Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-11/12, #379

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-11/12, #379. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1927-11/12, #379. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 11-12, Nopèmbêr-Dhesèmbêr 1927. Taun VI

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka: 11-12.

1. Sakolahanipun Sang Rabindhranat Tagorê. 2. Katrangan katur Sang Kusumatmaja. 3. Ejah-ejahanipun têmbung Jawi kasêrat mawi aksara Latin. 4. Baratayudha. 5. Ardawalika. 6. Mriyêm ing Bantên. 7. Wulang maca. 8. Mahabarata. 9. Adpêrtènsi.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 161 ---

Ăngka: 11-12, Nophèmbêr-Dhesèmbêr 1927. Taun VI

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Sakolahanipun Sang Rabindhranat Tagorê

Pamulangan wau miturut pamirêng kula, kêcapipun warni kalih. Manawi Tuwan Dhoktor Bakê, anggènipun ngêcapakên: Santiniketan. Manawi Dhoktor Cataryi (punapa Catarji) anggènipun ngêcapakên: Santinikêtan. Mênggah pangintên kula lêrês ingkang kantun punika. Dados, namanipun pamulangan wau, ingkang kula angge ing karangan ngriki: Santinikêtan.

Têgêsipun Santinikêtan, miturut katrangan saking Tuwan Dhoktor Bakê: griya panggenaning katêntrêman.

Ing ngriki badhe kula pratelakakên ing bab panampi kula sêsorahipun Tuwan Dhoktor Catarji wontên ing pamulangan Tamansiswa, inggih ing dalêmipun Radèn Mas Suwardi Suryaningrat ing Pakualaman.

Tuwan Catarji punika băngsa Indhu, ingkang ngatêrakên Tuwan Rabindhranat Tagorê. Anggènipun sêsorah wontên ing pamulangan Tamansiswa: basa Inggris. Kajawakakên dhatêng Tuwan Dhoktor Bakê ing têmbung Walandi.

Anggèn kula badhe mratelakakên kawontênanipun pamulangan Santinikêtan punika punapa mawi gadhah sêdya badhe damêl pamulangan ingkang ngêplêki pamulangan Santinikêtan. O, botên. Lajêng kula namung kados tiyang ningali ringgit kemawon, kêpengin sumêrêp lampahanipun. Manawi wontên ingkang mencok ing angên-angên kula, yèn sagêd, kula pêthik.

Mênggah sêsorahipun Dhoktor Catarji, saking panampi kula suraosipun makatên :

--- 162 ---

Dhoktor Rabindhranat Tagorê punika putranipun Sang Maharsi Dèwindranat. Nama Dèwindanat, punika yèn dipun udhal saking têmbung: dewa, indra, nat (=nata).

Sang Maharsi Dèwindranat sakalangkung mursid, tansah ngudi murih sagêdipun mindhak-mindhaka cêlak dhatêng sêsêmbahanipun. Sampun nate nginggahi rêdi Imalaya, miturut caranipun para brahmana ing jaman kina, sumêdya dhatêng suralaya. Lajêng mudhun anjajah pasisir. Sêdyanipun badhe ngungkabi warana, sagêda anyipati blêgêripun Hyang Suksma ingkang anitahakên sadaya titah. Sawangsulipun saking pasisir lampahipun anglangkungi pasitèn wiyar angêmplak-êmplak. Nalika samantên wancinipun sampun sontên, kalêrês măngsa bêdhidhing, anggènipun lêlampah numpak tandhu (punapa joli, ragi botên patos têrang panampi kula). Sarta ngangge kêmul ingkang sakalangkung sae. Wontên ing ara-ara ngriku sagêd anyipati wêdaling srêngenge saking cakrawala, sarta sêrapipun. Manahipun sakalangkung kapranan sumêrêp endahking[1] wêwarnèn ing langit. Lajêng insap ing Gusti kang Maha Kawasa, sarta thukul kayakinanipun, bilih tiyang ingkang badhe nyêlaki sêsêmbahanipun punika, botên prêlu lêlana minggah rêdi ingkang inggil-inggil, utawi nurut pasisiring sagantên, cêkap wontên ing saênggèn-ênggèn, sok ugi sagêd anggugah manahipun ingkang murugakên tuwajuhing panêmbah.

Mangsuli cariyos ing ngajêng. Sang maharsi wontên ing ara-ara ingkang kasêbut ing nginggil, kapapag ing begal, nêdha bêbêktanipun sang maharsi. Sarèhne sang maharsi manahipun pancèn lêgawa, botên pisan gadhah êmar kapanggih begal. Kêmulipun ingkang sae wau kaulungakên dhatêng begal. Pun bebagal[2] dipun cariyosi, yèn sang maharsi botên ambêkta rajabrana. Ing ngriku begal kapranan manahipun, lajêng sumungkêm ing ngajêngipun sang maharsi mratobat, sarta mrasêtya bilih badhe mantuni kalakuanipun ingkang awon, badhe nglêbu tapakipun sang maharsi. Punika inggih kalampahan. Anggènipun suwita dhatêng sang maharsi ngantos dumugi ing pêjahipun.

Maharsi Dèwindranat kalêksanan sagêd manggèn wontên ing ara-ara ngriku. Èngêt kula siti wau lajêng katumbas. Wiyaripun pintên-pintên bau. Namung sitinipun awon sangêt, prasasat padhas curi kemawon. Kengingipun dipun tanêmi mawi kapêndhêtakên siti saking ngrika-ngrika sarta karabuk. Ing alami-lami tanêman ing ngriku sagêd agêng-agêng sarta sae. Ing sapunika prasasat patamanan pirdos utawi nandana.

Wondene Sang Rabindhranat, punika putranipun Sang Maharsi Dèwindranat punika wau. Alitanipun botên kacriyos kathah, namung kacriyosakên, bilih sêkolahipun botên patos lami. Dumugi umur tigang dasa sanga taun gêgriya ing sacêlakipun lèpèn Gangga. Kasênênganipun [Ka ...]

--- 163 ---

[... sênênganipun] ngarang-ngarang cariyos sarta adamêl têmbang, mawi basa Indhu (punapa Bênggala, kula kêsupèn). Ingkang kacariyosakên ing karang-karanganipun, upami: biyung kalihan anak. Bab katrêsnaning biyung sarta endah-endahipun lare alit. Bab trontonging srêngenge badhe mlêthèk, bab sêraping srêngenge, bab tumuruning toya jawah saking langit, bab gambiraning prahara utawi lesus, sapanunggilanipun. Punika wau alêlambaran kadarmanipun Hyang Maha Suci utawi pangawasanipun. Karanganipun ingkang makatên wau kathah sangêt sarta sae-sae. Kajawi punika inggih adamêl têtêmbangan ing têmbung Inggris. Pangraosipun piyambak, damêlanipun ing têmbung Inggris wau botên patos sae. Ananging sarêng katêdahakên dhatêng tiyang Inggris, jêbul dipun alêm sangêt. Ewadene Sang Rabindhranat mastani, bilih karanganipun ing têmbung Inggris wau pancèn dèrèng nyundhul karanganipun ingkang mawi basa Indhu.

Sarêng Sang Rabindhranat umur tigang dasa sanga taun wau gadhah sêdya badhe damêl cara mulang ingkang gèsèh kalihan caranipun pamulangan ingkang kathah-kathah. Ing tanah Indhu nalika samantên (ing taun 1901) sampun kathah sêkolahan nagari, ingkang kaadêgakên ing paprentahan Inggris. Wulangan ing pamulangan ingkang makatên punika, wiwit saking pamulangan andhap dumugi ing pamulangan inggil, lampahipun sajak suk-sukan. Lare-lare anggènipun sinau sajak kasêsa, sabab ambujêng dhiplomah. Wulangan prasasat dipun jêjêl-jêjêlakên. Yèn mênggaha bayi, kados dipun dublag ngantos êmoh-êmoh. Yèn mênggaha sêkatèn, kados lampahipun tiyang-tiyang ingkang badhe malêbêt ing gledhegan utawi pangurakan: suk-sukan utawi jorog-jorogan. Sang Rabindhranat mêsakakên dhatêng lare utawi tiyang neneman ingkang ngudi kawruh, dene angên-angênipun, kok kadamêl jag-jagan makatên.

Nalika badhe wiwit mulang, Sang Rabindhranat inggih nêdha palilah sarta pangèstu dhatêng ramanipun. Inggih dipun sukani. Ingkang wiwit dipun wulang namung ahlinipun piyambak, kathahipun gangsal. Caranipun mulang kadosdene caranipun para brahmana lêluhuripun. Guru manggèn wontên ing têngah, para siswa ngrompol angubêngi guru. Malah jarwanipun têmbung Upanisat, inggih kacariyosakên bilih: patrap ingkang makatên punika. Pamulangipun wontên ing sangandhaping wiwitan,[3] milih ingkang eyub utawi ayom. Sarèhne wêwayanganing wit-witan punika mingsêd-mingsêd, miturut lampahing srêngenge, lare-lare dalah gurunipun inggih kêrêp mingsêd, ngêtutakên wayangan wau. Ing alami-lami siswanipun mindhak-mindhak sarta mawarni-warni bangsanipun: băngsa Indhu, Bênggala, Kêling, Cina, Pèrsi, tuwin sanès-sanèsipun. Makatên ugi agaminipun inggih warni-warni. Wontên ingkang agami [a ...]

--- 164 ---

[... gami] Brahma, Islam, Kristên, Soroastêr, Budha, Konghucu. Pamulanganipun inggih sampun kawastanan pêpak. Wiwit saking pamulangan andhap dumugi pamulangan inggil. Cacahipun lare ingkang sami wontên ing ngriku, saking cariyosipun Tuwan Dhoktor Bakê, watawis wontên gangsal atus.

Bab tiyang-tiyangipun Sang Rabindhranat

Dêdêg pangadêgipun Sang Rabindhranat botên agêng botên alit, botên lêma botên kêra. Warninipun limrah kados tiyang Indhu utawi tiyang Arab. Brêngosipun agêng, jenggotipun kêtêl sarta panjang, sampun mèh pêthak sadaya. Pasêmonipun sumèh mawi wingit. Ing sêrat-sêrat kabar sampun asring wontên gambaripun. Panganggenipun botên kados panganggenipun tiyang Indhu ingkang taksih ênèm. Rasukanipun jubah panjang kados tiyang Arab, clananipun botên kêtingal. Kalihan para tuwan-tuwan utawi nyonyah, wicantênipun cara Inggris. Manawi kalihan tiyang Indhu ing Muhammadiyah ingkang anama Mirjhah, pawartosipun cara Urdhu. Umuripun, yèn taun rêmbulan, suwidak wolu taun. Yèn taun srêngenge: suwidak nênêm. Yèn wicantên kalihan tiyang Jawi ingkang botên ahli dhatêng basa Inggris, wicantênipun inggih basa Inggris, mawi dipun jurubasani Tuwan Dhoktor Bakê.

Kawasisanipun adamêl têmbang, sampun dipun saksèni dhatêng pangrèhipun pakêmpalan ingkang ngupakara dhatêng yatra têtilaranipun Tuwan Nobêl (ing Swèdhên punapa Nuwègên, kula kêsupèn). Kawan taun utawi gangsal taun kapêngkêr angsal ganjaran saking pakêmpalan wau, margi saking dêdamêlanipun têmbang. Nalika samantên, têmbangipun ingkang murugakên angsal ganjaran wau inggih kajarwakakên ing têmbung Walandi, kasêbut ing sêrat-sêrat kabar, namung kula sampun kasupèn suraosipun. Wiwit nalika samantên misuwuripun sangsaya kawêntar ing jagad têtiga.

Sanajan Sang Rabindhranat punika samantên misuwuripun, namung saking pawartosipun lare-lare ingkang sami mantuk saking anggènipun sinau ngaos wontên ing Laorê utawi Kadiyan, Sang Rabindhranat wontênipun ing ngrika kamulyanipun inggih botên sapintêna. Botên kados sadangunipun lêlana wontên ing tanah Jawi utawi ing tanah Eropah. Prakawis punika lajêng kula cundhukakên kalihan pangandikanipun para nabi ingkang kasêbut ing kitab-kitab, suraosipun makatên: Nabi iku yèn ana ing tanah kalairane, ora ana sing kajèn. Coba kula pratelakakên bab punika ing sasumêrêp kula.

Kangjêng Nabi Ibrahim, dipun wêsiasat dhatêng para ahlinipun sarta kabuyak-buyak dhatêng Raja Namrut.

Kangjêng Nabi Musa nglampahi sangsara wontên ing

--- 165 ---

nagari Mêsir dalah kaumipun, ngantos kêpêksa hijrah dhatêng nagari sanès.

Kangjêng Nabi Ngisa dipun cêcênggring, dipun ece, ngantos kalampahan dipun pêndhang[4] dhatêng kaumipun, inggih băngsa Yahudi.

Kangjêng Nabi Muhammad, dipun rèmèhakên, din[5] gêgujêng, dipun pisakit dhatêng kaum Kurès sarta băngsa Arab ing nagari Mêkah, ngantos kalampahan hijrah dhatêng Madinah.

Taksih kathah malih panunggilanipun. Punika lajêng kula gandhèng malih kalihan jaman S.I. tuwin Muhammadiyah. Nalika S.I. taksih mulya-mulyanipun, manawi wontên utusanipun pangrèh agêng dhatêng tanah sabrang, wontênipun ing ngrika tiyang-tiyang anggènipun mulyakakên, pangraos kula ngantos anglangkungi watês. Utusan wau sok ngantos kaanggêp wali utawi tiyang ingkang kêramat. Makatên ugi utusanipun Muhammadiyah. Ngantos rikuh anggènipun nampèni pakurmatan. Batosipun makatên: Ah, kêbangêtên wong-wong iki, pangrasane bae kêpriye. Aku iki apa dianggêp malaekat.

Kêplantrang-plantrang anggèn kula anggênahakên dhatêng panyuba-nyubanipun Sang Rabindhranat wontên ing nah[6] mănca. Pikajêngan kula namung sagêda mindhak cêtha. Kenging dipun gumuni, utawi botên dipun gumuni: bab kawontênan wau.

Pamulangan Santinikêtan

Sarèhne kula dèrèng nyumêrêpi piyambak, dados anggèn kula nyariyosakên tamtu tuna dungkap, namung badhe kula cariyosakên miturut cithakaning angên-angên kula nalika nampi sêsorah wau. Makatên panampi kula.

Pamulanganipun awujud patamanan, guru sarta lare sami manggèn wontên sangandhaping wit-witan ingkang eyub. Lare-lare manawi dèrèng umur 6 taun, botên dipun tampèni. Dados ing ngriku wulangan ingkang kados pikajênganipun Tuwan Probêl (tumrap lare umur 3, 4, 5 taun) botên wontên.

Lare ingkang sampun ragi agêng, tangi tilêm, ngajêngakên prak enjing, lajêng adus. Yèn lare alit-alit, adusipun jam sawêlas, miturut cara ing ngrika. Sasampunipun sarapan, watawis jam 6, lajêng sami muja punapa sêmèdi, dangunipun watawis 10 mênut. Anggènipun sêmèdi wau botên mawi dipun tuntuni guru, dipun culakên ing sakajêng-kajêngipun piyambak. Sarèhne lare taksih alit, botên sumêrêp kadospundi patrapipun, utawi punapa ingkang dipun tuju, inggih namung dipun kulinakakên kèndêl kemawon. Supados ing têmbe, manawi sampun gadhah kabêtahan sêmèdi sayêktos, sampuna kulina minakakên măngsa kangge sêmèdi wau. Wondene panggenanipun utawi patrapipun, inggih miturut sakajêngipun lare piyambak, namung kêdah ingkang ragi kiwa. [ki ...]

--- 166 ---

[... wa.] Sabibaring sêmèdi lajêng wiwit sinau. Sawulang-wulanganipun, dangunipun 50 mênut. Ngasonipun watawis jam 8, bibaripun jam satêngah sawêlas. Lare alit-alit lajêng sami adus, tumuntên sami nêdha. Bibar nêdha sami ngaso utawi dolanan. Sontên sinau malih wiwit jam satêngah tiga dumugi jam satêngah gangsal utawi jam gangsal. Lajêng sami dolanan ingkang băngsa sêporêt. Wanci magrib sami sêmèdi malih. Lare ingkang agêng-agêng miturut kayakinanipun piyambak-piyambak, ingkang Kristên, cara Kristên, ingkang Islam, cara Islam, ingkang Indhu cara Indhu. Makatên salajêngipun. Bab sêmèdi utawi sêmbahyang wau dipun sakajêng kemawon, sok ugi botên adamêl pakèwêd dhatêng kănca-kancanipun.

Pranatanipun ing Santinikêtan, lare-lare botên kenging mêmêjahi kewan, botên kenging ngombe inuman kêras. Têdhanipun ingkang baku: sêkul, sarta powan. Lawuhipun ingkang kathah jêjanganan (bab ulam, èngêt kula namung ulam toya). Yèn sontên, nêdhanipun jam satêngah wolu. Bibar nêdha lajêng sami sinau piyambak. Mawi dipun lawani guru. Yèn cara pondhok, bokmanawi sami kalihan ngaos sorogan. Lare ingkang kirang mangrêtos dhatêng wulanganipun, sami pitakèn dhatêng guru agêntos-gêntos. Yèn sampun mangsanipun kêdah tilêm, lajêng wontên lare sawatawis mubêng ing pondhokanipun lare-lare wau kalihan têtêmbangan, minăngka têngara, yèn punika sampun mangsanipun tilêm.

Ing pamulangan ngriku lare-lare alit inggih sok damêl tonil, mawi ngulêmi lare-lare ingkang agêng. Lare agêng-agêng sok ngulêmi tiyang sêpuh-sêpuh. Makatên ugi kosokwangsulipun.

Ing pamulangan ngriku lare-lare inggih dipun upakara raosing mêmanahanipun kamanungsan, sarta malih bab gêgandhenganing bapa utawi biyung kalihan anak, dipun lêlantih maos têmbang ingkang sae-sae utawi damêl têtêmbangan ingkang nuju dhatêng manah. Pancèn băngsa Indhu wiwit bayi dumugi sêpuh kulina mirêng têmbang utawi kêkidungan, malah kathah ingkang pêthikan saking sêrat kina-kina, kados ta: Mahabarata, Ramayana, Upanisat, sapanunggilanipun.

Wondene prabeyaning mondhokakên, saking pratelanipun Tuwan Dhoktor Bakê, lare satunggal, sawulan sêlangkung rupi (tanpa: yah) utawi ropi. Saropi pangaosipun watawis 80 sèn Walandi.

Sêdyanipun piwulang sarta panggulawênthahing pamulangan Santinikêtan punika, lare-lare kaangkah sagêda gadhah adêg piyambak, migunani dhatêng sasamining manungsa, langkung-langkung dhatêng bangsanipun sarta kulawangsanipun. Sampun ngantos gumantung dhatêng pasihanipun tiyang sanès. Dados bab angsalipun dhiplomah ingkang kangge anggayuh kadrajadan nagari, punika kadamêl nomêr ingkang andhap, nama sambèn (makatên [(makatê ...]

--- 167 ---

[... n] ugi Sang Rabindhranat, anggènipun angsal sêsêbutan: dhoktor punika inggih botên dipun niyati, botên dipun jarag. Saking kathah sarta saening lêlabêtan, lajêng dipun punjung sêsêbutan dhoktor, makatên ugi Sang Paramèswari Wilhèlminah, kapunjung sêsêbutan dhoktor punapa mèstêr in dhê rèhtên.

Kala-kala lare-lare ing pamulangan Santinikêtan kasêbar dhatêng dhusun-dhusun, kapurih nuntuni tiyang-tiyang dhusun, ing bab nyambut damêl utawi rêrêsik, murih ngindhakakên kasarasaning badanipun tiyang-tiyang ing dhusun. Lare-lare jalêr nuntuni tiyang jalêr, lare-lare èstri nuntuni tiyang èstri. Kados ta nyaponi pakawisan utawi latar utawi salêbêting griya tuwin radinan. Bab sontan-santuning hawa ing salêbêting griya. Bab rêsiking pangangge, papan padusan tuwin pakiwan, sapanunggilanipun. Bab nênanêm, bab dêdamêlan barang dandosan. Dene lare-lare èstri inggih nuntuni padamêlan èstri, kados ta dondom, nênun. Pancèn ing pamulangan Santinikêtan, wulanganipun pêpak kangge tiyang gêsang. Nênukang, têtanèn, têmbang, gêndhing. Punika kajawi wulangan ingkang limrah-limrah. Bab jogèd botên kula pitakèkakên, kula kêsupèn nakèkakên.

Ing nginggil kula matur, bilih warnining pamulangan, ing Santinikêtan kenging kawastanan pêpak, wiwit pamulangan andhap, dumugi pamulangan inggil. Sampun asring-asring Sang Rabindhranat dipun jawil têtêpanganipun, kapurih nyuwun subsidhi dhatêng nagari, nanging botên purun. Yèn dipun sukani panjurung, saking sintên kemawon inggih dipun tampèni, sok ugi botên murugakên kêcêncang. Anggènipun mulang têtanèn inggih angsal sumbangan siti saking nagari, namung inggih botên kêcêncang punapa-punapa.

Ing pamulangan ngriku botên sagêd nyukani dhiplomah ingkang aosipun sami kalihan dhiplomah guprêmèn. Pramila manawi wontên lare ingkang ngangkah murih angsal dhiplomah, amargi kêpengin malêbêt padamêlan guprêmèn, utawi kêpengin anggadhahi dhiplomah, inggi[7] kêdah malêbêt iksamênan guprêmèn. Makatên ugi ingkang kêpengin gadhah sêsêbutan dhoktor, inggih kêdah promophèrên kados caranipun pranatan guprêmèn. Namung pasinaon, sagêd rampung wontên ing pamulangan Santinikêtan, botên prêlu dipun wêwahi malih. Kula kêsupèn nakèkakên, sampun pintên kathahipun lare neneman ingkang kalampahan sagêd anggayuh sêsêbutan dhoktor, ingkang wêdalan saking pamulangan ngriku. Kintên kula inggih botên patosa kathah, sabab ancagipun lare-lare pancèn botên ngoyak dhiplomah utawi sêsêbutan, sami ngoyak kawruh sarta paedah ingkang tumrap dhatêng băngsa tuwin nagari wutah êrahipun.

Wontên tuwan-tuwan sawatawis ingkang nyorohakên [nyo ...]

--- 168 ---

[... rohakên] kawruh utawi badanipun dhatêng pamulangan Santinikêtan, namung saking kaduginipun dhatêng ancasing sêdyanipun pamulangan wau. Kados ta:

1. Tuwan Pirson... dhoktêr.

2. Tuwan Ènrus... sèndhêling.

3. Tuwan Èlêm Horês... ahli têtanèn, punika sadaya sami urun băndha, bau, pikir dhatêng pamulangan Santinikêtan, namung kabêkta saking kaduginipun kemawon, botên gadhah sêdya utawi kamelikan dhatêng kadonyan.

Pamulangan Santinikêtan anggènipun ngadêg sampun kalih turunan. Têgêsipun: tiyang-tiyang ingkang alitanipun sami sinau wontên ing pamulangan ngriku, inggih kathah ingkang anakipun sampun dipun sakolahakên mriku.

Ingkang dados gêgondhelanipun Sang Rabindhranat: tiyang utawi băngsa punika, sagêdipun santosa, kiyat, manawi têmên-têmên anggènipun ngupakara dhatêng dhêdhasaring kabangsanipun, botên ngina utawi anyampahi dhatêng dhêdhasaring kabangsaning tiyang sanès. Sabab tiyang ingkang sok purun ngina punika, kêrêp kêcêlik. Mênggaha tiyang mlampah, alangak-langak, tamtu kêrêp kêjêglong-jêglong.

Makatên panampi kula sêsorah wau.

Sasrasugănda.

Katrangan Katur Sang Kusumatmaja, ing Pu.Ja. No. 5.

Bêr.

Lêrês, bêr ing basa Malayu punika wontên ing basa Jawi dados ma, b v. bêrbaju = makalambi, bêrtukar = matukar, bêrbunga =makêmbang.

Ma punika wontên ing têmbung Jawi jaman samangke dados a (ha), ing têmbung Kawi ma kalihan a kangge sadaya, zie Spraakkunst van het oud Javaansch, H. Kern Verspr. Geschr deel VIII p. 201.

A (ha) punika kêrêp dipun icali, b. v. si A akalambi irêng, punika cêkap Si A klambi irêng. Anak kula anama pun Gênuk, cêkap, anak kula nama pun Gênuk.

Kados ing nginggil punika, uruting pangucap.

Ngalêmbana

Punika, pamanggih kula, botên saking alêm, kalihan bana, ingkang botên wontên têgêsipun. Voobeeld saking Kusumatmajan, Bekawijaya, Untung Bêtawi enz, punika sadaya wontên raosipun lucon. Sarêng ngalêm, dados ngalêmbana, raos kula, kilap sanès prayantun, botên wontên raosipun lucon sakêdhik-kêdhika malah brêgasan, têmbungipun Walandi degtig amila kintên kula, têtanthingan[8] saking Kusumatmajan

--- 169 ---

wau mêsthi klintunipun. Alêmbana punika saking têmbung Sanskrita, alambana = das sich-auf-Etwas stutzen, udhalanipun a = aan, lamb = hangen, dados alambana punika kenging dipun têgêsi het hangen aan iets, utawi het aan hangen.

Têmbung Walandi aanhangen ugi kêrêp atêgês ngrujuki, ewahipun ngrujuki dhatêng ngalêm (prijzen) punika ing raos, gampil sangêt.

Dados, ngalêmbana punika pamanggih kula, wontên ing têmbung Jawi kêrêp pothol dados ngalêm. Tunggilipun glana (susah) dados gêla. Wisesa dados wasis.

Sanèsipun kula dèrèng manggih.

Manggala

Punika têgêsipun ingkang no. 1. pamuji wilujêng b.v. manggêh manggalaning mikêt kawijayan Sang Parta ring kahyangan = pantês da (dosa) pamuji wilujêng (ngipun anggèn kula) ngikêt kawijayanipun Sang Arjuna wontên ing kahyangan (Arjunawiwaha Tekst en vertaling door Dr. R.Ng. Poerbatjaraka (Lesya) 1926 blz. 10 pupuh I pada 2). Padhahi aji ya ginwal manggalaning lumakwa = kagungan dalêm gongsa katabuh (minăngka) pamuji wilujêng badhe tindaki (pun Sang Ramawijaya), Ramayana H. Kern sarga I, 62. Ing têmbung Kawi nèm, manggala sampun kêrêp dhoyong dhatêng têgês pangajênging prang, nanging kula botên kobêr madosakên manggala ingkang atêgês makatên wau.

Kamandaka

Miturut Kusumatmajan, Kamandaka punika namaning patih ing tanah Indhu. Yèn badhe andamêl padhanging pangrêmbag pancènipun kêdah kapratelakakên sêrat punapa, kaca pintên ingkang mratelakakên makatên wau. Kawuningana, Kamandaka punika namaning buku gancar, mirid namaning rêsi ingkang suka piwulang kamot ing buku wau. Buku punika ing Museum Batawi wontên sawatawis kathah, malah wontên ingkang ugi karan Sêrat Rajaniti (K.W.B. van der Tuuk s.v. Kamandaka), wosipun piwulang dhatêng ratu ing bab politiek. Amila kintên kula, tiyang ngamandaka punika ing sakawit atêgês tiyang wicantên mawi pulitik, lajêng atêgês goroh: bab Sêrat Kamandaka mariksanana Supplement op den Catalogus van de Jav. en Mad. Hss. der Leidsche Un. Bibl. door Dr. H.H. Juynbol deel II kaca 240 kalihan sêrat-sêrat ingkang kasbut ing ngriku.

Pandhapa - Mandhapa

Punika anggènipun dipun têrangakên sapriki sampun 44 taun (kula dèrèng utawi sawêg lair). Ingkang nêrangakên swargi paduka Tuwan Dr. H. Kern kala taun 1883 (Zie verspr. Geschr. deel IX kaca 256 sarta Dr. H.H. Juynboll ing Bijdr 6 reeks 6 deel (1899) kaca 394.

Janur

Tamtu kemawon sami kalihan daon nijoer têgêsipun godhong kambil. Nanging [Na ...]

--- 170 ---

[... nging] dede tularan saking têmbung Malayu. Punika saking têmbung Kawi rwan nyu kinanipun sangêt rwan nyur. Tiyang Jawi limrahipun mastani janur kuning, punika lêrês, awit manawi tanpa kuning sagêd angsal balarak.

Kinang

Punika miturut kawruh têtandhinganing basa ing Indonesie tanggap nan-ning kang, kang punika sami kalihan kan, ingkang lajêng dados ikan, makan, pakan. Kan punika kintên kula ing sakawit têgêsipun mamah, lajêng mangan. Dados kinang punika têgêsipun ingkang sêpuh piyambak, kang dimamah.

Lowano - sampan.

Kula botên sagêd angudhoni.

Băndawasa

Lêrês saking wanawasa (zie Notulen van het Bat. Gen. van Kunsten en Wetenschappen deel 42 kaca CXX garis 10 saking ngandhap), nanging têgêsipun, dêdunung ing alas - wana = alas, wasa = dêdunung (wenen) botên wana agêng.

Liyat, lumiyat, miyat, lampus lumampus (botên nate kangge) mampus.

Ambokmanawi lêrês, nanging lampah, lumampah, mampah. Lamar, lumamar, mamar. Lumpat, lumumpat, mumpat enz botên wontên. Wontên ingkang cêlak, liring, lumiring, miring, lungguh, lumungguh, mungguh, sanèsipun kula dèrèng manggih.

Kaliyasa - Krêndhawahana

Katrangan saking Natawijayan (Pu.Ja no. 2; Kusumatmajan, Pu.Ja 7-8, sami taun 1927) kula kèndêlakên kemawon, punika botên atêgês kula ngajêngi.

Manawi băngsa Walandi punika yèn mênêng, ajêng (die zwijgt consenteert, stemt toe), nanging manawi tiyang Jawi bilih kèndêl, têgêsipun ingkang cêpak, êmoh. Dene parawan, manawi dipun tari laki kèndêl kemawon, kalihan uthik-uthik siti, dipun anggêp purun, punika kintên kula panganggêp groboh, awit pun parawan wau ajrih dhatêng tiyang sêpuhipun, wondene tiyang ajrih punika pancènipun kêdah dipun Jawèkakên saking gêlêm lan êmoh, têgêsipun, gêlêm lan êmohipun tiyang ajrih punika botên kenging dipun têtêpakên.

Katrangan saking Natawijayan, punika lêrês kados pangandikanipun Sang Kusumatmaja, botên parlu kalêbêtakên ing panggalihan, sabab, inggih sabab sampun botên kenging dipun pikir, utawi sabab kula botên sagêd mikir. Karangan kados saking Natawijayan, sasaminipun punika namung kêdah dipun waos, lajêng dipun sèlèhakên, sampun.

Kailasa

Punika kahyanganipun Sang Hyang Siwa Mahadewa. Anggènipun ing Wdb. Juynboll botên wontên, punika sabab Wdb. wau [wa ...]

--- 171 ---

[... u] botên angêmot eigennamen.

Manawi mariksani Lijst der eigennamen in de Arjuna-wiwaha (Bijdr. deel 82 kaca 120), inggih manggih Kailasa sakatranganipun.

Kaliyasa kagalih saking Kailasa punika kula kèndêl malih.

Sanadyan ingkang katujokakên dhatêng kula namung ingkang kasbut ing nginggil punika, nanging sarèhne kula manah pêrlu angudhoni dhatêng katrangan Kusumatmajan, bab sanès-sanèsipun ingkang sampun kawrat ing Pu.Ja, amila kula gadhah panyuwun kaparênga nglairakên pamanggih kula.

Sănja ngêmis

Sănja saking sandja kala enz.

Ngêmis, saking Kêmis, punika manawi kula ingkang mastani, sanès jarwa dhosok, sanès jarwa suta, punika jarwa sasêkecanipun. Nanging kula kok sagêd ngaturi katrangan bab punika, botên, namung sagêd ngaturi dugi-dugi, têmbung sănja, punika gadhah gêgayutan kalihan têmbung săndha, ingkang dados têmbung Jawi ăndha. Ăndha punika ing basa Malayu tangga, dados tiyang sănja punika kintên kula, ing sakawit sami kalihan tiyang năngga. Têmbung Malayu tangga (ăndha) kalihan têmbung Jawi tăngga (wong kang omahe cêdhak) punika miturut kawruh basa saha abăngsa ing Indonesia (Taal en Volkenkunde) witipun têmbung satunggal.

Ngêmis punika saking mis, mis saking is, ing têmbung Kawi is têgêsipun êmbês, dados tiyang ngêmis punika upami toya ing gênthong, makatên, botên badhe mêndhêt ngangge cidhuk, namung trimah êmbês-êmbêsipun kemawon, têgêsipun trimah saangsalipun. Awit saking punika kintên kula ngêmis kalihan dintên Kêmis punika botên magêpokan babarpisan. Criyosipun Mas Ngabèi Jayasugita, kala rumiyin guru Jawi ing Osvia saha ing Kweekschool Prabalingga, ing tanah wetan wontên cara: santri ngêmis namung wontên ing dintên Kêmis, punika mulabukanipun kintên kula makatên: wontên kyai, gadhah kintên manawi ngêmis punika gadhah gandhengan kalihan dintên Kêmis, lajêng mrayogèkakên utawi dhawuh dhatêng santrinipun, supados manawi ngêmis namunga wontên ing dintên Kêmis kemawon, rèhne kyai dhawuhipun dipun turut, dangu-dangu lajêng dados cara. Samantên dayanipun tiyang dados pangajêng punika. Amila pamanggih kula, kêdah ingkang ngatos-atos, sampun anggêga karsanipun piyambak.

Têngange

Sagêd ugi saking têngah we, nanging ingkang kêrêp kula sumêrêpi ing sêrat Kawi: têngah ngwe, sore saking sor we, utawi sor we punika kula kèndêl, punapa esuk inggih saking we suk, têmbe saking tang we? Botên lăngka nanging kula ajrih mastani.

--- 172 ---

We ingkang têgês toya, punika panyêratipun wwe utawi wway wanipun rangkêp, wontên ing têmbung Sundha dados tjai Malayu aer.

We ingkang têgês dintên, sêngenge, punika we, wanipun lămba, ing têmbung Sundha dados po-we Malayu ari.

Bab powe = dintên = sêngenge = Sang Hyang We, amariksanana Bijdragen 6e reeks 6e deel (1899) kaca 101 noot. Utawi Verspr. Geschr. Kern deel 8 kaca 159 noot.

Kadeyan

Kadeyan saking lingga dyah, amariksanana Bijdr. 6e reeks 7e deel (1900) kaca 103 noot.

Pangeran

Nalika swargi Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton Surakarta, badhe kapènsiyun, punika wontên raosan saking kadhaton, manawi sèstu pènsiyun, badhe kaparingan sasêbutan pangeran. Kangjêng Radèn lajêng andangu têgêsipun têmbung pangeran dhatêng Radyapustaka. Kala samantên kula taksih nyambut damêl wontên ing Radyapustaka. Cêkakipun, saking kaparêngipun panginggilan kula, swargi M.Ng. Wirapustaka, kalihan Bapak R.Ng. Karyarujita (namanipun samangke kula dèrèng apal - Ah kangge jaman samangke, pancèn susah mawi santun nama punika), kula, ingkang kadhawuhan ngaturi katranganipun, sampun kula aturi cêkap sangêt. Saupami katrangan kula wau ing samangke taksih wontên, saha Radyapustaka amarêngakên, saiba sêmbah nuwun saha bingahing manah kula, yèn katranganing têmbung pangeran saking kula wau sagêd kamot ing Pu.Ja, ngriki.

Nitisastra

Niti punika yèn mirit paramasastra Jawi, sampun nama têmbung andhahan, witipun saking wod, Ni têgêsipun nuntun. Ingkang lajêng dados nayaka = tukang nuntun (Leider).

Nayana = tuntunan = mata.

Netra = panuntun = mata.

Sastra punika saking wod sas, têgêsipun mulang. Amila sasana = wulangan. Sastra = wulang.

Makatên ugi sisya = siswa = murid, punika têgêsipun ing sakawit, kang kudu diwulang, sami saking wod sas.

Wondene niti punika têgêsipun: Fuhrung. Leitung, richtiges, kluges Benehmen Lebensklugheit, Politik, Staatsklugheit. Nitisastra: die Lehre vom richtigen und klugen Benehmen (insbes, der Regierenden St Petersb. Woordenboek).

Parêpat

Punika saking atêr-atêr pa, atêr-atêr ra, ingkang atêgês urmat utawi kathah, kalihan pat, ingkang dados petangan sakawan punika. Pat, punika kintên kula

--- 173 ---

ing sakawit atêgês ganêp, nunggil wod kalihan rapêt, tutup. Makatên gambaripun Õ punika taksih mênga, wangsul ð sampun rapêt, sampun jangkêp. Katandhinga kalihan têgêsipun rapat ing basa Malayu miturut H.G. Klinkert.

Têmbung gênêp, punika ing sakawit inggih atêgês jangkêp, nanging ing têmbung Sundha atêgês nêm (panjang yèn kula cariyosna sajarahipun gênêp dados nêm ing têmbung Sundha).

Kapanggih aparpat, ing Sêrat Baratayudha, punika têgêsipun botên, kapanggih sakawan pisan, kados karsanipun Sang Kusumatmaja makatên. Têgêsipun, kapanggih jangkêp, pêpak. Malah pêpak, punika kintên kula ing sakawit têmbung satunggal kalihan papat (Vergelijk pakbêlas, patbêlas) pusak (unyêng-unyêng bathuk) kalihan pusat, carak kalihan carat.

Parêpat utawi panakawan, punika sanadyan ing samangke gandhèng kalihan pat = vier nanging ing kinanipun namung atêgês paganêp kang kanggo ganêp, rewang enz. (Malayu kawan). Dados cacahipun botên parduli pintên.[9]

Panakawan, punika lêrêsing pakêcapanipun pana kawan saking sakawan, dados botên atêr-atêr pana kalihan kawan. Tunggilipun panakrama, saking sakrama, panambrama saking sambrama.

Pat utawi papat, punika ing basa Sanskrita: catur. Ing basa Jawi wontên têmbung caturan, punika prêtalaning parêpatan ing basa Sankrita.

Arpat, karsanipun Sang Kusumatmaja kaungêlakên aparpat utawi aparêpat, punika kula botên mangrêtos. Tênèh risak petanganing guru lagu, utawi risak lampahing sêkar, manawi kawaos makatên. Lêrêsipun inggih namung kêdah kawaos arpat. Wontênipun pa rangkêp punika saking adatipun layaran punika ngrangkêpakên aksara wingkingipun b.v. warga, arya = arya, murti, sapanunggilanipun.

Pitakèn

Têmbung Unar (Bhar Yuddha pupuh I pada 1) dipun têgêsi rêngon, punika katranganipun kadospundi lan rêngon ing ngriki têgêsipun punapa, mugi Sang Kusumatmaja kaparênga paring katrangan.

Purbacaraka.

--- 174 ---

Ejah-ejahanipun Têmbung Jawi Kasêrat Mawi Aksara Latin

Èngal[10]

Gèmbol

Gèndong

Kaoela

Sêrat Cênthini, wêdalan Bat. Gen enz. 1912 anggènipun nyêrat mawi aksara Latin, têmbung-têmbung panunggilanipun ingkang kula sêrat ing nginggil punika kalêbêt anèh. Ing ngriku:

Têmbung: enggal kasêrat ènggal.

Kawula kasêrat kaoela.

Saking pangraos kula botên lêrês.

Enggal kêdah kasêrat énggal

Kawula kêdah kasêrat kawoela.

Katrangan.

Têmbung: enggal, punika kalih kêcap, aksaranipun irung nga punika sayaktosipun tumut e punapa tumut gal. Saking pamanggih kula tumut kalih-kalihipun, sabab kalih-kalihipun sami kaênggenan ing swara irung. Dene manawi kapurih milih salah satunggal, kathah gumlewangipun datêng[11] gal. Dados pancènipun prayogi kasêrat makatên:

E - nggal

Botên eng - gal,

Utawi eng - gal.

Swaraning talingan ing e punika ing pakêcapan ingkang limrah (sae), pancèn jêjêg, botên miring. Makatên ugi têmbung-têmbung sanèsipun, kados ta:

Gé-ndong, sa-mbel@Té-mbok, ga-nggeng@Sé-ndok, ga-mbreng@Gé-mbol, ba-ndeng@So-ngkèt, si-nten@Ro-mbèng, ngi-ntjeng@So-ndèr, bi-nteng@Ro-nggèng, bi-ndeng@... , Ti-mbreng@Loe-mboeng@Goe-nggoeng@Boe-ntoeng@Koe-ngkoeng

Makatên sapanunggilanipun.

Gandhèng kalihan pamanggih ing nginggil punika, kula cocog kalihan panyêratipun têmbung kănca, mănca, sapanunggilanipun, mawi aksara a, botên o, makatên:

Ka-ntja, ma-ntja, sa-ndja; para kănca wontên ingkang gumun, dene têmbung-têmbung wau botên kasêrat mawi o, miturut tarungan ing têmbung Jawi. Karsanipun, murih cocogipun, kêdah makatên:

Ko-ntja, mo-ntja, so-ndja.

Sapunika bab têmbung andhahan.

Lingga gorèng kasêrat mawi aksara Latin [La ...]

--- 175 ---

[... tin] makatên gorèng. Punika yèn angsal panambang an, lajêng dados gorengan. Swaranipun rèng lajêng jêjêg, dados manawi kasêrat mawi aksara Latin, kêdah makatên goréngan, yèn kajèjèr makatên warninipun:

gorèng-goréngan-gorèngané-gorénganipoen.

Lingga èstu urut-urutaning panyêrat makatên:

Èstoe-ngéstokaken-mangéstoni.

Swaraning taling wontên ing têmbung èstu punika miring, sabab sadaya têmbung ingkang wandanipun ngajêng taling, sanajan mênga utawi sigêg, yèn wandanipun ing wingking mawi swara u utawi i ingkang mênga, taling wau ungêlipun miring, kados ta: mèlu, kèri, klèntu (=klintu), bèndi. Ananging manawi wanda candhakipun wau swaranipun o sigêg, swaraning taling: jêjêg. Kados ta:

Ketok-kétok, botên kètok.

Mencok-méntjok, botên mèntjok.

Elok-élok, botên èlok.

Menggok-émnggok,[12] botên èmnggok.[13]

Sapanunggilanipun.

Pramila têmbung ngestokakên, swaraning wanda wiwitan inggih jêjêg, botên sami kalihan ingkang dumunung ing lingganipun.

Kajawi bab pamasangipun aksèn, ing aksara e, prakawis panyêratipun têmbung kawula jêbul kaoela. Punika kadospundi nalar-nalaripun. Manawi kuwalik, kasêrat koealik punika sanajan botên anglêgakakên, anamung taksih kenging dipun ngapuntên, jalaran wontên têturutanipun ing têmbung Malayu utawi têmbung Walandi. Swara a manawi karumiyinan ing swara u sagêd anukulakên swara w utawi wa sawatawis. Kados ta: soeara, pébroeari, soeatoe, sapanunggilanipun. Sarêng kawula, punika swaranipun u rak wontên ing wingking. Botên sagêd nukulakên swara punapa-punapa kajawi ha. Makatên têrangipun.

Kaoela = kaula utawi kaulla. Lingga kaul têmbung Arab, têgêsipun gunêm, utawi ujar.

Panyêratipun têmbung kawula ingkang makatên punika kula tingali ing Bausastra Mlayu, Jawi, ingkang cap-capan ingkang kaping kalih sampun ewah dados kawoela. Kintên kula ing sêrat ingkang enggal-enggal inggih sampun tumut ewah makatên.

Wontên malih ingkang prêlu kamanah, bab pangrangkêping aksara ingkang dumunung ing têmbung ingkang mawi panambang. Yèn miturut pranatan guprêmèn, sampun botên wontên babarpisan. Kados ta:

Matjan, matjanan botên matjannan.

Betjik, betjika; botên betjikka.

Punika inggih sampun kula ajêngi. Namung manawi prêlu, supados cêtha, inggih sampun (aja) jiji dhatêng rangkêpan. Kados ta:

--- 176 ---

oewala, soepaja, oewala kajêngipun supaya uwalla, oewalla.

Prakawis têmbung Jawi kasêrat mawi aksara Latin, sampun dipun êmohi dhatêng kènggrès[14] basa enggal punika. Punapa ta prêlunipun, dene kula rêmbag ngantos ngêlantrah makatên. Wontên prêlunipun sakêdhik, tumrap para priyantun guru utawi juru mriksa pamulangan, sagêda kagungan ancêr-ancêr kangge panglimbangan tumraping pakèwêd sanès-sanèsipun, manawi nglêrêsi wiwit mulang nyêrat basa Jawi mawi aksara Latin dalah pamaosipun.

Makatên malih manawi wontên para mardi basa tuwin para priyantun guru sarta sanès-sanèsipun ingkang kagungan pakèwêd bab basa ingkang kaêcakakên ing pamulangan, mugi karsaa ngintunakên dhatêng sèkrêtarising rêdhaksi Pusaka Jawi ing Ngadikusuman, Surakarta, kenginga karêmbag wontên ing Pusaka Jawi.

Kusumatmaja.

Baratayudha

Ing Pusaka Jawi ăngka 9, 10 anggèn kula mratelakakên jarwanipun sêkar tigang pada saking Sêrat Baratayudha, katapis kirang têrang, margi botên kula princi-princi satêmbung-têmbung. Coba sapunika kula badhe tumut-tumut mrinci satêmbung-têmbung, murih mindhak cêtha. Mugi-mugi tanpa sambekala.

Baratayudha

4. Tanggap tosên nugrahangkwa ri wêkangku Jayabaya rêngêniking praja

swastyastu prabu cakrawartya kita ring sabuwana jaya satru ring musuh,

têkwan langgênga satmaka anakku lawan kita tulusa batharaning jagat,

nahan sabdanira atêrêh têlasistwakênira[15] rêsi sangga ring langit.

Waosanipun.

4. Tanggap tosên nugrahangkwa ri wêkangku Jayabaya rêngêniking praja,

swastyastu prabu cakrawartya kita ring sabuwana jaya satru ring musuh,

têkwan langgênga satmaka anakku lawan kita tulusa batharaning jagat,

nahan sabdanira atêrêh têlas sinastwakênira rêsi sangga ring langit.

Jarwanipun satêmbung-satêmbung.

Anggap =[16] tămpa

Tosên nugrahangkwa. Saking: ta, hu

--- 177 ---

sên (utawi usên) nugraha, pkwa. Husên saking hus utawi us. Dene ên punika panambanging rimbag pakèn, utawi pangajêng-ajêng.[17] Ta=ta (ing basa Jawi enggal).

Hus = mara, enggal, wis, (inggih kangge ing têmbung Jawi enggal, nanging namung kangge panguwuh utawi nyêntak).

nugrahangkwa = nugrahaku

ri = marang

wêkangku = anakku

rêngêniking = krungua ing

praja = nagara, têgêsipun: têtiyang sadaya.

swastyastu. Saking: swasti, sarta: astu

swasti = salamêt

astu = muga

cakrawartya. Saking: cakra, sarta: warti.

cakra = buwêngan

warti = ingkang ngubêngakên

cakrawartya utawi cakrawarti têgêsipun: ingkang ngubêngakên buwêngan, utawi: ingkang nguwasani ingar-ingêring jagad.

kita = kowe

ring = marang, ing.

sabuwana = sajagad.

jaya satru = mênang ing mungsuh, ngalahake mungsuh.

ring = marang

musuh = mungsuh

têkwan langgênga = sarta salawase, sarta têtêp.

satmaka anaku. Saking saatmaku, kalihan: aku.

satmaka = kanthi atma satunggal, nyawa satunggal, tunggal nyawa.

lawan kita = karo kowe

tulusa = tulusa, lêstaria

batharaning jagat = gustining jagad, ratuning jagad

nahan = makatên, mêngkono

sabdanira = pangandikanipun

atêrêh = sarèh, wantos-wantos

têlas sinastwakênira = rampung anggènipun ingèstokakên (ingestrenan).

rêsingga = golonganipun rêsi, para rêsi.

ring = ing

langit = langit, akasa, awang-awang.

Têgêsipun salarik-larik, miturut urut-urutaning têmbung.

4. Tampanana, ta, enggal, nugrahaku

--- 178 ---

marang putraku Jayabaya. Kêrungua ing wong-wong.

Salamêta prabu, kang angubêngake jagad: kowe, ing sajagad, unggul marang mungsuh.

Sarta têtêp kanthi atma anakku, karo kowe lastaria ratuning jagad, tunggal nyawa karo aku.

Makatên pangandikanipun awantos-wantos. Têlas, ingèstokakên para rêsi ing langit.

Jangkêp sarta gênahipun makatên:

4. Mara enggal tampanana nugrahaningsun marang sira Jayabaya, kaprungua ing wong-wèng[18] sanagara kabèh. Muga-muga sira salamêt dadi kang anyêkêl ingar-ingêring jagad kabèh, ngalahake sakèhing mungsuhira, sarta lastaria dadi ratuning jagad, tunggal nyawa kalawan ingsun.

Makatên pangandikanipun awantos-wantos. Satêlasing pangandika, ingestrenan ing para rêsi sarta para dewa ing akasa.

Kula punggêl samantên anggèn kula mrinci-mrinci têgêsing satunggal-tunggaling têmbung. Punika pancèn dede takêring kêkiyatan kula. Pangajêng-ajêng kula mugi Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka karsaa minangakani murih sumêbaripun kawruh basa Jawi kina dhatêng kula sakănca. Sêrat Pusaka Jawi tamtunipun saklangkung bingah manawi kadamêl ajanging pasinaon bab basa Jawi kina sapanunggilanipun. Mupung sapunika para kănca sami kraos ngêlak dhatêng kawruh wau.

Ing sadèrèngipun radèn ngabèi dhoktor marêngakên ing panyuwun kula, badhe kula lajêngakên anggèn kula anjarwakakên Sêrat Baratayudha ing sagadug-gaduging kawruh kula. Namung botên kula princi satêmbung-satêmbung.

5. Sampun mangkana suksma rèhnira bathara têlasira mawèha nugraha,

tan dwaanut samusuh nareswara padha pranata têka ri hemabupati,

enak taandêlirèng sarat malingawêh layat awêdi ri sakti sang prabu,

anging tan wêdi sab-sabing wangajêng têka sumilib i tam bwanging wulan.

Waosanipun.

5. Sampun mangkana suksma rèhnira bathara têlasira mawèha nugraha,

tan dwaanut samusuh narèswara padha pranata têka ri hemabupati,

enak taandêlirèng sarat malingawêh layat awêdi ri sakti sang prabu,

--- 179 ---

anging tan wêdi sab-sabing wong ajêng têka sumilib i tam bwanging wulan.

Jarwanipun miturut urut-urutaning têmbung.

5. Sampun makatên, musna sarèhne bathara têlas anggènipun paring nugraha,

botên êlêt (=sanalika) anut sadaya mêngsahipun sang prabu sami marikêlu dhatêng ing ratuning bumi kancana,

têtêp pitajêngipun ing sajagad, pandung bibar lumajêng ajrih ing kasaktènipun pang[19] prabu,

nanging botên ajrih pandung tiyang badhe (=kêpengin) sumusub ing wêdaling rêmbulan.

Jangkêp sarta têrangipun makatên:

Sapang[20] sampun makatên, sang bathara lajêng musna, sarèhne sampun têlas anggènipun paring nugraha. Sadaya mêngsahipun sang prabu sanalika punika sami anut, sumungkêm amarikêlu ing sang prabu. Pandung sami larut lumajêng, ajrih dhatêng kasaktènipun sang prabu, ananging tiyang ingkang mandung pawèstri sami botên ajrih, sami pating grumut ing samăngsa rêmbulan andhadhari.

Pangajêng-ajêng kula para sadhèrèk ingkang sampun sami mrasudi basa Kawi, wontêna karsanipun lêledhang ing taman: Pusaka Jawi, mupung sapunika wontên ingkang dipun suwuni priksa. Tamtu Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka karsa paring sêsuluh dhatêng pêtênging angên-angên kula sadaya ing bab basa Kawi utawi Jawi kina.

Wasana kula ambali malih: mugi-mugi para sadhèrèk karsa mêdhar kawruh wontên ing Pusaka Jawi. Sangêt pangajêng-ajêng kula.

Kusumatmaja.

Ardawalika

Sakilèning kitha Banyumas watawis kalih pal, wontên rêdinipun alit winastan rêdi Binangun, punika pèrèngipun ingkang sisih wetan wontên pasareanipun agêng nama pasarean Dhawuhan, dene ingkang pumare[21] ing ngriku para lêluhuripun ingkang Bupati Banyumas sarta Purwakêrta. Pasarean wau umuripun sampun watawis kawan atusan taun, amargi miturut pangandikanipun Sang Bupati Banyumas sapunika, inggih ing lêluhuripun ingkang amandhirèng dados bupati ing ngriku, punika sampun wiwit jamanipun karaton ing Pajang, kala samantên kabupatènipun malah taksih nama: kabupatèn Roma. Ewadene ingkang abêbadra amurwani sumare ing Dhawuhan wau, dede lêluhuripun sang bupati, miturut gotèkipun juru kunci inggih punika: Panêmbahan Tambak, Panêmbahan Pêngampiran, Panêmbahan Binangun, Panêmbahan Blimbing, Panêmbahan [Panêmbaha ...]

--- 180 ---

[... n] Banjat. Gangsal pisan punika sami putra ing Pajang, kaplajêng nalika kraton Pajang dipun bêdhah dening Panêmbahan Senapati, supados sampun kasêlut ing mêngsah, lajêng sami nglugas raga asêsilih panêmbahan kasêbut ing nginggil.

Kados punapa limrahipun astana ing pundi-pundi, pangupakaranipun pasarean wau kapasrahakên juru kunci ingkang anggèning dêdunung botên andhèrèk wontên ing rêdi, nanging namung wontên pèrèngipun kemawon, dados kaprênah sangandhaping masjid. Juru kunci ing Dhawuhan wau ugi gadhah kuwajiban rumêksa pusaka-pusaka pasarean asli kagunganipun salah satunggalipun panêmbahan wau, namung ingkang pundi, juru kunci botên sagêd suka kakatrangan,[22] jalaran panampinipun serenan saking tiyang sêpuhipun botên dipun pratelakakên mênggah ingkang kagungan. Dene panyimpênipun pusaka wau wontên ing griya alit majêng mangetan kaprênah sakilèning nandhapi,[23] winastan langgar, nanging sarèhning alit dados botên kenging kangge sêmbahyang, wondene wujudipun pusaka-pusaka wau kados ing ngandhap punika:

1. Dhuwung luk pitu, sampun risak sangêt, ukiran wau wangun Surakarta, sarungan ladrang kagok capu cengkokipun sairib Kyai Baya, agêm dalêm Ingkang Sinuhun Pugêr ingkang katilar wontên kabupatèn Samarang, sarta sampun katêdhak sumimpên ing musium Radyapustaka Surakarta.

2. Dhuwung alit, dhapur wêdhung mawi sêkar kacang, jenggot, jalèn, lambe gajah tanpa gănja, panjangipun 18 c.M. wiyaripun 2 c.M. sampun risak, sarungan gayaman, ukiranipun anèh, kula dèrèng nate mrangguli, dados inggih botên sagêd mastani wangun punapa.

3. Dhuwung alit sami nginggil, namung langkung alit, ukuraning wilah panjang: 13 c.M. wiyar 1 c.M. risak sangêt.

4. Waos luk pitu tanpa landheyan.@5. Kudhi jênggarang (dhialèk Banyumas).@6. Kudhi jênggarang dhialèk Banyumas langkung alit.@7. Kunta tosan, wangunipun kados ingkang kapitongtonakên ing Radyapustaka Surakarta, ăngka 199: nanging langkung awon.@8. Pucukaning kunta mawi landheyan.@9. Irus bathok.@10. Bathok kalapa wêtah mawi garan, garanipun wontên ing nginggil.@11. Klêbut kêthu.@12. Klêbut kêthu.@13. Kèwèng sabèsèk@14. Cupu porsêlin Cina wadhah lisah wangi.@15. Blèk isi kitab warni-warni sampun risak, wontên primbonipun sêratan cakrik Mataram, ugi sampun risak.@16. Nagan kajêng.

Mênggah pusaka-pusaka wau botên angrêsêpakên [angrêsê ...]

--- 181 ---

[... pakên] ing pandulu dening kajawi sampun kathah risakipun, manawi katandhing kalihan pusaka kagunganipun para lêluhur ing Surakarta sapunika, dede tandhingipun, ewadene tumrapipun têtiyang ing ngriku dados pêpundhèn agêng, malah sabên dipun sirami, marêngi garêbêg Mulud wontên ing lèpèn Cebong sacêlakipun ngriku, toyanipun turuhan dados rêbatan kangge ngusadani lare sakit sarta isarat warni-warni, dene ingkang sami ngalap barkah wau, kajawi tiyang sakiwa-têngênipun dhusun Dhawuhan, ugi asring kadhatêngan tiyang saking Purwakêrta, Purbalingga, tuwin Cilacap, dados manawi ningali kados makatên kawontênanipun, pusaka-pusaka wau sampun nama kenging winastan pinunjul ing satalatah paresidhenan Banyumas, wondene ingkang wujud wêsi aji saèstunipun botên tumut kasiraman ing lèpèn, cêkap dipun wrangani[24] wontên griyanipun juru kunci Ki Muhamad Sayuti.

Sadèrèngipun kula ngrêmbag parluning karangan punika kula badhe nyampe sakêdhik bab têmbung langgar.

Ing nginggil sampun kula cariyosakên manawi sadaya pusaka wau manawi kasimpên wontên ing langgar, nanging langgaripun kalêbêt alit ngantos botên kenging kangge sêmbahyang, punika botên tumrap ing Dhawuhan kemawon, sanajan pusaka ing dhusun Gambarsari, kaondêran Kêbasèn, ingkang cariyosipun ugi agêm-agêmanipun ingkang sami sumare ing rêdi Binangun, sarta ingkang wontên ing Karangsari ugi kaondêran Kêbasèn, cariyosipun pusakanipun Panêmbahan Karangbanar, sadaya wau ugi sami kasimpên ing langgar, sarta langgaripun botên nate kangge salat. Dene wujudipun langgar: griya alit dhapur limasan, payon wêlit pagêr gêdhèg, jarambahipun sasak dêling kagonggang kalihan siti, watawis samètêr inggilipun, griya wau lajêng kasinggêt dados kalih mawi kori, ingkang kalih dados sênthongan kangge nyimpêni barang wau, sasisihipun minăngka èmpèr-èmpèran kangge nyaosi dhahar manawi nuju dintên malang, utawi kangge linggihan juru kunci manawi ngisis. Kula manoni wujuding langgar wau sarta kanggenipun, sakala kèngêtan kriya[25] alit-alit ing Bali ingkang kangge madhahi arca-arca dewa, ing ngrika mastani sanggah, wontênipun ing tanah Jawi ngriki bokmanawi ingkang winastan sanggar, manawi kawêtahakên nama sanggar pamêlêngan, sanggar pamujan utawi sanggar palanggatan, kajêngipun kintên-kintên kangge anglanggatakên panuwunipun ingkang darbe kajat dhatêng dewanipun,

--- 182 ---

mênggah jalèntrèhipun, prayogi mirsani karanganipun Sang Jayawiyadi, winastan: Prasada - Prasadarna, kawrat ing Pusaka Jawi ăngka 3, 4, kaca: 33 taun II, kula gadhah gagasan, langgar wau sarèhne maligi namung kangge nyimpêni pusaka, kados-kados nunggil asli kalihan sanggahipun tiyang Bali, utawi sanggaripun tiyang Jawi kina, namung kadospundi santunipun sanggar dados langgar, punika kula ingkang kawêkèn sangêt, dening sapamirêng kula: sa makatên dede warga sastranipun la dados miturut punika langgar wau pancèn inggih sampun makatên namanipun, botên asli saking sanggar, inggih punika têmbung ingkang kula pitakèkakên tiyang ing riku botên sumêrêp têgêsipun, sarta malih dèrèng nate mirêng wontênipun, samangke kadospundi maksudipun, dene wontên langgar têka botên kenging kangge salat.?

Samangke kula badhe murwani wosing tuju kula ing bab pusaka ăngka 16 namung sagaduging sêsêrêpan kula, bokmanawi wontên kirang langkungipun, mugi wontêna sihipun para nupiksa nglêrêsakên, supados saya apsah rêmbagipun, satêmah ngindhakakên sêsêrêpanipun băngsa kita Jawi.

Kauningana, ingkang dipun wastani nagan, punika ukir-ukiran kajêng dhapur naga mangap angakak siyungipun kawistara mingis-mingis anggêgirisi, mawi topong kêthu kados agêmipun Sang Adipati Karna, jamangipun kaukir cengkok Mataram, nanging botên ngrawit. Badan gèpèng kiwa têngên, botên gilig, agêng alitipun sêmbada kalihan mukanipun, pêthitipun alit sampun pothol pucukipun, badaning naga wau anggaronggong ing têngah kenging kangge wadhah samukawis, nginggil mawi bolongan pasagi ambanon, ukuranipun 15 x 7.50 cM. tinutupan salondhokan ugi kajêng kaukir botên ngrawit, panjanging sawêr saking pucuking congor dumugi buntut 63 cM. inggilipun topong saking siti 30 cM. kandêling badan 14 cM. wujudipun kados gambar punika.

[Grafik]

Nalika kula sumêrêp nagan wau, kula sakalangkung bingah sarta sanalika criyos bilih punika lêrêsipun nama: ardawalika, amargi èngêt kula upacara Ngayogyakarta ugi wontên wujudipun ingkang nunggil raos kalihan punika, sarta ing Ngayogya ngrika mastani inggih ardawalika coba mirsanana bukunipun dr. Gronaman In de Kadaton Jokjakarta gambar I B aksara b namung gèsèhipun kajawi ardawalika Dhawuhan badhenipun kajêng, ing

--- 183 ---

Ngayogya êmas, pêthitipun Ngayogya langkung panjang sarta langkung gêsang, makuthanipun topong Baladewa = kaprabon ratu, angaping cangkêmipun kawon galak, nanging kadospundia kemawon kula mastani bilih ardawalika Dhawuhan wau kinanipun nunggil parlu kalihan upacara Ngayogya, dene miturut gambaripun dr.Groneman wau ugi sajak mawi bolongan ing nginggil, ewadene sarèhne kula dèrèng sumêrêp piyambak, dados inggih dèrèng sagêd nêtêpakên lêrês lêpating panyawang kula gambar wau.

Buku Kabudayan Jawi anggitanipun Tuwan dr. W.F. Stutterheim punika ugi ngêwrat gambar upacara Surakarta wontên ing kaca 126 sisih têngên nginggil, nanging miturut wujuding pêpêthan ngriku, dhapuring ardawalikanipun beda sangêt kalihan ardawalika ing Ngayogyakarta ingkang kagambar wontên bukunipun dr. Groneman kasêbut nginggil, saha ing Dhawuhan. Anggènipun dr. Stutterheim damêl katrangan: Combinatie van geroeda, naga en makara Jawinipun kirang langkung: (wujude) campuraning garudha, naga sarta mangkara[26] dene manawi panyawang kula gambar wau botên kalintu, wujudipun paksi mangap untunipun katingal anyrêngèngès asêsiyung mawa[27] gadhing sarta tlale, ajêjamang mawi garudha mungkur, gadhah jenggot. Suwiwi kirab sawarni badhe mabur, buntutipun agêng nyêprok anjalênthir minggah, gadhah jalu panjang sarta adêgipun sêmu mayuk mangajêng wontên ing ajug-ajug paragi. Sasampunipun wujudipun kaprinci makatên, pangintên kula tumrapipun para nupiksa lajêng sampun cêtha gèsèhipun, dening ingkang kalih dhapur sawêr, ingkang satunggal dhapur pêksi. Nanging makatên punika pundi ingkang lêrês, prasajanipun kula botên sumêrêp dening kacupêtan kula sêsêrêpan, punapadene sapamirêng kula kajawi Ngayogya tuwin Dhawuhan, sampun botên wontên ardawalika malih, dados saupami kangge cocogan makatên, sayêktosipun kirang kathah pasêksènipun, ewadene saèstunipun sagêd ugi namung sabab saking anggèn kula dèrèng sumêrêp kemawon, labêt saking tunaning sêsrawungan kula.

Ing Bauwarna anggitan Wirapustaka jilid 1 kaca 175 ardawalika punika ugi kalêbêtakên upacara dalêm Surakarta, asli bulubêkti saking Raja Makasar nalika kraton ing Jênggala taun 1117 anggènipun mratelakakên wujudipun wontên kaca 177 makatên, menthok (awak menthok êndhas sarag) dados sami-sami rinci upacara Surakarta, sulaya kalihan ingkang kasêbut ing Kabudayan Jawi, măngka Kabudayan Jawi mastani wêwujudan kados makatên punika: de haan (sawoeng galing) kosokwangsulipun Bauwarna kaca 179 anggènipun nêrangakên sawunggaling makatên :

--- 184 ---

wujude ayam alas kalonthongan, ing jêro kêna ginawe wadhah, ing kuna kanggo wadhah anggi-anggi, musthika sapêpadhane: sulaya malih kalihan Tuwan Sêtutêrhim, owêlipun, Bauwarna têka cèwèt botên nyêbutakên babarpisan wêwujudan ingkang dipun wastani ardawalika Dhoktor Sêtutêrhim[28] dados saupami nêja cocog-cocogan makatên, kintên kula botên sagêd apsah sayêktos, ewadene sarèhne ancas kula pancèn botên badhe ngrêmbag kawontênanipun upacara, anggènipun kasrèmpèt punika namung kangge pasaksèn wontênipun ardawalika = nagan ing Dhawuhan, mila bab sulayaning pamrincinipun upacara Kabudayan Jawi kalihan Bauwarna, prayogi kula kèndêlakên kemawon.

Sasumêrêp kula ingkang nate damêl karangan paprincènipun upacara Surakarta punika kajawi ingkang namanipun sampun kula pratelakakên ing nginggil:

1. dr. G.P. Rouffaer: Was Malaka Emporium enz. wontên ing Bijdrage Kon. Inst jilid 77 kaca 107 (1921).

2. Th. S. Raffles Historij of Java jilid 1 kaca 310.

3. K.F. Winter. Tijdschr.v.N.I. taun 5 jilid 1 kaca 729 (1843)

4. H. Sripustaka taun VI kaca 107 sarjana sakawan punika anggènipun mastani ardawalika:

1. Rouffaer = Koning slang.

2. Raffles = nanagan.

3. Winter = vogel met slangenkop.

4. H = paksi mawi siyung sarta ajêjamang enz. dados têgêsipun ingkang nunggil raos wosipun sawêr: Rouffaer saha Raffles ingkang wosipun paksi Stutterheim, Winter saha H. ingkang kabombang tanpa rencang Wirapustakan, wondene warni-warninipun anggèning sami mastani barang satunggal punika punapa sabab saking klintunipun ingkang nyukani sêsêrêpan punapa saking beda-bedaning panggatranipun piyambak-piyambak kalanipun sami nyumêrêpi, punika waktu samangke dede wajib kula angudhari, namung wosipun kemawon makatên kawontênanipun.

Bausastra Jawi anggènipun nêgêsi ardawalika.

1. Wirapustaka, Jarwa - Kawi, kaca 81 = ula.

2. Wintêr, Kawi - Jarwa. Kaca 17 = sawêr.

3. Rurdha, Jawi - Wlandi jilid II kaca 53 = walika kw. zva ula Wk. Ardawalika Kn. naam van een gouden vogel met een slangenkop, die tot de vorstelijke staatsie behoort, enz. ook eigenn. van den vorst der slangen (vrg. Ananta) Jawinipun kirang langkung makatên [makatê ...]

--- 185 ---

[... n] walika: Kawi, padha karo: ula Wilkens ardawalika: krama ngoko, jênênging manuk êmas muka sarpa, kang dadi upacaraning nata enz. uga jênênging ratuning ula (katandhinga karo ananta) wondene sêrat-sêrat ingkang nyêbutakên ardawalika sasumêrêp kula.

1. Baratayudha, kawêdalakên dr. J.G.H. Gunning (1903) kaca: 72 ungêlipun:

Kyati sarat ngaranikadrawalika tanlèn.

Kakarsanapranga tumuta ri Suryaputra

Apan, gêlêngnya ri Dhananjaya nguni purwa.

Hetunya munggwi warayang nrêpa Karna sigra. Gangya.

Jerenganing suraosipun: naga arda walika nêdya malês ukum pêjah dhatêng Arjuna, dene rumiyin nêlasi bapakipun, mila sarêng Bratayuda, sumêdya manjing ing sanjata Wijayandanu, nanging katampik dening Adipati Karna.

Wontênipun ing Bratayuda Jarwa ungêlipun makatên:

2. Bratayuda jarwa sêkar Macapat kaca 118.

Narapati Karnangat gandhewane sang dwitiya lirnèki, liwat luwih têgêsipun, pangayating gandhewa, mèh lumêpas prapta taksaka sagunung, sarpa pun Ardawalika, nèng ngarsèng Sri Ngawăngga ngling.

Dhuh Narapati Ngawăngga, kèndêlêna jêmparing paduka ji, kawularsa malês ukum, dhatêng pun Dananjaya, mila nunut ing prang paduka pukulun, kula pun Ardawalika, natèng Ngawăngga miyarsi. ...

Tuwan Rurdha pan E. Singga anggèning Malandèkakên:

3. De. Brata Joeda metrisch overgebragt door P.P. Roorda van Eysinga (1849) blz. 99:

3. Koning Karna neemt weer zijnen boog;@Beide vorsten zenden 't zamen pijlen af,@Namelijk: zeer voortreffelijke,@Bij't aanleggen van den boog,@Schier aftrekkend, komt er eene slang als een berg,@Het is der vorst van de serpenten,@Te voorschijn, die langzaam zegt:

4. O ! gij koning van Awangga,@Hout op met pijten schieten doorluchtig vorst.@Ik verlang, het regt te wreken,@Op die handanan Djaja,@Dies volg ik u in den oorlog doorluch vorst,@Ik ben de koning der slangen !@De koning van Awangga hoort enz.

Para maos sami nupiksani ing pêrtalan ngriki ardawalika kasantunan wantah de koning der slangen = ratuning sawêr, dados têgêsipun sampun lincad saking têmbung nama (eigennaam) dhatêng têmbung aran (zelfstandig naamwoord).

4. Sêrat Yudayana, perangan Sêrat Mahadarma, kawêngku salêbêting Sêrat Pustakaraja, gadhahanipun Pahêman Radyapustaka ăngka 118 carik, nyariyosakên wontên ratuning danawa ajêjuluk Prabu Drawilaka ing nagari Nusakambana, darbe sadhèrèk surasakti awujud sawêr nama Arya Ardawalika.

5. Ing janturan jêjêran ringgit wacucal mawi ngucapakên upacaranipun ratu ingkang kajêjêrakên, [kajêjêrakê ...]

--- 186 ---

[... n,] ugi mawi mastani ardawalika, ungêlipun makatên:... banyakdhalang, sawunggaling, ardawalika, dwipangga ingkang sarwa kancana...

Miturut larah-larahipun sadaya ingkang sampun kasêbutakên wau, ardawalika punika sampun têtela sawêr. Saya cêtha malih manawi ningali karanganipun ingkang minulya sang pujongga Hazeu; Ardhawalika, kawrat ing kalawartinipun Gênutsêkap Batawi, ingkang nyariyosakên manawi ardawalika ingkang nalika Bratayuda badhe nyurupi jêmparingipun Adipati Karna, punika wontênipun ing Mahabarata sawêr agêng linangkung nama: Aswasena, lajêng saya gawang-gawangan manawi ardawalika makatên botên gadhah têgês sanès, kajawi namanipun satunggaling sawêr linangkung. Sanajan ing pawingkingipun oncat saking têmbung nama dados aran limrah, ewadene inggih mêksa aranipun sawêr. Awit saking punika anggèn kula mastani nagan Dhawuhan: ardawalika, punika mirit pasaksèn-pasaksèn ingkang kasêbut ing nginggil, sampun botên kalintu.

Sapunika santun manah ardawalika wau, kinanipun kangge wadhah punapa.

Sanadyan ing Bauwarna botên nêrangakên manawi upacara dalêm ardawalika makatên kenging kangge wêwadhah, namung sawunggaling kacariyosakên manawi kala kinanipun kagêm wadhah anggi-anggi, utawi musthika sasaminipun, sarèhning punika ugi upacara, nunggil raos namung sanès warni, dados ing pangintên ardawalika punika inggih kagêm wadhah barang-barang. Makatên malih pasaksènipun ardawalika punika ing Ngayogyakarta, miturut gambaripun Dhoktêr Gronêman, ing nginggil inggih sajak mawi bolongan, têgêsipun punika inggih kangge wêwadhah, namung lajêng kangge wadhah punapa inggih anggi-anggi kados cariyosipun Bauwarna, punapa sanès. Manawi botên kangge wadhah anggi-anggi sasaminipun punika lajêng punapa titikanipun. Manawi inggih makatên, lajêng wêwaton punapa ingkang kula angge ngêcupi andharan Wirapustakan.

Kauningana, ing wiwitan kula sampun mratelakakên bedanipun ardawalika ing Dhawuhan akalihan ing Ngayogya, inggih punika:

Ha. Dhawuhan - kajêng - atopong kêthu, pangagêman adipati.

Na. Ngayogya - êmas - atopong Baladewa - pangagêman ratu.

Dados awêwaton punika têgêsipun ardawalika Ngayogya langkung inggil drajatipun katandhing kalihan Dhawuhan, amargi adat Jawi beda-bedaning badhe sarta beda-bedaning wujud, punika lakar dados titikan tundha-tundhaning pangkatipun ingkang ngagêm. Upami wontên ingkang mabêni bilih bedanipun wau botên kanthi kajarag, atur wangsulan kula: makatên punika mokal, kabêkta saking alusing bêbudèn sarta lêpasing pamikir, sampun dados ngadatipun tiyang Jawi kina, botên wontên barang

--- 187 ---

kabeda-beda ingkang tanpa têgês, sarta limrahipun manawi sampun dipun tamtokakên, botên wontên ingkang kamipurun nêrak utawi nyulayani, kajawi ta manawi pancèn anjarag mirong kampuh jingga, punika nama sanès rêmbag.

Sasumêrêp kula ing Surakarta punika upacara utawi ampilan ingkang cêtha sangêt pinta-pintanipun namung pagantenan. Pamanggih kula makatên wau botên elok, nalaripun ajalaran kala kina ingkang botên kenging pisah kajawi ingkang wujud dêdamêl ingkang gampil kabêkta (dipun sangkêlit) inggih punika dhuwung (wangkingan) sarta tumrap para putri patrêm, botên wontên malih kajawi pagantenan, amargi tiyang Jawi nêngênakên sangêt dhatêng kinang. Kosokwangsulipun dhatêng dhêdhaharan kapara têbih, labêt saking bantêripun anggèning tapabrata. Manawi botên kalintu, pinta-pintanipun makatên:

1. Capuri, kagêm ingkang jumênêng nata saha pramèswari dalêm.@2. Panjang kancana, kagêm para ratu.@3. Panjang salaka, kagêm para putri dalêm.@4. Lopak-lopak kancana, kagêm para putri wayah dalêm.@5. Lopak-lopak salaka, kagêm para radèn ayu, nyai mas tumênggung sarta kliwon èstri.@6. Epok (wacucal) kangge sanès-sanèsipun.

Mirid andharan punika pintan-pintan wau namung tumrap para putri, ewadene kala kinanipun sagêd ugi tumrap para kakung inggih makatên, namung sarèhning dumugi sapunika sampun lalumăngsa, sampun nama kecalan lacak. Ngantos sampun botên sumêrêp babarpisan, wêkasan wujudipun lajêng kasami, namung kantun bineda ing badhenipun, inggih punika:

1. Lopak-lopak, mawi wadhah sata wontên ing bèri sadaya sami kancana, tinarètès ing sêsotya limrahipun kawastanan: dus - agêm dalêm ingkang jumênêng nata.

2. Kados ăngka satunggal, kaot botên tinarètès ing sêsotya - agêmipun putra dalêm.

3. Lopak-lopak mawi wadhah sata, sami kancana, bèrinipun salaka agêmipun wayah dalêm, bupati ingkang asêsêbutan arya, sarta mantu dalêm.

4. Lopak-lopak sasaminipun wau salaka sadaya - agêmipun buyut dalêm, wadana sanèsipun sarta kliwon.

5. Epok - wacucal - tumrap sanès-sanèsipun.

Kula wangsuli malih, ardawalika ing Dhawuhan punika makuthanipun topong kêthu, punika drajatipun mudhun satatar saking makutha limrah: ratu. Ingkang kagungan ardawalika wau kala kinanipun salah satunggalipun panêmbahan ingkang sumare ing ngriku, măngka gotèkipun [go ...]

--- 188 ---

[... tèkipun] juru kunci, panêmbahan-panêmbahan wau sami putra Pajang = putra dalêm = Koninkelijke prinsen = drajatipun mandhap satatar saking ratu, dados ing pangintên botên lăngka manawi kula gadhah pandugi, ardawalika ing Dhawuhan kinanipun pagantenan. Makatên punika kajawi wêwaton tatacara ing Surakarta kasêbut ing nginggil, wujudipun mèmpêr sangêt pagantenan, saya upami gulu tuwin buntuting naga sami kaicalan, pangintên kula lajêng cêluk-cêluk piyambak. Wondene anggèning badhenipun namung kajêng kemawon, punika ing pandugi jalaran punika dede upacara pameran, maligi kangge padintênan ing dalêm voor huiseljk gebruik, makatên punika inggih wontên pasaksènipun malih, inggih punika kula angsal pamirêng, manawi kala kina dusipun para luhur ingkang kagêm padintênan wontên ingkang namung kajêng kemawon. Saèstunipun sagêd ugi kala kinanipun ardawalika punika kangge wadhah sanèsipun gantèn, ewadene manawi namung kangge wadhah anggi-anggi utawi musthika kemawon kados andharan ing Bauwarna, kula pakèwêd ngajêngi, aluwung sagêd ugi kangge wadhah sêsaji katur ing Sang Hyang Mahadewa. Nanging sarèhning prabot-prabot kangge nêtêpakên kanggenipun ing kina kajawi ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, ing sapamirêng kula botên wontên, mila wêkdal punika wontên prayoginipun ngêcupi pamanggih kula kemawon rumiyin. Pêpuntoning pamanggih kula makatên:

ha, nagan = ardawalika = sawêr.

na, ardawalika - kangge pagantenan.

Ing wasana lêrês lêpatipun borong para nupiksa.

Sarengat.

Mriyêm ing Bantên

Sampun sawatawis lami tamating pamêthikipun Pusaka Jawi dhatêng gêgubahan kula: Kangjêng Nyai Satomi, ingkang ing ngajêng kapacak ing organ Budiutama. Ing mangke kula ngandharakên cariyos ingkang nama sanès laladan, nanging sajatosipun taksih nunggil babagan, prêlu kange wêwahipun prabot panglimbangipun para maos.

Ing sapinggiripun margi saking Serang dhatêng palabuhan Bantên wontên cungkup alit mujur mangalèr. Mênggah ingkang kacungkup wau dede kuburan utawi patilasan, sajatosipun mriyêm ingkang kula pratelakakên ing nginggil. Wêwangunanipun limrah mriyêm, panjangipun 2,68 M, garis têngah ing bongkot (wingking) 0,67 M, ing ngajêng 0,59 M, sarta wiyaring clangapipun 0,26 M. Jlèbèripun ing ngajêng katatah sorotan (srêngenge). Ing bongkot wingking papak, mawi gêlangan. Ing nginggil gêlanganipun 4. Rêrênggan ing nginggil ingkang katingal [katinga ...]

--- 189 ---

[... l] sêratan Arab wontên tigang ênggèn, dene ingkang kenging kawaos namung ingkang têngah, ungêlipun: laphata illa Ali, walasaipha illa Dzulphakar. Maknanipun ing têmbung Jawi kintên-kintên makatên: ora ana wong kang prawira kajaba Sayidina Ali, ora ana pêdhang kang landhêp kajaba Dulpakar. Mriyêm wau karan nama: Si Amuk, aluran utawi aslinipun ingkang cêtha botên kasumêrêpan, samantên malih dêdongenganipun ugi botên panjang kados Nyai Satomi, limrah kacariyosakên: Si Amuk wau dados semahipun: Si Jagur (mriyêm ingkang wontên ing kota Intên, Batawi).

Têtiyang Bantên sangêt ing pamundhi-mundhinipun dhatêng Si Amuk, amila ngantos kacungkup, sarta dados pasadranan agêng. Wondene ingkang mriku punika ingkang kathah-kathah sami nyuwukakên lare. Samantên pamundhi-mundhinipun têtiyang Bantên dhatêng Si Amuk, amila semahipun: Si Jagur, ugi katut dipun pêpêtri dhatêng tiyang Bantên.

Dumugi samantên dêdongengan tuwin cariyos kawontênanipun Si Amuk. Sapunika gêgayutanipun kalihan Kangjêng Nyai Satomi. Ing cariyosipun Kangjêng Nyai Satomi ingkang sampun kapacak, Kangjêng Nyai Satomi wau dados garwanipun Kyai Satama, mriyêm ingkang wontên ing Batawi inggih Si Jagur punika. Kala samantên botên nyêbutakên, utawi anggêpok mriyêm ing Bantên. Makatên malih dêdongenganipun Si Amuk punika ugi botên anggêpok Kangjêng Nyai Satomi, malah dhatêng nama Kyai Satama kemawon botên... Hêm, têka lajêng nuwuhakên gagasan kula warni-warni.

Ha. Upami dongèng kêkalih (Jawi Têngah kalihan Bantên) wau sagêd dhaub, lacutipun Kyai Satama punika punapa garwanipun kalih: Kangjêng Nyai Satomi, akalihan Si Amuk.

Na. Upami nyata kagungan garwa kêkalih makatên, anggèning Jawi Têngah kalihan ing Bantên sami gadhah dongèng piyambak-piyambak kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika, punapa sabab saking: seje kandhane nanging tunggal têturutane, Kyai Satama ragi andananjaya, sampun anggarwa ing salah satunggal (lah gèk ingkang pundi), kesah tanpa pawiwara. Wontên ing saba purug mundhut garwa malih. Wasana cuthêl lêlampahanipun, dening kêsêlak kêmênungsan, dados lajêng sami kapatèn obor. Lajêng dados cêcriyosan piyambak-piyambak.

Ca. Lah punapa kadospundi, kadospundi.

Wasana kula amborongakên panggalihanipun para nupiksa.

Suhari.

Wêwahan

Pêthikan saking pèngêtan palapuran Kumpêni: ing sabêdhahipun Kêdhiri (Trunajayan).

--- 190 ---

Tuwan Sêpilman (ingkang dados têtindhihipun wadyabala bêbantu saking Kumpêni), nglapurakên dhatêng Batawi, bilih Kangjêng Nyai Satomi pinanggih kantun katilar wontên ing Kadhiri, botên katut kabêkta kèngsêripun Trunajaya mangetan. Sarta pusaka wau sampun kaaturakên wangsul katur ing Kangjêng Susuhunan Amangkurat kaping kalih. Palapuranipun Tuwan Sêpilman wau cocog akalihan babad. Kangjêng Nyai kawrat ing palapuran wau têgêsipun kala samantên sampun kalêbêt ing bab ingkang wigatos.

Sêrat Wulang Maca

Wiyosipun, kula tampi kintunan sêrat cap-capan enggal saking Pirmah Woltêrês ing Wèltêprèdhên awujud sêrat waosan Jawi kawan jilid, namanipun Wulang Maca, anggitanipun paduka Tuwan Phan Dhèk kalihan Radèn Wignyadisastra. Sasampunipun kula tingali sadaya, kula sagêd pratela kados ing ngandhap punika:

1. Sêrat wau kangge tuntunanipun lare ingkang wiwit sinau maos aksara Jawi, badhe kasêbarakên dhatêng sadaya sakolahan guprêmèn ingkang mawi wulangan basa Jawi, minăngka gêgêntosipun Sêrat Bèrês. Wujudipun pèni, kêrtasipun sae, aksaranipun cêtha, rêginipun mirah.

2. Ingkang jilid I wiwitanipun mawi aksara agêng-agêng. Punika sae tumrapipun mripating lare, anamung larikanipun ragi kêkêrêpên, kados êmpèt-êmpetan.

Pamasangipun aksara ingkang gêgayutan kalihan gambaripun, kirang jangkêp, namung kasêrat wontên ing ngandhap kemawon. Murih silah sarta cêtha, prayogi dipun wêwahi. Makatên:

[Grafik]

Sadaya ingkang mawi gambar, kajêngipun, badhe muruki aksara enggal. Lare-lare gadhah ancêr-ancêr. Pramila prayogi kapisah rumiyin. (Kados ing nginggil punika)

3. Corekan ing saantawisipun têmbung dwilingga, ingkang kajêngipun anggandhèng, wujudipun kok malah kados misah. Punapa botên kenging kadamêlakên têngêr sanès.

4. Cerekan[29] ing sangandhapipun aksara lêgêna ingkang mungêl a punika sae sangêt.

5. Satunggal-tunggaling wulangan, watêsipun kathah ingkang kirang cêtha. Pancènipun prayogi damêl kados ing kaca 17 jilid 1 (Sêmar, gajah, pêdhang). Botên cêkap, mawi namung kabênggang sakêdhik kemawon. Mawi garis cêlak-cêlakan, inggih sampun lumayan. (Makatên ugi ing jilid II, III, IV).

--- 191 ---

6. Ing jilid III sarta IV prayogi dipun slundhingi wulangan ingkang aksaranipun jêjêg.

7. Gambaripun cêkapan saenipun, namung wontên satunggal kalih ingkang kirang cêtha, kados ta gambar lêmantun sarta kaca, rêca. Yèn ta sampuna awis wragadipun, pancènipun prayogi gambaran mawi pèn.

8. Bab têngêr-têngêr utawi aksara, wontên satunggal kalih ingkang klèntu utawi klangkungan, namung punika nama limrah. Ewasamantên, benjing yèn ngêcapakên malih, prayogi dipun indhaki titining pamriksanipun ing êcap. Para guru ingkang sami ngangge sêrat wau tamtunipun sagêd ngaturi priksa dhatêng paduka Tuwan Phan Dhèk, pundi ingkang klintu, sarta pundi ingkang nyêngkal.

Gunggung kêmpalipun, Sêrat Wulang Maca I, II, III, IV punika, yèn katimbang kalihan Sêrat Bèrês, kenging kawastanan tikêl saenipun. Panumbasipun sagêd dhatêng: Slandhepo ing Wèltêprèdhên utawi dhatêng Pirmah Woltêrês, inggih ing Wèltêprèdhên.

Sasrasugănda.

Jilid I rêgi 10 sèn.@II rêgi 12½ sèn.@III rêgi 12½ sèn.@IV rêgi 17½ sèn.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 10)

Arjuna matur: Pukulun, manawi saking panggalih panjênêngan, kawula sagêd kuwawi, panuwun kawula, mugi panjênêngan karsaa ngatingalakên kalanggênganing sarira panjênêngan dhatêng kawula.

Sri Krêsna mangsuli pangandika: He putrane Kunthi, mara dêlêngên warnaningsun kang maèwu-èwu. Dêlêngên jagad kabèh kang ana ing panjênêngan ingsun. Sira ingsun lilani andêlêng kang pancène mung dadi dadêlêngan ing kaswargan.

[...][30]

--- 192 ---

tanpa wêkasan. Tuwan punika Pangeraning jagad sadaya. Panjênêngan punika botên sagêd risak sarta botên sagêd sirna.

Srêngenge sarta wulan punika dados soca tuwan. Latu ingkang mulad-mulad, dados tutuk tuwan. Rarira[31] tuwan angêbaki awang-uwung ing saantawisipun bumi kalihan langit. Sadaya-sadaya dados dhahar tuwan: para dewa, para tapa, para raksasa. Sarira tuwan dumugi ing langit, tutuk tuwan amangah-mangah, soca tuwan amulad-mulad. Sakalangkung gumêtêr kawula, sarêng sumêrêp dhatêng sarira tuwan. Tutuk tuwan sarta waja tuwan sakalangkung anggêgirisi. Dhuh, Pangeraning para dewa sarta pangungsèning jagad, mugi karsaa: paring pangaksama dhatêng badan kawula. Putra-putranipun uwa Prabu Dhrêtharasthra sarta para ratu bêbantunipun, sami katingal lumêbêt ing tutuk tuwan. Makatên ugi para saraya kawula inggih kathah ingkang sami katut lumêbêt. Anggènipun sami lumêbêt ing tutuk tuwan kadosdene sulung lumêbêt ing latu, sami rêbat rumiyin. Dhuh, pukulun, kaparênga kawula nyuwun priksa jatining sarira tuwan punika sintên. Sabab, kawula botên sumêrêp, botên mangêrtos.

Sri Krêsna amangsuli pangandika: Manira iki pati, dadi panglêburing jagad. Mulane sanajan ora karana sira, para sinatriya iku mau iya bakal padha punggêl uripe. (Taksih wontên sambêtipun).

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]


endahing. (kembali)
endahing.
bêbegal. (kembali)
bêbegal.
wit-witan. (kembali)
wit-witan.
pênthang. (kembali)
pênthang.
dipun. (kembali)
dipun.
tanah. (kembali)
tanah.
inggih. (kembali)
inggih.
têtandhingan. (kembali)
têtandhingan.
§ Sadhèrèk kula, Mas Patah, Ambtenaar bibliotheek ing Museum Batavia anêdahakên dhatêng kula stelling no. XII saking Proefschrift damêlanipun R.W. van Diffelen: De leer der Wahabieten bab panakawan, dipun wastani kramaning prêpat, punika lêrês. Ba. (kembali)
§ Sadhèrèk kula, Mas Patah, Ambtenaar bibliotheek ing Museum Batavia anêdahakên dhatêng kula stelling no. XII saking Proefschrift damêlanipun R.W. van Diffelen: De leer der Wahabieten bab panakawan, dipun wastani kramaning prêpat, punika lêrês. Ba.
10 Ènggal. (kembali)
Ènggal.
11 dhatêng. (kembali)
dhatêng.
12 ménggok. (kembali)
ménggok.
13 mènggok. (kembali)
mènggok.
14 konggrès. (kembali)
konggrès.
15 têlas sinastwakênira. (kembali)
têlas sinastwakênira.
16 Tanggap. (kembali)
Tanggap.
17 § Punika taksih kangge ing tanah wetan, upami: dhèk mau jalukên, apik = dhèk mau kojaluka: apik. (kembali)
§ Punika taksih kangge ing tanah wetan, upami: dhèk mau jalukên, apik = dhèk mau kojaluka: apik.
18 wong-wong. (kembali)
wong-wong.
19 sang. (kembali)
sang.
20 Sarêng. (kembali)
Sarêng.
21 sumare. (kembali)
sumare.
22 katrangan. (kembali)
katrangan.
23 pandhapi. (kembali)
pandhapi.
24 § Caranipun Surakarta dipun warangi. Ing Bausastra Gerikê: marangi: ugi marangani. Nitik punika punapa malih laraping têgêsipun, têtela ingkang karimbag, warangan, dados ing Banyumas mrangani, kawêtahakên rimbagipun, wangsul ing Surakarta: marangi, sampun kawancah. (kembali)
§ Caranipun Surakarta dipun warangi. Ing Bausastra Gerikê: marangi: ugi marangani. Nitik punika punapa malih laraping têgêsipun, têtela ingkang karimbag, warangan, dados ing Banyumas mrangani, kawêtahakên rimbagipun, wangsul ing Surakarta: marangi, sampun kawancah.
25 griya. (kembali)
griya.
26 § Dene mangkara: urang, mangkara = gajah mina. (kembali)
§ Dene mangkara: urang, mangkara = gajah mina.
27 mawi. (kembali)
mawi.
28 § Katranganipun Dhoktor Sêtutêrhim punika wêwaton pratelan saking Kusumayudan. (kembali)
§ Katranganipun Dhoktor Sêtutêrhim punika wêwaton pratelan saking Kusumayudan.
29 Corekan. (kembali)
Corekan.
30 Tulisan tidak dapat dibaca. (kembali)
Tulisan tidak dapat dibaca.
31 Sarira. (kembali)
Sarira.