipun. Malah kêmpalaning Yapa Insêtitut botên sagêd kasamèkakên akalihan kêmpalaning pakêmpalan, ingkang mutus prakawis ingkang magêpokan kalihan pakêmpalan wau, lan sanalika wau ambêbahakên dhatêng pangrèhipun panindaking putusan wau. Dene bedanipun ingkang katingal sangêt, inggih punika: Yapa Insêtitut ngengingakên têtiyang ingkang sanès warga tumut dhatêng ing konggrèsipun, lan tumut ngrêmbag prakawis ingkang sanès babagan panindak utawi kawujudaning pakêmpalan, ngêmungakên bab kamajênganing kagunan, kasusilan lan kautamèn Jawi. Dados cêkakipun namung tumrap ing prakawis-prakawis ingkang wajib kaajêngakên utawi kapitulungan dening Yapa Insêtitut, măngka Yapa Insêtitut rumaos botên kaconggah tumindak piyambak tanpa pitulunganing liyan, inggih punika ingkang baku pitulunganing băngsa Jawi piyambak.

Dados konggrès-konggrèsipun Yapa Insêtitut punika kathah èmpêripun kalihan konggrès panggiluting prakawis ingkang umumipun sagêd ngajêngakên kagunan, kasusilan kautamèn Jawi, utawi prakawis ingkang taksih mêntah, jalaran dèrèng sagêd golong pamanggihing kathahing bab wau. Dene pigunanipun inggih punika: para ingkang migatosakên lajêng sagêd sarasehan lan ginugah sarta rencang-rencang. Inggih mugi-mugi kemawon parêpatan lajêng sagêda angsal pamanggih ingkang maton sarta rinujukan ing kathah, tumrap prakawis ingkang ngantos sapriki (jalaran beda-bedaning pamanggih) dèrèng kenging pinathokan. Manawi samangke pamanggihing kathah sampun sagêd golong, pakêmpalan Yapa Insêtitut kantun nyuwun dhatêng pangagêng ingkang kawogan, supados nuntên kawontênakên pranatan kados ingkang rinujukan ing kathah wau. Ananging sanajan pangajêng-ajêng wau dèrèng sagêd kadumugèn, ewadene konggrès inggih sampun rumaos marêm, awit sakathahing pamanggih ingkang sampun kawêdharakên punika sampun maedahi.

Kala taun 1924 Yapa Insêtitut damêl konggrès wontên ing Surakarta, ingkang sakawit [saka ...]

--- 67 ---

[... wit] ngrêmbag basa Jawi, ing ngriku angginêm pitakenan: Punapa basa Jawi sarka tawruh[2] nyêkarakên Jawi saya lami saya kirang. Manawi dhasar makatên, gèk kadospundi rekanipun kangge ngajêngakên kawruh wau. Samangke konggrès ing taun punika, para sadhèrèk sadaya dipun aturi ngrêmbag prakwis-prakawis ingkang sampun kasêbut ing Pusaka Jawi ingkang mêdal ing wulan punika:

1. Bab piwulang basa Jawi ing sakolahan normal, kwiksêkul sarta Osvia.

2. Bab saenipun sarta awonipun basa Jawi kasêrat mawi aksara Jawi utawi mawi aksara Latin.

3. Aosing piwulang têmbang Jawi sarta gêndhing Jawi wontên ing pamulangan.

Pangrèh Yapa Insêtitut rumaos bêgja kamayangan, dene sagêd angsal pitulunganing sarjana ingkang sagah ngandharakên pamanggihipun bab wau wontên ing kêmpalan ngriki. Atas namaning pangrèh Yapa Insêtitut, kula matur sakalangkung nuwun dhatêng para ingkang ngadani dadosipun konggrès punika, langkung malih dhatêng komitenipun konggrès punika. Lan malih awit namaning pangrèh agêng Yapa Insêtitut, kula matur nuwun dhatêng pangrèh pang ing Ngayogyakarta, dene sagah nampèni konggrès punika, langkung malih dhatêng komitenipun konggrès sarta dhatêng ingkang sami mitulungi lan ambiyantu komite wau. Wêkasanipun pangrèh Yapa Insêtitut matur nuwun dhatêng Kangjêng Tuwan Dhirèktur van onderwijs en Eeredienst ingkang mrêlokakên utusan. Dhatêng para pakêmpalan sarta sêrat kabar ingkang sami ngintunakên wakil, punapadene para luhur tuwin para sadhèrèk sadaya, ingkang sami rawuh ing konggrès punika, prêlu migatosakên ancasing Yapa Insêtitut. Saking pangajêng-ajêng kula, mugi anggèn panjênêngan sadaya migatosakên punika mangke kawahya wontên ing pangrêmbagipun bab-bab ingkang kacariyosakên wau, sarta sadaya kaparênga mudhoni rêmbag ngantos muyêk.

Mugi kauningana, sakalangkung cuwaning manah kula samangke, jalaran wontên sabab-sabab ingkang wigati, botên sagêd nuntun konggrès punika ngantos sarampungipun, amila murih saening tumindakipun konggrès, sasampuning ambikak kêmpalan punika, kula badhe masrahakên panuntuning konggrès dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, warga pangrèh agêng Yapa Insêtitut. Kangjêng Pangeran inggih andhangani paring tuntunan.

Sapunika konggrès kabikak, lan kuwajibaning pangarsa kula aturakên dhatêng Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat.

--- 68 ---

Gêbyaripun Konggrès Basa Jawi ing Ngayogyakarta.

Wiwit tanggal 25 dumugi tanggal 27 Marêt 1927

Mênggah kalampahaning konggrès basa Jawi ing Ngayoja enggal mangke punika saèstu anglangkungi saking pangajêng-ajêng. Ingkang rawuh para agêng kenging katêmbungakên: botên wontên. Manawi katimbang kalihan konggrès Yapha Insêtitut, dede timbangipun, ewasamantên, gobyoging rêmbag-rêmbag, botên kawon.

Bikakipun konggrès mawi dipun purwakani sêsorahipun pangarsa agêng Yapa Insêtitut Propesor Dhoktor Radèn Arya Husin Jayadiningrat, sakalangkung amranani, saha sagêd damêl grêngsêng tuwin grêgêting konggrès. Eman sangêt dene panjênênganipun botên sagêd anglajêngakên mangarsani konggrès, wasana lajêng masrahakên dhatêng panitya agêng Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat. Bandara Kangjêng Pangeran anggènipun mangarsani sagêd nututi grêngsênging sêsorah pambikaking konggrès, nama botên nguciwani anggènipun ngasta kêmudhining konggrès. Emanipun dene ngantos wontên babakan ngêlayoni, ingkang kapratelakakên ing ngandhap.

Ing dintên ingkang kawitan pamêdhar sabda sêmunipun anggènipun ngrêmbag prakawis basa Jawi namung tekad-tekadan, jalaran katawis manawi dede ahli sastra tur băngsa pasisiran. Sarêng dipun srèmpèd sakêdhik kemawon saking Surakarta, lajêng asrah bongkokan. Ngakêni bilih kawruhipun punika botên kenging kaangge gondhelan ingkang kêncêng. Mastani bilih ingkang kenging kangge gondhelan punika kêdah băngsa ingkang pinunjul, kados ta: swargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, utawi paduka Tuwan Propesor Rurdhah, sabab priyagung kêkalih punika tuladhanipun tiyang ingkang marsudi kawruh ingkang sayêktos, tur ngasta pirantosing pangudi: pêpak.

Waunipun kula ngintên bilih rêmbag prakawis punika lajêng cuthêl, botên sagêd mulur, jêbul kathah ingkang urun rêmbag, tur rêmbagipun inggih mèmpêr-mèmpêr. Ingkang kathah mastani bilih warni-warnining piwulang ingkang kasêbut ing Pusaka Jawi ragi kêkathahên, utawi kinggilên, kados ta: wulangan basa Kawi utawi Jawi Kina. Punika kaanggêp kêmulukên.

Para ingkang sampun sami ngraos-ngraosakên utawi ngrêmbag dangu prakawis punika, mastani botên kinggilên, namung makèwêdakên pangupadosipun guru. Punika kawangsulan, bilih surunipun[3] kenging kasêkolahakên dhatêng pasinaon basa ing Bêtawi utawi katumutakên sinau ing A.M.S. ing Surakarta. Lajêng wontên malih ingkang makèwêdakên bab anggènipun suk-sukan kalihan wulangan basa Walandi utawi wulangan sanèsipun.

--- 69 ---

Pramila lajêng wontên rêmbag utawi usul, supados wulangan basa Jawi ajinipun kadamêla sami kalihan wulangan basa Walandi. Prakawis punika inggih dipun rujuki dhatêng parêpatan, lajêng nêtêpakên mosi. Para ingkang kawogan katawis sami lêga manahipun.

Parêpatan ingkang kaping kalih ngrêmbag prakawis basa Jawi kasêrat mawi aksara Latin. Karêmbag: punapa saenipun, sarta punapa awonipun. Badhe tumapakipun parêpatan punika para ingkang badhe mirêngakên, katawis sami pating bêthithit, sampun sami ambêkta sangu rêmbag piyambak-piyambak. Sapintên bêbêging manahipun, sami mêgêng napas ngajêng-ajêng tumuntên tapuking rêmbag. Eman kala samantên kapêksa sami nyarantosakên, dening kasêlanan sêsorahipun sadhèrèk Inggris sawatawis panjang, mratelakakên bab nunggil prêlu akalihan ingkang kaparêpat enjingipun, ingkang sampun kaputus, tuwin malih sampun katêtêpakên mosinipun. Dumugi wêwangêning wanci sêsorah punika kapunggêl, lajêng wiwit marêpat ingkang kawrat ing agendha, ing ngriku tuwuh grêngsêngipun.

Ingkang sêsorah wiwitan wakilipun Pahêman Radyapustaka, ngêmohi dhatêng aksara Latin, ambantah sêrat-sêratan ingkang sampun nate kawrat ing sêrat-sêrat kabar, pangrêmbagipun ragi mawi lêlucon nyampar pakolih, punika pangangkahipun murih têrang utawi gênahipun. Para ingkang sami mirêngakên katawis manawi katuju ing galih, gumujêng gêr-gêran.

Sarampunging sêsorahipun wakil Radyapustaka dipun gêntosi sêsorahipun priyantu saking Bêtawi, mratelakakên pikantukipun ngangge sastra Latin. Ajêngipun juru sabda dhatêng ing mimbar katingal sampun kaprabawan ing pangaribawa, angantawisi rakaos sagêdipun numpang. Mênggah anggènipun mratelakakên sabab-sababipun saklangkung mèmpêr. Saupami ingkang andhatêngi parêpatan wau dèrèng sangu: êmoh, bokmanawi inggih kathah pangapuntênipun. Anamung kadadosanipun, sadaya sabab-sabab ingkang kapratelakakên, ingkang ngatingalakên saenipun aksara Latin kangge nyêrati basa Jawi, dipun babadi sadaya ngantos rêsik, namung emanipun sangêt dene wontên ingkang mabêni dhatêng juru sêsorah, ingkang sangêt anggèning nyenggol dhatêng sariranipun. Makatên punika têtela bilih ing waktu punika dede patrapipun angrencangi aksara Latin kangge nyêrati basa Jawi. Bokmanawi ing têmbe, manawi băngsa Jawi sampun sagêd murba wasesa badanipun piyambak, sawêg kenging ngunculakên prakawis punika malih. Ing waktu sapunika sadaya pranatan, saea kados punapa, sok ugi ragi mambêt-mambêt kilenan, sampun saèstu dipun sujanani dhatêng băngsa ngriki. Kula lajêng kèngêtan kawontênanipun nagari Turki kalihan nagari Mêsir. Nagari Turki sampun [sampu ...]

--- 70 ---

[... n] mardika babar pisan, dipun pangagêngi dhatêng sang Kemal Basah. Sadaya pranatan ingkang enggal-enggal, sanajan plêk cara kilenan, katindakakên ing Turki sagêd tumindak, botên patos dipun sujanani. Ing Mêsir nagarinipun dèrèng mardika (babar pisan) dipun pangagêngi dhatêng Sang Sahlul Basah. Ing ngriku pranatan ingkang enggal-enggal, ingkang ragi mèmpêr cara kilenan, dipun sujanani sangêt dhatêng tiyang bumi, kadakwa bilih thukuling pranatan, saking sogokanipun nagari Inggris, lajêng angèl sangêt sagêdipun tumindak, kêrêp jugar.

(Prakawis aksara Latin punika lêlampahanipun ragi mèmpêr kalihan prakawis gundhuling sirah)?

Karampunganing rêmbag, parêpatan gadhah pangajêng-ajêng utawi panyuwun dhatêng nagari, supados sadaya sêrat-sêrat basa Jawi, kasêrata mawi aksara Jawi, makatên punika kajawi sêrat ingkang pancèn kangge mulang sastra Latin.

Wondene parêpatan ingkang kaping tiga ngrêmbag prakawis Sastra Gêndhing. Pamêdhar sabda anggènipun anggênah-gênahakên jêlèntrèh sangêt. Para ingkang sami mirêngakên katawis sami kapiluyu. Namung ingkang pancèn botên kadunungan wiji kagunan dhatêng gêndhing utawi têmbang, kraos judhêg sangêt. Wontên ingkang blangkêmên, botên wani urun rêmbag, wontên ingkang kêndêl, purun anglairakên judhêgipun. Anamung sadaya waradin, sami mratelakakên sêngsêmipun dhatêng lagu Jawi. Sami lêga mirêngakên sasorah prakawis punika...

Kula dèrèng mratelakakên bab pêpanggihanipun para ingkang andhatêngi konggrès ing sadèrèngipun wiwit konggrès. Sarta sasampunipun konggrès rampung. Ing sadèrèngipun konggrès wiwit, sampun wontên pêpanggihanipun para sadhèrèk ingkang sami badhe ningali konggrès, kasêgah têtingalan bab wulangan dhalang. Tumindakipun sakalangkung ngrêsêpakên.

Wondene sabibaripun konggrès kasêgah wulangan jogèd. Tumrapipun dhatêng ingkang dèrèng nate ngalami, kraos rêkaos. Adamêl pacakan, nglêmpèding wêtêng, pandêgèging gêgêr, malanging dlamakan, nylêkênthinging driji, punika sadaya sarwa rêkaos, kenging kabasakakên, gimnastik tumrap badan sakojur dalah driji. Raosipun kados dipun urut ing dhukun ingkang pintêr. Wangsul manawi sampun mapan, utawi sampun kulina, punika sadaya mlampah piyambak. Manawi mirêng găngsa, wêtêng punika lajêng nglêmpèd piyambak, gêgêr, dlamakan, sarta dayanipun lajêng mapan kajêngipun piyambak. Makatên ugi ing padintênanipun, sak lênggah, utawi mlampah, pacakanipun inggih sampun kados tiyang anjogèd. Sarwa lêmês, sarwa mapan, mawi pacakan. Malah manawi kasêsa nututi pangkating sêpur, plajêngipun inggih kacara nyirig utawi nyindhir. Makatên pangandikanipun priyagung ingkang sampun ahli ambêksa.

--- 71 ---

Ing ngriki botên mrinci-mrinci kawontênaning kawruh padhalangan tuwin jogèd ingkang kawulangakên ing pasinaon kalih warni wau, katandhing akalihan sanès nagari, jêr desa mawa cara, nagara mawa tata, sarta dede papanipun. Pasinaon kalih warni pantês ingalêmbana, saha sinudarsana. Ingkang katingal:

1. Ing bab kêncênging pranatan.

2. Ing bab budidayaning pangrèh.

Cêkakipun, parêpatan sapisan punika adamêl lêganing manah, ngungkuli parêpatan ingkang sampun-sampun, gobyog, botên kakên. Para sarjana utawi para priyagung sawatawis ingkang sami anjênêngi parêpatan, botên adamêl pakèwêding rêrêmbagan, malah adamêl gambira. Para ingkang sami ningali gadhah pangajêng-ajêng, mugi-mugi konggrès Yapha Insêtitut ing têmbe sagêda gobyog makatên. Amin.

Marcapada-Ngarcapada

Katur Radèn Ngabèi Purbacaraka

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3)

Ing ngandhap punika kula mêksa badhe nêrangakên têmbung sawatawis, miturut wulangan sarta kawruh. Ewasamantên kula inggih nyumanggakakên dhatêng para linangkung.

Salat Barjamangah

Jamangah utawi jamaah punika têmbung Arab, têgêsipun kêmpal, utawi kêmpalan. Bar punika saking têmbung punapa. Ing têmbung Arab botên wontên têmbung barjamaah. Dadosipun, bar punika jêbul atêr-atêring têmbung Malayu. Yèn cara Rio utawi Johor ungêlipun bêr, yèn cara Padhang utawi Minangkabo mungêl bar. Atêr-atêr bêr utawi bar yèn ing têmbung Jawi mèmpêr kalihan atêr-atêr a utawi ma (tarkadhang kenging kajawèkakên mawi panambang an) kados ta:

berbadjoe - bêrbaju - aklambi, klambèn.

Bergoeroe - berguru - maguru.

Berairan - bêrairan - marawayan.

Berkoempoel - bêrkumpul - akumpul.

Berhimpoen - berhimpun - akumpul.

Berdjamaah - berjamaah - akumpul.

Bardjamaah - barjamaah - akumpulan.

Dados salat barjamaah kenging kajawèkakên sêmbahyang kumpulan.

Ngalêmbana.

Têmbung ngalêm, punika sampun gênah têgêsipun. Yèn cara tiyang ingkang micara: wis ngarani. Lah bana, punika punapa têgêsipun wontên ing ngriku.

Ing basa Sangsêkrêta wontên têmbung: halêmbana, utawi alêmbana, têgêsipun: cêpêng-cêpêngan. [cêpêng- ...]

--- 72 ---

[... cêpêngan.] Utawi cêpêng-cinêpêng. Swaranipun mèmpêr têmbung Jawi alêm. (Namung têgêsipun botên wontên èmpêripun babarpisan), sarèhne swaranipun mèmpêr, sabên-sabên manawi tiyang wicantên brêgas-brêgasan, ingkang maksudipun ngalêm, lajêng dipun lajêngakên pisan, mawi dipun wêwahi bana, dados ngalêmbana. Ingkang makatên wau ing têmbung Jawi kathah panunggilanipun, kangge wicantên gêgujêngan utawi brêgas-brêgasan. Kados ta:

beka wijaya, ihnil mampus, untung Bêtawi, rugi guprêmèn

măngka kula punika umur kula ing waktu punika sampun kawan dasa kang (a)njagèni.

Manggalaning prang

Punapa ingkang dipun kajêngakên têmbung: manggalaning prang utawi manggalani.

Manggalaning prang, kajêngipun, pangagênging wadyabala ingkang mangsah pêrang.

Manggalani, kajêngipun mangagêngi.

Punapa manggala têgêsipun ingkang saèstu: pangagêng. Botên.

Manggala, punika têmbung Sangsêkrêta, têgêsipun: bêgja, kabêgjan, irah-irahan, utawi wiwitan, utawi bêbukaning ginêm ingkang têmênanan, anak pambajêng. Wontên malih têgêsipun, nanging botên wontên ingkang atêgês pangagêng. Kadospundi, dene wontênipun ing kasusastran Jawi gadhah têgês pangagêng. Makatên: irah-irahan, utawi bêbuka punika yèn ing sêrat kintunan utawi cariyos, kasêrat wontên ing wiwitan. Têmbung manggala wau inggih kasêrat wontên ing wiwitan, dados pangajênging ungêl-ungêlaning sêrat kintunan. Yèn caranipun sapunika ingkang kasêrat ing wiwitan, adatipun: nuwun wiyosipun. Dados têmbung manggalaning prang, istingarah kenging dipun santuni: nuwun wiyosipun ing pêrang.

Panunggilaning ungêl-ungêlan ingkang makatên, upaminipun:

Alip-alipane wong dadi ratu (kasêbut ing Sêrat Bale Sigala-gala).

Main kuwi carakane wong arêp sangsara.

Pèimu kuwi isih papa: rara. Lan, dalan, wae durung.

Ngamandaka.

Punapa lingganipun têmbung: ngamandaka, sarta kadospundi wardinipun:

Lingganipun: kamandaka, têgêsipun, kamandaka kula botên sumêrêp. Anamung kamandaka punika namaning patih ing tanah Indhu, adamêl sêrat (buku) ingkang ungêlipun utawi suraosipun, botên pisan-pisan sagêd pinanggih ing nalar. Ing salajêngipun, manawi tiyang wicantên ingkang neka-neka, utawi damêl-damêl, lajêng dipun ungêlakên, ngamandaka. Kajêngipun: [Ka ...]

--- 73 ---

[... jêngipun:] kaya kamandaka, utawi: cara kamandaka.

Janur, kinang.

Janur. Sabên tiyang sampun sumêrêp, bilih punika godhong klapa ingkang taksih ênèm. Punika cocog kalihan têmbung Malayu: dhaun nyiur. Tiyang Malayu manawi ngrêngga griyanipun mawi janur, anggènipun mastani janur wau inggih namung dhaun nyiur kemawon, botên mawi dipun wêwahi têmbung mudha botên punapa. Dados èmpêripun, janur wau tularan saking basa Malayu.

Kinang. Miturut sêrat Pustaka Rajapurwa, ingkang wiwit nginang punika para widadari, awit sami ngestokakên dhawuhipun Sang Hyang Guru. Ingkang dipun kinang: wohan, utawi jambe, kamamah-mamah, supados mindhak singêr, mindhak ngêngrêng pasêmonipun, sarta mindhak saras. Wondene: jambe, namanipun ing têmbung Malayu: pinang. Sêmunipun, kinang punika ingsêd-ingsêdan saking têmbung pinang. Kadosdene têmbung: pisang mingsêd dados kisang.

Lowano.

Lowano punika namaning dhistrik ing tanah Bagêlèn. Panggenanipun ing parêdèn. Rumiyin wananipun agêng sarta kêtêl. Sêmunipun ing ngriku mirah toya sarta kathah witipun arèn. Toya ing têmbung Jawi Kina: lwah utawi loh, dene arèn ing têmbung Malayu: nau, pakêcapan Jawi dados no. Bokmanawi têmbung no wau rumiyin inggih kangge ing têmbung Jawi. Dados lwahno.

Sampan.

Sampan, saking têmbung Cina sa sarta pan, ing saantawising wanda kêkalih wau dipun wêwahi aksara irung ma. (Kathah panunggilanipun ingkang wêwah aksara irung makatên)

Sa, têmbung Cina, têgêsipun tiga.

Pan, têmbung Cina, têgêsipun blabag.

Dados sampan, têgêsipun blabag tiga.

Pandhapa

Pandhapa, saking têmbung Sangsêkrêta mandhapa, têgêsipun griya ngajêng. Mandhapa dipun kintên ing tiyang Jawi têmbung andhahan, lajêng dipun wangsulakên dhatêng lingganipun (angkahipun) dados pandhapa.

Ing têmbung Malayu inggih wontên ingkang lêlampahanipun makatên, kados ta:

berniaga, dipun kintên ing tiyang Malayu, bilih punika têmbung andhahan, saking têmbung niaga. Dene niaga, kakintên saking tiaga. Lajêng wontên têmbung: ditiagakan, kajêngipun: digawe gramèn. Lêrêsipun saking têmbung Tamil baniaga, têgêsipun, sade tinumbas.

--- 74 ---

Băndawasa-belantara

Têmbung băndawasa pinangkanipun saking: wanawasa, têgêsipun: wana agêng. Wa malih dados ba. Wondene na nipun lajêng dados nda. Wăndawasa, băndawasa.

Makatên ugi têmbung: belantara ing basa Malayu, pinangkanipun saking wanantara, atêgês wana agêng. Botên saking antara angsal atêr-atêr ber utawi bel.

Têmbung: lumrah, sagêd ewah dados, lumbrah. Wêwah ba, dados mba sabab aksaranipun irung ma.

Têmbung malah, ewah dados mbalah.

Miyat-mampus

Miyat, saking lingga: liyat. Jangkêpipun mungêl: lumiyat.

Mampus, saking lingga: lampus. Jangkêpipun mungêl: lumampus.

Kusumatmaja

Tatacara Tani ing Tanah Sukawati

Bêbuka

Sami-sami bawah dalêm nagari Surakarta, ing bawah Kabupatèn Sragèn (tanah Sukawati) punika têtiyangipun taksih kathah ingkang yutun, panggêsanganipun saking têtanèn, ngantos dipun wastani tani yutun utawi tani bêntil. Pasitènipun tadhahan, panggarapipun sabin namung sabên măngsa rêndhêng sataun sapisan. Wacucalipun (pasitèn) wiyar, jiwanipun dèrèng kathah, sabab kala rumiyinipun pancèn siti pawanan, wana pajatosan, kalihan wana bondhotan, sanadyan samangke wananipun sampun têlas kababad dados têgal ara-ara, ewasamantên jiwaning tiyang dèrèng nama kathah, dumugining wêkasaning taun 1926 gunggunging jiwa tiyang sawêg wontên 280.336.

Watakipun tiyang Sukawati sami rêmên dhatêng rajakayanipun, dipun opèni kados anak putunipun piyambak, rajakayanipun kathah ingkang dipun sukani nama, tarkadhang wontên ingkang ngantos anjilma.

Têtiyang dhusun prasasat sadaya sami gadhah rajakaya, katranganipun makatên: sadaya tiyang sabên gadhah anak sampun umur pitung taun, jalêra èstria lajêng dipun ngèngèrakên dados pangèn rajakaya, prajanjianipun: manawi pangèngèripun sampun tigang taun, lajêng angsal epahan gudèl satunggal. Manawi ingkang ngèngèr sampun ngumur 11-12 taun, namung ngèngèr kalih taun angsal epahan gudèl satunggal. Manawi ngèngèripun sampun jaka, namung sataun angsal epahan gudèl.

Dumuginipun wêkasaning taun 1926, kawontênaning jiwa, maesa sabawah Kabupatèn Sragèn gunggung 53.512, kathahing lêmbu wontên 31018, kapal wontên 2229, maenda [mae ...]

--- 75 ---

[... nda] gèmbèl kalihan maenda jawi gunggung 36181.

Wiyaring sabin ingkang tamtu katanêman pantun 55685 bau, patêgalan ingkang katanêman palawija 31245 bau.

Awit saking pasitènipun wiyar jiwa tiyang dèrèng kathah, sanadyan pananêmipun pantun namung sataun sapisan, wulu pamêdalipun sagêd tirah-tirah. Kala Radèn Mas Utarya taksih dados amtênar lanbao wontên Surakarta, sampun nate damêl pêpetangan tapsiran kalihan kula, metang asilipun pantun sabawah Kabupatèn Sragèn, sasampunipun kasuda kangge têdhanipun tiyang sadaya ing dalêm sataun, pinanggihipun tirahan uwos ing dalêm sapanenan sakêdhikipun 150.000 dhacin. Mila sabên bibar panèn, dhatêngipun tiyang dagang saking: Surakarta, Ngayogyakarta, Kêdhu, Samarang, Madiun, Kadhiri, Surabaya, ambarubul kados sulung mêdal enjing, sami kilak uwos sarana jor-joran panumbasipun.

Kula matur prasaja, ingkang mikuwati têdha sabawah dalêm nagari Surakarta punika Sragèn, manawi bawah Sragèn botên kamêdalan, Surakarta masthi pacêklik.

Sanadyan kula punika dados abdi dalêm bupati pangrèh praja, sayêktosipun inggih sampun nate nglampahi têtanèn dangunipun sadasa taun. Katranganipun makatên: kala rumiyin abdi dalêm bupati pangrèh praja punika kajawi kaparingan balănja sabên wulan, inggih kaparingan lungguh siti tigang jung, jungipun jung lurung (wiyar), ingkang kalih jung wontên kutha Sragèn, sabinipun pinanggih 150 bau, ingkang kalih dasa bau sabên rêndhêng kula garap piyambak, ingkang satus tigang dasa bau kula pratigakakên. Manawi sontên utawi pinuju dintên Minggu kula dhatêng sabin nyumêrêpi panggarapipun juru tani, dangu-dangu ragi mangrêtos ing bab pangolahipun siti dalah tatacaranipun tiyang tani.

Sapunika kula badhe mratelakakên tatacaranipun tiyang tani anggarap sabin ing tanah Sukawati, sagêda kauningan para ingkang dèrèng nguningani.

Kasêrat wulan Rêjêb taun Wawu, 1857.

Sumanagara.

Tiyang tani punika prêlu sangêt sumêrêp gantos-gumantosing măngsa, măngsa makatên ing dalêm sataun gantos kaping kalih wêlas, lajêng kadadosakên kawan perangan. Ingkang rumiyin dipun wastani labuh, dangunipun tigang măngsa, inggih punika: măngsa kasêkawan, gangsal, kanêm (October, November, December) wêkdal punika wiwitipun wontên jawah.

Lajêng rêndhêng, inggih punika: kapitu, kawolu, kasanga, Januari, Februari, Maart, wêkdal punika jawahipun agêng.

Lajêng marèng, inggih punika: kasadasa, kasawêlas, kakalih wêlas, April, Mei, Juni, wêkdal punika wontênipun jawah awis-awis.

--- 76 ---

Lajêng katiga, inggih punika: kapisan, kakalih, katiga, Juli, Augustus, September, sampun botên wontên jawah (têrangan).

Tumrap tiyang tani ingkang sagêd dhatêng sastra limrahipun sami gadhah primbon, utawi sami mrêlokakên tumbas sêrat pananggalan, amargi sêrat pananggalan punika ngêwrat pratelan pranata măngsa.

Wondene tumrap ingkang botên mangrêtos sastra gadhah panêngêran ingkang sampun mathêm pitadosipun, manawi badhe nyumêrêpi măngsa pintên, lajêng pados kêmăngga (jinising kewan alit) dipun satitèkakên sampun gadhah mripat pintên, manawi mripatipun gangsal, tăndha sawêk măngsa gangsal, makatên sapiturutipun.

Sawênèh panêngêranipun lintang waluku, anggêr lintang waluku wanci sontên sampun katingal cêtha wontên wetan, tăndha sampun wancinipun anggarap sabin.

Sawênèh malih wontên ingkang ngangge panêngêran pêksi têrik (pêksi têrik makatên mèmpêr kalihan pêksi trinil, langkung agêng, agêngipun sadrêkuku). Sanadyan sampun wiwit wontên jawah, manawi pêksi têrik dèrèng dhatêng, tăndha dèrèng badhe agêng jawahipun.

Kula inggih gumun, sabên taun sapisan sabên nuju wiwit rêndhêng ing bawah Kabupatèn Sragèn mêsthi kadhatêngan pêksi têrik, dhatêngipun saking lèr wetan lêlumbungan ewon. Pangintên kula aslinipun saking rawa Mlawat bawah dhistrik Prawata Kabupatèn Kudus (mila kula gadhah pangintên makatên, kala taun 1902, kula sampun nate nyumêrêpi rawa Mlawat wau, kathah pêksinipun saba toya warni-warni, wontên ingkang agêng piyambak, cariyosipun nama pêksi walang kadhak, ulês agêngipun mèmpêr kalihan banyak). Anèhipun: sababipun punapa pêksi têrik punika sataun sapisan têka masthi dhatêng bawah Sragèn, sarta botên lajêng saba sawatawis dangu, têka namung kados langkung kemawon, badhe dhatêng pundi? Kula botên mangrêtos.

Tiyang badhe miwiti anggarap sabin punika kêdah milih dintên ingkang sae petanganipun. Petanganipun makatên: sandhang, pangan, lara, pati, pilihanipun ingkang dhawah sandhang utawi pangan, manawi dhawah lara, pati, botên sae. Dados kêdah milih ingkang nêptuning dintên kapanggih 10, 13, 14.

Manawi badhe miwiti maluku kêdah mawi sajèn cokbakal warni: sêkar, mênyan, jênang abrit, gêrèh pèthèk, kacang wose, lombok, tigan mêntah, kadèkèk tulakaning sabin. Lajêng ngobong mênyan sarwi mêmuji makatên: bapa Adam, ibu Kawa, bapa kawasa ibu pratiwi, kula nyuwun sandhang têdha. Nalikanipun badhe miwiti maluku pujianipun makatên: niyat ingsun miwiti sawah, Nabi Adam kang miwiti, Bagendha Ngali

--- 77 ---

kang nuntuni, Dèwi Prêtimah kang duwe sawah, Allah kang ngidèni sakabèhing sangkala padha suminggah sumingkira, ingsun awit sawah, sluman-slumun slamêt, saking karsaning Allah.

Sabên maluku sarwi ura-ura, nanging botên mawi dhongdhing, têmbang punapa botên kantênan, namung anggêripun anggèlènggèng kemawon. Ijêmanipun makatên: alonana lakune mas kêncêng bae, kya, kya, lo, kene-kene, uwis awan rada sêngkakna lakune, hêr, lo, lo. (Têmbung hêr kalihan kya punika pusaka saking têmbung kina hêr: têgêsipun mangiwa, kya têgêsipun manêngên).

Manawi badhe nyêbar wiji ugi mawi cokbakal, sadèrèngipun kasêbarakên, gabahipun dipun suwuk rumiyin, tiyangipun mamah dringo bawang pujianipun makatên: êndhak-êndhak măndhalika, lêmbing sangit ora ana, amung êsri sadana, byah ngêmbrah ana ara-ara ămba, ana pacak dudu pacaking durjana, pêpacake ama pitung prakara, nini bladhu kaki bladhu, aja sira ganggu-ganggu mênyang tanêm tuwuhku, lamun sira wani ganggu kêna pangipat-ipate Kyai Banjarsari. Mamahanipun lajêng kasêmbur-sêmburakên gabah, gabahipun lajêng kasêbar.

Manawi wijinipun sampun wanci kadaut, lajêng milih dintên ingkang nêptunipun kapetang dhawah sandhang utawi pangan. Ing dalu undang-undang tăngga-tangganipun dipun ajak mêlèk sadalu, enjingipun lajêng andaut wiji, ugi mawi sarat cokbakal.

Badhe tanêm inggih milih dintên ingkang kapetang dhawah sandhang utawi pangan. Ugi mawi dipun êlèki sadalu, enjingipun badhe tanêm mawi cokbakal, sajènipun warni: jadah, jênang, pisang satangkêp, jungkat sungu, cupu isi lisah wangi, kupat lêpêt, godhong andong, godhong wora-wari bang, sêkul wuduk lêmbaran, cêngkaruk gimbal, êmplèk-êmplèk katul, kêndhali rakitan, kêjèn, sadaya wau dados sawadhah katutupan sinjang. Ingkang miwiti tanêm mêmuji makatên: ning, ning, siti mrêning, aku titip wiji wohing kuldi, ngêndhukura kaya pundhung, ngrêmbuyunga kaya gunung, ijo royo-royo kaya godhong dringo, bok sri mênthêk, adhêm asrêp, kaya siniram banyu tanpa sumbêr, ancak-ancak ale, si ale kêbo jangkitan, èncèng-èncèng gogok bêlok, unine sarèntèng ceblok.

Manawi wijinipun sampun katanêm sadaya (rampung), nuju dintên Jumuwah Paing, milujêngi maesanipun, dipun wastani anggumbrêgi, wilujênganipun [wilujêng ...]

--- 78 ---

[... anipun] warni: godhogan uwi gêmbili, kupat lêpêt, jadah wajik, pisang, êmplèk-êmplèk galêpung mawi isi gêndhis, cêngkaruk gimbal, klêpon, waloh ing lêbêt dipun isèni gêndhis kagodhog wêtahan, jênang sungsum. Ujubipun mêmule Kyai Jurumartani, kalihan Kyai Dhadhungawuk ingkang rumêksa maesa, dipun kêpang tiyang sêpuh kalihan lare-lare angèn. Maesanipun lajêng dipun têdhani jênang sungsum, gigiripun inggih dipun usar-usari jênang sungsum.

Lare-lare angèn ingkang mêntas ngêpang ambêngan wau lajêng mêdal dhatêng latar, sami sêsarêngan wicantên sêru makatên: kembang krandhang turah kêbo kurang kandhang, surak iyo surak iyo. Kêmbang lombok luwih kêbo kurang pathok, surak iyo surak iyo. Kêmbang krambil kang angon mikul bêdhil, kêbone pating jrondhil, surak iyo surak iyo. (Wontên sambêtipun)

Mulabukanipun Wontên Kangjêng Nyai Satomi

Pêthikan wêdalipun sêrat kabar Budi Utama ăngka 1, 2, 3, 4. Taun III - 1925.

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 4)

Miturut dongengan Bantên, ingkang angsal kula sasêrêpan wau awit saking pitulunganipun mitra kula pujăngga Srikê, lêrês mriyêm kêkalih punika asli malihan tiyang, nanging aluranipun gèsèh sangêt akalihan ikang[4] kapratelakakên ing nginggil, makatên:

Wontên dhukuh marêgil dumunung wontên ing pèrèngipun rêdi Canghas, namung dipun ênggèni tiyang sêpuh sajodho nama Kaki Rabaniyah, akalihan Nini Rabaniyah, Kaki Rabaniyah kesah mara tapa, wontên ing sapinggiripun têlaga Cimarang. Nini Rabaniyah kantun têngga griya ijèn, sakesahipun ingkang jalêr, Nini Rabaniyah karaos wawrat, dumugi êlèkipun, Nini Rabaniyah nglairakên jabang bayi, mêdal jalêr warninipun sakalangkung awon, saking sangêting wirang kamoran ajrih, jabang bayi kabucal dhatêng talaga, jabang bayi wau dipun panggih ing tiyang anjala, ketang wêlasipun dhatêng bayi, kabopong nyemot kabêkta mantuk, botên kèngêtan sêdyanipun ngupados ulam, dumugi ing griya bayi kasukakakên dhatêng rubiyahipun, nama kalêrêsan sangêt dene tiyang wau botên gadhah anak, mila anggènipun ngopèni sarta anggèning ngitik-itik inggih botên beda kalihan dhatêng anak piyambak, anakipun pupon kanamakakên Buncirêng. Kacariyos agêngipun Buncirêng wau kaugung, mila sakalangkung nakal, botên namung wontên ing griya kemawon, wontên ing dolanan inggih sakalangkung nakal, bapa biyungipun angkat kêrêp kasêrêg [ka ...]

--- 79 ---

[... sêrêg] ing tăngga têpalih, mila sanadyan kasok katrêsnanipun, ewadene kapêksa kêrêp mala dhatêng anakipun pupon, kanakalanipun Buncirêng misuwur, ewasamantên nyolong pêthèk dene gadhah wêwatêkan angosokwangsul, badhe kapratelakakên ing wingking. Buncirêng pancèn lare ugungan, mila sarêng kadhawahan gêbag wiwit botên karaos, ing alami-lami kesah botên pêpoyan dhatêng bapa biyungipun angkat.

Kesahipun Buncirêng botên kantênan ingkang tinuju, wontên ing margi mitulungi sawêr ingkang kogal-kogèl jalaran katancêban carang, carangipun kadudut, sawêr waluyajati. Kajawi punika mitulungi lalêr ingkang kenging pulut, lalêr sagêd uwal, sato kalih sami nglairakên panarimahipun, sarta sami aprasêtya, ing têmbe manawi Buncirêng manggih pakèwêd, sagah gêntos mitulungi luwaripun saking bêbaya. Lampahipun Buncirêng kalunta-lunta dhumugi[5] ing wana, ing têngah wana ngriku wontên padhukuhan alit, ingkang gagriya ing ngriku nama Ki Pakêbon akalihan rubiyahipun, Buncirêng suwita dhatêng Ki Pakêbon wau.

Kacariyos, Ki Pakêbon botên gadhah anak, pakarêmanipun nêdha ulam sawêr kalêmêng, Buncirêng ugi kapurih nêdha, nanging botên nate dipun pêpoyani bilih ingkang kalêmêng wau ulam sawêr. Anuju satunggaling dintên Ki Pakêbon kêkesahan sarta sipêng, Buncirêng kapurih têngga griya, ing sadèrèngipun pangkat atilar wêling, Buncirêng kawantos-wantos sampun ngantos ningali lêmênganipun, Buncirêng nyagahi.

Ing wanci têngah dalu Buncirêng nglilir saking anggènipun tilêm, kagèt mirêng sabawa pating krusêk wontên ing jawi griya, manahipun trataban, nyipta bêbaya agêng ingkang andhatêngi. Buncirêng ngangên-angên punapa ingkang badhe dipun lampahi, sanalika mênyat saking patilêmanipun alon-alon, lajêng lumampah jinjit dhatêng kontên, kontên leregan kasêblakakên kalihan kasêsa, brabat malajêng dhatêng jawi, trangginas mènèk wit-witan, dumugi paragak kèndêl anggèning mènèk, ngrangkul êpang sakalangkung kêncêng, ambêkanipun taksih ngangsur. Sasampunipun aring napasipun, Buncirêng mramanakakên dhatêng sabawa pating krusêk, sanalika ing ngandhap katingal sawêr agêng alit pating talosor malêbêt dhatêng pawon, ingkang dados pangajênging lampah agêng piyambak, punika ratunipun. Ratunipun sawêr lajêng mêndhêt lêmêng ulam sawêr ingkang sampun dados lawuh dipun tètèsi toya gêsang, ingkang sampun têngkêl-têngkêlan tungtum malih, wasana waluyajati gêsang kados wingi uni. Sumêrêp sawêr ewon pating karogèl ngêbêki latar, Buncirêng mangkarag githokipun, sangêt ajrih carub kamigilan, untunipun narêthêk gathik. Mirêng sabawaning tiyang, sawêr-sawêr kagèt, lumajêng asasaran, botên tolèh dhatêng cupu manik isi toya gêsang kantun tinilar. Sarêng sawêr sampun [sampu ...]

--- 80 ---

[... n] botên wontên ingkang katingal kumliwêr, Buncirêng mudhun alon-alon, cupu manik kapêndhêt dipun kandhut, piyambakipun lajêng malêbêt dhatêng griya, mapan tilêm malih.

Enjingipun Ki Pakêbon jalêr èstri mantuk anjujug ing pawon, nuwèni lêmêngipun. Sapintên kagèting manahipun nyumêrêpi têlasing lêmêngipun, Buncirêng ingkang dipun tarka nêlas-nêlasakên, sanalika lajêng kathundhung. Buncirêng kesah, lampahipun kasurang-surang, wontên ing margi kapanggih bangkening kêthèk, Buncirêng mêndhêt cupu manik, bangkening kêthèk katetesan toya gêsang, sanalika gêsang. Kêthèk anglairakên panarimahipun, sarta aprasêtya ing têmbe badhe malês. (Taksih wontên sambêtipun)

Suhari

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 4)

Tiyang-tiyang wau sami kagèt, sumêrêp dhatêng sang putri, sabab pangagêmanipun arontang-ranting, sariranipun kêra aking, dipun wastani janggitan, pramila inggih wontên ingkang lajêng mlajêng. Ewadene inggih wontên ingkang wêlas, sang putri dipun cêlaki, dipun pitakèni mulabukanipun, dene wontên ing salêbêting wana ijèn kemawon. Sang putri inggih mratelakakên lêlampahanipun sadaya, sarta lajêng gêntos pitakèn, sami badhe dhatêng pundi. Tiyang-tiyang sami pratela bilih badhe dhatêng nagari Cêdi, nagarinipun Prabu Subau. Sang putri lajêng nêmbung badhe nunut. Inggih sami suka.

Gancaring cariyos, sang putri inggih sagêd dumugi ing nagari Cêdi, lumêbêt dhatêng kitha. Anamung saking awoning panganggenipun, wontên salêbêting kitha dipun urak-urak ing lare sarta tiyang-tiyang, sakalangkung anggènipun kawêlas-asih. Lampahipun anglangkungi sacêlaking kadhaton. Ing ngriku anglêrêsi ibunipun sang prabu ungak-ungak ing candhela, priksa dhatêng sang dèwi dipun tutakên dhatêng lare-lare pakampungan pintên-pintên. Sanajan sang dèwi sangêt kêra, sarta panganggenipun pating srêmpal, anamung katawis endahing warni sarta wingiting pasêmon, lajêng kadhawuhan nimbali. Sadumugining kadhaton kadangu lêlampahanipun. Sang dèwi inggih ngaturakên lêlampahanipun, anamung botên ambalakakakên nama sarta kamulanipun, jalaran lingsêm, kuwatos manawi kawastanan angakên-akên. Sang pramèswari sakalangkung wêlas. Sang dèwi lajêng kadadosakên pamomongipun putranipun putri anama Dèwi Sunanda, sarta dipun sagahi badhe dipun pitulungi tuwin dipun ayomi ing sasagêd-sagêdipun. (Taksih wontên sambêtipun)

Sasrasugănda.

--- [0-0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


ancasing. (kembali)
ancasing.
sarta kawruh. (kembali)
sarta kawruh.
gurunipun. (kembali)
gurunipun.
ingkang. (kembali)
ingkang.
dumugi. (kembali)
dumugi.