Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-09/10, #382

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-09/10, #382. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-09/10, #382. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 9-10, Sèptèmbêr - Oktobêr 1928. Taun VII.

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTUTUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka: 9-10.

1. Basa Jawi Warni-warni, 2. Adipati Karna - Dèwi Kunthi, 3. Têgêsipun Têmbung: Binatarana, 4. Pratelan saking Pakêmpalan Pêkên Taunan ing Ngayogyakarta, 5. Gramopun, 6. Sêrat Enggal, 7. Mahabarata.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 129 ---

Ăngka: 9-10, Sèptèmbêr - Oktobêr 1928. Taun VII.

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT.). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda. Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta. Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin.

Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Basa Jawi Warni-warni

Ing Pusaka Jawi ingkang sampun-sampun, wontên ingkang mratelakakên wujuding têmbung Jawi kina dalah andharan utawi katranganipun sawatawis, mêthik saking sêrat ingkang têmbang. Wontên malih sadhèrèk ingkang damêl pratelan, mêthik saking Sêrat Wrêtasancaya. Punika wau sadaya mêndhêt cêcriyosan, nalika tiyang Jawi taksih ngangge agami saking tanah Indhu. Bab laraping têmbung sarta panêmbah, gèsèh kalihan nalika tiyang Jawi sampun sami ngrasuk agami Islam. Lajêng wontên malih sawatawis, mêthik saking sêrat ingkang isi têmbung Jawi ing jaman têngahan, ikêtanipun gancaran, mratelakakên bab agami. Ing sapunika kula badhe ngaturakên karanganipun tiyang Jawi enggal, ing tanah karaton, bab ningkahan. Wontên têmbungipun Arab sawatawis mawi dipun jarwakakên pisan. Kula botên prêlu anjarwakakên. Anggènipun anjarwakakên miturut têgêsipun satêmbung-têmbung. Sanajan jarwa wau têmbung Jawi sadaya, sarèhne panatanipun têmbung sok molak-malik, inggih katingal anèh. Nanging manawi dipun gilut, inggih sagêd têrang kajêngipun.

Ing Sêrat Mahabarata mratelakakên cara-caraning ningkahan miturut pranatanipun Sang Manu, ingkang tumrap dhatêng para satriya. Kasêbut wontên ing lêlampahanipun Dèwi Sakuntala, nalika kapanggih kalihan Prabu Dusanta. Dene ingkang badhe kula aturakên punika cara-caranipun ningkahan, miturut pranatanipun agama Islam, tumrap dhatêng tiyang dhusun. Wondene ingkang tumrap dhatêng para luhur bokmanawi inggih mèmpêr-mèmpêr kemawon, [kema ...]

--- 130 ---

[... won,] pamêthik kula punika, ingkang kula prêlokakên bab têtêmbunganipun. Kenginga kadamêl lêlimbangan kalihan têtêmbunganipun para pinunjul, manawi nyariyosakên punapa-punapa.

Sa.[1]

Caranipun ningkahan ing tanah karaton, kapratelakakên ragi cêtha

(Botên patos cêkak)

Bab tumindakipun naib ingkang sampun sagêd ngatos-atos, anggènipun sami nindakakên ningkah lan pindhah sasaminipun, miturut caranipun agami Islam.

Wontên satunggalipun naib, nama Kyai Sumarah, kadugi umur 48 taun. Punika golonganipun naib ingkang sampun mituhu lair batosipun.

Anuju satunggiling wanci enjing, kadugi jam satêngah 7, punika sawêg mêdal anggènipun taphakur saking masjid, lajêng lênggah wontên ing surambi têrus mucal anak muridipun. Kyai Naib Sumarah wau gadhah prabot 2 iji. 1. Mujhaki, 2. Irsal. Padamêlanipun Mujhaki punika nênuntun dhatêng badhe pangantèn lan wali, sahadat lan ngrêsaya sasaminipun. Utawi dados saksi. Wondene Irsal punika kengkenanipun kyai naib, kados ta: anggêlari gêlaran, pasang meja, nyêpakakên rêgèstêr-rêgèstêr sasaminipun, ugi lajêng dados saksi.

Sarêng kintên-kintên sampun jam satêngah wolu, Kyai Naib Sumarah wau anggènipun mucal lajêng kèndêl, nuntên nimbali Irsal. Têmbungipun makatên: Irsal, iki uwis awan, anggêlarana klasa kang bêcik-bêcik kaya adate, gene iki sasine Bêsar, bokmanawa akèh lapuran pangantèn. Aturipun Irsal: Inggih sandika. Kyai Naib Sumarah lajêng kondur. Griyanipun wontên salèr plataran masjid, têrus lênggah ing lincak. Sawêg sawatawis, Ki Mujhaki sowan.

Kyai Naib Sumarah lajêng papèngêt dhatêng Ki Mujhaki, ingkang suraosipun inggih supados èngêt badanipun piyambak. Têmbungipun makatên: Mujhaki, o, wong dadi naib iku ora gampang, yèn miturut satrêpe anggêre agama Islam. Yèn ora awas-awas dadi tiwas, awit miturut dhawuhe Gusti Allah kang wus kapêthik ana ing kitab Inganatutalibin, mangkene: Ina anjhalna ilaekal kitaba bil khakli khakkumaba enannas. Têgêse mangkene: Têmên Ingsun wus nurunake marang sira Mukhamad, ing iki kitab, supaya diênggo ngukumi sira kabèh ing antarane manusa. Pangandikane Gusti Allah manèh, kang wus kapêthik ana ing kitab Phatkhal Mungin, mangkene: Wa anikkhum baenahum bima anjallalohu. Têgêse mangkene: Lan bêcik ngukumana sira kabèh, ing manusa [manu ...]

--- 131 ---

[... sa] akèh kalawan nganggo miturut kitab kang wus nurunake sapa Allah. Pangandikane Gusti Allah manèh mangkene: phakkhum baenahum bil kisti. Têgêse mangkene: Ngukumana sira kabèh ing manusa akèh kalawan ngadil.

Ana manèh kasêbut ing khadis sakhikhèni, mangkene: idza khakama khakimun phajtahid. Têgêse mangkene: Tatkalane arêp ngukumi, măngka ngati-atia.

Ki Mujhaki lajêng nyêla nyuwun priksa, têmbungipun makatên: Kyai naib, kula sumêla nyuwun priksa sakêdhik. Punapa tiyang ingkang ngukumi punika, namung naib kemawon. Kyai Naib Sumarah anjawab: O, Mujhaki, iya kabèh wong kang diparingi wêwênang ngukumi manusa. Dene naib iku mung golongane wong kang diparingi wêwênang ngukumi tumrap ningkah sapadhane. Ki Mujhaki lajêng kèndêl.

Kyai Naib Sumarah nglajêngakên pêpèngêt: Mujhaki, aja dumèh naib iku mung ngukumi bab ningkah, pikirên kang têmênan. Rak iya nanggung apsah lan batale ningkah wong sabawah. Ing măngka lumrahe wong ing tanah Jawa kene, isih lăngka kang padha ngrêmbug apsahe ningkah. Malah-malah isih ana sing olèhe ningkahan iku mung wêdi prentah: mulane aku wus kăndha rambah-rambah marang sira Mujhaki: yèn aku mriksa bakal pangantèn, yèn kurang satiti utawa kêlalèn, elingna Mujhaki, aja wêdi-wêdi, ora gampang wong mriksa bak[2] pangantèn, nyatane ana kang wurung olèhe arêp ningkahan, amarga durung apsah, sabab sing dak wêdèni iku kaluputan lair lan batin. Lair iku luput marang nagara, batin iku luput marang Gusti Alloh. Ing măngka luput marang Gusti Allah iku besuk bakal disiksa ana ing jurange naraka kang isi gêni.

Ki Mujhaki lajêng nyêla nyuwun priksa, têmbungipun makatên: Sumêla kyai, kula badhe nyuwun priksa, kok wontên têmbung kalih, satunggal lêpat ing nagari, kalih lêpat ing Gusti Allah. Punapa nagari punika botên ngangge anggêripun Gusti Allah. Jawabipun kyai naib: O, aja klèru tămpa Mujhaki, nagara iku kang dianggo ngukumi kabèh wong Islam, iya miturut anggêre Gusti Allah. Wus tak têrangake kowe kok durung ngrêti anane lair lan batin. Têgêse lair iku kang katon kalawan mripat. Dene batin iku kang ora katon kalawan mripat, mulane batin iku mung Gusti Allah dhewe kang mriksani. Sarèhning priksa batin, lair manèh ora priksaa.

Ki Mujhaki dèrèng trimah, kapêksa matur malih: Kyai naib, bok inggih panjênêngan gambarakên ingkang langkung têrang.

Kyai naib anjawab: Iya, tak gambarake kang luwih têrang. Mêngkene: Luput marang [ma ...]

--- 132 ---

[... rang] Gusti Allah iku ora susah ana siji lan sijine wong kang duwe tan trima, sabab Gusti Allah wus mriksani lair batine kabèh uwong, sarta besuk Gusti Allah ngukumi ora nganggo lid.

Ki Mujhaki taksih nyuwun katêrangan malih: Kyai naib, bok inggih panjênêngan gambarakên salira panjênêngan piyambak, kados punapa.

Kyai naib anjawab: Iya, iya. Tak gambarake awakku dhewe, saupama aku ningkahake sijine wong, iku ora apsah, sabab ora nêtêpi sarat rukune[3] ningkah, la iku aku luput marang nagara, sarta luput marang Gusti Allah. Ananging luput marang nagara iku lamun kêpriksan, utawa ana salah sawijine uwong kang ngaturake. Lamun ora kêpriksan sarta ora ana kang ngaturake, rak iya ora luput, dadi slamêt ora ana apa-apa. Mung kèri[4] luput marang Gusti Allah dhewe. Besuk bakal disiksa ana ing naraka kang isi gêni. Sabab wong ningkahake ora apsah iku, padha bae karo wong kang ora ningkahan. Dadi khukume iya jhina, dosa gêdhe. Sarèhne wong kang tak ningkahake khukume jhina, dadi aku khukume iya mèlu jhina, besuk mèlu disiksa dening Gusti Allah, ana ing naraka kang isi gêni, sabab aku jênênge wong kang mitulungi maksiyat jhina. Kaya mangkono iku wis cocog karo dhawuhe Kangjêng Nabi Mukhamad Salallahu Ngalaihi Wasalam, ana kitab Bidayah. Didhawuhake mangkene: Man angana ngala maksiyatina laobisat rikalimatin kana sarikalahu phiha. Têgêse mangkene: Sapa-sapa wong kang mitulungi ingatase maksiyat, sanajan mung ngandhani saparone têmbung, iya jênêng wong nyakuthoni maring maksiyat, ana sajêrone maksiyate.

Ki Mujhaki lajêng matur sêmu nalăngsa ing manah, têmbungipun ngarah-arah: Adhuh-adhuh, Kyai Naib Sumarah, mila lêrês panjênêngan, priksa ingkang prênah, dhatêng sadaya tiyang ingkang nyuwun ningkah, kêdah ngangge sipatanipun manah, ingkang trêp kalihan anggêripun Gusti Allah, saha andhèrèk tindakipun gusti rasulullah, ingkang sampun sami dipun lampahi dening ngulama kathah, kados ngandika panjênêngan wontên kitab-kitab sarta kitab Inganah. Ing măngka nagari inggih sampun pasrah tumindakipun ningkah tiyang sabawah, sampun ngantos botên apsah. Pramila sampun samêsthinipun panjênêngan ngudi ingkang apsah, sampun ngantos gugon-gugonên tiyang ingkang nyuwun ningkah, limrahipun botên sami ngrêmbag sarat rukunipun ningkah, lajêng namung daya-daya [daya- ...]

--- 133 ---

[... daya] angsalipun ningkah, dumèh sampun ambêkta srakah, mila lêrês panjênêngan dhawuh dhatêng kaum kathah, yèn nglapurakên badhe pangantèn wali sanès bapa sanès êmbah, sanajan wali bapa utawi êmbah, nanging pangantènipun sampun răndha nate dipun ningkah, kirang sadasa dintên dumuginipun ningkah. Sabab punika panggenaning ruwêt rêntêngipun ningkah, yèn kêdadak lapuripun, sagêd ugi mundur anggènipun ningkah, ing măngka piyambakipun sampun olah-olah, dados kathah sangêt kagolipun manah, botên sande ingkang dipun ancam namung anggènipun kêlah, tur yèn panjênêngan lêrês inggih botên badhe kalah, ananging rak inggih mêsakakên piyambakipun kêkathahên polah.

Kyai Naib Sumarah lajêng anjawab sêmu bingah ing manah: Adhuh-adhuh Mujhaki, sokur sèwu sokur, kowe wis duwe panêmu têkan samono, ora luwih muga-muga dadia nambahi pangati-atiku sarta awakmu dhewe.

Lajêng Kyai Naib Sumarah nglajêngakên papèngêt: Mujhaki, dadia kawêruhanmu, para pangulu iku besuk akèh kang ana ing nraka, katimbang kang ana ing suwarga. Kang ana suwarga mung saprêtêlon, katitik saka dhawuhe Kangjêng Nabi Mukhamad Sollallohu Ngalaihi Wasalam. Kasêbut ana ing kitab Inganatutalibin. Mangkene dhawuhe: Alkudatu salasatun kadiyani phinari wakadin philjanah, phaamaladzi philjanah pharjulun ngaraphal khak wakadzabihi waladzi phinari rajulun ngaraphal khak phaja philkhukmi wa rajulun kadalinasi ngala juhli. Têgêse mangkene (kangjêng nabi ngandika): Para wong kang padha ngukumi, iku dadi têlung perangan. Kang rong perangan, iku besuk têtêp ana ing nraka, kang saperangan, iku besuk têtêp ana ing suwarga. Kang têtêp ana ing suwarga iya iku wong lanang kang wus wêruh marang anggêr kang bênêr-bênêr, banjur dianggo ngukumi kalawan sabênêre. Dene kang rong perangan, kang têtêp ana ing nraka, yaiku kang saperangan, wong lanang kang wus wêruh ing anggêr kang bênêr-bênêr, măngka banjur ngukumi klawan sisip. Kang saperangan manèh, yaiku wong lanang kang ora wêruh marang anggêr angga, banjur ngukumi manungsa kalawan babodhoan bae.

Ki Mujhaki nêrangakên: Kyai naib, kula nyuwun priksa sakêdhik, tiyang ingkang sampun sumêrêp anggêr ingkang lêrês-lêrês, kok sisip anggènipun ngukumi, punika kadospundi. Kyai Naib Sumarah anjawab: Iya iku kaduga wong kang ngukumi sok sênêng nampani melik kang ora apsah.

Ki Mujhaki nêrangakên malih: Tiyang ingkang taksih bodho kok ngukumi, punika kadospundi. [kado ...]

--- 134 ---

[... spundi.] Kyai naib anjawab: O, iya iku wong kang diparingi wêwênang ngukumi, durung disatitèkake kawruhe.

Sarêng sampun sawatawis kadugi jam 8 saprasakawan, Kyai Naib Sumarah lajêng lênggah ing surambi majêng mangetan, ngadhêp meja. Ki Mujhaki wontên têngênipun, Irsal wontên ing kiwanipun.

Tumuntên wontên tiyang jalêr kalih, èstri satunggal, sowan, kairit dening lurahipun kaum. Lajêng jalêripun sami kapurih lungguh wontên ngajêngipun kyai naib, èstri wontên arah têngênipun. Têrus kyai naib andangu dhatêng kaumipun: Kang kaum, sampeyan ngirit tiyang badhe gadhah prêlu punapa. Kaum lajêng matur: Punika kula nyowanakên tiyang badhe nyuwun ningkah.

Kyai naib lajêng mundhut priksa dhatêng badhe wali: Iki sapa jênênge sing arêp dadi wali, kabênêr apa karo bakal pangantèn wadon, ngêndi omahe, bawah pulisi ngêndi.

Badhe wali lajêng matur: Nama kula Suta, kalihan badhe pangantèn èstri kalêrês bapa paman nak sadhèrèk. Dene dhusun kula Pingit, bawah pulisi Cêpit.

Kaponakanmu nak-sanak, kang arêp kowalèni iku isih prawan apa wis răndha, sarta sapa jênênge.

Kaponakan kula èstri punika sampun răndha, namanipun Bok Niti.

Iya, wis mênênga dhisik, kaponakanmu tak priksane kang luwih têrang.

Kyai naib lajêng mriksa badhe pangantèn èstri: Kowe wong wadon, apa bênêr jênêngmu Bok Niti.

Badhe pangantèn èstri matur: Inggih kyai, mila lêrês nama kula pun Niti.

Kowe Bok Niti, dak priksa matura sing sabênêre, aja matur gêgorohan, mundhak ora bêcik, sarta andadèkake kangelan anggonmu arêp ningkahan.

Inggih kyai, kula badhe matur kalayan salêrêsipun.

Kyai Naib Sumarah têrus mriksa Bok Niti, ngêndi omahmu, bawah pulisi ngêndi.

Griya kula ing Sumêkar, bawah pulisi Sêmawur.

Kowe isih prawan apa wis răndha.

Kula sampun răndha.

Kowe wis răndha iku, apa ditinggal mati apa pêgatan.

Kula dipun pindhah kalihan semah kula.

Yèn dipêgat karo bojomu, êndi layange pratăndha pêgat.

Inggih sumăngga sêratipun.

Sasampunipun kyai naib nampi sêrat, lajêng nêrusakên mriksa: Kowe karo bojomu kang mêgat iku, apa wis bêcik kaya carane wong bêbojoan (dèn wati).[5]

--- 135 ---

Kula inggih sampun sae kados caranipun tiyang sêsemahan (dipun wati).

Olèhmu dipêgat wis pirang sasi, sarta kowe wis rêsêp ping pira.

Anggèn kula dipun pindhah sampun gangsal wulan. Manawi anggèn kula rêsêp sawêg kaping sakawan.

Sajêrone kowe dipêgat bojomu iku, apa bojomu ora tau nêmoni kowe omong angrujuk.

Sasampunipun kula kapindhah, semah kula wau botên nate manggihi kula criyos yèn angrujuk.

Lajêng kyai naib nocogakên dhatêng kyai kaum: Kang kaum, napa bênêr aturane Bok Niti niki. Aturanipun kaum: Inggih, mila lêrês, malah jalêripun inggih wilayah kula. Rumiyin anggènipun pindhahan inggih wontên ngarsane ki lurah ngriki, kula ingkang ngirit.

Lajêng kyai naib mriksani sêratipun pratăndha pindhah, kacocogakên kalihan rêgèstêripun pindhah, sampun cocog. Lajêng kyai naib nêrusakên mriksa: Bok Niti, kowe arêp nyuwun ningkah iku kang malèni sapa, sarta kabênêr apa karo kowe.

Ingkang malèni kula tiyang nama Ki Suta, kalêrês bapa paman kula nak-sadhèrèk.

Êlo, kok wis adoh têmên. Bapakmu lan êmbah-êmbahmu padha ana ngêndi.

Bapa lan kaki-kaki kula sampun sami pêjah wontên ing dhusun Sumêkar.

Lah sadulurmu lanang kang tunggal bapa biyung utawa tunggal bapa blaka, ana ngêndi. Yèn mung lunga bae mêngko prentah khukum dhewe kang anggolèki.

Kula panci botên gadhah sadhèrèk jalêr tunggil bapa biyung, utawi tunggil bapa blaka. Sadhèrèk kula namung èstri kalih, tiga kula piyambak.

Bapakmu paman bênêr, sadulure bapakmu dhewe, padha ana ngêndi.

Bapa paman kula lêrês namung satunggal, ananging sampun pêjah.

Olèhe mati ana ing ngêndi, sarta rak wis duwe anak lanang kang wus gêdhe (balèkh).

Anggènipun pêjah wontên dhusun Sumêkar, sarta pêjahipun dèrèng gadhah anak.

Dadi yèn mangkono wis bênêr sing malèni awakmu kuwi, bapakmu paman nak-sanak. Kowe wis ora duwe sadulur urut lanang kang luwih cêdhak tinimbang Ki Suta iku.

Inggih, mila lêrês kula sampun botên gadhah sadhèrèk urut jalêr ingkang langkung cêlak tinimbang bapa paman kula nak-sadhèrèk Ki Suta punika.

Kowe bisa ngarani bapa paman nak-sanak iku kang anak-anak sapa, sarta kabênêr apa karo êmbahmu, kang nganakake bapakmu.

Ingkang anak-anak tiyang nami Singa, kalêrês sadhèrèkipun nèm êmbah kula saking bapa.

Êmbahmu kuwi sadulure lanang pira, rak iya isih ana kang urip. Ang[6] ana ing mănca-mănca nagara

--- 136 ---

sadhèrèkipun êmbah kula punika namung kalih, ingkang jalêr. Satunggal kalêrês sêpuh pêjah rumiyin, malah pêjahipun dèrèng gadhah anak. Dene ingkang satunggal inggih kaki Singa ingkang nganakakên bapa paman kula ingkang badhe dados wali punika.

Kyai naib lajêng nêrangakên dhatêng kaum: Kang kaum, punapa sampun lêrês sadaya aturipun Bok Niti, kasêbut nginggil punika, sarta ingkang sami dipun aturakên pêjah punika, punapa sampun lêrês pêjahipun sami wontên dhusun Sumêkar.

Aturipun ki kaum: Inggih, sampun lêrês sadaya aturipun Bok Niti, ingkang kasêbut nginggil punika, sarta ingkang sami dipun aturakên pêjah punika, mila inggih lêrês wontên dhusun Sumêkar.

Kang kaum, kok sampeyan nglêrêsakên sadaya aturipun Bok Niti, punika punapa dhusun ing Sumêkar punika cêlak kalihan griya sampeyan, sarta Bok Niti punika, punapa saturun-turunipun inggih dhusun ing Sumêkar punika.

Inggih, mila dhusun ing Sumêkar punika cêlak kalihan griya kula, namung tăngga dhusun, sarta sadangunipun dados wilayah kula. Sarta Bok Niti punika panci turun-turunipun tiyang dhusun Sumêkar punika.

Kyai naib lajêng andangu dhatêng badhe wali: Ki Suta, apa kowe wis krungu kabèh aturane Bok Niti kang arêp kowalèni iku, sarta apa iya uwis bênêr kabèh aturane Bok Niti iku mau.

Ki Suta matur: Inggih kula sampun mirêng sadaya aturipun Bok Niti punika wau, sarta inggih sampun lêrês sadaya.

Ing sarèhning Bok Niti iku uwis têrang yèn răndha, sarta wis lêpas ngidah, utawa kowe kang dadi wali, saiki arêp koomah-omahake (ningkahake) olèh sapa.

Badhe kula imah-imahakên (ningkahahên)[7] angsal Ki Naya punika.

Ki Naya iku, apa dudu sadulure lanang Bok Niti mau, utawa apa dudu bapakne paman saka bapa, utawa saka biyung, sarta apa dudu sadulure êmbahne Bok Niti saka bapa utawa saka biyung, lan manèh apa dudu kaponakane Bok Niti saka sadulure lanang utawa saka sadulure wadon, utawa manèh apa dudu bapakne kuwalon Bok Niti, utawa anake kuwalon, sarta manèh ing wêktu cilike Ki Naya karo Bok Niti, apa ora tunggal pasuson.

Punika sadaya sanès, utawi wêkdal alitipun Ki Naya kalihan Bok Niti, inggih botên nunggil sêsêpan. Kok anèh tiyang punika, bokipun sami têbih panggenanipun, langkung sapos.

O, Ki Suta, iya ora anèh, tak gambarake sathithik, saupama bokne Niti iku ing wêktu nusoni Si Niti, ginanjar lara panas, sing masthi Niti mau banjur nangis ngaru-ara,

--- 137 ---

amarga ora bisa nusu. Kabênêran bokne Naya iku, uga lagi nusoni Si Naya dhewe utawa sadulure, liwat ing ngarêpe omahe bokne Si Niti mau sarta anggendhong anake suson, banjur enggal-enggal diampirake, têrus nêmbung ngasih-asih, nunutake nusu, Si Niti kang nangis mau. Iku kang lumrah jênênge uwong iya wêlas, banjur kêpêksa nusoni ora ketang mung saclêgukan. Lah kaya mangkono iku rak iya ora anèh, utawa iya pirang-pirang anak kang disusoni dudu bokne dhewe.

Ki Suta matur: Inggih kyai kula sampun lêpat, nyuwun pangapuntên.

Iya ora dadi apa.

Kyai naib lajêng andangu dhatêng badhe pangantèn jalêr: Apa bênêr jênêngmu Naya. Sarta ngêndi omahmu, bawah pulisi ngêndi.

Inggih, mila lêrês, nama kula pun Naya. Wondene griya kula ing dhusun Têgal, bawah ing ondêr dhistrik Sari.

Kowe apa wis krungu kabèh aturane Ki Suta, bakal maratuwamu iku, sarta apa iya wis bênêr kabèh aturane mau.

Inggih, kula sampun mirêng sadaya aturanipun Ki Suta wau, sarta inggih sampun lêrês sadaya.

Yèn mangkono, dadi iya wis bênêr kowe kang arêp ngrabèni Bok Niti mau. Kowe isih duwe bojo.

Sayêktosipun kula taksih gadhah semah.

Yèn mangkono, dadi kowe arêp wayuh. Apa Bok Niti iku dudu sadulure bojomu, sarta apa dudu biyungne bibi saka bapa utawa saka biyung.

Inggih, mila kula badhe wayuh, sarta Bok Niti punika sampun botên wontên urutipun sadhèrèk ingkang cêlak kalihan semah kula.

Kowe arêp wayuh iku apa bisa ngadil. Yèn ora bisa, bojo iku mung siji bae, mundhakan[8] andadèkake nora bêcik lair batine, ana ing dunya ora bisa tata têntrêm atine. Besuk ana akherat bakal nămpa dêdukane Gusti Allah. Gusti Allah dhewe kang malês apa kaluputane wong kang wayuh sisip atine. Mupung durung, pikirên sing samêsthine. Aja mung nuruti hawa nêpsu wae, utawa manèh aja nganti gêtun kêduwung ing pamburine.

Ki Naya matur: Ingkang nama ngadil punika kadospundi, mangke badhe kula têtêpi ing samêsthinipun.

Sing jênêng ngadil iku mung têlu, siji pangucap, loro panggawe, têlu kamelikan.

Têgêse ngadil pangucap iku, lamun mituturi lan têtakon marang bok ênom, ujar alus ulat manis, marang bok tuwa iya kaya mangkono.

Têgêse panggawe iku, lamun solah tingkah jaman rong dina rong bêngi ana ênggone bok ênom iku nglêgakake ati, [a ...]

--- 138 ---

[... ti,] kaya ta: ngangsokake kulah, anggolèkake kayu, lan rêrêsik sapêpadhane, dilakoni dhewe utawa diburuhake, ana ênggone bok tuwa iya kaya mangkono.

Têgêse ngadil kamelikan iku, kaya ngingoni, nyandhangi, ngomahi, kudu dipadha wragade, kaya mangkono iku sawise dipotong prabeyane anak. Saupama kowe duwe melik sadina f 1,50, ing măngka bok tuwa uwis duwe anak loro, sarta prabeyane isih mêtu bone, iku dikira-kira sêdhênge anak loro f 0,40, dadi olèhmu ambagèi bok tuwa kudu f 0,95 bok ênom f 0,55.

Wong lanang kang wis bisa nêtêpi kaya kang dak omongake iku mau kabèh, iku jênênge wis bisa ngadil anggone wayuh, kadugi bisa ngundhakake tata têntrême ati sarta slamêt ing dunya tumêka ing akherat. Apa kowe bisa ngadil kang kaya dak omongake iku.

Ki Naya matur: Inggih, kula sagêd ngadil, kados ngandika panjênêngan wau sadaya.

Yèn mangkono dadi Bok Niti sida arêp korabèni. Olèhmu ngênèhi mas kawin pira.

Inggih, têmtu badhe kula rabèni, dene anggèn kula nyukani mas kawin, yatra f 5,- kula kêncèng. (Taksih wontên sambêtipun)

Dhuwung

Ing Pusaka Jawi ăngka 1, 2, taun VIII, wiwit kaca 6 dumugi 17 amratelakakên ing bab dhapuring dhuwung. Ing ngriki kasambêtan punapa-punapa ingkang gêgayutan kalihan dhuwung wau.

1. Pangaji-aji dhatêng dhuwung

Ing purwakanipun bab dhapuring dhuwung ing Pusaka Jawi wau, mawi mratelakakên sangêting pangaji-ajinipun băngsa Jawi dhatêng: dhuwung. Kangge tăndha yêktining pangaji-aji, tuwin kangge panêpa sapintên ukuring pangaji-aji wau kapratelakakên ing ngandhap punika:

Ha. Dhuwung sangêt kaaji-aji sarta kaanggêp dados wêwadosipun, tandhanipun tumrap para kina, pilih tiyangipun ingkang dipun sukani sumêrêp sêbraking dhuwungipun, dening dhuwung punika ingkang dados andêl-andêlipun. Manawi ngantos dipun sumêrêpi ing sanès, mindhak nuwuhakên pangêpak: samono bobote. Malah limrah dados umuk-umukan kina, samăngsa dipun pitêmbungi nêdha sumêrêp dhuwungipun, măngka botên dados sarjunipun ladak lirih, wangsulanipun: dhuwung kula punika manawi sampun kalajêng kaunus kêdah angsal tiyang. Samantên malih pangunusipun wau botên wontên saênggèn-ênggèn. Priyantun kina ingkang satiti, sadaya ingkang sampun nyumêrêpi sêbraking dhuwungipun [dhuwung ...]

--- 139 ---

[... ipun] punika kainggahakên ing sêrat cathêtan.

Na. Tumrap tiyang Jawi nama limrah namakakên dhuwungipun: kasur, slamêt, sèdhêt, sasaminipun, mawi dipun kanthèni sêsêbutan kyai, ingkang dados tandhaning pangaji-aji. Samantên ugi tumrap dêdamêl sanèsipun ugi kanamakakên utawi kasêbut kyai.

Dene tumrap ing karaton Surakarta, sêsêbutan tumrap pusaka dalêm mawi tundha-tundha: kyai, kangjêng kyai, kangjêng kyai agêng.[9] Kangjêng kyai agêng punika tumrap pusaka ăngka satunggal, kangjêng kyai tumrap pusaka ăngka kalih, kyai tumrap pusaka ăngka tiga sapiturutipun. Mênggah ingkang kasêbut makatên wau botên namung tumrap pusaka dalêm dêdamêl, dalah pusaka sanès-sanèsipun.

Wondene sami-sami pusaka dalêm ăngka satunggal, sêsêbutan kangjêng kyai agêng, ingkang kadamêl inggil kangjêng kyai agêng wangkingan, kangjêng kyai agêng sabêt utawi waos punika kadamêl wontên ing sangandhapipun wangkingan wau.[10] Nanging tumrap ing Ngayogyakarta ingkang kadamêl inggil kangjêng kyai agêng waos. Kacariyos ingkang anjamasi sarta andhahari kangjêng kyai agêng waos wau, ingkang sinuhun kangjêng sultan piyambak, ingkang ngladosi kangjêng gusti pangeran adipati anom. Pangagêman dalêm kanigaran.

Ca. Ngunus dhuwung punika mawi tatakrama tikang[11] dados cihna sangêting pangaji-aji, makatên: dhuwung ingkang badhe kaunus kacêpêng warangkanipun sipat muka, kaajêngakên mangiwa, kanthi matêk donga. Paripurnanipun, dhuwung kajungkirakên: kaunus, sarêng pangunus sarta salêbêtipun ngunus matêk donga malih. Pangunusipun wau ingkang kalampahakên dhuwung katarik mangandhap. Sarêng sampun kaunus sadaya, dhuwung ligan wau dados nama ngadêg. Dhuwung ligan wau katungkulakên ing sirah kanthi matêk donga malih. Punika sawêg kenging dipun tingali utawi dipun upakara punapa-punapa. Bilih sampun paripurna, dhuwung badhe karangkakakên, dhuwung katungkulakên ing sirah malih, kanthi matêk donga, saha lajêng karangkakakên, patrapipun kados kala ngunus, kaotipun sapunika ingkang malampah warangkanipun, makatên wau ugi kanthi matêk donga.

Ra. Nalika jaman pêrang Dipanagaran, ingkang kapatah nyenapatèni wadyabala Surakarta Kangjêng Gusti Pangeran Arya Kusumayuda, putra dalêm suwarga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan. Badhe bidhalipun mangsah nanggulangi mêngsah, wontên kaparêngipun [kaparêngipu ...]

--- 140 ---

[... n] karsa dalêm kaparingan ngampil kangjêng kyai agêng wangkingan[12] wiyosipun kangjêng kyai agêng wangkingan wau saking kadhaton mawi kasongsongan ing songsong agêm dalêm.[13]

Kauningana, sampun dados tata ngadating kraton, wiyosipun pusaka dalêm, nawala dalêm dhatêng pêpatih dalêm, utawi sanès-sanèsipun punika mawi kasongsongan, songsongipun jêne atal, ing ngandhap sèrèt prada satunggal. Namung nawala ingkang saking Batawi utawi saking Ngayogyakarta punika kasongsongan gilap botên têrus (botên gubêg, inggih punika ing jawi pradan, ing nglêbêt kaêcèt jêne atat). Têgêsipun nawala wau sangêt kaaji-aji, ngungkuli pusaka dêdalêm.[14] Wangsul ing sapunika wiyosipun kangjêng kyai agêng wangkingan têka ngantos kasongsongan ing songsong agêm dalêm, têgêsipun kasamèkakên kalihan sarira dalêm. Punika dados tăndha cihna sangêting pangaji-aji wau.

Kawan bab ingkang kapratelakakên ing nginggil sampun nyêkapi dados tăndha yêkti pangaji-ajinipun tiyang Jawi dhatêng dhuwung. Ing sapunika santun rêmbag pamatawis pandamêlipun dhuwung.

2. Tangguhing dhuwung

Sadaya yêyasan Jawi kina, wujud punapa kemawon, punika botên mawi dipun cirèni punapa-punapa, saya tumrap dhuwung, ingkang sangêt kaaji-aji, babarpisan tanpa ciri punapa-punapa. Awit saking punika, sagêdipun pratitis pamatawisipun nalika damêl punika botên gampil. Amargi sasampunipun nyumêrêpi dhatêng sadaya kawruh-kawruhipun, kêdah lajêng êcakipun kawruh-kawruh wau, sarananipun kêdah nyumêrêpi dhuwung kathah sarta mawarni-warni. Awit saking punika, kalêbêt lăngka ingkang sagêd kalaksanan nyinau pamatawising dhuwung (kajawi ingkang gadhah wajib) dening pilih tiyangipun ingkang sagêd sumêrêp dhuwung kathah sarta warni-warni wau, inggih awit saking gêgayutan pangaji-aji wau, sintên tiyangipun ingkang suka dhuwungipun tiningalan ing liyan.

Mênggah ingkang kaangge wêwaton titikaning pamatawis wau kenging karingkês dados kalih bab: tosan, akalihan garap.

Ingkang kalêbêt ewoning garap punika paprincènipun :

--- 141 ---

Ha. Garaping dêdêg piadêg, pasikon utawi pasikutanipun.

Na. Ingkang luk, lêlagoning lukipun.

Ca. Pasanging pamor utawi pamor-pamoranipun.

Ra. Garaping sarandu utawi praboting dhuwung, kados ta: gonja, sirah cêcak, gandhik, sêkar kacang, sogokan, wadidang sasaminipun.

Nalika adêgipun tèntunsêtèling Amstêrdham amarêngi taun 1883[15] parentah Kasunanan misungsung barang-barang kagêlarakên ing tèntunstèling wau, kawujudakên barangipun, utawi namung kapêtha ing gambar, dipun kanthèni katrangan sawatawis kawontênanipun barang-barang wau. Masthi kemawon dêdamêl punapa malih ingkang awujud dhuwung botên kantun, salong wontên ingkang kawujudakên gambar, kanthi katrangan pamatawising pandamêlipun, katrangan panggarapipun botên. Rèngrènging katrangan wau sumimpên ing Radyapustaka. Sarta sapunika katrangan wau katêdhak sungging kapacak wontên ing Pusaka Jawi ngriki, ing pangangkah dadosa ular-ular panyinau dhatêng dhuwung. Mênggah ingkang nindakakên budidayanipun adamêl katrangan wau: Radèn Mas Panji Kusumawardaya, wayah dalêm suwarga Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sakawan, kanthi Mas Ngabèi Rêksapraja, panèwu wiramarta kaparak têngên, katitimangsan kaping 1 Sèptèmbêr 1882.

Pèngêtan wau sampun katandhing kalihan pèngêtanipun Radèn Ngabèi Prajakintaka, panèwu garap nagari panitraning Radyapustaka, nalika apuruita ing bab tosan aji dhatêng Mas Ngabèi Jayasukadga, panèwu pandhe. Pinanggihing panandhing kathah cocogipun. Dene bilih ing têtêdhakan punika wontên gèsèhipun, utawi wontên kêkiranganipun, badhe kawrat ing centhangan.

Nuwun, pèngêtan wau sawêg ngêwrat pamatawising pandamêl ing sajaman-sajaman utawi sanagari-sanagari, dèrèng ngêwrat cengkok utawi lêlagon satunggal-satunggaling êmpu. Cengkok utawi lêlagon satunggal-tunggaling êmpu wau ing têmbe badhe kapacak malih.

Kajawi punika, mênggah nagari-nagari ingkang kapratelakakên punika jamaning nagari miturut babad Jawi.

Ing ngandhap punika pêthikanipun.

(Lêmbaran 33 dumugi 35)

Mênggah dhuwung ingkang limrahipun kenging dipun watawis nalika pandamêlipun, punika amung wiwit damêlan karaton ing Pajajaran, ngantos dumugi karaton Surakarta. Ananging wontên ugi ingkang dèrèng kalimrah kasumêrêpan titiking damêlanipun, kados ta: kala karaton utawi nagari ing Dêmak, Kartasura, punika sami botên kacariyos utawi botên [botê ...]

--- 142 ---

[... n] wontên titiking damêlanipun. Wondene pamatawis utawi titiking dhuwung wau kawastanan tangguh. Mênggah tangguh punika mawi wontên pathokanipun, kados ing ngandhap punika.[16]

Tangguh damêlan Pajajaran, wanguning gănja ambathok mangkurêb, kapara panjang, sirahing cêcak landhung, gandhik miring landhung, pawakan kapara berawa, têgêsipun badan wiyar, dêdêgipun sêmbada, sogokanipun sêdhêngan, timbang kalihan pawakanipun, wêsi kirang matêng utawi wêlu sawatawis, labêt saking toyanipun asin, ingkang êluk, êlukipun kêmba, botên kêkêr, wêdalipun pamor sêmu anggajih.

Tangguh damêlan ing Majapait, gănja sêbit lontar, utawi sêbit rontal, sirahing cêcak cêkak, gandhik cêkak miring, sogokan cêkak luwês, wêdaling pamor mubyar angrambut, ingkang êluk-êlukanipun kêmba[17] pawakanipun kapara titih, têgêsipun kandêl, wêsi madhêt, grayanganipun lumêr, labêt saking toya bêning, botên asin.

Tunggil jaman karaton ing Majapait, damêlan ing Tuban. Gănja sengoh ambathok mangkurêb, kapara cêkak, sirahing cêcak agêng kapara papak, gandhik cêkak methok, pawakan berawa angupih, têgêsipun wiyar tipis, wêsi kapara kathah wajanipun, sogokanipun mindhak landhung katimbang sogokan Majapait, lukipun mindhak agêng, pamoripun kirang mubyar.

Tunggil jaman karaton Majapait, dhuwung damêlan ing Sêdayu, gănja sêbit lontar, utawi sêbit rontal, kapara landhung,

--- 143 ---

gandhik cêkak miring, sogokan sami kalihan Majapait, lukipun kêkêr turut, pamoripun mubyar pêthak angrambut, pawakan sêdhêng kapara corok, têgêsipun ukuranipun kapara panjang, waja sêdhêng, grayanging wêsi lumêr.[18]

Tunggil jaman karaton ing Majapait, damêlan ing Balambangan, prabot pasikon kados ta: gănja gandhik sapiturutipun sami kalihan damêlan ing Majapait, namung kaot wêsinipun kêras, kirang lumêr, labêt saking toyanipun sawatawis asin.[19]

Tunggil jaman karaton ing Majapait, damêlan ing Madura, prabotipun mirit damêlan ing Majapait, kapara corok, wajanipun sêdhêng, wêdaling pamor mubyar anggajih sap-sapan, grayangipun kêras, pamoripun anunggak.[20]

Damêlan karaton ing Pajang, gănja sengoh, sêbit rontal, sirah cêcak agêng abên manis, gandhik agêng miring, dêdêgipun sêdhêng sogokan sêdhêng luwês, lukipun kêkêr berawa[21] pamor pêthak mubyar, waja sêdhêng, kirang matêng, grayangipun sêdhêng.

Damêlan karaton ing Mataram, gănja sêbit lontar, utawi sêbit rontal, kapara landhung, gandhik panjang miring, sogokan panjang luwês, pamor mubyar nyalaka, kirang waja titih corok, lukipun sêdhêng grayangipun lumêr. Ewadene sarèhning nalika jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, punika anglêmpakakên sawarnining êmpu utawi pandhe ingkang sagêd damêl dhuwung, sami kakarsakakên damêl dhuwung piyambak-piyambak, milanipun dhuwung damêlan ing Mataram punika warni-warni, amargi kabêkta dêdamêlaning êmpu utawi pandhe kathah taksih nglabêti kados nalika taksih damêl dhuwung wontên ing panggenan aslinipun. Kala samantên, wontên pandhe satunggal sampun sêpuh, katêmbungakên sampun gegroh, nama Kyai Supa, bapakipun Jaka Sura, pandhe ing Majapait, mênggah wiwit karaton ing Majapait wau dumuginipun ing Mataram kirang langkung sakêdhik sampun 300 taun, dados Kyai Supa wau ngumuripun botên kirang saking 300 taun, amargi kala adêgipun karaton ing Majapait sampun wontên, Kyai Supa punika katrimah saking prayogining damêlanipun dhuwung, lajêng kaparingan nama Kyai Nom, anglurahi tiyang pandhe sadaya, tumuntên [tumu ...]

--- 144 ---

[... ntên] kakarsakakên ayasa dêdamêl waos dhuwung, sabêt sapanunggilanipun, saha lajêng anganggit dhuwung kasrasah ing mas warni-warni, saha damêl dhuwung nagasasra, naga seluman, naga wêlang, naga kikik. Sabibaring pêrang ing Pathi, karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma, sadaya para putra santana dalêm, saha abdi dalêm agêng alit, ingkang sami katingal prayogi ing damêlipun nalika ambêdhah nagari ing Pathi wau, sami kaparingan tăndha minăngka pangèngêt-èngêt, wangkingan utawi dhuwungipun mawi kasarasah ing mas, kados ta: abdi dalêm panèwu mantri, ganjaning dhuwungipun kasrasah mas, tinatah lung kêmarogan, abdi dalêm kaliwon utawi wadana, dhuwungipun kaganjar tinatah gajah singa, putra santana saha pêpatih dalêm, ganjaning wangkinganipun, ginanjar tinatah singa barong, utawi tinatah gajah manglar monga. Dèntên waos kaganjar srasah kalacakra, utawi wontên ingkang mêthukipun kaganjar srasah sadasa êlêr, tuwin limaran. Sasampunipun waradin tumrap panganggenipun dhuwung ingkang kaganjar wau, salajêngipun kadhawuhakên botên kalilan upami panèwu mantri angangge dhuwunging priyagung kaliwon bupati, makatên ing sapiturutipun, wondene dhuwung ingkang dados tangguhipun tiyang Jawi, sanèsipun ingkang kasêbut ing nginggil punika, wontên malih kados ing ngandhap punika:

Ăngka 1 Kuwung akalihan Tapan, punika sami dêdamêlan jaman karaton ing Pajajaran, cengkok sêsikutanipun ugi angiribi dêdamêlan ing Pajajaran.

Ăngka 2 Sungkuh, punika dêdamêlan jaman karaton ing Majapait, cengkok sêsikutanipun angiribi dêdamêlan ing Majapait.

Ăngka 3 Tuban taruwăngsa, Pakajoran, utawi Samarang ing Bayat, punika sami dêdamêlan karaton ing Dêmak, cengkok sêsikutanipun angiribi dêdamêlan ing Tuban tuwin ing Majapait.

Ăngka 4, Tundhung Madiyun, sarta Umyang, punika dêdamêlan jaman karaton ing Pajang, cengkok sêsikutanipun angiribi dêdamêlan ing Pajang.

Ăngka 5 Sastra Toya, Sastra Latu, utawi Supa Koripan, punika sami dêdamêlan jaman karaton ing Mataram, cengkok sêsikutanipun angiribi damêlan ing Mataram.

Namung dumugi samantên ingkang kawrat ing pèngêtan Radyapustaka wau. Ing ngandhap punika wêwahan pèngêtan Prajakintakan.

Damêlan ing Dêmak. Ingkang sampun kasumêrêpan satunggal kalih kados Majapait.

Damêlan Kartasura. Kasêbut ing sêrat babad, nalika jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat (Kartasura sapisan) mutrani Kangjêng Kyai Agêng Maesanular, sarta waos Kangjêng Kyai Palèrèt.

--- 145 ---

Sajumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sapisan, sarta Ingkang Sinuhun Prabu Amangkurat, punapadene Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping kalih, ugi sami yasa wangkingan. Nanging dumugi sapriki nama dèrèng wontên ingkang sumêrêp dhuwung damêlan ing Kartasura wau, bokmanawi yasan-yasan wau ingkang mêdal sawêg satunggal kalih, sanèsipun taksih wontên kraton sadaya.

Damêlan Surakarta. Damêlan Surakarta punika winastan dhuwung neneman, cengkok sêsikutanipun ingkang kapirit damêlan ing Majapait, namung garap sarta wêwangunanipun mirit êmpunipun piyambak-piyambak, kados ta: Brajaguna, Brajakarya, Japan, Tirtawijaya, Singawijaya, Jayasukadga sapanunggilanipun. Namung bakunipun kandêl sarta pamor amblêbêg, kajawi wontên ingkang tinurun, inggih punika nganaki utawi mutrani pusaka.

Puja.

Adipati Karna - Dèwi Kunthi. Prabu Drêtarasthra - Duryodana

Cariyos bab pêpanggihanipun Adipati Karna kalihan Dèwi Kunthi, ingkang kasêbut ing Sêrat Mahabarata, sarta pêpanggihanipun Prabu Drêtarasthra kalihan Duryodana, pawicantênanipun dipun bangun dhatêng Sang Rabindhranat Tagorê, ing basa Bênggala, lajêng kajarwakakên ing basa Inggris. Sapunika sampun kajarwakakên ing basa Walandi dhatêng Tuwan pan Èdhên. Samangke ing sasagêd-sagêd, kula jarwakakên ing têmbung Jawi. Anamung saking cupêting kawruh, tangèh yèn ta sagêda ngèmpêri endahing karanganipun Sang Rabindhranat. Ewasamantên, mêksa kula giyarakên, sawujud-wujudipun. Pangajêng-ajêng kula, ing têmbe wontêna ingkang karsa damêl ingkang langkung endah, sagêda angebahakên panggalihipun para sadhèrèk Jawi.

Pun Kusumatmaja.

Pêpanggihanipun Adipati Karna kalihan Dèwi Kunthi

Adipati Karna. Kula punika Karna, anakipun wuruk kareta pun Adirata. Panggenan kula ing sapinggiring lèpèn Gangga, prêlu nêmbah Hyang Diwangkara. La sampeyan punika sintên.

Dèwi Kunthi. Aku iki kang mêruhake pêpadhang ing kowe, pêpadhang sing saiki kosêmbah-sêmbah iku.

Karna. Punika kula botên mangêrtos. Anamung: sawêg kemawon ningali soca sampeyan, manah kula têka lajêng luluh, kados luluhing salju ing sapucaking aldaka ingkang kaaras [kaa ...]

--- 146 ---

[... ras] ing Hyang Surya ing wanci enjing. Swara sampeyan anuwuhakên prihatos lêlimêngan ing salêbêting manah kula. Wondene jalaranipun, angên-angên kula sanajan ingkang rumiyin-rumiyin pisan, kados botên sagêd anggayuh. Ingkang punika sang anyar kawuryan, sampeyan kaparênga dhatêng kula, kadospundi wêwadosipun, ingkang dados têtangsuling kalairan kula kalihan salira sampeyan.

Kunthi. Sarèh, ênggèr, mêngko tak wangsuli, yèn tlapukane pêpêtêng wis ngêrêmi mripate rina kang tansah ngolik wae kuwi. Kowe wêruha dhisik, yèn aku iki Dèwi Kunthi.

Karna. Punapa Dèwi Kunthi ibunipun Arjuna.

Kunthi. Iya, pancèn, ibune Arjuna, mungsuhmu. Ananging kowe aja gêthing marang aku kang jalaran mangkono iku. Aku isih tansah kèlingan wae nalika ing Astina ana coban-coban pêrang tandhing kae. Nalika samana isih durung ana sing wêruh marang kowe. Kowe lumêbu ing kalangan, gumêbyar kaya trontonging bangun esuk ana ing sasêlaning lintang. Mara, sapa ta arane wong wadon kang rumăngsa apês. Pandêlênge kaya ngambungi awakmu lan baumu kang ngrayung iku, ora kasasaban ing apa-apa, kanthi ambrêbês mili mêmujèkake awakmu. Lungguhe amor para putri ing kadhaton, ana ing saburining gêbêr kae.

Ora liya iya ibune Arjuna. Nalika iku sang brahmana, gurune kang padha olah gêgaman, maju mênyang satêngahing kalangan, sarta ngandika mangkene:

Padha kawruhana, wong-wong kang turune wong cilik, ora kêna yèn arêp nantang pêrang Arjuna, adu guna kasantikan.

Nalika iku kowe banjur ora bisa kumêcap, kayadene mêndhung ing wayah ngarêpake suruping srêngenge, mancêrêng, amarga gêbyaring srêngenge sêmu kêpêpêtan.

Ananging sapa ta arane wong wadon kang atine murub angalad-alad kang marga saka anggonmu nyandhang wirang sarta anggonmu nêpsu, sarta anggonmu ngampêt ubaling krodha. Ora liya iya ibune Arjuna. Ah, tujune, tujune. Nalika iku Duryodana wêruh marang boboting awakmu. Ing kono kowe banjur dijunjung dadi ratu ing Angga, nuli têtêp dadi agul-aguling Kurawa. Si Adirata, wuruk rata, saking jujuling angên-angêne, manoni kabêgjan kang mangkono iku banjur mêngkang-mêngkang wong akèh malêbu ing kalangan. Kowe gurawalan amêthukake, anyèlèhake makuthamu ing ngarêping sikile. Swaraning para Pandhawa dalah kănca-kancane, ênggone anggêguyu sarta ngerang-ngerang nalika iku ora nganggo

--- 147 ---

ngèngèh-ngèngèh. Ewasamono ing golongane para Pandhawa ana wong wadon kang atine padhang gumêbyar marga saking bungahe, marga wêruh kabrêgasan kang sinêmbuh ing kaprawiran, sinăngga ing patrap andhap asor. Wong wadon mau iya ibune Arjuna iku.

Karna. Anamung sang pramèswari, ibunipun para tu,[22] punapa ta darunanipun, dene sampeyan dumugi ing ngriki piyambak kemawon.

Kunthi. Olèhku mrene iki arêp duwe panjaluk.

Karna. Kula sampeyan karsakakên punapa. Sok ugi kenging kula tindakakên kanthi kaprawiran sarta botên nyimpang saking lampah kasatriyan kemawon, kula sandika anglampahi. Punika malah dados pêpuja kula.

Kunthi. Olèhku mrene iki arêp ngajak kowe.

Karna. Kaajak dhatêng pundi.

Kunthi. Gênggèr,[23] anakku, atiku ngangah-angah kêpengin kotrêsnani. Kowe arêp dak gawa, dak cêdhakake karo atiku.

Karna. O, bêgja têmên sampeyan punika, dene dados ibunipun ratu gangsal sami prawira. Kula punika punggawa alit, wijiling tiyang asor. Wontên ing pundi anggèn sampeyan badhe mapakakên badan kula.

Kunthi. Kowe arêp tak papakake ana sangarêpe anak-anakku liyane.

Karna. Anamung kadospundi dunungipun, dene kula sampeyan papakakên wontên ing ngriku.

Kunthi. Kang marakake mangkono iku mung kagawa saka wêwênangmu dhewe, pêparinge Hyang Maha Wasesa, kang marga saka katrêsnaning biyungmu.

Karna. Pêpêtênging wanci sontên anasabi bumi. Mamringing sêpên mapan ing lumahing toya. Swara sampeyan amangsulakên badan kula dhatêng alam kawitan ing jaman nalika kula taksih alit, punika sirna ing salêbêting pêpêtêngipun angên-angên. Sanajan kula botên sumêrêp kayêktosanipun, punapa kula supêna, punapa mêlèk, punapa punika cuwilaning lêlampahan ingkang sampun kataliban, ewasamantên sampeyan inggih kula aturi nyêlak dhatêng panggenan kula. Kula aturi numpangakên asta sampeyan têngên ing bathuk kula. Kula inggih sampun [sampu ...]

--- 148 ---

[... n] nate mirêng pawartos, bilih kula katilar ing biyung kula. Yèn dalu manawi kula tilêm, ibu kula punika kêrêp nuwèni kula. Anamung manawi kula matur: Ibu, krudhuk sampeyan, sampeyan bikak, bu, kula badhe sumêrêp wadana sampeyan. Jênggêrêngipun pun ibu tamtu lajêng musna. Lah punapa supênan kula ing dalu punika, inggih ingkang rawuh anglêrêsi kula mêlèk punika.

Punika lo, ing sabranging lèpèn ngrika punika pasanggrahanipun para putra sampeyan sami kasumêdan dilah. Ing sabrang ngriki dununging pasanggrahanipun para Kurawa golongan kula, pating jênggêlêg, kados aluning sagantên ingkang ambagêgêg kèndêl, amargi kenging ing pangaribawa. Benjing enjing pabaratan ingkang sêpên amamring kados tiyang ajrih punika, badhe kaèbêkan suraking para wadyabala ingkang sami pêpêrangan. Lah punapa darunanipun, dene ngajêngakên wontên lêlampahan ingkang makatên, ibunipun Arjuna, mêngsah kula, têka dhatêng ing pabaratan ngriki anyulang-nyulangakên anggènipun dados biyung, ingkang sampun kataliban. Lah punapa darunanipun, dene nama kula sagêd amolahakên lidhahipun, adamêl swara ingkang nganyut-anyut nêdya nyêlakakên kula dhatêng Arjuna sasadhèrèkipun.

Kunthi. Ênggèr, anakku, aja kalayatan, enggal mèlua aku.

Karna. Inggih kula inggih badhe andhèrèk, botên mawi pitakèn punapa-punapa sarta botên mamang. Nyawa kula sumaur ing pangundang sampeyan. Mênggah garêjêganipun manah kula anggènipun ngangkah jaya sarta kaonang-onang, punapa malih dêrênging sêngit, tumrapipun kula sami sakala lajêng katawis bilih punika namung barang ingkang botên nyata, kadosdene linduran ing wanci dalu, ing salêbêtipun katêntrêmanipun wanci prak enjing. Karsa sampeyan kula badhe sampeyan bêkta dhatêng pundi.

Kunthi. Mênyang sabranging kali iki, mênyang panggonane damar-damar sing pating kalêncar ana sadhuwuring pawêdhèn kang cêbilak, tur sintru kae.

Karna. Wontên ing ngrika ibu kula ingkang ical punika punapa sagêd dados ibu kula sayêktos ing salami-laminipun.

Kunthi. Ora kayaa, ênggèr.

Karna. Lah punapa jalaranipun, dene rumiyin kula sampeyan bucal. Kula punika rak tiyang ingkang sampun kabucal, kabêdhol saking papaning [pa ...]

--- 149 ---

[... paning] lêluhur kula, kentir katut ombaking papa sangsara tuwin kanisthan muput. Punapaa dene kula kalihan Arjuna têka mawi dipun sukani êlêt-êlêt jêjurang lêbêt, tanpa dhêdhasar. Punapaa dene ingkang pancènipun sih-sinihan ingkang kabêkta saking anggènipun sami akêkadang, têka dipun santuni dados pangontog-ontoging sêsêngitan. Sampeyan têka botên paring wangsulan. Kanisthan sampeyan anaratas anrus ing pêpêtêng alêlimêngan, anumusi jiji ingkang botên kasamtmata dumugi ing badan kula. Sampun, panyuwun kula priksa botên prêlu dipun wangsuli, kula botên prêlu sampeyan gênahakên, punapa ingkang dados jalaranipun, dene sampeyan ngantos wantala mapas katrêsnaning biyung. Namung kula nyuwun sumêrêp, punapa darunanipun, dene sapunika sampeyan karaya-raya nêdya mangsulakên kula dhatêng kaswargan ingkang sampun gograg, ingkang kagogragakên ing asta sampeyan piyambak punika.

Kunthi. Aku iki kinuya-kuya ing upata kang pambrasthane ngungkuli pangundhamanamu. Sabab sanajan aku rinubung ing anakku lêlima, ewadene rusaking atiku kayadene wong wadon kang tininggal mati ing anake kabèh. Saking ambaning rêngka kang ora bisa mingkêm-mingkêm, marga ênggonku ninggal anakku kang pambarêp iku, nganti sakèhing kasênêngan ing uripku larut kabèh asiya-siya. Ing dina nalika aku nyelaki ênggonku dadi biyung iku, kowe durung bisa gunêman. Ing dina iki biyungmu kang nistha mau angasih-asih anjaluk têmbungmu sakêcap kang mijil saka ing kawêlasanmu. Ibumu wèhana pangapura kang agawe gêsênging atine. Ênggone anggêsêngake dèn kayaa gêni, kang bisa ambrastha dosane.

Karna. Ibu, êluh kula sampeyan pundhut.

Kunthi. Ênggèr, ênggonku mrene iki ora nêdya ambalèkake kowe marang aku. Karêpku nêdya mulihake wêwênangmu. Kowe gêlêma, tampanana wêwênangmu dhewe dadi putra ratu. Iku pancèn dadi wêwênangmu. Tunggal karo sadulur-sadulurmu.

Karna. Kula punika pranyata anakipun wuruk kareta, botên melik dhatêng gêbyaring akêkadang kalihan băngsa ingkang mulya.

Kunthi. Iya mangkene-mangkenea kae, kowe gêlêma. Karaton sing pancène dadi duwèkmu bêdhahên.

Karna. Kadospundi. Rumiyin sampeyan dhatêng kula botên ngagêm katrêsnaning biyung, sapunika

--- 150 ---

kagungan pamundhut, mawi angundhuk-undhuki karaton. Têtangsul gêsang ingkang dados pangikêting akêkadang sampun sampeyan tatas dumugi ing oyodipun. Sapunika sampun pêjah, botên sagêd thukul malih. Saupami kula gap-gapan ngakên biyung dhatêng ibunipun para ratu, sarta anilar biyung kula piyambak wontên ing griyanipun wuruk kareta, gèk kanisthan punapa ingkang kula upadosi.

Kunthi. Anakku, ênggèr, pranyata kowe iku wong gêdhe. Wêwalêse Sang Maha Wasesa thukule ora kêtara têmên. Wiwitane adhapur wiji cilik, mundhak-mundhak dadi urip kagiri-giri. Bayi tanpa daya diselaki ing biyunge, narajang nam-namaning lêlakon pêtêng sapirang-pirang, timbule dadi uwong, anggitik sadulur-sadulure.

Karna. Ibu, sampeyan sampun kuwatos, kula sumêrêp kanthi yakin, bilih Pandhawa ingkang badhe mênang. Ing waktu dalu punika sêpên amamring, ewasamantên punika angêbaki manah kula mawi swara ingkang anganyut-anyut, ngajak nindakakên padamêlan ingkang pancèn gênah botên ngukup. Kula sampun sampeyan dhawuhi (aja kopênging) nilar têtiyang ingkang sampun pinasthi badhe kawon. Kajêngipun, Pandhawa ngukup karaton, awit punika sampun botên sagêd uwuk. Wondene kula pinasthi dados satunggal kalihan ingkang sampun botên gadhah pangajêng-ajêng mênang sarta tamtu kawonipun. Nalika kula lair ing wanci dalu, kula sampeyan tegakakên wêwuda tur tanpa nama, dados lare bucalan. Sapunika kula inggih mugi sampeyan tegakakên kemawon, lumêbêt dhatêng asoring yuda tuwin pêjah.

Têgêsipun Têmbung: Binatarana

Ing sêrat wêdalan Bat. Genootschap anama: Drie teksten van tooneelstukken lampahan Kartawiyoga, cêcriyosanipun ing salêbêting janturan, kathah ingkang pêtêng têgêsipun. Têgês-têgês ingkang kacariyosakên dhatêng ki dhalang malah sok adamêl bingung, kados ta: swuh rêp datapitana, botên katêrangakên têgêsipun. Sitinggil binatarana, inggih pêtêng anggèn kula nampèni. Kajawi punika taksih kathah malih ingkang adamêl bingung. Anamung ingkang badhe kula rêmbag namung bab binatarana. Ungêling cariyos makatên (Ing kaca 2):

...sinigêg. Anuju ari Rêspati srinata miyos siniwaka, mungging sitinggil binatarana, alênggah dhampar dênta, pinalipit ing rêtna, pinatik ing sêsotya dhêdhasar tabut[24] pramadani....

--- 151 ---

Ing ngriku ungêlipun, miturut aksaranipun têrang: binatarata. Ing sêrat sanès, têtêdhakan saking sêrat ingkang kasêbut nginggil, lajêng sok dipun ewahi dados: binatarata, utawi: binatarêtna. Ingkang makatên wau kintên kula kabêkta saking dipun aras-aras kemawon. Pangaras-arasipun makatên: binata têgêsipun dibata. Binatarata utawi binatarêtna, lajêng sagêd angsal têgês: dibata warata (ora pating brênjul) utawi dibata ing sêsotya. Bab lêrês lêpatipun kula nyumanggakakên, anamung kula badhe ngaturi lêlimbangan sanès, makatên.

Ing Sêrat Pêrgiwa, turunan saking sêrat anggitan lami (taksih sêratan tangan, dèrèng cap-capan), wontên ingkang mungêl makatên:

... Banyakdhalang lawan sawunggaling kêkacu mas lan ardawalika, ilang ing kamanungsane lir Hyang Asmara nurun, pan ingayap pra widadari tuwin para wanudya, abusana luhung, wus prapta ing sitibêntar, dyan pinarak ing patarana rukmi abra tirah sêsotya.

Ing ngriku panganggenipun dirga, namung kangge sêsulihipun pada lingsa, nanging botên ajêg, utawi manggèn ingkang kula botên mangrêtos, punapa ing panggenan ingkang kêdah dipun waos panjang utawi mêlung, punapa kadospundi. Kados ta: abusana, patarana rukmi. Namung bab dirga botên kalêbêt ing rêmbag ngriki.

Têmbung patarana ing têmbung Kawi gadhah têgês: palungguhan, dhampar, lêmah dhuwur, saking têmbung Sangsêkrita: prastarana. Inggih gadhah têgês kasur. (Wdl. Roorda, Wdb. Juynboll.)

Manawi Bausastra Mlayu - Jawi (Bale Pustaka), anggènipun nêrangakên makatên:

Peterana, Skr., bangku, dhuwure sakaki, cukup kanggo lungguh wong loro, panggonane ing kadhaton. Ana sadhuwuring singasana, kanggo palênggahane ratu.

Ingkang makatên wau lajêng anuwuhakên pamanggih kula, bilih têmbung binatarana punika saking têmbung patarana, atêgês palênggahan. Sarèhne pakêcapanipun botên mèmpêr kalihan têtêmbungan cara Jawi, lajêng dipun dandosi dhatêng tiyang ingkang pancèn tukang lumuh nganggur, dados batarana, nuntên karimbag dados binatarana. Ewah malih dados: binatarata, binatarêtna. Salajêngipun.

Kula lajêng kèngêtan lêlampahan ingkang mèmpêr ing nginggil punika, makatên: nalika Bausastra Mlayu - Jawi dèrèng kaêcap, lare-lare kănca kula sami nurun [nuru ...]

--- 152 ---

[... n] cêkakanipun têgês-têgêsing têmbung ingkang kasêbut ing Sêrat Logat. Ing ngriku wontên têmbung roma, dipun Jawèkakên: wulu awak, punika pancènipun sampun lêrês. Anamung ingkang nurun sapisan ngintên bilih punika kirang wulu, lajêng kadadosakên: wulu iwak. Sarêng katurun tundha kaping tiga sampun ewah malih. Batosipun ingkang nurun, tamtunipun makatên: Wong iwak kok ana wulune, wulu iwak kuwi rak sisik. Pramila ing sêratipun lajêng dipun sêrat purun kemawon: sisik. Wujudipun makatên roma = sisik.

Têmbung sisik punika manawi katurun tundha kaping sakawan, sagêd ugi lajêng malih dados: sisig. Makatên punika ingkang lajêng sok ambingungakên. Nurun, botên têka nurun. Mawi ngongoti, nisiki, mênapa.

Makatên punika sêrat Jawi ingkang turunan, kathah panunggilanipun, malah Sêrat Saridin inggih sampun nyêbutakên. Pramila sapunika sarêng kula angsal sêrat ingkang kangge nandhing-nandhing bab têmbung: binatarana, kula lajêng sangsaya mathêm, bilih têmbung binatarana punika têmbung kalantur, aslinipun saking patarana. Sagêd kula angsal têtandhingan sanèsipun namung ing sêrat-sêrat waosan cara Mlayu. Sêrat Jawi ingkang kina ragi angèl sagêd kula angsal, awit rêginipun sok dipun inggahakên sangêt, ngantos botên majat.

Kusumatmaja.

Pratelan saking Pakêmpalan Pêkên Taunan ing Ngayogyakarta

Juru ngarang angsal pratelan saking pangrèhipun pakêmpalan pêkên taunan ing Ngayogyakarta makatên: têtiyang ningali ingkang malêbêtipun kanthi ambayar ing pêkên taunan Ngayogyakarta ingkang kaping kalih punika wontên 409.393 (lare sêkolah botên tumut kapetang). Katimbang taun kapêngkêr mindhak 20.890.

Angsal-angsalanipun yatra sadaya f 57.485,13 dene taun kapêngkêr f 51.931, 03 dados mindhakipun f 5.554,10.

Angsal-angsalanipun sêsadean ing los-los, toko-toko sarta patukangan sadaya f 45.176,97. Ing taun kapêngkêr f 38.779,22 dados mindhak f 6.397,75.

Pratelan ingkang tampi pracihnaning pangalêmbana ing pêkên taunan ingkang kaping kalih ing Ngayogyakarta.

Ingkang angsal pangalêmbana ingkang inggil piyambak.

1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, jalaran ngintunakên barang tênunan, sêratan, mas intên. Sarta barang wacucal samakan.

2. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, jalaran ngintunakên barang tênunan, sêratan, sarta mas intên.

--- 153 ---

3. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, ing Ngayogyakarta, jalaran ngintunakên barang salaka sarta barang wacucal samakan.

4. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ing Surakarta, margi ngintunakên sinjang sêratan sarta barang salaka.

5. Bêndara Pangeran Arya Danurêja, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, jalaran ngintunakên lêlangên Măndrawanara.

6. Anak Agung Ngurah Agung, Adipati ing Gianyar, margi ngintunakên barang nam-naman, barang tênunan, plangi warni-warni, barang mas intên, golèk warni-warni sarta sanès-sanèsipun, saking Gianyar, sarta têtingalan ing Bali ingkang anama: Arja, Legong, tuwin topèng.

7. Konênglêkê Gênutsêkap ing Batawi bab kagunan sarta kawruh, margi ngintunakên barang salaka jaman kina ingkang aslinipun saking tanah-tanah ing saindhiya Nèdêrlan.

8. Insinyur Y. Mun, ing Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang salaka ing jaman kina saking Borneo.

9. Dhepartêmèn têtanèn sarta katabêrèn, tuwin padagangan, ing Bogor bagean katabêrèn, margi ngintunakên barang-barang kangge tèntunsêtèlêng, awarni barang-barang dêdamêlanipun têtiyang ing tanah-tanah saindhiya Nèdêrlan, sarta barang-barang panunggilanipun grabah siti tuwin gêndhèng punapa malih barang antih-antihan sarta tênunan, tuwin wacucal samakan, saking laboratorimipun.[25]

10. Pangagênging sadaya pakunjaran, margi ngintunakên babud sêpêt utawi lulub, barang wacucal samakan, tuwin barang sêratan saking pakunjaran Pakalongan, Wanagiri, Surakarta tuwin Sêmarang.

11. Kantor têtanèn ing Ngayogyakarta, margi damêl tèntunsêtèlêng sarta nêdahakên patrap-patrapipun têtanèn ing pasitèn ingkang agêng sarta alit.

12. Tuwan E.Y. Rèncês, priyantun bab ngingah ulam ingkang botên cêlak sagantên, ing Surabaya, margi ngintunakên pêpêthan sarta damêl tèntunsêtèlêng bab cara-caraning ngingah ulam ing tanah Jawi.

13. Tuwan P. Timêr, pangagênging para utpèstêr, margi damêl tèntunsêtèlêng bab kawontênanipun wana-wana ing Indhiya Walandi

14. Pamulangan Prinsès Yulianah ing Ngayogyakarta, margi amujudi griya sarta damêl tèntunsêtèlêng bab damêl griya ingkang cundhuk kalihan kawruh.

15. Pamulangan kriya kangge tiyang bumi: ing Ngayogyakarta, margi amujudi dhapuring griya sarta damêl tèntunsêtèlêng ingkang cundhuk kalihan wulangan ing pamulangan kriya.

16. Maison Nguijen van Kij, Rue Jules Ferry 58, Hanoi, margi ngintunakên barang sulaman ing Tongkin.

17. Maison N.T. Kam, Rul de Ninhwa 63, Bacninh, Tonkin, margi ngintunakên barang sulaman ing Tongkin.

--- 154 ---

18. Maison Nguijen gadhahanipun San ing Bocnianh Tongkin, margi ngintunakên barang sulaman ing Tongkin.

19. Maison Nguijnen The Can idhêm, idhêm.

20. Idhêm gadhahanipun Lam idhêm, idhêm.

21. Idhêm Duoc Hop idhêm, idhêm.

22. Idhêm Manh Trac idhêm, idhêm.

23. Idhêm gadhahanipun Chi idhêm, idhêm.

24. idhêm Ba Thien idhêm, idhêm.

25. Nyonyah Han San dite Nguijen Thi Giau idhêm, idhêm.

26. Griya wuta ing Ngayoja, margi ngintunakên babud sêpêt, sikat-sikat sarta tangsul warni-warni.

27. Anim ing Ngayoja, margi suka pêpadhang tuwin damêl reklamê pêpadhang.

Ingkang angsal bintang jêne

1. Phatimah ing Singaraja (Bali), margi ngintunakên barang tênunan, ukir-ukiran. Tuwin mas intên.

2. Bêndara Pangeran Arya Suryadiningrat, ing Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang sêratan.

3. Ingkang bupati ing Karanganyar, margi ngintunakên barang dêdamêlanipun têtiyang bumi.

4. Pakêmpalan pêkên taunan ing Ngawi, margi ngintunakên barang ukir-ukiran, barang meja kursi, tuwin barang tênunan, punapa malih barang singat tuwin bathok.

Ingkang angsal bintang salaka, kaêdus ing êmas

1. Pakêmpalan Wanita Utama ing Ngayogyakarta, margi ngintuni barang tênunan, sarta ngatingalakên cara-caranipun nênun.

2. Patih ing Blora, panuntunipun pakêmpalan bab nênun ing Blora, margi ngintunakên dringin sarta tênunan sanès-sanèsipun.

3. Ingkang bupati ing Pamalang, margi ngintunakên pola tênunan 100 warni.

4. Radèn Mas Sukapjan, panêmbahan ing Ngayogyakarta, margi nêdahakên cara-caraning tiyang dêdamêlan ing kampung patukangan, sarta ngintunakên barang kuningan, tuwin barang wacucal samakan.

5. Pabrik Ned. Ind. Conserven van Kroon en Ster ing Bandhung, margi ngintunakên sêtrup warni-warni tuwin têtêdhan blèg-blegan tuwin sanès-sanèsipun.

6. Pak Aliyah, ing Gêndhingan, Sêmarang, margi ngintunakên găngsa sarancak.

7. Mas Asnan ing Bogor, margi ngintunakên barang salaka.

8. Pabrik tudhung Panamah ing Tanggêrang, margi ngintunakên tudhung nam-naman.

9. Wêdana Kêdhungwuni ing Pakalongan, dalah radèn ayunipun, margi ngintunakên barang salaka tatahan sarta gêlang kalungipun têtiyang alit.

--- 155 ---

10. Li Jing Kim, ing Ngayogyakarta, margi ngintunakên găngsa sarancak, sarta ringgit Cina (wacucal) salampahan jangkêp.

Ingkang agsal bintang salaka

1. Pangagênging tiyang bumi ing Kuthawaringin ing Borneo, margi ngintunakên tutup saji warni-warni, endah-endah, damêlanipun tiyang ing ngrika.

2. Pangagêng ing pulo Tuju ing Rio, margi ngintunakên gêlaran endah-endah.

3. Pangagêng ing Kisar, margi ngintunakên tênunan jumputan, damêlan ing Kisar.

4. Dr. P.S. Lambooy ing Waingapu ing Sumba, margi ngintunakên tênunan jumputan, damêlan ing Sumba.

5. J. Heynen ing Èndhèh (Plorês) margi ngintunakên tênunan jumputan Plorês.

6. Mas Sudarmaatmaja ing Cijulang (Tasikmalaya) margi ngintunakên tênunan jumputan (kain kasang).

7. Abdul Karim, Ciwaringin lan 45 Bogor, margi ngintunakên barang-barang ingkang rinêngga ing sinjang sêratan, kados ta: dhus, pêrtêpèl, sapanunggilanipun.

8. Mulyarêja ing dhusun Trunajayan, Kutha Gêdhe, Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang-barang salaka.

9. Tan Sin Cwan, ing Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang-barang salaka.

10. Malim Kacik, ing Kotahgêdhang (Pordhêkok) margi ngintunakên barang-barang ingkang badhenipun jala-jala kawat.

11. Ahyat, ing Pasar Bêsar gang I Surabaya, margi ngintunakên barang-barang kuningan ukir-ukiran.

12. Pakêmpalan Amongkridha ing Kulonpraga, Ngayogyakarta, margi ngintunakên ringgit golèk salampahan sarta topèng warni-warni.

13. Sastrawiharja, Yudanagaran, Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang-barang wacucal samakan.

14. Toko Campursari ing Sawojajar, ing Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang wacucal samakan.

15. Jayèngtăndha, ing Panêmbahan, Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang wacucal samakan.

16. Pakêmpalan Mardiguna ing Trênggalèk, margi ngintunakên grabah siti mawi linapis kados bêling.

17. Eerste Malangsche Kerami Industrie ing Malang, margi ngintunakên grabah siti mawi linapis kados bêling.

18. Marjuki, haltê Plèrèd, S.S. W/L, margi ngintunakên grabah siti lapisan kados bêling.

19. Radèn Mas Sastrawisarja (Karajinan Têgalrêja) ing Surakarta, margi ngintunakên golèk siti sarta grabah lapisan.

20. Vereenigde Ind. Tichelwerken ing Kêbumèn, [Kêbu ...]

--- 156 ---

[... mèn,] margi ngintunakên pot sêkar: padhas, banon, tuwin gêndhèng.

21. Ngo Tjoe Tay Jek Pong, gang pinggir 8 ing Sêmarang, margi ngintunakên barang-barang dêdamêlanipun băngsa Tyonghwa.

22. Cheong Sien Chan ing Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang-barang dêdamêlanipun băngsa Tyonghwa.

23. Song Yie en co p/a Yat Hiang Kie, Tamarinde laan 6. ing Weltevreden, margi ngintunakên barang dêdamêlanipun băngsa Tyonghwa.

24. Lie Kian Theng ing Blinyu (Bangka) margi ngintunakên barang-barang timah sari.

25. Tjoen Khoen Foe ing Pangkalpinang (Bangka) margi ngintunakên barang timah sari.

26. Firma A.C. Buisson, Rijswijk 18, ing Wèltêprèdhên, margi ngintunakên barang wacucal sawêr.

27. Abas, ing Bogor, margi ngintunakên barang salaka.

28. Mas Prawiradiwirya, ing Timuran, Surakarta, margi ngintunakên barang sulaman sarta dringin.

29. Ni. K'toet Batoe, Kampung Titih, Dhènpasar (Bali), margi ngintunakên barang dêdamêlan ing Bali pèni-pèni sarta barang kagunanipun tiyang ngrika.

30. Kaji Dahlan M.S. Ngabean Ngayogyakarta, margi ngintunakên barang sêratan, barang kuningan, tuwin barang kajêng ukir-ukiran.

Ingkang angsal bintang prunggu

1. Kontrolir ing Marabahan (Borneo) margi ngintunakên gêlaran pacar sêkaran.

2. Wadana ing Bandhongan, Magêlang, margi ngintunakên gêlaran sêkaran.

3. Kontrolir ing Palu, Dhonggalah, margi ngintunakên bumbung nam-naman.

4. Pakêmpalan Pamardi ing Kalibawang, margi ngintunakên barang pandhan tênunan.

5. Sjioen ing Baa (pulo Roti) margi ngintunakên barang tênunan jumputan ing Roti.

6. Pangagêng ing Dhonggalah, margi ngintunakên barang tênunan jumputan.

7. Yohanès Simarmata, pangagêng nagari ing Lumban Sukisuki, Pangurunan, Samosir, Tapanuli, margi ngintunakên barang tênunan ing Batak.

8. Pakêmpalan patukangan sarta katabêrèn ing Prambanan Ngayogyakarta. (?)

9. Radèn Aji Suleman, Krapyak, Pakalongan, margi ngintuni barang tênunan.

10. Witte-Kruis-Kolonie ing Salatiga, margi ngintuni sinjang sêratan ing Lasêm, ing jaman kina.

12. Cakrasupadma ing Trunajayan, Kutha Gêdhe, Ngayogyakarta, margi ngintuni barang kuningan.

13. Mangunwijaya, ing Dolahan, Kutha Gêdhe, Ngayogyakarta, margi ngintuni barang têmbagi.

14. Mas Sukarta, ing Sumêdhang, margi ngintuni barang kuningan.

--- 157 ---

15. Mas Cakradisastra, ing Yudanagaran, Ngayogyakarta, margi ngintuni barang kuningan.

16. Ingkang bupati ing Sidaarja, margi ngintuni barang kajêng dandosan griya, ukir-ukiran, damêlan ing Singkêl.

17. Lim Gwat Kyong, ing Japara, margi ngintuni barang ukir-ukiran damêlan ing Japara.

18. Radèn Suryadiharja, patih ing Sumêdhang, margi ngintuni ringgit golèk salampahan, sarta topèng.

19. Lurah dhusun ing Keyongan, Bantul, Ngayogyakarta, margi ngintuni bumbung sêkaran.

20. Somakarya, Sumarata, Panaraga, margi ngintuni lapak wacucal sarta pêrtêpèl.

21. Panèwu pangrèh praja Kutha Gêdhe Ngayogyakarta, margi ngintuni barang pênyu.

22. Mangunprawira, Basèn, Kutha Gêdhe, margi ngintuni barang singat sarta pênyu.

23. Sakiya ing Gamping, haltê Campurdharat, Kêdhiri, margi ngintuni barang marmêr.

24. Mas Sastradiharja, pangagêng Resturan Èstellah ing Ngayogyakarta, margi ngintuni sêtrup warni-warni, acar, jampi, wêdhak, tuwin sanès-sanèsipun.

25. Si Ngo It margi dhatêng sêtatsiyun Lêmpuyangan, Ngayogyakarta, margi ngintuni acar warni-warni.

26. Nyonyah Kori Ong (p/a S.H. Ong Surakarta), margi ngintuni sêtrup sarta ratus warni-warni.

27. Insêpèktur pamulangan, ing Ambon, margi ngintuni barang dêdamêlanipun murid-murid pamulangan ing tanah Moloko.

28. Radèn Atèh, Cilêbut, Bogor, margi ngintuni barang gadhing.

29. Pakêmpalan Burham, Pasar Srat 79 Makasar, margi ngintuni barang tênunan, barang dêling ukir-ukiran, sarta sanès-sanèsipun.

20. Radèn Muhamad, ing Bogor, margi ngintuni barang gadhing.

Kajawi punika taksih kathah malih ingkang dipun sukani: eere - diploma.

Gramopun

Pangaranging Pusaka Jawi tampi pawartos saking Surabaya makatên:

Dintên Minggu tanggal 9 Sèptèmbêr 1928, pakêmpalan kagunan ing Surabaya, anama: Siswa Pradăngga anggiyarakên kagunanipun tumrap damêl piringan gramopun ingkang dipun prasudi dhatêng Pirmah B. sarta E. Steinhardt ing Surabaya.

Wondene lagu sarta gêndhingipun dipun pilihi ingkang sampun dipun wulangakên sarta sampun dipun sinau. Rêrêpènipun warni-warni mawi cengkok ingkang gagrag enggal. Makatên ugi têtêmbanganipun tuwin ungêl-ungêlanipun saangsal-angsal kapilihakên ingkang maedahi [maedah ...]

--- 158 ---

[... i] dhatêng lampahing piwulang sastra gêndhing. Sadaya punika miturut wirama ingkang sae. Ingkang punika pakêmpalan Siswa Pradăngga gadhah pangajêng-ajêng, para neneman ingkang sami mrasudi dhatêng lêlagon, karsaa angyakinakên pawartos ing nginggil.

Katandhan Prawiraasmara.

Lêngganan Pusaka Jawi pangrèh Siswa Pradăngga.

Sêrat Enggal

Rêdhaksi mêntas tampi sêrat cap-capan enggal 1. sêrat cara Mlayu, aksaranipun Latin, namanipun: Sesalan kawin, roesak keloearga dan sengsara doenia, anggitanipun Dhoktêr Radèn Sutama, guru ing pamulangan N.I.A.S. ing Surabaya. Wangunipun sêrat pranêmbêlasan kêbèt 60 kaca. Wontên gambaripun tiyang ingkang nandhang sangsara margi saking pandamêlipun piyambak, utawi katularan ing tiyang sanès.

Suraosing sêrat wau asung pêpèngêt dhatêng sok tiyanga, langkung-langkung dhatêng para neneman jalêr, sampun ngantos amblunthah, sabab kalakuan ingkang makatên punika sagêd adamêl sangsaranipun piyambak utawi sangsaraning anak bojonipun, sangsara ingkang anggêgirisi, prasasat kacêmplung ing naraka, nandhang kasusahan ingkang tanpa wêkasan. Sadaya wau dipun cariyosakên alêlandhêsan kawruh sarta kanyataan, punapa malih statistik. Agêng utawi kandêling sêrat, botên pisan-pisan amêgahi. Dene anggènipun damêl mawi basa Malayu punika supados sagêd wiyar têbanipun. Cara Mlayunipun sae sarta pèni. Anamung manawi tiyang Jawi ingkang limrah, kintên kula inggih botên patos rêmên utawi tlatos maos sêrat punika wau, sabab tiyang Jawi sênênganipun maos sêrat Jawi ingkang mawi aksara Jawi. Kintên kula ing têmbe Bale Pustaka inggih badhe damêl ingkang cara Jawi, cara Sundha, cara Madura, sapanunggilanipun, miturut ing kasênênganipun băngsa piyambak-piyambak, kadosdene caranipun anggènipun damêl almênak.

Sêrat ingkang kasêbut ing nginggil punika saèstu agêng paedahipun, sagêd anglêrêsakên tindak ingkang badhe ambengkong utawi nasar. Bale Pustaka anggènipun anglimrahakên sêrat punika prasasat suka pamomong dhatêng para lare neneman. Tamtunipun ingkang cara Walandi inggih maedahi sangêt dhatêng lare-lare ingkang pangrêtosanipun nisih, namung dhatêng cara Walandi kemawon. 2. Sêrat Kêmbang Sêtaman, jilidan III, aksara Latin, anggitanipun Tuwan Dhènêk kalihan Tuwan pan Dhèik cap-capan ingkang kaping kalih. Wangunipun sêrat kados cap-capan ingkang sapisan, prawolon [prawolo ...]

--- 159 ---

[... n] kêbèt. Wujuding dlancang sarta aksara sae kados ingkang sampun. Urut-urutan utawi isinipun kathah gèsèhipun kalihan ingkang rumiyin. Basanipun Jawi ewah sawatawis kalihan ingkang rumiyin. Wondene awon saenipun, namung kula sumanggakakên dhatêng ingkang ngagêm, kula piyambak botên gadhah wêwênang nimbang. Awit, mênggah caraning prakawisan, taksih: kênal sanak. Botên kenging nêksèni.

3. Sêrat Kêmbang Sêtaman jilidan IV cara Jawi, aksaranipun inggih aksara Jawi, anggitanipun Tuwan Dhènêk sarta Tuwan pan Dhèik, wangunipun kados buku Kêmbang Sêtaman ingkang sampun, urut-urutanipun botên sami kalihan ingkang cap-capan sapisan. Makatên ugi, sarèhne aksara Jawi punika ragi rowa yèn kaêcap, isinipun dados 162 kaca. Pancèn ragi dipun kandêli sawatawis. Aksaranipun cêtha, namung emanipun ragi kathah klèntuning pangêcap utawi korèksi. Kajawi punika wontên sawatawis kaca ingkang wulu cêcak, kadhapur wulu mêlik. Punika kintên kula saking kirang kêrasipun juru mriksa ing nalika pangêcapipun.

Kaotipun malih kalihan ingkang rumiyin: sapunika têmbunging cariyos: têmbung krama. Wondene basa Jawinipun, kula namung nyumanggakakên dhatêng para kănca ingkang sami ngagêm.

Juru ngarang.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 7-8)

Pangagêmanipun namung lămba kemawon. Sadumuginipun ing ngriku lajêng sami siram asêsuci, tumuntên amêmuja, murih sampurnanipun ingkang sampun sami murud ing kaendran. Prabu Yudhisthira lajêng anglampahakên utusan anglarah layonipun Prabu Drêtarasthra sarta garwanipun, tuwin Dèwi Kunthi. Yèn sampun kêpanggih, kadhawahan ambêsmi, miturut sacaraning pranataning agami. Sarta kadhawuhan adamêl pêpuja.

Sarampungipun punika sadaya, Prabu Yudhisthira mêksa botên sagêd lipur-lipur panggalihipun. Anggènipun jumênêng nata botên pisan-pisan sagêd adamêl têntrêming panggalih, malah rumaos kados anyanggi bêbêndu. Suka yèn enggala nusul dhatêng ingkang sampun sami angrumiyini minggah dhatêng ing aribawana.

XIV. Sedanipun Para Pandhawa

Botên antawis lami Prabu Krêsna inggih seda. Para Pandhawa lajêng karaos sangsaya lola. Pangraosipun jagad puniraka[26] kados sampun sêpên babarpisan. Botên wontên ingkang kenging kaangge nglêlipur, lajêng karsa tilar praja, anyèlèhakên kaluhuran, nêdya lêlana wontên salêbêting wana. Kaprabon lajêng kalèngsèrakên dhatêng wayah.

--- 160 ---

Ingkang tindak wontên ing ngajêng piyambak, Prabu Yudhisthira, lajêng Bima, lajêng Arjuna, lajêng Nakula sarta Sahadewa. Ingkang lairipun rumiyin, wontên ngajêng, ingkang wontên ing wingking piyambak, Dèwi Dropadi. Sawingkingipun punika: sagawonipun Prabu Yudhisthira, tansah kêkinthil ing sapurug-puruging bêndaranipun.

Saking Astinapura wiwitipun tindak mangetan, ngantos dumugi ing gêgisiking sagantên, lajêng nêkuk ngidul ngilèn urut pinggiring sagantên, lajêng mangalèr dumugi ing parêdèn Imalaya. Sarêng sampun anglangkahi parêdèn Imalaya, lajêng dumugi sagantên wêdhi wiyar angênthak-ênthak prasasat tanpa têpi. Saking ngriku rêdi Mahamèru katingal anjênggunuk sakalangkung inggil, pucakipun prasasat sundhul ing akasa. Anggènipun lêlana dipun lajêngakên kemawon, wasana Dèwi Drupadi angrumiyini ambruk lajêng seda. Anggènipun seda rumiyin wau jalaran anggènipun aminta-minta sih: botên jêjêg. Kasoking sih namung dhatêng Sang Arjuna, tumuntên Sahadewa ambruk lajêng pêjah, jalaran ing nguni rumaos punjul ing kawicaksanan, ungungkuli[27] tiyang sajagad. Tumuntên Nakula ambruk lajêng pêjah, jalaran rumaos bagus piyambak ing sajagad. Tumuntên Arjuna ambruk lajêng pêjah, amargi ing nguni sêsumbar, sagah anyirnakakên sadaya mêngsahipun namung salêbêting sadintên, sarta rumaos manawi kawasisanipun anjêmparing ing jagad botên wontên ingkang tumimbang. Wasana Bima anusul ambruk lajêng pêjah, jalaran sakalangkung srakah. Yèn nêdha punapa-punapa botên ngèngèh-ngèngèh dhatêng kancanipun.

Sang Yudhisthira lajêng kijenan anggènipun ngêmbara, namung kadhèrèkakên sagawonipun kemawon. Wontên ing purug, anuju satunggaling dintên mirêng swara gumludhug anggêgirisi, gêtêr patêr, dhèdhèt erawati. Icaling gara-gara katingal Sang Hyang Endra rawuh anitih rata kaendran, dhawuh dhatêng sang prabu andikakakên andhèrèk minggah ing kareta, badhe kabêkta dhatêng swarga. Prabu Yudhisthira amangsuli atur: Pukulun, manawi sadhèrèk-sadhèrèk kawula sarta pun Dropadi kaparêng sêsarêngan, kawula inggih purun andhèrèk sang pukulun dhatêng swarga.

Sang Hyang Endra amangsuli pangandika: Sadulur-sadulurira sukmane wis andhisiki mênyang swarga. Dene sira ingsun parêngake sumêngka pangawak braja, munggah ing swarga saraganira.

Prabu Yudhisthira amangsuli atur: Pukulun, sagawon kawula punika sakalangkung asihipun dhatêng kawula. Punika panuwun kawula inggih kaparênga lastantun tumut kawula. (Taksih wontên sambêtipun)

Sa.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]


§ Punika karanganipun naib, dede karanganipun Sa. (kembali)
§ Punika karanganipun naib, dede karanganipun Sa.
bakal. (kembali)
bakal.
§ Rukun, ing ngriki têmbung Arab, têgêsipun: ugêr-ugêr, utawi paugêran, utawi sêsaka. (kembali)
§ Rukun, ing ngriki têmbung Arab, têgêsipun: ugêr-ugêr, utawi paugêran, utawi sêsaka.
kari. (kembali)
kari.
§ Dèn wati, punika têmbung Arab karimbag cara Jawi, têgêsipun: dipun tilêmi. Red. (kembali)
§ Dèn wati, punika têmbung Arab karimbag cara Jawi, têgêsipun: dipun tilêmi. Red.
Kang. (kembali)
Kang.
ningkahakên. (kembali)
ningkahakên.
mundhak. (kembali)
mundhak.
§ Taumrap ing Bali, pusakanipun kasêbut: sang hyang, mirsanana Bali sacleretan, kaca 52 wêdalan Bale Pustaka sèri ăngka 684. (kembali)
§ Taumrap ing Bali, pusakanipun kasêbut: sang hyang, mirsanana Bali sacleretan, kaca 52 wêdalan Bale Pustaka sèri ăngka 684.
10 § Dhuwung punika wontên warni kalih, luk kalihan lêrês, gotèkipun lêrêsing pangangge, dhuwung luk punika kaangge crigan (anggaran) ingkang lêrês kasangkêlit. Sangkêlitan wau langkung inggil tinimbang criganipun. (kembali)
§ Dhuwung punika wontên warni kalih, luk kalihan lêrês, gotèkipun lêrêsing pangangge, dhuwung luk punika kaangge crigan (anggaran) ingkang lêrês kasangkêlit. Sangkêlitan wau langkung inggil tinimbang criganipun.
11 ingkang. (kembali)
ingkang.
12 § Dumugi sapunika, kêkasih dalêm punika pancèn sok kaparingan anggadhuh wangkingan. Samantên malih para agêng ingkang kadhawuhan andhèrèk, utawi nglampahi ayahan, punika tarkadhang ugi kaparingan santun kagungan dalêm wangkingan. (kembali)
§ Dumugi sapunika, kêkasih dalêm punika pancèn sok kaparingan anggadhuh wangkingan. Samantên malih para agêng ingkang kadhawuhan andhèrèk, utawi nglampahi ayahan, punika tarkadhang ugi kaparingan santun kagungan dalêm wangkingan.
13 § Songsong agêm dalêm punika gilap gubêg, utawi gilap têrus, têgêsipun kaprada, akalihan songsong gilap gubêg sanèsipun wontên bedanipun, ingkang katingal cêtha saking katêbihan bedanipun songsong agêm dalêm pungkasaning usuk katêpi ing bara mubêng, makatên ugi jêmbulipun ing nginggil. (kembali)
§ Songsong agêm dalêm punika gilap gubêg, utawi gilap têrus, têgêsipun kaprada, akalihan songsong gilap gubêg sanèsipun wontên bedanipun, ingkang katingal cêtha saking katêbihan bedanipun songsong agêm dalêm pungkasaning usuk katêpi ing bara mubêng, makatên ugi jêmbulipun ing nginggil.
14 dalêm. (kembali)
dalêm.
15 § Internationale; koloniale-en uitvoerhandil-tentoonstelling. (kembali)
§ Internationale; koloniale-en uitvoerhandil-tentoonstelling.
16 § Wêwahan pèngêtan Prajakintakan. Tangguh sanginggilipun Pajajaran punika pilih-pilih ingkang sumêrêp, apêsipun para luhur, ingkang mêsthi amung para nata. Mila sabên wontên dhuwung sae ingkang tangguhipun ambingungakên, dede Pajajaran, dede Majapait, utawi sanèsipun, punika katêmbungakên dhuwung tilar tangguh, kajêngipun dhuwung inggil utawi langkung, tangguhipun têmtu sanginggilipun Pajajaran. Kosokwangsulipun dhuwung ingkang têtela sanès damêlanipun êmpu, tangguhipun botên maton, punika katêmbungakên dhuwung tanpa tangguh, kajêngipun dhuwung andhap, botên kalêbêt ing wicalan sae. (kembali)
§ Wêwahan pèngêtan Prajakintakan. Tangguh sanginggilipun Pajajaran punika pilih-pilih ingkang sumêrêp, apêsipun para luhur, ingkang mêsthi amung para nata. Mila sabên wontên dhuwung sae ingkang tangguhipun ambingungakên, dede Pajajaran, dede Majapait, utawi sanèsipun, punika katêmbungakên dhuwung tilar tangguh, kajêngipun dhuwung inggil utawi langkung, tangguhipun têmtu sanginggilipun Pajajaran. Kosokwangsulipun dhuwung ingkang têtela sanès damêlanipun êmpu, tangguhipun botên maton, punika katêmbungakên dhuwung tanpa tangguh, kajêngipun dhuwung andhap, botên kalêbêt ing wicalan sae.
17 § Pèngêtan Prajakintakan: luk-lukan dipun urut utawi lampah. Katranganipun luk kalih warni punika gèsèh namung sajatosipun botên makatên, luk-lukan dhuwung Majapait punika ing nginggil mastani: kêmba, kajêngipun sanès: kuciwa, namung atêgês kawon kêkêr katandhing dhuwung Sêdayu. Dados mawi wontên tandhingipun. Amargi pancèn wontên dhuwung ingkang lukipun kêmba, botên namung manawi dipun jèjèri dhuwung sanès, sanadyan kasawang piyambakan, lukipun ugi kumlêndhang, wangsul dhuwung Majapait botên makatên. (kembali)
§ Pèngêtan Prajakintakan: luk-lukan dipun urut utawi lampah. Katranganipun luk kalih warni punika gèsèh namung sajatosipun botên makatên, luk-lukan dhuwung Majapait punika ing nginggil mastani: kêmba, kajêngipun sanès: kuciwa, namung atêgês kawon kêkêr katandhing dhuwung Sêdayu. Dados mawi wontên tandhingipun. Amargi pancèn wontên dhuwung ingkang lukipun kêmba, botên namung manawi dipun jèjèri dhuwung sanès, sanadyan kasawang piyambakan, lukipun ugi kumlêndhang, wangsul dhuwung Majapait botên makatên.
18 § Wêwahan saking pèngêtan Prajakintakan: Sirah cêcak landhung. Garapipun ramping, tosan anggêndul. Pamor kirang wêdalipun, mubyar pêthak angrambut. (kembali)
§ Wêwahan saking pèngêtan Prajakintakan: Sirah cêcak landhung. Garapipun ramping, tosan anggêndul. Pamor kirang wêdalipun, mubyar pêthak angrambut.
19 § Wêdaling pamor kêlêm sarta ingkang kathah pasangipun miring. (kembali)
§ Wêdaling pamor kêlêm sarta ingkang kathah pasangipun miring.
20 § Lênggahipun angrong. Êmpunipun nama Kasa. (kembali)
§ Lênggahipun angrong. Êmpunipun nama Kasa.
21 § Pawakan berawa, dêdêg sêmbada, sogokan cêkak luwês, ingkang luk, luk-lukanipun rengkol. (kembali)
§ Pawakan berawa, dêdêg sêmbada, sogokan cêkak luwês, ingkang luk, luk-lukanipun rengkol.
22 ratu. (kembali)
ratu.
23 Ênggèr. (kembali)
Ênggèr.
24 babut. (kembali)
babut.
25 laboratoriumipun. (kembali)
laboratoriumipun.
26 punika. (kembali)
punika.
27 angungkuli. (kembali)
angungkuli.